You are on page 1of 1

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh

Sederenge kulo matur, monggo kito sami munjuk raos syukur wonten ngarsanipun Allah murbo
ing dumadi. Wondene ing wekdal meniko kito tasih saged ngraosaken endahing iman soho
Islam.
Kaping kalihipun sholawat soho salam mugi tansah kalimpahaken dumateng junjungan kito nabi
Muhammad solallohu ‘alaihi wassalam ingkang sampun nedahaken kito margi ingkang leres.
Bapak / Ibu Guru soho poro konco sedoyo ingkang kinurmatan,
Kulo bingah sanget wonten wekdal meniko, amargi kito sami saged ngangsu kawruh babagan
budi pekerti ingkang luhur.
Agami Islam mrehatosaken sanget babagan budi pekerti ingkang luhur. Kanjeng nabi
Muhammad solallohu ‘alaihi wasalam kautus wonten ing alam dunyo supados nyempurnaaken
budi pekerti. Kasebat woten ing kitab suci Alqur’an; Wainnaka la’alaa khuluqin adziim.
Ingkang artosipun mekaten: saktemene jeroning tindak tanduk rosululoh niku wonten budi
pekerti ingkang luhur. Ugi dipun jelasaken wonten ing sabdanipun Rasululloh sollohu ‘alaihi
wassalam ingkang suraosipun; Innama buistu liutammima makarimal akhlaq.
Artosipun kirang langkung, saktemene ingsun dipun utus kagem nyempurnaaken budi pekerti.
Dados sampun cetha wela-wela, bilih tiyang islam kedah nggadahi budi pekerti ingkang luhur.
Budi pekerti ingkang luhur inggih meniko sedoyo tindak tanduk ingkang sae, ingkang natrapi
paugeranipun agami islam.
Salah satunggaling sorah budi pekerti ingkang luhur inggih meniko kito kedah nggadahi andap
asor dumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Umpaminipun unggah-ungguh murid kaliyan
Bapak soho Ibu guru.
Ugi unggah ungguh dumateng tiyang sepuh kekalih, poro tonggo, lan sedoyo tiyang sanes.
Mboten kesupen kaliyan poro mitro soho konco.
Menawi kito saged mbiasakaken budi pekerti ingkang luhur wonten sedoyo papan soho
panggenan, kito saged gesang guyup rukun toto tentrem karto raharjo.
Bapak / Ibu Guru soho poro konco sedoyo ingkang kulo tresnani,
Kulo kinten atur kulo cekap semanten. Mbok bilih wonten atur kulo ingkang mboten mranani
wonten penggalihipun panjenengan sami, kulo nyuwun agunging samudro pangaksami.

Wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh.

You might also like