You are on page 1of 17

SOAL BAHASA JAWA PILIHAN GANDA

SOAL KD 1.1.Mendengarkan cerita teman

Menyang Sengkaling

Dina Sabtu ing liburan semester siji, jam enem esuk aku wis teka ing sekolahan.
Kajaba aku, Dwiki, Rama, Davin, Tutut, Lan Vivi ugo wis teka. Ora suwe bocah – bocah
kelas telu wis teka kabeh.

Bis sing arep kanggo rekreasi wis siap ana pinggir dalan ngarep sekolahan. Bise
senajan ora gede nanging isih apik tur cukup kanggo bocah telung puluh loro. Watara jam
pitu Bapak Kepala Sekolah lan Bu Guru kelas telu wis padha rawuh. Pirsa yen wis padha siap
banjur paring dawuh. Bocah – bocah padha medangetake. Bis banjur budhal.

Jam setengah sepuluh wis tekan panggonan. Sengkaling iku kelebu wewengkon
kutha Batu.Sak kulone kotha Malang.

Sengkaling ana panggonan sing rada linduk, pemandhangane endah tur hawane seger.
Ana kolam renange, kolam iwak, sarana hiburan kanggo bocah – bocah, lan liya liyane.
Watara jam telu sore padhabali. Mampir sedhela ing Pasar Lawang saperlu tuku oleh – oleh.

I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d sak ngarepe wangsulan sing
bener!
1. Bocah – bocah kelas telu rekreasi menyang ….
a. Malang c. Lawang
b. Sengkaling d. Surabaya
2. Bapak Kepala Sekolah rawuh jam ….
a. enem c. setengan sepuluh
b. pitu d. telu
3. Cacahe bocah kelas telu ana ….
a. telungpuluh loro c. sepuluh
b. selawe d. enem
4. Sengkaling ana ing tlatah ….
a. Batu c. Surabaya
b. Malang d. Lawang
5. Anggone mulih saka Sengkaling mampir ing ….
a. Pasar Malang c. Pasar Batu
b. Pasar Lawang d. Pasar Surabaya

SOAL KD 1.2.Mendengarkan cerita rakyat

Asal – Usul Kutha Surabaya

Dhek jaman semana, Baya sing panggone ana kali bengawan lagi golek pangan. Olehe
golek pangan ora sengaja nganti tekan pesisir.Ing papan iku, Baya ketemu karo iwak Sura
sing uga lagi golek pangan.

Rumangsa keganggu, iwak Sura banjur ngelingake baya.“ He… baya … karepmu iki
apa? Kowe rak wis duwe papan dhewe. Kena apa kowe golek pangan nganti tekan kene?
Apa kowe ora ngerti…yen papan iki isih klebu panguwasaku?.

Baya ora kalah banter olehe mbengok, “Sura… kowe ngertia. Papanmu ana tengah
segara. Dadi kowe ora duwe kuwasa menging aku golek panganan kene.”

Saya suwe olehe bengkerengan saya rame, amarga rumangsa padha benere. Kewan
loro mau banjur gelut, perang tanding nganti pirang-pirang dina.

Wong-wong sacedhake pesisir sing padha meruhi perang tandhinge iwak Sura Baya
mau banjur padha bengok-bengok. “ Ana Sura karo Baya …..ana Sura karo Baya…..ana Sura
karo Baya….”

Mula suwene-suwe papan panggonan mau banjur karan Surabaya.

6. Irah – irahan crita ing ndhuwur yaiku ….


a. Asal – usul Kutha Madiun c. Asal – usul Kutha Magetan
b. Asal – usul Kutha Ponorgo d. Asal – usul Kutha Surabaya
7. Sing gelut ing crita Asal – usul Kutha Surabaya, yaiku kewan ….
a. iwak lele lan baya c. iwak Sura lan Komodo
b. iwak Sura lan Baya d. iwak Paus lan Baya
8. Baya lan Iwak Suro ketemu ing ….
a. kali bengawan c. samudra
b. laut d. pantai
9. Crita ing ndhuwur iku kalebu ….
a. crita fabel c. crita mite
b. crita sage d. crita dongeng
10. Iwak Sura lan Baya rebutan babagan ….
a. papan lan pangan c. kotho Surabaya
b. pangan lan kutho Surabaya d. sandang, pangan lan papan

SOAL KD 1.3.Mendengarkan dongeng / cerita rakyat

Yudhistira
Prabu Yudhistira iku ratu ing Ngamarta. Putrane Pandu Dewanata lan ibune Kunthi
nalibrata. Garwane Yudhistira aran Dewi Drupa, peputra Raden Pancawala. Yudhistira
duweni watak jujur, ora tau nesu, lembah manah, lan seneng ngalah. Yudhistira duweni getih
putih lan jiwa suci.
Yudhistira kuwi pambarepe Pandhawa. Yudhistira duwe kasekten kang linuwih lan pusaka
kang ampuh aran Jamus Kalimasada. Pusaka mau awujud kitab kang bisa nguripake wong
sing wis mati.
Prabu Yudhistira jenenge akeh. Ana sing nyebut Puntadewa, Gunatali Krama utawa Prabu
Darmakusuma. Sajerone dadi raja, Yudhistira tansah tumindak adil lan ora sewenang-
wenang. Mula, negarane gemah ripah loh jinawi.
11.  Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku ….
a. Pandhawa c. Puntadewa
b. Yudhistira d. Gunatali Krama
12. Prabu Yudhistira iku ratu ing ….
a. Madukara c. Ngamarta
b. Ngalengka d. Jodhipati
13. Pusaka Prabu Yudhistira awujud ….
a. Kitab c. Keris
b. Pedang d. Sorban
14. Bapake Prabu Yudhistira, yaiku ….
a. Prabu Destarastra c. Prabu Werkudara
b. Pandu Dewanata d. Prabu Basudewa
15.  Jenenge Prabu Yudhistira iku akeh, ana sing nyebut ….
a. Werkudara c. Puntadewa
b. Nakula d. Sadewa
SOAL KD 2.1.Menjelaskan urutan membuat atau melakukan sesuatu

A B C D

16. Urutan sing bener gambar seri ing duwur, yaiku ….


a. B–A–C-D c.B – C – A – D
b. B–C–D-A d. B – A – D – C
17. 1. Cepakna kulit jeruk bali, pring, lan tali
2. Jupuken seprapat bagian kulit jeruk
3. Bentuken sisa kulit jeruk liyane dadi bunder cacahe 4 kanggo roda
4. Sambungen kulit jeruk sing bentuke bunder lan seprapat lingkaran nganggo pring
5. Pasangen neng bagian kulit jeruk sing seprapat lingkaran nganggo tali
Ukara ing duwur iku, urutane gawe dolanan ….
a. layangan c. gasingan
b. montor – motoran d. prahu- prahunan
18. Carane nganggo dolanan gasingan yaiku ….
a. diumbulake c. diuncalake
b. diputer trus diculake d. digeret
19. Carane dolanan semprengen yaiku ….
a. Bocah loro nyekel semprengane karo ngunyerne semprengane sing menang
mlompati tali semprengane
b. Bocah loro sing kalah nyekeli taline sing menang nyolot mlompati taline
c. Bocah loro sing kalah nyekeli taline sing menang meneng ae
d. Sing siji nunggu beteng sing liyane mlayu ngiter mungsuhe
20. kancane – ing – ngumbulke – layangan – Danang – lan - lapangan
Tembung – tembung ing ndhuwur yen diurutaken kanthi trep dadine ….
a. Danang lan kancane ngumbulke layangan ing lapangan
b. Danang ngumbulke layangan lan kancane ing lapangan
c. Ing lapangan danang lan kancane ngumbulke layangan
d. Ngumbulke layangan ing lapangan danang lan kancane
SOAL KD 3.1.Membaca Pemahaman

Pandhawa sing nomer telu yaiku Raden Arjuna. Raden Arjuna uga dijuluki Raden
Janaka. Raden Arjuna iku putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi. Kakange sing
nomer siji yaiku Raden Puntadewa. Nomer loro yaiku Raden Werkudara. Raden Puntadewa
lan Raden Werkudara tunggal bapa lan ibu. Raden Arjuna nduwe adhi kembar Nakula lan
Sadhewa. Tunggal bapa nanging beda ibu.

21. Bapake Raden Arjuna arane....


a. Werkudara c. Pandhu Dewanata
b. Puntadewa d.Nakula
22. Jeneng liyane Raden Arjuna, yaiku ….
a. Janaka c. Werkudara
b. Puntadewa d. Sadhewa
23. Dulure Raden Arjuna sing kembar, yaiku ….
a. Raden Nakula lan RadenWerkudara
b. Raden Sadhewa lan Raden Arjuna
c. Raden Puntadewa lan Raden Werkudara
d. Raden Nakula lan Raden Sadhewa
24. Cacahe pandawa iku ana ….
a. loro c. telu
b. papat d. lima
25. Raden Arjuna iku dadi...pandhawa
a. kakange c. pembarepe
b. panengahe d. wuragil

SOAL KD 3.2.Membaca bersuara

Ing salah sijining deso kang subur lan makmur wargane poro petani sami nandur pari,
jagung lan sayuran. Pak Tono salah sijine petani kang temen nandur ketimun. Timune sae-sae
lan seger. Saben dino ditilik’i lan disirami supoyo subur.

Esok-esok Pak Tono menyang sawah nilik’i tandurane. Pak Tono kaget. “lha... kok
podo rusak kabeh tanduranku. Sopo yo sing ngrusak tanduranku?”. Karo nesu-nesu. Terus
Pak Tono mikir gawe coro supoyo biso nemokke sopo sing ngrusak tandurane. Pak Tono
banjur gawe wong-wongan ning sawah kang dilumuri getah karet supoyo biso nangkep sing
ngrusak tandurane.

Liyo dino, kewan kancil moro maneh ning sawah mangan timun karo nyedak marang
wong-wongan sawah. Tanpo sadar, sikile dipancal-pancalake marang wong-wongan sawah
terus sikile kanthil. “Waduuh...Sikilku kanthil, piye iki ora biso ucul soko wong-wongan iki”.
Kancil ora sadar Pak Tono teko. “Lho.. Kowe tho Cil sing ngrusak tanduranku”. Kancil terus
wedhi. “Ayo tak gowo mulih marang omahku”. “Ampun Pak, ampun... Kulo salah, kulo
nyuwun pangapunten”. Kancil karo nangis. “Oo.. Yen ngono tak ampuni Cil, tapi sesuk ojo
mbok baleni maneh. Yo wes saiki kowe njogo timunku ning sawah yo. Sesuk yen wayah
panen, kowe tak wenehi timune”. “Nggih Pak Tono”, Kancil njawab kanthi alus.

Pak Tono lan kancil wiwit dino iku kerjo bareng ngrumati tanduran timun ning sawah.
Nalikane panen, Pak Tono ora lali menehi timun kanggo kancil. “Kancil,  iki bagianmu
amergo kowe gelem ngewangi aku njogo sawah”. “Matur nuwun Pak Tono”
“Iyo, sesuk-sesuk aku ewangi maneh yo!”. “Nggih pak”, ujar kancil.

Sakwise kedadeyan iku, kancil banjur mlebu njero alas kanthi ati bungah.

26. Tokoh utamane wacan ing ndhuwur, yaiku ….


a. kancil c. petani
b. Pak Tono d. timun
27. Tanduran sing diopeni Pak Tono, yaiku ….
a. pari c. jagung
b. timun d. kacang
28. Kancil nangis amargo ….
a. kon ngewangi Pak Tono njaga timu
b. sikile ora iso ucul soko wong-wongan sawah
c. kecekel Pak Tono nyolong timun
d. Pak Tono menehi timun
29. Kancil mlebu njero alas kanthi ati ….
a. seneng c. susah
b. bungah d. bingung
30. Watake kancil, yaiku ….
a. licik c. sombong
b. angkuh d. manut
SOAL KD 3.3.Membaca Huruf Jawa

31.
Aksara jawa ing dhuwur iku unine....
a. lara mata c. kaca mata
b. mata sapi d. mata bata
32. “ana dara” yen ditulis aksara jawa ….
a. c.

b. d.

33. Yen ditulis ngango latin ….


a. saba waja c. basa jawa
b. jawa basa d. saba dara
34. “nata bata” Yen ditulis nganggo aksara jawa ….
a. c.

b. d.

35. Yen ditulis ngango latin ….


a. baya jaya c. baja jaya
b. jaya baja d. jaya baya

SOAL KD 4.1.Menulis karangan sederhana

36. Urutan sing bener gambar seri ing ndhuwur, yaiku ….


a. 4–3–2–1 c. 1 – 2 – 3 – 4
b. 4–1–3–2 d. 1 – 3 – 4 – 2
37. Ukara sing nerangake gambar nomor 2, yaiku ….
a. tangi turu c. budal sekolah
b. delok TV d. telat mlebu sekolah
38. Kepriye hawanane kutha Malang...
Tanda kang mathuk kangge ukara ing nduwur yaiku....
a. seru (!) c. pitakon (?)
b. titik (.) d. koma(,)
39. Ukara pakon ing ngisor iki yaiku….
a. Tulung tutupno lawang iku! c. Ani nyapu latar
b. Apa sing kagawa? d. Aku mangan tahu
40. Sopo sing lagi rawuh?
Kalebu jenis ukara….
a. crito c. pawarta
b. pitakon d. pakon

SOAL KD 5.1.Mengapresiasikan cerita atau dongeng

Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus kaprah diarani Pandhawa
Lima. Puntadewa ya Yudhistira minangka putra pambayun, watak ambeg darma lan nrima
ing pandum sarta adoh ing hawa kamurkan.
Raden Werkudara ya Bima sena gedhe dhuwur lan gagah prakosa kang nomer
loro, Raden Janaka ya Kumbang Ali-ali kang kondhang ngganthenge, prigel lan trampil
manah minangka panengahe Pandhawa, dene Nakula Sadewa mujudake satriya kembar kang
uga duwe watak utama, ambeg darma, lan luhur bebudene. Wiwit cilik mula wis katon
luhuring budi,seneng tetulung, welas asih marang sapadha wong kang nandhang kasangsaran.

41. Sing diarani putra pambayun, yaiku ….


a. Puntadewa c. Janaka
b. Werkudara d. Nakula lan Sadewa
42. Kang dijuluki kumbang ali-ali sing kondhang nggantenge, yaiku ….
a. Werkudara c. Janaka
b. Nakula lan Sadewa d. Puntadewa
43. Urutane pandhawa sing bener, yaiku ….
a. Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula lan Sadewa
b. Werkudara, Puntadewa, Janaka, Nakula lan Sadewa
c. Puntadewa, Janaka, Werkudara, Nakula lan Sadewa
d. Werkudara, Janaka, Puntadewa, Nakula lan Sadewa
44. Pandhawa lima iku duwe watak ….
a. luhur c. angkara murka
b. serakah d. ora seneng tetulung marang liyan
45. Sedulur lima lanang kabeh diarani ….
a. pandhawi c. pandhawa
b. ontang anting d. uger – uger lawang

SOAL KD 5.2.Tembang dolanan

Menthog–menthog

Menthog-menthog tak kandani

Sak solahmu angisin-ngisini

Mbok ya aja ngetok

Ana kandang wae

Enak – enak ngorok

Ora nyambut gawe

Menthog – menthog mung lakumu

Mega – megol gawe guyu

46. Irah – irahan tembang dolanan ing duwur, yaiku ….


a. Bebek-bebek c. Menthog - menthog
b. Pitik-pitik d. Dara-dara
47. Tembang menthog – menthog ing duwur iku kalebu, tembang ….
a. mijil c. dhandhanggula
b. dolanan d. pucung

48. Kewan sing dicritaake ing tembang dolanan duwur, yaiku ….


a. pitik c. dara
b. menthog d. bebek
49. Tembang dolanan kang cocok kanggo gambar iki, yaiku ….
a. cublak – cublak suweng
b. jamuran
c. menthog – menthog
d. sluku – sluku batok
50. Putri lan Dinda lagi dolanan ….
a. bekelan
b. nekeran
c. dhakon
d. pasaran
SOAL JAWABAN SINGKAT BAHASA JAWA KELAS 3
Isinana ceceg – ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang bener!
KD 1.1 Mendengarkan cerita teman
1. Telaga Sarangan iku panggonan wisata ing kabupaten....
2. Telaga sing kawentar ing Kabupaten Ponorogo yaiku....
3. Rasti arep numpak sepur, mula Rasti kudu menyang ....
4. Tsunami iku kedadean ana ing....
5. Bapak kundhur saking Malaysia nitih pesawat medun ing....

KD1.2 Mendengarkan cerita rakyat


6. Danau Toba ana ing tlatah pulau....
7. Watake kancil iku umume ....
8. Watake maling kundang ora pantes ditiru, jalaran
deweke ... marang ibune.

9. Papan kedadean ing sajrone crito diarani....


10. Pesen sing dikarepake sajroning crito diarani....

KD1.3 Mendengarkan dongeng/cerita


11. Raden Arjuna iku satria ing....
12. Arimbi iku garwane Raden....
13. Raden Werkudara iku satriya kang gagah....
14. Pandowo iku cacahe ana ....
15.

Gambar ing dhuwur iku salah sawijining punakawan kang aran....

KD 2.1 Menjelaskan urutan membuat atau melakukan sesuatu


16. Salah sijine piranti kanggo gawe layangan sing baku yaiku....
17. Gasingan iku digawe saka....
18. Bocah – bocah ngumbulke layangan ana ing....
19. Piranti ing dhuwur iku jenenge ....

20. Tujuane nyambut gawe gotong royong supaya....

KD 3.1 Membaca pemahaman


21. Risa kuwi bocah sing sregep. Kosok baline tembung sregep yaiku....
22. Ing Indonesia iku ngalami musim ... lan ....
23. Wong sing mimpin tetandingan olahraga iku diarani....
24. Kebo, kidang lan wedhus iku nduwe gaman sing padha yaiku....
25. Anak siji lanang diarani....

KD 3.2 Membaca bersuara (cerita wayang / dongeng)


26. Pandhawa sing nomer loro yaiku....
27. Raden Bima uga dijuluki....
28. Pandhawa menang mungsuh kurawa ana ing perang....
29. Panah pasopati yaiku gamane....
30. Asma liyane Arjuna yaiku....

KD 3.2 Menulis huruf jawa


31. “Saka kana” yen ditulis nganggo aksara jawa dadi....
32. “ Kaca dawa” yen ditulis nganggo aksara jawa dadi....
33. “Tana lara” yen ditulis aksara jawa dadi....
34. yen ditulis latin dadi....
35. yen ditulis latin dadi....

KD 4.1 Menulis karangan sederhana


36. Pendetno klambi sing ... njero lemari.
37. Yani bocah sing seneng jajan, mula diarani ....
38. Kembang lombok arane....
39. Yen diterangne Bu guru ing kelas kudu....
40. Kang diarani gudange ilmu yaiku ....
KD 5.1 Mengapresiasi cerita atau dongeng
41.

Gambar ing dhuwur arane....

42.

Ing dhuwur iki gambar punakawan kang aran....


43.

Gambar ing dhuwur arane ....


44.

Gambar ing dhuwur iku pambarepe pandowo kang aran ...


45.

Gambar ing dhuwur iku salah siji satriya kembare pandawa kan aran....

KD 5.2 Mengapresiasi tembang dolanan


46. Geguritan iku karangan kang nganggo basa....
47. Padhang bulan padhange kaya rina.
Tembung rina ing dhuwur tegese....
48. Kupu –kupu jejogetan angiteri puspa, tembung puspa tegese....
49. Sang surya madhangi rina, tembung surya tegese....
50. Terusno tembang doalanan iki.
“Te kate di....
SOAL BAHASA JAWA URAIAN

SOAL KD 1.1. Mendengarkan cerita teman.


1. Apa kang dirungokake wayah tangi turu esuk?
2. Apa kang dadi pratandane yen wayahe wes gumanti rahina?
3. Apa sing diarani nyambut gawe gotong-royong?
4. Sebutna papan wisata sing ana ing daerahmu!

SOAL KD 1.2. Mendengarkan cerita rakyat


5. Soko ngendi cerita Asal Usul Gunung Tangkuban Perahu?
SOAL KD 1.3. Mendengarkan dongeng / cerita wayang

6. Aranana jenenge punokawan kang ana ing gambar duwur iku!


7. Aranono jenenge satriya pandhawa !

SOAL KD 2.1. Menjelaskan urutan membuat atau melakukan sesuatu


8. Coba terangna carane gawe gasingan soko kayu!
SOAL KD 3.1. Membaca Pemahaman
Gaweo ukara pitakon kanggo jawaban ing ngisor iki!
9. Aku lungo menyang pasar.
10. Amarga lara untu.
SOAL KD 3.2. Membaca Bersuara
11. Aranana jenenge gambar ing sisih kiwa iki!
12. Gambar iku,ibune sapa?

SOAL KD 3.3. Membaca Huruf Jawa


13. Tulisen ukara ing ngisor iki nganggo aksara jawa!
Nana maca Jaya Baya =
14. Tulisan nganggo aksara latin!
=

SOAL KD 4.1. Menulis karangan sederhana


15. Urutna gambar seri ing ngisor iki, banjur gawenen crita sing runtut!

SOAL KD 5.1. Mengapresiasikan cerita atau dongeng

Pandhawa
Pandhawa kuwi cacahe ana lima, sing mbarep jeneng Yudhistira, banjur Bima, panengahe
Harjuna, banjur Nakula lan Sadewa. Pandhawa kuwi putrane Prabu Pandu Dewanata.
Yudhistira, Bima lan Harjuna lahir saka ibu Kunthi Talibrata. Dene Nakula lan Sadewa lahir
saka ibu Bathik Madrim. Yudistira ratu ing ngamarta, nduwe watak wicaksana lan demen
ngalah. Yudhistira nduwe watak luhur, pusakane Yudhistira yaiku Jamus kalimasada.
Bima satria ing jodhipati, nduwe watak mbelani bebener. Gamane aran Gada rujakpala lan
kuku puncanaka. Bima nduwe watak kang becik
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener adhedasar wacan ing
nduwur!
16. Tulisen jenenge Pandhawa urut saka sing tuwo dhewe !
17. Apa pusakane Raden Bima ?
18. Sapa ibune Yudhistira, Bima lan Harjuna ?
19. Kepiye watake Raden Bima iku?
20. Yudhistira iku ratu saka endi ?
SOAL KD 5.2. Mengapresiasikan tembang dolanan
Gatekna Tembang dolanan ing ngisor iki, banjur rampungna garapan ing ngisor !

Yo prokonco dolanan ing njaba


Padhang bulan padhange kaya rina
Rembulane kang ngawe-awe
Ngelingake aja padha turu sore

21. Nalika padhang bulan, sapa sing diajak dolanan ?


22. Kepriye kahanan ing wengi iku ?
23. Rembulan sing ngawe-awe iku ngelingake apa ?
24. Apa isine tembang dolanan padhang bulan iku ?
25. Prakanca dolananana ing ngendi ?

You might also like