You are on page 1of 9

BUSANA KEJAWEN (JANGKEP) ING SURAKARTA

Ngrembag bab ageman kejawen ing Surakarta mesti wonten hubungan kaliyan budaya jawi
amargi ageman kejawen makaten kalebet "Pangipun Budaya Jawi".
Dene budaya jawi wonten mriki tegesipun budaya jawi ingkang sumberipun saking Keraton
Surakarta Hadiningrat inggih punika ageman kejawen ingkang tasih dipun agem kaliyan
anggota keraton. Umpamanipun manawi wonten tiyang gadhah damel mantu utawi gadhah
acara ingkng ageng para tamu asring ngagem ageman kejawen. Ageman jawi kalebet tetilaran
saking Majapahit kaliyan Demak
Busana kejawen ing Surakarta menika wonten kaleh damel tiyang priya kaliyan estri.
Ageman damel tiyang priya kados mekaten

                    

Ageman Jawi saking nginggil dumugi mgandhap antawisipun :


1. Udheng (Blangkon, dhestar)
2. Kulambi (Rasukan krowok wingking)
3. Setagen (paningset)
4. Sabuk (paningset)
5. Epek - Timang - Lerep
6. Sinjang (nyamping)
7. Keris ( Dhuwung, Wangkingan)
8. Cenela utawi selop (namung kagem sanjawining Keraton)

FILOSOFI BUSANA PRIA JAWA

Ageman adat Jawi kagungan maknanipun piyambak piyambak. Ageman jawi kathah
ngandhut piwulang sinandhi (ajaran tersamar) damel kagesangan. 
Piwulang luhur menika babagan hubunganipun manungsa kaliyan masyarakat,
piyambakipun, sarta kaliyan Gusti
♦ ingkang diagem wonten sirah, iket, udheng,
♦ bagian rasukan: jarik sabuk, epek, timang, beskap
♦ wingkingi keris
♦ bagian ngandhap utawi suku selop,canela.
Penutup sirah
Tiyang jawi jaman riyen menawi dinten biasa ngagem iket kangge nutupi sirah. Iket dipuntali
kenceng supados mboten udar. Maknanipun iket inggih punika supados mangungsa gadhah
katetepan manah ampun nderek tiyang sanes ingkang namung guneman mboten wonten
kanyatanipun, kedhah perca marang pamikiran kiyambak. Menawi wonten acara resmi
ageman ingkang diagem inggih punika blanhkon utawi udheng. Udheng menika gadhah
makna mudheng. 

Blangkon Solo 
Maksudipun supados manungsa paham kaliyan mangertos tujuanipun gesang wonten donya.
Sakliyane supados manungsa gadhah ketrampilan damel pagaweyan utawi kedhah gadhah
keterampilan profesional.

          Busana

BESKAP LANDHUNG

BESKAP ATELA

BESKAP SIKEPAN
Ageman kejawen kados beskap : 
Benik (kancing baju) wonten kiwa kaliyan tenge. Maknanipun supados sedaya
tumindhakipun manungsa kedhah dipikir utawi dininik riyen, ampun ngantos nglarani manah
tiyan sanes. Tumindhak kaliyan guneman kedhah dipikir temenan sakderenge diomongake.
Sabuk diagem kanthi diubetaken wonten badan. Maknanipun manungsa kedhah purun
nyambut damel kanti temenanan supados saged nyukupi kabutuhan urip. Saengga manungsa
kedhah ubed (nyambut damel nganti temenan) kaliyan ampun ngantos mboten enten kasil.
Sabuk tegesipun supados gawenipun kiyambak kudu onten kasilipun ampun ngantos buk
utawi ngebukne.

    
Epek damel tiyang jawa gadhah teges menawi badhe kagungan padamelan ingkang sae,
kedhah epek (apek, golek, mencari) ilmu ingkang manfaat. Nuntut ilmu ingkang cermat,
teliti, ngati afi supdos ilmunipun jelas kaliyan manfaat
Timang maknanipun ilmu ungkang sampun ditampi kedhah saged dipahami jelas lan
gamblanv mboten wonta raos was was utami samang.

Jarik utawi sinjang diagem wonten sangandhape padharan dumugi (mata kaki) suku.
Maknanipun ampu gampil serik ampun gadhah raos serik iri dumateng tiyang sanes ingkan
gadhah kaluwihan ingnkang ageng katimbang piyambak
Wiru Jarik menika gadhah arti jarik mboten saged ucul saking wirunipun maknanipun
wonten ing kauripan ampun ngantos keliru menawi garap sedanten bab supafoz saged
harmonis kaliyan bungah artinipun wewiren aja nganti keliru
Bebed artinioun manungsa kedhah ubed, rajin nyambut gawe, ngatos ngatos menawi
tumindhak, tumindhak awan wengi
Canela mempunyai arti Canthelna jroning nala (peganglah kuat dalam hatimu) menyembah
kepada Tuhan Yang Maha Kuasa, hendaklah dari lahir sampai batin sujud atau manembah di
kaki-NYA. Dalam hati hanyalah sumeleh (pasrah) kepada kekuasaan Tuhan Yang Maha Esa.

Curiga lan warangka


Curiga atau keris berujud wilahan, bilahan dan terdapat di dalam warangka atau wadahnya. 
Curiga dikenakan di bagian belakang badan. Keris ini mempunyai pralambang bahwa keris
sekaligus warangka sebagaimana manusia sebagai ciptaan dan penciptanya Yatu Allah Yang
Maha Kuasa, manunggaling kawula Gusti.
Karena diletakkan di bagian belakang tubuh, keris mempunyai arti bahwa dalam menyembah
Tuhan Yang Maha Kuasa hendaklah manusia bisa untuk ngungkurake godhaning setan yaitu
menjauhkan godaan setan yang senantiasa mengganggu manusia ketika manusia akan
bertindak kebaikan. 

PAKAIAN ADAT JAWA TENGAH PEREMPUAN


A.    Wusana Kejawen 
Wong Jawa jaman mbien isih nyekel budhaya adat istiadat para leluhur. Saka bab
kang cilik nganthi bab sing gedhe banget isih dirumati lan dilestarikake kanthi ngamalke
saben piwulang lan keyakinane kanthi apik saha titi ngathi- athi. Kabeh babagan menika
nduweni makna lan simbol- simbol kang jeru. Salah sawijining yaiku wusana. Para jaler lan
estri Jawa kuno mesthi nganggo klambi kanthi rapihlan wusana kejawen sing sederhana.
Kajaba menehi kesan gagah prakasa lan wibawa, ayu lan keibuan, jebulna saka saben
lekuk lan ruas wusana nduweni makna dhewe- dhewe. Wusana adat Jawa biasane kasebut
wusana kejawen sing mesthi bae nduweni pralambang tertamtu. Wusana kejawen nduweni
piwulang sinandi sing kebak wulangan jawa. Ing wusana jawa iki ana wulangan kanggo
nglakoake samubarang ing donya kanthi seimbang lan ana kaitane karo kegiyatan padinan,
yaiku hubungan karo manungsa lan hubungan karo Gusthi Allah.
Manten estri nganggo klambi kang wernane abang, ing sisih njaba klambi nganggo
pola alas-alasan, konde kang bentuke mangkok kuwalik lan krukup, diwenehi hiasan
kembang melati.
Jinising wusana lan kelengkapane sing dianggo dening kalangan estri Jawa, khususe
ing lingkungan budaya Yogyakarta lan Surakarta, Jawa Tengah yaiku klambi kebaya,
kemben, lan kain tapih pinjung diwenehi stagen. Klambi kebaya dianggo dening kalangan
estri bangsawan uga kalangan rakyat biasa, dadi wusana padinan uga wusana kanggo
upacara. Dadi wusana upacara kayata kang dianggo dening garwo dalem, yaiku wusana
kebaya kang nganggo peniti renteng digabungke karo kain sinjang utawa jarik corak batik,
nggon sirah rambute digelung (disanggul), lan diwenehi pelengkap perhiasan kang dianggo
kayata subang, cincin, kalung, lan gelang, sarta kipas sing biasane ora ketinggalan.
Kanggo wusana padinan, umume estri Jawa mung nganggo kemben kang digabungke
karo stagen, lan kain jarik. Kemben dianggo kanggo nutupi prembayun, kelek, lan geger,
sebabe kain kemben iki rada amba lan dawa. Sakmenika
stagen dililitke ing weteng kanggo naleni tapihan pinjung
supaya kuat lan ora gampang copot.
Ing wektu saiki, klambi kebaya umume mung dianggo
ing wektu tertentu, kayata pas upacara adat. Yaiku klambi
kebaya kang bentuke blus lengen dawa kang dianggo ing sisih
njaba kain dawa ana corakke utawa sarung kang nutupi sisih
ngisor awak (saka mata kaki nganti bangkekan). Dawane
kebaya iku macem-macem. Ana sing sakukuran sekitar
bangkekan ndhuwur nganti sing ukurane ing ndhuwur
dhengkul. Mulane, estri Jawa ngerti loro jinis kebaya, yaiku kebaya pendhek kang ukurane
nganti bangkekan lan kebaya dhowo kang ukurane nganti dhengkul.
B.     Ubarampe Wusana estri
1)      Kebaya
Kebaya asale saka tembung basa Arab yaiku “Abaya” sig artine klamben. Akeh sing percaya
kebaya iku asale saka Tiongkok ing atusan taun kepungkur. Banjur nyebar mring Malaka,
Jawa, Bali, Sumatera, lan Sulawesi. Sakwise akulturasi kelakon atusan taun, klambi kuwi
ditampa ing budhaya lan norma daerahe dhewe- dhewe. Sakdurunge taun 1600 ing Pulo
Jawa, kabaya kuwi akeh dinggo dening kalangan keraton. Ing jaman Walanda, para estri
Eropa padha seneng nganggo kebaya kanggo klambi resmi. Kebaya ing jaman kwi mung
nggunakake bahan tenunan kang bahane sutra lan sulaman werna- werni. Nggunakake
kebayak ndadikake para estri mangkleh dadi esri kang anggun lan nduweni kepribadian kang
sae. Kebaya meloni lekuk awak, dadine para estri kudu bisa madhakne lan njaga awake
dhewe.
2)      Ungkel utawa sanggul
Ungkel utawa sanggul yaiku rambut palsu ugi rambut asli kang digawe bentuk oval lan
ditempel ing mburi utawa ing sirah. Sanggul wis dikenal wiwit
jaman Mesir Kuno, ing wektu kuwi para estri Mesir Kuno
nduweni kebiyasaan nyukur resik rambut ing sirahe, kanggo
kapentingan acara keagamaan uga kanggo karesikan. Amarga
wong- wong sing Mesir Kuno praduli marang estetika, dekne
kabeh milih nganggo rambut palsu ing acara-acara tartemtu,
dadine isih katon ayu. Ing jaman menika, sangul ora mung
digawe saka rambut manungsa, nanging uga digawe saka bulu
kewan lan serat godhong palma. Salah sawijining sanggul kang
dikenal ing Jawa Tengah yaiku sanggul ukel konde saka daerah
Solo. Sanggul menika wis umum dinggo dening para prawan lan wong diwasa. Ing jaman
mbien bentuk sanggul iki cilik lan panggonane rada ing nduwur sirah. Rambut kaum estri ing
jaman mbien mesthi dawa lan wektu para estri lungo adus utawa lungo rambute mesthi bae
dikonde. Panggonane ing sebelah nduwur utawa pucuk sirah. Jinising sanggul yaiku :
a. Ukel Ageng Bangun Tilak            b. Sanggul Bokor Mengkurep
c. Ukel konde
3)      Setagen
Setagen yaiku yaiku kain tenunan dhawane 4x12 kanggo ngiket yen
gunaake kain bathik fungsine padha karo sabuk. Nanging saka bentuke
sing dowo kuwi ana nilai- nilai filosofi kang luhur, ngrupakne simbol
supaya sabar (dadi manungsa kang sabar) utawa dowo ususe.
4)      Kemben
Kemben yaiki klamben kang digunakake para estru kanggo nutupi weteng utawa dada, lan
fungsine kanggo nggawe weteng luwih singset. Kemben digunakake dadi gantine klambi lan
pemepak kanggo nutupi payudara. Kemben wis digunakake marang suku Dayak Ngaju
ewonan taun kepungkur.
5)      Jarik
Jarik utawa sinjang yaiku kain sing digunakake kanggo nutupi
awak saka bangkekan tekan sikil. Jarik nduweni makna aja
gampang serik, yen ngadepi masalah kudu ngati- ati aja grusa-
grusu.

6)      Cunduk Jungkat


Cunduk jungkat yaiku  aksesori kang dipasang saka arah dhuwur uyeng uyeng. Cunduk
jungkat deweni nilai pendidikan gambaran saka keprawanan, saengga yen penganten wanita
nganggo wusana basahan karo cunduk jungkat ing sirahe, mula penganten kemau isih
perawan. Cunduk jungkat uga duweni teges rapi utawa ketata. Penganten wanita dikarepake
bisa nata kluwargane saengga kacipta kulawarga sakinah, mawadah, lan warohmah.

7)      Cunduk Mentul


Ing saknduwure sanggul biasane diwenehi aksesori liyane kayata Cunduk Mentul. Cunduk
Mentul yaiku aksesori kang manggone ngadeg ing sirah. Cunduk mentul biasane kasusun
saka 5 nganti 9 bunderan cilik. Nanging sejatine bisa uga jumlahe
1,3, 5 utawa 9.
Cunduk mentul kang jumlahe 1 nduweni pralambang anane Gusti
kang Maha Esa. Cunduk mentul kang jumlahe 3 nduweni simbol
trimurti. Dene kang  jumlahe 5 kuwi pralambang rukum Islam.
Yen jumlahe 7 diarani simbol pitulungan. Kang paling akeh yaiku
9 nduweni simbol wali songo. Cunduk mentul biasane dipasang
madhep mburi. Yaiku kanggo simbol yen wanita kuwi kudu ayu
kadi ngarep uga mburi.
8)      Ronceng Melati
9)      Suweng
Suweng utawa sruweng, utawa subang, utawa sungu iku sajinis aksesori tumrap wanita sing
dipasang nempel ing kuping.Bahane bisa saka logam, plastik, kaca, watu mulia, manik-
manik, lan liya-liyane.
10)  Peniti Renteng
11)  Selop
Sandhal Selop yaiku sandal kang digawe saka bahan kulit
kéwan, ingkang diolah lan wujude nutupi bagian driji, geger
sikil lan bageyan tungkak kebukak. Selop nduweni arti yaiku
nyembah marang Gusti Allah, supaya saka lair nganthi bathin.
Ing njero ati mung sumeleh.

C.     Jinising Wusana Estri

1.      Putri Pinjung Kencong.


Wusana iki dianggo dening para putri raja kang umure wis luwih saka 8 taun, sakdurunge
para putri iku gedhe. Para putri raja nganggo klambi celup, mekak, lan Ukel Welah Sawit
kang diwenehi pelengkap yaiku kokar cunduk jungkat, cunduk mentul, lan perhiasan kang
lengkap.
2.      Bedhaya dhodhot Klembrehan (ampil-ampil miyos bakda)
Wusana iki dianggo dening para dayang estri saka pejabat dhuwur kraton pas upacara ageng
kraton. Para dayang menika ngiring raja lan nggawa harta nggone raja.
3.      Putri Kabaya Cekak Dalam
Pas ndampingi raja kanggo nyambut tamu-tamu penting ing Kraton, para putri raja kang
taksih lajang lan taksih tumbuh gedhe nganggo kabaya Cekak sing disulam nganggo benang
kang wernane keemasan, diwenehi pelengkap konde ukel ageng kang diwenehi hiasan
godhong pandan, para putri mau nganggo klambi batik pola parang (kayata Parangkusumo),
kalung, anting-anting, cunduk jungkat, gelang.
4.      Putri Kebaya Panjang Dalam
Ing acara Pasowanan ageng, para putri raja kang wis duwe bojo nganggo Kebaya Panjang,
konde kang bentuke ukel ageng banguntulak, diwenehi hiasan kembang melati, borokan
asesoros, lan cunduk jungkat. Kebaya Panjang menika diwenehi pelengkap bros saktumpuk,
kalung, anting-anting, lan gelang. Wusana iki uga dianggo ing upacara kawinan

You might also like