Professional Documents
Culture Documents
Naskah Soal Uasbn
Naskah Soal Uasbn
TRADISI SUNGKEM
Wonten ing budaya utawi falsafah Jawi kathah bab ingkang wigatos tumrap
kulawarga saha bebrayan. Tuk saha wos-ipun wonten ing raos saha watak eling.
Upaminipun eling dhateng Gusti Ingkang Maha Kawasa, rama, ibu, eyang, para alim saha
ngulama, kadang sentana, mitra, guru, para pangembating praja, saha pemimpin
sanèsipun.Tebanipun raos eling saget malembar dhateng tlatah padhusunan, papan
kalairan, pundhèn, patilasan, pasabinan, pategisaha, miwah lingkungan alam sanèsipun.
Sadaya ingkang hanggadhahi tabet, sambet, miwah labet, lajeng mbabar saha
nuwuhaken raos eling ingkang mboten saget ical. Kalebet ing ngriki raos eling dhateng
para leluhur saha para pepundhèn ingkang sampun kondur ing tepet suci miwah eling
dhateng sangkan paraning dumadi. Mustikanipun budaya Jawi ingkang arupi raos eling
tebanipun jembar sanget. Raos eling caket saha raket kaliyan menapa kemawon ingkang
saged nggigah raos saha krenteg kepengin sowan, mertuwi, ngurmati, ngabekti, miwah
misungsungaken menapa kemawon ingkang saged damel renaning panggalih.
Tetungguling budaya Jawi ingkang arupi raos eling mujudaken satunggaling kearifan lokal
(local genius) ingkang taksih lestari. Daya kekiyatanipun ngedab-edabi, lajeng nuwuhaken
tèkad nguri-uri tuwin nglestantunaken.
……………………………………………………………………………
(Dening : Ki Sutadi Pangarsa Persatuan Pedasahagan Indonesia Komisariat Jawa Tengah. Kapethik
saking http://www.ki-demang.com)
1. Ukara ing andhap menika ingkang wosipun trep kalihan Waosan 1 ing inggih inggih
menika?
a. Sungkeman minangka budaya jawa ingkang sampun wonten wiwit jaman rumiyin
b. Budaya sungkeman mingka kearifan lokal
c. Sengkeman nuwuhaken raos boten eling marang rama-ibu
d. Budaya sungkeman kedah dipunuri-uri
e. Sungkem saged ndadosaken manungsa eling marang sangkan paraning dumadi
12
Waosan 2
Kawaosa geguritan ing ngandhap menika!
COBANING URIP
Waosan 3
GEGURITAN
Geguritan yaiku wohing susastra kang basané cekak, mentes lan éndah. Geguritan
asalé saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Déné
geguritan ing kéné, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:
Cacahing gatrané ora tartamtu; Ora pinathok ing guru wilangan lan guru lagu; Bisa
nggunakake purwakanthi; Lumrahe nganggo lelewa basa (gaya bahasa, majas)
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhèrn, amarga ora kaiket ing aturan kayadéné
tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen),
ngamati samubarang (observasi), utawi adhedhasar pengalaman pribadi lan liyan.
Geguritan mujudaké karya kang sipaté pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijiné
gayane béda-béda. Angen-angen kang ana sajroné pikirané pengarang banjur diolah
supaya dadi geguritan kaya kang dikarepaké panganggit. Purwakanthi, lelewa basa,
pilihan tembung kang laras karo swasana, tembung-tembung konotatif dipertimbangke
sajrone nyipta geguritan satemah geguritan basane bisa katon endah.
Geguritan iku basa simbolik, tegese minangka penggalihan-penggalihan kang
dislamurke lumantar reroncenan tetembungan. Mula, geguritan sejatine ngandhung
maneka nilai utawi pitutur tumrap samubarang perkaraning manungsa. Geguritan iku
ngajak para pamaca supaya mikir, menggalih, ngangen-angen, ngrasakake apa-apa kang
diaturake panganggit.
Temtu wae geguritan nggawa maksud tertemtu. Kanggo ndhudhah lan ngonceki
maksud ing geguritan, bisa kanthi cara ngowahi geguritan dadi gancaran (prosa). Teknik
kaya ngene iki lumrah ingaran nggancarake (gawe parafrase). Yaiku ukara-ukara kang ora
jangkep ing geguritan ditambahi tembung-tembung kang pas, satemah ukarane dadi
gamblang. Diajab, sakwise tinambahan tembung-tembung liya, maksud ukarane bisa
dimangerteni.
Geguritan iku kadhapuk saka téma, pamilihane tembung uga nganggo sarana rétorika
lan majas. Sarana rétorika lan majas paédahé kanggo gawé geguritan iku éndah lan enak
12
kawaca. Ciri-cirine basa geguritan: Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah, Menthes
yaiku tembungé duwé makna kang jero, Éndah ngemu maneka unsur kaendahan basa,
Tetembungane pilihan, laras karo maksud lan swasana.
(saka http://jv.wikipedia.org kanthi ewah-ewahan)
5. Titikanipun geguritan miturut waosan 3 inggih menika kadosdene kasebat ing andhap
menika………
a. Ngginaaken tembung ingkang tegesipun mentes
b. Basanipun kedah krama
c. Ngginaken guru gatra
d. kedah ngginakaken purwakanthi
e. Tembungipun kedah blaka
7. Putra Destarastra kalihan Dewi Gandari ingkang dipunwastani Kurawa ingkang cacahipun
satus menika wonten ingkang estri, asmanipun inggih menika…
a. Dewi Drupadi
b. Dewi sumbadra
c. Dewi Dursilawati
d. Dewi Durgandini
e. Dewi Setyawati
Waosan 3
Kawaosa tembang macapat menika!
Mijil
Poma kaki padha dipuneling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
samubarangipun
10. Nilai budi pekerti saking sekar macapat ing wacan 3 inggih menika…
12
a. Satriya menika kedah nggadahi budipekerti ingkang luhur
b. Sinten kemawon saged saged dados satriya
c. Satriya menika kedah nggadahi watak ingkang luhur saha trampil samubarangipun
d. Satriya menika tiyang ingkang wasis
e. Sedaya satriya kedah ngugemi piwelingipun para pinisepuh
11. Sekar Macapat ingkang nggadahi watak sembrana, parikena, lucu inggih menika….
a. Gambuh
b. Girisa
c. Pocung
d. Maskumambang
e. Wirangrong
Waosan 4.
?kirkirtaun¿;1941;s[p]
[n,bukubukukpusTknJw,wisBb/pisnH[zlTinemu,lnHug[aoranai=
[to[ko[to[kobukuautw[lowkn\,
12. Wosipun waosan 4 inggih menika. . . .
a. Wiwt waras 1941 boten wonten percetakan ingkang kersa nyitak buku basa Jawa
b. Buku basa Jawa angel anggenipun dipunpadosi
c. Buku-buku kapustakan Jawi wis babar lan angel tinemu awit warsa 1941
d. Tiyang Jawa boten kersa maos buku basa Jawa
e. Buku basa Jawa sampun ical wiwit warsa 1941
Waosan 5.
?mnu[tKof]tTi=AlLhk=makuws,mnutKannNi=AlmKsuvtn\
[aoran[w=oautwi[b=os[b=osai=jgfRy,slumhai=bumiskuxbBi=
lzitK=bisauripTnP[kovC,mesQikufururukunNn,pdbn|ÒbiynÒ|.
1;ktenÒmMn¿
2;kwrsSn¿
3;E[ko[nomi,
4;penDidikKn¿
5;[th[no[logi,
6;senibufy,
13. Miturut wosan 5, gesang kanca, mesthi kudu rukun, padha binantu ing ….
a. Katentreman, kawarasan, pendhidhikan
b. Seni budaya, padhalangan, joget
c. Kaluhuran, kaurmatan, pangkat
d. Pangkat, teknologi, seni
e. Kaurmatan, pangkat dhuwur, pendhidhikan
Wacan 6.
?
jjlSaikifi[ao[vCkKi,wwfisi=sumimPenS[j]onNi=guritTn\li/aili/aik
u,kirkirm=[k[n;
?tege[sSsbenGt];
1;li/aili/tn|F/[rwusSumili/,
li/aili/;supyzLili/,spyweruh,z}tinulisd/.
14. “ Lir-ilir” miturut wonten ing wacan tegesipun . . . .
a. Lir-ilir supados nglilir saha ningali
b. Ilir-ilir supados wonten bayunipun
c. Ilir-ilir supados adhem
12
d. Ilir-ilir supados tanduranipun gesang
e. Ilir-ilir supados wonten bayunipun saha adhem
Waosan 7.
?ai=XbetTipunB|
mipunik[so[kWonTe[nGo[w=oznNipunHi=k=aisilish.lishpt]aslH
slLipunSki=[kwnHi=k=pejhHi=jmnKinai=k=kepenDemHi=siti.
nujustu=glLi=finTen\ai=A[mrikh[wonTenTiy=ai=k=hzedukKisi
ti,XbetTipunKlihfs[mte/.ai=z]iku[wonTenLishaipunPt].
15. Wosing waosan 7 inggih menika . . . .
a. Lisah patra regane larang
b. Lisah patra angel digoleki
c. Asalipun lisah patra
d. Lisah patra kapendhem ing njero siti
e. Lisah patra lan kewan
17. Saderengipun majeng dados pranatacara utawi kedah gladhen rumiyin. Bab kasebat
mengku ancas… .
a. Boten lingsem anon tiron
b. Tinimbang rumangsa bisa, langkung sae bisa rumangsa
c. Gladhen wongsal-wangsul ing ngajeng kaca
d. Ketingal luwes, pantes saha mentes
e. Mangertosi teori pranatacara saha sesorah
Waosan 9.
Ing wusana, kanthi tulusing manah kula sakanca namung saged ndherek dedonga
mugi-mugi SMA Negeri 1 Sembada langkung misuwur saha dados pawiyatan ingkang
migunani dhumateng bebrayan ageng ing tlatah Ngayoyakarta. Amin.
18. Perangan ingkang dipun andharaken ing sesorah waosan 9 inggih punika....
a. wigatining sedya
b. panutup
c. pambuka
d. pangajeng-ngajeng
e. ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah
Waosan 10.
Nuwun, para pepundhèn, para sesepuh saha para pinisepuh ingkang dahat
kinabektèn. Para pangembating praja ingkang sinudarsana. Bapak-bapak, ibu-ibu,
para kadang sepuh anem, para rawuh kakung miwah putri ingkang sinuba ing
pakurmatan.
19. Perangan ingkang dipun andharaken ing sesorah waosan 10 inggih punika....
a. wigatining sedya
b. salam pambuka
c. pambuka
12
d. ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah
e. Atur Pakurmatan
20. Tiyang ingkang badhe paring pawartos ingkang wigati,anging kedah cepet limrahipun
lajeng damel... .
a. Layang ulem
b. Layang lelayu
c. Layang iber-iber
d. Layang prajanjen
e. Layang kitir
Waosan 11
Bapak saha Ibu Wiraguna (1)
Jln. Kaliurang, Sleman Yogyakarta.
Sembah sungkem, (2)
Lumantar serat punika, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang
tansah ginanjar wilujeng nir ing sambékala. Menggah panyuwun kula dhumateng
Gusti Allah SWT, mugi-mugi kawontenanipun Bapak saha Ibu ugi makaten. Amin. (3)
Kajawi punika, ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula
tampi rikala dinten Minggu kapengker. Arta punika sampun kula ginakaken
kanggé prabéya sekolah. Tirahanipun kanggé nyekapi kabetahan wonten kos.
Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhé tes
semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangèstu mugi - mugi kula saged
nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang saé. Amin. (4)
Ing wusana cekap semanten rumiyin serat kula, sanès wekdal dipunsambet
malih. Menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu,
kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5)
(6) Surakarta, 26 Maret 2018
(7) Ingkang Putra
(8)
(9) Pramuji Wicaksana
Waosan 12
“Suk mbèn wis Riyaya. Apa kowé ra duwé uteg?”. Ngono celathu sisihané kanthi
canthas bantas lan kejem. Pancén swara kaya ngono iku kejem banget tumrap Wagianta.
Awit durung tau Wagianta nampani pisuhan kang kasar saka sisihané.
22. Unsur intrinsik ingkang katingal saking petikan cerkak ing waosan 12 inggih menika…
a. Watak
b. Sudut pandang
c. Alur
12
d. Latar
e. Tema
Waosan 13
KEMBANG API
Deninig: Anonim
Warti lagi judeg. Amerga ditakoni wae dening Ardi, anak-e lanang ontang-anting
kang lagi umur udakara limang taunan kuwi.
“Mak, Bapak sesuk yen bakda bakal teka yo Mak?”
“Iya le… Bapak suk mben teka.” Wangsulane kepeksa goroh kanggo ngayem-ayemi atine
Ardi.
“Asyikkk…. Aku suk malem bakda bisa dolanan kembang api karo Bapak, kaya Mbak
Ade karo Mas Riyan yo Mak?” tembunge sajak seneng banget, bayangne; ndah neya
seneng-e atine mengko bisa dolanan kembang api karo Bapak-e, kaya sedulur-sedulur
misanane yen angger wayah bakda idul fitri mesti pada ketunggonan dening wong
tuwane sowang-sowang.
Warti ora wangsulan, mung manthuk karo ngunjukne katok kolor-e Ardi sing rada
mlorod. Banjur ngarasi pipine Ardi sing pating plenthu kaya bakpao kuwi. Mripate
mbrabak mbrebes mili, atine keranta-ranta merga ora ngerti apa sing lanang bakal bali
tilik anak bojone maneh apa ora.
Biyen patang tahun kepungkur, sing lanang minggat saka ngomah merga
ditundung dening mertuwane lanang, yo bapak-e Warti. Nalika semana Ardi isih umur
sangang sasinan. Wartono sing rumangsa ketonyok atine merga diunek-unekake dening
mertuwane lanang banjur minggat ninggal anak ninggal bojo, lunga mbuh menyang endhi
juntrunge ora ana sing weruh, lan ora nate kirim-kirim kabar engga saiki.
“Wong lanang kok mung klular-klulur, saben dina gaweyan mung mangan-turu-mangan-
turu wae! Anak bojo rak diopeni, sembarang dhengah kari nyadong. Mbok macul-macul
apa resik-resik kebon kana rak yo bisa. Ngertiya yen biyen kowe mung arep dadi panji
klanthung, Sarjana rak gableg gaweyan! Rak bakal Warti tak wenehne kowe! Rak
sembada karo umuk-mu biyen, jarene anak-e wong sugih blegedhu, anak pejabat, kajen
kerinan. Preett… Endi buktine?! Dapurmu ra gableg apa-apa, anak bojo ben dina sing
nyandhangi sing makani kok isih aku! Malah kowe barang yo melu mangan ngising gur
trima nunut! Rai-mu rai gedheg, rak duwe isin! Wes kana minggata wae, timbang nyepet-
nyepeti mataku!”
……………………………………………………………………………………………………..
24. Topik ingkang kapanggihaken wonten ing cerkak nginggil inggih menika....
a. Lelakonipun tiyang gesang bebrayan
b. Lare alit ingkang kangen kalihan ramanipu
c. Tiyang gesang kedah usaha pados sandang saha pangan
d. Dados tiyang kedah sabar anggenipun ngadepi sedaya pacoban saking Gusti
e. Tiyang sepuh kedah nggadahi tenggel jawab maring putranipun
Waosan 15
NGEDHEMKE AWAK
Wektu iki pancen hawane panas banget, yen awan mulih saka kantor rasane neng
awak ra karuwan. Hawa panas marahi kepingin ngombe wae, nanging yen ngombe es
sirah dadi ngelu. Wah sarwa ngewuhake.
Dina Selasa kepungkur aku mulih saka kantor sisan blanja ana ing pasar
Kotagede. Nukokke welingane anakku tuku semangka karo melon karemane.
12
Kebeneran nalika blanja ana ing pasar Kotagede, semangka karo melone wis
entek. Wadhuh, kudu nggolek ana ngendi maneh iki. Aku kelingan yen neng ngarep
Kantor Pos Kotagede ana bakul buah. Aku banjur mrana. Nalika tekan kana, bakule lagi
lunga. Mula aku nunggu ana sandhing ATM sisih lor Kantor Pos. Nalika lagi nunggu kuwi,
ujug-ujug ana ibu karo putrane mlebu ATM. Ing ruang ATM ibu kui ora nggawa apa-apa
lan ketoke ya ora arep njupuk dhuwit. Nanging kok suwi ora metu-metu, kamangka sing
antri lumayan akeh.
Bareng metu ibu kuwi ngendika, ”Sorry ya mbak, aku lagi ngedhemke awak,
lumayan neng ruang ber-ac suejuuuk...,” ngono kandhane karo klepat lunga. Aku lan
priyayi sing padha nunggu mung isa mesem lan nggondhuk.
(Djaka Lodang 14 taun 2010, Ayu Dewi Widowati, Kotagede )
25. Wacana ing nginggil mujudaken satunggaling tuladha cariyos pengalaman ingkang
sipatipun
a. nggegirisi
b. njijiki
c. sedhih
d. gumun
e. lucu
26. Kados pundi anggenipun matur menawi telat sekolah…
a. “Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula ajeng
piwucalan?”
b. “Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapura kula telat, menapa kepareng kula dherek
piwucalan?”
c. “Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, kula badhe dherek piwucalan.”
d. “Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menawi kepareng kula ajeng
dherek piwucalan.”
e. “Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula dherek
piwucalan?”
27. “Ayo Bu, bareng karo aku wae, yen kowe arep menyang Puskesmas”. Ukara punika
boten trep kaliyan unggah-ungguh basa, ingkang leres inggih punika...
a. “Mangga Bu, sareng kula mawon yen ibu ajeng tindak dhateng puskesmas”.
b. “Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, manawi Panjenengan badhe tindak
dhateng Puskesmas”.
c. “Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, menawi ajeng tindak dhateng
puskesmas”.
d. “Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi Panjenengan badhe tindak
dhateng Puskesmas”.
e. “Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi sampeyan badhe tindak
dhateng Puskesmas.
28. Guru : “ Saderengipun ibu wiwiti piwulangan Basa Jawi ing taun ajaran enggal menika,
para siswa sampun sami tepang kaliyan ……………. menapa dereng? Lajeng kaliyan ibu
guru menapa sampun sami tepang?”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ceceg-cegeng ukara kasebut inggih menika……
a. Kanca-kanca
b. Rencang-rencang
c. Para sedulur
d. Bapak saha Ibu guru
e. sekolahnipun
29. Guru : “Menawi dereng, cobi samenika sami tetepangan malih kaliyan kanca-kancanipun,
Caranipun mangke para siswa majeng setunggal mbaka setunggal lajeng nepangaken
identitas dhirinipun(2). Mangga dipunwiwiti kanthi nepangaken nama, asal sekolah,
alamat, lan karemenanipun. Cobi samenika dipunwiwit majeng kanthi cara gentosan.”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ceceg-cegeng ukara kasebut inggih menika……
12
a. Seduluripun
b. Bapak saha ibunipun
c. identitas dhirinipun
d. kanca-kancanipun
e. rencang-rencangipun
30. Upacara Tradisi ingkang dipunwontenaken saben sasi sapar ing wewengkon
Ambarketawang, Gamping inggih menika….
a. Upacara Adat Bathok Bolu Alas Ketonggo
b. Upacara Adat Saparan Wonolelo
c. Upacara Adat Saparan Bekakak
d. Upacara Adat Tuk Si Bedug
e. Merti Bumi Tunggul Arum
31. Upacara Adat ingkang katindakaken rikala bayi yuswanipun 35 dinten inggih menika…
a. Brokohan
b. Puputan
c. Tedak siten
d. Neton utawi among-among
e. Slapanan
32. Perangkat gamelan ingkang ginanipun kanggé murba (ngatur) irama inggih menika….
a. gender
b. peking
c. kendhang
d. kempul-gong
e. kethuk kenong
a. Thithi
b. Tambur
c. Slentho
d. Saron
e. Demung
34. Perangkat gamelan ingkang cara nabuhipun kanthi dipunkosok inggih menika....
a. rebab
b. gendèr
c. bonang
d. demung
e. kendhang
35. Tembang ingkang kanggé mbukani utawi miwiti gendhing tanpa tabuhan kawastanan….
a. laras
b. bawa
c. irama
d. pathet
12
e. titi laras
Waosan 16
(1)Kangge miwiti lampahing pasinaon sarta kangge ngraketaken para siswa kaliyan
kanca-kancanipun setunggal angkatan, atusan siswa-siswi SD Az-Zahra Sragen
dipungladhi mentalipun supados nresnani kaliyan lingkunganipun. (2)Bab menika
katindakaken kanthi cara ngajak para siswa dolanan out bond ing lingkungan Taman Kota
Sragen. (3)Kanthi kagiyatan menika kanyatan para siswa sami rumaos remen. (4)Yusuf
salah satunggaling siswa ngaken ketagihan kaliyan kegiatan out bond ingkang
katindakaken. (5)Para siswa dipunajak dolanan nggladhi kekendelanipun, kadosta lompat
botol, mlampah ing sanginggiling tali, minggah andha rodha karet. (6)Miturut salah
satunggaling pengajar Murti, kangge wiwitan pasinaon para siswa perlu dipunajak dolan
mirunggan kaliyan tetepangan salah satunggalipun kanthi ngajak para siswa nindakaken
out bond. (7)Nanging ingkang wigatos tumrap para siswa inggih menika nggladhi raosipun
siswa supados nggadhahi raos mulat sarira, tepa salira kaliyan sesaminipun, sarta raos
tresna asih kaliyan lingkunganipun. Nata, TA TV.
36. Pethikan pawartos ingkang kalebet fakta inggih punika ing ukara nomer ...
a. 1, 2, 5
b. 1, 2, 3, 4, 5, 6
c. 1, 2, 3, 4, 5
d. 6, 7
e. 7
37. Pethikan pawartos ingkang kalebet opini kapanggihaken ing ukara ...
a. 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7
b. 1, 2, 3, 4, 5, 6
c. 3, 4, 6, 7
d. 4, 5, 6
e. 1, 2
Waosan 17
12
PANJI JAKA KEMBANG KUNING
Sang Prabu Brawijaya katon sekel ing galih amarga kélangan putri ontang-antingé
kang aran Dèwi Sekartaji. Sang Prabu banjur paring dhawuh marang Patih Arya supaya
nganakaké sayembara kanggo nglari méndrané Sang Dèwi.
Isiné sayembara, sapa wongé kang bisa nemokaké Sang Dèwi, ora kétang anaké
randha klèlèran bocah kabur kanginan, yèn lanang bakal didadèkaké jatukramané Dèwi
Sekartaji, yèn wadon arep didadèkaké sedulur sinarawèdi Dèwi Sekartaji.
Sawisé sauntara wektu, Dèwi Sekartaji bisa ditemokaké déning Jaka Kembang
Kuning kanthi perang amuk-amukan mungsuh wadya balané Radèn Klana. Pungkasané,
Prabu Brawijaya banjur ndhaupaké Dèwi Sekartaji karo Jaka Kembang Kuning.
40. Wonten ing cariyos Jaka Kembang Kuning, Dèwi Sekartaji punika putrinipun....
a. Patih Arya
b. Radèn Klana
c. Prabu Brawijaya
d. Prabu Hadiwijaya
e. Patih Sedah Rama
5. Punapa namanipun sekar ing nginggil lan kados pundi paugeranipun, saha kadamela
gancaranipun(prosa)!
12