You are on page 1of 5

TEMBANG MASKUMAMBANG

. . . . . . . .
5 6 1 1 1 1 1 1 2 3 1 6.5
Dhuh dhuh Gusti sang kan pa ran ing wak ma mi
. . . . . . .
3 3 3 3 2 1 .2
Eng gal pi
na ring na
. .
5 5 5 5 6 1 . 2 6 . 5. 3 2. 1
Wruh wo sing u rip sa yek ti

1 2 3 1 2 3 2 3.5
A bra si rep kang ri na sa

Kawruh tembung.
1. Sangkan paraning = asal usul
2. Wak mami = awakku
3. Enggal = cepet-cepet
4. Pinaringna = wenehana
5. Wruh = ngerti
6. Wosing = intining/isining
7. Urip sayekti = urip kang sejati
8. Abra = supaya, cahya
9. Sirep = lerem/meredha
10. Rinasa = kang dirasakake

Guru lagu, guru wilangan tembang Maskumambang


Maskumambang     : 12i, 6a, 8i, 8a

Guru gatra: 4 gatra


Tegese tembang Maskumambang
Dhuh-dhuh Gusti sing nyiptakake awakku iki, cepet
wenehana ngerti bab intining urip sejati supaya lerem
apa kang tak rasakake.

Budi Pekerti Tembang Maskumambang


1. Marang Gusti Allah awake dhewe nyenyuwun apa
wae.
2. Gusti kang nyiptakake manungsa mula kudu bekti.
3. Nyenyuwun marang Gusti supaya diwenehi ngerti
bab intining urip kang sejati. (intining urip kang
sejati yaiku tangsah nindakake dhawuhe Gusti lan
ngedohake sakabehing larangane (taqwa).
4. Sakabehing pacoban urip bakal sirep/lerem
menawa tansah sumendhe/nyenyuwun
pepadhang/pitulungan marang Gusti.

Tembang Pangkur
PANGKUR PL. P. NEM

3 5 5 5 . 5 5 3 3 . 0

Ji- rak pin- dha mung- gwing wa- na,

3 5 5 56 . 1 1 1 1 2 3 2.1.0

sayeng ka- ga we rek- ta kang mu- ro- ni,


̣ . . . . . . . . .

5 61 1. 1 1 1 . 1 2 3 1.2.0

nye- nyam- bi ka- la- ning ngang- gur,

6 5 5 5 . 5 5 4 . 5 . 6 5. 0

was- tra tum- rap mus-ta- ka,

5 5 5 6. 1 1 1 1 1 212 3. 3 .0

pangi- ket- e wang-sa- lan kang se- kar pang- kur,


6 1 1 1 1 1 1 1.0

ba-on sa-bin ing na- wa- la,

1 2 3. 5 5 5 6. 5 3 2 . 1. 0

ki-nar- ya la- ngen pri- ba- di.

Wangsalan tembang Pangkur


Jirak pindha munggwing wana = yaiku kesambi , (sinambi kalaning
nganggur)
Sayeng kaga = Yaiku kala
We rekta kang muroni (banyu abang sing marahi mabuk) = Yaiku
anggur
Wastra tumrap mustaka (kacu sing kanggo sirah)= Yaiku Iket
(pangikete wangsalan kang sekar pangkur)
Baon sabin ing nawala (nyambut gawe ing sawah) = karya (kinarya),
ing nawala = layang, (langen pribadi

Tembang cilik (macapat)


Jare tembang macapat iku pamecane papat-papat. Mangkono yen
ditembangake angkok macapatan. Ana maneh sing nlusur tembung
:macapat” asal saka “ma-cepat”. Alasane awit yen lelagon macapat lagune
rikat-rikatan. Iku bener apa luput, gumantung sing ngarani. Dhapukan
tembang macapat iku akeh miribe karo “kidung” jawa tengahan.
Umpamane kidung pamijil padha karo tembang mijil macapat. Tembang
macapat uga kaiket ing guru gatra, guru lagu lan guru wilangan.
Kang kalebu tembang macapat yaiku :
1)  Mijil : tegese metu, medal, miyos
Watake : gandrung-gandrung, prihatin, mituturi.
Gunane : kanggo medharake rasa susah, bukaning carita /
mangayubagya.
2)   Kinanthi : tegese dikanthi, dituntun, digandheng
Watake : tresna asih, ngemu surasa ngarep-arep gandrung, seneng
Gunane : medar piwulang, seneng-seneng, nglipur ati, mangabagya
3)   Sinom : tegese saka tembung si + enom yaiku remaja.
Watake : prasaja, susah, grapyak, renyah, samanak.
Gunane : kanggo sesorah, medhar rasa susah (cengkok logondhang)
4)  Asmaradana : tegese saka tembung asmara + dana tegese weweh
utawa paring katresnan.
Watake : sengsem, susah utawa prihatin, kasmaran
Gunane : medhar rasa asmara (pepasihan)
5)   Dhandhang gula : tegese pangajab manis utawa endah.
Watake : mrabu, luwesan, sarwa mathuk, resep
Gunane : kanggo sesorah, medhar rasa susah (cengkok tlutur), kanggo
bawa gendhing (banjet, turulare), medar rasa sengsem, bebukaning
crita
6)  Gambuh : tegese cocok, trep, ngerti
Watake : nanjih-nanjihake, nggenah-nggenahake, wani wanuh, kulina
rumaket
Gunane : kanggo memulang / pitutur nada seneng
 7)  Durma : tegese mundur (ngendhaleni hawa lan nafsu).
Watake : seneng, nesu muntab, galak, nantang.
Gunane : kanggo sesorah, perang-perangan, medharake rasa nesu,
muntab, tantang-tantangan, rasa seneng.
8)  Maskumambang : tegese uripe wis ngambang antarane kadonyan lan
akherat.
Watake : susah, nalangsa, prihatin, kerenta-renta
Gunane : kanggo medharake rasa susah / prihatin
9)  Pangkur : tegese mangkur, ngungkuri kadonyan, condong marang
akherat.
Watake : gandrung, sereng, kejem, nantang
Gunane : kanggo medhar pitutur, gandrung
10) Megatruh : tegese saka tembung megat + ruh tegese mati.
Watake : susah, getun pungun-pungun, kendho
Gunane : kanggo medhar crita kang sakepenake
11) Pocung : tegese dibuntel utawa dipocong.
Watake : duwe surasa sakepenake, sembrana-parikena
Gunane : kanggo sembranan, cangkriman cerita lucu, pitutur, lsp.

Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.


1)    Guru tegese paugeran, wewaton, pathokan sing dianut.
2)    Guru gatra yaiku wewaton gatra (larik) utawa cacahe larik saben
sapadane (sabaite) tembang.
3)    Guru wilangan yaiku wewaton cacahing wanda (suku kata) ing saben
siji-sijine gatrane (larike) tembang.
4)    Guru lagu yaiku wewaton dhong-dhinge/tibane swara ing wekasane
siji-sijine gatrane (larike) tembang
5)    Pupuh tegese : kumpulan tembang sawarna.
6)    Pada :bait

Guru Gatra, Guru Wilangan Lan Guru Lagu Tembang :


1)        Kinanthi                      : 8-u, 8-i, 8-a, 8-i, 8-a, 8-i
2)        Asmarandana            : 8-I, 8-a, 8-e (o), 8a, 7a, 8u, 8a
3)        Pangkur                      : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 7i
4)        Durma                         : 12a, 8i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
5)        Pocung                        : 12u, 6a, 8i, 12a
6)        Maskumambang      : 12i, 6a, 8i, 12a
7)        Mijil                              : 10i, 6a(o), 10e, 10i, 6i, 6u
8)        Sinom                          : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
9)        Dhandhanggula       : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
10)     Gambuh                    : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
11)     Megatruh                  : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o

1. Prekara-prekara wigati kang digatekake sadurunge nembang, kayata


ing ngisor iki.
a.    Mangerti watak-wataking tembang
b.    Mangerti guru lagu lan guru wilangane
c.     Mangerteni tegesing tembung
d.    Mangerteni laguning tembang
e.    Mangerteni kekuatan swarane dhewe, supaya ora kedhuwuren utawa
kelirihen
f.     Mangerteni wirama sepira wiramaning macapat, aja nganti kerikaten
utawa kalonen
g.    Mangerteni wirama gendhing, kanggo mbarengi sekar gendhing (yen
nganggo gendhing)
h.    Aja kakehan luk, wilet, sing bakal ngurangi boboting tembang macapat
i.      Titi laras macapat padatane sawanda satiti laras, akeh-akehe loro
(rong) titi laras
j.      Lesan utawa pangocapan kudu cetha, aja sengol, dhoso, lan wijang
k.    Pedhotan lan pernapasan ora kena medhot tembung
l.      Kulina  marang laras lan titi laras
2. Prekara-prekara kang digatekake wektu nembang, kayata ing ngisor
iki.
a.    Pedhotan, yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben
larik.
b.    Andhegan, yaiku pamandhege swara kanggo ambegan ( Indonesia =
jeda ).
c.     Intonasi, yaiku lagune ukara ing tembang, gegayutan karo dhuwur
endheke nada.
d.    Laras, yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
e.    Titi laras, yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan
swara dhuwur ).
f.     Irama, yaiku ukuran rindhik rikating penabuhing gamelan.

You might also like