You are on page 1of 11

Wedhatama (ing bahasa Jawa; Wredhatama) ingkang tegesipun serat (tulisan/karya), wedha

(Ajaran) tama (keutamaan/utama). Wedhatama punika ajaran luhur kagem mbangun budi pekerti
lan olah spiritual ingkang dipunwucalaken ing kalangan raja-raja Mataram, ananging tetep
dipunajaraken tumrap sinten kemawon ingkang kersa nyinaoni.
Serat Wédhatama (“tulisan mengenai ajaran utama”) kaserat dening KGPAA Mangkunegara
IV. Serat kasebat minangka salah satunggaling serat ingkang moncer babagan estetika-nipun sastra
Jawa ing abad 19. Karya sastra punika nggadhahi wujud tembang.
Isi saking serat Wedhatama inggih punika falsafah kauripan tuladhanipun tepa salira marang
sapadha, manunggaling kawula gusti, lan dadi manungsa kang duweni watak unggul. Isi serat
wedhatama kaperang daddos 4 bab.
Bab I nggambaraken solah bawa pra mudha kang duweni solah bawa kang ala (goroh/
sombong) amarga dados putra bangsawan lan piandelipun ing ibadah namung mawi lahiriah mawon.
Bab II ngaturi piwulangan babagan tata laku pra mudha ingkang anuladhani Panembahan Senopati,
raja kapisan Mataram. Manungsa kedah saged ngirangi anggenipun dhahar lan sare sarta hawa
nepsu. Ing bab kasebat ugi dipun andharaken, supados mantep ing ati anggenipun gesang kedah
mangertosi lan mumpuni ing tigang perkawis inggih punika : arta – wirya –winasis : (harta –
kedudukan – pengetahuan).
Bab III negasake yen anggone golek kawruh, kedah nglampahi tata laku susila kanthi
ngupaya supados saged ngilangake angkara murka. Ing padinan ugi kedah anggadhahi sikap sila
trima (legawa) : sila narima (serah diri).
Bab IV dudutan nrapake 4 cara ibadah tumuju sampurnaning badan yaiku sembah raga,
kalbu, jiwa lan rasa. Sikap kasebat ingkang badhe nuduhaken kita kagem Manunggaling Kawula –
Gusti

Surasa Serat Wedhatama kaperang dados 100 pupuh (pada/ bait) ing salebeting 5 tembang macapat,
inggih punika:

Pangkur (14 pupuh, I – XIV))


Sinom (18 pupuh, XV – XXXII)
Pangkur (15 pupuh, XXXIII – XLVII)
Gambuh (35 pupuh, XLVIII – LXXXII)
Kinanthi (18 pupuh, LXXXIII – C)

1) PUPUH PANGKUR
Pupuh Pangkur ing serat wedhatama dipundadosaken “prolog” saderengipun mlebet ing rubeda
ingkang utama. KGPAA Mangkunegara IV minangka panganggit saking serat punika nggulawentah
para putra-putri supados saged mbentenaken antawis tiyang ingkang anggadhahi watak lan budi
pekerti luhur ugi tiyang ingkang goroh nanging kopong saking titikanipun.
Tuladha Tembang Pangkur:

Mingkar-mingkuring angkara,
akaranxa karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
kang tumrap ing tanah Jawa,
agama ageming aji.

Dudutan Pupuh Kaping 1 Pupuh Pangkur:

Tumrape tiyang sepuh, kedah nebihaken priyangga saking angkara murka kagem nggulawentah
putranipun.

2) PUPUH SINOM
Pupuh kapindo ing serat Wedhatama maringi ngertos cara (kiat-kiat) kagem ngangsu kawruh ing
ajaran Jawa kanthi njumbuhaken(nyelarasaken; menyeimbangkan) antawis lair lan batin.

Tuladha Tembang Sinom:

Nulada laku utama,


Tumrape wong Tanah Jawi,
Wong Agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senopati,
Kepati amarsudi,
Sudane hawa lan nepsu,
Pinesu tapa brata,
Tanapi ing siyang ratri,
Amamangun karenak tyasing ersua.
Dudutan Pupuh Kaping 1 Tembang Sinom:

Wong Jawa kudu niru laku becik nalika ngangsu kawruh kayata, nyuda (ngurangi) hawa nepsu, asring
tapa esuk klawan wengi.

3) PUPUH POCUNG

Pupuh Pocung ing serat Wedhatama ingkang nggambaraken rikala piyantun ingkang sampun
mangertosi ala lan becik/ sae lan awon lajeng saged nglaksanakaken, nindakaken jejibahan kagem
ngangsu kawruh. Pramila pupuh pupuh punika nyariosaken amalan- amalan (cara) babagan kawruh
ingkang sampun dipunmangertosi.
Tuladha Tembang Pocung:

Ngelmu iku,
Kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangkese dur angkara.

Dudutan Pupuh Kaping 1 Pupuh Pocung:


Ilmu punika saged dipungayuh kanthi ngugemi punapa ingkang dipuntindakaken. Sedaya punika
kedah kawiwitan saking krenteging ati kagem nggayuh kamulyan kanthi mbudidaya nebihaken awak
saking angkara murka.

4) PUPUH GAMBUH

Pupuh gambuh ing serat wedhatama ngajaraken manembah (nyembah) miturut KGPAA
Mangkunegara IV. Sasampunipun pados ilmu ingkang sejati, dipunlajengaken pados guru kagem
nglampahi ”laku utama” supados saged ngamalaken ilmu kasebat.

Tuladha Tembang Gambuh:


Samengko ingsun tutur,
Sembah catur: supaya lumuntur,
Dihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahaning Manon

Dudutan Pupuh Kaping 1 Pupuh Gambuh:

Pituture tiyang sepuh marang putranipun supados nglampahi 4 sembah; raga, cipta, jiwa, lan rasa.
Kanthi cara punika ingkang putra saged pinanggih anugrah saking Gusti.

5) PUPUH KINANTHI

Dikanthi-kanthi (diarahkan dan dibimbing) supados dados manungsa sejati kang saged memayu
hayuning bawana.
Tuladha Tembang Kinanthi:

Mangka kantining tumuwuh,


Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam
Wedi weryaning dumadi,
Supadi niring sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.

Dudutan Pupuh Kaping 1 Pupuh Kinanthi:


Sangune wong urip namung eling lan waspada. Kuwi kang dadi kadigdayan kagem ngilangi
kasangsaran.

Materi Prosedur (sederetan langkah yang sistematis dalam menerapkan prinsip)

TEMBANG PANGKUR

1. Watak Tembang
Watak tembang Pangkur ing tembang macapat inggih punika kendho, tanpa greget, saut
sakepenake.
2. . Paugeran tembang Pangkur
– Guru Gatra : 4 Gatra
– Guru Wilangan : 12, 6, 8, 12
– Guru Lagu : u, a, i, a

Tuladha Pupuh Pangkur, bait 1 (XXXIII):


Mangka lamun awak sira ngudi kawruh
Tumujuning badan
Sarira ingkang angisi
Jiwa, raga, cipta, karsa, den tataa.

Tegese:
Nalika ngudi kawruh, kedah saged nata jiwa, raga, cipta, lan karsa supados saged rumasuk jroning b
SERAT WEDHATAMA
Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan KGPAA Sri mangkunegara IV, Serat wedhatama
ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti.Serat wedhatama duweni isi piwulang
babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni.
Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamus kawi-indonesia
karangan L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama''
kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di
deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges
anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo
(KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku
pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang pupuh. Ing ngisor iki
limang pupuh ing serat wedhatama yaiku :

1. Pangkur (14 pada)


Ana ing serat wedhatama pupuh pangkur duweni piwulang ngelmu kang sempurna, kang dadi
pathokaning kanggo manungsa yaiku babagan sopan santun. Syarat utama kanggo duweni yaiku ati-
ati utawa mawas diri. Manungso kang kasil mawas diri utawa ati-ati anggone nglakoni urip ana ing
alam ndonya bakal tentrem ana ing donya.
2. Sinom (18 Pada)
Pupuh sinom ana ing serat wedhatama yaiku isine babagan pikolehe saka tumindak ngati-ati.
Tuladhane yaiku Nata mataram Senopati kang duweni gelar wong agung ing ngeksigondo, tegese
salah sawijineng pemimpin teladan , sumeh lan tresna marang kawulanelan asring nglakoni pasa,
Ananging ora nadohi marang kawulane.
3. Pocung (15 Pada)
Isine pupuh pocung ana ing serat wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati. Kawicaksanaan sejati ora
ketara ana sawijining papan panggonan. kawicaksanaan kasebut kudu kelakon. Piwulang
Panembahan mangkunegara IV yaiku lila lan narima ,legawa utawa lila atine lan pasrah, sabar tulus
ikhlas lan sumarah marang gusti ingkang Maha Agung.
4. Gambuh (35 Pada)
Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti Allah kang Maha Agung kanthi
suci ing batin, ngadohi watak angkara murkalan sifat ngendel ngendelake, serta tekun nglaakoni
sembayang.
5. Kinanthi (18 Pada)
Piwulang kang ana sajrone pupuh kinanthi yaiku supaya ora sangsara uripe manungsa kudu tansah
eling lan waspada. Eling marang lukitaning alam, tandha tandha kang ana sajroning alam. Lan
waspada marang warananing urip lan marang anane Gusti kang Maha Agung
Ing ngisor iki piwulang ana ing serat wedhatama di ringkes dadi 2 kelompok yaiku :
a. Piwulang kanggo kanoman
· Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, Serta mangerteni sumber
ngelmu kang bener.
· Supaya ora nduweni sifat angkuh amarga duweni panguwasa
· Di suwun supaya bisa milah-milah ake kanthi cermat kabeh piwulang supaya bisa nggunakake
ngelmu kasebut kanthi nyocoke papan lan ketrampilan kang di duweni.
· Para muda taruna kasuwun purun budidaya kanggo trisarana urip yaiku wirya, arta, warsis.
b. Piwulang kanggo wong tuwa
· Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane milah-milah babakan ngelmu
kang bener. Kepiye carane nglakoni eling marang Gusti Kang Maha Agung. Uwong kang dianggep tua
yaiku uwong kang duweni ngelmu lan paham babagan lelakoning urip. Dudu wong kang sing luwih
tuwa umure.
Dadi serat wedhatama yaiku ngelmu babagan kebecikan. Ananging ora mung piwulang kebecikan
kang lahire wae uga becik ing lair utawa batin.
    Tembang Macapat

Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa
kang nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe
ana telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Miturut Padmosoekotjo (1953:13)
guru yaiku uger-uger, wewaton, paugeran, pathokan.
Tembang macapat iki ana kang ngarani yen macane papat-papat, kang dimaksud yaiku
macane saben patang wanda (suku kata). Miturut Widada, dkk (2011:449) macapat tegese
tembang sing kalumrah ing layang-layang anyar. Tembang macapat minangka asil saka
kasusastran periodhe sastra Jawa gagrag anyar.
Macapat cacahe ana 11 metrum, yaiku Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom,
Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lanPucung. Saben
metrum macapat kasebut nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing
saben metrum iku nduweni cengkok sing akeh. Maneka warnane cengkok kasebut dumadi
awit kreativitase masyarakat Jawa minangka kang nduweni tembang macapat kasebut (Sugito
HS, 2010:6).
Tembang macapat kang cacahe 11 kasebut, siji lan sijine nduweni paugeran lan watak
dhewe-dhewe, yaiku :
No Jinise Tembang Paugeran Watak
1. Pucung 12u, 6a, 8i, 12a Kendho tanpa greget saut kanggo ing
carita kang sajak mung sakepenake,
tanpa kamempengan.
2. Maskumambang 12i, 6a, 8i, 8a Nelangsa, kanggo medharake rasa
pangrasa kang ngeres, nggreges,
nalangsa karanta-ranta
3. Gambuh 7u, 10u, 12i, 8u, 8o Rumaket, kulina, kanggo medharake
pitutur kang rada sereng merga wis
keduga, lumrahe nganggo basa ngoko,
basane wong kang wis kulina raket
sesrawungane.
4. Megatruh 12u, 8i, 8u, 8i, 8o Sedhih kingkin kaworan nglokro,
kanggo medharake rasa gegetun
pungun-pungun, nelangsa karanta-
ranta.
5. Kinanthi 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i Seneng, tresna, lan asih, kanggo
medharake piwulang carita kang ngemu
rasa asmara, gandrung-gandrung.
6. Asmaradana 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, Sedhih, sengsem, prihatin marga
8u, 8a ketaman ing rasa asmara, kanggo ing
carita kang medharake asmara.
7. Mijil 10i, 6o, 10e, 10i, Wetuning rasa, kanggo medharake
6i, 6u pitutur, uga kena kanggo carita
gandrungan.
8. Pangkur 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, Sereng, kanggo ing carita kang ngemu
8a, 8i surasa sereng.
9. Durma 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, Galak, muntab, kanggo medharake
5a, 7a rasaning ati kang nepsu utawa kanggo
ing carita perang.
10. Sinom 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, Grapyak, renyah, kanggo sesorah,
7a, 8i, 12a mituturi.
11. Dhandanggula 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, Luwes, resep, lumrahe kanggo bebuka,
7a, 6u, 8a, 12i, 7a medharake piwulang, gandrungan, lan
kanggo panutuping karangan kang
sinawung ing tembang.
            (Padmosoekotjo, 1953:12)
           Tembang macapat kasebut bisa digunakake minangka wakil saka rasa
pangrasane pawongan. Kabeh tembang nduweni paugeran dhewe-dhewe kang digunakake
kanggo ngandharake ancase dhewe-dhewe. Paugeran-paugeran lan watek kang ana ing
dhuwur, bisa dideleng kanthi cetha tujuane dhewe-dhewe saka tembang-tembang kasebut.

1)        Guru Lagu


Guru lagu minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat. Tembang
macapat kang cacahe ana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang beda-beda. Salah
sijine yaiku paugeran kang awujud guru lagu.
Miturut Padmosoekotjo (1953:13), guru lagu iku paugeran dhong-dhingiing swara ing
wekasaning gatra-gatrane tembang. Andharan kasebut dening dening Saputra (2001:57) yen
guru lagu utawa dhong-dhing gumantung marang kalungguhane larik sajrone pada sawijining
pola sajak. Susantina (2010:3) nyengkuyung kaloro andharan kasebut lan ngandharake yen
guru lagu yaiku dhong-dhinge swara ing wekasane gatrane tembang.
Sakehing panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges kang padha. Guru
lagu yaiku salah sawijining paugeran tembang macapat minangka dhong-dhinging swara ing
pungkasane gatrane tembang.
Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur - u
kang cinatur polah kang kalantur - u
tanpa tutur katula-tula katali - i
kadaluwarsa katutuh -  u
kapatuh pan dadi awon  - o

2)        Guru Gatra


Paugeran sajrone tembang macapat sawise guru lagu yaiku guru gatra. Guru gatra yaiku
cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut Saputra (2001:57) yen guru gatra iku
gumantung marang jinise pola sajak utawa metrum. Saben-saben tembang macapat nduweni
paugeran-paugeran kang beda salah sijine yaiku guru gatra. Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur               
kang cinatur polah kang kalantur            
tanpa tutur katula-tula katali                cacahe 5 gatra
kadaluwarsa katutuh                
kapatuh pan dadi awon                
3)        Guru Wilangan
Tembang macapat nduweni telung paugeran. Paugeran kasebut yaiku guru lagu, guru
gatra, lan guru wilangan. Guru lagu lan guru gatra wis diandharake ing dhuwur, banjur kang
pungkasan yaiku guru wilangan.
Tembung wilangan ana gegayutane karo angka. Miturut tegese, wilangan nduweni
teges etungan utawa cacah (Widada,dkk, 2011:782). Tembung guru tegese paugeran,
wewaton, utawa pathokan (Padmosoekotjo, 1953:13). Yen kaloro tembung kasebut
digathukake, bisa ditegesi pathokan utawa paugeran kang awujud cacah utawa etungan.
Miturut Susantina (2010:3) guru wilangan yaiku cacahe wanda ing gatra-gatrane tembang.
Guru wilangan gumantung saka kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing
sawijining pola sajak.

Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur - 7
kang cinatur polah kang kalantur - 10
tanpa tutur katula-tula katali - 12
kadaluwarsa katutuh - 8
kapatuh pan dadi awon - 8

RINGKASAN PER SERAT

A. PANGKUR
Pangertene tembang Pangkur

Miturut maknane, tembang Pangkur iku nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur
kang wus ngungkurake babagan kadonyan. Watake semangat, perwira: tegese kanthi
temen anggone ngedohi hawa nepsu ing kadonyan, supaya ora ngganggu anggone
urip. Atine wis menep, resik, ora grusa-grusu, lan tansah nengenake ngibadah
nyedhakake mring Gusti Kang Maha Kawasa.
Pathokane tembang pankur yaiku :
PANGKUR
Guru Guru lagu Guru gatra
wilangan
8 a 7
11 I
8 U
7 A
12 U
8 A
8 I

F.       Watak tembang Pangkur


Watake tembang Pangkur iku madhep manteb, banter, nesu. Cocok kanggo ngandharake
pitutur, katresnan, crita kang nyata, lan sapiturute.
G.      Makna tembang Pangkur
Pangkur iku maksude buntut. Karangane Kanjeng Sunan Muryapada. Duwe makna
nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang ngungkurake kadonyan, isa
ngendhaleni tumindak lan nepsu-nepsu kang ala. Kang dipikir among tembe mburine
nalika sowan ing ngarsa Gusti, lan golek memanising pati.

P U P U H  P A N G K U R

01
Mingkar-mingkuring ukara, Meredam nafsu angkara dalam diri,
akarana karenan mardi siwi, Hendak berkenan mendidik putra-putri.
sinawung resmining kidung, Tersirat dalam indahnya tembang,
sinuba sinukarta, dihias penuh variasi,
mrih kretarta pakartining ilmu luhung, agar menjiwai hakekat  ilmu luhur,
kang tumrap ing tanah Jawa, yang berlangsung di tanah Jawa (nusantara)
agama ageming aji. agama sebagai “pakaian” kehidupan.

02
Jinejer ing Wedhatama, Disajikan dalam serat Wedhatama,
mrih tan kemba kembenganing pambudi, agar jangan miskin pengetahuan,
mangka nadyan tuwa pikun, walaupun sudah tua pikun,
yen tan mikani rasa, jika tidak memahami rasa sejati (batin),
yekti sepi sepa lir sepah asamun, niscaya kosong tiada berguna bagai ampas,
samasane pakumpulan, percuma sia-sia,
gonyak-ganyuk nglelingsemi. di dalam setiap pertemuan,
sering bertindak ceroboh memalukan.

03
Nggugu karsane priyangga, Mengikuti kemauan sendiri,
nora nganggo peparah lamun angling, Bila berkata tanpa dipertimbangkan  (asal bunyi),
lumuh ingaran balilu, Namun tak mau dianggap bodoh,
uger guru aleman, Selalu berharap  dipuji-puji.
nanging janma ingkang wus waspadeng semu, (sebaliknya) Ciri orang yang sudah memahami 
sinamun samudana, (ilmu sejati)
sesadoning adu manis . tak bisa ditebak
berwatak rendah hati, selalu berprasangka baik.
04
Si pengung nora nglegewa, (sementara) Si dungu tidak menyadari,
sangsayarda denira cacariwis, Bualannya semakin menjadi jadi,
ngandhar-andhar angendukur, ngelantur bicara yang tidak-tidak,
kandhane nora kaprah, Bicaranya tidak masuk akal,
saya elok alangka longkangipun, makin aneh tak ada jedanya.
si wasis waskitha ngalah, Lain halnya, Si Pandai cermat dan mengalah,
ngalingi marang sipingging. Menutupi aib si bodoh.

05
Mangkono ilmu kang nyata, Demikianlah ilmu yang nyata,
sanyatane mung we reseping ati, Senyatanya memberikan ketentraman hati,
bungah ingaran cubluk, Tidak merana dibilang bodoh,
sukeng tyas yen den ina, Tetap gembira jika dihina
nora kaya si punggung anggung Tidak seperti si dungu yang selalu sombong,
gumunggung, ugungan sadina dina, Ingin dipuji setiap hari.
aja mangkono wong urip. Janganlah begitu caranya orang hidup.
06
Uripa sapisan rusak, Hidup sekali saja berantakan,
nora mulur nalare ting saluwir, Tidak berkembang, pola pikirnya carut
kadi ta guwa kang sirung,  marut. Umpama goa gelap menyeramkan,
sinerang ing maruta, Dihembus angin,
gumarenggeng anggereng anggung Suaranya gemuruh menggeram, berdengung
gumrunggung, Seperti halnya watak anak muda
pindha padhane si mudha, masih pula berlagak congkak
prandene paksa kumaki.
07
Kikisane mung sapala, Tujuan hidupnya begitu rendah,
palayune ngendelken yayah wibi, Maunya mengandalkan orang tuanya,
bangkit tur bangsaning luhur, Yang terpandang serta bangsawan
lah iya ingkang rama, Itu kan ayahmu !
balik sira sarawungan bae  ersua, Sedangkan kamu kenal saja belum,
mring atining tata krama, akan hakikatnya tata krama
nggon-anggon agama suci. dalam ajaran yang suci
08
Socaning jiwangganira, Cerminan dari dalam jiwa raga mu,
jer katara lamun pocapan pasthi, Nampak jelas walau tutur kata halus,
lumuh asor kudu unggul, Sifat pantang kalah maunya  menang sendiri
sumengah sesongaran, Sombong besar mulut,
yen mangkono kena ingaran katungkul, Bila demikian itu, disebut orang yang terlena,
karem ing reh kaprawiran, Puas diri berlagak tinggi
nora enak iku kaki. Tidak baik itu nak
09
Kekerane ngelmu karang, Di dalam ilmu yang dikarang-karang
kakarangan saking bangsaning gaib, (sihir/rekayasa),
iku boreh paminipun, Rekayasa dari hal-hal gaib,
tan rumasuk ing jasad, Itu umpama bedak.
amung aneng sajabaning daging kulup, Yen Tidak meresap ke dalam jasad,
kapengkok pancabaya, Hanya ada di kulitnya saja nak,
ubayane mbalenjani. Bila terbentur marabahaya,
bisanya menghindari.
10
Marma ing sabisa-bisa, Karena itu sebisa-bisanya,
babasane muriha tyas basuki, Upayakan selalu berhati baik,
puruitaa kang patut, Bergurulah secara tepat,
lan traping angganira, Yang sesuai dengan dirimu,
Ana uga angger ugering kaprabun, Ada juga peraturan dan pedoman bernegara,
abon aboning panembah, Menjadi syarat bagi yang berbakti,
kang kambah ing siang ratri. yang berlaku siang malam.

11
Iku kaki takokena, Itulah nak,
marang para sarjana kang martapi, tanyakan Kepada para sarjana yang menimba ilmu,
mring tapaking tepa tulus, Kepada jejak hidup para suri tauladan yang benar,
kawawa nahen hawa, dapat menahan hawa nafsu,
Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, Pengetahuanmu adalah senyatanya ilmu,
tan mesthi neng janma wreda, Yang tidak harus dikuasai orang tua,
tuwin muda sudra kaki. Bisa juga bagi yang muda atau miskin, nak !
12
Sapantuk wahyuning Allah, Siapapun yang menerima wahyu Tuhan, Dengan
gyah dumilah mangulah ngelmu bangkit, cermat mencerna ilmu tinggi,
bangkit mikat reh mangukut, Mampu menguasai ilmu kasampurnan,
kukutaning Jiwangga, Kesempurnaan jiwa raga,
Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, Bila demikian pantas disebut “orang tua”.
liring sepuh sepi hawa, Arti “orang tua” adalah tidak dikuasai hawa nafsu,
awas roroning ngatunggil Paham akan dwi tunggal (menyatunya sukma
dengan Tuhan)
13
Tan samar pamoring Sukma, Tidak lah samar sukma menyatu,
sinuksmaya winahya ing ngasepi, meresap terpatri dalam keheningan semadi,
sinimpen telenging kalbu, Diendapkan dalam lubuk hati
Pambukaning warana, menjadi pembuka tabir,
tarlen saking liyep layaping ngaluyup, berawal dari keadaan antara sadar dan tiada,
pindha pesating supena, Seperti terlepasnya mimpi
sumusuping rasa jati. Merasuknya rasa yang sejati
14
Sajatine kang mangkono, Sebenarnya ke-ada-an itu
wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, merupakan anugrah Tuhan,
bali alaming ngasuwung, Kembali ke alam yang mengosongkan,
tan karem karamean, tidak mengumbar nafsu duniawi,
ingkang sipat wisesa winisesa wus, yang bersifat kuasa menguasai.
mulih mula mulanira, Kembali ke asal muasalmu
mulane wong anom sami. Oleh karena itu, wahai anak muda sekalian.

PUPUH SINOM

You might also like