You are on page 1of 1

Kaendahan Sajroning Ati

Kanggo Sekar, ora kabeh sing beda iku bisa dadi endah. Bocah wadon kang nembe pindah
tekan desa kuwi durung bisa madakke kahanan ing kutha. Tapi kepriye maneh deweke ora bisa laku
apa-apa , ndak mungkin ninggalake wong tuwane dhewe menyang desa punjere. Ati rasa nelangsa
kaya kakurung ing kuthane uwong . Nanging kosik, iki dudu kuthane wong liyan panggonan iki asale
wong tuwane lanang. De’e uga nduweni sadulur ing kene. Tapi tetap wae, kabeh kabedan sing
dirasakke agawe trenyuh ing atine. Atine panggah kaku. Panggah ora bisa narima kahanan kang ana.

Saben dina rasane kaya ngobong ati. Wis pirang-pirang tahun ngempet kepingin mulih. Isih
ketancep ing jero ati nalika dina dina kapisan ing wewengkon iki, angel ngupadani . rasane kaya ora
cocok karo kahanan ing kutha iki, bedha banget karo kahanan kotane dhewe . panggah ora bisa
narima lan terus nresnani kutha kang asal.

“buk aku kepingin mulih, aku ora betah ing papan kene, kaya-kaya diasingke”

“Ndhuk kena apa kowe muni ngono ndhuk?”

“miturut panemune Sekar kutha iki kakaluwargane didheleng saka sepira pangorbanane. Geneya kok
ngelokkake keluwargane dhewe buk lek sekabehane didheleng saka materi utawa bandhane.

Ibune sekar ora ngira yen sesuwe iki anake ngempet kahanan semono akehe

“buk aku ndak betah ning kene.”

Ibune sekar gumuyu geneya anake ora cocok kahanan amung amarga kajatan.

“ndak mungkin mung amarga perkara kuwi aku nggak betah ning kene. Nanging wae aku ora
ngerteni uwong-uwong ning kene. Akeh uwong kang ngukur sekabehane saka pangkat drajat lan
semat. Apa amung wong kang pangkate dhuwur kang dadi kautaman? Lan kena apa kok wong kene
dhisikake emosi kanggo mbubarke perkara? Apa kuwi pancene adat lan budaya orang-pawongan ing
kutha iki. Yen bener ngono aku gething karo budaya kutha iki”

Ngrungokke wadulane anake, Ibu Sekar amung mesem. “Sifatmuu iki yen dibebasaake, ‘mergo reget
sethitik bisa nggawe rereged sakamba’. Aja nyimpulake yen pawongan ing dhesa mriki kabeh padha
sipate amung wong-wong khusus kang ngono kuwi. Uga aja nyalahake adat lan budhaya. Aja
nyalahake. Awakmu kuwi kudu bisa nerima kahanan ing papan kene. Awakmu ora kudu nglakoni apa
kang nggak mok demeni. Panyawangane pendhak uwong kuwi bedha bedha, durung mesti sing mok
anggep apik kuwi apik kanggo liyan uga sewalike. Kuwi lho ,migunane kebedan Sekar amung
meneng. Ing dina kuwi , Sekar pikantuk pelajaran kang berega. “aja nggeting kabedan”.

Bocah wadon kuwi saiki mangerteni ora kudu nglakoni adat kang anaora kudu nggawe seneng wong
kang gak seneng mring slirane. Mangkana kabedan iku relatif. Panyawangan pendhak uwong iku
relatif. Kebenaran ora pada ing pendhak sinawangan. Ora kudu meksa awake kanggo madakkake
kabedan. Sekar ambegan lega. Ia omong sakjeroning hati, “aku ngerteni geneya kok kabedan iku
endah amarga keluwang ora mung siji rupa.”

You might also like