You are on page 1of 2

SEMBURAN LUMPUR PANAS LAPINDO

Sugeng siyang sedaya ketemu malih kaliyan kula Dewi Nashikhatul Zulfah, ing wekdal punika kula badhe
mbahas prastawa kang diwiwiti awit 10 taun ingkang kepungkur. Inggih punika lapindo ingkang sampun
nyengsarakaken para warga Porog, Sidoarjo

Semburan lumpur panas Lapindo ing Sidoarjo wis kedaden 10 taun suwene. Sasuwene iku uga warga
Sidoarjo, utamane kurban semburan lumpur, nandhang sakehing kasangsaran jalaran engga saiki
sakehing masalah durung ana karampungane.

Salah sijine yaiku ngenani ganti rugine kurban kang durung rampung kabeh. Sanajan isih akeh masalah
kang durung rampung, pranyata Lapindo wiwit ancang-ancang arep bali ngebor sumur. Malah kabare jare
bubar bada alias riyaya. Apamaneh Pemda Sidoarjo wis menehi ‘lampu ijo’ alias ngolehi bali ngebor
maneh. Nanging kanggone tahap wiwitan iki, Lapindo arep ngresiki sumur lan ngganteni pipa (workover).

Kedadeyan sepuluh taun semburan lumpur kang dumadi 29 Mei 2006 kepungkur, protes marang PT
Lapindo Brantas Inc bali muncul maneh. Mentas iki Koalisi Masyarakat Peduli Pengelolaan Gas Bumi
(Kompag) Jatim nggelar demo ing ngarep Monumen Jayandaru, Alun-alun Sidoarjo. Aksi demo iki dadi
kawigatene para masyarakat kang padha liwat ing Jalan A Yani. Sebab, ora mung orasi (pidhato), massa
uga nggawa spandhuk raseksa mawa tulisan “Usir Lapindo dari Sidoarjo”.

Koordinator Kompag Jatim Kholid Muhaimin ngandhakake, aksi iki mujudake pengetan sepuluh taun
mbludage lumpur Lapindo. Sebab, sasuwene sepuluh taun iki, akeh masalah kang durung dirampungake
dening Lapindo. Nanging, manut Muhaimin, ana rong temonan kang dianggep ndrawasi.

Sepisan, Lapindo dianggep ora nate menehi dhuwit marang Kabupaten Sidoarjo. Wiwit eksplorasi
dianakake taun 1999 kepungkur, engga saiki ora ana sethithika dana bagi asil pengeboran gas kang mlebu
kas Sidoarjo. “Mesthine Sidoarjo antuk 12 persen saka asil eksplorasi iki. Nanging endi? Nganti saiki ora
ana,” tandhese Kholid ing sela-selane demo.

Sawise iku, gegayutan karo ganti rugi marang kurban lumpur. Proses pembayaran ganti rugi sasuwene iki
mbulet-mbulet. Warga diumbar kompal-kampul ora genah jluntrunge sasuwene 10 taun. Alesane, Lapindo
ora duwe dhuwit kanggo mbayar ganti rugi. Wusanane, pemerintah pusat kang kudu melu cawe-cawe.
“Mesthine sing kudu tanggung jawab iku Lapindo, geneya pemerintah kang mbayar,” ujare Muhaimin semu
takon.

Saka bukti loro kasebut, tambahe Muhaimin, wis cukup dadi bahan evaluasi. Malah, Lapindo Brantas Inc
dianggep ora nate gawe majune Sidoarjo. Ing kalodhangan iki Muhaimin uga ndhesek pemerintah naliti bali
idinpengeboran sumur telu kang ana ing Kedungbanteng, Tanggulangin. “Asil evaluasi iku enggal
diwenehake menyang Bupati Sidoarjo, ketua DPRD Sidoarjo, lan Gubernur Jatim. Lapindo kudu diusir saka
Sidoarjo,” tandhese.
Sadurunge, Direktur Lapindo Brantas Inc Tri Setya Sutisna ngandhakake, bagi asil migas iki mujudake
kawicaksanane pemerintah. Klebu bagi asil kang mesthine ditampa dhaerah penghasil migas. “Lapindo
mung minangka pelaksana wae. Kanggo bagi asil migas dadi wenange pemerintah pusat,” ujare nalika
sapatemon karo Komisi B DPRD Sidoarjo dhek sawatara wektu kepungkur.

Sawatara iku Kepala Badan Lingkungan Hidup (BLH) Sidoarjo Yohanes Siswojo kandha, syarat-syarat
mbukak sumur anyar sing dijokake Lapindo wis pepak. Wiwit pasarujukan saka pusat nganti tekan lurah,
camat, sarta warga ngenggon. Kejaba iku, dokumen Upaya Pengelolaan Lingkungan Hidup sarta Upaya
Pemantauan Lingkungan Hidup (UKL-UPL) uga wis pepak. “BLH nyarujuki idine jalaran persyaratane wis
pepak,” ujare Siswojo. (KS)

Cekap semanten pembahasan saking kula Dewi Nashikhatul Zulfah ing pepanggihan punika, matur suwun.

You might also like