You are on page 1of 73

ABDI

KALAKONING
KATRESNAN
1. KURBANING KATRESNAN

Ing kampung Sélasari Magetan katon ana sawijining omah gedhong cilik, asri,
pèni, ngarepaké dalan gedhé. Omah mau gagrag modhèl anyar, kinubengan ing
pekarangan kang jem-bar bawéra. Ing sangareping omah kiwa tengené, ana
taman-ané kang tinanduran kembang manéka warna, nedheng-nedhengé megar
ndadi, gandané arum sedhep ngambar-ambar. Patamanan mau tinata winangun
bunder, tandurané tinata rajin lan cèkli, tur diupakara kanthi becik-becik, mula tan-
durané tansah katon seger-seger, ledhung-ledhung, kembangé mekrok seger,
dinulu ngresepaké ati. Tandurané kembang warna-warna, kayata: Chrysant,
Hortènsia, Lèlié, Aronskelk, Gerbera, Anyelir, Aster, Gladiool, lan liya-liyané
manèh.
Ing undhak-undhakaning tritisan rinengga déning pot-pot ge-dhé dikapur putih, isi
tanduran: Sufelir, Kuping Gajah, Kool-palm. Anggrèké pating grandhul ana
ndhuwuré, nedheng-nedhengé kembang, ana sing putih, ana sing kuning, ana
sing blorok-blorok, nyenengaké. Ing tritisan diwènèhi pot cilik pi-rang-pirang kang
isi bangsaning cactus, kayata: Haworthia Fasciata kaya buntut tekèk, Stapelia
Grandiflora, Mamillaria, Upuntia, Clavarioides, Echionopsis Oxygona, Rhipsalis
Tetva-gona, Aloe Coneinna, Euphorbia Obesa, Echeveria Gibbiflora, Gloxinia,
Begonia, lan liya-liyané.
Ing pendhapa njero diwènèhi méja korsi sasetèl saka penjalin, korsiné
diwènèhi bantal cilik kang diurungi sutra putih sinulam kekembangan benang
emas. Méjané diwènèhi taplak réndan putih mulus, lan ing dhuwuré ana vas isi
kembang Gloxinia kang kembangé lagi megar.
Ing pojok papat didèkèki dhingklik sikilé dawa, diwènèhi pot kuningan kang isi
bangsaning suplir. Ing tengah-tengah bener cedhak méja tamu didèkèki aquarium
ditumpangaké méja cilik isi iwak mas lan koki rong jodho, rupané abang, bun-tuté
nglèmbrèh nyenengaké.
Témboké rinengga gambar-gambar kang èdi pèni, gambar sesawangan kang
ngresepaké ati. Sisih kulon gambar Jangèr Bali lan Srimpi.
Déné kebon mburi omah ditanduri bangsaning sayuran rupa-rupa, kayata:
kobis, bayem, térong, téla pohung, tomat. lombok, kapri, slèdri, kacang dawa, lan
liya-liyané. Ing pager dirambati wit waluh jipang, kang wohé pating grandhul nde-
ménakaké. Tanduran mau katon subur-subur lan seger, merga tansah dirumat ing
saben dinané.
Saburiné omah gedhong, ana omahé manèh cilik, kanggo pawon, lumbung,
kamar batur, lan kolah.
Sing kagungan omah mau asmané RS. Ranuasmara, pi-yayiné wis rada
sepuh, bangsaning umur 50 taun. Rambuté wis katon putih kaya kapas. Salirané
isih katon pengkuh ga-gah. RS. Ranuasmara kuwi biyèn sawijining pelukis, wis
naté ngumbara nganti tekan endi-endi, malah wis naté menyang Éropa lan Asia
Wétan, perlu mamèraké lukisané. Pancèn alus urip, bisa gawé lam-laming pikir.
Jenengé wis kondhang dadi pelukis kang misuwur, sadrajat karo pelukis manca
negara.
RS. Ranuasmara ora kagungan garwa amarga garwané wis ora ana. Putrané
loro lanang lan wadon. Sing lanang Susilo umuré 23 taun isih jaka saiki dadi
mahasiswa Gajah Mada ing Ngayoja jurusan kedhokteran. Déné ragilé kenya
umuré 19 ta-un isih legan, jenengé Sri Éndah Wahyuningsih, dadi guru SMP ana
Magetan kono. Sri Éndah Wahyuningsih mau rupané sulistya banget kaya
pranakan Indho. Pawakané lencir weweg, Pakulitané kuning nemu giring.
Katambahan irung ngrungih, mripat lindri-lindri kaya bintang pilem Lies Noor, mula
akèh pa-ra mudha sing padha kepéncut gandrung-gandrung kapirangu karo
dhèwèké, nganti sawenèh ana sing ngengleng mikir Sri Éndah Wahyuningsih.
Malah ana sing ora kuwat nyawang ban-jur trima oncat saka Magetan. Béda
banget karo kangmasé yaiku Susilo kang pakulitané mbambang.
Pancèn wis akèh para mudha kang nélakaké tresna karo Sri Éndah
Wahyuningsih, kepéngin ngajak urip bebarengan. Nanging kabèh mau ditolak
kanthi alus déning Sri Éndah Wah-yuningsih, asengadi yèn durung duwé pikir sing
kaya mang-kono, isih seneng nyambut gawé, mulang bocah-bocah. Mula pancèn
bener kaya mangkono, dhèwèké durung nggagas ing bab iku, isih seneng mulang.
Awit jaréné ora ana kasenengan liya saliyané mulang. Yèn ana ngomah ngurusi
balé omah, lan ngrumat kasenengan Iiyané, yaiku tanduran, ésuk soré tansah
ditliti kanthi premati, kaya ngrumat bayi, nganti saupama ilang tandurané salah siji
baé dhèwèké ngerti.
Sri Éndah Wahyuningsih ora tahu lunga ubyang-ubyung yèn ora perlu banget.
Dadi akèh ana ngomah1, awit ngèlingi ba-paké wis sepuh. Baturé loro lanang
wadon, yaiku Pak Yoto lan Bok Yoto. Ketambahan manèh wis ana sewulan iki
bapaké tan-sah gerahen baé, kaworan watuké kumat. Wis dipriksakaké dhokter
papat, meksa ora ana sudané, gerahé malah saya ngrekasa, mula dhèwèké
saben dina tansah mugen ana ngomah.
Sri Éndah Wahyuningsih sedhih atiné, mikir gerahé ba-paké mau. Mula blas
ora naté dolan, tansah mugen nunggoni wong tuwané baé.
Kangmasé sing ana Ngayoja arep dikabari, nanging dipenggak déning bapaké,
mundhak gawé kisruhé Susilo, awit lagi ne-ngah-nengahi ujian.
Mundhak dina gerahé RS. Ranuasmara saya mundhak ngrekasa nganti ora
bisa menyat saka peturon. Salirané saya mundhak kuru, praupané cowong pucet,
menyang dhaharan wis ora kersa. Sedina sawengi terkadhang mung ngunjuk
susu rong gelas. Sri Éndah Wahyuningsih saya sedhih atiné saben dina tansah
lungguh ana sandhingé wong tuwané, gagasané ngambra-ambra2 banget, sedhih,
susah, trenyuh, campur dadi siji. Nyut kèlingan menyang ibuné, sing wis ora ana,
atiné mun-dhak keranta-ranta nganti luhé carocosan metu, nibani pipiné kang alus
kaya saIju, nganti kacuné sutra teles kaya dikum banyu.
“Dhahar ya Pak?” mangkono aturé Éndah nuju sawijining dina wayah soré.
“Ora .......... Ndhuk Ning. Ora .............. Uh....................! huk .........! huk......
èh ............! èh .............!” wangsulané RS. Ranuasmara karo watuk ngikil.
“Bèn sliramu kiyat kok Pak.”
“Ora ................ ora ............... doyan.”
“Sésuk dipriksakaké dhokter menyang Surabaya baé apa Pak, jaréné kana
ana dhokter sing pinter!”
“Wis ................ kasèp .................... Ning, wis ................... ka .......... Huk!
Huk ......................... Eeeeeeeh ...................!”
“Ngunjuk wédang jeruk karo gula batu apa Pak, karebèn watuké ilang?”
RS. Ranuasmara ora mangsuli, mung manthuk karo nyawang putrané, penggalihé
katon sumedhot.
Sri Éndah Wahyuningsih énggal-énggal menyat metu me-nyang buri gawé
wédang jeruk. Bareng wis rampung banjur énggal-énggal diaturaké.
“Pak iki unjukané mumpung isih manget-manget bèn logro watuké.”
1
asliné gomah
2
asliné ngombra-ambra
RS. Ranuasmara banjur ngombé wédang jeruk.
“Wis .............. wis .............. aku jupukna slimut sing kandel waé Ning,
awakku teka krasa adhem temen.”
Sri Éndah Wahyuningsih ora mangsuli, terus menyat mbukak lemari njupuk
slimut, terus dikemulaké bapaké. Sikilé kang adhem dipijeti alon-alon kanthi
sedhihing atiné.
“Wis tinggalen kana Ning, ngasoa3 awakmu rak sayah.”
“Ora kok Pak.”
“Gajegé kowé dhèk mau nggawa garapan sekolahan, wis kana garapen
dhisik.”
“Mengko bengi baé kena kok Pak. Kangmas Susilo dakka-barané baé ya
Pak?”
“Ah ora susah Ning, mesakaké masmu, wulan iki jarené lagi nengah-negahi
ujian, mundhak ngganggu ujiané.”
“Lha wong gerahé Bapak saya ngrekasa ngené, mengko aku rak ditutuh Mas
Sus Pak.”
“Mengko yèn ana nesuné masmu aku sing mangsuli Ning. Wis aja dipikir.
Kana tinggalen, aku dakturu, mripatku ngantuk ngené.”
Sri Éndah Wahyuningsih banjur metu kanthi sedhihing ati-né. Pancèn mula
bener ngendikané bapaké mau, awaké wis sayah banget, nanging bareng ngèlingi
gerahé bapaké kaya mangkono mau, sayahing awaké ora dirasakaké, awit seka
ge-dhéning katresanmu, lan bektiné karo wong tuwané.
Nuju sawijining bengi wayah jam wolunan, dinané malem Jumuwah Kliwon.
Wiwit bakda magrib Sri Éndah Wahyuningsih lungguh nunggoni bapaké karo mijeti
sikilé sing wis adhem. Wi-wit surup mau RS. Ranuasmara ora menyat saka
paturoné, amarga watuké teka, napasé rada seseg, ora gelem ngendika, tansah
mèndel baé, mung mripaté bola-bali nyawang Sri Én-dah Wahyuningsih, banjur
unjal napas dawa kaya wong angluh kaé. Penggalihé sajak sumedhot, mripaté
kang wis katon co-wong mau kaya-kaya akembeng luh. Sri Éndah Wahyuningsih
bareng weruh, atiné kaya sinendhal, kagèt, awit salawasé du-rung naté weruh
bapaké nganti ngruntuhaké luh kaya ngono. Mula banjur alon-alon matur:
“Bapak teka lajeng muwun ngono?”
RS. Ranuasmara kagèt krungu pitakoné putrané sing ora dinyana-nyana mau.
Banjur mangsuli karo ngusapi luhé.
“O ........ Ning.... .......................... anakku ............................ Pancèn bener
bapak iki mau mentas ngruntuhaké luh, amarga aku banjur kèlingan karo ibumu
sing wis ora ana. Gèk kowé dhéwé nganti seméné gedhému, kowé durung naté
weruh ibumu. Apa manèh weruh ibumu, gambaré baé ya durung. Mangka aku
dhéwé saya ngunduri tuwa, lan ora suwé manèh mesthi bakal dipundhut ing
pangayunaning Pangèran. Bab iki wis ora kena disélaki manèh, lan ora bisa
disingkiri awit kabèh-kabèh mung gumantung ing ngarsaning Pangèran Kang
Maha-adil. Aku mung kari tunggu ésuk-soré ninggal alam donya ké-né, kang
kebak lelakon rupa-rupa. Mula sanajana ésuk utawa soré aku dipundhut karo sing
gawé urip, atiku wis seneng, awit kowé wis diwasa, wis ngerti endi sing ala lan
endi sing becik, mengkono uga bab unggah-ungguh, kaya-kaya kowé wis bisa
mrantasi kabèh. Nanging saupama kowé isih dadi bocah cilik, atiku ora mentala.
Élinga kabèh titah ing ngalam donya bakal mati, semono uga kowé, mung kari
padha nunggu titi mangsa-né baé. Mulané Nduk, gegantilaning jiwaku, sadurungé
bapak-mu dipundhut bali karo sing Mahakuwasa, aku arep ngandhak-aké
3
asliné ngasoha.
sawijining wewadi menyang kowé, supaya kowé ngerti. Wewadi iki wis lawas
banget daksimpen primpen, suket go-dhong ora ana sing ngerti.
“Wewadi apa kuwi Pak?”
“Wewadi bab lelakoné suwargi ibumu dhéwé Ndhuk. Kowé rak durung weruh
menyang ibumu ta?”
“Iya bener Pak. Nanging sanajan kaya ngono, aku wis ru-mangsa marem,
awit isih ana gambaré suwargi ibu.”
“Gambar sing endi Ning?”
“Gambar kaé ta Pak, sing ana kamarku, malah Mas Susilo ana sandhingé.”
“O.................. Ndhuk Ning ............................ anakku. Kaé pancèn gambaré
ibuné Masmu Susilo. Nanging sumurupa kaé, dudu ....................”
Tekan semono RS. Ranuasmara kèndel, awit dhadhané seseg banget.
“Lha gambaré sapa Pak, kok dadi dudu kuwi?”
“Kaé pancèn dudu gambaré ibumu.”
“Dudu gambaré ibu?” Sri Éndah Wahyuningsih kagèt atiné mlenggong.
“Sarèh dhisik Ning anakku. Lungguha sing kepénak. Mengko Bapak arep
ndongèng. Pancèn ya iki wewadi mau, sing arep dakcritakaké, Masmu Susilo
dhéwé ya ora ngerti. Mula andadèkna sumurupmu ya Ndhuk, aja kagèt. Kowé
karo Masmu Susilo kuwi sanyatané wong liya, Masmu Susilo dudu sedulurmu,
dudu kangmasmu sejati. Dadi gambar wong wadon sing ana kamarmu karo Susilo
kaé dudu gambaré ibumu, na-nging gambaré ibuné Susilo dhéwé.”
“Dadi yèn ngono, aku karo Mas Susilo iku dudu sedulur tunggal bapak ibu
ngono apa piyé Pak?”
“Iya bener ngono Ning anakku. Pancèn bener kaya ngono. Dadi sejatiné
Kowé karo Susilo iku wong liya, wong séjé.”
Sri Éndah Wahyuningsih kagèt, nganti ora bisa mangsuli.
“Aja kagèt, pancèn bener kaya ngono. Nanging sumurupa, bareng Kowé lair4,
banjur dakseduluraké karo Kangmasmu Susilo.”
“Aku ora mudheng banget ta Pak. Lha yèn ngono ibuku kuwi sing bener sing
endi?”
“Ibumu dhéwé ya wis tinggal donya.”
“Lha gambaré ibu apa isih ana Pak?”
“Isih, kaé daksimpen ana lemari. Malah gambaré ibumu mau ora wujud potrèt,
ananging wujud lukisan, asil karyaku dhéwé.”
“O ...................!”
“Andadèkna sumurupmu manèh ya Ning anakku. Kowé dhéwé sejatiné ya
dudu anakku.”
“O ...........................?”, Sri Éndah Wahyuningsih saya tam-bah kageté, nganti
awaké ndhredheg, mandeng karo RS. Ranuasmara.
“Lha yèn ngono, aku iki putrané sapa Pak?” sambungé kanthi ndomblong.
“Kuwi critané dawa banget Ning. Mengko bakal dakan-dharaké kabèh.
Nanging Kowé aja sedhih atimu awit wiwit kowé lair 5, kowé wis manjing dadi
anakku. Nalika Kowé lagi umur 7 dina, ibumu banjur tinggal donya, Kowé
dipasrahaké aku. Kowé banjur dakemong nganti tekan sepréné iki.”
“O............... ngono ta Pak. Lha asmané wong tuwaku sapa? Lan saiki ana ing
ngendi?”

4
asliné lahir
5
asliné lahir
“Asmané wong tuwaku6 dhéwé RM. Purwodirjo, saiki em-buh ana ngendi, aku
dhéwé ora ngerti, wis daktakokaké, mek-sa ora ana sing weruh ana ing ngendi
dunungé.”
“Adhuh .............. Pak!”
“Kowé yèn arep weruh karo ibumu ngiloa7, rupané ibumu wis presis kowé, ora
ana sing dibuwang8 sethithik-sethithika. Mung ibumu wis tuwa, kowé isih enom.
Nanging nalika ibumu isih enom, ya wis presis kaya kowé. Andheng-andhengé
uga padha, dumunung ana tengah-tengahing alis. Mripaté, irungé, alisé, jangguté,
lambéné, wis ta cekaké padha kabèh, kaya jambé sinigar. Mula coba jupukna
dhus dawa kang ana lemari rak sing dhuwur dhéwé, gawanen mréné.”
“Kok disimpen baé, ora dipasang, apa sebabé Pak?”
“O.............. kuwi wadi Anakku, wadi. Sebab yèn aku weruh gambaré ibumu,
atiku dadi keranta-ranta, utawa manèh wis cukup nyawang kowé, wis ta énggal
jupuken kana.”
“Iya Pak.”
Sri Éndah Wahyuningsih banjur njupuk dhus bunder dawa, tangané katon
ndhredheg gumeter. Dhus nuli diulungaké RS. Ranuasmara, nuli dibukak, dijupuk
isiné, kang arupa mori gulungan. Mori dibèbèr ana ngarepé Sri Éndah-
Wahyuningsih. Ing kono katon ana gambaré sawijining kenya kang sulistya ing
rupa. Sri Éndah Wahyuningsih kagèt banget bareng weruh gambar mau. Gambar
tansah dipandeng tanpa kedhèp, wusa-na Sri Éndah Wahyuningsih banjur nangis
mingseg-mingseg.
“O........... adhuh ............ ibuku!” sambaté sedhih.
RS. Ranuasmara mung legeg-legeg sumedhot nyawang Sri Éndah
Wahyuningsih kang lagi nangisi gambaré ibuné mau. Penggalihé saya keranta-
ranta, mèlu sedhih. Nganti su-wé Sri Éndah Wahyuningsih durung bisa lipur atiné,
tangisé saya ngontog-ontog, awit saiki nembé ngerti, wong sing diarani bapaké
dhéwé mau tibané wong liya, dudu wong tuwané dhé-wé sing ngukir jiwa ragané.
Teka semono temen gedhéning sih katresnané karo awaké. Ora naté nyrengeni,
sapanjaluké tan-sah dituruti, didhidhik becik-becik nganti bisa dadi kaya saiki.
Ngèlingi sing wis kaya mengkono mau atiné Sri Éndah Wah-yuningsih saya
sedhih lan nelangsa, keranta-ranta. Saiki ru-mangsa wedi lan rikuh karo RS.
Ranuasmara, sing wis diang-gep wong tuwané dhéwé mau. Wanguné RS.
Ranuasmara ngerti menyang kekandhutaning atiné Sri Éndah Wahyuningsih mau,
tandhané banjur ngendika alon, kaya mangkene:
“Anakku Ning, kowé aja banjur kaya ngono karo aku, lan aja rikuh-pakéwuh,
sanajan saiki kowé wis ngerti menyang we-wadining lelakonku, aku iki ya isih
tetep dadi wong tuwamu, kowé wis dakanggep anakku lair9-batin. Malah saupama
ora ana kowé, kiraku aku ora urip dawa tekan saiki iki. Aku yèn weruh kowé,
tansah kelingan menyang ibumu ora uwis-uwis. Wewayangané ibumu, ya ana
kowé dadi siji.”
“Matur nuwun sanget Pak. Lha ibu kula, kaliyan Bapak punapa taksih
sedhèrèk?”
“Lho, Iho lha, rak nganyar-anyari, Kowé banjur malih basa karo aku, iku
ateges yèn, Kowé ora nggugu gunemku. Wis ta aja nganyar-anyari, gawénen kaya

6
mesthiné tuwamu
7
asliné ngiloha
8
asliné dibuang
9
asliné lahir
adat sabené baé. Aku emoh kokbasani, awit rumangsaku banjur dadi adoh ngono.
Kowé aja ngowahi apa-apa. Apa aku kokanggep bapak sambungan?”
Sri Éndah Wahyuningsih tumungkul, krungu wangsulané bapaké angkat mau.
“Ya wis Pak aku ndhèrèk.”
“Lha rak ngono, aku bungah, tandha yèn Kowé ora nga-nyar-anyari. Karo
manèh yèn dirungu tangga teparo rak dadi padha gumun, wong biasané Kowé ora
naté basa, teka malik grémbyang ngono, mengko wewadi iki rak bisa kawedhar
ing liyan.”
“Iya bener Pak, saiki dakjabel manèh aturku.”
“Lha rak ngono. Malah aku nduwèni penjaluk karo kowé, bab iki aja nganti
keprojol ing liyan.”
“Lha yèn karo Mas Susilo kepriyé?”
“Masmu ya kena diwènèhi weruh nanging bésuk.”
“Suk kapan Pak?”
“Yèn aku wis ora ana.”
“Adhuh ..................!”
“Masmu Susilo ya ora ngerti, awit nalika semono dhèwèké iya isih cilik, lan
wektu semono ana astané swargi embahé pisan.”
“O ngono ta.”
“Wis ta lungguha cedhak kéné, takdongèngi lelakon sing ana gegandhèngané
karo lelakonmu. Critané dawa, mula ya mung arep dakcritakaké sing perlu-perlu
baé. Crita iki isi lela-kon bab sih katresnan sing nyedhihaké ati. Mula kowé
mengko ya aja mèlu-mèlu sedhih atimu. Nanging aku jupukna wédang dhisik,
gorokanku kok krasa salit temen...”

***

Surakarta, 1927.
Ana sawijining nonoman jenengé R. Sukmana umuré 19 taun, murid MULO
duwé kanca kenya, jenengé RA. Tien Tisno-wati putri Sala asli, putrané RB.
Jayèngsubroto, pènsiyunan Wedana Bayalali. Dalemé ana Kampung Tamtaman,
isih da-rahing priyayi luhur turun ningrat. Kenalé R. Sukmana karo RA. Tien
Tisnowati wis lawas banget. Mauné kenalé nonoman loro mau ya mung lugu baé.
Nanging lawasing lawas, sakaroné banjur padha thukul rasa katresnan. R.
Sukmana tresna karo RA. Tien Tisnowati, Tien Tisnowati nimbangi katresnané.
Dadi wis jumbuh loro-loroné padha kadunungan tresna kabèh, ma-lah nganti wis
padha prasetya yèn ing tembé buri padha arep urip bebarengan. R. Sukmana
bungah banget atiné, duwé pa-cangan RA. Tien Tisnowati mau. Sepisan dhasar
isih darahing ngaluhur, rembesing kusuma, turuning wong andara warih.
Kapindhoné atèn-atèné becik lembah manah. Kaping teluné kasulistyané RA. Tien
Tisnowati tanpa tandhing, pindha golèk kencana. Kaping paté sing baku padha
tresnané.
Nanging kahanan kang kaya mengkono mau émané ora bisa langgeng lan
kasembadan. Mbokmenawa pancèn wis gi-naris ing alam Loh Ma'ful yèn nonoman
loro mau pancèn dudu jodhoné, lan kudu pepisahan jalaran saka drajaté kang ora
pa-dha. RA. Tien Tisnowati darahing ngaluhur, R. Sukmana mung wong lumrah,
tur anak randha pisan gèk ora duwé. Déné ce-thané mau bareng kapiyarsan
déning keng ramané RA. Tien Tisnowati banget dukané lan ora marengaké yèn R.
Sukmana ngarah putriné. Malah R. Sukmana nganti diancam, yèn wani-wani
mlaku bebarengan, arep dipasrahaké pulisi. Pancèn kanggoné
jaman samono, pulisi iku diwedèni banget, padha karo wong yèn weruh memedi.
Mula R. Sukmana banjur ora wani ngaton manèh, tansah ngadoh. RA. Tien
Tisnowati dhéwé banjur dipingit, ora kena metu-metu saka gedhongé, yèn ora lagi
ndhèrèkaké rama ibuné.
Ya wiwit iku R. Sukmana banjur pisah karo RA. Tien Tis-nowati. Nanging sing
pisah mung lairé, batiné padha ora gelem pisah, jiwané tansah sesambungan,
awit sakaroné katresnané pancèn murni suci, lan wis kadhung padha ngoyodé,
padha seminé, thukul ngrembuyung ing jiwa ragané nonoman saka-roné. Mbok
jagaté kiyamat pisan katresnan suci ora bakal mati, tetep isih langgeng urip, kang
sawayah-wayah bakal thukul manèh luwih nggegirisi.
Pancèn kaya ngono katresnan kang sepisanan ora bakal bisa dilalekaké ing
salawasé urip. Katresnan bisa nggawa kor-ban, awit jatining katresnan mau ora
nyawang rupa, pangkat, bandha, lan drajat, nanging saka gumolonging ati loro-
loroné kang jumbuh, cocog condhong, padha tresnané.
Malah manut wecané sarjana Éropah Dr. Van Holk meng-kéné: Sapa baé sing
wis naté kepedhotan ing rasa sih-katres-nan jati, uripé bakal tansah kacihna
nandhang rasa kacuwan ing selawasé. Weca kaya ing ndhuwur mau pancèn
bener, awit ampuhing katresnan mau ngungkuli ampuhing panah wisa, lan yèn
krodha, ya nggegirisi banget, ngungkuli krodhaning gu-nung kang njeblug. Mula
bener, tresna tohé pati. Tresna bisa nggawa korban sakèhing .............. korban.
Wiwit iku R. Sukmana banjur kecandhak lara gandrung wuyung, rina wengi
mung tansah ton-tonen menyang citrané RA. Tien Tisnowati, dilali-lali malah saya
ngaléla saya mbebi-dhung ati.
Pancèn bener, lara-laraning lara ora kaya wong kang ka-pegatan ing
katresnan. Kang kataman lara gandrung wuyung ora mung R. Sukmana dhéwé,
nanging RA. Tien Tisnowati ya kaya mengkono, rina wengi sing dipikir mung R.
Sukmana baé. Saya sedhih manèh bareng let rong dinané R. Sukmana ora mlebu
sekolah, jaréné lara, atiné kaya sinendhal mayang kaé, saking welasé karo R.
Sukmana.
Arep tilik ora wani, awit dhèwèké ora kena lunga-lunga di-pingit ana ngomah.
Let 3 dina R. Sukmana tampa lajangé RA. Tien Tisnowati kang surasané
mengkéné:

Kangmas Sukmana woding atiku.

Wis ana seminggu iki panjenengan ora mlebu sekolah, ati-ku dadi
sedhih banget. Awit aku ngerti yèn gerah panje-nengan iku jalaran saka
kakèhan mikir menyang aku, iki wis mesthi. Beneré mono kliwat saking
anggonku kangen karo panjenengan, kepéngin tilik mréné. Nanging
adhuh Mas, aku ora bisa lunga-lunga, malah saiki kaya wong dikunjara
baé, dipingit ana ngomah. Wis akèh-akèh enggonku ngaturi priksa karo
rama ibu bab sesambunganku karo panjenengan. Yèn ibu ngono ora apa-
apa, nanging rama malah duka banget. Aku didukani akèh-akèh, malah
yèn ora manut kersané, aku arep diusir. Adhuh Mas, seméné aboté
sesangganku. Aku sa-iki rumangsa sedhih banget, judheg ngrasakaké
wong tuwaku dhéwé kang isih ngukuhi menyang kaningratané.
Kapindhoné atiku susah ngrasakaké panjenengan nganti dadi gerah kaya
mengkono.
Mauné aku ora nyana babar pisan, yèn dayaning sih ka-tresnan iku
ngéné dadiné dakarani, yèn wis bubar lan dipe-dhot iku banjur dadi ilang
blas, ora ana tabeté apa-apa. Na-nging adhuh pangira-iraku kabèh mau
tibané salah gedhé. Rina wengi mung panjenengan baé sing dakimpi-
impi, ndak-tangisi. Pancèn abot Mas medhot rasa sih katresnan iku, apa
manèh yèn wis kadhung manjing ing balung sungsum, angèl ilang-
ilangané. Mbok diijolana karo apa baé katresnan ora bisa padha, awit
dayaning katresnan mau ora nyawang bab bobot, bibit, lan bèbèt, nanging
mung gumantung sing padha nglakoni. Mula sanajan awakku dikunjara
wesi primpen, rasa sih katresnanku karo panjenengan isih tetep panggah,
malah saya mundhak gedhé. Luwih sedhih manèh bareng aku jarené arep
énggal-énggal diomah-omahaké karo sawijining priyayi, kang isih klebu
sanak kulitku dhéwé isih tunggal drajat lan darah karo rama. Wis akèh-
akèh aturku nanging rama tetep panggah, malah aku didukani lan
diuman-uman. Pungkasan-ing rembug aku mung ditanting dikon milih
salah siji, yaiku manut apa mbangkang. Yèn manut kudu gelem nuruti
kersané wong tuwa, gelem diomah-omahaké oleh pilihané wong tu-wa.
Yèn mbangkang aku kena sakarepku; nanging ora diaku putrané, lan
kudu lunga.
Adhuh Mas, seméné aboté lelakonku, saben dina saliyané sedhih,
judheg, nelangsa wis ora ana manèh. Mangka aku wis prasetya karo
panjenengan yèn arep padha urip beba-rengan. Jiwa ragaku wis éklas
dakpasrahaké menyang panje-nengan kabèh, wong liya ora lila banget
yèn nganti nyekel awakku.
Nanging Mas, sarèhning aku tinitah dadi wanita, bisaku ya mung
nangis, ya mung tangis iku sing dadi gegamanku, arep mbangkang ora
wani, wedi kena walaté.
Mula bab iki panjenengan aja salah tampa, aku tetep tres-na lan setya
karo panjenengan donya akérat, lair lan batin.
Mung iki aturku, muga handadèkna ing pamirsa. Panje-nengan
dakdongakaké énggal saras gerahé.

Rayi tuhu tresna,


TIEN TISNOWATI.

R. Sukmana bareng maca layang mau sedhih banget. Sa-ka rumangsané


donya banjur dadi katon peteng lelimengan, bumi kaya gonjang-ganjing, awaké
krasa lemes lan semplah, wasana saking sedhihé nganti nangis.
R. Sukmana saben dina tansah dheleg-dheleg, memelasi, ora doyan mangan.
Awaké tambah kuru, marga saka banget-ing mikir menyang RA. Tien Tisnowati.
Tujuné ibuné pinter anggoné tansah njaga menyang R. Sukmana, saben dina di-
kandhani akèh-akèh, Ian dituturi sing becik-becik, wusanané R. Sukmana banjur
bisa rada katon jenjem atiné.
“Nggèr Sukmana anakku, yèn saben dina kowé tansah legeg-legeg sedhih,
sing susah ora mung kowé dhéwé, aku ya mèlu susah. Ibu iki wis tuwa, ora lawas
manèh bakal dipundhut karo sing gawé urip. Mula mumpung ibu isih urip, aku
kepéngin weruh kowé bisa urip seneng, pulih kaya dhèk wingi-wingi kaé. Puluh-
puluh tiwas kokpikir jero, yèn pancèn wong tuwané RA. Tien Tisnowati wis ora
marengaké, arep kepriyé? Aku ora mai-do Nggèr, pancèn abot wong kapedhotan
ing rasa katresnan kuwi. Ibumu wis tuwa, wis ngerti lan wis wareg mangan
pedhes, lan gurih isining alam donya. Nanging kabèh mau yèn kowé bisa
ngendhalèni menyang sakabèhing atimu, mesthi ba-kal énggal ilang, oraa10 bisa
ilang blas, ya akèh sudané. Yèn kowé ora bisa ngendhalèni atimu dhéwé bakal
nandhang kapi-tunan gedhé, jiwamu bakal ringkih, atimu bakal cacad, wis mesthi.
Nanging yèn kowé bisa ngendhakaké kasedhihaning atimu dhéwé, jiwamu bakal
kuwat lan santosa. Saupama kataman ing kasedhihan ya mung bakal sawetara,
ora banget-banget. Pancèn katresnan tanpa korban, iku dudu katresnan sejati,
nanging katresnan palsu, mung lair baé, utawa tresna thukul saka dayaning hawa
napsu. Nanging katresnan kang metu saka prentuling ati suci, bisa ditata lan bisa
dikendhalèni. Déné dalané mbuwang sakèhing kasedhihan iku ora ana liya mung
sarana laku sabar lan narima.” mangkono pituturé ibuné kanthi sabar.
“Nanging Bu, aku ora bisa nglalèkaké karo Dhiajeng Tien, awit katresnanku
karo Dhiajeng Tien wis kadhung urip ana jantungku.”
“Aku wis ngerti lan ora maido Suk. Nanging yèn kowé wiwit bisa ngendhalèni,
mesthi bisa. Dalané saka sethithik, nanging yèn kanthi tlatèn éling sabar, lan
narima mesthi bisa. Bab iku padha baé karo yèn kowé lagi nampani piwulang saka
gurumu. Kowé ora bisa nampani piwulang sepisan, bruk akèh, kuwi mesthi ora
bisa. Nanging yèn gurumu enggoné mènèhi piwu-lang nganggo tataran saka
sethithik, kowé mesthi bisa nam-pani piwulang mau, kanthi kepénak lan ngerti.
Ora ana Propé-sor terus pinter jalaran ora sekolah, kuwi ora ana. Kosok baliné
mbuwang rasa kasedhihaning ati ya ngono, ora bisa sok glo-gok, ilang blas kuwi
ora bisa, nanging ya kudu saka sethithik kanthi dikanthèni ati sabar lan narima.
Yèn kowé bisa nglakoni kaya ngono kowé bakal kuwat jiwamu lan kalis sakèhing
godha rencananing ngaurip.”
Suwé R. Sukmana ora bisa mangsuli, awit sakèhing pitu-turé ibuné mau
pancèn bener kabèh, R. Sukmana éling, atiné kaya digugah, éling ing
sakabèhané.
“Iya Bu sakèhing dhawuhmu bakal dakèstokaké kabèh, mula ora liwat aku
nyuwun tambahing pangèstu baé.” wang-sulané karo menyat.
“Iya Nggèr, iya sukur yèn kowé nggugu karo pituturku iki. Dakpangèstoni,
muga-muga imanmu kuwat nampani sakèhing godha rencana.”
“Matur nuwun Bu.”
Ya wiwit iku R. Sukmana banjur bisa ngilangi rasa kase-dhihaning atiné mau.
Wiwitané ya ngrekasa banget, nanging suwé-suwé ya bisa, kanthi wewaton ati
sabar lan narima. Senajanta jiwané tansah nangis.
Nuju sawijining dina wayah bengi, R. Sukmana kapinujon ijèn tunggu omah,
awit ibuné lagi lunga jagong temantèn me-nyang Kestalan. R. Sukmana dijak,
nanging ora gelem, senga-di sirahé krasa ngelu, mula trima tunggu omah baé.
Bareng ibuné wis mangkat R. Sukmana banjur mlebu ing kamaré, mapan lungguh
sinambi nglukis awit dhèwèké pancèn pinter nggambar. Malah ana salah sijiné
guruné sing nuturi karo dhè-wèké, supaya nerusaké sekolah nglukis, supaya ing
tembé buri bisa dadi pelukis temenan, awit dhèwèké pancèn wis duwé dhasar
pinter gambar. Pituturé guruné mau tansah dadi pikir-ané baé.
R. Sukmana wiwit nggambar, sing digambar potrèté ba-paké kang wis ora
ana. Lagi tengah-tengahé nggambar duma-dakan kagèt krungu ana wong uluk
salam.
“Kula nuwun?”
“Mangga.” wangsulané R. Sukmana karo menyat mbukak lawang. Nanging
dhayohé ora katon mung regemeng-rege-meng baé, awit ing jaba peteng
ndhedhet.
10
asliné oraha
“Sinten?”
“Kula Dèn.”
“Kula sinten niku?”
“Napa pangling kaliyan kula Dèn?”
“Pangling wong peteng.”
“Pangling dhateng kula, dhateng suwanten rak inggih napa pangling?”
“Sapa ta ya? Mangga ta mlebet.”
“Inggih.” tamu mau mlebu karo nahan guyuné sing kekel.
R. Sukmana bareng weruh dhayohé mau terus digablogi awit dhayohé mau
ora liya Mbok Darmo abdiné RA. Tien Tisnowati.
“O jebulé kowé Mbok, gawé kagètku. Kéné lungguh kéné.”
“Inggih Dèn ngriki kémawon.” karo mapan lungguh ing dhi-pan lan isih
ngampet guyuné.
“Kok njanur gunung Mbok, diutus Ndaramu apa karepmu dhéwé mréné iki.”
“Inggih kalih-kalih Dèn inggih diutus kaliyan ndara, inggih saking kajeng kula
piyambak.”
“O ngono ta. Diutus apa karo bendaramu?”
“Kabaripun Dèn Suk mentas gerah, gerah punapa Dèn?”
“Ah mung masuk angin baé kok Mbok, karo kaworan mala-ria, nanging saiki
wis mari.”
“O inggih sukur. Panci sakit satunggal niku jahat sanget, tiyang waras-wiris,
manawi katrajang lara siji niku nggih sam-bat, lajeng ambruk. Niku dèrèng Dèn,
onten malih bangsaning lara niku, langkung jahat sanget, sinten katrajang mesthi
am-bruk. Malah boten trima ambruk mawon, adat sing empun sing kataman sok
bekah-bekuh ngaten, malah onten sing ngeng-leng lan dleming.”
“Lho lha lelara apa kuwi Mbok?”
“Nggih niku. Mala ..... rindhu Dèn.” karo ngampet guyuné.
“Malarindhu? Lelara apa kuwi Mbok?”
“Allah Dèn, nggih sakit niku jenengé rak empun mastani. Mala niku tegesé
lelara, rindhu niku kangen, dadi lara malarin-dhu niku lara kangen. Sintena
kémawon yèn ketaman lara siji niku boten enèm boten sepuh, boten kakung,
boten putri, mes-thi badhé gonjing miring saèstu panggalihipun. Dados sami ka-
liyan sakit asma, yèn wingking dipuntambahi ra, inggih angèl jampinipun.”
Krungu gunemé Mbok Darmo kaya ngono mau R. Sukma-na mèsem, ngerti
yèn lagi disemoni déning Mbok Darmo sing pancèn dhasaré wong lucu, lan wis
ngerti menyang lelakoné R. Sukmana karo bendarané, awit saben-saben ana
layang, ya mesthi metu Mbok Darmo.
“Iya bener Mbok, bener.”
“Lha rak leres ta Dèn?”
“Iya, ya. Lha kowé diutus apa karo bendaramu Mbok?”
Mbok Darmo ora mangsuli, nanging banjur nyedhaki R. Sukmana karo bisik-
bisik.
“Lha keng ibu wonten pundi Dèn, kok sepen, napa sampun saré?”
“Ibu tindak jagong nyang Kestalan Mbok.”
“O sukur yèn ngaten Dèn. Sowan kula niku pancèn dipun-utus Ndara Ajeng,
dipundhawuhi maringaken jampi kangen kagem panjenengan Dèn.”
“Tamba? Tamba kangen Mbok?”
“Jampi kangen gerah panjenengan. E, jampiné niku ces-pleng sanget, saged
kontan mantun.”
“É, é teka pinter temen Ndaramu kuwi, jamuné apa coba ulungna.”
“Nyebar godhong kara. Sabar Dèn, sampun kasesa, mangké kula
pendhetipun rumiyin.” Bubar celathu mengkono Mbok Darmo terus njupuk barang
kang ditlesepaké ing seta-gené banjur diulungaké R. Sukmana.
“Lho kok layang Mbok, endi tambané?”
“Inggih niku Dèn jampiné, niku rak langkung cespleng sa-nget katimbang
jampi limrah niku.”
R Sukmana nampani layang karo gumuyu.
“O inggih Dèn, kula badhé nyuwun priksa, ingkang saweg kagungan damel
mantu Kestalan punika sinten?”
“Pak Harjowiyata, pènsiyunan mantri guru, Mbok.”
“O napa ingkang asli saking Pacitan punika Dèn?”
“Iya bener kok Kowé ngerti?”
“O sampun sanget Dèn. Yèn ngaten, ndara mantri saweg mantu putranipun
putri, Dèn Rara Tien.”
“Iya bener kok wis ngerti Kowé Mbok?”
“Ngertos mawon Dèn, tiyang kala rumiyin dalemipun Nda-ra Mantri punika
celak kaliyan gubug kula, namung keletan pa-ger. Malah kala semanten Dèn Rara
Tien taksih alit, sering ku-la bebéda. Pancèn Dèn Rara Tien niku laré ayu,
panggalihipun saé. Angsal sinten Dèn?”
“Yèn ora kleru R. Iskandar Mbok.”
“Ah yèn ngoten begja sing kagungan nggih Dèn, dhasar Dèn Rara Tien ayu,
sugih tur pinter, saiba senengé benjang.”
“Apa wong jejodhoan kuwi sing digoleki mung rupa lan kasugihané Mbok, rak
ya ora ta ?”
“Yèn kula inggih kalih-kalihipun ngoten kok Dèn? Nanging ingkang baku tir
padha irengé rak inggih Dèn?
“Lho kok dadi tir padha irengé kuwi piyé Mbok?”
“Ah Dèn Suk niku mbodhoni napa? Tir padha irengé niku sir padha senengé.
Ditambahi malih, kreneng wadhah urang, wong seneng niku regané larang.”
Mbok Darmo gumuyu kekel. R. Sukmana mèsem.
“Pancèn ngono Mbok, nanging ya kuwi, senajan wis tir pa-dha irengé,
nanging yèn wong tuwané ora nglilani, rak ya ora bisa klakon.”
“Niku leres Dèn. Mula yèn onten tiyang sepuh ngoten niku patuté dibrantas
Dèn, awit sampun boten njamani malih. Ja-mané saya dangu saya majeng, tiyang
sepuh kedah manut dhateng laré, awit sing ajeng nglakoni omah-omah niku rak
sa-nès sing sepuh, nanging putrané. Wong tuwa mung kantun nyawang, rak
ngaten ta Dèn. Mila yèn onten tiyang sepuh sing boten anujoni dhateng kareping
anak, niku wong tuwa kolot, sing wajib dibrantas, awit empun boten jamani malih.”
Mbok Darmo karo ngotot gunemé.
“Pancèn ya bener kaya ngono Mbok. Ananging yèn wong tuwané panggah
sebab saka naluri asal-usulé, sing ora padha, ya ora kena dipaido.”
“Ah yèn kula sing nglakoni mangka kula sampun seneng kalih bocahé lanang,
trima mberot kémawon Dèn.”
“Nanging Mbok, yèn nganti diréwangi banjur mberot ba-rang, utawa bocahé
lanang nganti mlayokaké, aku ora setuju, awit tindak mberot lan mlayokaké bocah
wadon iku ora apik, dosané werna loro.”
“Lho kok dosa werni kalih punika kados pundi Dèn?”
“Sepisan dosa karo wong tuwané bocah wadon, kaping pindhoné, dosa
menyang Pangèran. Sing becik iku yèn kabèh padha setuju. Iku apik, uripé bakal
kepénak lan seneng.”
“Niku rak yèn saged kados ngaten Dèn, pancèn inggih uta-mi sanget.
Nanging yèn, wong tuwa boten nocogi, beciké ing-gih ditinggal minggat mawon,
bocahé lanang dijak niku empun bèrès. Kados lelampahan kula rumiyin inggih
ngaten, nalika badhé angsal bapaké Darmo, tiyang sepuh kula malangi. Na-nging
kula lajeng nekat mberot, émah-émah kaliyan bapakipun Darmo, ngadhep Pak
Pengulu. Tiyang sepuh kula wiwitané inggih muring-muring, nanging lajeng lilih,
malah sapunika tresna sanget dhateng bapakipun Darmo.
“Wewatakané wong iku ora padha kabèh Mbok, ana sing keras, ana sing
mung setengah-setengah, lan ana sing lembah manah. Dadi ora padha kaya
uyah, dicampur padha asiné, padha leteng. Balik manungsa ora mangkono. Mula
bab iki aku ora bisa nyalahaké lan ya ora mbeneraké. Kabèh-kabèh mau mung
kari duga prayoga menyang sing padha arep nglakoni.”
“Niku leres Dèn, yèn ngaten kula trimah kawon. Ah jebulé sampun dalu Dèn,
kula kepareng nyuwun pamit.”
“Wong durung ana jam 9 baé kesusu bali. Apa ora ngen-tèni rawuhé ibu,
sadhéla engkas rak wis kondur.”
“Matur nuwun sanget Dèn, sampun dangu mindhak dipun-ajeng-ajeng Dèn
Ajeng.”
“Ya wis kana balia yèn kowé ora gelem daktahan.”
“Ah panjenengan niku lucu sanget Dèn, tiyang kula sanès tiyang tahanan
inggih boten purun,” karo gumuyu kekel.
R. Sukmana mèlu gumuyu.
“Ah sampun Dèn, sampun dalu.”
“Iya Mbok nyangoni slamet.”
Bareng Mbok Darmo wis ora katon R. Sukmana banjur nu-tup lawang. Layang
énggal-énggal dibukak, diwaca uniné mangkené.

Kangmas Sukmana gagantilaning atiku


Wis ana 5 dina iki aku ora metu-metu saka kamar, amarga ke-taman ing
lara, lara kang séjé karo lara lumrah kaé. Selawasé aku urip ya nembé
sepisan ji iki aku ketaman lara sing kaya ngéné iki, saben dina saliyané
sedhih, trenyuh, wis ora ana manèh. Nanging saupama panjenengan tansah
ana ing sandhingku kéné, kiraku énggal mari laraku. Déné jalarané aku
banjur ambruk iki, amarga kurang sepuluh dina engkas aku sida arep
diomah-omahaké karo R. Purwodirjo Komis Pos Malang, kang pantesé
dakundang bapak, aku didhawuhi ngladèni. Atiku lara banget Mas, lara
banget.
Aku saiki wis ora bisa budi manèh, kudu manut menyang ker-sané wong
tuwaku. Ibu wanguné welas karo aku, banjur matur karo rama. Nanging
rama malah saya duka, ibu didukani akèh-akèh. Adhuh Mas, aku wis ora
bisa polah manèh, awakku kaya wis dibelenggu nganggo ranté kang
kenceng, nganti ora bisa obah. Rina lan wengi bisaku mung nangis wis ora
ana manèh, kancaku mung bantal kang teles déning eluhku. Sepuluh dina
manèh aku wis ora suci, wis klebu naraka donya.
Bokmenawa wong sakjagat rat iki sing susah dhéwé mung aku. Saking
ora kuwat nahan siksaning urip iki, mèh baé aku nindakaké lelakon sing
nggegrisi. Tujuné aku banjur pinaringan éling. Saiba bakal kucemé asmané
rama yèn aku nganti klakon nindakaké lelakon sing ngeres-eresi mau
Pepuntoning atiku aku banjur mung pasrah menyang sing Mahakuwasa.
Mas, aku teka kangen, kepéngin ketemu karo panjenengan, kepéngin
nyawang panjenengan kanggo kang pungkasan, sena-jana mung sedhéla
waton klakon bisa ketemu, wis lega atiku.
Ananging sayang Mas, aku ora bisa lunga-lunga. Mula saka iku, aku
nduwé panyuwun karo panjenengan, kersaa rawuh ing omahku sésuk bengi,
wayah jam 11. Metua lawang butulan sisih kulon, panjenengan dakanti ana
petamanan wétan omah. Poma-dipoma pinangkanana panyuwunku iki. Aku
wis kapang banget karo panjenengan, ora kétang sedhéla, waton ketemu,
karebèn le-ga rasaning pikirku, kang saben dina tansah nguneg-uneg ana
dhadhaku. Ana perlu penting sing arep dakaturaké.
Mung iki aturku.
Rayi tuhu tresna
Tien Tisnowati

R. Sukmana judheg, sedhih, trenyuh, maca layang mau. Nganti wengi ora
bisa turu, saking welasé karo RA. Tien. We-wayangané katon ngléla cetha ana
ngarepé, kaya-kaya njaluk supaya diwelasi. R. Sukmana nangis, kaya bocah cilik.

Jam 11 bengi.
Bengi iku peteng ndhedhet, katambahan mendhungé ka-ton ireng,
angendhanu11 ing awang-awang. Lintang-lintang mung siji loro katon pating krelip.
Hawané adhem, anginé silir-silir sumiyut. Ing ngendi-endi wis katon sepi nyenyet.
Lamat-lamat keprungu panggonggongé asu rada adoh.
Dalemé RB. Jayèngsubroto ing Tamtaman wis katon sepi nyenyet, malah wis
saèmper kaya cungkup ing tengahing jarat-an, katon serem medèni peteng
kéyuban wit-witan kang dhu-wur godhongé ketel. Mung ing buri isih ramé,
swaraning ko-dhok ngorèk ana mblumbang, ayaké lagi seneng-seneng karo
kanca-kancané, pating cruwèt pating theruk padha ngorèk.
R. Sukmana wis rada suwé ana sajroning petamanan ngentèni wetuné RA.
Tien Tisnowati, lungguh ana bangku kang wis disedhiyakaké ana kono, papan
kanggo ngénggar-énggar ati, nyawang kekembangan.
Lungguhé ora jenjem, bola-bali tansah mandeng menyang lawang butulan.
Gagasané ngambra-ambra banget. Adheming hawa lan petenging kahanan ora
dirasa, awit atiné daya-daya énggala bisa ketemu karo wanita kang dadi telenging
ati.
R. Sukmana kagèt anggoné ngalamun, bareng krungu swaraning, loncèng
Kraton muni ping sewelas. R. Sukmana banjur alon-alon menyat, ngawasaké
menyang lawang butulan.
Ora suwé keprungu gumeriting lawang lirih banget lan je-medhuling
wewayangan metu karo nolèh ngiwa nengen. R. Sukmana ora samar manèh yèn
sing metu mau RA. Tien Tis-nowati. Mula banjur énggal-énggal diparani. Bareng
wis adu arep banjur gapyuk, wong loro padha rerangkulan, tangis-tangisan.
“Mas ......................!”
“Apa Dhiajeng?”
Ya mung kaya mengkono swara kang keprungu lirih banget.
Nganti sawatara suwé wong loro mau anggoné padha re-rangkulan.
Dhadhané R. Sukmana kebak luh, luhé R.A Tien Tisnowati kang metuné ora kena
diampet manèh, carocosan metu nélakaké isining dhadhané kang tansah
ngontog-ontog, lagi bisa ditokaké kabèh kanthi lumantar ilining luhé mau.
11
asliné agendhanu
Ora suwé R. Sukmana éling, pangrangkulé RA. Tien Tisnowati diudhari, alon-alon
dituntun, digawa lungguh ing bangku. Ta-ngisé isih mingseg-mingseg memelas
banget. Tekan bangku terus ngambruk, ngrungkebi dhadhané R. Sukmana tangisé
saya ndadi.
Wektu semono RA. Tien Tisnowati mung menganggo ki-mono sutra tipis,
rambuté kang dawa menges-menges dioré nganti tekan sadhuwuring dhengkul.
Gegandaning wewangi kang dienggo déning R.A Tien Tisnowati ngambar wangi,
mle-bu irungé R. Sukmana terus mlebu ing jantung, saya gawé anglesing atiné R.
Sukmana. Rambut kang mandhul-mandhul dioré banjur dielus-elus alon-alon
kanthi trenyuhing ati, driji kang mucuk ri alus lumer tansah kanggo dolanan
tangané R. Sukmana, diremed-remed, saya gawé gonjinging pikirané R.
Sukmana. Nanging ora suwé banjur éling manèh.
“Dhiajeng Tien lungguha dhisik. Tangismu buwangen, ka-repbèn ora keprungu
karo sing ana dalem. Dhiajeng..........?” celathuné R. Sukmana alon-alon, trenyuh
atiné. RA. Tien Tis-nowati ora mangsuli, malah pangrangkulé saya dikencengi, R.
Sukmana nganti ora bisa ambegan.
“Dhiajeng pepujané pun kakang dhéwé, wis ta aja kaya mengkono mundhak
atiku saya sumedhot banget. Aku ora ku-wat nyawang kowé kaya ngono iki.
Tangismu gawé trenyuhing jiwaku. Élinga Jeng. Menenga .................!”
“Kangmas, bèné dhisik ta, bèn tutug anggonku nangis iki, supaya marem lan
lega pikirku, awit aku kapang banget karo panjenengan.” Wangsulané kanthi
sedhih nrenyuhaké ati.
“Adhuh Dhajeng, nyawa gegantilaning atiku. Delengen, élinga. Aku ora maido
Dhiajeng, prekara kaya mangkené, rasa-né kaya dijuwing-juwing remuk.”
“Amrih beciking lelakon kepriyé Mas?” karo menyat.
“Beciké kowé ya kudu manut miturut menyang kersané ra-mamu, aku lalèkna,
awit keng ramamu ora marengaké yèn ko-wé, omah-omah karo aku, malah sajak
gething priksa aku. Kang iku Dhiajeng, memaniking pun kakang dhéwé, ya mung
iku dalané sing utama lan kang becik dhéwé, aku lan kowé kudu pisah.”
“Adhuh Kakangmas, atiku saya nggrantes, saya trenyuh krungu
pangendikamu sing kaya ngono iku. Apa Kangmas wis luntur katresnané karo
aku?”
“Dhiajeng pepujaanku, gegantilaning nyawaku cah ayu. Katresnanku karo
kowé ora owah gingsir, malah saya tambah gedhé. Ya mung kowé wanita
salumahing bumi kang, tansah daktresnani, lair tumekaning batin. Bok donya dadi
kiyamat pi-san ta, katresnanku karo kowé rak tetep langgeng, tetep ora owah-
owah. Ora ana wanita sadonya sing dakpepuja kajaba mung kowé dhéwé.
Katresnanku wis daksokaké karo kowé, ngungkuli katresnanku menyang awakku
dhéwé. Wondéné enggoné arep pisah iki rak dudu saka karepku lan karepmu,
nanging saka karsané ramamu. Keng rama enggoné kagungan kersa kaya
mengkono mau bokmanawa wosé arep ngéman karo kowé Dhiajeng, lan jaga
supaya drajating kaluhurané ora mrosot ora ilang. Awit saupama kowé olèh aku,
drajatmu bakal mrosot, uripmu bakal sangsara, awit wong ora duwé. Bokma-nawa
ya merga saka iku dadi jalarané kang rama banjur misah aku lan kowé. Élinga
Dhiajeng, ora ana wong tuwa kang bakal ngIoropaké anak ana ing jurang
kanisthan. Dadi kabèh mau wosé kanggo njaga supaya anaké seneng ing tembé
buriné.”
“Nanging Mas sepisan, aku ora kadunungan rasa tresna karo wong sing arep
mengku aku. Kapindhoné wong mau pantesé dadi bapakku, teka didhawuhi
ngladèni. Apa kuwi jeneng wong tuwa arep gawé seneng karo anak?”
“Dhuh jejimaté pun kakang dhéwé cah ayu manis. Bab ka-tresnaning wong
jejodhoan kuwi bisa tinemu yèn wis dadi jo-dhoné paribasan nyebutaké: witing
trisna jalaran saka kulina. Saiki Dhiajeng ora seneng, nanging sapa ngerti yèn wis
dadi jodhoné katresnan iku bakal thukul dhéwé satemah sliramu banjur tresna lan
seneng. Déné bab bakal guru lakimu wis tu-wa kuwi ya ora dadi sebab apa-apa.
Awit akèh waé wong tuwa sing tresna karo bojoné sing isih nom, contoné wis
akèh. Mula beciké kowé kudu manut sakabèhing dhawuhé wong tuwamu. Ya
mung iku dalaning kautaman, lan kowé dhéwé dadi tetep sawijining anak sing
bekti karo wong tuwa.”
“O alah Kangmas, kang mangka kabèh katresnanku wis daksokaké kabèh
karo penjenengan, apa aku didhawuhi nja-bel? Ora bisa Mas, ora bisa. Aku ora
bisa maro katresnanku menyang priya liya, kajaba mung karo panjenengan
dhéwé. Ri-na wengi sing dakpikir ora ana manèh rak mung panjenengan.
Panjenengan dhéwé banjur kepiyé?”
“O memanising jiwaku Dhiajeng Tien, Dhiajeng Tien. Bab kahananing awakku
ora susah kok pikir banget-banget, aku wis narima ing papesthèn. Pancèn,
katresnan iku kudu wani kor-ban. Saking gedhéning katresnanku karo sliramu, aku
kudu wani korban, korban ngeculaké sliramu.”
“Apa ora beciké ayo padha lunga saka kené baé. Aku dak-ndhèrèk
panjenengan sakersané, waton aku terus tetep ora ana sandhing panjenengan.”
“Aja Dhiajeng, aja. Awit wong minggat kuwi ora becik sepi-san dosa karo
wong tuwa, kapindhoné dosa menyang Gusti Al-lah. Uripé bakal nandhang papa
cintraka terus. Mula aku ora nayogyani banget, jalaran katresnanku karo sliramu
iku thukul saka sucining ati, ora mung lair baé. Saupama katresnanku ka-ro
sliramu thukul ora saka sucining ati, bisa uga aku banjur ge-lem nuruti penjalukmu
iki, sliramu dakgawa minggat. Nanging bareng katresnanku, lair batin, aku ora
mentala minggat.”
“Adhuh Mas, teka abot temen sangganing uripku iki. Nga-lor, ngidul, ngétan,
ngulon tiba salah kabèh. Dhuh Gusti, yèn kaya mengkené mbok énggal
dipundhuta baé nyawaku, aku wis téga.” Tangisé ngguguk manèh.
R. Sukmana saya judheg banget. Atiné dhéwé satemené kaya diiris-iris,
dijuwing-juwing rontang-ranting awit satemené sakabèhing gunemé mau mung
kanggo ngénaki sarak baé, ba-tiné dhéwé krasa remuk, ambyar dadi sawalang-
walang. Mèh baé R. Sukmana arep jabel tembungé kang wis kawetu, awit atiné
dhéwé banjur rontang-ranting, semono gedhéning sih-ka-tresnané karo, RA. Tien
Tisnowati. Tujuné banjur énggal éling manèh menyang kasatriyané. Wateking
satriya tama ora gelem njabel menyang tembungé sing wis kawetu, aluwung ajur
ron-tang-ranting pisan, dilakoni katimbang njabel tembungé dhéwé.
“Dhuh mirahé pun kakang dhéwé cah ayu, wis ta aja na-ngis aku ora kuwat
nyawang kowé, atiku kaya diremuk-remuk kaé, nyawaku kaya arep pecat-pecata
kaé krungu sambatmu sing kaya ngono, saya nggégé pati. Aja Dhiajeng, aja,
élinga wong kang nggégé pati iku pratandha yèn wong sing cupet bu-diné, ora
percaya ing Gusti. Sebaliké wong kang kuwat nam-pani sakabèhing godha-
rencana. Gusti Allah bakal paring ka-nugrahan gedhé. Mula élinga Dhiajeng,
élinga.”
“O Kakangmas. Yèn ngono panjenengan kepriyé? Aku te-ka ora percaya
temen, dakkira sakabèhing pangandikamu mau mung perlu kanggo ngénaki sarak
baé, kanggo mbombong atiku.”
“O Adhiku Jeng, adhiné pun kakang dhéwé, pepujaning nyawaku. Sepisan
manèh dakambali gunemku. Pancèn abot banget sanggané wong kang
kapedhotan ing rasa sih-katres-nan sejati mau. Katresnan sejati pancèn kudu wani
gawé kor-ban sakabèhing korban. Dadi sliramu ya kudu wani ngilangaké
sakabèhing katresnan karo aku. Kosok baliné aku dhéwé ya kudu wani ngilangaké
katresnané menyang sliramu ya kuwi sing jeneng korban. Kapindhoné kudu wani
korban manèh, kor-ban kanggo nanggulangi sakabèhing godha-rencana. Élinga
Dhiajeng, wiwit cilik sliramu tansah didama-dama, diitik-itik, di-gulawenthah déning
wong tuwamu. Mula sliramu kudu bisa males kabecikan karo wong tuwamu yaiku
sarana manut mitu-rut sakabèhing dhawuhé. Ya mung iku dalaning korban kang
wajib koktempuh, koklakoni Dhiajeng.”
Krungu gunemé R. Sukmana kang tatas titis lan tetes mau RA. Tien Tisnowati
ora bisa mangsuli, banjur ngrangkul pun-dhaké R. Sukmana, kanthi tangis
mingseg-mingseg memelasi. Pundhaké R. Sukmana nganti adus luh, luhing
katresnan lan kasedhihan. R. Sukmana dhéwé rumangsa semplah banget atiné
tambah-tambah anggoné rontang-ranting ajur kumur-kumur.
“Wis ta Dhiajeng adhiku wong ayu aja kakèhan sing kok-galih, mundhak
malah saya gawé trenyuhing atimu. Kaya-kaya iki wis mèh jam loro, prayogané
patemonan iki dicupet tekan seméné baé, awit mengko yèn nganti kepirsan karo
keng ra-mamu mesthiné bakal ora becik kedadéané, luput sembiré aku bakal
didakwa sing ora-ora. Mula saiki wis ora perlu digalih da-wa manèh, beciké kari
andum slamet baé, sliramu dakdongak-aké bisaa urip sing kepénak, semono uga
aku, aku ora ana alangan apa-apa.”
RA. Tien Tisnowati ora bisa mangsuli, mung njengèngèk ngawasaké R.
Sukmana, karo isih nyekeli pundhaké kenceng.
“Dadi Kangmas wis lila legawa tenan ngeculaké awakku?”
Krungu pitakon kang teteg mau. R. Sukmana rada ngen-dhelong pikiré,
lakuning getihé kaya mandheg, mula nganti su-wé kaya wong getun. Bareng bisa
mangsuli, gunemé seret lan alot.
“Uwis Dhiajeng uwis.”
“Dadi Kakangmas wis éklas temenan?”
“Uwis Jeng, uwis.”
RA. Tien Tisnowati krungu wangsulan kaya ngono, terus ngrangkul manèh
menyang R. Sukmana kenceng. R. Sukmana diarasi sakatogé. Bareng wis krasa
marem nembé gelem ngu-dhari pangrangkulé.
“Wis Mas, aku nyuwun pangèstu.”
“Iya Jeng. Iya.”
RA. Tien Tisnowati nuli dituntun déning R. Sukmana nganti tekan sangarepé
lawang. RA. Tien Tisnowati isih rangu-rangu atiné rumangsa abot banget anggoné
arep mlebu ngomah. Ta-ngané kenceng ngrangkul R. Sukmana nganti. R.
Sukmana ora bisa apa-apa, tangising R.A Tien Tisnowati saya gawé angles-ing
jiwané. Wong loro adus luh, udan tangis, udan kesedhihan kang tanpa ana
wekasané, nganti mèh gawé guguring imané R. Sukmana.
Tujuné isih pinaringan éling ing sakabèhané. Paneceping lathi dikendhoni
dipungkasi tekan semono.
“Wis Dhiajeng, énggal mlebua, wis bengi.”
“Sugeng saré Mas.”
Bubar celathu ngono terus mlebu, lawang ditutup alon-alon. R.A Tien
Tisnowati wis ora katon. R. Sukmana kari ang-gana ijèn, kaya tugu. Nganti suwé
R. Sukmana ngadek kaya reca ora bisa obah. Kagèt-kagèt bareng krungu
swaraning ku-cing lagi kerah. Kanthi semplah, R. Sukmana sempoyongan metu
saka kebon pekarangané RB. Jayèngsubroto. Tekan la-wang butulan, mèh baé
ambruk, ajaa ora énggal-énggal olèh cekelan cagak. Lakuné tansah
sempoyongan mulih, awak lungrah. Rumangsané saisining alam donya dadi sepi
nyenyet peteng lelimengan.
Tekan undhak-undhakaning lawang omahé dhéwé R. Suk-mana wis ora
kuwat jumangkah manèh. Rasaning awak sako-jur wis semplah lemes, sikil krasa
ndhredheg, kanggo jumang-kah abot, kaya digondhèli.
Ya Allah .............. ya Rasullullah. Donya saka rumangsané wis malih peteng
lelimengan, kebak lelakon sing nrenyuhaké ati. Wusana R. Sukmana ambruk
semaput ora éling ........
Pancèn Gusti Allah luwih Kuwasa, bisa gawé senenging titahé lan uga bisa
gawé tangising titahé. Ya kaya mengkono mau isèn-isèning alam kang gumelar iki.
II. NGULANDARA
Wis 3 dina iki RA. Tien Tisnowati sida dadi pengantèn dha-up karo R.M.
Purwodirjo Komis Pos ing Malang. Tempuking gawé nganggo dianakaké pésta
gedhén-gedhénan, malah nganggo tontonan tanggapan wayang kulit. Tamuné
sing teka akèh banget tanpa wilangan akèh, nganti ing dalan kebak mo-tor. Saya
para priyayi luhur, akèh sing rawuh. Kabèh nélakaké senenging atiné.
Nalika temuning pengantèn, R. Sukmana, uga merlokaké teka, nonton saka
sajabané pager karo wong akèh. Nanging bareng weruh pengantèn dijèjèraké
lungguh, R. Sukmana am-bruk ora éling, mulihé didhabyang-dhabyang wong
akèh. Ya wiwit iku R. Sukmana banjur katon dheleg-dheleg baé ana ngo-mah,
malah enggoné sekolah njaluk metu pisan, andadèkna kagèté kanca-kancané.
Kasenengané saiki lungguh ijèn ana kamar, ngalamun. Awaké saiki katon kuru,
guwayané aclum, menyang pangan ora maju, semono uga bab sandhang pe-
nganggoné ora naté diopèni, waton temèmplèk baé. Kaha-naning kamaré kang
biyèn katon resik, rajin, saiki katon kotor, kebak tegesan rokok lan suwèkan kertas.
Paturoné morat-marit, tur wis ora rupa paturon manèh. Sandal, sepatu lan ga-pyak
disèlèh ngisor bantal. Meja tulisé kebak kulit kacang lan awu rokok.
Weruh tindaké R. Sukmana sing kaya mengkono mau ibuné sedhih banget.
Wis kaping-kaping ibuné enggoné nuturi menyang anaké, nanging saiki ora tahu
digugu, malah dige-guyu baé. Saya sedhih manèh bareng weruh anaké pikiré
rada ora waras, sering gumuyu dhéwékan, yèn ora ya lunga sapa-ran-paran
mulihé ora mesthi. Ibuné ya wis ngerti jalarané R. Sukmana kaya mengkono mau
marga saka kapedhotan rasa katresnan, mikir menyang RA. Tien Tisnowati kang
saiki wis diboyong karo sing lanang menyang Malang.
Wis digolèkaké wong pinter marambah-rambah, meksa ora ana sudané,
malah saya tambah katon ngengleng. Mung apiké ora gelem ngrusak barang-
barang lan ora tau nganggu gawé tangga teparo. Tangga teparoné akèh sing
welas weruh larané R. Sukmana mau.
Yèn weruh wong mlaku srimbitan metu ngarepé, R. Suk-mana enggoné
nyawang kedhèp tesmak karo umpetan, bubar kuwi unjal napas dawa, gumuyu
dhèwèkan.
Ya wiwit dina iku R. Sukmana banjur kaya ora genep pi-kiré. Mundhak dina
kahananing awaké saya mundhak rusak, kelakuané wis kaya wong owah kaé.
Sandhang penganggoné ya wis ora umum manèh, nganggo sepatu, sarungan,
dhasinan nganggo caping. Yèn ora, sarungé dikalungaké kathoké cekak kolor,
thèklèkan metu dalan gedhé, terkadhang tekan Sriweda-ri. Yèn weruh kancané,
dhèwèké énggal-énggal mlayu ndhelik.
Sawijining dina wayah soré, nalika semono R. Ngt. Parto-asmara asmané
ibuné R. Sukmana lagi mbathik ana buri, ka-gèt krungu swara mbak krompyang
binarengan lan swaraning barang antep tiba, pernahé ana kamaré anaké. R. Ngt
Parto-asmara ora kepénak atiné, banjur énggal-énggal mlayoni. Kaya ngapa
kagèté bareng mlebu kamaré anaké mau, weruh R. Sukmana wis adus getih
rainé, njrebabah ora obah-obah ana jogan. Sandhingé kebak pecahan kaca lemari
sing wis ambyar dadi sawalang-walang. R. Ngt. Partoasmara njerit terus
ngrungkebi anaké sing wis ora obah-obah. Tangga teparoné bareng krungu,
banjur énggal-énggal padha tetulung, tandang gawé, R. Ngt. Partoasmara lan R.
Sukmana dijunjung, diturok-aké menyang dhipan. Ora suwé dhokter teka, terus
mriksa sing lagi padha ora éling mau. R. Ngt. Partoasmara, sawisé disuntik kudu
terus saréan dhisik, nanging R. Sukmana kudu énggal-énggal digawa menyang
Rumah Sakit, awit tatuné rada nguwa-tiri, awit ana sirah, yèn ora énggal-énggal
oleh pitulungan bisa mbebayani jiwané. Dené R. Ngt. Partoasmara cukup
diupakara ana omah baé, awit ora mbebayani. Motor ambulance kang ditilpun ora
suwé teka, banjur nggawa R. Sukmana menyang Rumah Sakit.
Nganti sewulan R. Sukmana kapeksa teturon ana Rumah Sakit awit tatuné
pancèn mbebayani banget cedhak karo utak. Manut keterangané dhokter tatuné
mau merga kena pecahan-ing kaca, malah isih ana kaya sing kari ana tatuné,
bisané ngetokaké kaya mau kudu dioperasi.
Saben ésuk-soré R. Ngt. Partoasmara tilik anaké menyang Rumah Sakit.
Bareng sepuluh dinané manèh R. Sukmana nembé kena dijak guneman.
Guneman baé isih ngrekasa ba-nget, sirahé isih diperban kabèh, sing katon mung
mripat, irung lan cangkem, liyané ketutupan perban kabèh.
Bareng ngancik rong sasi R. Sukmana nembé kena mulih. Saiki kasenengané
meneng, arang guneman, yèn ora perlu. Kanthi ngati-ati lan tlatèn, saben dina
ibuné tansah mituturi kanthi pitutur kang becik-becik, wusanané R. Sukmana bisa
ilang kasedhihaning atiné. Klakuané sing kaya wong linglung bisa mari.
“Bu, aku arep matur karo panjenengan apa kepareng?” mengkono gunemé R.
Sukmana menyang ibuné nalika ibuné lagi natani wadé kang arep dikirim
menyang Semarang, wayah jam 4 soré.
“Arep omong apa Suk, coba omonga.” Wangsulané R. Ngt. Partoasmara karo
nyawang putrané.
“Anu Bu, aku arep sekolah manèh apa kepareng?”
“O kena banget Suk, kena! Malah aku bungah yèn kowé arep sekolah
manèh.”
“Nanging Bu aku arep sekolah nggambar.”
“Sekolah nggambar? Gambar apa?”
“Kaé ta Bu, bangsaning gambar sesawangan, kayata, gu-nung-gunung, kali-
kali, sawah-sawah sing katon asri-asri di-gambar nganggo cet, ana mori.”
“O kaé ta, iya kena. Yèn wong Sala kéné apa sing diarani juru sungging
ngono iku?”
“Iya bener Bu, tembungé Indonesia Pelukis.”
“Iya, iya. Lha sekolahé ana ngendi Suk?”
“Ya kuwi Bu, sekolahé ora ana Sala kéné, nanging ana Ngayoja.”
“Lha apa ing kéné ora ana?”
“Ora Bu, sing ana Ngayoja, Surabaya, lan Bandung. Mula aku milih Ngayoja
baé sing cedhak.”
“Lha iya ta yèn ngono. Lha karepmu suk kapan?”
“Yèn bisa arep énggal-énggal baé Bu. Mung baé sing dak-pikir Ibu bakal
kijènan ora ana kancané.”
“O prakara aku mono gampang Suk, mengko pamanmu Citrasoma Wanagiri
rak ya gelem dikon ana kéné, kanggo réwang-réwang aku.”
“Iya sukur yèn ngono, nanging apa Paklik Citrasoma kersa bu?”
“Mesthiné ya kersa. Lha sekolahmu pirang tahun?”
“Kira-kira 3 taun.”
“Lha enggonmu sekolah ana kéné kepriyé, apa ora kok-terusaké?”
“Ora Bu, awit aku duwé idham-idhaman liya, kepéngin dadi juru sungging
ngono.”
“Iya sukur, dakdongakaké muga-muga bésuk bisaa kond-hang tekan ngendi-
endi.”
“Ya pengèstumu baé Bu. Nanging ya kuwi Bu, bab ragadé kepriyé?”
“Wis ta ora susah kuwatir yèn mung bab ragad kanggo se-kolah baé kiraku
wis cukup, tinggalané swargi bapakmu isih ana.”
R. Sukmana bungah atiné. Let semingqu R. Sukmana sida mangkat menyang
Ngayoja, sekolah nggambar karo sawijining pelukis kang wis misuwur. R.
Sukmana pancèn nduwèni dha-sar nglukis, mula lagi setaun baé wis bisa nglukis
werna-wer-na, tur alus garapané. Bareng ngancik karotengah taun, banjur
nerusaké sekolah nglukis manèh menyang Bandung, karo sa-wijining bangsa
Eropah, nganti R. Sukmana bisa lulus seko-lahé. Wiwit iku jenengé wis kondhang
ing kalanganing para pe-lukis. Sanajan wis lulus. R. Sukmana tansah ngudi
undhaking kapinterané manèh, sarana njaluk piwulang-piwulang marang para
pelukis liyané sinambi dipraktèkaké, wusana jenengé sa-ya kondhang nganti bisa
sadrajat12 karo jenengé para pelukis manca negara. Wiwit R. Sukmana dadi
pelukis, atiné banjur katon ayem seneng. Lelakon sing wis naté gawé ngeresing
ati-né bisa ilang dislamur sarana nggambar sing asri-asri, mung kala-kala yèn
kèlingan karo lelakon sing uwis-uwis sok krasa nanging ya mung sedhéla. Kanggo
kenang-kenangan atiné dhéwé, sing sok nduwèni rasa kangen karo kenya sing
wis na-té gawé gonjinging jiwané, R. Sukmana banjur gawé gambaré RA. Tien
Tisnowati awangan13. Gambaré mau bareng wis dadi banjur disimpen, ora gelem
masang mundhak dadi ton-tonen baé. Mung yèn nuju krasa kangen gambar mau
nembé dibu-kak, disawang banjur disimpen bali manèh. Gambar mau ora naté
dituduhaké karo sapa-sapa, disimpen primpen.

***
Witing tresna jalaran saka kulina.
R. Sukmana mau ana Bandung manggon ana omahé Mang Gandaatmaja,
kang nyambut gawé dadi klèrk ana Asis-tènan. Mang Gandaatmaja sakloron atèn-
atèné becik banget, nganti R. Sukmana wis direngkuh kaya déné keluwargané
dhé-wé baé. Dené sing wadon, asalé saka Madiun anaké mung siji thil wadon,
jenengé Dèdèh Siti Kurniasih wis prawan diwasa, umumré 17 th. Dèdèh Siti
Kurniasih mau bocahé ayu manis. Ya dhèwèké mau kang saben dina tansah
ngladèni R. Suk-mana, terkadhang lunga bareng menyang désa-désa, yèn
R. Sukmana pinuju nggambar. Mauné R. Sukmana ya ora ndu-wèni rasa apa-apa
karo Dèdèh Siti Kurniasih mau, mung di-anggep kaya déné sedulur dhéwé.
Nanging suwé-suwé, ba-reng weruh wataké Dèdèh Siti Kurniasih kang alus lan
luhur budiné tur pinter, R. Sukmana banjur wiwit kagiwang. Atiné kang wis kemba,
banjur wiwit thukul kadunungan rasa katres-nan. Suwéning-suwé, lan olèh palilahé
wong tuwané sakaroné, Dèdèh Siti Kurniasih banjur dipèk bojo. Enggoné
jejodhoan tansah atut-runtut, sing wadon nyata bekti banget. Bareng let setaun
anggoné jejodhoan banjur pinaringan momongan la-nang, dijenengaké Sutrisna.
Nanging durung tutug enggoné padha jejodhoan, nalika Sutrisna lagi umur
setengah tahun, Dèdèh Siti Kurniasih banjur tinggal donya, merga lara dhysentri.
R. Sukmana susah banget iya sedhih awit Sutrisna isih cilik, isih mbutuhaké
pengrumatan. Ibuné banjur dilayangi. Sutrisna nuli digawa ibuné menyang Sala.
Wektu semono mara tuwané wis pindhah menyang Pla-buhan Ratu.
R. Sukmana dhéwé banjur nerusaké enggoné lelana, ngumbara nganti tekan
tanah Eropah Kulon lan Asia Wétan. Bareng wis tutug anggoné ngumbara banjur
mulih manèh me-nyang Sala. Sutrisna wektu semono wis umur loro setengah
taun.
12
asliné sadrajdat
13
asliné awagan
Ing sangareping omahé R. Sukmana katon ana omah ge-dhong anyar,
enggoné ngadekaké nalika R. Sukmana ana manca. Omah gedhong mau apik,
cèkli gagrag modhèl anyar. Ing ngarep omah ana patamanané kang tinata asri
rajin, muwuhi asrining pandulu.
Omah mau sing duwé M. Tondhosadéwa, sudagar bathik saka Lawéyan. Sing
manggon ana omah kono mung wong pa-pat yaiku M. Tondhosadéwa sakloron,
banjur anaké wadon Sri Kumaladèwi lan baturé wadon siji.
Sri Kumaladèwi mau wis prawan, umuré 19 taun rupané ayu, dhasar anaké
wong sugih pisan, mula sandhang pa-nganggoné sarwa mompyor-mompyor,
suwengé berléyan ge-dhéné saklungsu, gelangé Mas 20 gram sesisih tinrètès ber-
léyan, durung kalungé 10 gram, imbuh mainané inten sedhom-pol sing pating
gIebyar cahyané, blerengi sing nyawang. Sri Kumaladèwi mau tansah didama-
dama banget déning wong tuwané sakloron awit dhasar anak mung siji, tur wadon
pisan, sapanjaluké tansah dituruti kabèh, dhasar ana. Motoré baé gagrag anyar
Cadillac.
Bareng R. Sukmana wis seminggu ana ngomah banjur kenal karo Sri
Kumaladèwi. Kawitané kenal merga Sri Kumaladè-wi tuku lukisané R. Sukmana 3
iji sing loro wujud sawangan kang asri, sing siji wujud gambaré putri Sala kang lagi
njogèd Bondhan. Gambar 3 iji mau regané Rp. 300,-. Liyané iku Sri Kumaladèwi,
isih pesen gambar manèh 4 iji, yaiku gambaré putri jogèd srimpi, tari payung, tari
Bali, lan gambaré dhéwé, kanggo pasrèn jero lan kamaré Sri Kumaladèwi dhéwé.
Let rong sasi gambar pesenan mau nembé dadi telu, kari siji sing durung, yaiku
gambaré Sri Kumaladèwi dhéwé, awit sing digambar kudu wongé dhéwé, supaya
luwih urip, ora cukup mung potrèté baé, awit gambar mati, dadiné gambar kurang
sampurna.
“Suk apa Mas olèhé miwiti gawé gambarku iki?” mengkono pitakoné Sri
Kumaladèwi menyang R. Sukmana bareng wis nampani gambar pesenan 3 iji.
“Bab kuwi mung kari gumantung ana sliramu Dhik, aku mung kari manut
tunggu dhawuh.”
“Yèn ngono beciké suk dina Minggu ngarep iki baé ya Mas, diwiwiti.”
“Ya becik Dhik.”
“Olèhé nggambar ana omahku apa ana dalem kéné Mas?”
“Kuwi aku mung kari ndhèrèk baé Dhik, ana ndalemu kono ya becik, ana
omahku kéné iya kena, padha baé.”
“Ah yèn ngono énaké ana kamar studhio panjenengan baé ya Mas, perluné
ora ana sing ngganggu gawé.”
“Iku luwih prayoga Dhik.”
“Pirang jam Mas aku kudu lungguh anteng kuwi?”
“Sethithik-sethithiké 2 jam Dhik.”
“Adhuh Mas, 2 jam aku dadi gambar mati? Adhuh suwené. Lha yèn krasa
ngelak kepriyé Mas?”
“Ya kena ngunjuk Dhik waton banjur bali manèh anteng kaya dhèk mauné.”
“Apiké nganggo klambi apa iki Mas?”
“Ngagem klambi apa baé yèn sliramu kaya-kaya mesthi pantesé Dhik.”
“Andak iya ngono Mas? Apa sebabé?” wangsulané katon bungah sebab
nampa alem.
“Sebab wis ayu tur luwes, gandhes, kèwes, pantes Dhik, sing nyawang mesthi
bakal nggrantes.”
“Ah panjenengan iki, teka ana-ana baé Mas, ana ngalem wong teka nganti
semono akèhé.”
“Aku mung matur ing sabeneré baé kok Dhik, sing dadi rak nyatané. Dhasaré
pancèn wis sulistya, rinengga ing busana, saya mantesi banget.”
“Nembé iki Mas, aku oleh pangalembana sing kaya ngono.”
“Pangalembana sing ora klèru Dhik, kang sanyatané, ora ditambahi lan ya ora
dikurangi.”
“Hemm ......... Terima kasih Mas. Ya muga-muga baé sing padha nyawang
karo aku dadi kepéncut temenan.” mengkono wangsulané Sri Kumaladèwi,
rumangsa seneng banget, banjur mèsem. Èsemé diincrit-incrit, supaya sing
ketaman nandhang wuyung. Nanging R. Sukmana tetep meneng anteng, atiné
ka--ya watu, ora kagiwang babar pisan embuh apa sebabé.
Sri Kumaladèwi pancèn dhasar bocah ayu, gandhes lu-wes, tur pantes,
nyandhang nganggo modhèl apa baé sarwa mantesi, sarwa ngepéncutaké. R.
Sukmana dhéwé ing batiné ya ngalem banget marang kasulistyané Sri
Kumaladèwi. Ya pancèn ayuné tanpa tandhing tur putri Sala cekèh. Leléwané,
lakuné, tindak-tanduké sarwa mantesi, sarwa ndudut ati. Su-pradéné R. Sukmana
atiné ora gingsir, ora gonjing, lan ora nduwèni krenteg apa-apa, apa manèh
krenteg katresnan, ba-bar pisan ora. Embuh kepriyé, saiki atiné rumangsa kemba
su-wung, awit katresnané wis disokaké kabèh menyang sawijining kenya kang
saiki wis ora ana Sala embuh ana ngendi ora ngerti.
Nanging saka panampané Sri Kumaladèwi ora mengkono. R. Sukmana olèhé
ngalem mau merga diarani tresna marang dhèwèké. Kang mangka Sri
Kumaladèwi dhéwé bareng kenal karo R. Sukmana atiné banjur dadi gonjing
miring thukul rasa sih katresnané. Malah yèn sedina ora weruh R. Sukmana baé
banjur digolèki, kanthi alasan rupa-rupa, sing nyilih iki, nyilih ika, mengkono
sabanjuré. Mundhak dina Sri Kumaladèwi saya tambah gedhé katresnané karo R.
Sukmana, nganti dhèwèké banjur kepéngin digambar, wosé kepéngin cedhakan,
sebab atiné saben dina tansah nandhang wuyung.
Mung émané déné R. Sukmana ora tau gelem nimbangi, mung dianggep
kaya lumrah baé. Sri Kumaladèwi ora ngerti yèn atiné R. Sukmana wis tatu, wis
kemba, ora nduwèni rasa greget katresnan karo dhèwèké. Malah saka
rumangsané Sri Kumaladèwi, R. Sukmana mesthi bakal ketarik karo dhèwèké
kaya nonoman liyané sing akèh, padha kirim layang nglairaké krenteging atiné
karo dhèwèké. Nanging kabèh ditolak klawan alus. R. Sukmana dhéwé uga
dianggep mesthi kaya ngono. Nanging panyanané mau tibané luput. R. Sukmana
atiné tetep kaya watu ora obah, ora mosik. Ngerti kaya ngono Sri Kumala-dèwi
banjur golèk akal liya kang luwih alus, supaya R. Sukma-na kegiwang temenan
karo dhèwèké.
“Sepisan ji iki penggalihé Mas Sukmana mesthi kalah, mesthi manut karo aku
tan kena ora. Aku kepéngin weruh, se-pira keteguhaning atiné Mas Sukmana.”
mengkono greneng-ané dhéwé ana kamaré karo ngilo, mèsem-mèsem nyawang
awaké dhéwé, kang lagi cucul klambiné mung kembenan kaya putri Bali.
Pakulitané sing kuning nemu giring lan potongané awaké sing weweg isi, kaya
potongan gitar, saya cetha saya ngégla, apa manèh dhadhané kang ana
rerenggané gunung sakembaran, saya mantesi, bisa gawé gonjing miringé sing
weruh.
Sri Kumaladèwi rumangsa marem, seneng awit akalé mes-thi bakal bisa
nggonjingaké atiné R. Sukmana temenan.
“Mas, Mas, Mas Mana, aku saiki njaluk digambar, nanging ora menganggo
cara Jawa, cara Bali baé,” mengkono gunemé rikala arep digambar déning R.
Sukmana ing dina Minggu wa-yah jam 7 ésuk, ana kamar studhioné R. Sukmana.
“Elo dadi ora sida ngagem cara Jawa ngono ta Dhik?”
“Ora Mas, aku kepéngin nyandhang cara Bali baé, jarené aku yèn nyandhang
apa-apa sarwa patut.”
“O...... Lha sing kanggo cundhuk14 apa?”
“Aku wis nggawa kabèh Mas, iki apa tak gawa ana tasku kéné.”
“Yèn kaya mengkono ya sakersamu, aku mung saderma
nggambar.” “Yèn ngono aku dakcucul klambi ya Mas?”
“Ana ngendi Dhik?”
“Wis ana kéné baé rak ya kena ta Mas?”
“Yèn ngono aku dakmetu sedhéla Dhik, yèn wis rampung aku undangen.”
“Ora susah metu Mas, wong mung kari cucul klambi kok. Malah mengko
panjenengan dakjaluki tulung pisan, mbeneraké sing kurang patut, awit aku
durung kulina.”
R. Sukmana ora mangsuli, lan ora sida metu, banjur nye-dhiyaké bekakas,
uba rampéning wong nggambar, lungguh ngadhepaké méja, ngungkuraké Sri
Kumaladèwi. Dené Sri Ku-maladèwi kang dhadhané weweg isi lan pakulitané sing
resik saya katon wéla-wéla cetha, alus lan lumer. Kembené rimong Bali banjur
dienggo diganti sing gedhé. Cundhuké kembang dipasang, karo bola-bali ngilo. R.
Sukmana isih anteng lung-guhé, ora nolèh ora barang lagi natani bekakas gambar
kabèh.
“Mas, Mas, Mas Mana coba pirsanana apa aku iki wis mèmper kaya Putri
Bali?”
R. Sukmana banjur nolèh kagèt, awit rumangsané lagi adhep-adhepan karo
putri Bali temenan. Sri Kumaladèwi nyan-dhang menganggo mengkono mau
pancèn patut lan mantesi banget. Saya mundhak ayuné, luwesé, kawesé,
gandhesé ma-nisé. Lambéné dibèngès, mangar-mangar abang, kaya-kaya lagi
nantang-nantanga sing nyawang. Mula nganti suwé R. Sukmana ora bisa omong
panyawangé kedhèp tesmak, domblong.
“Biyung, biyung, wanguné bocah iki biyèn lairé kalung usus, nyandhang cara
apa-apa teka mantesi temen.” meng-kono gunemé R. Sukmana ing batin.
“Ah sayang, aku mung bisa ngalem baé.”
Déné Sri Kumaladèwi bareng R. Sukmana kaya mangko-no, batiné seneng,
tambah bungah, wis mesthèkaké yèn R. Sukmana ketaman gandrung karo
dhèwèké.
“Piyé Mas, wis patut apa durung?”
“Luwih saka déning patut Dhik, malah dakkira iki mau dudu sliramu.”
“Cundhuké kepriyé Mas apa, wis patut?”
“Uwis Dhik kabèh wis pantes.”
“Beciké aku mengko mapan lungguh ana ing endi Mas?”
“Cedhak cendhéla kéné baé Dhik, supaya padhang dadi cetha.”
“Iya ta, aku manut.”
Sri Kumaladèwi banjur menyat, lungguh ing dhingklik cilik, karo wiwit, pasang
aksiné.
“Piyé lungguhku ngéné wis bener apa durung Mas?”
“Sing prasaja baé lungguhmu Dhik. Awak rada méngos se-thithik. Lha ngono
wis bener. Raimu arepna réné jejeg. Lha, Iha ngono bagus. Dhadha ungaIna
sethithik, pundhaké aja ndegèg. Lha ngono wis becik. Wis ya Dhik aja obah-obah
dakwiwitané.”

14
asliné candhuk
Sri Kumaladèwi lungguh anteng kaya reca, ora obah-obah. Sing anteng mung
awaké, nanging atiné sejatiné gorèh banget weruh priya sing tansah dadi
telenging atiné, dhadhané kaya kinebur rasané.
R. Sukmana wiwit nyekel pènsilé diosèr-osèraké ana kain gambaré. Mripaté
Sri Kumaladèwi wiwit langsir, mandeng nom-noman sing lagi nggambar. Nanging
sing nggambar atiné tetep kaya watu ora gigrig weruh blegering awak kang sasat
dilèr mau, lan ora gonjing weruh kahanan sing kaya ngono, malah sajak ayem baé
anggoné nggambar, panyawangé mung ka-dhang kala baé, bubar iku terus
ngobahaké pènsilé manèh kanthi ayem kepénak. Weruh kaya mangkono mau ing
batin kemropok banget. Sri Kumaladèwi banjur nandukaké15 aksiné manèh,
lambéné kang abang maya-maya wiwit menga saka sethithik, terus mèsem pait
maduning gula, ndudut ati. Untuné kang cilik-cilik rata miji timun saya katon cetha
putih kaya muti-yara, gilap-gilap. Nanging R. Sukmana tetep teguh atiné ora
gonjing semenir-menira, malah saya katon ayem, tangané panggah ajeg enggoné
nibakaké pènsilé. Weruh kahanan sing kaya mengkono mau Sri Kumaladèwi
tambah-tambah saya mangkelé, awit enggoné nggodha ora pasah. Mangka yèn
nonoman lumrah baé mesthi bakal gègèr temenan weruh ka-hanan sing nyolok
kaya mengkono. Atiné saya tambah pegel, anyel, mangkel kagol.
“Adhuh kesel banget aku Mas, apa vvis olèh obah awakku.”
“Kena Dhik, malah saiki wis kena koktinggal, lan kena busana.” wangsulané
R. Sukmana ayem.
“Lho apa wis rampung gambaré Mas?”
“Durung Dhik, nanging bagéan sing perlu-perlu wis cukup.”
Sri Kumaladèwi kepéngin weruh wujuding gambaré, mula banjur menyat
marani, terus ngadeg ing sandhingé R. Sukma-na. Malah disengaja awaké
disénggolaké. Nanging R. Sukma-na atiné tetep puguh ora gingsir, enggoné
nyekeli pènsil tetep ajeg, pènsilé terus mlumpat-mlumpat ing kain kang wis wujud
gambaré Sri Kumaladèwi.
“Kok durung mèmper karo gambarku ta Mas?”
“Mula ngono Dhik, suk rong dina engkas rak wis mèmper, wong iki durung
dadi.”
Sarèhning enggoné anggoda ora pasah. Sri Kumaladèwi banjur énggal-
énggal dandan. Klambiné énggal-énggal dieng-go, cundhuké dibuwang, suwengé
dilebokaké ing tas, karo sajak mangkel.
“Mangkel atiku.” mengkono grenengé Sri Kumaladèwi, ba-reng wis mulih ana
kamaré. Tas kang isi penganggo dibuwang bleber ana pojoking kamar. Awaké
terus ambruk ing paturon karo nangis.
“Hem .......... nembé iki aku weruh ana priya kang kaya mengkono. Atiné
puguh kaya waja. Hem ............. apa aku iki isih kurang ayu kurang narik atiné?”
mengkono sambungé. Bantalé wis teles déning tètèsing eluh. Atiné tambah
sedhih.
“O ............ Mas Sukmana Mas Sukmana, apa kowé ora ngerti temenan karo
krenteging atiku iki? Ana wis diwènèhi dalan teka atimu isih atos temen, babar
pisan ora nggatèkaké. Apa pancèn kowé wis mati atimu? O ......... Mas Sukmana,
welasa menyang dasihmu iki, kang tansah nandhang asmara.” mengkono
sambungé manèh karo ngusapi luhé.
Bareng olèh limang dina gambaré wis dadi, andadèkna bu-ngahé Sri
Kumaladèwi. Nanging meksa isih gela, sebab pang-godhané ora bisa olèh gawé.
Malah wis naté nggodha R. Suk-mana nalika R. Sukmana menyang omahé Sri
15
asliné nundukaké
Kumaladèwi. Wektu iku kabener sepi sing ana omah mung Sri Kumaladèwi
dhéwé. Wong tuwané lagi menyang Lawéyan, baturé lagi diu-tus menyang
Singosarèn Sri Kumaladèwi ethok-ethok semaput ora éling. Trengginas R.
Sukmana tetulung, Sri Kumaladèwi dipondhong diturokaké ing dhipan, nanging
bubar iku R. Suk-mana isih tetep panggah baé atiné ora gingsir. Sri Kumaladèwi
kagol manèh.
Sri Kumaladèwi durung kemba pikiré, banjur golèk akal manèh. Sutrisna
anaké R. Sukmana dipondhong digawa dolan ditukokaké sandhangan lan dolanan
rupa-rupa. Nanging R. Sukmana atiné ya tetep panggah baé biasa. Weruh kaya
mengkono mau Sri Kumaladèwi banjur nékad gawé layang, kang uniné
mengkéné:
Mas Sukmana sing daktrisnani.
Walèh-walèh apa Mas wiwit aku ketemu thuk sepisan karo panjenengan,
atiku rumangsa kegiwang. kudu-kumuduné kepé-ngin terus cedhak karo
panjenengan baé. Nanging Mas, wanguné panjenengan mung ayem baé
penggalihé sajak ora nggapé karo aku. Malah nalika aku jaluk digambar cara
Bali biyèn kaé, panjenengan ya sajak katon énak baé, ayem penggalihé.
Mangka yèn dudu Kangmas, kiraku mesthi bakal gorèh, weruh kahanan sing
kaya ngono wektu iku.
Mula bareng iki aku arep matur terus terang Mas, karo pan-jenengan.
Aku tresna karo panjenengan lair-batin. Aku saguh dadi gantiné ibuné
Sutrisna.
Kang iku yèn panjenengan kersa nimbangi bakal kaya apa bungahing
atiku. Welasana ragaku iki. Ya mung panjenengan priya sing tansah dadi
lam-laming atiku rina wengi, yèn panje-nengan ora kersa ngleksanani sing
dadi panyuwunku iki, kiraku aku sida mati ngarang temenan. Welasana ya
Mas?
Mung iki aturku, nyuwun kabar.
Rayi kang tresna sejati
Sri Kumaladèwi.
Bubar maca layang mau R. Sukmana atiné rumangsa se-dhih. Beneré mono
R. Sukmana ya welas karo Sri Kumaladè-wi. Nanging atiné dhéwé ora nduwèni
rasa katresnan sethithik-sethithika, awit katresnané wis kadhung disokaké kabèh
me-nyang RA. Tien Tisnowati kang saiki wis ora ana kabaré, Nyut ................
sanalika banjur kaya ginugah atiné, kèlingan me-nyang RA. Tien Tisnowati, kang
wis naté ditresnani. Wewa-yangan katon ngegla ana ngarepé, R. Sukmana
menyat, nju-puk gambaré RA. Tien Tisnowati kang tansah disimpen. Gam-bar nuli
dibèbèr disawang dipandeng, atiné saya trenyuh, kè-lingan menyang lelakon sing
wis kepungkur nalika sapatemon kang pungkasan, ana ing petamanan wayah
bengi. Atiné sem-plah, saya ton-tonen terus. Kanggo nyapih kahanan sing ora
becik, R. Sukmana niyat arep ngumbara manèh, kanggo sawe-tara wektu. Awit
yèn dhèwèké isih tetep ana Sala, Sri Kuma-ladèwi bakal saya mesakaké dadiné.
Awit R. Sukmana ngerti yèn wong lagi kapedhotan katresnan iku pancèn abot
banget sanggané, bisa nuwuhaké lelakon rupa-rupa, kaya dhèwèké dhéwé.
“Apa sebabé, aku ora nduwèni tresna karo Kumaladèwi? Dhèwèké bocah
ayu, pinter, tur anaké wong sugih. Apa sababé atiku ora bisa nimbangi?” ya kaya
mengkono mau gagasané R. Sukmana.
Layangé Sri Kumaladèwi arep diwangsuli, lan arep dian-dharaké terus terang
bab wong jejodhoan kuwi, pawitané sa-karoné kudu padha nduwèni rasa
katresnan, yèn mung sesisih, bakal ora becik. Bengi iku R. Sukmana banjur gawé
layang wangsulan, kaja mengkene:
Dhiajeng Kumaladèwi.
Layangmu wis daktampa, gawé trenyuhing atiku, awit aku ora ngira
babar pisan yèn arep nampa kanugrahan kang semono gedhéné.
Nanging Jeng aja dadi gerahing penggalihmu, aku kepeksa ora bisa
nampa sih-katresnanmu kang semono mau. Ora kok merga aku gething karo
kowé, kuwi ora babar pisan. Nanging merga tekané sih-katresnan menyang
aku iki wis telat, wis kasèp awit katresnanku wis diborong kabèh, daksokaké
menyang sawi-jining kenya kang saiki wis ora ana.
Saupama tekané dhèk biyèn, luwih dhisik, bakal daktampa kanthi tangan
loro, lan mesthi daktimbangi. Mangka wong jejo-dhoan kuwi pawitané
kudu sing padha déné nduwèni rasa ka-tresnan, yèn sing siji ora, uripé bakal
kurang sam purna.
Mula saka iku aja pisan-pisan andadèkna gerahing pengga-lihmu ya
Dhik, sebab atiku saiki wis adhem-tanpa nduwèni gre-get semangat apa-apa.
Sakabèhaning katresnanku wis digawa lunga adoh banget. Daksuwun baé
muga-muga tetepa dadi sedu-lur baé. Lan aku nyuwun pamit pisan, wiwit
dina sésuk-ésuk aku arep ngumbara manèh, embuh menyang endi, aku
durung bi-sa ngaturaké, lungaku perlu arep njembaraké kawruhku.
Kaya-kaya cukup seméné atur wangsulanku, lan aja pisan-pisan dadi
gerahing panggalihmu.

Saka mitramu.
SUKMANA
Temenan ésuké R. Sukmana wis ninggalaké Kutha Sala, ora ana sing ngerti
saliyané ibuné dhéwé.
Let 5 dina saka lungané R. Sukmana Sri Kumaladèwi tine-mu nglalu mati ana
kamaré dhéwé, sarana laku ngendhat nganggo setagené. Wong tuwané sedhih
banget, awit ora nya-na babar pisan yèn anaké bakal nemoni lelakon sing
nggegirisi mau.
Ing layangé kang ditujokna marang wong tuwané mung nyebutaké, nggoné
dhèwèké nganti nduwèni tumindak sing ka-ya mengkono mau, jalaran saka
kepedhotan ing rasa katres-nan. Dhèwèké rumangsa isin, wirang, déné
katresnané ora olèh tetimbangan, karo sawijining priya sing ditresnani.
Pepuntoning ati, wis ora ana dalan liya, saliyané mati sara-na tumindak kaya
ing ndhuwur mau, katimbang wirang, lan tan-sah nandhang wuyung terus ing
saben dinané. Pancèn krodha-ning sih katresnan jati yèn wis gelem krodha bisa
gawé gègèr-ing donya, bisa gawé lelakon sing nggegirisi banget. Semono
dayaning sih katresnan jati, dayané pancèn luwih gedhé. Bab iki wis tumindak
wiwit kuna makuna nganti tekan seprené, arang kang bisa ngipataké. Ora lanang
ora wadon, ora tuwa ora enom padha baé.
III. KETE MU KANG PUNGKASAN
Sarangan.
Sarangan mau wujud desa cilik dumunung ana sikilé Gu-nung Lawu kang
sisih wétan, bawah Kabupatèn Magetan, Ka-résidhènan Madiun. Nanging senajan
mung wujud desa cilik, ewadéné akèh sing padha merlokaké teka mrono, ora
mung bangsa kita dhéwé, dalasan bangsa manca uga akèh sing pa-dha
merlokaké teka mrono.
Sarangan mau dadi papan panggonan kanggo ngénggar-énggar ati, hawané
adhem kepénak. Ing kono ana Tlagané sing jembar bawéra banget, jenengé Tlaga
Pasir. Saking ge-dhéné tlaga nganti kena kanggo praon. Pancèn ing tlaga kono
disedhiyani prau séwan, kanggo para andon lelana sing padha teka mrono, perlu
ngénggar-énggar ati, suka-suka lan seneng-seneng.
Liyané Tlaga Pasir ya ana manèh yaiku Tlaga Wurung, nanging mung cilik
baé, tur ana ngisor.
Sakiwa tengening papan kono kebak kahanan alam kang bisa gawé
sengseming ati, lam-laming pikir. Sisih kulon Gu-nung Lawu katon ngedhangkrang
nggegirisi, kaya raseksa lagi lungguh sila katon wingit. Sisih lor katon alas greng
kebak ke-kayon kang gedhé-gedhé, sisih wétan katon sawah-sawah, tharik-tharik,
kothak-kothakan. Sisih kidul Pegunungan Ken-dheng lan jurang pèrèng kang
curem-curem, medèni, nanging katon asri.
Ing Sarangan kono akèh hotelé, papan kanggo ngasokaké awak. Tanahé loh,
mula sakabèhing tanduran padha katon su-bur-subur lan lemu-lemu, ijo riyo-riyo.
Sarèhning ana papan pegunungan mula dalané ya munggah mudhun terkadhang
deder banget, terkadhang tumurun banget, tur ménggak-méng-gok, nanging wis
becik, yèn disawang saka kadohan kaya ula.
Ing sacedhaké Tlaga Pasir sisih kidul panggonan kang ra-da dhuwur katon
ana sawijining nonoman lagi nggambar saki-wa tengené kono. Enggoné
nggambar16 sajak ngemataké ba-nget, karo saben-saben nyawang sing lagi
digambar. Hawa kang isih adhem ora dirasa, dhèwèké terus ngobahaké pènsilé,
orak-orèk ana ing kainé. Wong sing nggambar mau ora Iiya R. Sukmana.
Wiwit ninggal Sala sing dijujug R. Sukmana menyang Kali-urang, ana kono
olèh setengah sasi, banjur bali ngétan, me-nyang Tawangmangu. Ana ing kono
uga nganti setengah sasi, banjur ngétan, nganti anjog ing Sarangan. Ing sadalan-
dalan tansah mondhag-mandheg, perlu nggambar sesawangan sing katon asri-
asri. Gambaré bisa payu ana ing dalan.
Ana ing Sarangan mondhok ana omahé P. Kebayan. Sa-ben dina pegawéané
lunga nggambar ing sakiwa tengené Sa-rangan kono, mulihé yèn wayah soré. Ana
Sarangan gambaré payu, marga akèh para Turisten saka manca negara sing pa-
dha nukoni gambarané, kang nyata alus lan urip, gambaré diaji-aji ing wong akèh.
R. Sukmana rumangsa seneng atiné ana ing Sarangan ko-no. Kajaba
sawangan-sawangan sing asri-asri akèh, hawané nocoki tumrap ing dhèwèké.
Nuju sawijining dina R. Sukmana merlokaké nggambar kaya adat sabené,
nanging pindhah ana sacedhaking Tlaga Wurung, cedhak karo desa cilik, kang
omahé mung, ana 3 su-rup. Déné sing lagi digambar Tlaga Wurung, kang
sinawang saka wétan. Mapan cedhak karo omah 3 surup mau. Lagi ne-ngah-
nengahi nyambut gawé, dumadakan atiné krasa kagol banget nganti anggoné
nggambar kepeksa lèrèn merga tansah keprungu tangising bayi kang bola-bali
cengar-cengèr nangis ora meneng-meneng. Pinangkaning tangis mau saka salah
16
asliné ngambar
sa-wijining omah gedhèk telu mau. Embuh saka daya kapriyé, ba-reng krungu
tangising bayi kang bola-bali cengar-cengèr na-ngis ora lèrèn-lèrèn, nganti
swarané sesek, pikirané R. Sukma-na teka banjur gorèh, enggoné nggambar akèh
luputé. Ing ba-tin grundelan mangkel karo wong tuwané bayi mau, déné bo-cah
nangis kekejer kaya mengkono teka mung dinengaké baé, ora dieneng-enengi.
Pènsilé banjur dilebokaké kothak, gam-baré ditinggal, nuli marani pernahing bayi
sing lagi nangis ke-kejer mau. Pernahé ana omah sing wétan dhéwé. Saya
cedhak saya cetha swaraning tangis mau, saya keprungu banter. Ba-reng tekan
ngareping omah mau, katon sepi, ora ana kemli-wering wong, mengkono uga
omah loro sing ana jèjèré.
R. Sukmana banjur uluk salam, nanging ora ana sing mangsuli, malah
swaraning tangisé bayi saya seru. R. Sukma-na atiné ora saranta manèh banjur
nékad mlebu, wusana ban-jur weruh bayi sing lagi nangis kekejer mau diturokaké
ana am-bèn, sandhingé katon ana wong lagi mujung, kemulan brukut, ora obah-
obah.
”Huh ora genah, wong iki, kebangeten banget, ana bocah nangis kekejer kaya
ngono kok ora tangi-tangi, kaya wong ma-ti, enggoné turu.” mengkono grenengé
R. Sukmana terus nye-dhaki perlu arep nggugah wong sing lagi turu, karo
nyawang bayi sing nangis mau, tetéla bayi anyaran, awaké isih katon abang
kabèh, betèké kakèhan enggoné nangis.
R. Sukmana maju, sikilé wong kang lagi turu krudhungan mau banjur dioyog-
oyog supaya tangi. Nanging bareng nembé baé nyekel sikilé, R. Sukmana kagèt,
awit sikilé wong mau adhem banget kaya ès, mretandhani yèn wong mau lagi nan-
dhang lara. R. Sukmana ora sida muring, sakala banjur thukul rasa welasé. Awaké
wong mau digrayangi krasa adhem kabèh. R. Sukmana mundur ora sida nggugah.
Wong mau meksa du-rung tangi, awaké isih tetep krudhungan.
R. Sukmana ora we-ruh menyang rupané wong sing lagi lara mau, jalaran ketu-
tupan kemul.
R. Sukmana weruh kapas Ian madu ana sandhingé, banjur énggal-énggal
njupuk kapas sethithik, diplintir, nuli diclupaké ing madu didulangaké menyang
bayi sing isih nangis mau. Sa-nalika bayi dadi meneng karo ngenyut kapas sing
ana maduné mau. Bubar iku R. Sukmana alon-alon nyedhaki wong sing lagi lara,
nuli wiwit digugah manèh alon-alon. Wong sing lara banjur katon obah-obah karo
sambat ngruntuh.
”Mbok, Mbok kula aturi tangi rumiyin.” mengkono pangun-dangé karo ngoyog-
oyog awaké rada seru.
Wong sing krudhungan mau banjur mbuwang, kemulé sa-jak kagèt, awit ana
sing nggugah. Nanging sepira kagèté R. Sukmana bareng weruh wong sing
digugah mau, sakala banjur mundur mripaté nyawang mencereng, karo ngéling-
éling. Ka-ya-kaya wis tau weruh rupa sing kaya mengkono, ananging ana ing
ngendi dhèwèké meksa ora kèlingan, wong mau tan-sah dipandeng, praupané
katon pucet banget kaya kertas.
Wanguné sing kagèt ora mung R. Sukmana dhéwé, wong sing digugah mau
semono uga, katon kagèté, weruh wong la-nang ana ing sandhingé. Mripaté ganti
mandeng mencereng nyawang R. Sukmana tanpa kedhèp, awit sajak-sajaké uga
wis tau, weruh rupa sing kaya mengkono. Mula nganti suwé ang-goné padha
pandeng-pandengan, durung ana sing miwiti nga-jak guneman, cangkem padha
blangkemen kabèh.
Nanging ora suwé wong wadon kang lagi nandhang lara mau banjur njerit
karo sambat.
”Mas ........ Sukmana!” karo arep menyat nanging ora ku-wat. R. Sukmana
éling, banjur ngrungkebi wong wadon mau karo bengok.
”Jeng Tien ................ !” karo nyekeli tangané kang adhem kaya ès.
R. Sukmana rumangsa trenyuh banget atiné, awit ora ngi-ra babar pisan yèn
bakal ketemu karo kenya tilas gegantilaning atiné mau ing kono, gèk lagi
nandhang lara pisan ana omah gubug, memelasi banget. Awaké kang biyèn
seger, singset isi, saiki katon rusak kabèh, tur pucet, cowong, kuru. Weruh kaya
mengkono atiné kaya sinendhal mayang rasané, nganti R. Sukmana ngruntuhaké
luh. Alon-alon R. Sukmana ngudhari pangrangkulé awit banjur kèlingan yèn sing
lagi dirangkul iku lagi nandhang lara kang mbutuhaké pitulungan tamba dhisik.
”Sliramu lara Jeng?”
RA. Tien Tisnowati mung manthuk, mripaté adus luh, ca-rocosan metu.
Trengginas R. Sukmana banjur njupuk kacuné, kanggo ngusapi luhé RA. Tien
Tisnowati kang kaya udan tekané. Atiné saya nandhes kesedhihané.
”Lara apa Jeng?”
”Kiraku malaria ........... Mas.” seret wangsulané.
”Wis pirang dina?”
”Limang dina iki Mas.”
”Dhahar pil ya, kebeneran iki aku nggawa.”
RA. Tien Tisnowati mung mantuk. R. Sukmana banjur nju-puk pil kang tansah
dikandhut, banjur diulungaké RA. Tien Tisnowati. Nanging wanguné ngrekasa
banget anggoné arep menyat, mula banjur ditulungi déning R. Sukmana,
dipondhong ditangèkaké.
Sawisé nguntal pil, RA. Tien Tisnowati banjur sèndhèn-sèndhèn ana gedhèk
karo ngusapi luhé sing tansah carocosan metu. Mripaté tansah mandeng R.
Sukmana.
R. Sukmana njupuk lenga dhoklonyo, disok ing kacuné, banjur diulungaké
RA. Tien Tisnowati.
”Iki Io Jeng kanggo ambu-ambu supaya rada seger slira-mu.”
Kacu ditampani karo nyawang bayi sing lagi turu angler.
”Bocah iki anaké sapa Jeng?”
”Anakku .... Mas.”
”Putramu ............?”
”Iya.”
”Dadi iki putramu ta?”
RA. Tien Tisnowati manthuk.
”Lha bapakné ana ngendi?”
”Sarèh dhisik Mas, aku durung bisa matur, mengko baé yèn wis rada ènthèng
awakku, panjenengan dakcritani.”
Celathu ngono karo njupuk cangkir sing ana sandhingé, nanging wis kothong.
”Arep ngunjuk Jeng?”
RA. Tien Tisnowati mung manthuk.
”Aku isih duwé wédang, daksimpen ing tremos ana jaba, dakjupuké dhisik ya
Jeng.”
Bubar celathu ngono R. Sukmana setengah mlayu terus énggal-énggal metu
marani termosé sing ditinggal ana tengah sawah. Let sedhéla wis bali karo termos
lan nggawa gambar disèlèh ing ambèn. RA. Tien Tisnowati banjur diombèni wé-
dang manget-manget, rada katon kepénak awaké.
”Matur nuwun banget Mas, rada seger rasané awakku lan bisa metu kringeté.”
karo mbeneraké kemulé kanggo nutupi sikilé.
R. Sukmana sumedhot banget pikiré bareng weruh kaha-naning awaké RA.
Tien Tisnowati kang wis katon rusak banget, dagingé sasat wis entèk, paribasan
mung kari lunglit. Gèk san-dhangané wis padha amoh kabèh, kemulé wis dudu
rupa ke-mul manèh nanging wujud gombal.
Atiné saya nggrantes sedhih sumedhot.
”Lagi umur pirang dina putramu iki Jeng.”
”Nembé patang dina Mas.”
”O ..... ” karo nyawang bayi sing lagi turu angler tanpa kemul.
R. Sukmana menyat njupuk andhuké kang disimpen ana kothak gambar.
Andhuk banjur énggal-énggal dikemulaké bayi mau alon-alon. RA. Tien Tisnowati
nyawang karo ngruntuhaké luhé.
”Isih krasa adhem Jeng?”
”Rada Mas.”
”Sirah piyé?”
”Ngelu.”
”Kersa apa yèn dakpijeti.”
RA. Tien Tisnowati mung manthuk. R. Sukmana banjur wi-wit mijeti sirahé
kanthi alon-alon banget. Sirah krasa panas.
”Kersa apa dhadhané dibalsem, karebèn anget.”
”Iya Mas.” mangsuli mengkono karo nyilakaké kemulé.
R. Sukmana kagèt, amerga weruh RA. Tien Tisnowati ora nganggo klambi
mung kembenan baé. Igané katon gambang-an.
”Kok ora ngagem klambi Jeng, rak tambah adhem.”
RA. Tien Tisnowati nganti suwé ora mangsuli, awit atiné saya karanta-ranta
banget.
”Ana ngendi Jeng klambiné, dakjupukké.”
”0 ......... alah Mas, aku wis ora duwé klambi, klambi siji dikumbah durung
garing,” sambaté lirih memelas.
Krungu wangsulan kaya ngono R. Sukmana saya tambah sumedhoté. Atiné
kaya dirontog-rontog.
”Kersa ngagem hèmku Jeng?”
RA. Tien Tisnowati mung manthuk. R. Sukmana banjur énggal-énggal cucul
hèmé, terus dienggokaké RA. Tien Tisno-wati, awaké dhéwé mung kari kaosan
baé.
”Wis dhahar Jeng?”
”Uwis mau Mas.”
”Teka sliramu dadi ana omah kéné Jeng?”
”Iya merga kepeksa Mas.”
”Iki omahé sapa Jeng?”
”Omahé Pak Yoto sing mupu aku Mas.”
”O ................ ngono ta. Lha saiki padha ana ngendi?”
”Pak Yoto lagi macul ana sawah. Yèn Mbok Yoto dodolan ana ing Pasar
Ngerong, mulihé mengko soré.”
Wis suwé sliramu ana kéné Jeng?”
”Durung Mas, nembé ana setengah wulan iki. Ajaa ana pi-tulungané P. Yoto
sakloron, embuh baé dadiné awakku iki.”
” Lha keng raka ana ngendi?”
”Ana Banyuwangi Mas, ya dhèwèké kuwi sing njalari aku dadi nandhang kaya
ngené iki, nganti tekan kéné.”
”Lho kepriyé ta jawané iki?”
”Aku minggat Mas, awit aku ora sudi nyawang dhèwèké.”
”Sebabé apa Jeng?”
”Mengko baé Mas, panjenengan dakcritani kabèh bab lela-konku, yèn wis aso
atiku.”
”Iya Jeng, iya. Wis pirang dina sliramu gerah iki Jeng?”
”Wiwit nglairaké jabang bayi Mas, aku banjur dadakan kecandhak lara.”
”O ........... ngono ta. Apa wis dijamoni?”
”Uwis Mas. Mbok Yoto bola-bali tansah mènèhi jamu, na-nging laraku durung
ana sudané, isih panggah kaya ngené iki.”
”Jenengé sapa putramu iki Jeng?”
”Durung dakwènèhi jeneng Mas. Lha Kangmas teka dadi ngerti yèn aku ana
kéné sapa sing ngaturi pirsa?”
”Ora ana Jeng. Dhèk mau aku lagi kebeneran nyambut gawé ana
sacedhaking omah iki.”
”Kangmas ngasta ana kéné?”
”Ora, mung lagi kliling nggambar.”
”Apa Kangmas saiki dadi pelukis?”
”Iya Jeng. Lha Pak Yoto karo Mbok Yoto baliné mengko jam pira.”
”Adat sabené Mbok Yoto jam telu, déné Pak Yoto sok nganti jam lima nembé
bali.”
”O ngono ta, dadi sliramu ijèn ngéné Jeng?”
”lya Mas, tunggu omah.”
”Yèn ngono aku dakbali menyang pondhokanku dhisik ya Jeng, mbalèkaké
bekakas gambar, mengko aku énggal-énggal bali mrené manèh.”
”Apa ora diterusaké enggoné nglukis Mas?”
”Ora Jeng, atiku wis ora duwé karep nggambar manèh.”
”Dadi arep ngunduraké bekakas dhisik Mas?”
”Iya Jeng.”
”Mbok uwis ora susah digawa kondur, disimpen ana kéné rak kena.”
”Ngono ya becik Jeng. Nanging aku lilanana bali dhisik ana perluné liya,
mengko aku énggal bali réné manèh.”
”Cedhak Mas, pondhokané?”
”Ah ya cukupan Jeng ora adoh, ana omahé P. Kebayan. Wis ya Jeng, sliramu
butuh apa?”
”Ora butuh apa-apa Mas, atiku wis bungah awit kaleksa-nan wis bisa ketemu
karo panjenengan ana kéné.”
”Ya wis lilanana aku dakbali dhisik, mengko aku énggal-énggal bali.”
”Iya mas.”
R. Sukmana kanthi sedhih lan trenyuh atiné banjur énggal-énggal bali
menyang pondhokané. Dina iku enggoné nggam-bar Tlaga Wurung wurung
temenan. Let setengah jam R. Sukmana wis bali mrono manèh, karo nggawa tas
isi jarik, klambi, kemul, lan kaos sikil. RA. Tien Tisnowati banjur disalini wutuh, lan
sikilé dikaosi supaya anget. Ora suwé awaké RA. Tien Tisnowati dadi krasa anget,
lan adhemé ilang banjur bisa lungguh.
”Ketrima banget Mas, aku diparingi salin, awakku saiki wis krasa ènthèng lan
anget. Mula lenggaha rada cedhak kené Mas, aku arep wiwit ndongèng, lelakonku
sing nyedhihaké iki.”
”Iya Jeng, iya,” mangsuli ngono R. Sukmana banjur mapan lungguh cedhak
RA. Tien Tisnowati, kang banjur wiwit crita lelakoné.
”Sabubaré omah-omah karo R. Purwodirja, aku diboyong menyang Malang.
Atiku sedhih awit wong sing dadi guru lakiku sepisan ora daktresnani, kapindhoné
umuré adoh banget sung-saté, dadi ya tangèh lamun yèn sajroning jejodhoan aku
nemu kenikmatan, nanging malah kosok baliné. Sanajan bab nyan-dhang mangan
ora kurang, arep apa-apa sarwa katurutan, na-nging rumangsaku kanikmataning
wong jejodhoan ora ana ba-bar pisan. Rina wengi aku tansah sedhih banget,
merga tansah kèlingan karo panjenengan. Idham-idhamanku dadi ibu kang sejati
karo panjenengan, ambyar lebur tanpa karana, atiku ron-tang-ranting. Mangka
guru lakiku mau pancèné mono dhasaré tresna banget karo aku, nanging apa
sebabé aku ora nimbangi menyang katresnané mau bok menawa panjenengan
bisa menggalih dhéwé, awit sakèhing sih katresnanku wis winengku ing priya liya,
atiku tundoné daksrahaké menyang panjenengan kabèh17, panjenengan sing
nguwasani rokhaniku, wadhagé gu-ru lakiku. O alah Mas, ya kaya mengkono mau
pikolehé wong jejodhoan kanthi peksan mau, ora metu saka karepé dhéwé.
Awakku mundhak dina mundhak kuru, nganti nalika ibu tindak tilik menyang
Malang, kagèt bareng pirsa menyang awakku kang saiki banjur dadi kuru, nganti
ibu muwun. Nanging Mas, senajana atiku wis rontang-ranting, sedhih, aku meksa
kudu bekti karo guru laki. Atiku wiwit saka sethithik dakpeksa kudu bekti, awit iku 18
wis dadi kewajibané para wanita kudu bekti karo guru laki. Senajana atiku tansah
njerit, sambat, ngadhuh, ngronjal, nangis, meksa dakpeksa-peksa aku kudu
ngatonaké rasa bektiné. Nalika aku krungu kabar yèn panjenengan banjur gerah
ora ènget, atiku saya kaya rinujit-rujit19 kaé, panjenengan tansah daktangisi saben
dina. Ana Malang aku mung olèh setengah taun, aku banjur pindhah menyang
Bangil.
Ana Bangil aku krungu kabar manèh jaréné panjenengan nerusaké sekolah
menyang Ngayoja, sekolah pelukis. Atiku ra-da bungah. Bubar iku aku wis ora
naté krungu kabaré panje-nengan, amarga aku banjur pindhah manèh ngetan,
menyang Jember, wusana nganti tekan Banyuwangi. Enggonku jejodho-an wis
mèh 3 taun, suprandéné aku durung apa-apa, krasa ngandheg baé ora.
Bokmenawa amerga saka ora jenjemé ati-ku, lan rokhaniku ana kang kosong
salah sijiné.”
Tekan semono RA. Tien Tisnowati mandheg anggoné cri-ta, awit krasa
ngelak, luhé tansah dlèwèran metu. R. Sukmana trenyuh atiné krungu crita mau.
Bareng wis aso lan nyawang anaké kang isih anteng turuné, RA. Tien Tisnowati
banjur nutugaké critané manèh.
”Bareng ana Banyuwangi nembé olèh 4 sasi guru lakiku kena ing godha karo
wanita saka Blambangan. Kang mangka wektu semono aku wis ngandhut olèh 3
wulan. Ya wiwit guru lakiku krama manèh kuwi banjur ora naté kondur. Atiku
sedhih banget, awit aku diwayuh. Gagasaning atiku saya tambah na-langsa,
nalangsani awakku dhéwé kang tansah tiba siyal. La-was-lawas guru lakiku banjur
tuwuh kekerengané karo aku, salah sethithik aku diuman-uman, kaya ndukani
bocah cilik, ka-tambahan manèh donya bandhané saka sethithik entèk, kang-go
nguja bojo anyar. Atiku tambah, sedhih, arep ngaturi pirsa ora wani, mula aku
trima meneng kanthi kebak ing panalangsa. Atiku daksabar-sabaraké, muga-muga
kuwat nampani godha rencana sing lagi namani awakku. Nanging bareng aku
krungu yèn garwané sing anyar mau arep dikumpulaké dadi siji karo aku, aku
kepeksa nduwa, kasabaranku ilang, awit aku emoh yèn dikon kumpul karo
17
asliné kebeh
18
asliné aku
19
asliné rirujit-rujit
maruku. Guru lakiku banjur dakblakani yèn aku wis ngandhut olèh 4 sasi, karepku
supaya gelem mu-rungaké kersané. Nanging Mas apa kedadéané. Aku malah
didakwa jaréné wong wadon sing ora bekti karo wong lanang, seneng laku
sèdhèng. Krungu tembung sing kasar mau atiku mrekitik banget. Aku nduwa
pandakwané mau. Wusana dadi tukar padu. Saya mrekitik manèh atiku bareng
krungu jaréné enggonku ngandhut iki jarené saka laku sèdhèng karo ...........
panjenengan.”
Bareng krungu kaya mengkono R. Sukmana kagèt njola, atiné kaya disamber
gelap sasra. RA. Tien Tisnowati dhéwé mingseg-mingseg nangis.
”Ya Allah ................... ! Muga-muga kuwat imanku,” mangkono pangangluhé
R. Sukmana.
”Terusé keprijé Jeng?” sambungé R. Sukmana.
”Aku dhéwé bareng didakwa sing kaya mengkono, atiku ora trima banget,
asmané panjenengan kang suci kanggoné aku dipopok tinja ana ngarepku.
Pandakwané dakbantah. Wu-sana tukar padu, nganti sirahku dipilara nganggo
astané, wu-sana aku dadi bayangan, ditulungi tangga teparo. Adhuh atiku isin
wirang wis ora ana manèh, mèh baé aku arep nindakaké sing ora becik, arep
nglalu kaya sing dhisik.
Tujuné aku banjur éling menyang sakèhing pangandikamu biyèn nalika padha
ketemu ing tengahing wengi, kapindhoné eling yèn aku iki lagi ngandhut. Iba
mesakaké temen bayi sing ana kandhutan, sing ora mèlu dosa apa-apa, bakal
nyangga dosané.
Aku éling, émut. Kaya-kaya isih cemengkling ana kupingku pangandikamu
sing isi pitutur werna-werna kaé. Pepuntoning tekadku wis ora ana manèh, aku
kudu korban, minggat ning-galaké guru lakiku. Bareng pikirku wis mantep, teguh
aku banjur oncat saka Banyuwangi. Wayah ésuk aku nunggang se-pur menyang
Surabaya. Guru lakiku mung daktinggali layang, awit wektu iku lagi giliran ana
omahé garwané enom. Barang-barang sing dakgawani mung barang-barangku
dhéwé saka peparinigané wong tuwaku. Sakabèhing barang sing asalé enggoné
nukokaké guru lakiku daktinggal wutuh. Tujuné aku isih duwé simpenan dhuwit
dhéwé. Wektu semono kekan-dhutaku wis umur 7 sasi, wis katon gedhé.
Sajroning aku ana sepur, gagasanku ngambra-ambra banget, nganti sundhul la-
ngit sap 7. Arep bali menyang Sala wedi, kuwatir didukani wong tuwaku, méndah
kaya ngapa dukané yèn krungu aku nganti minggat iki, kapindhoné aku gawé
curemé asmané wong tuwaku. Saking judhegé, tujuanku ambyar. Niyatku ora
mulih Sala. Gagasanku banjur saja ngambra-ambra banget. Nyut .................
kèlingan menyang panjenengan manèh sing wis ora ana kabaré. Saking
bangeting anggonku mikir, aku nganti ngruntuhaké luh ana sajroning sepur, tujuné
ora ana wong sing ngerti. Mung ana wong wadon wis tuwa sing lung-guh ana
ngarepku dhèwèké ngerti. Tandhané banjur takon, dakwangsuli mripatku klilipen
areng. Dilalah wong yèn lagi tiba siyal lan apes iku, teka ana-ana baé. Tekan
Surabaya aku kagèt, merga dompètku wis ilang, embuh dicopèt embuh tiba aku
ora ngerti, weruhku bareng aku mlebu ing rumah makan arep mbayar regané
pangan sing wis dakpangan. Tujuné aku isih duwé dhuwit manèh, turahan tuku
karcis, isih cukup dak-enggo mbayari. Sarèhning ana Surabaya ora ana sing dak-
jujug, mula aku banjur njujug sawijining hotèl, perlu arep nga-sokaké awak
sawetara dina, ngiras arep adol ali-aliku kanggo nerusaké laku lan mangan ing
saben dinané. Ali-ali paringané ibu dakedol payu Rp. 50,-. Ana hotèl kono aku
digodha déning sawijining priya bangsa bajuI buntung, awit dikira aku iki bang-
sané wong ala baé, kang gelem nuruti hawa napsu. Wiwit iku, suweng, kalung, lan
gelangku banjur dakcopoti kabèh, dak-simpen ana cepuk, dakgémbol terus.
Sandhang panganggonku ya mung trima prasaja baé; tur sing lawas-lawas.
Enggonku tumindak sing kaya mengkono mau sepisan kanggo njaga awakku,
kaping pindhoné bèn ora ngetarani, kaping teluné wedi yèn nganti konangan
déning pa-ra sadulur-sadulurku. Ana Surabaya aku mung 5 dina. Sawisé awakku
rada kuwat, aku banjur ninggalaké Kutha Surabaya, awit rasané atiku ora kepénak
suwe-suwé ana Surabaya. Sing daktuju Kutha Madiun, awit aku biyèn duwé kanca
putri sing wis kaya sedulurku dhéwé beciké, jenengé Éndang Wredining-sih kang
omahé ana Madiun manggon ana ing kampung Sleko. Tekané sepur wis jam 7
bengi, mula aku ora wani nggolèki omahé kancaku mau. Kajaba wis bengi, aku
durung ngerti du-munungé Kampung Sleko mau, mulané niyatku sésuk-ésuk arep
dakgolèki. Bengi kuwi aku ana hotèl. Ésuké aku nggolèki omahé Éndhang
Wrediningsih menyang Sleko, nanging mu-beng-mubeng nganti 3 jam ora ketemu,
malah ora ana sing ngerti. Pikirku rada anyel, aku banjur bali menyang hotèlku.
Nanging sepira kagètku bareng weruh koperku wis ora ana. Tujuné cepuk sing isi
barang mas inten tansah dakgémmbol. Niyatku arep lapur menyang pengurus
hotèl lan pulisi. Nanging bareng dakpikir-pikir aku wedi dhéwé menyang ayang-
ayang-ku, awit aku dhéwé ngrumangsani lagi dadi wong inggatan. Mula aku trima
meneng. Sandhanganku entèk blas, mung kari sing dakenggo baé. Ilanging koper
saksandhanganku ora patia dakgetuni banget-banget, sing dakgetuni ilanging
potrèt kang wis lawas banget enggonku nyimpen, katut ilang. Ya barang kuwi sing
dakgetuni dhéwé. Déné potrèt mau ora liya potrèté ................. panjenengan.
Ancas tujuanku dadi ambyar kabèh. Saking judhegé aku banjur nerusaké laku
ngulon, embuh me-nyang endi pernahé, aku ora ngerti waton mlaku ngulon, laku-
ku rindhik-rindhik awit ora kulina mlaku adoh, sikilku krasa nja-rem-jarem
kepanasen. Tekan mbulak aku lèrèn, mijeti sikil sing krasa panas. Sepatuku
dakcopot terus dakbuwang, awit ngré-gon-ngrégoni yèn kanggo lumaku adoh.
Bareng wis aso aku nutugaké laku. Dhuwit sanguku, sing mung kari sepuluh rupi-
yah dakwèt-wèt banget. Tekan sakuloné Maospati aku man-dheg sedhéla, maca
plank. Kang ngalor menyang Ngawi terus Sala, kang ngulon bener menyang
Magetan terus Sarangan. Dilalah aku milih dalan sing menyang Magetan. Tekan
Maget-an wis wayah jam nem soré, awakku wis krasa kesel kabèh. Sikilku njarem-
njarem padha mlenthung, ketambahan sing dak-jujug ora ana arep menyang hotèl
ora wani. Sanguku wis en-tèk, arep nguthik-nguthik barang sing ana cepuk aku
ora wani awit arep daktinggalaké anakku mbésuk yèn wis lair. Sarèh-ning ora ana
sing dijujug, aku banjur lèrèn menyang alun-alun, mijeti sikil sing wis padha abuh.
Nanging suwé-suwé ora kepé-nak atiku, ingatasé wong wadon dhèwèkan teka
ana alun-alun ijen, mula aku banjur mlaku ngidul, lèrèn ana sangareping ré-goling
omah jèjèr papat, ana ing buk. Dumadakan saka salah sijiné omah papat, mau
ana priyayi wis sepuh metu, bareng weruh aku banjur andangu.
”Sinten niku?” karo marani aku.
”Dalem Bu.” wangsulanku karo menyat.
”Dalem sinten?”
”Dalem Marsini.” wangsulanku goroh.
”Griyanipun pundi Nak?”
”O kula tebih Bu saking Kedhiri.” wangsulanku goroh manèh.
”Kedhiri? Lha badhé dhateng pundi Nak?”
”Badé madosi sémah kula Bu.”
Priyayi sepuh mau bareng weruh aku sajaké welas banget.
”Yèn ngaten, mangga Nak dhateng pondhok kula ngriki, tiyang sampun dalu
ngaten.”
Aku durung nganti mangsuli tanganku terus dituntun alon-alon digawa ing
dalemé kang jembar. Aku banjur dilungguhaké kursi.
”Sapa Bu tamuné?” keprungu swara saka njero dalem.
”Metua réné ta Pakné, iki lho ana tamu.”
Ora suwé katon ana sawijining priyayi kakung wis sepuh, nanging isih katon
rosa, bareng weruh aku banjur pitakon.
”Jenengmu sapa kowé Ndhuk?” karo mapan lungguh.
”Dalem Marsini Pak.”
”Marsini, omahmu ngendi?”
”Kedhiri.” wangsulanku karo tumungkul.
”Arep tindak ngendi?”
”Madosi sémah kula Pak.”
”Asmané sapa?”
”Mas Sukmana.” Wangsulanku waton ketemu baé.
”Ngasta gawé ana ngendi.”
”Rumiyin dados mandor PU wonten Maospati nanging la-jeng dipunpindhah
dhateng Ngerong kabaripun.”
”Kowé mau saka Maospati mlaku baé?”
”Inggih Pak, malah saking Madiun.”
”Oh ......... mesakaké temen. Mangka gajegé kowé lagi ngandhut ngono.”
”Inggih Pak.”
”Mengko kowé, nyaré ana ngendi.”
Aku ora bisa mangsuli, mung eluhku sing metu carocosan kang minangka
dadi liruning aturku.
”Wis. wis Nak, aja nangis, mengko ngasoa ana kéné baé, kéné ana
panggonan. Bu coba Hartini undangen réné, supaya ngancani Nak ......... sapa iki
mau jenengé?”
”Marsini Pak.” sambungé sing putri.
”Ya tepungna baé ya Nak, jenengku Harjoasmara.”
”Inggih Pak, matur sembah nuwun sanget.”
Ora suwé katon ana sawijining kenya metu, nggawa wé-dang rong cangkir ing
baki. Bengi iku aku sida turu ing dalemé R. Harjoasmara, pensiunan Mantri Guru
Sélosari. Turuku kum-pul karo Dhik Hartini kang katon sumedulur banget karo aku,
ingatasé nembé kenal wis becik. Beneré aku trima arep turu ijèn ana dhipan
nanging digondhèli Dhik Hartini. Mengkono uga Bapak lan Ibu Harjoasmara, aku
didhawuhi ora olèh rikuh pekéwuh. Pancèn panggalihé sebrayat becik kabèh.
Malah kersané Bapak Harjoasmara, aku didhawuhi terus ana Maget-an dhisik,
ngasokaké awak. Bapak Harjoasmara sing arep nggolèki bojoku menyang
Ngerong, yèn wis ketemu arep di-kandhani yèn aku ana dalemé. Kang mangka
aturku mau mung goroh, kanggo samudana baé. Mula aku banjur matur akèh-
akèh, yèn arep dakgolèki dhéwé. Aku ana Magetan ngan-ti 5 bengi awit saben-
saben aku arep nerusaké laku digondhèli, jaré mesakaké, apa manèh Dhik Hartini
nganti ngruntuhaké eluh. Aku rumangsa kepotangan kebecikan kang gedhé
banget menyang Bapak Harjoasmara sakeluwarga. Bareng wis ana 5 dina lan
kekuwataning awakku wis pulih kabèh, aku kepeksa mberot, nyuwun pamit, malah
aku banjur diparingi klambi lan jarit kanggo salin déning Ibu Harjoasmara, déné
Dhik Hartini nyangoni dhuwit, telung rupiyah kanggo sangu. Pepisahan ka-ro
Bapak Harjoasmara sakeluwarga abot banget, gawé pa-ngondhok-ondhoking
atiku, nganti sepréné.”
Tekan semono RA. Tien Tisnowati lèrèn, merga anaké ta-ngi nangis njaluk
nusu. Trengginas R. Sukmana banjur nulungi njunjung bocahé disusokaké. Karo
nusoni anaké RA. Tien Tisnowati wiwit nerusaké critané manèh.
”Sabanjuré Mas, saka Magetan aku banjur menyang Nge-rong, kanthi
dinunutaké motor déning Bapak Harjoasmara. Sa-ka Magetan menyang Ngerong
dalané terus ndeder banget, saupama aku mlaku ya ngrekasa banget, kiraku
sedina nembé tekan, Nanging bareng motor, setengah jam wis tekan. Tekan
Ngerong aku mudhun, pikirku wiwit judheg, awit ora ana sing dakjujug.
Ketambahan kandhutanku bola-bali tansah gronjalan kaya-kaya wis arep metu
baé. Aku banjur lèrèn ana sawijining warung suwung, lèrèn lungguh ana ing
bangku pring, nyawang Gunung Lawu kang katon nggedangkrang ireng medèni,
awaké isih ketutupan ampak-ampak. Pikirku ngalamun tekan ngendi-endi. Hawa
kang adhem ora dakrasa. Lagi énak-énak enggonku lungguh karo ngalamun,
dumadakan banjur ana wong wadon wis rada tuwa mlebu warung kono nyèlèhaké
ga-wané ngaso. Bareng weruh aku lan nyawang kekandhutaning wetengku banjur
pitakon.
”Sianak saking pundi nggih?”
”O kula tebih Mbok, saking Caruban.” wangsulanku goroh.
”Ajeng teng pundi Nak?”
”Madosi tiyang jaler, boten pinanggih.”
”Lha wonten pundi?”
”Waunipun nyambut damel wonten Maospati, sareng kula susul dhateng
Maospati, wonten ingkang criyos wonten Maget-an lajeng kula susul dhateng
Magetan, nanging boten pinang-gih. Malah wonten ingkang criyos manawi wonten
ing Ngerong ngriki. Nanging kula padosi boten pinanggih ngantos kesel, kula
lajeng lèrèn wonten ngriki.”
Krungu critaku kang mung karangan baé wong tuwa mau sajaké welas karo
aku.
”Sinten asmané sampeyan Nak?”
”Kula Minem Mbok.” wangsulanku goroh.
”O ditepungaké mawon nggih, kula Mbok Yotodiharjo. Lha sémah sampeyan
sing dipadosi niku asmané sinten?”
”Mas Karmin Mbok.”
”Nyambut damelé onten pundi?”
”Dados mandhor ratan Mbok.”
”Kula kok dèrèng ngertos, awit yèn mandhor margi mawon kula empun
tepang kabèh. Yèn mangké boten pinanggih kados pundi Nak, mangka saniki
empun soré, lajeng badhé nyaré wonten pundi?”
”Kirang terang Mbok, dèrèng gadhah pondhokan.”
”Napa Nak Minem purun nyipeng onten gubug kula, awit kula melas ingkang
saweg dipunkandhut punika, sajaké empun ngrekaos ngoten.”
”Inggih matur kesuwun Mbok, yèn badhé maringi pitulung-an dhateng kula.”
”Nanging nggih niku, gubug kula alit tur awon.”
”Boten dados punapa Mbok, waton kénging kanggé ngaso kémawon.”
”Griyanipun tebih Mbok?”
”O boten namung niku, minggah saonjotan.”
Aku banjur ngetutaké lakuné B. Yoto, saka Ngerong nganti tekan Désa
Gemutri kéné iki. Kanggoné B. Yoto mlaku ndeder semono dhuwuré mau tur karo
nggéndhong barang dudu apa-apa, nanging tumrap aku ngrekasa banget, nganti
bola-bali aku dituntun déning B. Yoto.
Ya wiwit dina iku aku banjur diaku anak déning Mbok Yoto sekloron. Sekaroné
tresna karo aku. Aku ana kéné ora olèh nyambut gawé apa-apa mung ngliwet,
karo dikon tunggu omah, sebab saben dina wong loro padha lunga kabèh. P. Yo-
to macul ana sawahé, jam papat nembé bali, déné B. Yoto dodolan ana Pasar
Ngerong, mulihé jam 3 soré. Dadi saben dina aku kijènan ora ana réwangku.
Bareng enggonku ana ké-né nembé 10 dina, jabang bayi sing takkandhut lair,
nanging aku banjur kecandhak lara nganti kaya ngéné iki. Sejatiné na-lika bubar
nglairaké jabang bayi awakku wis ora kuwat, na-nging rina lan wengi aku tansah
nyenyuwun ing ngarsané Pa-ngéran Kang Mahamurah lan Mahaadil, aku gelem
mati, na-nging samangsa aku wis ketemu karo panjenengan, awit ana prekara
sing bakal arep dakaturaké. Awit ya mung panjeneng-an dhéwé sing kena
dakprecaya lan kena dipitaya, dingèngèri anakku sing nembé lair iki. Wanguné
panyuwunku mau dika-bulaké déning Gusti Kang Mahawelas-asih, tandhané ora
di-nyana-nyana panjenengan rawuh temenan ana kéné. Rumang-saku kaya lagi
ngimpi. Ya kaya mengkené iki Mas kahananing lelakonku, nggugoni wong tuwa,
tibané aku kasurang-surang nganti kaya ngené iki. Dhuh Gusti Allah ingkang
Mahaadil. Mugi-mugi paringana kekiyatan dhateng titah paduka ingkang saweg
kados mekaten punika.
Tekan semono rampung RA. Tien Tisnowati enggoné crita, luhé terus metu
kaya udan. R. Sukmana melu ngondhok-ondhok mbrebes mili.
”Adhuh Dhiajeng adhiku dhéwé, ora nyana babar pisan, yèn sliramu bakal
nglakoni lelakon kang nggegirisi kaya ngono mau. Dakarani sliramu rak tetep
seneng tetep kepénak, tetep mukti, tibané ........ adhuh ........ sing krungu critané
baé melu kaya dijuwing-juwing kaé rasané.”
”Puluh-puluh wis begjaku Mas, bokmenawa pancèn wis kodratku kudu
nandhang kaya ngené. Saiki genti Mas, apa aku kepareng krungu critané
panjenengan?”
”O kena Dhiajeng, nanging lelakonku mung biasa, ora ngeres-eresi kaya
sliramu.”
”Senajan kaya ngono aku kepéngin krungu Mas.”
”Ya becik rungokna ya Jeng.”
R. Sukmana banjur udut dhisik, nyedhot rokoké ping telu banjur wiwit crita,
wiwitan nganti tekan pungkasan, ora ana sing kliwatan.
”Yèn ngono lelakoné Mas nasibé ya mèh padha baé karo lelakonku. Yèn
ngono saiki putrané Mas wis umur 3 th ya Mas.”
”Iya bener.”
”Apa isih terus ndhèrèk embahé Mas.”
”Hé ..................... eh!”
”O ya sukur, kajaba saka iku aku, arep matur sethithik ma-nèh apa
panjenengan kersa minangkani panyuwunku sing pungkasan iki.”
”Sing pungkasan? Coba kandhakna Jeng arep ngendika apa?”
”Ngéné Mas, bokmanawa ora suwé manèh aku bakal di-pundhut karo sing
gawé urip. Mula saka iku sadurungé aku di-pundut, aku arep pasrah menyang
panjenengan arep xxdaktitipi anakku iki, kepriyé? Awit saka panyawangku ora ana
manèh sing dakpitaya ngrumat anakku iki, saliyané panjenengan dhéwé. Aku
percaya satus presèn yèn anakku ing tembé buri bakal bisa dadi wong kang
utama, yèn olèh dhidhikan panjenengan. Anakku anggepen kaya déné putra
panjenengan dhéwé sukur bagé diseduluraké karo Sutrisna.”
”Ah Jeng bok aja sok ndhisiki karsané sing Mahakuwasa. Awit pati urip iki sing
kagungan mung Panjenengané, aku kabèh mung saderma.”
”Kuwi bener Mas, anané aku nganti banjur matur sing kaya mangkono mau,
awit laraku sepisan ji iki kaya-kaya wis ora ke-na ditambani manèh. Sukur aku isih
diparingi umur dawa ma-lah bungah. Mula anggonku nganti matur sing kaya
ngono mau mung saupama.”
”Iya Jeng Insja Allah sabisa-bisa bakal dakèstokaké lan bakal dakleksanani.
Aku ora kabotan minangkani panjalukmu iki. Donya akérat lair batin. Mula wiwit
dina iki, putramu wis dakrengkuh kaya déné anakku dhéwé.”
”Trima kasih banget Mas.”
”Lha putramu iki apa wis kok wènèhi jeneng Jeng?”
”Durung Mas. Sarèhning anakku saiki iki wis dakpasrah-aké karo
panjenengan, kang minangka dadi gantining wong tuwané, mula bab jeneng
dakpasrahaké panjenengan, aku ndhèrèk baé.”
R. Sukmana ora mangsuli, banjur mikir-mikir sedhéla.
”Yèn ngono, saupama dijenengi Sukmanawati baé kepriyé Jeng?”
”Aku mung ndhèrèk baé Mas, kuwi ya apik. Sukmanawati. Sukmana, njupuk
asmané panjenengan, Wati njupuk jenengku sing buri. Panjenengan teka pinter
ngarang jeneng Mas.” wangsulané karo mèsem, R. Sukmana nimbangi mèsem.
”Saiki genti aku sing arep nduwèni panjaluk karo sliramu Jeng, apa sliramu ya
kersa minangkani penjalukku iki?”
”Arep kagungan pamundhut apa Mas, coba ngendika, yèn bisa mesthi
dakleksanani.”
”Ngené ya Jeng. Nasibku lan nasibé sliramu iki padha, liré sliramu saiki lagi
nandhang susah, semono uga aku. Saiki sau-pama ati loro sing sedhih mau
banjur dikumpulaké manèh dadi siji, kiraku bisa dadi jalaraning bali menyang
marganing katen-treman, idham-idhaman kita kang wis ambyar, bisa kasemba-
dan, kepriyé Jeng?”
”O ............ alah Kangmas sumedhot banget rasaning atiku bareng aku
krungu pangandikamu sing kaya mangkono. Wiwit biyèn mula aku rak tresna lair
batin karo panjenengan, nganti sepréné katresnan mau isih panggah wutuh,
malah saya tambah gedhé. Lair batin ora ana priya ing alam donya iki sing
daktresnani, kajaba mung panjenengan dhéwé. Dadi bab pa-mundhut
panjenengan sing kaya mengkono mau aku matur sembah nuwun banget, déné
Kangmas isih tetep panggah ka-tresnané karo aku, ora luntur, nganti kersa arep
ngukup wong kang sabeneré wis ora aji kaya aku iki. O ........ Kangmas Suk-mana
gegantilaning atiku. Nanging pamundhuté Kangmas iki mau aku kepeksa ora bisa
minangkani, sebab aku saiki wis ora suci wis kotor, maduku wis diisep déning
kombang liya, mula aku ora bisa minangkani.”
”Dhuh Dhiajeng kumalaku dhéwé wong ayu. Tumrapku sliramu isih tetep suci
murni ora béda kaya sing dhisik.”
”Klèru Mas, panjenengan klèru, aku wis dudu kenya ma-nèh, lan wis kotor
kaya ngéné.”
”Sanajan kaya ngono Dhiajeng, sliramu tetep suci murni tumrapku. Biyèn lan
saiki ora ana bédané Jeng. Biyèn sliramu dadi memanikku lan saiki iya tetep dadi
memanikku.”
”Adhuh matur nuwun banget Mas, déné panjenengan isih sudi arep ngukup
menyang ragaku sing wis rusak kaya ngéné iki. Yèn wis dadi kersané Kangmas
kaya mengkono aku ya mung kari ndhèrèk baé.”
”Dadi Dhiajeng kersa minangkani panjalukku iki?”
RA. Tien Tisnowati mung mangsuli sarana manthuk. R. Sukmana saking
senengé banjur gapyuk, RA. Tien Tisnowati dirangkul kanthi adus luhing
katresnan lan kasenengan RA. Tien Tisnowati diarasi tansah lenggana baé.
”Yèn ngono, kapan kita padha boyong mulih Dhiajeng?”
”Mulih menyang endi Kangmas?”
”Menyang Sala.”
”O aja Mas, aja menyang Sala, aku wis ora arep cedhakan karo wong
tuwaku.”
”Yèn ngono beciké menyang endi Jeng, aku mung kari manut. Kutha endi
sing koksenengi?”
”Yèn aku milih Kutha Magetan baé Mas, senajan kuta cilik nanging reja, tur
hawané sedhengan kagem panjenengan dhé-wé kepénak, cedhak sawangan sing
asri-asri.”
”Yèn kersamu mengkono iya becik Jeng, aku mung manut.”
”Yèn ngono sésuk-ésuk aku dakmudhun menyang Maget-an golèk omah
dhisik ya Jeng?”
”Panjenengan arep golèk sewan Mas?”
”Ora Jeng, yèn bisa malah arep tuku utawa gawé katim-bang nyéwa.”
”Aku setuju Mas. Aku ya isih duwé barang-barang ana ing cepuk iki, kiraku
yèn kanggo mundhut omah sapekarangané wis bisa olèh.”
”Bab dhuwit aku ya wis ana Jeng. Dené bab barang-barangmu bèné tetep
wutuh bésuk kena kanggo putramu Sukmanawati yèn wis gedhé.”
”Matur nuwun Mas. Yèn ngono beciké bésuk padha resik-resikan ana
Pangulu Magetan baé ya Mas?”
”Iya becik Jeng.”
”Iki wis jam pira Mas?”
”Jam loro kliwat Jeng, ana apa ta?”
”Mbok Yoto sedhéla manèh bakal bali. Mengko aku arep kandha, yèn
Kangmas kuwi ya bojoku sing lagi dakgolèki wis bisa ketemu, karebèn Mbok Yoto
sakloron bungah. Karo ma-nèh enggonku dora sembada, dadi ana nyatané.”
”Ya sakersamu Jeng, aku manut baé. Awit sanajan nya-tané durung resmi,
sliramu wis dakanggep garwa idhéalku.”
”Yèn ngono beciké Kangmas kudu ana kéné terus.”
”Iya bener Jeng, mengko soré aku dakpindhah mréné, wong saka kéné ya ora
pati adoh ngono.”
Ngarepaké jam telu kurang, seprapat Mbok Yoto nembé teka, banjur
dikenalaké karo R. Sukmana. Dikandhakaké yaiku sing lanang, sing digolèki wis
ketemu. Mbok Yoto dadi bungah.
Semono uga Pak Yoto, bareng wis ketemu ya dikandhani mèlu bungah.
”Anu Pak utawi Simbok, kanggé sawetawis dinten kula ke-peksa taksih badhé
ngrusuhi wonten ngriki riyin, ngantos bojo kula mantun sakité.” celathuné R.
Sukmana karo Pak Yoto sakloron.
”Lha mbok inggih ta Mas, bok kanggé saterusé kula inggih bingah mawon,
mandar kula bingah onten réncangé. Cekaké ampun samar.”
”Matur nuwun sanget Pak.”
”Sami-sami Mas. Napa Simasé ajeng énggal-énggal kondur ngaten?”
”Dèrèng Pak, ngentosi yèn bojo kula empun mantun.”
”Napa ajeng kondur dhateng Caruban?”
”Inggih Pak, tiyang sampun lami nilar griya, mindhak risak boten onten sing
dipasrahi.”
”Ning nggih niku Io Mas, gubugé bapaké niki rupiné kados ngaten.”
”Betahipun rak kénging kanggé tilem ta Pak.”
Ora suwé Mbok Yoto mbanjur ngladèkaké wédang 4 cangkir saknyamikané.
Sawisé iku banjur njunjung Sukmanawati, diléla-léla tetembangan Kinanthi merga
banjur nangis.

Pitik tulak pitik tukung


tutulaking jabang bayi.
ngedohaké cacing racak.
sarap sawané sumingkir.

Si tukung mangungkung ngarsa.


situlak bali ing margi.

Si jabang bayi punika.


kekasihé Hyang Widi.
rineksa ing Malaekat.
dènemong ing Widadari.

pinayungan ing Hayng Sukma.


Kinebutan para Nabi.

Sakathahé Wali kutup.


ngulama lan para mukmin.
samia angreksa si jabang bayi.
mila tebih ing sesakit.

sirna larané si jabang.


walagang slamet si bayi.

”Nah rak meneng, ta putuku cah ayu iki, adhuh manisé, lambéné mèngèr-
mèngèr abang, menik-menik,” mangkono pangudangé Mbok Yoto.
RA. Tien Tisnowati lan R. Sukmana mèsem bebarengan.
”Anu Mbok, mangké kula digawèkaké jenang abang putih nggih, ajeng
kanggé bancaki, damel jeneng wayahé niku.” celathuné RA. Tien Tisnowati karo
Mbok Yoto.
”Badhé disukani asma sinten putrané niku Nak Minem.”
”Sukmanawati, Mbok.”
”Biyuh-biyuh apik temen jenengé niku, nggih ta mangké kula damelaké jenang
abang putih, ampun kuwatir. Mangké boten trima niku mawon, ajeng kula
damelaké sega kluban pisan, kanggé bancakan tangga tepalih. Sethithik-sethithik
yèn dianani, mesakaké putu kula sing ayu tunik-tunik niki. Rak eng-gih ngoten ta
Nggèr putu kula sing ayu? Inggih yeyes cimbah, benjing kuya lak caged macak-
macak ta Bu.”
Mengkono wangsulané B. Yoto karo ngémba-émba kaya bocah cilik sing
durung bisa omong. RA. Tien Tisnowati lan R. Sukmana mung mèsem pandeng-
pandengan. Bengi iku R. Sukmana pindhah ana omahé P. Yoto, nunggoni RA.
Tien Tis-nowati, kang awaké sok panas sok adhem. Mula mèh sewengi ora turu,
awit banget welasé weruh larané RA. Tien Tisnowati mau. RA. Tien Tisnowati
dhéwé turuné mung sadhéla-sadhéla, bola-bali tansah ngruntuh, terkadhang kaya
wong kagèt kaé.
Mbok Yoto tansah ndremimil ngidung lirih, ngétung jeneng-ing lelembut,
kidung panulaking wong lara, supaya énggal sa-ras. Tembangé Sinom
Logondhang. Sanajan wis tuwa nanging swarané isih kepénak, gawé sengsemé
sing krungu.
Kang riyin lelembut wétan.
Durganeluh Maospait.

Lawan raja Baureksa.


Iku ratuning dhedhemit.
Sang Locala Kedhiri.

Ing Panggunggung si Abur-Abur.


Sapujagat king Jipang.

Madiun sang Kala Sekti.

Pan si Korèng lelembut ing Panaraga.

Sidakaré ing Pacitan.


Kedhuwang si Klenthingmungil
Héndra Yaksa ing Magetan.

Jenggala si Tunjungpuri.
Sétan Telaga Pasir.

Pragota Kartasura
Cirebon Sétan Kaberi.

Drembanon ingkang aneng Purbalingga.

Sinabetaken mangétan.
Ana lara teka bali.
tinulak bali mangétan.
mengidul panyabet nèki.
na lara teka bali.

tinulak bali mangidul.


ngulon panyabetira.

pan tinulak bali mengétan kang lara.

Mangalor panyabetira.
ana lara teka bali.
tinulak ngalor parannya.

manginggil panyabet nèki.


na lara teka bali.

tinulak bali mendhuwur.


manglsor panyabetnya.
ana lara teka bali.

pan tinulak bali mengandhap kang lara.


”Kangmas durung saré?” swarané RA. Tien seret lirih.
”Durung Jeng, lagi ngrungokaké B. Yoto olehé ura-ura. Ana apa?”
”Wis mbok saréa ta Mas, mundhak sésuk ngantuk.”
”Aku ora bisa turu Jeng, wong kowé bola-bali pijer ngrun-tuh baé. Sésuk
dakundangaké dhokter ya Jeng?”
”Dhokter saka ngendi Mas?”
”Saka Magetan.”
”Adhuh Mas, ora susah. Sésuk pundhutna pil kéniné baé, bokmanawa bisa
énggal mari.”
”Adhem Jeng?”
”Iya Mas, kadhang-kadhang sok panas, sirah cekot-cekot krasa ngelu.”
”Digosok balsem ya Jeng?”
RA. Tien Tisnowati manthuk. R. Sukmana banjur jupuk balsem, nuli
digosokaké pilingané kanthi alon-alon lan ngati-ati banget. RA. Tien Tisnowati
mung tansah mandeng baé mripaté adus eluh.
”Wis ora susah muwun Jeng, mudhak saya gawé sedhih-ing atiku.”
”Enggonku nangis iki, nangisi panjenengan kok Mas.”
”Nangisi aku? Apa sababé?”
”Mesakaké.”
”O .............. wis ora susah dipikir Jeng, saréa wis bengi.”
”Sukmanawati ora ngompol Mas?”
”Ora, nembé baé daktiliki.”
RA. Tien Tisnowati banjur mapan turu, mripat direm-rema-ké, nanging meksa
ora bisa turu. Déné R. Sukmana tetep lung-guh ana ing sandhingé katon prihatin
banget. Ngantuking mri-paté lan sayahé ora dirasakaké saking gedhéning
katresnané karo sing lagi nandhang lara.
Ésuké jam 6 R. Sukmana sida budhal menyang Magetan. Jam 12 awan
nembé bali bungah weruh RA. Tien Tisnowati wis bisa menyat, lagi mondhong
Sukmanawati karo nusoni.
”Kok nganti awan Mas nembé kondur?”
”Iya Jeng awit mau karo milang-miling golèk omah pisan.”
”Olèh Mas?”
”Olèh Jeng ana kampung Selasari, omahé gebyok, peka-rangané jembar,
papané kepénak.”
”Nyéwa apa sida mundhut Mas?”
”Tuku Jeng, malah wis dakbayar pisan, coba pirsanana iki Io kohiré lan
kwitansiné.” karo ngulungaké kohir lan kwitansi.
”Kok larang temen Mas?”
”Kuwi wis klebu murah Jeng, awit pekaranganané jembar tur ana pinggir
dalan gedhé pisan. Malah niyatku omahé arep dakbubrah, arep dakyasakaké sing
anyar, cilika yèn gedhong.”
”O ..............”
”Mula sliramu énggala saras ta Jeng, bésuk bisa mriksani. Malah aku dhèk
mau ya wis nemoni anèmer sing sok mborongi omah, yèn gawé omah gedhong
jaréné bisa rampung ing dalem 2 wulan.”
”Kangmas ya wis dhawuh nggawé?”
”Uwis Jeng perluné sisan gawé, dadi suk mung kari dieng-goni baé.”
”Ya muga-muga baé aku énggala pinaringan waras ya Mas bisa ngenggoni
omah anyar, urip kepénak.”
Nanging idham-idhamané R. Sukmana kang nedya arep urip bebarengan
karo RA. Tien Tisnowati mau ora bisa klakon manèh, malah ambyar, lebur tanpa
dadi. Awit larané RA. Tien Tisnowati mundhak dina saya mundhak ngrekasa
banget, nganti pet ora doyan mangan apa-apa. R. Sukmana sasat awan bengi
terus tetugur ana sandhingé kanthi prihatin. Apa manèh bareng nyumurupi yèn
RA. Tien Tisnowati bola-bali tan-sah ora éling, atiné kaya dirontog-rontoga. Awak
sakojur wis krasa anyep kabèh, ketegé kurang, praèné wis aclum, lambéné wis
katon biru, gunemé abot lan seret. Weruh kaya mengkono mau R. Sukmana wis
ngedhap atiné. Gèk Pak Yoto lan Bok Yoto lagi golèk dhukun durung padha mulih.
”Mas gorokanku teka garing temen, apa ana wédang?” mengkono celathuné
RA. Tien Tisnowati wayah jam 10 bengi karo R. Sukmana sing isih tetep tugur ana
sandhingé.
”Arep ngombé Jeng?”
”Iya Mas, gorokanku teka krasa salit banget.”
R. Sukmana banjur énggal-énggal menyat ngiling wédang terus diombekaké,
awit RA. Tien ngombé dhéwé ngrekasa.
”Nah, rada logro sethithik gorokanku.”
”Sukur. Dhahar bubur apa piyé
Jeng?” ”Ora ................... Mas, ora
kepéngin.”
”Didhahari sithik-sithik ya Jeng, karebèn ora kosong.”
”Emoh Mas, ora kepéngin.”
”Dhahara pil vitamin baé ya Jeng?”
”Ora ............... Mas, ora ..................... ! Adhuh Mas, sirahku tulung sangganen
Mas, rasané teka arep tiba ngéné, pandelenganku pating klepyur peteng.”
Trengginas R. Sukmana banjur nyandhak RA. Tien Tisno-wati dipangku,
sirahé dipijeti alon-alon. Nganti suwé RA. Tien Tisnowati durung bisa éling, awaké
nuli dioyog-oyog, meksa ora éling, R. Sukmana ora tahan weruh kahanan sing
nyedhih-aké mau, mripaté wiwit kembeng luh, wusana luhé wiwit saka setètès
tumètès nibani rainé RA. Tien Tisnowati. RA. Tien Tis-nowati kagèt bareng ketiban
luh. Banjur wiwit ngelèkaké mri-paté weruh R. Sukmana lagi nangis. Lambéné
obah-obah arep guneman rasané seret gunemé pedhot-pedhot.
”Mas ............... Mas ................ Mas.” gunemé wis jero lirih.
”Apa Jeng, gegantilaning atiku, ana apa?”
”Mas .............. kaya ............. kaya ............... aku .......... wis ......... ora
kuwat ................. manèh .... awak ................ awak .......... ku ............. wis ......
krasa ................. lemes ................... kabèh ....... ora bisa ................. obah ..... Bok
................. menawa ....................... wis ....................... tekan ............
titimangsaku ................. Mas, ................... aku ........................ wis .................. ora
................... kuwat .................. Mas ...................... mangsa ................
bodhoa ............ putramu ............... Suk .............. ma ................. na ...........
wa ........... ti.
”Jeng ................. Jeng, sing éling Jeng éling.” Wang-sulané R. Sukmana
trenyuh.
”Aku ............ isih ..................... éling Mas. O ....................... anakku ................
gegantilaning ............... nyawa ............... ku ............... kowé ......................
kepeksa dak ........ tinggal.”
Tekan semono RA. Tien Tisnowati nolèh, nyawang Suk-manawati sing lagi
turu angler. Kaya-kaya Sukmanawati ngerti, banjur mak plengèh gumuyu
saclèrètan. RA. Tien Tisnowati genti nyawang R. Sukmana manèh.
”Mas .............. coba putramu .................... Sukmanawati ...................
junjungen .................. mréné ............ sedhéla ................ aku kepéngin ngarasi.”
R. Sukmana banjur mbopong Sukmanawati dicedhakaké, nuli pipiné sing
katon ginuk-ginuk diarasi, lambéné, bathuké.
”Wis ................. Mas .................. wis ................. cukup.”
Sukmanawati kaya ngerti, banjur mak plengèh mèsem sa-keclapan. Bubar
kuwi nuli dibopong manèh déning R. Sukma-na, diturokaké.
”Wis ................ Mas .................... karia ....................... sugeng ..........
Katresnan panjenengan ................. dak .................... gawa ...............
bali .................... menyang ....................... pangayunaning .................
Pangèran .......... aku .................. nyuwun ................... pamit .....................
Kang ............ mas .......................... dak ......................anti-anti .................
ana ............. lawanging ....................... alam .....................
langgeng ..................... Kanggo ..................... sanguku ..........................
Mas .................. lathiku ................ arasen .................. sakecupan ....................
bèné ................ kepénak.”
R. Sukmana sumedhot dingkluk ngaras latiné RA. Tien Tisnowati. Bareng-
bareng karo tumèmpèling lathi padha lathi, sanalika iku uga, mak
les ............... RA. Tien Tisnowati yitmané musna, bali menyang pangayunaning
Pangèran. Layoné katon gilang-gilang, kaya wong turu, lambéné mèsem
praupané ma-lih katon sumringah.
R. Sukmana njerit ngrungkebi layoné RA. Tien Tisnowati sing wis kaku.
Bareng-bareng karo panjerité R. Sukmana. Suk-manawati kagèt karo nangis
cengèr-cengèr .......... lan binareng tekané P. Yoto sakloron, sing, ngirid dhukun. P.
Yoto sakloron njenger domblong ora bisa guneman, weruh lelakon kang nre-
nyuhaké mau.
B. Yoto éling, krungu tangisé Sukmanawati. Grégah mla-yoni, Sukmanawati
terus diemban. Déné P. Yoto banjur ngo-yog-oyog R. Sukmana sing lagi ora éling.
Nganti seminggu R. Sukmana kaya wong linglung, lung-guh ngadhepi
kuburané RA. Tien Tisnowati kang isih anyar. Donya rumangsané wis peteng, wis
samun, sepi. Atiné kemba, kecuwan awit idham-idhamané kang pungkasan
ambyar lebur, tanpa lari. Atiné nglokro wis ora betah urip ana alam donya,
kepéngin nusul menyang RA. Tien Tisnowati sing wis ndhisiki.
”Dhuh Dhiajeng, memaniking atiku ..................... entènana, pun kakang wis
ora kuwat nahan kasedhihan sing kaya meng-kéné iki. Entènana Dhiajeng
entenana ......”
Kaya mengkono sambaté R. Sukmana memelasi, nre-nyuhaké sing krungu,
karo ngrungkebi maejan.
”Dhuh Gusti mugi-mugi cinupeta kémawon nyawa kula énggal-énggal, awit
kula boten kiyat nampi cobi, ingkang kados makaten agengipun. Dhuh
Gusti ................ welasana dhuma-teng titah paduka punika .............. !”
R. Sukmana saya katon sedhih banget. Dumadakan kagèt, rumangsané
weruh kuburané RA.Tien Tisnowati mlekah, lan ora suwé banjur katon ana
wewujudan kaya wewayangané RA. Tien Tisnowati, metu saka kubur, ngadeg ana
ngarepé R. Suk-mana ulaté sumringah bening karo celathu mengkéné.
”Mas .................. panjenengan élinga, yèn panjenengan nusul aku, la sapa
sing arep ngemong Sukmanawati? Apa panjenengan lali karo sumpah
panjenengan?”
Mak Jenggirat R. Sukmana kagèt saka ngalamuné, wewa-yangané RA. Tien
Tisnowati ilang, kubur tetep isih wutuh ora amblong. Grégah pikiré kaya ginugah,
éling ing sakabèhé. Kanthi lemes R. Sukmana banjur ninggal kuburané RA. Tien
Tisnowati, bali menyang pondhokané.
Ya wiwit iku R. Sukmana prasetya wis ora nedya arep omah-omah, mung
arep ngemong Sukmanawati. Let sepuluh dina R. Sukmana banjur pamit, lunga
saka omahé P. Yoto, ni-yaté arep mulih menyang Sala. Sukmanawati diemban.
Sadu-rungé ninggalaké Désa Gemutri luwih dhisik merlokaké tilik menyang kuburé
RA. Tien Tisnowati. Bareng wis krasa marem terus lunga. Pak Yoto sakloron mèlu
trenyuh atiné.
IV. KUMANDANGING KATRESNAN.
Ubenging donya kaya cakra manggilingan, mubeng terus. Ana ésuk ana soré,
ana awan ana bengi, ana minggu ana sasi, ana sasi ana taun, terus mubeng, ora
lèrèn-lèrèn. Kahananing alam donya uga ora langgeng répolusi, mbledhos
nggegirisi banget, kaya arep ngobong-ngobonga donya. Éropah kobong. Jerman
nggempur Polandia. Inggris lan Perancis ngumumaké perang karo Jerman. Rusia
nggempur Finlandia. Taun 1940 saya ngambra-ambra. Jerman nggempur
Denmark lan Norwe-gia terus negara Landa, Belgia lan Luxemburg, terus
Perancis nuli Rumania. Kasusul manèh Italia ngumumaké perang karo Perancis
lan Inggris, banjur nggrempur Yunani ing th. 1941 Jerman saya ndadra nggempur
Yugoslavia lan Yunani terus ngrangsang Rusia. Jepang mèlu-mèlu ngebom Pearl
Harbour, ngumumaké perang karo Inggris lan Amérika. Tiongkok gumré-gah
ngumumaké perang marang Jepang, Jerman, lan Itali.
Taun 1942 Jepang saya ndadra, ngrangsang Hindia Lan-da, digawé karang
abang. Landa teluk tanpa perjanjian, pasrah bongkokan marang Jepang tgl. 8
Maret 1942. Amérika nga-muk, Jepang dibom Atoom. Jepang kalah pasrah
bongkokan. Tgl. 17 Agustus 1945 Bung Karno lan Bung Hatta memprokla-miraké
Indonesia Merdeka. Tentara Nica teka mboncèng Ing-gris. Insidhèn gendéra ing
Surabaya mlethus, jumedhuling dina Pahlawan tgl. 10 Nopember 1945. Nganti
Clas I - II ditandha-tangani ora ana kasilé, Landa saya mburog, banjur kesusul
perjanjian Linggarjati lan K.M.B. Nanging Landa tetep ngotot, nganti Dewan
Keamanan mèlu cawé-cawé. Perang sirep, rak-yat akèh sing dadi korbaning
perang.
Ibuné R. Sukmana uga dadi korban, kena mimising mung-suh ana Magetan,
awit wis pindhah saka Sala, kumpul dadi siji ana Magetan. Wektu semono
Sutrisno wis gedhé wis umur 11 taun, déné Sukmanawati 8 taun. Praupané wis
presis kaya jenaté ibuné, kaya jambé sinigar.
Tekan semono critané RS. Ranuasmara dipunggel, awit krasa ngelak
gorokané. Déné Sri Éndah Wahyuningsih katon sedhih atiné krungu crita sing
nrenyuhaké, nganti mèlu ngetok-aké luhé.
Nganti suwé padha meneng-menengan.
”Ah mesakaké banget ya Pak lelakoné R. Sukmana mau. Saupama R.
Sukmana ora tresna lair batin karo RA. Tien Tis-nowati, kiraku ora gelem ngemong
Sukmanawati. Yèn ngono pokok-bakuné sing salah iku wong tuwané RA. Tien
Tisnowati dhéwé. Ya kaya ngono mau akibaté kawin peksan.
”Pancèn, isèn-isèninng alam donya kuwi kebak lelakon ru-pa-rupa Ndhuk, ana
seneng ana sedhih, ana ésuk ana soré, ana awan ana bengi, kabèh mau wis dadi
rerengganing isining alam donya. Nanging kowé aja nyalahaké wong tuwané RA.
Tien Tisnowati, kabèh-kabèh mau mung lagi dadi lelakon.”
”Lha sabanjuré critané kepriyé Pak, terusé, jaré ana ge-gandhèngané karo
lelakoné ibuku lan aku.”
”Sarèh dhisik Ndhuk, dakkandhani ya, pancèn isih ana te-rusé, lan ana
gegandhèngané karo lelakonmu dhéwé. Bareng Sukmanawati wis umur 5 taun
banjur ora ana.”
”Adhuh teka mesakaké temen Pak, Sukmanawati kuwi, yèn ngono dadi wis
mati?”
”Ora mati ngono Ndhuk. Enggoné ora ana iku sebab se-ring lelaranen baé,
wusana jenengé banjur diganti.”
”O ngono ta Pak, tiwas aku mèlu kagèt lan sedhih. Sapa Pak gantiné jenengé
mau?”
”Gantiné yaiku .................... Sri Éndah Wahyuningsih.”
”Apa Pak? Yèn ngono aku dhéwé iki Sukmanawati?”
”Iya bener Ndhuk.”
”Adhuh ................ Pak ................. Pak!”
Sri Éndah Wahyuningsih nangis sesenggrukan karo ngrungkebi pangkoné
RS. Ranuasmara.
”Wis Ndhuk aja nangis mundhak gawé trenyuhing atiku. Puluh-puluh kabèh
lagi padha ginawé lelakon.”
Sri Éndah Wahyuningsih menyat ngusapi luhé banjur pita-kon manèh
tembungé.
”Lha Mas Sutrisno saiki ana ngendi Pak?”
”Kangmasmu ya ngono, sarèhné sering laranen, bareng umuré 8 th. dadi
bareng-bareng karo kowé, jenengé banjur dakganti Susilo.”
”O ................ ngono ta Pak tibané Mas Susilo iku Mas Su-trisno ta? Lha R.
Sukmana saiki ana ngendi Pak?”
”R. Sukmana saiki ora adoh saka kéné panggonané Ndhuk.”
”Ora adoh saka kéné?”
”Iya.”
”Ana kampung ngendi Pak? Apa ana Kauman, apa ana Kebonagung, apa ana
Krapyak? Aku teka kepéngin ngabekti karo panjenengané iku.”
”O Ndhuk, dalemé R. Sukmana iku ana Selasari kéné. Coba éling-élingen
critaku mau. R. Sukmana rak tuku omah sapakarangané ana Selasari, omahé
gebyog dirombak dadi omah gedhong, rak ya kaya mengkono ta?”
”Iya bener Pak. O yèn ngono apa panjenengan dhéwé Pak, R. Sukmana
kuwi?”
”Iya bener Ndhuk. Lha déné teka pinter anggonmu mbatang.”
”Adhuh .............. !”
Sri Éndah Wahyuningsih njerit ngrungkebi RS. Ranuas-mara kanthi luwih
dening sedhih. RS. Ranuasmara dhéwé mè-lu sumedhot penggalihé karo ngelus-
elus rambuté Sri Éndah Wahyuningsih, trenyuh. Trenyuh kélingan menyang
lelakon kang wis kelakon kang nyedhihaké ati.
Saiki Sri Éndah Wahyuningsih nembé ngerti yèn RS. Ranuasmara mau tibané
R. Sukmana Ranuasmara, priya sing kapedhotan katresnan karo ibuné, sing
nggulawenthah dhè-wèké wiwit bayi tekan saiki-iki, nganti bisa cekel gawé. Dadi
sakabèhing penjaluké ibuné mau wis dileksanani kabèh, kanthi becik-becik. Lan
nganti sepréné nyatané bapaké angkat mau banjur ora kersa krama. Semono
gedhéning sih katresnané wong tuwané angkat karo ibuné, kumandhanging
katresnan isih Iumèngkèt ing panggalihé lan disimpen terus nganti yus-wané wis
sepuh.
Ngélingi kaya mengkono mau, Sri Éndah Wahyuningsih saya gedhé banget
bektiné karo wong tuwané angkat, awit ru-mangsa kepotangan gedhé banget,
kepotangan kabecikan kang ora bisa disauri karo donya brana apa baé.
”Pak aku nyuwun pirsa, lha Pak Yoto lan bok Yoto kaé sapa?”
”O kaé sing dipondhoki ibumu biyèn nalika nglairaké kowé. Bareng aku wis
manggon ana kéné, dhèwèké banjur dakun-dang mréné, malah ana kéné ora
dakanggep kaya batur, na-nging dakanggep kaya keluwargaku baé.”
”O ............... yèn ngono mengko awas, dhèwèké mesthi arep taksrengeni,
teka ora gelem crita bab lelakonku iki.”
”Aja koksrengeni Ndhuk, awit dhèwèké ora salah, lan pan-cèn wis dakwanti-
wanti ora kena crita karo kowé bab lelakoné ibumu.”
”O ............... ngono ta Pak, yèn ngono P. Yoto sakloron pantesé dakwènèhi
bintang ya Pak. Kajaba pitulungané wis gedhé karo swargi ibuku kena dipitaya
temenan.”
”Ya sakarepmu Ndhuk. Kapindhoné Ndhuk, sarèhning ba-pak iki wis tuwa lan
wis tutug enggoné momong kowé, nganti sadadi-dadiné, lan piwelingé swargi
ibumu wis dakleksanani kabèh sabisa-bisaku. Nyatané kowé wis gedhé kaya
ngono. Mung ana saprakara manèh sing durung dakkandhakaké karo kowé, mula
rungokna ya Ndhuk.”
”Iya Pak, ana dhawuh apa manèh?”
”Aku mau rak wis omong, yèn aku iki wis tuwa, sedhéla manèh embuh kapan,
embuh ésuk, embuh soré, aku mesthi bakal dipundhut bali menyang ngarsané
Pangéran, ninggalaké kowé lan Kangmasmu Susilo. Mangertia, éyangmu, RB. Ja-
yèngsubroto iku saiki isih sugeng, dalemé ya isih ana ing Tam-taman Sala. Beciké
saungkurku kowé sowana mrana, awit ala-ala isih éyangmu dhéwé.”
”Ah ora Pak, awit sing gawé jalaran nganti ana lelakon ka-ya ngéné iki ya
merga saka tindaké éyang. Kapindhoné sala-wasé aku urip, durung tau weruh
karo panjenengané, kosok baliné panjenengané ya ngono. Kaping teluné, wiwit
aku lair, terus ana astané panjenengan Pak. Emoh Pak, aku emoh sowan mrana.”
”Aja kaya ngono Ndhuk, sing uwis ya uwis, aja kokpikir. Kabèh manungsa iku
mesthi padha kedunungan ing luput ora bisa ora.”
”Yèn pancèn éyang tresna karo aku, apa sababé ora ban-jur nggolèki ibu
utawa aku, nganti ibu dadi séda sengsara kaya mengkono?”
”Mesthiné éyangmu ya kliwat saking enggoné nggolèki karo ibumu, ananging
pancèn ibumu dhéwé sing tansah nga-doh, ora gelem bali menyang Sala.”
”Enggoné ibu ora kersa kondur kuwi ana beneré Pak, awit sing gawé
sengsara ya saka éyang. Saupama biyèn kepareng dadi garwané bapak, rak ora
dadi kaya mengkono.”
”O ................ Ndhuk aja kaya ngono, aku mau rak wis omong, yèn jenenging
manungsa kuwi mesthi padha kadu-nungan salah. Kiraku bubar ana kaya
mengkono, penggalihé éyangmu kiraku ya getun, aku bisa mesthèkaké. Mula
kaya ngapa bungahé yèn kowé gelem sowan mrana, awit éyangmu ora kagungan
putra saliyané ibumu.”
”Yèn aku ora diakoni, utawa banjur diarani wong ngaku-aku kepriyé Pak?”
”Tangèh lamun Ndhuk, awit ana sawijining barang tinggal-ané ibumu, sing
bakal nuduhaké yèn, kowé pancèn bener wayahé.”
”Kuwi ya isih durung bisa kanggo pathokan Pak, awit ba-rang mau bisa uga
diarani nemu baé.”
”Kuwi bener. Isih ana menèh barang kanggo nguwataké bukti bab nyatané
Ndhuk.”
”Apa Pak?”
”Layangku, lan layang-layangé ibumu.”
”Saupama meksa ora dipercaya kepriyé Pak?”
”Yèn pancèn wis ora kersa ngaku, kowé ya énggal-énggal balia mréné.
Nanging bab iku tangèh lamun Ndhuk, yèn nganti éyangmu arep nolak karo
kowé.”
”Sebabé apa Pak?”
”Praupanmu, wis presis padha karo ibumu.”
”Praupanku, wis presis padha karo ibuku.”
”Iya.”
”O ............ yèn ngono beciké karo panjenengan baé Pak kepriyé, sowan
mrana?”
”O, ora Ndhuk, cukup kowé dhéwé baé. Mula yèn tita kowé ditolak tenan ya
ora dadi apa, balia mréné manèh, wong omah iki sing duwé ya kowé karo
kangmasmu Susilo.”
”Iya Pak, yèn kaya ngono aku ndhèrèk wis.”
”Lha rak ngono. Mula coba jupuken pethi cilik sing daklak kaé, ana jero lemari
gawanen mréné.”
”Iya Pak.”
Sri Éndah Wahyuningsih banjur jupuk kothak cilik sing di-lak, banjur diaturaké
bapakné angkat. Pethi ditampani, laké di-thèthèl banjur dibukak, ing jero ana isiné
layang siji lak-lakan, lan cepuk. Cepuk dijupuk, nuli dibukak, ing jero isi barang
mas inten, kang wujud gelang, kalung, sak liontiné sing ditrètès ber-liyan, lan
suweng mata inten. Sri Éndah Wahyuningsih njenger sumIengeren weruh barang-
barang mau.
”Iki kabèh barang-barangmu dhéwé Ndhuk, tinggalané ibu-mu dikon
mènèhaké kowé. Mula barang-barang iki tampa-nana.”
Sri Éndah Wahyuningsih tangané ndhredheg, bungah ya sedhih nampani
barang-barang mau, tinggalané ibuné.
”Iki kabèh enggonen, yèn kowé sowan menyang dalemé éyangmu. Kowé
bakal diaku. Lan layang iki aturna pisan.”
”Iya Pak ya.”
”Isih ana manèh piwélingku karo kowé Ndhuk, samangsa- mangsa aku wis
dipundhut karo sing Mahakuwasa aku mung titip Kangmasmu Susilo aja koktukari,
awit wis lola. Malah dak-suwun muga-muga kowé tetepa ana sandhingé
kangmasmu selawasé, nyambung balung pisah lan nerusaké kumandhang-ing
katresnanku. Aku oraa klakon karo ibumu yèn Susilo klakon runtung-runtung karo
kowé aku wis bungah wis lega. Semono iku yèn kowé nyarujuki lan tresna karo
kangmasmu, déné yèn ora, aja kok peksa, awit yèn barang peksan iku bakal ora
becik, bisa njalari kaya lelakoné ibumu dhéwé.”
Sri Éndah Wahyuningsih tumungkul semu isin lan karanta-ranta bareng
krungu pangandikané bapaké angkat, sing kaya menkono mau.
”Pak bab siji iki aku durung bisa ngaturi wangsulan saiki iki, awit bab mau
mung kari gumantung ana kersané Kangmas Susilo dhéwé.”
”Iya, iya Ndhuk, aku wis ngerti sing kok karepaké iku. Ya muga-muga baé
Kangmasmu Susilo banjur éling nduwèni krenteg karo kowé. Muga-muga
kumandhanging katresnanku karo ibumu, lumuntura menyang kowé lan
kangmasmu. Lan sapungkurku, layang ana ngisor bantalku iki jupuken, wènèhna
menyang kangmasmu.”
Sri Éndah Wahyuningsih sumedhot atiné.
”Iya Pak bakal dakèstokaké kabèh dhawuhmu.”
Kaya pancèn wis pinasthi mung tekan semono garisé RS. Ranuasmara,
bubar crita sing akèh-akèh mau, banjur anteng, mripaté nyawang Sri Éndah
Wahyuningsih, banjur merem ma-nèh, nata ambegan, RS. Ranuasmara banjur
ngelèkaké mri-paté manèh mak byar, karo nyawang Sri Éndah Wahyuningsih,
sing disawang ketungkul sedhih.
”Nduk Sri coba nyedhaka réné. Kanggo sing pungkasan aku kepéngin ngaras
bathukmu. Kenaa kanggo jalarané aku nusul ibumu. Awit kaya-kaya ibumu wis
suwé enggoné nunggu tekaku. Wis Ndhuk, majua.”
Sri Éndah Wahyuningsih krasa sumedhot banget, angles atiné diarasi déning
bapaké angkat kanthi soking tresnané. Atiné Sri Éndah Wahyuningsih krasa saya
sumedhot banget, angles.
”Wis cukup Ndhuk, katrima banget. Wis karia slamet, aku arep nusul ibumu.”
Lan ora suwé mak les yitnané banjur oncat saka raga wa-dhagé, bali sowan
menyang pangayunaning Pangéran, kanthi tentrem lan ayem, bokmanawa wis
rumangsa marem lan se-neng weruh sing ditinggal wis kena dipitaya.
Ragané gilang-gilang kaya wong turu. Sri Éndah Wahyu-ningsih kagèt.
Sanalika njerit karo ngrungkebi layoné bapaké angkat sing wis adhem kabèh
badan sakojur. Panjerité Sri Én-dah Wahyuningsih gawé kagèté Pak Yoto, wong
loro padha re-but ducung mlayu menyang kamaré bendarané. Kaya ngapa kagèté
bareng weruh Sri Éndah Wahyuningsih lagi ngrungkebi bendarané kang wis
gilang-gilang tinggal donya. Pak Yoto sa-kloron domblong kèlingan menyang
lelakon sing wis kapung-kur, nalika bendarané lagi ngrungkebi layoné RA. Tien
Tisno-wati.
”Dèn Rara, Dèn Rara, kula aturi ènget, sampun muwun, ki-rang saé mindhak
ngendhet-endheti lampahipun keng rama ingkang saweg kondur sowan ing
pangayunaning Gusti. Ènget Dèn Rara ènget, prayogi nggalih ingkang perlu-perlu
kéma-won.” mengkono aturé B. Yoto ngrerepa. Nanging Rr. Sri Én-dah
Wahyuningsih ora nggapé, tangisé saya ngguguk meme-lasi.
”Dèn, Dèn Rara ènget, kula aturi andhahar atur kula, si-naosa panjenengan
tangisi rak ndara sepuh boten saged su-geng malih. Mila sampun muwun
kémawon, malah prayogini-pun Keng Raka Dèn Bagus Susilo, dipunparingi kabar
énggal-énggal.”
Sri Éndah Wahyuningsih bareng krungu aturé B. Yoto, banjur grègah tangi
éling, karo ngusapi luhé sing tansah dIè-wèran metu.
”Iya bener kowé Mbok.”
Bubar celathu ngono terus mlayu menyang méja tulis, gawé layang, let
sedhéla wis dadi banjur ngundang P. Yoto.
”Pak Yoto, rikat menyang kantor tilgram ya, Mas Susilo til-gramen. Iki
layangé.”
”Inggih Dèn Rara.”
P. Yoto sawisé nampani layang terus nunggang pit, me-nyang kantor tilgram.
Ora suwé ing omahé RS. Ranuasmara wis kebak wong padha layat, kabèh padha
tumandang gawé, nyukupi kebutuhan kanggo keperluan wong kesripahan. Kanca
guru-guru lan liya-liyané uga padha teka mrono kabèh padha mèlu béla
sungkawa, B. Yoto ribut ana pawon karo wong-wong wadon liyané. Kahanan kang
mauné sepi dadi ramé dadakan, kaya wong lagi mbarang gawé ing ngendi-endi
katon padhang pating klencar.
Layoné RS. Ranuasmara, wis dipindhah ana ing dhipan, mujur ngalor dilurubi
mori putih. Ambuning dupa kumelun awor kukus, ngambar-ambar wangi tekan
ngendi-ngendi.
Sri Endah Wahjuningsih tansah lungguh dheleg-dheleg se-dhih ana
sandhingé layoné bapakné angkat, dikancani kanca-né guru putri pirang-pirang.
Mripaté tansah teles kebak luh. Mèh sawengi natas sing padha layat sasat ora
padha mulih, kabèh padha béla sungkawa, welas menyang sing ditinggal ijèn.
Jam 7 ésuk layon disirami dirukti kaya salumrahé, banjur didandani, terus
dilebokaké ing njero pethi linuruban mori putih, rinengga ing kembang maneka
warna, arum gandané. Sri Én-dah Wahyuningsih mripaté pendul saka enggoné
nangis, awaké lungkrah sayah.
Wayah jam 11 awan R. Susilo nembé teka ing Magetan. Sri Éndah
Wahyuningsih bareng weruh kangmasé teka, terus ngrangkul karo nangis, wong
loro dadi tangis-tangisan nyedih-aké. R. Susilo ngrungkebi layoné wong tuwané.
Sri Éndah Wahyuningsih mèlu nangis manèh. Krans lan bokèt kembang
sumbangan padha ndlidir teka.
Jam telu soré layon diarak diiring menyang pasaréan Ngi-pik, sing
nguntapaké akèh banget, sadalan-dalan padha katon sedhih béla sungkawa.
Bubar mitung dina kahanan ing omah kono nembé katon bali ayem tentrem
manèh. Mung Rr. Sri Éndah Wahyuningsih kang isih katon sedhih, awaké
lungkrah. Weruh kaya mengko-no mau R. Susilo banjur nglipur, adhiné nuli
dirangkul. Nanging embuh apa sababé bareng tangané nembé waé klumawé, te-
rus katon gumeter dhredheg, atiné geter, dheg-dhegan, ora ka-ya sing uwis-uwis
R. Susilo ora sida ngrangkul, wurung. Tab-tabaning atiné saya seru, saya gorèh.
Saka panyawangé R. Susilo adhiné mau séjé karo adat sabené, mundhak ayuné,
mundhak luwes, lan kèwesé, praené katon mencorong gawé siloning jiwané
nganti ora kuwat nyawang. Rasa geter-getering dhadhané saya gedhé, rumangsa
kaya kena prabawa sing ora samesthiné.
”Wis ta Dhik, aja banget banget enggonmu mikir menyang sédané bapak.
Puluh-puluh kok sedhihana lan kok tangisana nganti entèk luhmu, bapak rak ora
bisa bali manèh, marga pancèn wis pinasthi, bali menyang ngarsané Pangéran
ora kena digondhèli.
Bapak rak wis kepénak. Balik kita rak durung ngerti kepri-yé bakal dadiné ing
bésuk tembé buriné. Karo manèh ya wis wanciné, awit bapak wis sepuh. Mula aja
digetuni banget-banget.”
”Mas atiku sedhih banget.”
”Ora maido Dhik, aku dhéwé ya semono uga. Sapa wongé ora sedhih
ditinggal séda wong tuwa. Dhisiké ibu, banjur ganti bapak sing nusul, kita mung
kari padha kijènan, wong loro. Nanging sanajan kaya ngonoa, kita ora kena sedhih
banget-banget. Coba Dhik pikiren. Kasedhihaning ati iku yèn diuja terus bakal
gawé kapitunané awaké dhéwé, sebab bisa énggal dadi kecandhak lara. Kang
mangka lara iku dalaning pati. Yèn kowé terus sedhih kaya ngono sapa sing
susah rak aku, sebab isining omah mung kari kowé lan aku. Mula wis ora perlu
kokpikir jero, koksedhihi manèh.”
”Nanging Mas kawuningana, kasedhihaku kuwi mau ora sebab saka mikir
menyang sédané bapak baé Mas, nanging sedhih merga ana sebab liya manèh.”
”Coba kandhakna Dhik, apa sing kok sedhihi mau. Aku sa-iki rak minangka
dadi sesulihing wong tuwa, mula yèn bisa, wajib madhangaké pikirmu sing lagi
bunek lan sedhih. Rak ya ngono ta Dhik, cah ayu?”
”Gething aku Mas, saben-saben panjenengan mesthi mung ngalem baé.”
”La witikna piyé Dhik, apa aku dikon nyacad kowé? Sa-najan alaa dikaya
ngapa, wong seduluré dhéwé, ya mesthi dia-lem becik, ora ana sedulur sing
nyacad alané seduluré dhéwé. Coba saiki kandhakna, apa sing andadèkaké
sedhihing atimu kuwi Sri?” gunemé karo ngelus-elus pundhaké.
”Gawat Mas, gawat banget.”
”É sajaké kowé nyimpen wadi gedhé Dhik.”
”Pancèn bener kaya ngono Mas, malah saupama wewadi iki dakaturaké karo
Kangmas, aku nduweni rasa kuwatir banget.”
”Lho sing dikuwatirké apa Dhik, cah ayu bok aja mbebéda Masmu, ayo
kandhakna.”
”Iya Mas, aku mengko dakmatur sabeneré baé Mas, ora gawé-gawé.”
”O iya mèh lali aku, culna dhisik tanganku, Mas, dak njupuk layang.”
”Layang? Lajang saka sapa?”
”Ah saka sapa manèh, mesthiné ya saka yang-yangané panjenengan.”
Krungu panyengesé adhiné mau R. Susilo rada mangkel Sri Éndah
Wahyuningsih dicekel manèh tangané, karo dijiwit pipiné. Sing dijiwit
bengok-bengok.
”Iki jalukanmu tikna mbebéda, wong aku rumangsa ora duwé yang-yangan jé
diterka.”
Sri Éndah Wahyuningsih budi, karo genti males njiwit. Susilo pringisan
kelaran.
”Yèn pancèn ora kagungan mbok ya uwis ta Mas, ora su-sah duka, mangsa
pipiné wong kok dijiwit sakepénaké dhéwé. Iki rak ana sing duwé.”
”Tikna gawé mangkel. Èh wis ana sing duwé ta. Sapa Dhik?”
”Ya aku dhéwé! Panjenengan mangkel? Ya wis yèn ngono aku ora sida
njupuk layangé Mas.”
”Layang saka sapa ta Dhik?”
”Saka bapak.”
”Saka bapak, dhèk kapan kuwi?”
”Nalika bapak arep séda, banjur dhawuh karo aku, supaya layang sing ana
ngisor bantal diaturaké panjenengan. Aku lali, nembé saiki kélingan.”
”Coba jupuken Dhik. Layang apa kuwi?”
”Embuh, aku ora ngerti, wong ora maca.”
Rr. Sri Éndah Wahyuningsih banjur mlebu ing kamaré. Ora suwé bali teka
manèh karo nggawa layang terus diulungaké kangmasé. Bareng-bareng karo
ngulungaké layang, Sri Éndah Wahyuningsih banjur males manèh, lengené
kangmasé dijiwit seru, terus mlayu menyang njaba, njujug ing patamanan kang
wis lawas ora naté ditiliki, marani kembang gladhiool kang nembé mekar.
R. Susilo bengok-bengok kelaran, arep nututi wis adoh, te-rus mlebu kamar,
arep maca layang mau. Tekan kamar layang terus dibukak diwaca uniné kaya
mengkéné.

Anakku Susilo.
Yèn kowé maca layang iki bapak wis ora ana ing alam donya, bali
menyang ngarsané kang Mahaagung. Sapungkurku kowé dakdongakaké
slamet sakabèhané.
Kajaba saka iku aja pisan ndadèkaké ing kagètmu, aku arep ngandhakaké
sawijining wewadi kang wis lawas banget dakkan-dhut, daksimpen wiwit
sadurungé kowé lair. Sarèhning wis tekan titi mangsané, wewadi mau arep
dakandharaké karo kowé. Aku awèh weruh, sejatiné Sri Éndah
Wahyuningsih mau dudu adhi-mu dhéwé, lan ya dudu anakku dhéwé,
nanging mung anak ang-kat, dadi karo kowé ya mung sadulur angkat.
Enggonku mupu nalika dhèwèké lagi umur 7 dina, déning ibuné banjur
dipasrah-aké aku. Bubar kuwi ibuné Sri banjur tilar donya, Sri dhéwé isih
duwé bapa lan éyang. kabèh isih sugeng. Éyangé malah isih darahing wong
luhur, pensiunan Wedana, asmané RB. Jayèng-subroto, dalemé ana ing
Tamtaman Sala.
Déné mula bukané kuwi mengkéné. Biyèn nalika bapakmu isih
Narayana, duwé pacangan, putri Sala yaiku RA. Tien Tisno-wati putrané
RB. Jayèngsubroto mau. Aku tresna karo dhèwèké, dhèwèké uga nimbangi
tresna karo aku. Nanging banjur wurung, ora dadi, merga ora diparengaké
déning kang ramané, sebab ba-pakmu iki mung wong lumrah baé, dudu
turuning wong luhur. Bapak ditampik mau atiné sedhih banget, tansah ton-
tonen me-nyang RA. Tien Tisnowati ora ana manèh. Kanggo nylamur ka-
sedhihané mau bapak banjur ngumbara nganti tekan Bandung. Ana kana
bapakmu omah-omah olèh putri Sundha, Nèng Dedeh Siti Kurniasih,
putrané Mang Gandaatmaja. Banjur patutan la-nang siji, ya kowé kuwi.
Nanging sayang ibumu banjur tinggal donya, durung nganti bisa momong
kowé. Atiku susah banget, Kowé banjur diemong déning embahmu, yaiku
ibuku ana Sala. Kanggo nylamur kasedhihanku kang sok isih kélingan karo
ibu-mu lan RA. Tien Tisnowati, bapak banjur nerusaké ngumbara manèh,
suwé-suwé nganti tekan Sarangan, Bapak enggoné ngumbara sinambi
nggambar. Nalika bapak pinuju lagi nggam-bar Tlaga Wurung ana
sacedhaking Désa Gumitri, kagèt krungu ana bayi nangis cengar-cengèr
kekejer. Bapak kisruh pikiré, lan welas semu muring-muring karo wong sing
duwé bayi. Suwara bocah nganti nangis kekejer kok ora dieneng-enengi.
Suwara ta-ngising bayi mau banjur dakparani. Kaya ngapa kagèté bapak,
bareng weruh sing duwé bayi mau ora liya RA. Tien Tisnowati, tilas
pacanganku, malah wektu semono lagi nandhang lara. Dhè-wèké banjur
crita, enggoné nganti tekan kono, jalaran minggat saka dalemé sing lanang,
merga banjur disiya-siya lan dimaru, dhèwèké banjur oncat nganti kesurang-
surang tekan Sarangan, dipupu wong désa kono. Jabang bayi mau banjur
dipasrahaké karo bapak dikon ngrumat,, aku saguh, awit RA. Tien Tisnowati
jaréné rumangsa ora kuwat urip dawa, merga larané. Atiku tre- nyuh sedhih.
Bubar kuwi RA. Tien Tisnowati nyata banjur tilar donya. Bo-cah mau
lestari nganti saiki ana tanganku yaiku Rr. Sri Éndah Wahyuningsih. Ya
kaya mengkono mau wewadining lelakon, Sri dhéwé ya wis dakkandhani
bab lelakon iki. Malah bapak nduwè-ni pangarep-arep, kanggo nyambung
kumandhanging katresnané bapak sing wis pedhot ana tengahing dalan,
sebab wurung eng-goné omah-omah karo RA. Tien Tisnowati, daksuwun
bisaa ko-wé tetepa terus gegandhèngan karo Sri ing salawasé, dadi tetim-
bangané urip, kanggo nyambung kumandhanging katresnanku. Dakkira
adhimu Sri ora kabotan minangkani, dadi bab iki mung kari gumantung ana
kowé.
Ya mung iki badharing wewadi mau. Dakdongakaké muga-muga kowé
karo adhimu Sri bisa urip kaya déné mimi lan mintuna.

Bapakmu,
SUKMANA RANUASMARA

Bubar maca layangé bapaké mau R. Susilo kagèt ba-nget, awit ora nyana ora
ngimpi babar pisan, yèn Sri kuwi dudu saduluré dhéwé, nanging mung sedulur
angkat baé.
Nyut R. Susilo banjur kélingan dhèk mau, nalikané dhèwèké arep ngrangkul,
tangané banjur krasa gemeter, atiné ndhre-dheg kaworan tab-taban, iki ta
jalarané. Séjé karo patang taun sing kepungkur, nalikané isih padha kumpul,
mangan bareng dolan bareng, geguyon, cengès-cengèsan, padha ora nduwéni
rasa apa-apa, nanging bareng pisah 4 taun lawasé teka ana daya prebawané, yèn
cedhak rasané dheg-dhegan. Liriking mripaté gawé kumepyuring panon.
”O .................. alah Sri, Sri, tibané kowé dudu sedulurku dhéwé, mung sedulur
angkat. Dadi wewadi sing arep dicritak-aké Dhik Sri dhèk mau, kiraku ya wewadi
iki mesthiné. Mulané dhèwèké tindak-tanduké sajak séjé karo sing uwis-uwis iki ta
jalarané. Panjiwité uga krasa séjé karo panjiwitmu dhèk biyèn- biyèn, rasané luwih
njarem saiki ora ilang-ilang. Adhuh ........... ! Nanging apa, Dhiajeng Sri kersa
nuruti kaya penjaluké wong tuwaku, supaya aku lan dhèwèké bebarengan urip?
Lha go-thèking tangga teparo kepriyé? Ana adhiné teka dipèk bojo.”
Tekan semono gagasané R. Susilo dadi sedhih. Saiki ra-sané kaya wong isin
arep ketemu adhiné mau. Mula nganti su-wé R. Susilo ora wani metu-metu saka
kamaré, tansah ngulur gagasané nganti nglangut. Kosok baliné Sri Éndah
Wahyuning-sih dhéwé ya kaya mengkono, ora wani mlebu ngomah, awit
rumangsa isin ketemu karo kangmasé. Mula nganti suwé eng-goné ana ing
petamanan karo ngresiki tanduran, dhadhané kebak gagasan ora wani
medharaké. Bareng wayahé mangan, Susilo karo Sri tansah padha meneng-
menengan baé, mung padha pandeng-pandengan karo mèsem, sajaké sakaroné
pa-dha krasa, padha rikuhé.
Arep guneman krasa alot ora kawetu, cangkemé kaya di-kunci. Bubar
mangan R. Susilo sing sabené lungguh, ana nga-repan nyawang iwak emas sing
ana aquarium, saiki ora malah terus mlebu kamar. Dené Rr. Sri Éndah
Wahyuningsih dhéwé bubar kuwi terus njupuk réndan, digawa mlebu kamar
lungguh ing ngarep jendhéla ngrénda, nanging ora bisa nyambut gawé, merga
pikiré tansah kisruh. Ngarepaké jam 4 Sri Éndah Wah-yuningsih wis rampung
engoné reresik ngajengan, lan wis nya-wisi wédang kanggo kangmasé, nanging
kangmasé durung katon metu-metu, atiné ora kepénak, gèk wis soré pisan, mula
banjur nékat marani, anguk-anguk ana lawang.
”Mas, Mas, unjukané wis adhem Io, wis soré, wungua.”
Nanging sepi ora ana wangsulané. Sri Éndah Wahyuning-sih banjur alon-alon
mlebu kamar kangmasé kang ora dikan-cing weruh kangmasé isih mujung
kemulan brukut, banjur dice-dhaki karo nékad dioyog-oyog.
”Mas, Mas wungua, wis soré Mas, jaré arep ngejak tindak menyang Kauman,
sida ora?”
R. Susilo ngulèt, ngelèkaké mripaté, bareng weruh adhiné ana sandhingé,
tangané kumlawé terus nyekeli tangané Rr, Sri Éndah Wahyuningsih kenceng
karo mèsem.
”É diaturi wungu teka banjur nyekeli tangan ngéné iki piyé ta jawa-jawané,
aku diarani sapa Mas?” karo nimbangi mèsem.
”Kowé adhiku sing ayu, sing daktresnani Dhik.”
”Wiwit biyèn aku rak ya rayimu ta Mas, teka banjur nga-nyar-anyari temen
panjenengan iki.”
”Bener Dhik, biyèn kowé dakarani adhiku dhéwé, nanging saiki aku lagi ngerti
yèn kowé sejatiné ....................”
”Ya tetep adhiné Mas dhéwé.” panugel gunemé Rr. Sri Én-dah Wahyuningsih
karo mèsem ngujiwat.
”Bener Dhik, nanging adhik sing ketemu wis gedhé.”
”Lho, Iho panjenengan iki nglindur apa piyé Mas, wiwit cilik biyèn aku rak
terus padha kumpul, teka saiki ngendika adhi ketemu wis gedhé kuwi kepriyé?”
”O ............. adhiku cah ayu, aku saiki ora bisa pisah karo kowé Dhik.”
”Lho sing ngendika arep pisah kuwi sapa Mas, wong aku ya ora rasan-rasan
kaya ngono.”
”Tenan apa Dhik? Apa kowé ora kondur menyang Sala?”
”Sala dalemé sapa Mas, wong omahku ya ana kéné iki wiwit biyèn?”
”Yah mbok aja nambuhi ta Dhik, wong swargi bapak ya wis crita karo kowé,
yèn kowé isih duwé éyang ana Sala.”
Krungu kaya ngono Rr. Sri Éndah Wahyuningsih tumung-kul ora bisa
mangsuli, atiné karanta-ranta, kélingan swargi ibu-né, swargi bapa angkaté. Malah
kaya-kaya isih keprungu ma-nèh pangandikané bapaké angkat nalika arep seda
mau meng-kéné :
”Sapungkurku sing ngati-ati ya Ndhuk, Masmu Susilo aja koktukari marga wis
lola, lan dakjaluk kowé sakloron bisaa lestari urip bebarengan.”
Weruh Rr. Sri Éndah Wahyuningsih kaya mengkono mau R. Susilo banjur
ngrangkul karo celathu lirih mangkéné:
”Dhik, apa kowé setuju karo welingé bapak sing pungkas-an mau cah ayu?”
Rr. Sri ora bisa mangsuli, mung banjur manthuk lan terus ngumpetaké rainé
ing dhadhané R. Susüo. R. Susilo gedhé banget atiné.
”Dhik, dhik, tangia, aku arep takon. Kapan enggonmu so-wan éyang menyang
Sala?”
”Embuh Mas, aku durung bisa matur, marga pikirku ing wektu saiki isih
bingung lan sedhih.” wangsulané Rr. Sri Éndah Wahyuningsih karo ngangkat
sirahé.
”Nanging saupama wis sowan, rak banjur énggal-énggal bali mréné manèh ta
Dhik?”
”O mesthi Mas, aku dhéwé emoh yèn didawuhi éyang su-paya ana Sala.
Kejaba kuwi Kangmas dhéwé rak ora énggal-énggal kondur manèh menyang Yoja
ta? Omah kéné rak suwung.”
”E ya bali nyang Yoja Dhik, yèn bisa lulus telung sasi eng-kas aku wis bisa
mulih mréné.”
”Ya sukur Mas, muga-muga baé Kangmas lulus.”
”Ketrima banget Dhik, ya muga-muga kaya ngono.”
”Lha Kangmas kapan konduré menyang Ngayoja?”
”Kiraku telung dina engkas Dhik. Yèn ngono becik apa bareng baé?”
”Ora Mas, aku arep ngentèni yèn wis 40 dinané bapak baé, lagi gelem lunga.”
”Ya sukur yèn ngono. O iya; pasarèané swargi ibu rak ana Désa Gemutri ta Dhik,
sadurungé aku mulih menyang Yoja aku kepéngin arep nyekar dhisik mrana,
aku terna ya Dhik, perluné bèn olèh pangèstuné.”
”Iya becik Mas. Yèn ngono beciké tindak sésuk-ésuk baé Mas, mengko soré
B. Yoto dakkon tuku kembang lan menyan.”
”Ngono ya becik Dhik. Saiki aku arep takon manèh karo kowé, iki mung
saupama lo.”
”Apa Mas?”
”Saupama éyangmu ora marengaké yèn kowé arep omah-omah karo aku
kepriyé Dhik? Sebab swargi bapak ya ngono ora diparengaké.”
”O bab kuwi aja sumelang Mas, aja kuwatir manèh karo adhimu iki, ora-orané
yèn adhimu arep niru kaya lelakoné ibu sing banjur kaya mangkono dadiné.”
”Yèn éyangmu meksa.”
”Dakduwa. Karo manèh salawasé aku urip durung naté da-di gawené éyang.
Mula bab iki ora susah dipenggalih dawa, percayaa baé karo aku. Gajah belang
wedi semut, pejah ge-sang badhé tumut. Wis, wis Mas ayo kana énggal sirama,
am-buné isih wengur ngéné jé, karo manèh wédangé rak wis kaya asalé.”
R. Susilo bungah, banjur mlumpat nyaut andhuk lan gosok gigi, terus mlayu
menyang kamar mandhi. Rr. Sri Éndah Wah-yuningsih mung nyawang karo
mèsem seneng. Bareng R. Susilo wis ora katon, Rr. Sri Éndah Wahyuningsih
ngresiki peturoné R. Susilo ditata apik mengkono uga méja tulisé lan vaasé diganti
kembang sing nyegeraké dipethikaké saka kebon kang dipatut karo kahanané
kamar kono.

V. PUNGKASANING LELAKON.
Let setaun.
Sawijining montor Zodiac Sédhan modhèl 1957 kang ma-wa ciri gambar gelas
ngadeg digubed ula, mlaku alon-alon me-ngétan ninggalaké Kutha Magetan,
tumuju menyang Madiun. Sing nyetiri sawijining nonoman kang katon bregas,
sembada pawakané. Penganggoné clana flanèl lan hèm putih lengen dawa, mawa
dhasi biru. Sisihé kenya kang ayu luwes gandhes pawakané cilik ramping singset
weweg, panganggoné klambi sutra biru kembang putih ceplok-ceplok, jarité
Gandasuli, teka muwuhi pantesé. Lungguhé mèpèt kaya ora kena pisah.
Déné sing lenggah ana buri priyayi sekaliyan wis sepuh, sing kakung umuré
bangsané 70 taun déné sing putri 60 taun. Priyayi sing nunggang motor mau ora
liya Dr. Susilo karo Rr. Sri Éndah Wahyuningsih kang, saki wis dadi garwané
nembé olèh 3 sasi, dadi nedheng-nedhengé sih padha pepasihan. Di-na iku
nembé mulih nyekar saka pasaréyané ibuné sing putri lan bapaké kakungé. Déné
priyayi sepuh kakung putri mau ora liya RB. Jayèngsubroto sekaliyan, kang saiki
dalemé pindhah ana Magetan, nunggoni dalemé Dr. Susilo, amarga Dr. Susilo wis
benum ana RSU Madiun, soré nyambi praktèk ana omah, antarané jam 5–6, déné
yèn ésuk dhines ana Rumah Sakit Umum.
Dr. Susilo mau spésial ahli penyakit dhalam, dalemé ana ing JI. Lawu. Déné
Rr. Sri Éndah Wahyuningsih wis ora mu-lang manèh, saiki netepi dadi wanita
sejati ngurusi balé omah. Enggoné jejodhoan tansah atut-runtut, mong-kinemong,
tata tentrem. Sayang banget déné wong tuwané wis ora padha menangi
katentremaning para putrané. RB. Jayèengsubroto dhéwé saiki penggalihé wis
séjé banget karo biyèn, mbokme-nawa ngèmuti menyang tindaké sing uwis-uwis,
akèh klèruné, nganti gawé korbané putrané dhéwé. Ya ngelingi sing kaya
mengkono mau RB. Jayèngsubroto banjur éling, rumangsa ke-duwung banget.
Apa manèh bareng krungu critané wayahé, nalika nyritakaké lelakoné ibuné,
enggoné nganti kesurang-surang, wiwit dhèwèké lair banjur diopèni becik-becik
déning R. Sukmana nganti bisa kaya mengkono, penggalihé RB. Ja-yèngsubroto
krasa trenyuh, nganti panjenengané muwun se-dhih banget. Wong kang biyèn
dianggep asor drajaté, tibané kaya berléyan, luhur bebudèné. Kosok baliné wong
kang biyèn dianggep luhur drajaté tibané asor bebudèné lan nistha tin-daké.
Sayang banget déné wong sing luhur bebudèné mau wis ora ana. RB.
Jayèngsubroto rumangsa getun, getun banget.
Ya kaya mengkono mau wolak-waliking bebudèning ma-nungsa. Apa manèh
bareng pirsa bebudèné wayah mantuné, Dr. Susilo kang gedhé banget
kesosialané dhemen tetulung karo wong miskin, penggalihé saya keranta-ranta
banget. Ya wiwit iku panjenengané banjur kersa diboyong menyang Ma-getan
diaturi lenggah ana kana tengga dalem ngiras nyedhaki wayahé, awit sing putri
ora bisa pisah karo wayahé, kang pra-upané presis banget karo putrané sing wis
ora ana.
Saben seminggu sepisan Dr. Susilo sekaliyan sowan me-nyang Magetan
ngiras ngasokaké salira.
Nuju sawijining dina, wiwit jam 10 esuk nganti tekan jam 3 soré, udané terus-
terusan ora ana mendhané, gèk gedhé gèk cilik, tur mawa angin. Ing ngendi-endi
katon samun. Dalan-dalan padha katon sepi, mung ana tetunggangan siji loro sing
katon, lakuné rerikatan.
Bengawan Madiun banjir, nganti mèh sundhul kreteg Nam-bangan. Swarané
kemrasak nggegirisi. Ya kaya mengkono ka-hanané Kutha Madiun, yèn pinuju
rendheng, nganti ana sawe-nèhing dalan sing wujudé malih dadi kali. Yèn pinuju
mangsa kaya mangkono wong lara tambah akèh, mula para dhokter-dhokter
padha ribut répot mènèhi pitulungan. Jam 4 soré iku sanajan durung terang ing
omahé Dr. Susilo wis akèh pasièn kang padha teka mrono, nganti wis ana wong
30. Wong se-mono mau larané ya rupa-rupa, ora padha kabèh. Wektu iku Dr.
Susilo isih ngaso merga, konduré dhèk mau ya wis lat nganti mèh jam 3 nembé
bisa kondur, merga wong lara ing RSU akèh ora kaya sabené. Bareng jam 5
nembé bukak. Pasi-èné wiwit saka siji-siji dipriksa kanthi tlesih. Ana sing diwènèhi
suntik ana sing diwènèhi resèp, lan sapanunggalané, manut karo lara-larané.
Pembantuné bidhan loro ya ribut kabèh, sing siji ngréwangi Dr. Susilo, mriksa
pasièn, sing siji nulisi jenengé pasièné. Nganti jam 9 bengi durung rampung, isih
ana pasièn 4 sing durung dipriksa. Bareng ngarepaké jam 10, kari pasièn siji,
yaiku sawijining wong lanang kang katon ngrekasa banget lakuné, merga nahan
larané.
”RM. Mangkusumbaga.” mengkono pangundangé Dr. Su-silo karo pasièné.
”Ya Pak Dhokter.”
Wong lanang mau mlebu, lakuné ngrekasa banget, nganti mèh tiba, tujuné
bisa cekelan lawang. Praupané katon pucet banget, wong mau banjur mapan
lungguh ana sangarepé Dr. Susilo.
”Panjenengan ingkang asma RM. Mangkusumbaga.” pita-koné Dr. Susilo.
”Inggih Dhokter.” wangsulané wong mau.
”Yuswa 58 taun.”
”Inggih.”
”Dalem ing Kejiwan.”
”Inggih.”
”Gerahipun sampun dangu?”
Wong mau rada isin anggoné arep mangsuli, mula mung tumungkul. Dr.
Susilo wis ngerti.
”Sampun dangu gerahipun? Sampun pinten wulan?”
”Inggih. Sampun setengah taun.”
”Ah sayang, teka nembé sapunika dipunpriksakaken.”
”Inggih, amargi namung kula jampèni obat jawi.”
”Mangga tindak mlebet wonten kamar punika, badhé kula priksa.”
Wong mau kanthi ngrekasa ditulungi déning bidhan, ditun-tun mlebu kamar.
Bubar kuwi bidhan metu manèh.
”Kula aturi lukar agemanipun, lan saréan wonten dhipan punika.”
Wong mau banjur cucul penganggo lan banjur mapan tetu-ron ana ing dhipan.
Dr. Susilo njupuk piranti kanggo mriksa. Badan sakojur dititi-priksa kabèh kanthi
tlesih, ora ana sing kliwatan. Bareng wis rampung anggoné mriksa Dr. Susilo gè-
dhèg-gèdhèg, awit wong mau lara sipilis wis lawas banget. Tatuné wis jero
mbebayani.
”Bapak badhé kula pompa.”
”Inggih Dhokter.”
Dr. Susilo banjur tumandang gawé, wong mau banjur wiwit dipompa, katon
nahan larané. Bareng wis bubar dipompa ban-jur disuntik, lan diwènèhi resèp.
”Seminggu malih Bapak kedah tindak mriki, badhé kula priksa malih. Jampi
resèp punika dipununjuk sedinten kaping tiga.”
”Inggih Dhokter.”
Bubar kuwi wong mau banjur metu, lakuné isih ngrekasa. Bareng pasièné wis
entèk, Dr. Susilo nembé bisa ngaso. Sa-wisé rampung ngumbah tangané, banjur
mlebu menyang da-lem, weruh sing putri lagi ngrénda taplak méja karo ngru-
ngokaké radhio, uyon-uyon kang swaraning pesindhèné nga-nyut-anyut ndudut
ati, gawé angles. Sri Éndah Wahyuningsih gita-gita banjur menyat methukaké karo
mèsem. Gapyuk Dr. Susilo ngrangkul sing putri, ngaras bathuké.
”Durung saré Jeng?”
”Durung Mas, apa wis rampung?”
”Wis Jeng nembé baé.”
”Lha mbak Sri karo Dhik Hariyati apa wis kondur?”
”Ayaké durung Jeng, lagi tata-tata lan resik-resik.” Mang-suli ngono Dr. Susilo
karo mapan lungguh ing sandhingé gar-wané, nuli ngombé wédang rong sruputan,
banjur ngrokok.
”Dhaharé wis ditata Mas.”
”Mengko dhisik Jeng, dak ngaso sawetara. Lha sliramu wis dhahar apa
durung?”
”Durung Mas, wong tengga panjenengan.”
”Ah suk menèh aja ditunggu Jeng, dhahara disik, ora dadi apa.”
”Aku durung krasa luwé kok Mas.” wangsulané sing putri karo mèsem.
”Mas, Mas, uwis ana semingu iki sirahku tansah krasa mu-met baé.”
sambungé gunemé.
”Dhahara pil abang kaé Jeng.”
”Uwis Mas. Ketambahan manèh, weteng tansah muneg-muneg, sajak kaya
arep muntah ngono kok Mas. Awak lemes, kesenenganku bangsaning sing kecut-
kecut.”
Krungu wangsulané sing putri kaya mengkono mau Dr. Susilo mèsem, sing
putri dirangkul.
”O kuwi dudu lelara Jeng, nanging sliramu lagi ................... nyidham.”
”O .............. ” wangsulané sing putri karo genti ngrangkul kakungé.

Dina Minggu jam 9 esuk.


Dalemé Dr Susilo katon regeng lan ramé.
Ing ngarepan diwènèhi tarub, kebak isi kursi lan méja cilik, tharik-tharik tinata
rajin. Saben méja diwènèhi vaas kang isi kembang manéka rupa.
Tratagé dipajang ing buntal abang putih pating klawèr, sa-ka pojok menyang
pojok, tengah-tengah bener digandhuli plembungan kang rupané abang ijo lan
wungu, saya gawé asri-ning pandulu. Tamu-tamu wiwit padha rawuh, kakung putri,
pa-dha macak bregas-bregas. Tamuné saya akèh, pating dlidir te-kané, nganti
kursi-kursi kang mauné kosong dadi kebak tamu kabèh. Tamu putri ana njero
pendhapa, déné tamu kakung ana njaba pendhapa.
Dr. Susilo sekaliyan ribut anggoné ngacarani tamu, ulaté sumèh mbagekaké
sing lagi padha rawuh. Swaraning bocah-bocah saya ramé, padha playon
geguyon, jilung-jilungan, nga-lor-ngidul muwuhi regenging pasamuan kono. Dr.
Susilo ing di-na iku lagi kagungan gawé mitoni, sing lagi mbobot wis 7 sasi.
Tamuné ora mung para kanca-kanca RSU baé, dalasan para tilas pasièné,
sing padha krungu ya padha mrelokaké te-ka, mula tamuné ya campuran, ana
bangsa Tionghoa, Arab, In-dhia, lan liya-liyané, dhasar Dr. Susilo pancèn
sawijining wong sing akèh kenalané lan tepungané dalasan P. Amin saka Toko
Buku ”PAJACo" Pasar Besar ya mèlu rawuh.
RB. Jayèngsubroto, mèlu nemoni tamu ana ngajengan dé-né R. Ngt.
Jayèngsubroto lagi ribut tata-tata sajén ubarampéné wong mitoni. Ora suwé
pasugatan metu, unjukan lan dhedha-haran komplit, diladèkaké para sinoman.
Tamuné isih pating dlidir teka. RM. Mangkusumbaga uga mrelokaké teka, awit ru-
mangsa kapotangan kabecikan larané wis mari. Saiki lakuné wis bisa gagah
manèh, ora nganggo teken. Mangka sejatiné anggoné ikhtiyar dhokter wis akèh,
nganti ana dhokter 5. Na-nging meksa ora ana kasilé. Bareng dicekel Dr. Susilo
bisa ke-tulungan, larané bisa waras blas. Ya merga saka iku RM.
Mangkusumbaga banjur mrelokaké teka, bareng krungu yèn Dr. Susilo lagi duwé
gawé mitoni sing putri. Nanging sepira ka-gèté RM. Mangkusumbaga bareng teka
weruh sing mbagèk-aké tamu mau. Sanalika awaké krasa ndhredheg semu wedi,
nganti ora bisa jumangkah, mandheg kaya tugu sinukarta. Ko-sok baliné RB.
Jayèngsubroto bareng weruh tamuné sing lagi teka uga kagèt, karo mencereng
paningalé tanpa kedhèp nga-wasaké tamuné, kang ora liya RM. Purwodirjo tilas
mantuné.
”Rama, kok wonten ngriki?” mengkono gunemé lirih nga-wasaké RB.
Jayèngsubroto.
RB. Jayèngsubroto ora mangsuli saking kagèté, lan kaga-wa saka nahan
dukané. Awit bareng pirsa yèn tamuné mau ti-las mantuné dhéwé, penggalihé
sanalika duka banget. Na-nging ora kawistara lan diampet merga lagi ana ing
pasamuan, kanggo njaga supaya jenengé wayahé ora katut ala.
Dr. Susilo kang lagi manggihi Pak Wedana, bareng weruh kahanan sing kaya
mengkono mau rada kagèt déné éyangé teka sajak kaya lagi duka, bareng pirsa
RM. Mangkusumbaga tilas pasièné. Mula banjur menyat nemoni tamuné sing lagi
rawuh mau.
”O Bapak Mangkusumbaga sami sugeng? Mangga pinarak mriki Pak.”
mengkono pambagéné Dr. Susilo karo tamuné.
Nanging tamuné sajak ora krungu, malah sanalika iku uga RM.
Mangkusumbaga banjur dadi ambruk ora éling, wusana dadi bayangan wong
akèh.
Trengginas Dr. Susilo tumandang, tamuné banjur énggal-énggal didhabyang-
dhabyang digawa menyang kamar peprik-san.
Tamu-tamu kang mauné padha panik banjur bali lenggah manèh. Déné RB.
Jayèngsubroto terus mlebu ing dalem.
Sawisé dipriksa lan diupakara déning Dr. Susilo, tamuné banjur bisa éling.
”Kénging punapa Pak?” pitakoné Dr. Susilo.
”O Nak, boten punapa-punapa, namung saking kagèt kemawon.”
”Sukur yèn ngaten, kula kinten gerahipun kimat malih.”
”Boten Nak, boten...”
”Menawi makaten prayogi kagem lerem rumiyin wonten ngriki Pak.”
”Punapa kepareng Nak?”
”Kepareng sanget Pak, malah prayogi ngaso rumiyin. Nyu-wun pangapunten
inggih Pak, kula badhé, manggihi tamu rumi-yin.”
”O mangga Nak, mangga.”
Dr. Susilo metu, banjur manggihi tamu.
Saungkuré Dr. Susilo RM. Mangkusumbaga kang ora liya RM. Purwodirjo
atiné krasa ora kepénak banget, awit weruh ti-las marasepuhé teka dadi ana ing
kono, nemoni para tamu-tamu, sajak ana gegayutané karo Dr. Susilo.
”Apa sebabé panjenengané ana kéné? Apa isih pamili ka-ro Dr. Susilo?” kaya
mengkono gagasané R.M. Purwodirjo karo teturon.
”Adhuh isinku. Adhuh wirangku, saupama Dr. Susilo nganti ngerti menyang
lelakonku dhèk biyèn raiku dakdèkèk ana ngendi?” mengkono sambungé
gagasané.
Lagi tekan semono gagasané, kagèt weruh RB. Jayèng-subroto sekaliyan
mlebu mrono. RM. Purwodirjo banjur énggal-énggal menyat, nyungkemi padané
RB. Jayèngsubroto.
”Adhuh Rama, kula boten nginten sanget menawi badhé pinanggih kaliyan
Rama Ibu wonten ngriki. Putra nyadhong de-duka, sakathahing kalepatan nyuwun
pangaksama.” Mengko-no aturé karo tawan-tawan tangis.
”Wis lawas banget kowé dakgoleki, saiki nembé ketemu ana kéné.”
”Putra nyadhong deduka ingkang kathah Rama, putra ru-maos sampun lepat.”
”Luput? Saiki kowé ngakoni kaluputanmu ana ngarepku lan ibumu. Lha
bojomu saiki ana ngendi?” wangsulané R. B. Jayèngsubroto nahan dukané.
”Kula boten sumerep Rama?”
”Kowé ora weruh? Ah ora pantes banget tindakmu kuwi, karo bojoné ora
ngerti. Yèn wis ora dhemen rak dibalèkaké ka-ro wong tuwané. Apa biyèn
anggonmu ngepèk bojomu kuwi ana tengahing dalan.”
”Adhuh Rama, kula sampun ngrumaosi lepat ageng dha-teng ingkang putra.”
”Luput, luput marga saka tindakmu kang kokjarag kokgawé dhéwé. Bojomu
kok siya-siya, nganti lunga marga ora kuwat weruh tindakmu sing ora patut,
ngerti!”
”Inggih Rama, kula sampun ngrumaosi dosa sanget.”
”Saiki kowé ngrumangsani dosa, nanging dhèk biyèn ke-priyé? Saiki ana
ngendi bojomu?”
”Dalem boten sumerep Rama, sampun pinten-pinten taun anggèn kula
madosi dhateng Dhiajeng Tien, nanging ngantos sapriki boten saget pinanggih
Rama.”
”Mbok kokgolèki nganti tekan jagat kulon wétan mangsa bakal ketemua ora,
kejaba yèn kokgolèki menyang akhérat, bisa ketemu.”
”Punapa Dhiajeng Tien sampun séda Rama?”
”Patut banget kowé ora ngerti amerga atimu sing kapan-jingan sétan!”
pangandikané saya tambah duka.
”Iya, bojomu wis ora ana.” mengkono pangandikané R. Ngt. Jayèngsubroto
nyelani gunem.
”Adhuh Dhiajeng!” sambaté RM. Purwodirjo kagèt.
”Wis ora perlu kowé sambat barang, ora ana gunané. Ya kuwi pikolèhé wong
lanang kang daksiya karo bojo, ora sumbut karo dhèk nalika kowé arep ngepèk
tansah ngarih-arih. Tindak-mu sing ora patut iki mung arep gawé curemé wong
tuwamu, sing saturun-turuné ora tahu nduwèni tindak sing kaya kowé, banget
nisthané, banget asoré.”
RM. Purwodirjo nangis krungu pamelèhé mara sepuhé mau.
”Dhuh Rama kula sampun ngrumaosi dosa sanget, ing-kang punika kula
nyuwun sih pangapunten ingkang ageng sa-nget Rama.”
”Aku ora bisa mènèhi pangapura karo kowé, awit kowé do-sa pati, mula
njaluka pangapura karo Kang Mahakuwasa.”
”Adhuh Rama yèn kados makaten, kula purun dipunpe-jahana kémawon.”
Weruh kahanan sing kaya mengkono mau, R. Ngt. Ja-yèngsubroto welas
banget, banjur paring pangandikan mang-kéné:
”Anakku Purwo, sing wis ya uwis, mula bésuk manèh sa-mubarang gawé iku
kudu kokpikir dhisik, aja dhemen grusa-grusu, ya kaya mengkéné iki pikolèhé.”
”Matur nuwun sanget Ibu, sadaya dhawuh pangandika-nipun Ibu badhé dalem
candhi, badhé dalem estokaké sanget. Dados yèn makaten pejahipun Dhiajeng
Tien punika sampun dangu Ibu?”
”Uwis sepréné wis mèh 23 taun, aku dhéwé ya ora ngerti, ajaa anakmu sing
crita.”
Krungu tembung anakmu kaya mengkono RM. Purwodirjo kagèt banget.
”Lho anak kula Ibu? Sinten punika?”
”Ya anakmu dhéwé. Nalika bojomu lunga, biyèn rak lagi ngandhut banjur lair
metu wadon. Ibuné bareng wis nglairaké jabang bayi nembé umur seminggu
banjur tinggal donya, anak-mu banjur dirumat déning R. Sukmana, kang dilalah
bisa kete-mu karo bojomu. Anakmu dimong nganti gedhé.”
”Lajeng R. Sukmana samenika wonten pundi Ibu?”
”R. Sukmana uga wis tinggal donya, bareng anakmu wis umur 20 taun.”
”Adhuh ................ ! Lajeng anak kula samenika wonten pundi Ibu?”
”Andadèkna sumurupmu anakmu kuwi ya garwané Dr Su-silo kang lagi
dipitoni iki. Déné Dr. Susilo iku putrané R. Suk-mana.”
”Adhuh Ibu, kula boten nginten babar pindhah dados yèn mekaten, Dr. Susilo
punika dados anak mantu kula piyambak.”
”Iya bener kaya mengkono.”
”Adhuh Gusti, mugi-mugi paringana pangapunten dhuma-teng badan kula.
Kula teka kepéngin sanget badhé pinanggih kaliyan anak kula.”
”Kuwi gampang. Mapan saiki kowé ya ana omahé. Meng-ko dakkandhanané.
Mula kowé beciké metua njaba dhisik ne-moni tamu.”
”Adhuh Ibu, dalem boten saget ngglawat, badan kula ru-maos pepes sanget
sareng mireng sadaya dhawuhipun Ibu.”
”Yèn kaya mangkono beciké ya wis ana kéné baé, karep-bèn aso pikiranmu.
Mengko anakmu dakundangé mréné baé.”
”Inggih Ibu, inggih.”
RB. Jayèngsubroto sekaliyan banjur metu perlu nemoni ta-muné. Sapungkuré
RB. Jayèngsubroto sekaliyan, RM. Purwo-dirjo atiné saya ora karu-karuan awit
rumangsa dosa gedhé banget. Patiné RA. Tien merga saka tindaké dhéwé, kang
tan-sah nuruti marang kreteging hawa napsuné, nguja marang ka-murkan. Bojoné
kang banget bektiné digawé lara atiné sete-mah banjur nemahi lelakon sing
nyedhihaké, dadi lan jalaran-ing patiné: Kabèh-kabèh mau saka tindaké dhéwé,
kasalahané dhéwé, Paribasan: utang pati kudu nyaur pati, utang wirang kudu
nyaur wirang. Nyut .......... gagasané dadi ngambra-ambra banget, wewayangané
RA. Tien kang wis 23 taun, ilang, banjur katon gawang-gawang ana mripaté, kaya-
kaya lagi ngadeg ana ngarepané, ngelèhaké tindaké sing ora becik.
”Dhuh Gusti mugi-mugi banjuten kémawon nyawa kula, ti-yang ingkang boten
pantes gesang malih wonten ing alam do-nya. Kula lega lila éklas kabanjuta
kémawon, katimbang nde-dawa wirang.”
Kaya mengkono sambaté RM. Purwodirjo. Saking sedhihé awaké nganti
krasa geter-geter, pikiré bingung.
”Aku ora pantes urip dawa manèh, saiba bakal curemé anakku sakloron, kang
jenengé wis ngambar wangi, arum, tur kajèn kèringan ing sapadha-padhané. Balik
aku dadi lelethek-ing jagad. Aku rumangsa wirang karo R. Sukmana, wong kang
luhur budiné, kang wis naté dakgawé ala, dakdakwa laku sè-dhèng karo RA. Tien.
Tibané malah gedhé banget lelabuhané. Gelem ngrumat anakku nganti dadi wong
tuwa. Apa manèh anak mantuku dhéwé, Dr. Susilo, gedhé banget pitulungané
karo aku. Warasé laraku saka dhèwèké. Nanging aku.. .... aku sawijining wong
sing ora patut ditulung. Dosaku akèh banget. Adhuh .......... ora ana gunané aku
urip iki. Dhuh Dhiajeng Tien, Dhiajeng Tien. Sakèhing luputku aku njaluk
pangapura, dosaku bakal daktebus kanthi nyawaku, aku utang pati karo kowé, aku
wajib nyaur pati.”
Tekan semono RM. Purwodirjo saking sedhihé banjur semaput ora éling, tiba
kantaka.
Jam 12 kliwat para tamu nembé padha bubaran. Dr. Susilo nembé éling, yèn
duwé tamu siji tilas pasièné lagi lara, ana ka-mar pemriksan. Mula bareng tamuné
wis padha kondur kabèh, banjur niliki tamuné menyang kamar pemriksan.
Nanging sepi-ra kagèté bareng weruh tamuné mau tinemu wis jerbabah ana
jogan, sirahé adus getih. Nuli énggal-énggal dicandhak dijun-jung diturokaké ing
dhipan. Dr. Susilo rada bungah awit keteg-ing jantung isih ana, dadi isih ana
pangarep-arep bisa katu-lungan. Dr. Susilo banjur cancut tali wanda awèh
pitulungan karo RM. Mangkusumbaga disuntik Dr. Susilo nunggoni ana sandhingé
lungguh ing kursi, karo nggagas tamuné.
Ora suwé RB. Jayèngsubroto sekaliyan diiringaké Rr. Sri padha mlebu mrono.
RB. Jayèngsubroto sekaliyan kagèt we-ruh sirahé RM. Purwodirjo diperban.
”Iki apa jawa-jawané Putu?”
”Dhuh Éyang, saged ugi kala wau semaput malih, lajeng dhawah. Sirah
ketatap lingir dhipan.”
”Tatuné ora bebayani?xx”
”Boten Éyang, punika kala wau sampun kula suntik, lajeng saged saré.”
”Ya sukur Putu. Kéné padha mapan lungguh cedhak kéné arep, dakdongengi
bab tamu iki, awit tamu iki isih ana gegayut-ané karo kowé Putu, apa manèh karo
putuku Nduk Sri bojo-mu.”
”Gegayutan punapa Éyang?”
”Ya wis rungokna dhisik, mengko rak padha ngerti.”
”Manawi ngaten Éyang sampun tepang kaliyan tamu puni-ka?” aturé Dr.
Susilo.
”O luwih déning kenal banget Putu. Putu kok ya wis ke-nal?”
”Sampun Éyang awit tamu punika tilas pasièn kula.”
”O ngono ta, jenengé sapa?”
”RM. Mangkusumbaga Éyang.”
”RM. Mangkusumbaga! O....... la iya ta, wong jeneng mono kena molah
malih. Upamané Si Suta dadi Si Dhadhap Si Naya Si Waru mengkono sabanjuré.
Déné sing bener tamumu iki jenengé RM. Purwodirjo, wong pancèn isih daging
kulitku dhé-wé, malah, iya mantuku.”
”Putra mantunipun Éyang? Ngendikanipun Éyang namung kagungan putra
satunggal, inggih punika ibunipun keng wayah Sri, ingkang sampun séda.”
”Kuwi bener Putu. Mula Kowé sakloron aja kagèt, tamuné iki ora liya ya
garwané ibumu Ndhuk Sri, utawa bapaké bojomu Sri kuwi.”
Rr. Sri Éndah Wahyuningsih kagèt, mengkono uga Dr. Su-silo.
”Kados pundi Éyang, dados RM. Mangkusumbaga punika tiyang sepuh kula?”
aturé Rr. Sri kanthi trataban.
”Iya bener Putuku Sri cah ayu. Jenengé sing bener RM. Purwodirjo, garwané
ibumu Tien.”
”Adhuh Éyang, dados punika bapak kula piyambak.”
”Iya bener wong tuwamu dhéwé, sing ngukir jiwa ragamu Putu.”
Rr. Sri njerit karo ngrungkebi RM. Purwodirjo sing durung éling.
Déné Dr. Susilo mung kamitenggengen marga saka gu-muné, awit ora nyana
babar pisan yèn bakal ana lelakon sing kaya mangkono.
Panjeriting Rr. Sri mau gawé kagèté sing lagi kantalaxx, ban-jur ngelèkaké
mripat, wusana weruh yèn lagi dirungkebi déning sawijining kenya. Kaya ngapa
kagèté RM. Purwodirjo bareng weruh praupané kenya sing ngrungkebi mau kang
persis kaya jambé sinigar karo garwané sing wis ora ana, mung kacèk nom karo
tuwa.
”O .... Rama, sinten ingkang ngrungkebi badan kula punika Rama?”
”Ya kuwi anakmu dhéwé garwané Dr. Susilo.”
”O Ndhuk tibané, kowé anakku dhéwé,” karo ngrangkul Rr. Sri kang isih
nangis.
”Tangia Ndhuk tangia. Ya iki ala-ala wong tuwamu Ndhuk, luputku baé sing
gedhé pangapuramu.”
Rr. Sri banjur menyat karo ngusabi luhé.
”Wiwit kowé isih ana kandhutané ibumu lagi patang sasi, ibumu oncat, jalaran
saka tindakku sing ora becik. Bareng saiki aku ketemu kowé, wis dadi wong tuwa
kaya ngéné Ndhuk, ibumu wis ora ana, kowé ora nyumurupi.”
”Inggih Bapak, sampun dipun-galih panjang-panjang, awit sadaya tiyang
gesang punika tentu anggadhahi lepat.”
”Kuwi bener Ndhuk, nanging luputé bapakmu iki gedhé ba-nget, ora kena
dingapura, utang wirang nyaur wirang, utang pati nyaur pati.”
”O sampun makaten Bapak, sadaya-sadaya wau saweg kanggé lelampahan,
saking kersaning Ingkang Mahakuwaos.”
”Iya Ndhuk, iya. Nak Dhokter Susilo, kula namung badhé titip dhateng anak
kula, mugi-mugi samia manggih karaharjan. Kula dongakaken sageda lulus tanpa
wonten punapa-punapa. Sakathahing kalepatanipun pun Bapa, nyuwun gunging
panga-punten.”
”Inggih Pak sami-sami.” aturé Dr. Susilo.
”Matur nuwun Nak, déné Anak sampun kersa paring pa-ngapunten dhateng
badan kula. Adhuh ................ Rama saha Ibu, sakathahing kalepatan, dalem
nyuwun pangaksami.”
”Ya wis ora dadi apa. Kowé wis dakwènèhi pangapura. Mula suk manèh aja
kokpindho.”
”Inggih Rama, matur sembah nuwun.”
”Prayoginipun Rama sapunika saréan rumiyin, supados lerem panggalihipun.
Anu Jeng, Bapak diaturi pindhah saré ana kamar lor baé.”
”Matur nuwun Nak Dhokter, wonten ngriki kémawon sam-pun sakéca.”
”Kirang prayogi Pak, awit punika kamar pepriksan. Mang-ga ta kula
dhèrèkaken.”
”Inggih mangga Pak, saré wonten dalem kémawon. Mang-ga kula
dhèrèkaken,” aturé Sri Éndah Wahyuningsih.
RM. Purwodirjo banjur didhabyang-dhabyang déning Dr. Susilo mlebu
menyang kamar, kang wis ditata déning sing putri.
"Sampun Bapak kagem ingkang sakéca kémawon, kada-mela kados wonten
dalemipun piyambak.”
”Inggih Nak, inggih matur nuwun.”
Sawisé iku kabèh banjur padha ninggalaké kamar. RM. Purwodirjo kari ijèn.
Penggalihé karanta-ranta banget, ngèlingi tindaké kang ora patut. Ya bener
kabèh-kabèh wis awèh pa-ngapura, nanging tumrap RM. Purwodirjo dhéwé,
dosané ora bisa dingapura. Apa manèh karo putra mantuné, yaiku Dr. Su-silo,
penggalihé rumaos wirang lan isin banget.
Gagasané saya nglambrang nglangut adoh banget, nganti sundhul ing langit.
Penggalihé wis mantep tetep arep nebus dosané. Nyut ...... banjur katon gawang-
gawang wewayangané RA. Tien Tisnowati ana ngarepé, kang lagi ngelèh-eIèhaké
tin-daké. Jenggirat RM. Purwodirjo menyat, marani lemarèn obat kang ana
ndhuwur méja. Mripaté mancereng, karo ngiling-ilingi itikèté botol-botol. Wusana
sing digolèki ketemu. Mak ceg, as-tané ndhredheg nyandhak botol sublimat.
Penggalihé saya pe-teng.
”Aku kudu wani nebus dosaku. Utang pati nyaur pati. Uta-wa manèh kanggo
njaga beciké anak mantuku dhéwé. Aku ku-du wani, wani. Ya mung iki dalan
penebusing dosaku. O ........ Dhiajeng Tien, Dhiajeng ...... Tien. Entènana aku
bakal nusul kowé. Wis Ndhuk anakku, kowé kapeksa ndaktinggal. Muga-muga
kowé tansah bekti menyang guru lakimu, dakdongakaké tansah atut runtut
enggonmu jejodhoan, kalis ing sambékala.”
Tutup botol énggal-énggal dibukak, isiné terus diombé. Sa-nalika kono RM.
Purwodirjo ambruk njrebabah gumlinting ing jogan. Tibané nibani lemari kaca.
Kaca ambyar brantakan, ga-wé swara mak grombyang.
Sri Éndah Wahyuningsih kang beneré arep ngaturi unjuk-an kagèt, terus
mlebu kamar. Sepira kagèté bareng weruh wong tuwané wis njrebabah ora obah
awaké adus getih.
Sanalika njerit ngrungkebi layon. Panjerité Sri Éndah Wah-yunigsih gawé
kagèté sing padha krungu. Dr. Susilo, RB. Ja-yèngsubroto sekaliyan gurawalan
mlayu mlebu kamar. Dr. Su-silo tumandang, nanging wis ora bisa awèh
pitulungan, amarga RM. Purwodirjo wis kadhung séda.
RB. Jayèngsubroto sekaliyan mung kamitenggenen weruh kedadéan kang
nyedhihaké mau. Welas trenyuh. Ya bener mantuné mau wis naté gawé jalaraning
patiné putriné, nanging bareng weruh kedadéan kang ngeres-eresi mau
panggalihé banget welasé, trenyuh. Dr. Susilo nyandhak tangané garwa-né,
dituntun alon-alon digawa menyang kamar liya.
Layon énggal-énggal dirukti apa samesthiné. Lan saka pa-nyuwuné Dr.
Susilo, layoné mau arep disarèkaké ana Maget-an, cedhak karo wong tuwané.
Kahanan alam donya terus mlaku tanpa ana pedhoté. Uripé Dr. Susiolo
tansah kasinungan ayem tata tentrem. Apa manèh bareng kandhutané sing putri
wis mbabar metu lanang, saya andadèkaké bungahé. Uripé tambah saya
kepénak, olèh sawab kumandhanging katresnané wong tuwané sing wis ora ana.

TAMAT

You might also like