Professional Documents
Culture Documents
Definisi Wacana Eksposisi
Definisi Wacana Eksposisi
WACANA EKSPOSISI
Kelas : XI MIPA 4
Anggotanipun :
1. Alfinza Aulia Sholikin ( 02 )
2. Arifa Nur Itsna ( 07 )
3. Hesti Fitri Ayuningsih ( 16 )
4. Karisma Sekar Nurriski ( 18 )
5. Lamhot Titut Prakoso Nababan ( 19 )
6. Tutut Vita Pratiwi ( 35 )
Pengampu : Bapak Senthot,S.Pd
Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi
dayane penulis kanggo menehi pepincren-pepincren saka sawijing objek
( panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggale ). Sajrone deskripsi penulis
mindhahake kesan – kesane, mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane
marang pamaca. Tulisane njlentrehake sipat lan sakabehe peprincen wujud kang bisa
ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang pingin diwujudi dening panulis deskripsi
yaiku ngripta daya kayal pamaca, kaya-kaya pamaca bisa nyawang objek kuwi kanthi
wutuh lan cetha.
Saliyane kuwi, karangan deskripsi yaiku sawijing karangan kang tujuwane kanggo
nggambarake obejk kang sanyatane. Karangan deksripsi objektif yaiku salah sawijing
jenis karangan kang anggone nggambarake objek may ora dikantheni karo opini saka
penulis. Dene karangan deskripsi subjektif kosok baline, yaiku anggone nggambarake
objek iku kang dikantheni karo opini saka penulis.
Kahanan ruang: ruang sinau gerbong sepur klas ekonomi, pos rondha ing desa,
lan sapiturute;
Karangan deksripsi objektif yaiku salah sawijing jenis karangan kang anggone
nggambarake objek mau ora dikantheni karo opini saka penulis.
Saliyane kui uga ana gethuk lapis, yaiku gethuk kang rsaane werno-werno lan
didadekake siji. Umpamane gethuk lapis ana rasa coklat, vanilla,dadi siji. Yen
kepengin oleh gethuk sing werno putih nggunakake gula pasir, kanggo werno
coklat sakbecike nganggo gulo jawa, lan menawa pengen werno ijo sakbecike
nganggo godhong suji utawa pandan.
Tela kang dipilih empur lan ora njarot, ora ketuwan lan ora bongkreken. Umume
gethuk disajekake karo wur-wuran parutan klapa. Gethuk biasane disajekake
kanggo cemilan karo ngombe the. Salah sijining variasi gethuk iku carane uga
karo digoreng.
Thiwul inggih menika panganan tradisional khas Gunung Kidul kang digawe
saking pohung kanggo ngganti panganan pokok beras. Ing Kebumen, Banyumas,
Cilacap thiwul diarani Oyek.Thiwul duweni werno coklat lan gadhahi rasa legi lan
uga gadhah aroma alami saking sepa. Thiwul pernah digunakake kanggo
panganan pokok penduduk Indonesia ing masa Penjajahan Jepang.
Kanggo panganan pokok, kalori kang dikandung luwih rendah katimbang beras
ananging sampun cukup menuhi menawi ngganti beras. Thiwul digawe saka
gaplek kang didephlok kanthi alus banjur didang kanthi mateng. Dang-dangan
seng asli puniki diarani thiwul. Yen dipangan minangka panganan pokok, thiwul
bisa dipangan nganggo jangan/sayur,iwak asin, sambel bawang, lan parutan klapa.
Dados mboten usah mewah menawi ajeng menikmati cita rasa saking thiwul
Thiwul saged nyegah penyakit maag, weteng luwe, lan sapanunggalane. Ananging
thiwul nggeh saged ngrusak awak menawi mboten didamel dewe utawi instan
amerga ing panganan instan puniku ngemot bahan pengawet lan liyane.
Kesadaranipun tiyang nem-neman kirang bab thiwul uga senengane dhaharan
instan menika mboten gelem rekoso.
3. Wacan deskripsi ( Hesti fitri A )
ONDE –ONDE
Onde-onde yaiku salah sijining jajanan pasar kang kagawe saka campuran
glepung ketan lan glepung beras sing wernane coklat semu kuning kang njobone
di wur-wuri wijen mawa diisi kacang ijo. Akeh variasi onde – onde menika,
ingkang paling ajeg ditemokake yaiku onde – onde kang kagawe saka glepung
ketan uga ing njerone diisi kacang ijo
Variasi liyane digawe saka glepung terigu kang njobone diwenehi werno kayata
putih, abang, utawa ijo. Lan nduweni rasa sing khas yaiku asin lan legi.
APEM
Apem iku kalebu panganan tradisional saka Jawa Tengah. Rasane sing legi
nanging uga ana kecut- kecute sitik sing gawe apem tambah enak. Ing jaman saiki
kue- kue tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara
liyane sing nyebar ning beberapa wilayah. Kaya dene apem, saiki wis jarang
banget . biyasane apem iki didol ing pasar- pasar tradisional. Saliyane rasane sing
legi lan kecut, wujude apem uga empuk lan alus. Mula apem iki bisa dipangan
kanggo kabeh umur saka sing tuwa tekan wong enom.
Apem iki digawe saka repung beras lan tape budhin utawa kang biyasane wong
sebut kenyos. Kagunane tape utawa kenyos iki supaya ana rasa kecute. Aja lali
gula jawa lan gula pasir supaya nambah rasalegi lan enak. Saliyane iku bahan –
bahane kang digunakake yaiku ragi, banyu krambil, lan santen. Bahan –bahan
kabeh mau diuleni kanthi rata lan mateng. Sawise kuwi dicetak lan khusus.
Sawise mateng lan ngembang biyasane apem disajekake ora nggunakake godhong
kaya dene panganan liya- liyane. Nanging biyasane apem dibungkus nganggo
plastik.
Klepon yaiku salah sawijining panganan tradisional kang kalebu jajanan pasar.
Klepon digawe saka tepung beras ketan lan dibentuk bunder kaya bal cilik lan
tengahe diiseni gula jawa banjur digodhog ing jero banyu umub. Yen wis
kemambang ing nduwur banyu banjur diangkat lan dicawisake karo parutan
kambil. Biasane klepon dicawisake ing godhong gedhang.
Klepon kalebu panganan tradisional kang akeh sing nyenengi. Yen dipangan, gula
jawa ing njero klepon muncrat lan ngasilake rasa legi.
6. Wacan deskripsi ( Tutut Vita Pratiwi )
GAJAH
Gajah minangka mamalia tanah sing paling gedhe sing dikawruhi amarga trunks
lan gading. Gajah minangka kewan herbivora sing bisa mangan kabeh jinis
vegetasi kayata suket, godhong lan woh. Kewan iki duwe rambute tipis, papat
sikil, duwe buntut, lan duwe kuping sing amba.
Gajah biasane manggon ing kelompok. Amarga duwe kuping sing amba,
pangrungu gajah dadi sensitif banget supaya bisa krungu swara saka jarak sepuluh
kilometer. Kewan iki kewan langka sing langka. Kathah mburu sasaran gajah
amarga rega ingkang larang banget.
WACANA EKSPOSISI
Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kaweruh utawa ilmu, definisi,
pangerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining
kakadeyan utawa bab.
Tuladha :
Carane gawe krupuk bisa kanthi manual. Carane yaiku adonan krupuk digawe
londor londor dawa. Sawise dadi londoran banjur dimasak kanthi dikukus.
Yen wis mateng banjur diirisi lan dipepe. Irisan krupuk kang wis garing banjur
digoreng ing lenga panas. Londoran krupuk iki bisa digawe saka godhong
utawa saka plastik. Krupuk kang dipepe iku tujuane supaya krupuk bisa mekar
yen digoreng. Krupuk kelebu panganan kang cepet gosong nalika digoreng,
dadi yen nggoreng krupuk cukup sedhela wae, aja ngasi krupuk dadi gosong.
Yen nganti gosong rasane krupuk bakal dadi pait lan wernane dadi ireng.
Eksposisi klasifikasi
Yaiku gancaran proses kanggo nglompokake babagan kang nduweni
babagan kang padha sipate ing kategori kategori.
Tuladha :
Pemerintah arep maringi bantuan pembangunan omah utawa bangunan kanggo
korban lindhu. Bantuan pembangunan omah utawa bangunan kasebut
dipasaken karo tingkat kerusakane. Warga kang daleme rusak enteng olih
bantuan sekitar 10 juta. Warga kang daleme rusak sedeng olih bantuan sekitar
20 juta. Warga kang daleme rusak abot olih bantuan sekitar 30 juta. Calon
warga kang nrima bantuan kasebut ditentukake marang aparat dusun setempat
karo pengawasan sekang pihak LSM.
Eksposisi Ilustrasi
Yaiku gancaran kang sipate umum kang merlokake tuladha / conto sing
sipate nyata. Pengembangane migunakake gambaran sederhana utawa
bentuk konkret saka pemikiran.
Tuladha :
Apa panjenengan wis tau ngadepi situasi karo rasa wedi? Kepriwe cara
ngatasine? Ing ngisor iki ana limang jurus kanggo ngatasi rasa wedi kasebut.
Pertama, siapaken mental panjenengan seapik-apike menawa ngadepi situasi
utawa suasana kasebut. Keloro, pelajari seapik-apike menawa ngadepi situasi
kasebut. Ketelu, pupuk lan bina rasa percaya diri. Kepapat, yen muncul rasa
percaya diri kedah ngendalaken keyakinan panjenengan. Kelima, kanggo
nambah rasa percaya diri kita kedah nambah keahlian saka latian utawa sinau
kang temenan.
Eksposisi Perbandingan
Yaiku gancaran kang di jlentrehake mawa migunakake 2 sudut pandang
kanthi pasang pasang. Cara nerangake ide nang kalimat utamane nganggo
cara mbandingake sing siji karo sing liyane.
Tuladha :
Sing cetha kacilakan Hercules C-130 duweke TNI AU mau nambahi tansaya
akeh dhaftar kacilakan motor mabur duweke TNI AU. Pancen akeh sing
kandha yen sejatine motor mabur montor mabur duweke negara mau akeh sing
wis padha tuwa lan kudu diganti. Nanging gandheng kanthi alesan anggaran
ora nyukupi, kepeksa motor mabur tuwa isih tetep digunakake kanggo
ngangkut wong lan barang barang liyane. Apa ya pancen kacilakan mau bener
bener amarga saka umure montor mabur sing wis tuwa utawa saka sebab
liyane? Ditunggu wae asil saka katrangane pamarintah bab sebab-musababe
kacilakan montor mabur kasebut.
Eksposisi Laporan
Yaiku gancaran kang sistematis kanggo nglaporake kedadean kang wis
kedadean sakdurunge.
Tuladha :
Durung suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing
padha nemahi kacilakan ing mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ana
rong sasi kabar mau, lha kok kasusul maneh kadadeyan montor mabur tiba
durung suwe iki, pase ing Desa Geplak, Kecamatan Karas, Magetan, Jawa
Timur rikala dina Rebo esuk kira-kira jam setengah pitu tanggal 20 Mei 2009,
nalika bangsa Indonesia mengeti Hari Kebangkitan Nasional. Montor mabur
kang tiba lan kobong mau duweke TNI AU jenis Hercules C -130 nomere A-
1325. Miturut pawarta saka layang kabar lan tivi, montor mabur kasebut
budhal saka pangkalan Lapangan Udara Halim Perdanakusuma Jakarta lan
arep tumuju daerah Biak, Papua. Nanging durung nganti tekan papan kang
tumuju, lan nalika arep mampir ing Lapangan Udara Iswahyudi Madiun
montor mabur kasebut nemahi kacilakan.
Eksposisi Berita
Yaiku gancaran kang isine pewartaan ngenani kedadean. Biasane wacan
iki akeh ditemukake ana ing koran.
Tuladha :
Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Situmulyo, Piyungan, Bantul
dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebut
tumriping tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken
perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekeni. Ing
wekdal sakawit, sakderengipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning
masyarakat ing sakiwetengening papan kasebut mrihatosaken. Nanging
sesampunipun TPA dipunbikak, pangggesanganing warga mbaka sekedhik
saya mindhak sae awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Eksposisi Sebab-Akibat
Yaiku gancaran kang nggunakake pola sebab lan akibat .urutane bisa
kawiwitan saka sebab tumuju akibat utawa sawalike. Gagasan pokokke
bisa ana ing sebab utawa ing akibat. Pratandhane yaiku migunakake
tembung penghubung, tuladhane : sebabe, akibate, saengga, mila, lsp
Tuladha :
Yen ditilik saka kahanan kang sejatine, sajake isih akeh warga Surabaya kang
mbuwang sampah sembarangan. Kamangka sampah kasebut bisa mbutoni
saluran banyu. Akibate, ing sadhengah panggonan tuwuh banjir. Contone kaya
kang dumadi ing pungkasaning wulan iki.
Eksposisi Pertentangan
Yaiku gancaran kang isine nentang antara siji lan sijine.
Tuladha :
Tugas konduktor nang pergelaran nang negara-negara barat beda akeh karo
akehe konduktor pergelaran orkestra nang Indonesia. Konduktor pergelaran
orkestra nang negara barat di tanggung jawabi karo kualitas lagu orkestra
sing di tampilaken. Beda karo konduktor negara barat, menurut Wisya
Kristanti, kaya deweke nang Indonesia konduktor lagu kanggo orkestra,
khusus sing sipate populer, kang umum ora nduweni latar mburi akademis.
Bahan
Carané gawe
1. Glepung diayaki, banjur lenga gorèngé dicampur karo banyu abu, uyah, lan
endhog, diudheg nganti rata.
2. Banjur banyuné dicampur diulèni, lan dibanting supaya kalis.
3. Yèn wis kalis diumbarké suwéné 12 jam.
4. Panaské wajan, jipuk ulènan bahan sacukupé, diputer digawé tipis ing
sadhuwuré wajan mau.
5. Banjur dipanaské manèh, coplok kulit saka wajan alon-alon.
Plecing kangkung inggih menika masakan khas Indonesia kang asale saking Lombok,
NTB. Plecing kangkung kalebu jenis panganan sayur kang disajekake kanthi enake pas
adem lan seger kaliyan sambel. Plecing kangkung kadamel saking kangkung kang
digodhog lan biasane kangkung kang digunakake inggih menika kangkung banyu.
Plecing Kangkung penak digawe, bahan kanggo gawe plecing kangkung inggih menika
wonten kangkung, tokolan, mminyak goreng lan bubu kang dialusaken inggih menika
wonten brambang,bawang, lombok, uyah, tomat, jeruk purut, terasi. Alat kang
digunakake inggih menika wonten wajan, piring, sendok, layah.
Onde-onde yaiku salah sawijine jajanan pasar sing disenengi nang masyarakat. Jajanan
onde-onde iku asale soko wilayah mojokerto, dadi kota mojokerto di jenengi kota onde-
onde .onde-onde iku warna-warna tapi onde-onde paling terkenal yaiku onde-onde wijen
isine werno- werno salah sawijine yaikub isi kacang brul,kacang ijo,lan klapa.bahannya
gawe onde-onde yaiku glepung ketan .
Miturut sejarah onde-onde iku asal saka tiongkok banjur digawa menyang indonesia ing
jaman kerajaan majapahit karo laksamana saka negeri tiongkok seng mampir menyang
kerajaan majapahit banjur panganan iki ajeg dihidangake ana ing istana lan berkembang
ing masyarakat majapahit.
Déné bahan-bahan ingkang dipun-ginakaken kanggé damel duduh bubur sungsum inggih
punika
2. Toya dipungodhog lajeng sadaya bahan kanggé damel duduh, lajeng dipunudhak
ngantos kenthel. Manawi sampun umub lajeng dipunangkat lan dipunsaring supados
langkung resik.
7. Manawi sampun mateng lajeng dipunsajekaken wonten ing mangkuk lan saged
dipunjangkepi kanthi duduh bubur sungsum ingkang sampun dipundamel.
8. Jenang sungsum badhé langkung sekeca dipundhahar manawi taksih benter.
Mitoni iku asale saka tembung pitu (7). Upacara adat iki diselenggarakake wektu
calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi tujuane kanggo keslametan calon bayi lan
ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala. Ing dhaerah tinentu, upacara iki uga diarani
tingkeban. Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut
pengertian wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses penciptaan menungsa iku wis
nyata lan sempurna neng sasi kaping 7 iki utawa Sapta Kawasa Jati. Rangkaian acara
kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutane yaiku
siraman, nglebokake endhog pitik kampung neng jero kain calon ibu dening calon
bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake kelapa gading enom), memutus lawe
utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan
terakhir kendhuren.