You are on page 1of 4

KHUTBAH IDUL FITRI 1440 H

IDUL FITRI LAN SEMANGAT MEMAYU HAYUNING BAWANA


Dening: Drs. H. Edy Gunawan, M.Pd.I
(Kepala Kantor Wilayah Kementerian Agama Daerah Istimewa Yogyakarta)

‫ص ائِ ٌم َواَفْطَ ْر‬ ِ


َ ‫ص َام‬ َ َ‫×) اهللُ اَ ْكَب ْر ُكلَّ َم ا َه َّل هالَ ٌل َواَبْ َد َر اهللُ اَ ْكَب ْر ُكلَّم ا‬3( ‫كب ْر‬ َ َ‫×) اهللُ ا‬3( ‫×) اهللُ اَ ْكَب ْر‬3( ‫اهللُ اَ ْكَب ْر‬
‫ اهللُ اَ ْكَب ْر اهللُ اَ ْكَب ْر اهللُ اَ ْكَب ْر‬.‫ات َواَْز َه ْر َو ُكلَّ َم ا اَطْ َع َم قَانِ ُع اْمل ْعَت ْر‬
ٌ َ‫ت َنب‬ َ َ‫اب َواَْمطَ ْر َو ُكلَّم اَ َنب‬ٌ ‫اهللُ اَ ْكَب ْر ُكلَّماَ َتَرا َك َم َس َح‬
ُ
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ
‫يد‬
َ ‫ض ا َن َو ْع‬ َ ‫ اَحْلَ ْم ُد هلل الَّذى َج َع َل ل ْل ُم ْس ل ِمنْي َ عْي َد اْلفطْ ِر َب ْع َد ِص ياَِم َر َم‬.‫الَ الَهَ االَّ اهللُ َواهللُ اَ ْكَب ْر اهللُ اَ ْكَب ْر َو هلل اْحلَ ْم ُد‬
‫ك اْ َلع ِظْي ُم اْالَ ْكَب ْر َواَ ْش َه ٌد‬ ِ ِ ِ ِ
ُ ‫ك لَهُ لَهُ اْملل‬ َ ْ‫×) اَ ْش َه ُد اَ ْن الَ الَهَ االَّ اهللُ َو ْح َدهُ الَ َش ِري‬3( ‫ اهللُ اَ ْكَبْر‬.َ‫ض َحى َب ْع َد َي ْوم َعَرفَة‬ ْ َ‫اْال‬
َِ ِ َّ ‫اَ َّن س يِّ َدناَ حُم َّم ًدا عب ُده ورس ولُه‬
‫لى‬
َ ‫ص ِّل َع‬ َ ‫الله َّم‬ُ .‫َخَر‬ َّ ‫َّم ِم ْن َذنْبِ ه َو َم ا تَ أ‬
َ ‫الش اف ُع ىِف اْملَ ْح َش ْر نَيِب َّ قَ ْد َغ َف َر اهللُ لَ هُ َم ا َت َق د‬ ُ ْ ُ َ َ ُ َْ َ َ
ِ ِ ِ
‫ َفيَ ا عبَ َاداهلل اَّت ُقوااهللَ َح َّق‬.‫ اََّما َب ْع ُد‬.‫ اهللُ اَ ْكَب ْر‬.‫س َوطَ َّه ْر‬ ِ َّ ِ ِ ِ ِ ٍ ِ
َ ‫ب َعْن ُه ُم ال ِّر ْج‬ َ ‫ص َحابه الذيْ َن اَ ْذ َه‬ ْ َ‫َس يِّدنَا حُمَ َّمد َو َعلَى اَل ه َوا‬
‫ُت َقاتِِه َوالَ مَتُْوتُ َّن اِالَّ َواَْنتُ ْم ُم ْسلِ ُم ْو َن‬
ِ ‫اهلل أَ ْكبر اهلل أَ ْكبر اهلل أَ ْكبر‬
‫وهلل احلَ ْم ُد‬ َُ ُ َُ ُ َُ ُ
Jama’ah Idul Fitri Rahimakumullah
Ing saat punika, kita sami ing papan punika, makaten ugi ing papan sanes,
kanthi niyat ingkang sami, tujuan ingkang sami, sesarengan angagungaken Asma
Dalem Allah, Sujud sumuyud, atur syukur dumateng Allah, atas nikmat nugraha ingkang
sampun kaparingaken dumateng kita sami, sahengga kita sampun saged
angrampungaken ibadah shiyam Ramadhan, lan sedaya amalan-amalan ingkang
dados rangkeyaning shiyam Ramadhan punika wau.
Para sedherek, ing dinten punika sedaya umat Islam sesesarengan nglahiraken
raos bungah ing manah, mahargya dinten kemenangan, kemenangan sasampunipun
angayahi pendadaran, ujian shiyam Ramadhan ingkang nembe kemawon kita
rampungaken. Kemenangan saha rampunging pendadaran shiyam sewulan nutug,
kanthi nindakaken amalan-amalan ingkang mujudaken rangkeyaning shiyam
Ramadhan punika, kita anggep mujudaken nikmat ingkang tanpa wangenan agengipun.
Raos gembira punika kita lahiraken kanthi atur syukur ing Allah, angagungaken Asma
Dalem Allah, maha sucekaken Allah kanthi sujud, ngathah-ngathahaken maos takbir,
tahmid dalasan taqdis.
Makaten ugi raos syukur punkika kita lahiraken, kanthi atur zakat fitrah,
minangka pengejawantahaning raos asih tresna dateng sesami, mliginipun ingkang
nandang kecingkrangan. Gembiraning manah nargi rumaos saged ngestoaken
dhawuhipun Allah, boten kita lahiraken kanthi suka parisuka, pesta andramina
kemawon, nanging kanthi langkung bekti dhumateng Allah lan kanthi tumindak sae
dhateng sesami.
ِ ‫اهلل أَ ْكبر اهلل أَ ْكبر اهلل أَ ْكبر‬
‫وهلل احلَ ْم ُد‬ َُ ُ َُ ُ َُ ُ
Jamaah Idul Fitri kakung mewah putri ingkang minulya
Sewulan dangunipun kita sami, lan sedaya ummat Islam ing saindenging jagad
punika, kanthi tulus ikhlas, kanthi tumemen, kita angestoaken dhawuhing Allah SWT,
nindakaken shiyam shiyam Ramadhan. Ing sak danguning shiyam kita boten naming
sekedar nyegah dhahar saha ngunjuk ing wekdal siang, nanging ugi nebihi sedaya
tumindak ingkang boten prayogi. Sewulan nutug kita ngatur dhiri, meper hawa nafsu lan
nahan emosi. Sedaya kala wau kita lampahi kanthi ancas supados kita dados pribadi
ingkang muttaqin.
Sasampunipun ibadah shiyam Ramadhan kita tindakaken, zakat fitrah minangka
thuhratun lisshaimi wa thu’matun lil masakin, minangka hanyuceaken manahing
ingkang sami shiyam lan atur pambiyantu dhumateng sesami ingkang kecingkrangan,
ugi sampun katindakaken. Kita dedunga, mugi-mugi kemawon, sedaya ingkang kita
tindakaken kanthi tulus ikhlas punika dipun tampi dening Allah ingkang maha kuwaos,
kanthi ucapan doa :
‫َت َقبَّ َل اهللُ ِمنّا َو ِمْن ُك ْم َو َج َعلَنَا َوإِيّا ُك ْم ِم َن الْ َعائِ ِديْ َن َوالْ َفائِِزيْ َن‬
Ibadah shiyam ingkang sampung kita tindakaken kanthi manah ingkang lan
adedasar iman saget nglebur dosa antawasipun kawula kalihan Gusti Allah. Kados
ingkang dipun ngendikaaken dening junjujangan kita nabi Muhammad SAW:
‫َّم ِم ْن ذَنْبِ ِه‬ ِ ِ ‫من صام رمضا َن إِميَانًا و‬
َ ‫احت َسابًا غُف َر لَهُ َما َت َقد‬
ْ َ َ ََ َ َ ْ َ
“Sing sapa wonge nindakake pasa Ramadhan kanthi iman lan ngarep-arep
ridhanipun mangka wong kuwi mahu dingapura dosane kang wis kliwat.
Keranten batin sampun kita resiki kanthi ibadah shiyam, lan kita sampun wangsul
dhateng fitri (suci) kados dene jabang bayi ingkang nembe mijil saking garbaning ibu,
mila sumangga kita sampurnaaken kanthi shilatur rahim lan ngapura ing ngapura.
Shilatur rahim punika setunggaling piwucal agami ingkang edi peni, raos serik lan
drengki bakal sirna, pasedherekan tansah lestari. Punapa malih sasampunipun kita
sedaya ngleksanaaken pesta demokrasi wonten ing wulan April 2019 kepengker.
Agenda-agenda politik, kados dene pilihan Anggota Legislati, DPD, lan munggahe
presiden ingkang sampun digelar wulan April kepengker ampun ngantos malah
nuwuhake winih-winih cecongkrahan. Pemilu punika intinipun namung milih pemimpin
ingkang sae. Wonten ing mriki benten aspirasi lan pilihan mujudaken bab ingkang
lumrah. Sasampunipun lebar lan KPU ugi sampun netepaken pemimpin ingkang berhak
majeng ing parlemen, kita kedah kedah rukun malih . Ampun ngantos prabedan
kalawau dipun imbu terus ngantos mataun-taun. Semanten ugi rasa sengit marang
tiang sanes ampun tansah dipun ipuk-ipuk, satemah mboten pemut bilih kita sedaya
punika sayektos tasih sedulur nunggal bangsa lan tanah wutah getih.
Kita sedaya mangertos bilih tiyang Islam Punika sedherek, sanadyan ingkang
manggen Ing Sanes Nagari lan sanadyan boten tunggil bangsa. Makaten punika mawi
tangsul inggih punika: Agami Islam, langkung langkung ingan tunggil padunungan,
kados kula sedaya bangsa Indonesia, ingkang tanah wutah rahipun ing Tanah
Indonesia, botena kedah saya rumaket pasedherekipun, awit kejawi dipun tangsuli
dening agami, inggh tunggil bangsa, tunggil kabetehan, social, ekonomi lan keamanan.
Awit saking punika murih saged kadumugen ing sedya kita, kita kedah nambahi
ing karukunan kita lan purun ngrembag punapa ingkang kados kabetahanipun, jalaran
manawi tansah cecongkrahan, tamtu boten saged kadumugen ing sedya kita sedaya.
Dhawuhipun Gusti Allah ing dalem al-Qur’an :
‫َخ َويْ ُك ْم ۚ َو َّات ُقوا اللَّهَ لَ َعلَّ ُك ْم ُت ْرمَحُون‬ ِ ‫إِمَّنَا الْمؤ ِمنو َن إِخوةٌ فَأ‬
َ ‫َصل ُحوا َبنْي َ أ‬
ْ َْ ُ ُْ
“mesthine para wong mukmin padha dadi sedulur, mulane sira padha angrukuna
antarane sedulurira, lan sira padha wedia marang Allah, supaya sira padha oleh
rahmating Allah” (QS. Al-Hujurat: 10)
Nabi Muhammad ugi paring dhawuh :
‫ َف ْو َق ثَاَل ثَِة أَيَّام‬،ُ‫َخاه‬ ِ ِ ِ ِ ِ
َ ‫ َواَل حَي ُّل ل ُم ْسل ٍم أَ ْن َي ْه ُجَر أ‬،‫ َو ُكونُوا عبَ َاد اللَّه إِ ْخ َوانًا‬،‫ َواَل تَ َد َابُروا‬،‫اس ُدوا‬
َ َ‫ َواَل حَت‬،‫ضوا‬
ُ ‫اَل َتبَا َغ‬
“ aja pada sesengitan, aja pada drengki, lan aja pada pasulayan, nanging padha rukuna
karana pepadhaning kawulaning Allah, jalaran kabeh iku sedulur, ora halal tumrap
wong muslim jothak sedulur liyani kliwat saka telung dina (HR. Bukhari).
Kanthi semangat Idul Fitri punika sumannga kita sedaya anjagi tangsuling
mimitran, lan ngagengaken paguyuban, awit saya agenging paguyuban kita sedaya
kekah tangsuling pasedherekan kita. Kosok wangsulipun manawi kita sedaya sami
thenguk-thenguk, mboten purun anjagi dhateng tangsuling mimitran, saestu inggih saya
renggang dangu-dangu saged pedhot sayektos. Ngengeti bilih para manungsa punika
yektosipun sedherek, langkung-langkung ingkang tunggil bangsa tur tunggil agami,
tamtunipun inggih tunggil kabetahan. Amila saking panyuwun saha pangajeng-ajeng
kita kados pundi kemawon sagedipun sami netepi wajibipun sejataning pasedherekan.
Modal pasedherekan ingkang rumaket kalau wau saged kita ginaaken kangge
nindakaken tugas pembangunan bangsa Indonesia ingkang sampun gumelar ing
sangajeng kita:
َ ِّ‫ب َوإِىَل ٰ َرب‬
‫ك فَ ْٱر َغب‬ ْ ‫ٱنص‬ َ ‫فَِإ َذا َفَر ْغ‬
َ َ‫ت ف‬
Menawa sira wis rampung nindakake sawijining perkara, enggal tindakna kanthi
tumemen perkara liyane. Lan iyo among marang Pangeranira, sira nggantungna
pengarep-arepira (Qs. Al-Insyirah: 7-8).
ِ ‫اهلل أَ ْكبر اهلل أَ ْكبر اهلل أَ ْكبر‬
‫وهلل احلَ ْم ُد‬ َُ ُ َُ ُ َُ ُ
Jamaah idul fitri ingkang minulya
Kathah sanget tugas, tugas ingkang mesthi kita rampungaken, kangge
kepentingan kita ing wekdal punika, langkung-langkung ing zaman revolusi industri 4.0,
Wonten ing era globalisasi punika masyarakat badhe ngalami kathah ewah ewahan
ingkang nggegirisi. Ewah ewahan kala wau kadosta babagan struktur ekonomi, struktur
kabudayan, lan sruktur panguwaos. Wontenipun era globalisasi kedah saged
dipunpahami kanthi arif lan wicaksana. Menawi kula lan penjenengan sedaya boten
aged nyikapi kanthi arif mila badhe kegiles budaya global. Komunikasi sapunika sanget
gampil lan lancar, babagan punika sanget maringi pengaruh tumraping roda ekonomi
masyarakat. Wates panggonan lan pisik boten saged nyandhet ngrembakanipun
ekonomi dunia. Kanthi sarana teknologi ingkang canggih samubarang kawis ingkang
‫‪gayut kaliyan ekonomi utawi punapa kemawon saged dipun wartakaken kanthi cepet‬‬
‫‪lan lancar. Era globalisasi kawruh lan seserepan boten saged dipunbendung, ugi‬‬
‫‪kalebet budaya manca boten saged dipunalangi lan dipuntutupi, pramila kita kedah‬‬
‫‪tansah ngupayaaken supadas umat muslim khususipun kedah terampil, andarbeni‬‬
‫‪sifat kepemimpinan,‬‬ ‫‪kersa nyambut damel ing saklebeting kelompok, lincah‬‬
‫‪anggenipun ngurungkebi pakaryan kanthi prabeda latar belakang budaya, lan sosial‬‬
‫‪preneurship. Umat Muslim ugi kedah dados tiyang ingkang resik lan kiyat imanipun,‬‬
‫‪mulya akhlak budi pakertinpun, kiyat kepribadianipun sahengga saged anguwaosi lan‬‬
‫‪mernata hawa nafsunipun, ageng jiwa pengabdianipun kangge kepentingan masyarakat‬‬
‫‪langkung-lankung ingkang pinarcaya ngemban amanat nagsto panguwaos kedah‬‬
‫‪nggatosaken perkawis kasebat supados saged mujudaken negari Indonesia tumuju‬‬
‫‪dateng maujuding Baldatun Thayibatun wa Rabbun Ghafur.‬‬

‫ِ ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫مِب ِ ِ ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫بَ َار َك اهللُ يِل ْ َولَ ُك ْم يِف اْل ُق ْرآن اْ َلعظْي ِم َونَ َف َعيِن ْ َوإِيَّا ُك ْم َا فْيه م َن اْآلياَت َوذ ْك ِر اْحلَكْي ِم‪َ .‬وَت َقبَّ َل ميِّن ْ َومْن ُك ْم تالََوتَهُ إِنَّهُ‬
‫الس ِمْي ُع الْ َعلِْي ُم‬
‫‪ُ .‬ه َو َّ‬
‫‪Khutbah II‬‬

‫ك لَهُ َوأَ ْش َه ُد أ َّ‬ ‫ب الْ َعالَ ِمنْي َ ‪ ،‬أَ ْش َه ُد أَ ْن الَإِلَهَ إِالَّ اهللُ َو ْح َدهُ الَ َش ِريْ َ‬ ‫وهلل احلم ُد اَحْل م ُد ِ‬ ‫اَهلل أَ ْكبر ‪ِ ،×7‬‬
‫َن حُمَ َّم ًدا َعْب ُدهُ‬ ‫ِهلل َر ِّ‬ ‫َْ َْ‬ ‫ُ َُ‬
‫اهلل اَِّت ُق ْوا اهللَ َح َّق ُت َقاتِِه َوالَ مَتُْوتُ َّن‬ ‫اعباد ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫َص َحابِه أَمْج َعنْي َ ‪َ .‬فيَ َ َ‬
‫ِِ‬ ‫ٍ‬ ‫ِ‬
‫ص ِّل َو َسلِّ ْم َعلَى َسيِّدنَا حُمَ َّمد َو َعلَى آله َوأ ْ‬ ‫َو َر ُس ْولُهُ‪ ،‬اَللَّ ُه َّم َ‬
‫‪ ‬إِالَّ َوأَْنتُ ْم ُم ْسلِ ُم ْو َن‬
‫صلُّ ْوا َعلَْي ِه َو َسلِّ ُم ْوا‬ ‫ِ‬ ‫قَ َال اهللُ َت َعاىل يِف ْ كِتَابِِه اْ َلع ِظْي ِم "إِ َّن اهللَ َو َمالَئِ َكتَهُ يُ َ ُّ‬
‫لى النَّيِب ِّ‪ ,‬يَا أَيُّ َها الَّذيْ َن أ ََمُن ْوا َ‬ ‫صل ْو َن َع َ‬ ‫َ‬
‫ًص َحابِِه أَمْج َعِنْي َ ‪َ .‬والتَّابِعِنْي َ َوتَابِ ِع التَّابِعِنْي َ َو َم ْن تَبِ َع ُه ْم‬ ‫تَسلِيما"‪ .‬اَللَّه َّم ص ِّل وسلِّم على سيِّ ِدنَا حُم َّم ٍد وع ِِ‬
‫لى اَله َوأ ْ‬ ‫َ ََ َ‬ ‫ُ َ ََ ْ َ َ َ‬ ‫ْ ًْ‬
‫مِح‬
‫ك يا اَرحم َّ ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِِ ٍ ِ‬
‫الرا نْي َ‬ ‫ىل َي ْوم الدِّيْ ِن‪َ .‬و َعلَْينَا َم َع ُه ْم بَرمْح َت َ َ ْ َ َ‬ ‫بإ ْح َسان إ َ‬
‫َّك مَسِ يع قَ ِريب جُمِيب الدَّعو ِ‬
‫ات‬ ‫ِ ِ‬ ‫ات‪ ,‬اَأْل ِ ِ‬ ‫ت‪ ,‬واْمل ْؤ ِمنِ واْمل ْؤ ِمنَ ِ‬ ‫اَللَّه َّم ا ْغ ِفر لِْلمسلِ ِم واْملسلِماَ ِ‬
‫َحيَاء مْن ُه ْم َواْأل َْم َوات إن َ ْ ٌ ْ ٌ ْ ُ َ َ‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫نْي‬ ‫ُ‬ ‫َ‬ ‫ْ ُ ْ نْي َ َ ُ ْ‬ ‫ُ‬
‫الد ْنيا حسنَةً ويِف اْ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫حِت‬ ‫ِ‬ ‫اضي اْحل ِ‬ ‫ِ‬
‫آلخَر ِة‬ ‫ت َخْيُر اْل َفا نْي َ ‪َ .‬ربَّنَا أَتنَا يِف ُّ َ َ َ َ‬ ‫اجات‪َ .‬ربَّنَا ا ْفتَ ْح َبْيَننَا َو َبنْي َ َق ْومنَا بِاْحلَ ِّق َوأَنْ َ‬ ‫يَا قَ َ َ َ‬
‫اب النَّا ِر‬ ‫ِ‬
‫َح َسنَةً َوقنَا َع َذ َ‬
‫هى َع ِن اْل َف ْح َش ِاء َواْملْن َك ِر َواْ َلب ْغ ِي يَعِظُ ُك ْم لَ َعلَّ ُك ْم‬ ‫َ‬ ‫ن‬
‫ْ‬ ‫ي‬
‫َ‬ ‫و‬‫َ‬ ‫ىب‬
‫َ‬ ‫ر‬‫ْ‬ ‫ق‬
‫ُ‬ ‫ل‬‫ا‬
‫ْ‬ ‫ي‬ ‫ان وإِيت ِاء ِ‬
‫ذ‬ ‫اهلل إِ َّن اهللَ يَأْ ُمُر بِالْ َع ْد ِل َواْ ِإل ْح َس ِ َ َْ‬ ‫ِعباد ِ‬
‫ََ‬
‫ُ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫تَ َذ َّكرو َن‪ .‬فَاذْ ُكروا اهلل ي ْذ ُكر ُكم و ْادعوه يستَجب لَ ُكم ولَذ ْكر ِ‬
‫اهلل أَ ْكَبُر‬ ‫ُ ْ َ َ ْ ْ َ ُْ ُ َ ْ ْ ْ َ ُ‬ ‫ُْ‬

You might also like