You are on page 1of 1

Nama : Novia Dwi Cahyanti

No. Absen : 22
Nonton Pasar Malȇm

Sasi kȇpungkur, ing desaku ana pasar malȇm. Pasar malȇm iku panggone ana ing
lapangan cȇdhak pasar. Suwene pasar malȇm iku kurang luwih rong minggunan.

Ora mung malȇm Minggu bae sing rame, nanging ing dina-dina liyane pasar malȇm
iku ya akeh sing nȇkani. Saliyane pancen wong-wong mau butuh lȇlipur, uga amarga pasar
malȇm iku nyȇpakake barang-barang kȇbutuhan sabȇn dina. Wong-wong padha sȇnȇng atine
kanthi anane pasar malȇm iku. Bocah-bocah sȇkolah uga akeh sing padha nȇkani jalaran
wȇktu iku pinuju sȇkolahan libur pungkasan sȇmestȇr.’

Ana ing dalan sadurunge mlȇbu lapangan, akeh bakul-bakul sing padha dodolan.
Dagangane warna-warna, ana tas, topi, celengan, pigora, sawȇrnane panganan, lan liya-
liyane. Wong-wong sing omahe sacȇdhake lapangan padha ngȇdȇgake papan kanggo nitipake
sȇpedhah lan ana uga sing bukak warung.

Aku karo kancaku mandhȇg ing panggonane wong dodol barang-barang kȇrajinan.
Ing pasar malȇm, aku tuku pigora kanggo masang potoku. Dene kancaku tuku celengan sing
awangun kucing.

Mlȇbu mȇnyang lapangan ora kudu mbayar, nanging yen arȇp numpak-numpak
dolanan utawa ndȇlȇng tontonan kudu tuku karcis. Rȇgane karcis ora padha, ana sing rȇgane
Rp. 2.000 lan ana sing rȇgane Rp. 3.000. Rȇgane karcise ora larang-larang nȇmȇn, mulane
sing nonton akeh bangȇt. Saking ramene, olehku arȇp mlȇbu kangelan, uyȇl-uyȇlan lan
dhȇsȇg-dhȇsȇgan, nanging wȇkasane aku karo kancaku ya bisa mlebu. Ing lapangan kono
akeh hiburane kayata drimolȇn sing munyȇr, sȇpur-sȇpuran, tong setan, lan sapanunggalane.
Uga ana papan sing mamerake kewan-kewan kayata gajah, ula sing gȇdhe bangȇt, kȇthek, lan
kewan-kewan aneh. Nanging ana papan sing aku ora wani mlȇbu jalaran ana ing gapurane
ditulisi “ Omah Gȇndruwo”, dadi aku karo kancaku ora wani nyȇdhak. Sawise kȇsȇl mubȇng-
mubȇng lan atine marȇm, aku karo kancaku mulih.

Mangkono iku pȇngalamanku karo kancaku nonton pasar malȇm ing desaku.

You might also like