You are on page 1of 5

Carane nggawe tembang macapat:

1. Gatekna guru lagu, guru wilangan lan gatrane


2. Temtokke jinising tembang( 11 tembang, pilih salah siji wae)

Conto:
Tembang pucung

GATRA TEMBANGE GURU GURU LAGU


WILANGAN
4 12, 6, 8, 12 U, a, i, a
Gt1(12u) Isuk ki aku sekolah golek ilmu 12 u
Gt2(6a) Nggawa pirantinya 6 a
Gt3(8i) Kanggo ngupadi kang becik 8 i
Gt4(12a) Saben dina kudu sregep nggolek srana 12 a

Tembang pangkur

GATRA TEMBANGE GURU GURU LAGU


WILANGAN
7 8, 11, 8, 7, a, i, u, a, u, a,
12, 8, 8 i
Gt1(8a) Urip iku kudu loma 8 a
Gt2(11i) Sanajan padha-padha ora sugih 11 i
Gt3(8u) Nanging ayo tanah nulung 8 u
Gt4(7a) Mring sadulur lan tangga 7 a
Gt5(12u) Kareben bisa bebarengan ing rukun 12 u
Gt6(8a) Tansah bisa gawe suka 8 a
Gt7(8i) Ing sajroning urip iki 8 i
Conto Geguritan
“Jujur”
Dening: Ariska

Jujur..
Apa isih ana?
Apa isih manggon ing atine manungsa?
Jujur pancen gampang diucapake
Gampang digunemake
Ananging angel kalakone

Mungguh jujur isi hana


Lan dadi kapribaden kita
Dadi pedoman kita
Dadi srananing urip kita
Mesti urip dadi sampurna

Jujur..
Ing ngendi panggonmu?

Lamongan, 21 April 2020


“Esemmu”
Dening: Putri
Isih ana dina sepi
Sanajan esemmu wis ora bisa metu
Ing lathi kang kebak janji
Nalika ati kagubed ing reridhu

Isih ana janji?


Sing keslamur ing urip ringkihmu
Ora dak anti maneh kaya wingi
Kaya grimis ing wanci dalu

Isih ana janji?


Sing arep kok wenehke aku?

Benjeng, 21 April 2020


“Trisna”
Dening: Dewi Anggraehi
trisna, sing jare ora gumantung marang bandha?
trisna, sing jare metu saka ati kang legawa?
trisna, sing jare bisa ngobati ati kang lara?
Ning,
pranyata mung jare
pranyata mung lelamisan wae
pranyata mung ujar kang mencla mencle

wis, wis...
aku ra precaya
aku ra nggagas
nggarahi mumetke ndhas

Benjeng, 21 April 2020


Gancaran:

“Esem Pungkasan”
Dening: Aulia Rahmadani

Isuk iki udan grimis. Sepedha onthelku wis kriyet2 sajak’e wis ra kuwat dak ajak mlaku adoh.
Kamangka aku kudu enggal teka latihan ing Sanggar Tari. Napasku wis krenggosan, lan eluh
dleweran. Ning aku tetap semangat. Ya.. semangat... aku pingin tekaku mengko ana sing mapag
kaya biasane. Dipapag karo esem kang manis banget. Andhika, ya... Andhika kaca raketku.
Dheweke mesti mapag tekaku kanthi sabar.
................................................

You might also like