You are on page 1of 1

TUGAS BAHASA JAWA

TEKS EKSPOSISI
Nama : Melani Fatimah

No : 23

Kelas : XI IBB

JARAN KEPANG

Bebudhayan jawa punika kathah. Ananging ing wenadal punika kahtah lare muda ingkang
lali marang bebudhen dhewe. Sapunika sampun kathah lare Jawa ingkang sampun kena arus
globalisasi ingkang nyebabaken para generasi mudha. Ananging mboten setitik lare ingkang
tesih ngelestarekaken bebudhen Jawa. Salah sawijining bebudhen jawa ingkang tasing
ngantos samenika inggih meniko jaran kepang.

Jaran Kepang utawi dipun sebut jaran dhor ugi jatilan yaiku tarian tradisional Jawa
ingkang nampilaken sekelompok prajurit nalika nunggang turangga (jaran). Tarian punika
migunakaken kapal ingkang kadamel saking pring ingkan dipunanyam lan dikethok dados
wujud jaran. Anyaman jaran punika lajeng dipun hias kanthi cat lan kain ingkan maneka
werni. Tarian kuda lumping biasanipun lamung nampilaken adhegan prajurit kanthi jaran,
ananging wonten ing pinten-pinten wewengkon nampilaken adhegan kesurupan, atraksi
mangan beling, lan kekebalan tumrap pecut. Jaran kepang minangka perangan saking
pegelaran tari reog.

Ewadene tarian punika asalipun saking tlatah Jawa. Tarian punika ugi dipun
warisaken dening tiyang Jawa ingkang papan dumuginipun wonten ing Sumatera Utara lan
tpinten pinten tlatah jawi.

Kuda lumping inggih punika seni tari ingkang dipunmainaken kanthi properti awujud
kuda lumping ingkang kadamel saking anyaman pring utawi kepang. Boten wonten satunggal
sajarah ingkang saged ngandharaken asal muasalipun tarian punika, namung riwayat verbal
ingkang dipunturunaken saking satunggal generasi dhumateng generasi salajengipun.

You might also like