You are on page 1of 3

MBANGUN PULIHING SESAMBETAN1

Edy Kristanto, S.Th

Pasamuwan ingkang kinasih,


14 Februari asring dipun sebat Dinten Valentine. Dinten punika kanggé
ngriyayakaken katresnan ing salebeting gesang. Ing dinten punika, kita saged nèlakaken
katresnan kita dhateng tiyang ingkang kita tresnani. Dinten punika ugi saged kita dadosaken
wekdal kanggé mbangun pulihing sesambetan ingkang éndah kaliyan tiyang ingkang kita
tresnani. Lajeng kados pundi gréja paring teges tumraping Dinten Valentine punika?
Pasamuwan ingkang kinasih,
Pangandikanipun Gusti mbereg kita supados gesang kita tansah purun katata miturut
angger-anggeripun. Nabi Musa paring piwucal bilih gesang ingkang miturut dhateng
anggeranggeripun Gusti punika boten namung wujuding katresnan kita dhumateng Gusti,
ananging kita ugi badhé nampi gesang ingkang langkung prayogi. Wonten ing pangandika-
pangandika pungkasan, Nabi Musa ngémutaken Bangsa Israèl supados tansah miturut
dhateng angger-anggeripun Gusti. Nabi Musangémutaken bilih gesanging umat èstu namung
gumantung dhateng sih-rahmat lan panguwaosipun Gusti kémawon. Dados menawi umat
miturut dhateng angger-anggeripun, Gusti punika ateges umat nresnani dhateng gesangipun
piyambak. Umat dipun dhawuhi supados milih antawisipun berkah utawi laknat. Menawi
milih berkah, boten wonten margi sanès kejawi gesang miturut anggeranggeripun Gusti. Ayat
19-20 nyerat:
”Langit lan bumi padha dak gawé seksilawanmu ing dina iki; urip lan pati wus dakgelar
ana ing ngarepmu, apadéné berkah lan laknat. Kang iku kowé miliha urip, supaya
lestaria urip, iya kowé dalah turunmu, kalawan nresnani marang Pangéran Yehuwah,
Gusti Allahmu, ngrungokaké marang pangandikané sarta rumaketa marang
Panjenengané; marga yaiku kang njalari uripmu lan dawané umurmu ana ing tanah
kang wus diprasetyakaké déning PangéranYehuwah kalawan supaos, marang para
leluhurmu yaiku Éyang Abraham, Iskak lan Yakub, yèn bakal kaparingaké.”
Pasamuwan ingkang kinasih,
Sapunika, wonten sapérangan gréja ingkang memucal béda kaliyan piwucalipun
Nabi Musa punika. Gréja ingkang mekaten paring piwucal bilih kita kedah miturut dhateng
angger-anggeripun Gusti supados Gusti karenan penggalihipun. Pitakènanipun, punapa

1
Bahan khotbah Minggu Biasa VI 16 Februari 2020 pukul 07.00 WIB GKJ Rembang pephantan Kragan,
kapetik saking aosan Mateus 5:21-37.
penggalihipun Gusti punika gumantung dhateng tumindaking manungsa? Sinten ta manungsa
punika, kok saged damel bingah lan sekeling penggalihipun Gusti?
Nabi Musa paring piwucal bilih menawi umat miturut dhateng angger-anggeripun
Gusti, punika sejatosipun kanggé kabetahaning umat piyambak, awit gesanging umat punika
saèstu namung gumantung dhateng sih lan panguwaosipun Gusti. Nabi Musa ngakeni bilih
ing saurutung margi nalika kedah mimpin bangsa Israèl medal saking Mesir, panjenenganipun
nyuméndhékaken samukawis dhumateng Gusti. Lelampahan ingkang kebak ancaman lan ugi
awrat punika katindakaken kanthi suméndhé sawetahipun dhateng kasetyanipun Gusti
ingkang tansah rawuh lan paring kekiyatan. Nabi Musakagungan pamawas bilih
nindakaken/miturut dhateng angger-anggeripun Gusti punika kanggé nentremaken batosipun
piyambak, sanès kagem renaning penggalihipun Gusti. Katentremaning batos punika saèstu
dados kabetahan nalika kedah mlampah ing ara-ara samun.
Nalika umat badhé lumebet ing tanah Kanaan, Nabi Musa ngémutaken supados umat
tetap setya dhateng angger-anggeripun Gusti. Nabi Musa ngémutaken bilih Gusti sampun
nélakaken kasetyanipun dhateng umat ing sadanguning umat mlampah ing ara-ara samun.
Gusti ingkang sampun nuntun dumugi ing watesing tanah Kanaan punika inggih Gusti
ingkang badhé mberkahi sadanguning umat gesang ing tanah Kanaan. Pramila umat kedah
nélakaken raos sokur awit kasetyanipun Gusti punika kanthi gesang miturut angger-
anggeripun Gusti.
Pasamuwan ingkang kinasih,
Piwucal saé saking Nabi Musa, inggih punika miturut anggeranggering Gusti,
dangu-dangu katindakaken kanthi cara ingkang kaku déning umat Israèl. Umat Israèlsami
gesang wonten ing sikap legalistik (Legalistic mind), inggih punika, gesang ingkang
nindakaken aturan sacara kaken utawi langkung nengenaken pranatan tinimbang mbangun
gesang ingkang langkung saé. Gusti Yésus paring piwucal dhateng para murid bilih miturut
angger-anggeripun Gusti supados saged mbangun gesang ingkang langkung saé. Dados boten
namung nindakaken sacara kaken, kados pangandikanipun ing ayat 21-22:
”Kowé wus padha krungu, yèn para leluhur padha kaparingan pangandika mangkéné:
Sira aja mematèni, sing sapa mematèni kudu diukum. Nanging Aku pitutur marang kowé:
Sing sapa nepsu marang seduluré, kudu diukum; sing sapa ngunèkaké saduluré: kapir,
kudu diukum déning pangadilanagama, lan sing sapa ngunèkake: gemblung, mesthi
kacemplungaké ing naraka kang murub”.

Mekaten ugi Gusti Yésus ngémutaken bilih pangibadah kita muspra menawi boten
saged ndhatengaken pulihing sesambetan kaliyan tiyang sanès. Punika kaserat ingayat 23-24:
”Mulané manawa kowé nggawa pisungsung menyang misbyah, mangka banjur kèlingan
yèn sadulurmu lagi sengit karo kowé, pisungsungmu tinggalenana ing ngarepé
misbyahkono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik, sawusé banjur balia,
nyaosna pisungsungmu”.
Gusti Yésus paring piwucal bilih mbangun gesang ingkang langkung saé kedah
dipun landhesi kanthi pulihing sesambetan. Gusti Yésus ugi ngémutaken supados sampun
ngantos kita ningali pranatan utawi angger-angger sacara sempit nanging kedah sacara
langkung wiyar, inggih punika kanggé kesaénaninggesang sesarengan.
Pasamuwan ingkang kinasih,
Kados pundi gesang kita ing wanci punika? Punapa kita nindakaken angger-
angggering Gusti namung minangka kuwajiban ingkang legalistik? Gesang kanthi legalistik
punika langkung nengenaken pranatan tinimbang manungsa. Tiyang namung ngrembag
caranipun pranatan kedah dipun tindakaken,boten preduli punapa perkawis wau ndhatengaken
kasaénan tumrap gesang sesarengan punapa boten. Gesang kanthi mekaten punika namung
nglairaken kamursidan pribadi, ingkang boten temtu wonten ginanipun tumrap gesang
sesarengan. Gusti Yésus ngémutaken dhateng kita bilih mbangun gesang sesarengan kedah
kawujudaken kanthi mbangun pulihing sesambetan. Sumangga kita sesarengan mbangun
gesang ingkang langkung saé kanthi landhesan sesambetan ing salebeteng katresnan kados
ingkang sampun dipun tuladhaaken déning Gusti Yésus.
Ing ngajeng kala wau sampun dipun aturaken pitakenan bab caranipun gréja paring
teges dhateng Dinten Valentine. Kita saged ngagem dinten punika kanggé sarana mbangun
sesambetan ing salebeting katresnan kados ingkang sampun Gusti Yésus tuladhaaken.
Sesambetan kaliyan sesami badhé kraos éndah menawi kalandhesan sih-tresna.
Pangandikanipun Gusti ing wanci punika mbereg dhateng kita supados tansah miturut ing
anggeranggeripun Gusti. Kasetyan kita dhateng angger-anggeripun
Gusti punika minangka landhesan mbangun gesang sesarengan ingkang langkung
saé. Kita kabereg supadaos mbangun sesambetan kanthi alandhesan sih kartresnan minangka
pondasining gesang sesarengan.
Menawi kita boten saged damel tiyang sanès nampi karahayon, saboten-botenipun
sampun ngantos kita nyilakani tiyang sanès. Menawi kita boten saged damel tiyang sanès
gumujeng, inggih saboten-botenipun kita sampun ngantos damel tiyang sanès muwun.
Sugeng Dinten Valentine. Gusti mberkahi. Amin.

You might also like