You are on page 1of 4

SIH KATRESNANIPUN GUSTI MILUJENGAKEN1

Edy Kristanto, S.Th


1Ana wong Farisi jenenge Nikodhemus, panggedhene wong Yahudi, 2Seba
marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi,
kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus
dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken
pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika.” 3Gusti Yesus
mangsuli, pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong
menawa ora kalairake meneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.”
4Unjuke Nikodhemus: “Tiyang sampun sepuh mekaten anggenipun saged
lair kados pundi? Punapa saged lumebet malih dhateng guwa-garbaning
biyungipun, lajeng kalairaken malih?” 5Paring wangsulane Gusti Yesus:
“Satemen-temene pituturku ing kowe: Wong menawa ora kalairake saka
banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah. 6Apa
kang lair saka ing daging iku daging lan kang lair saka ing Roh, iku
roh.7Aja gumun, dene Aku pitutur ing kowe: kowe kudu padha kalairake
meneh. 8Menyang ngendi midide angina iku miturut ing sakarepe, lank
owe krungu sumiyute, nanging ora sumurup pinangkane lan parane. Koyo
mangkono iku kaanane saben wong kang kalairake saka ing Roh!”
9Nikodhemus munjuk: “Prakawis punika sagedipun kalampahan
kadospundi?” 10Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Kowe iku rak dadi
gurune wong Israel, dene kok ora ngreti prakara iku? 11Satemen-temene
pituturKu ing kowe: Kang padha dak rembug iku, iya kang padha
Daksumurupi sarta kang padha Daktingali, ewadene kowe ora padha
nampani ing paseksenKu kabeh. 12Manawa kowe nalika Daktuturi bab
kadonyan padha ora ngandel, kapriye bisamu padha ngandel saupama
Daktuturana bab kaswargan? 13Ora ana wong siji-sijia kang sumengka
menyang ing Swarga, kajaba mung Panjenengane kang wus tumurun saka
ing Swarga, iya iku Putrane Manungsa. 14Kayadene Nabi Musa anggone
manjer rerekan ula ana ing ara-ara samun, iya mangkono uga Putrane
Manungsa anggone pinesti kapanjer, 15supaya saben wong kang pracaya
marang Panjenengane oleh urip langgeng. 16Awitdene Gusti Allah
anggone ngasihi marang jagad iku nganthi masrahake Kang Putra ontang-
1
Bahan kotbah Minggu Pra-Paskah II 8 Maret 2020 di GKJ Rembang pep. Sudo.
Waosan Kitab Suci kapetik saking Yohanes 3:1-17 “Piwulange Gusti Yesus marang
Nikodemus bab lair kapindo”.
anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja
nganthi nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng. 17Sabab
Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili
marang jagad, nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad.

1. PAMBUKA
Pasamuwan ingkang kinasih, wonten salah sawijining dinten, rikala
kula piket jaga pos satpam wonten salah setunggalipun Griya Sakit
wonten Malang wanci enjang, wonten tiyang sadean buku lajeng dipun
tawaraken dateng kula. Janipun kula boten berminat, lajeng kula matur
bilih boten mendhet tuwin ngaturaken panuwun. Kula tingali tiyang sepuh
punika, kawontenanipun rade miris. Buku ingkang kathah punika dipun
pikul ngangge pikulan kiwo lan tengan, mlampah. Sampun mlampah,
ngoten mawon ugi boten ngagem sandal.
Estu, kula prihatos ningali kawontenan punika. Sesampunipun kula
matur bilih boten berminat, lajeng bapak nikuwau nglajengaken mlampah
malih. Saking ngriku, wonten ing manah kula medhal raos empati. Kados
wonten ingkang ngendika wonten saklebetipun manah kula, kados wonten
ingkan menggerakkan: Edy, coba bapak kuwi mau dipurugi terus di
tangleti “sampun sarapan dereng? Coba pikiren, umpamakna yen kuwi
bapakmu!” Saking ngriku lajeng “perang batin” – kula purugi, napa boten
sah (awit kok rade males). Sawetawis lajeng kula purugi, kaleresan
anggenipun mlampah dereng tebih. Lajeng kula ajak wonten warung, kula
aturi dhahar. Sesampunipun dhahar bapak mlajengaken maleh
anggenipun sadean mlampah.
Pasamuan ingkang kinasih, point saking carios nikuwau inggih
punika rikala Gusti Allah berek manah kula. Wonten manah punika
tergerak supados kula purun ngaturi pitulungan dhateng tiyang sanes.
Gusti Allah lumantar daya kekiatanipun sang Roh Suci menggerakkan
tuwin ngendika wonten manah kula ingkang ndadosaken kula purun
nindakaken kabecikan. Estu kula boten saged melawan awit kula pitados
bilih swara punika kula pitados saking Gusti piyambak.
Kados waosan kita punika, kacarios Nikodhemus seba marang
ngarsane Gusti Yesus wanci dalu, lajeng sarta munjuk babakan rawuhipun
Gusti Yesus punika kalutus dening Allah piyambak. Nikodhemus kersa
munjuk lan sowan wonten ngarsanipun mujudaken bilih Gusti Allah
piyambak ingkang menggerakkan manahipun si Nikhodemus. Saking
manah ingkang kapimpin dening Roh Suci, kalairaken dados tindakan
supados sowan wonten ngarsanipun Gusti, nanjihaken kapitadosan
Nikodhemus babakan panguawose Gusti Yesus.

2. KALAIRAKEN MENEH: MINANGKA INSAF2 SAKING CUWIA3


Sampun dangu anggenipun bangsa Israel punika nggadahi
pengajeng-ajeng rawuhipun sang Mesias ingkang sampun dijanjikan
ingkang saged milujengaken. Ananging rawuhipun Yesus nyatanipun
dereng saged damel tiyang Israel pitados bilih estu Yesus punika sang
Mesias, kepara diragukan.
Nikodhemus pitados bilih Yesus punika dipun kanthi dening Allah,
awit boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratanda ingkang
Gusti Yesus tindakaken (ayt. 2). Kaleresan bilih Nikodhemus dados
penggedhene tiyang Yahudi, mila boten wantun seba dhumateng Gusti
Yesus wanci siang. Nikodhemus namung wantun seba utawi sowan Gusti
Yesus rikala dalu. Awit menawi Nikodhemus seba utawi sowan Gusti Yesus
rikala siang saged nglairaken cuwia tumrap sedaya tiyang, amargi wanci
siang punika taksih kathah tiyang-kenging punapa penggedhene tiyang
Yahudi kok sowan Yesus? Mengko ndang gek- Nikodhemus sampun dados
pendhereke Gusti Yesus? Mengko ndang gek Penggedhene tiyang Yahudi
piyambak sampun boten setya dhumateng Yehuwah?
Pitakenan-pitakenan punika estu kalairaken wonten ing batosipun
sedaya tiyang, langkung-langkung tiyang Yahudi tuwin penggedhe-
penggedhene tiyang Yahudi sanesipun. Ajeng dipun seleh pundi
pasuryanipun Penggedhe-penggedhene tiyang Yahudi, upami kedenangan
bilih Nikodhemus piyambak mawon pitados dhumateng Gusti Yesus. Awit
tiyang Yahudi boten pitados tuwin boten badhe pitados bilih Yesus punika
Gusti piyambak ingkang sampun ngejowantah ngandhapaken sarirane
piyambak dados sami kados manungsa. Senaosa Yesus punika sampun
nindakaken pratandha tuwin pakaryan-pakaryan ingkang ageng.

2
Insaf atau bisa juga diartikan sebagai sadar atau sampai pada kesadaran yang sesungguhnya bahwa
Yesus adalah Mesias yang telah dihadir di tengah mereka (bangsa Yahudi).
3
Cuwia = curiga namun bisa juga disebut sebagai keraguan.
Benten kaliyan sekathahing tiyang Yahudi ingkang boten pitados
dhumateng Yesus, Nikodhemus pitados dhumateng Yesus bilih leres Yesus
punika sang Mesias ingkang sampun dirantos kerawuhanipun. Yesus
punika asring nampi penolakan saking sekathahipun tiyang Yahudi awit
Yesus sampun ngendhika bilih piyambakipun punika sang Mesias. Nanging
awit saking Sang Roh Suci sampun nindakaken pakaryan luhur lumantar
manahipun si-Nikodhemus, sampun menggerakkan hati Nikodhemus mila
Nikodhemus saged insaf. Insaf punika ateges mungkasi sedaya penolakan
dhumateng Gusti Yesus.

3. PANUTUP
Kados Nikodhemus ingkang sampun dipun bikak manahipun dening
Roh Suci sampun kalairaken meneh boten sacara jasmani ananging sacara
nalar tuwin budi. Nikodhemus sampun dumugi panyuraos bilih sedaya
pratandha tuwin mujizat sarta prekawis ingkang ageng ingkang sampun
piyambakipun sekseni sanes saking pundi-pundi pinangkanipun kejawi
namung Gusti Allah piyambak ingkang saged nindakaken prekawis punika.
Sampun bola-bali dipun buktekaken kok taksih boten pitados,
Nikhodemus sampun pitados kula kinten penggedhe-penggedhe
sanesipun inggih wonten ingkang pitados ananging berusaha boten
menyatakan diri. Awit taksih kepengen mempertahankan status kuo,
gengsi, ajrih kecalan asma. Mila pasamuwan ingkang kinasih, sampun
bimbang, sampun bingung, awit saestu Yesus punika Gusti tuwin
Juruwilujeng sejati. Yesus boten kedhah ngendika bilih piyambakipun
Gusti, awit pakaryan-pakaryan ingkang sampun dipun lampahai punika
sampun mboktekaken bilih Yesus estu Gusti Allah Pribadi. Amin.

You might also like