You are on page 1of 2

Uler lan walang

Sawijining dina, ana walang sing sombong lan jail. dheweke sanuli nggawe kewan kewan
sekitare nangis. dheweke ngece kabeh kewan lan rumangsa dheweke kewan sing paling keren.
esuk iki, dheke ketemu karo uler neng cedhak kali. Uler kui lagi nggoleki panganan lan ngresikna
awak. “hai uler ala! neng endi omahmu ?” takon walang nyebai. “neng bukit kana.” jawab uler
mbanjurke nggoleki panganan. “wah,pasti kowe wis nglakoke dalan dawa banget lan suwe ta?
kowe kan alon!” walang bali anyak ngejek uler. “ wisa walang kowe ki kurang kerjan nggeringi
uripku” uler palemahan mungkur seko walang. Walang sing rumangsa dicendhekake nesu lan
ngalangi uler, nuli dijupuke gegodhongan sing wis dikumpulake uler. “aja walang! sedhela
meneh aku kudu pasa!” uler ngupadi njupuk godhong kuwi saka walang. “endi ana kewan pasa,
aja gorohi aku! kowe kira aku goblok kaya kowe?” walang mabur ngiteri uler ngece. “gawe apa
aku goroh, wis kene gegodhongane aku kudu buru-buru!” jare uler. Walang tambah kepancing
dheweke ngelempar gegodhongan menyang tengah kali. “jupuk dhewe kana nek butuh, sake raiso
mabur” walang lunga mungkur seko uler. Uler ambekan dawa, bali dheweke banjur njupuki
gegodhongan meneh kanggo perbekalannya.

Dina nggenti dina, ket wektu kuwi walang ora tau meneh ketemu karo uler.Dina iki walang arep
nggoleki pangan neng bukit amarga dheweke jeleh karo panganan neng kali. Pas dheweke sibuk
nggoleki pangan dumadakan walang ndeleng seekor kupu-kupu sing ayu banget sing nggeret
gatekane. ebo ayune kupu-kupu kuwi gumam walang. Walang banjur nyedaki kupu-kupu
kesebut" Hai kupu-kupu pie kabare, kowe ayu pisan dina iki " jare walang. ning kedelokane
kupu-kupu ora nggatekake walang neng kono kupu-kupu Tetep sibuk wara-wiri nikmati becike
bukit. " kupu-kupu aja sombong kowe masa ayu-ayu sombong " jare walang. Kupu-kupu sing
rumangsa kerusuhi karo kanan walang banjur nyedhak menyang walang kesebut." apa awake
dhewe wis tau ketemu sadurunge? "tembung kupu-kupu. " kayane durung mula saka kuwi benke
aku ngenalake awak jenengku walang aku tinggal neng cedhak kali neng kana,kanca-kanca dak
kandha aku yaiku wong sing becik banget ora sombong lan seneng nulungi. kowe mesti dhemen
kancan karoku. " jare walang bangga." apa iya?Oh kayane kowe walang sing diceritakake saka
Uler kuwi ya?" jare kupu-kupu. kaget dheweke keling-kelingan yen iki yaiku panggon tinggal si
uler" Wah kayane uler wis ngandhani kabeh kewan neng kene menawa aku yaiku walang sing
sombong. Walang banjur njupukake gegodhong kanggo kupu-kupu. " iki gawe kowe kupu-kupu
rasane godhong iki enak pisan kok mesti koe dhemen " jare walang mbujuk kupu-kupu. Kupu-
kupu nuli mabur lan tengger neng dhuwur kembang banjur celathu " aku ora pangan godhong
meneh.saiki aku pangan samubarang sing luwih nikmat sari kembang. ". Walang nuli ora bisa
celathu-tembung dheke bingung ngapa payon kupu-kupu aneh banget marangane Padahal dekne
durung tau ketemu sadurunge. " sing kudune pangan godhong kuwi uler sing dhisik godhonge
kowe buwang menyang tengah kali.". Walang tambah bingung ngapa kupu-kupu bisa ngerti
gamblang apa wae sing dilakoke marang si uler. Apa uler nyebarke kabeh ceritone marang kupu-
kupu." mesti uler wis nyeritoke kabehe ya nang kowe? aku harap kowe ora mung krungu saka siji
sisi wae kowe kudu krungu panggamblangan saka aku,kayane uler ngowahi ceritone aku arep
nyeritoke bali marang kowe." jare walang."ora butuh walang,aku wis ngerti ceritone lan aku
ngerti kedaden wektu kuwi dadi kowe ora butuh nglakoke apa-apa meneh. " kupu-kupu mesem
mesem. Walang anyak geram dheweke banjur menengok menyang kiwa tengen nggoleki uler. "
nendi saiki Uler kuwi?wis nyebarke hoax saiki ngilang ngono wae dasar uler cilik sing mbeling! "
jare walang nesu." dheweke ana neng kene neng ngarepmu."jare kupu-kupu. uler ora bisa nemu
kanan uler kesebut. " neng endi kupu-kupu? aku ora ndeleng kanan uler kesebut". takon walang.
"Hahaha aku neng kene walang,aku wis ngowah dadi kupu kupu sing ayu sakwise ngliwati fase
kepompong. saiki aku nggeret gatekanmu ta? aja mandang saka fisik walang,delok saka
sifate."walang kaget lan isin banget, dheweke ora nyangka yen uler le cilik lan ala iso dadi kupu-
kupu sing ayu tenan.

You might also like