Professional Documents
Culture Documents
Warjem 31 Mei 2020 Final PDF
Warjem 31 Mei 2020 Final PDF
31 Mei 2020
MINGGU
XXII Waosan : Yokanan 20 : 19 – 23 | Pamuji : KPJ. 283
“Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu ana ing kowe kabeh! Kaya
2020
anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.” (Ay. 21)
Nalika wonten ing wanci dalu kita mlampah piyambakan langkung margi
JADWAL ingkang sepi, tamtu kita rumaos ajrih. Utawi nalika kita ngambah papan ingkang
KEBAKTIAN sampun kondhang wingit, tamtu kita ugi rumaos ajrih. Bilih kita kaparingan tanggel
MINGGU jawab enggal ingkang dereng nate kita ayahi, tamtu kita ugi gadahi raos ajrih
wonten ing salebeting manah. Raos ajrih punika raket rumaket kaliyan pigesangan
UMUM I :
kita para manungsa.
Pk. 07.00 WIB
Para sakabat ing waosan kita punika ugi ngraosaken ajrih lajeng sami
UMUM II : ngempal wonten ing salah satunggiling griya lajeng sedaya korinipun dipunkunci
Pk. 17.00 WIB kanthi rapet. Para sakabat punika ajrih bilih nampi tumindak ala saking Bangsa
Yahudi kadosdene ingkang sampun dipuntampi dening Gusti Yesus. Nanging, raos
BALITA :
Pk. 07.00 WIB ajrih punika sirna nalika Gusti Yesus rawuh lan ngutus para sakabat kangge
ngayahi jejibahan peladosan utaminipun dados saksi ingkang sayekti. Gusti Yesus
PRATAMA : boten namung ngutus, nanging ugi paring kakiyatan enggal arupi Roh Suci.
Pk. 07.00 WIB Kadosdene Gusti Yesus ingkang sampun ngutus para sakabat dados
MADYA :
saksinipun Gusti ingkang sayekti, kita sedaya ugi kautus dening Gusti kangge
Pk. 07.00 nglampahi tanggel jawab ingkang sami. Kasunyatanipun tanggel jawab dados saksi
punika boten gampil. Boten sekedhik tiyang ingkang nyingkur menawi dipundhapuk
dados saksi, kathah ingkang taksih ajrih. Ajrih nampi resiko, ajrih ngadepi
REMAJA : sedayanipun karibedan, utawi ajrih boten saged nglampahi tanggel jawab menika
Pk. 07.00 WIB
kanthi becik. Nanging, bilih Roh Suci saking Gusti Yesus punika saged mungkasi
raos ajrih ing manahipun para sakabat, tamtu Roh Suci punika ugi saged
JAM KANTOR: nyirnakake sedaya raos ajrih ing manah kita. Roh Suci punika badhe paring
Selasa-Sabtu kakiyatan lan kasagedan supados kita sedaya tansah dados saksinipun Gusti
08.00-14.00 WIB lumantar sedayanipun pakaryan becik ingkang kita tindakake. Roh Suci punika
Minggu: sampun kita tampi, pripun napa kita purun leladi dados saksi ing salebeting
06.30-11.00 WIB pigesangan ingkang kita lampahi kanthi setya lan tuhu? (xie)
“Krana Roh Suci dedalem ing ati, kita tansah kinanthi”
Shallom .....
Berkaitan dengan Bulan Kesaksian & Pelayanan ( KESPEL ) 2020
Panitia Pelaksana menyampaikan kegiatan, sbb:
1. Ibadah Brayat (Online) dilaksanakan 2 x Ibadah
Kamis, 11 Juni & 25 Juni 2020, pk. 19.00 di YouTube @GKJW Tanjung Perak
Tema: “Lingkungan dan Mengatasi Stres”