You are on page 1of 2

Pranatacara Ambal Warsa Sekolah

Assalamualaikum.wr.wb

Kepareng dhumateng Bapak Kepala SMA N 1 Sewon ingkang dahat kinabekten. Bapak/Ibu Guru,
karyawan ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X,XI saha XII ingkang kula tresnani.

Sumangga ingkang kapisan kula lan panjenengan sedaya tansah manungku puji miwah puji syukur
dhumateng Allah SWT awit sampun maringaken berkah pengestu dhumateng kula lan panjenengan
sedaya, saengga saged kempal manunggal wonten ing papan menika.

Assalamualaikum.wr.wb

Kepareng dhumateng Bapak Kepala SMA N 1 Sewon ingkang dahat kinabekten. Bapak/Ibu Guru,
karyawan ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X,XI saha XII ingkang kula tresnani.

Sumangga ingkang kapisan kula lan panjenengan sedaya tansah manungku puji miwah puji syukur
dhumateng Allah SWT awit sampun maringaken berkah pengestu dhumateng kula lan panjenengan
sedaya, saengga saged kempal manunggal wonten ing papan menika.

Salajengipun kepareng kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang sampun rinonce :

1. Purwaka

2. Atur Pambagyaharja

3. Atur Pangandikan saking Ketua Osis

4. Atur Pangandikan saking Kepala Sekolah

5. Dhahar sesarengan

6. Ndonga sesarengan

7. Wasana

Mekaten menggah rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan, salajengipun kesekecakaken


lenggah dumugi paripurnaning adicara.

Ingkang kapisan, mangga kita panjenengan sedaya purwakani adicara menika dening waosan
basmalah. Kula ndherekaken. Matur nuwun, dhumateng panjenengan sedaya amargi sampin kersa
purwakani adicara menika dening waosan basmalah.

Salajengipun atur pambagyaharja saking Kasiswaan Bapak Bambang Utoro. Bapak Bambang Utoro
kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Bmbang Utoro ingkang sampun kersa atur
pambagyaharja.
Salajengipun, atur pangandikan saking Kang Mas Muhammad Aly Said minangka Ketua Osis. Kang
Mas Said kula sumanggakaken. Matur nuwun dening Kang Mas Said ingkang sampun kersa paring atur
pangandikan.

Salajengipun, atur pangandikan saking Bapak Joko minangka Kepala Sekolah. Bapak Joko kula
sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Joko ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.

Salajengipun, mangga panjenengan sedaya dhahar wonten Aula SMA N 1 Sewon.

Salajengipun, mangga kita lan panjenengan sedaya ndonga sesarengan ingkang badhe
dipundhereaken dening Bapak Sumarsono. Bapak Sumarsono, kula sumanggakaken. Matur nuwun
dhumateng Bapak Sumarsono, amargi sampun ndherekaken ndonga sesarengan menika.

Adicara ingkang pungkasan inggih menika wasana. Kula minangka pranatcara nyuwun agunging
pangapunten dhumateng panjenengan sedaya menawi kula kathah kalepatan.

Sumangga kita pungkasi adicara menika dening waosan hamdallah. Kula ndherekaken. Matur nuwun.

Wassalamualaikum.wr.wb

You might also like