You are on page 1of 4

IKHLASH NINDAKAKEN NGAMAL

-=[2]=-

‫السالم عليمك ورمحة هللا وبراكته‬


‫ات‬ ِ َ‫ َون َ ُع ْو ُذ اِب ِهلل ِم ْن رُش ُ ْو ِر َانْ ُف ِسنَا َو َس ِي ّئ‬,‫َّن الْ َح ْمدَ هَّلِل ِ حَن ْ َمدُ ُه َون َ ْس َت ِع ْي ُن ُه َون َ ْس َت ْغ ِف ُر ُه‬
‫ِإ‬
َّ ‫هَل‬ َ ‫َأ‬ ْ ‫َأ‬ ‫هَل‬ ِ َ َ
ُ ‫ شهَدُ ْن ال َ ال‬.ُ ‫ َو َم ْن يُضْ لل فال هَاد َي‬,ُ ‫هللا فال ُمض َّل‬
‫هللا‬ ْ ِ ‫هَل‬ ِ َ َ ِ
ُ ‫ َم ْن هَي ْد‬,‫النَا‬ ِ َ ‫مْع‬ ‫َأ‬
‫ِإ ِإ‬
ْ ‫ َاللَّهُ َّم َص ِ ّل َو َسمِّل‬.‫ َال نَيِب َّ ب َ ْعدَ ُه‬,ُ ‫ َوَأ ْشهَدُ ََأ َّن ُم َح َّمدً ا َع ْبدُ ُه َو َر ُس ْوهُل‬,ُ ‫َو ْحدَ ُه َال رَش ِ يْ َك هَل‬
ْ ‫ َو َم ْن تَ ِب َعه ُْم‬,‫َو َاب ِركْ عَىَل ن َ ِب ِي ّنَا ُم َح َّم ٍد َوعَىَل َاهِل ِ َوَأحْص ا ِب ِه َو َم ْن َوا َال ُه‬
‫إِبح َس ٍان ِاىَل ي َ ْو ِم‬
‫الْ ِقيَا َم ِة‬.
‫هللا َح َّق تُ َقا ِت ِه فَ َقدْ فَ َاز الْ ُمتَّ ُق ْو َن‬
ِ ‫هللا ُأ ِص ْيمُك ْ َون َ ْفيِس ْ ِب َت ْق َوى‬
ِ ‫ فَ َيا ِع َبا َد‬: ُ‫َأ َّما ب َ ْعد‬.

ُ ‫ قا َل‬.‫هللا َح َّق تُ َقا ِت ِه َو َال تَ ُم ْوتُ َّن الَّ َوَأنْمُت ْ ُم ْس ِل ُم ْون‬


: ‫هللا تَ َعاىَل‬ َ ‫ي َ َآهُّي َا اذَّل ِ ْي َن َأ َمنُ ْوا ات َّ ُق ْوا‬
‫ِإ‬
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Sumangga, kula dherekaken sesarengan mbudidaya nambahi iman lan taqwa kita
dhumateng ngarsanipun Allah Swt.. Ing pangajab mugi-mugi gesang kita tansah
wilujeng, ayem, tentrem kalis ing rubeda wiwit ing alam donya punika ngantos
benjang wonten ing alam akhirat.

Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi
Agung Muhammad saw., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat lan
sadaya tiyang ingkang tansah manut lan mituhu ndherek dhawuhipun. Amin yra.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

:Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’an


       
“Kamangka dheweke kabeh ora diprentah kajaba supaya padha manembah Allah
kanthi murnekake ngibadah marang Panjenengane (Gusti Allah) sajrone
(nindakake) agama kanthi jejeg.” (QS. Al-Bayyinah [98]: 5).

Rasulullah saw. dhawuh:


ِ ‫ن َّ َما ْاَألمْع َ ُال اِب ال ِنّ َّي‬
... : ) ‫ البخارى ومسمل‬.‫ر‬.‫ص‬.‫( ح‬. ... ‫ات َو ن َّ َما ِللُك ِّ ْا ْم ِرئٍ َمان ََوى‬
“Satemene kabeh tumindak iku gumantung ana ing niyat. Lan saben-saben wong
‫ِإ‬ ‫ِإ‬
iku gumantung apa kang dadi niyate.” (HSR. Bukhori lan Muslim).
Ikhlash miturut lughat tegesipun: “Satunggalipun barang ingkang murni boten
kacampur dening perkawis ingkang nyampuri.” Dipunngendikaken bilih “Susu
punika murni” manawi boten kacampur dening campuran sanes.

1
Ikhlash miturut istilah tegesipun: “Ndadosaken tujuan ngibadah namung konjuk
dhumateng ngarsanipun Allah Swt.

Syaikh Abdul Malik ngendika: “Ikhlas yaiku nalikane sira ngibadah, mula atimu
lan rahimu arahna marang Allah lan ora marang manungsa.”

Abu Hazim Salamah bin Dinar ngendika: “Umpetna sakabehane tumindak


apikmu kaya anggonmu ngumpetake sakabehane tumindak alamu.”

Boten wonten satunggal tiyang kemawon ingkang mamang lan ragu dhumateng
para shahabat anggenipun nindakaken ngibadah. Sanajan makaten, piyambakipun
boten ujub lan pamer anggenipun ngibadah. Tebih sanget manawi kita
bandingaken kaliyan kita. Nembe ngamal sakedhik kemawon kita criyos-
criyosaken dhumateng tiyang sanes. Kepengin kondhang, lan kepengin dipunsebat
tiyang ingkang paling loma, lan dhermawan. Kajawi tiyang ingkang pikantuk
rahmatipun Allah Swt..

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Estunipun ikhlash punika satunggaling perkawis ingkang awrat sanget, kedah


mbudidaya kanthi saestu supados saged pikantuk derajat ikhlash. Margi-margi
ingkang saged dipunlebeti syetan amrih saged ngrisak kaikhlashan kathah sanget.
Nalika kita nembe nindakaken ngamal, pramila syetan lajeng mbudidaya amrih
ngamal kita dados riya’. Manawi boten saged wonten ing kawitan ngamal, lajeng
setan mbudidaya kita badhe riya’ wonten ing satengahipun ngamal. Manawi
boten saged lajeng badhe mbudidaya wonten ing akhiripun ngamal.

Manawi tiyang sampun slamet saking pangridhunipun setan, ngantos anggenipun


ngamal rampung, pramila setan boten mandheg anggenipun nggodha. Setan badhe
nggodha malih dhumateng tiyang ngamal supados piyambakipun nyarios-
nyariosaken anggenipun ngamal dhumateng tiyang sanes. Setan ngapusi kanthi
omonganipun: “Iki ora kalebu riya’, nanging iki supaya kowe bisa diconto karo
wong liya ... . pungkasanipun tiyang lajeng kajebak tumindak riya’, nycritakaken
kasaenanipun dhumateng tiyang sanes. Punika satunggaling kacilakan ingkang
ageng, saboten-botenipun badhe ngirangi ganjaran. Awit ngamal ingkang
dipunumpetaken (siir) punika langkung sae tinimbang ngamal ingkang dipun
mangertosi dening tiyang sanes..

Alloh Swt. dhawuh:


        
         
    
“Kalamun sira kabeh padha ngedhengake sedhekah, mula iku bagus banget. Lan
kalamun sira kabeh padha nyamarake lan sira ulungake marang wong-wong pekir,
mula nyamarake iku luwih bagus tumrap sira kabeh.” (QS. Al-Baqarah [2]: 271).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

2
Mbok bilih leres manawi wonten tiyang ingkang ngendika: “Aja gumun yen sira
weruh ana wong kang bisa lumaku ana ing dhuwuring banyu, jalaran setan uga
bisa lumaku ana ing dhuwure banyu. Lan aja gumun yen sira weruh wong kang
bisa mabur ana ing dhuwuring mega utawa tawang, jalaran setan uga bisa mabur
ana ing dhuwure mega utawa tawang. Nanging padha gumuna yen sira weruh ana
wong sadhaqah kanthi tangan tengene nanging tangan kiwane ora mangerteni,
jalaran setan ora sadaqah (apa maneh kanthi ikhlash).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Namung tiyang ingkang begja, inggih punika tiyang ingkang tansah nggatosaken
obah-mosik ing manahipun, inggih tiyang ingkang tansah nggatosaken niyatipun.
Kathah-kathahipun tiyang punika boten nggatosaken, kajawi tiyang ingkang
pikantuk rahmat lan taufiq saking Allah Swt.

Ing wasana sumangga kita gatosaken dhawuh pangandikanipun Allah Swt.:


        
  
“Hiya iku wong-wong kang muspra tumindake sajrone urip ana ing ngalam donya
iki, sedheng dheweke kabeh padha ngira yen dheweke kabeh wis padha nglakoni
saapik-apike.” (QS. Al-Kahfi [18]: 104).

,ِ ‫ َون َ َف َعيِن ْ َو ِااَّي مُك ْ ِب َما ِف ْي ِه ِم َن ْا َالاَي ِت َو ِّاذل ْك ِر الْ َح ِكمْي‬,ِ ‫هللا يِل ْ َولَمُك ْ ىِف الْ ُق ْرآ ِن ا ْل َك ِرمْي‬ ُ َ‫اَب َرك‬
ُ ‫وتَ َقبَّ َل ِميِّن ْ َو ِمنْمُك ْ ِت َال َوتَ ُه ِإ ن َّ ُه ه َُو الْ َّس ِم ْي ُع الْ َع ِلمْي‬.َ

-=(hms)=-

3
4

You might also like