You are on page 1of 6

‫‪NYUKURI NIKMATIPUN ALLAH SWT.

‬‬
‫)‪(KHUTBAH IDUL ADHA‬‬

‫‪-=[33]=-‬‬

‫السالم عليمك ورمحة هللا وبراكته‬


‫ات‬ ‫َّن الْ َح ْمدَ هَّلِل ِ حَن ْ َمدُ ُه َون َ ْس َت ِع ْي ُن ُه َون َ ْس َت ْغ ِف ُر ُه‪َ ,‬ون َ ُع ْو ُذ اِب ِهلل ِم ْن رُش ُ ْو ِر َانْ ُف ِسنَا َو َس ِي ّئَ ِ‬
‫ِإ‬
‫َّ‬ ‫هَل‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫هَل‬ ‫ِ‬ ‫َ‬ ‫ِ‬
‫هللا فَال ُمض َّل ُ‪َ ,‬و َم ْن يُضْ ل ْل فَال هَاد َي ُ‪َ .‬أشهَدُ َأ ْن ال َ ال ُ‬
‫هللا‬ ‫هَل‬ ‫ِ‬ ‫َ‬ ‫ِ‬
‫َأ النَا‪َ ,‬م ْن هَي ْد ُ‬ ‫ِ‬ ‫َ‬ ‫مْع‬
‫ِإ ِإ‬
‫َو ْحدَ ُه َال رَش ِ يْ َك هَل ُ‪َ ,‬وَأ ْشهَدُ ََأ َّن ُم َح َّمدً ا َع ْبدُ ُه َو َر ُس ْوهُل ُ‪َ .‬اللَّهُ َّم َص ِ ّل َو َسمِّل ْ عَىَل ُم َح َّم ٍد‬
‫َ‪.‬وعَىَل َاهِل ِ َوَأحْص ا ِب ِه َو َم ْن َوا َال ُه‪َ ,‬و َم ْن تَ ِب َعه ُْم ْ‬
‫إِبح َس ٍان ِاىَل ي َ ْو ِم الْ ِق َيا َم ِة‬
‫هللا َح َّق تُ َقا ِت ِه َو َال تَ ُم ْوتُ َّن الَّ َوَأنْمُت ْ ُم ْس ِل ُم ْون‪ .‬يَآهُّي َا النَّ ُاس ات َّ ُق ْوا‬ ‫ي َ َآهُّي َا اذَّل ِ ْي َن َأ َمنُ ْوا ات َّ ُق ْوا َ‬
‫ِإ‬
‫َربَّمُك ُ اذَّل ِ ْي َخلَ َقمُك ْ ِّّ‪ِp‬م ْن ن َ ْف ٍس َوا ِحدَ ٍة َو َخلَ َق ِمهْن َا َز ْوهَج َا َوب َ َّث ِمهْن ُ َما ِر َجا ًال ك ِثرْي ً ا َون َسآ ًء‬
‫ِ‬ ‫َ‬
‫هللا اذَّل ِ ْي ت َ َسآ َءلُ ْو َن ِب ِه َو ْاَأل ْر َحا َم َّن َ‬
‫هللا اَك َن عَلَ ْيمُك ْ َر ِق ْي ًبا‬ ‫َ‪.‬وات َّ ُق ْوا َ‬
‫ِإ‬
‫هللا َوقُ ْولُ ْوا قَ ْو ًال َس ِديْدً ا‪ ,‬يُ ْص ِل ْح لَمُك ْ َأمْع َ الَمُك ْ َوي َ ْغ ِف ْرلَمُك ْ ُذن ُْوبَمُك ْ‬‫يَآهُّي َا اذَّل ِ ْي َن َءا َمنُ ْوا ات َّ ُق ْوأ َ‬
‫هللا َو َخرْي َ‬ ‫اب ِ‬ ‫هللا َو َر ُس ُوهَل ُ فَ َقدْ فَ َاز فَ ْو ًزا َع ِظ ْي ًما‪ .‬فَ َّن َأ ْصدَ َق الْ َح ِديْ ِث ِك َت ُ‬ ‫َو َم ْن يُ ِطع ِ َ‬
‫ِإ‬
‫هللا عَلَ ْي ِه َو َسمَّل َ َورَش َّ ْاُأل ُم ْو ِر ُم ْحدَ اَث هُت َا َولُك ُّ ُم ْحدَ ثَ ٍة ِبدْ عَةٌ‬ ‫الْهَدْ ِي َهدْ ُي ُم َح َّم ٍد َصىَل ُ‬
‫َ‪.‬ولُك ُّ ِبدْ عَ ٍة ضَ َالةَل ٌ َولُك ُّ ضَ َالةَل ٍ يِف ْ النَّ ِار‬
‫هللا اَ ْكرَب ُ َوهَلِل ِ الْ َح ْمدُ‬
‫‪.‬هللا اَ ْكرَب ُ ُ‬
‫ُ‬
‫‪Hadirin Jama’ah Shalat Idul Adha Rahimakumullah,‬‬

‫‪Sadaya puji namung kagunganipun Allah Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika‬‬
‫‪Dzat ingkang Nguwaosi sadaya alam, Dzat ingkang Maha Jembar Welasipun‬‬
‫‪dhumateng tiyang Mukmin saha ingkang Maha Asih dhumateng sadaya makhluk.‬‬
Kula nyekseni bilih boten wonten Pangeran ingkang wajib kula sembah namung
Allah piyambak, lan kula nyekseni bilih Muhammad saw. punika dados nabi lan
Utusanipun.

Shalawat lan salam mugi-mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita


Nabi agung Muhammad saw., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat,
tabi’in, tabi’it tabi’in, lan sadaya tiyang ingkang tansah mituhu dhumateng
panjenganipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

Hadirin Jama’ah Shalat Idul Adha Rahimakumullah,

Wonten ing enjang ingkang endah punika, sumangga kita ngaturaken raos syukur
dhumateng ngarsa dalem Allah Swt., ingkang sampun maringi kekiyatan
dhumateng kita saged tindak dhateng lapangan punika kangge mbuktekaken raos
tresna kita dhumateng Rasulullah saw. lan mbuktekaken bekti kita dhumateng
Allah Swt. kanthi nindakaken shalat Idul Adha.

Kita wajib ngaturaken syukur dhumateng Allah Swt. jalaran sakiwa tengen kathah
kita priksani kanthi cetha tiyang sangsaya ingkar lan kufuripun dhumateng nikmat
paringipun Allah Swt. Tiyang-tiyang miskin sami sambat, jalaran kabetahan
pokok sami mindhak reginipun, putra-putranipun mandheg anggenipun sinau
wonten ing pawiyatan jalaran boten kiyat ragatipun. Ingkang sugih sambat, jalaran
badhe nagih utang rekaos, manawi dipuntagih gegayutan utangipun malah ngajak
pasulayan. Para pangemban pangembating praja sami boten saged dipuntuladha,
tumindakipun sawiyah-wiyah, korupsi, lan boten sakedhik ingkang sami
selingkuh. Sawatawis para petani sambat gagal boten saged panen, jalaran
tanemanipun dipunama kewan lan regi rabuk sangsaya awis. Kenakalan remaja
sangsaya dadra lan malah ugi tiyang ingkang sampun emah-emah sami broken
home, jalaran keliru anggenipun pados kanca, lan keliru anggenipun ngginakaken
sarana informasi lan komunikasi ingkang sumadya.

Hadirin Jama’ah Shalat Idul Adha Rahimakumullah,

Kasunyatanipun kita kathah ingkang sami kliru, boten pinter syukur nanging
wontenipun namung kufur dhumateng nikmat peparingipun Allah Swt.. Pramila
Allah Swt. paring piwucal dhumateng kita amrih boten sambat lan kufur. Awit
saking punika kita dipundhawuhi supados nindakaken shalat kanthi leres lan
sampurna kados ingkang dipuntindakaken Rasulullah saw., nertibaken zakat,
infak lan shadaqah, nambahi iman lan ajrih dhumateng adzabipun Allah Swt.
Kados dhawuhipun Allah Swt.:

2
      

“Mula saka iku, padha elinga sira kabeh marang Ingsun mesthi Ingsun (uga) eling
marang sira kabeh, lan padha syukura sira kabeh marang Ingsun, lan sira aja
padha ngufuri (nikmat) Ingsun.” (QS. Al-Baqarah [2]:152).

Salah satunggalipun tandha kita syukur dhumateng Allah Swt. , pramila kita
kedah rumaos pikantuk nikmatipun Allah Swt., lan rumaos nikmat punika saking
Allah Swt. lan boten amargi saking anggen kita nyambut damel. Rumaos pikantuk
nikmat kathah lajeng boten eman-eman nindakaken kurban. Kurban kanthi mragat
kewan kurban; kados ta menda, mesa utawi lembu, lajeng dagingipun dipun-
aturaken dhumateng tiyang ingkang nggadhahi hak nampi daging kurban.

Allah Swt. dhawuh:

       

“Satemene Ingsun wus maringake marang sira nikmat kang akeh. Mula shalata
sira karana Pangeranira lan gaweya kurban.” (QS. Al-Kautsar [108]:1-2).

Rasulullah saw. dhawuh:

)‫ (رواه امحد وابن ماجه‬. ‫ ِِّح فَ َال ي َ ْق َربَ َّن ُم َص َّالاَن‬pّ َ‫ َم ْن َو َجدَ َس َع ًة َول َ ْم يُض‬.
“Sapa wonge kang rumangsa kuwasa bisa kurban, nanging wegah nindakake
kurban, mula aja cedhak-cedhak panggonanku ngibadah shalat.” (HR. Ahmad
lan Ibnu Hibban).

Hadirin Jama’ah Shalat Idul Adha Rahimakumullah,

Wekdal kangge nindakaken kurban taksih wonten, inggih punika wonten dinten-
dinten Tasyriq, tanggal 11, 12, lan 13 Dzulhijjah. Sumangga kita ginakaken
wekdal punika, lan manawi boten saged wekdal samangke, inggih kita kedah
hanggadhahi angen-angen ingkang gumathok bilih tahun ingkang badhe dumugi
kita kedah jangka saged nindakaken kurban. Supados kita kelebet ewoning tiyang
ingkang pinter syukur lan boten dipunusir saking papan pangibadahan punika,
jalaran wonten kasempatan kurban nanging wegah, lan boten nindakaken kurban.
Na’udzu billahi min dzalik.

Nuladhani lan nyamektakaken putra ingkang shalih sadrajat kaliyan Isma’il as.
pancen boten gampil, nanging kados-kados saben-saben tiyang nggadhahi angen-

3
angen supados putranipun punika dados lare ingkang shalih, boten dados
repotipun sanak lan tangga. Allah Swt. dhawuh:

         
         
        

“Mula rikala bocah iku wis tumeka (umur) bisa mlaku bebarengan Ibrahim,
Ibrahim ngendika: “He putraningsun, ngger, satemene ingsun nyumpena sajrone
sare, menawa ingsun nyembelih marang sira?. Mula coba pikiren kepriye
mungguh panemumu?. Kang putra matur: “Dhuh rama, rama kula aturi
nindakaken penapa ingkang dipundhawuhaken dhumateng panjenengan; insya
Allah panjenengan badhe manggihaken ingkang putra kalebet tiyang-tiyang
ingkang sabar.” (QS. Ash-Shaaffat [37]:102).

Hadirin Jama’ah Shalat Idul Adha Rahimakumullah,

Minangka tandha syukur kita dhumateng Allah Swt. bilih putra kita punika
minangka gantilaning manah, pramila sumangga kita gatosaken anggenipun sinau,
kita kedah boten angger kemawon madosaken papan pawiyatan kangge putra-
putri kita. Sampun ngantos kita pasrahaken lare kita dhumateng pawiyatan
ingkang ing mriku boten dipunwucal agami Islam, jalaran badhe kapitunan tembe
pungkasanipun. Kita kedah maringi sangu kangge putra kita kanthi agami ingkang
kiyat lan akhlaq ingkang mulya. Lan sampun ngantos rumaos bombong manah
kita manawi saged nyekolahaken putra kita wonten ing pawiyatan ingkang boten
cocok kaliyan agami kita.

Boten kedah dhateng madrasah diniyyah, nanging saumpami wonten ing


pawiyatan ingkang kirang piwucal agami, pramila kita kedah maringi tambahan
piwucal agami. Wonten ing madrasah kemawon, saumpami wonten ing MI, MTs,
MA raosipun inggih kirang sampurna sanajan sampun cekap piwucal agaminpun.
Jalaran wonten ing madrasah kasebat piwucal agami namung 05 Mata Pelajaran
(MP) saben-saben minggunipun, inggih punika: Qur’an-Hadits, Aqidah-Akhlaq,
Fiqh, Bahasa Arab, lan SKI. Jumlah jam pelajaranipun 400 jam pelajaran.
Manawi alokasi wekdal 1 jam pelajaran = 40 menit, pramila sinau wonten ing
madrasah salami 3 tahun kirang langkung namung 40 dinten. Pramila pancen
kirang wekdalipun sinau agami manawi boten katambah sinau agami wonten ing
wekdal sanes. Etangan wekdal kasebat saged dipunaturaken makaten:

Sinau agami ing Madrasah Tsanawiyah (MTs), umpaminipun:

4
1 minggu = 5 x 2 x 40 menit = 400 menit,

1 wulan = 4 x 400 menit = 1.600 menit,

1 tahun = 12 x 1.600 menit = 19.200 menit,

3 tahun = 3 x 19.200 menit = 57.600 menit,

57.600 menit = 960 jam = 40 dinten.

Pramila saged kula aturaken bilih lare sinau wonten ing madrasah salebetipun 3
(tigang) tahun, namung 40 dinten. Punika dereng manawi libur ndadak utawi
dwijanipun izin, utawi malah larenipun boten mlebet sekolah.

Hadirin Jama’ah Shalat Idul Adha Rahimakumullah,

Awit saking punika sumangga kita gatosaken ingkang saestu piwucal agami
tumrap putra-putri kita amrih boten kapitunan tembe wingkingipun. Kita pados
papan pawiyatan ingkang jumbuh kaliyan kudangan kita, lan pados ustadz
ingkang wira’i. Kita jangka supados putra-putri kita nggadhahi akhlak ingkang
mulya (akhlaqul karimah), nggadhahi karakter kados Isma’il as. ingkang
kagungan sifat sabar, iman lan takwanipun kiyat. Minangka andhil kita
hambangun bangsa lan nagari. Mugi-mugi Allah Swt. tansah maringi dhumateng
kita margi ingkang leres, inggih margi ingkang dipunridlai dening Allah Swt..

Ing wasana sumangga kita pungkasi khutbah punika kanthi donga dhumateng
ngarsanipun Allah Ta’ala, lan mugi-mugi kasembadan donga panyuwunan kita.
Amin, amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

ِ ‫هللا َّالرمْح َ ِن َّالر ِحمْي‬


ِ ‫ب ِْس ِم‬

‫اللّهُ َّم َص ِ ّل عَىَل ُم َح َّم ٍد َوعَىَل َالِ ُم َح َّم ٍد ىِف الْ َعال َ ِمنْي َ ِان ََّك مَح ِ ْي ٌد َمجِ ْي ٌد ِب َرمْح َ ِت َك اَي َا ْر َح َم‬
ِ ‫ات َوالْ ُم ْس ِل ِمنْي َ َوالْ ُم ْس ِل َم‬
‫ات ْا َال ْحيَا ِء ِمهْن ُ ْم‬ ِ َ‫ اللَّهُ َّم ا ْغ ِف ْر ِللْ ُم ْؤ ِم ِننْي َ َوالْ ُم ْؤ ِمن‬. َ ‫َّالرمِح ِ نْي‬
‫و ْا َال ْم َو ِات ِان ََّك مَس ِ ْي ٌع قَ ِريْ ٌب ُمجِ ْي ُب ادلَّ ع َْو ِات‬.َ
‫ َوالْ َغ ِن ْي َم َة ِم ْن‬,ٍ ‫ َو َس َال َم َة ِم ْن لُك ِ ّ مْث‬,‫ َو َع َزامِئ َ َم ِغ ِف َر ِت َك‬,‫ات َرمْح َ ِت َك‬ِ ‫َاللَّهُ َّم اَّن ن َ ْسَأكُل َ ُمجِ َب‬
‫ِإ‬ ‫ِإ‬
‫ َوالنَّ َجا َة ِم َن النَّ ِرأ‬,‫ َوالْ َف ْو َز اِب لْ َجنَّ ِة‬,‫لُك ِ ّ ِب ّ ٍر‬.

5
‫‪َ .‬الَّلهُ َّم ا ْغ ِف ْرلَنَا ُذن ُْوبَنَا َو رْس َ افَنَا يِف ْ َا ْم ِراَن ‪َ ,‬وثَ ِب ّ ْت َأ ْقدَ ا َمنَا‪َ ,‬وانْرُس ْ اَن عَىَل الْ َق ْو ِم ْالاَك ِف ِر ْي َن‬
‫ِإ‬
‫الس ِاج ِد ْي َن الْخ َِاس ِعنْي َ ىِف الْ َم َس ِاج ِد‪.‬‬ ‫الَّلهُ َّم ا ْج َعلْنَا ِم َن َّالرا ِك ِع ْينَا َّ‬
‫َالَّلهُ َّم ا ْج َعلْنَا ُم ِق ْي ِمي ا َّلص َالِ‪p‬ة َو ِم ْن ُذ ّ ِري َّ ِتنَا‪َ ,‬ربَّنَا َوتَ َقبَّ ْل ُدعَا َءاَن ‪.‬‬

‫َ‪.‬ربَّنَا َال تُ ِز ْغ قُلُ ْوبَنَا ب َ ْعدَ ْذ هَدَ يْتَنَا َوه َْب لَنَا ِم ْن دَّل ُ ن َْك َرمْح َ ًة‪ ,‬ن ََّك َأن َْت الْ َوه ُ‬
‫َّاب‬
‫ِإ‬ ‫ِإ‬
‫َ‪.‬ربَّنَا ه َْب لَنَا ِم ْن َأ ْز َو ِاجنَا َو ُذ ّ ِري َّ ِتنَا قُ َّر َة َأ ْعنُي ٍ َو ْج َعلْنَا ِللْ ُمتَّ ِقنْي َ َما ًما‬
‫ِإ‬
‫َربَّنَا ا ْغ ِف ْرلَنَا َو خ َْوا ِننَا اذَّل ِ ْي َن َس َب ُق ْواَن اِب يْ َم ِان‪َ ,‬و َال جَت ْ َع ْل يِف ْ قُلُ ْو ِبنَا ِغ ًال ِلذَل ِ ْي َن آ َمنُ ْوا‪,‬‬
‫ِإْل‬ ‫ِإِل‬
‫َ‪.‬ربَّنَا ن ََّك َر ُء ْو ٌف َرحمْي ٌِ‬
‫ِإ‬
‫َ‪.‬ربّنَا َءا ِتنَا يِف ادلُّ نْ َيا َح َسنَ ًة َويِف اْآلخ ََر ِة َح َسنَ ًة َو ِقنَا عَ َذ َاب النَّ ِار‬
‫ُس ْب َح َان َرب ّ َِك َر ِ ّب الْ ِع َّز ِة مَع َّا ي َ ِص ُف ْو َن‪َ ,‬و َس َال ٌم عَىَل الْ ُم ْر َس ِلنْي َ ‪َ ,‬والْ َح ْمدُ هَّلِل ِ َر ِ ّب‬
‫‪.‬الْ َعال َ ِمنْي َ‬
‫هللا يَْأ ُم ُر اِب ْ ل َعدْ لِ َو ْا ِال ْح َس ِان َو ِايْ َت‪pp‬ائِ ِذى الْ ُق‪pْ p‬رىَب َويَهْن َى َع ِن الْ َف ْخ َش‪p‬ا ِء‬ ‫هللا ِا َّن َ‬ ‫ِع َبا َد ِ‬
‫َوالْ ُم ْن َك ِر َوالْ َب ْغ ِي ي َ ِع ُظمُك ْ ل َ َعلَّمُك ْ ت َّذ َك ُر ْو َن َوذَل ِ ْك ُر ِ‬
‫هللا اَ ْكرَب ُ ‪.‬‬
‫‪-=(hms)=-‬‬

‫‪6‬‬

You might also like