You are on page 1of 397

Ongka 1, Kemis kaping 4 Januwari 1872

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURAKARTA
Nalika tanggal kaping 1 wulan Januwari punika, ing wanci sonten ing dalem Paresidhenan wonten
pista ageng mawi dhansah, minongka pakurmatan Taun Baru, ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan
saha para santana dalem utawi Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunara (Mangkunagara),
tuwin para upsir sadaya, sami karsa tedhak ing dalem paresidhenan, menggah bibaring pista ing
wanci jam 3 dalu.

BATAWI
Ingkang kawartos para militer bongsa Walandi tuwin Jawi, Kumpeni 1 tuwin 3 sampun kadhawahan
mangkat dhateng ing Ngriyo (Riau), dene bidhalipun kala tanggal kaping 28 wulan Dhesember
ingkang mentas kapengker, salajengipun umangsah dhateng Sumatra tanah Wetan anelukaken
titiyang kraman ing Gunung Tinggi, dene para upsir ingkang dados titindhi kasebut ing ngandhap
punika,
Kaptin F.A.Y.Periye, tuwin Kaptin H.E.Y.A. Dhemeni, punika pancen dados komandhanipun
Kumpeni 1 tuwin 3 wau
Tuwan W.Y.F.Timme Irstelitnan
Tuwan Y.L Amel Irstelitnan
Tuwan W.A, Seneidher Twedhelitnan
Tuwan C.H.F.Ris Twedhelitnan
Tuwan F.W.A.Jager Twedhelitnan
Tuwan Jonghir, Y.C.Vandhen Weik Twedhelitnan
Tuwan L.K.Seveleru, Irstelitnan ingkang dados komandhan ing barisan Alteri, dene tuwan dhokter
Litnan Y.H.Dh.L Sanger, ingkang kapatah ambaluhi para militer ingkang kasangsaran, menggah
tuwan Y.L. Wrinye, ingkang kadhawahan anggarap pandamelan Administrasi.
Tuwan Kaptin Perye, punika ingkang kinuwasakaken anyepeng paprentahanipun para militer
sadaya, wondene tuwan A.fF.Vrebig Irstelitnan Infantri, punika ingkang kawiji dados ajudhanipun
tuwan Perye wau, punapa malih, kopral 1 saradhadhu, 1 ingkang sami anyambut damel topograpi,
punika sami kadhahwan angladosi pangagenging para militer wau, kopral wau anama F.H.Pon
Egedhis nalika ing taun 1868 sampun katrimah anggenipun adamel gambar papaning paprangan
wonten ing pulo Bali, utawi sakathahing para Onder upsir Kopral tuwin saradhadhu sadaya, sami
kaparingan wadhah tatedhan ingkang sakelangkung prayogi kangge ing sawatawis dinten.

SIYAM
Nalika tanggal kaping 15 wulan Dhesember 1871 ing wanci enjing Kangjeng Raja Siyam karsa
tindak dhateng Kalkota (Calcuta) dene bidhalipun saking kitha Bangkok anitih kapal latu, menggah
rawuhipun ing Singapura, kadugi tanggal kaping 20 wulan Dhesember wau, saking watawis kanjeng
raja Siyam wau karsa amariksani tanah sakiwa tengenipun ing ngriku.

Pangkat wadana ing Gendhing, ing samangke taksih lowong dene ingang kacariyos Onder Kolektur
ing Lumajang tuwin Onder Kolektur ing Prabalingga, utawi jaksa ing ngriku, sami andarbeni
panyuwun mugi kaparingana anggentosi pangkat wadana ing gendhing wau.…
PADHANG
Pakabaran saking Padhang anyarytisaken manawi ing dhistrik Kamang wonte reresah, menggah
jalarnipun nalika tanggal kaping 23 Nopember ingkang sampun kapengker, wakil jaksa ing tanah
ngriku, akanthi sawatawis opas pulisi, sami kekesahan dhateng ing dhistrik kamang wau, sumedya
anyepeng para tiyang ingkang sami ngaben sawung, anaming sareng dumugi ing Batuamat
kapethuk tiyang kirang langkung 500 ing salajengipun tiyang ingkang amethukaken wau sami purun
purun anganiaya sarta anatoni dhateng jaksa tuwin sakarereyanipun sareng prakawis punika
kauningan ing paprentahan ing wanci jam ½ 4 sonten kanjeng tuwan residhen amundhut bantu para
militer, sareng wancijam 4 kalampahan saradhadhu 60 katindhihan kaptin Rimpol tuwin litnan
Meyer, sami kadhawahan umangsah dhateng ing dhistrik kamang wau, sadhahtengipun ing ngriku
para tiyang ing dhistrik Kamang sampun sami tentrem kados ingkang wau, mila enjingipun para
militer sami wangsul dhateng ing Padhang malih.

ANGKATIPUN KANJENG TUWAN INGKANG WICAKSANA MISTER Y.LODHON SAKING


NAGARI WALANDI
Nalika tanggal kaping 7 Nopember Kanjeng tuwan Mister Y.Lodhon ingkang badhe jumeneng
guprenur Jenderal ing Indiya Nederlan sampun karsa bidhal sagarwa putranipun sarawuhipu ing
Stasiyun kapethukaken para antana, tuwin para mitra ingkang sumedya badhe angurmati
andherekaken ing margi, angkatipun kanjeng tuwan Lodhon wau, dene lampahipun antawis
sandinten wau ing wanci sonten dumugi ing Paris enjingipun malih karsa anglajengaken dumugi ing
Antib amertuwi para santana utawi alerep sawatawis dinten wonten ing ngriku.

Manawi panjenenganipun saudara tuwan Redhaktur anyondhongi saha sela ing papan panjurung
kula punika mugi kapacaka ing Bramartani.

Nalika tanggal kaping 11 Dhesember pulisi dhistrik ing Kanigara, bawah Madiyun amanggih
bangkenipun tiyang jaler katanem mujur mangaler, wonten sapinggiripun lepen ing catur, dene
penanemipun ingkang katingal namung dhengkul sapengandhap badan sapanging-gilipun kaurugan
siti lebetipun nanem namung 1,5 kaki, saking teksiranipun tiyang wau pejahipun sampun 9 utawi 10
dinten awit sampu katingal risak sanget badanipun bangke wau, mila boten saged anerangaken warni
tuwin umuripun dene ingkang kadamel tondha jaler estrinipu bebet epek utawi setagen punapa malih
saruwalipun taksih sae, ingkang punika gantos samangke dereng wonten ingang angaken gadhah
ahli waris, wondene pulisi ing ngriku ugi sakelangkung bingunging manahipun anggenipun
angupados katerangan dhateng ingkang mejahi bangke wau, amila kula parlu anglebetaken kabar ing
Bramartani, awit saking anggen kula rumaos welas ingkang sampun kajarwa ing nginggil wau.
Madiyun kaping 26 Dhesember 1871
Katandhan pun Welas

Ingkang klayan urmat, manawi wonten selaning papan sarta pareng atur panjurung kula punika mugi
kapacaka ing koran Bramartani.

Ing dhusun Wanasri dhistrik Jenar, wonten satunggal kabayan wasta Eka Wijaya, punika kawartos
sakit, sareng kapriksa estu sakit tatu gigiripun tilas katumbak ing tiyang, lajeng kadangu ngakeni ing
nalika malem Rebo ping 21 wulan punika nyolong wiji pantun gadhahanipun tiyang nama
Bawaleksana dhusun Gandhek ugi dhistrik Jenar, ing sak nalika konangan lajeng kabujeng sarta
katumbak kenging gigiripun. Ing samangke prakawisipun sawek katindakaken, kilap kadadosanipun.
Kaserat tanggal ping 27 Dhesember 1871
Katandhan Jawera ing jambu

Kinanthi batanganipun cangkriman kang tumrap mungging, Bramartani wedalira, Dhesember ping
sapta Kemis ongka kawandasa sanga, anunggil warsa puniki. Astha pada kang pangayun mungging
sekar durma muni, wanita tuhu digdaya, amungsuh makethi-kethi, rinemet mijil rah seta, puniku
tiyang mususi. Pada kaping kalihipun puniku wong derep yakti, dene pada kaping tiga, kang munya
raden anitih, rata kalih pangiridya, puniku wong mluku sabin. Pada ping sakawanipun punkupat
sayakti, ing ngiris arsa pinangan pada gangsal ingkang mungging, sekar duduk wuluh munya,
sumrambah mring pundi-pundi. Serat iber sayaktinipun pada kaping nem kang muni, mitulungi
mring wong tuwa, puniku ekensayakti, pada sapta ingkang munya, prabata jajar kakalih. Ing jro
mawa angin agung, tuwin ladhu asring mili, puniku yaktining grana, pada ping astha kang muni,
lepasing mimis kukulan saestu cipta kang ening.
=

Serat kintunan katandhan pun Mitaarja, amratelakaken manawi tiyang jagi ing kampung Soniten
bawah Surakarta, yen dalu boten lumampah rondha, namung angreksa griyaning lurahipun,
menggah leres utawi lepating aturan punika,mugi wontena karsaning parentah adhadhawah titi
pariksa ingkang terang……

Punika cariyos Babad Mataram

Dhasar kadang tuwa gagentining, ing sudarma pan amung paduka, wus titi tamat surate, sang prabu
ing Mataram, duk kadriya raosing tulis, langkung ngwlasnya marang, ing Pathirinipun, sarta
angunguning driya, dening Pathi arsa rina baseng jurit, marang wong agung wetan. Tan wruh lamun
pangupaya sandi, ujar komandaka tan anyata, ing Santenan pangulahe, nanging sira sang prabu, ing
mataram menggah ing galih, datan nuypta mangkana, mung ujar satuhu, yata wau angandika,
sribupati Mataram marang ing dasih, kinen amedalena. Waos daleman kathahireki, kalih dasa
marang panangkilan, kang inagyan mintar age, sapraptaning kadhatun, wus ing ngambil watang
narpati, prapta ing panangkilan, punang waos katur, panembahaning Mataram, lon ngandika marang
utusaning Pathi,, kang wasta patraita. Patraiyta iki paring mami, mring arimas dipati Santenan,
paniya amung sapele, ingkang dadi turipun, nuhun gaman bakal kinardi, amethuken wong wetan,
kang sedya anggempur, marang nagara Santenan, mung rong puluh tumbak uwus saput pranti, lah
mara tampanana. Patraita sampun anampani, paringira sang Prabu mataram, patraita tur sembahe,
amba anuwun mundur, rehning lampah amba wus lami, lamun de arsa arsa, ing ngari pukulun, ping
kalih bok nunten prapta, wong bangwetan kang narsa merep ing Pathi, temah aku thetheran. Wus
kalilan patraita mijil, prapteng jawi sigra gagancangan, sampun lepas inglampahe, patraita andurung,
kuneng gantya malih winarnil, kang maksih aseseban, wong agung Matarum, saungkure patrita,
duteng Pathi dipati mondraka angling, tuwin wau kang putra. Nenggih sira Pangran Mangkubumi,
sampun matur marnag Panembahan, kadipundi ing karsane, ing Pathi anunuwun, ing gagaman dipun
paringi, tan wande mamengsahan, lan Pathi satuhu, ulun wus myarsa pawarta, sandi bae tinekan ing
mungsuh nenggih jatine Komandaka. Satuhune mungsuh ing Matawis, ing temahan wingking dados
karya, sang nata alon delinge, paman ingkang puniku, amba pasrah dhateng ing widhi, ngong karya
kabecikan, winales tan ayu, mong sata manggiya arja, dereng dugi deira agunem kawis, kuneng wau
kangprapta. Sang dipati ign Demak ing ngirid, ing rerepot sadaya binakt, prapteng ngalun-alun
andher, sang adipati laju, mareg ngarsa sri narapati, rerepot pan tinilar, kagyat kang ngandulu,
sagung kang sami sewaka, samya narkayening demak anakardi, wau sang ngadipatdya. Prapteng
ngarsa gupuh anungkemi, ing pada sang narendra Mataram, sang prabu alon delinge, lah matura
karuhun, aja sira kadawa nangis, teka kadi wanudya, yen mungguh ing kakung, yen karuna tan
prapyoga, anydaken ing bawalak san pasthi, yata dipati Demak. Mendhek ngarsa manembah tur
baris, dhuh pukulun milambaha sowan, aboyong sanak dharane, myang repot pukulun, saking
tiwasipun pun dasih, tatatengga ing Demak, dipun aru biru, dhateng dipati Santenan, purun boten
puruna kawula inggih, kinen anut ing karsa. Inggih dhateng pun dipati Pathi, dene warung lawan
Garobogan, sampun anut sadayane, saking ngajrih pukulun, inggih dhateng dipati Pathi, mila kawula
gepah, umarek sang prabu, boten ta amba ajriya, dhateng Pathi arebut reh ing ajurit, amba ajrih ing
tuwan. Yen ta enggal atura upaksi, ing paduka winastanan Tiwas, kawula ing saestune, duk miyarsa
sang prabu, ing Mataram ngunguning galih, tan lyan ingkang kacipta, sang murweng panduylu,
sayekti tan kakilapan, ing sasolah tingkah ning kawula sami, wong karya kabecikan. Sinauran ing
reh kang tan yekti, anarima sumongga rumarah, wusnya mangenangening reh, sang prabu ing
Mataram, matur marang paman dipati, mondra karum delingnya, punika satuhu, kadi ta ujar andika,
ing Santenan amungsuh marang Matawis, akait lan wong wetan. Anauri sira sang dipati, mondaraka
punapa linyoka, ujar manira yektine, ing mengko wus tinemu, pamalese dipati Pathi, sang prabu
aturira, kang makaten ulun, datan garantes samendhang, anarima ing pandon ireng hyang Widhi, ri
sampunya mangkana. Sira sang aprabu ing Matawis, aparentah mring sagung santana, miwah kang
para putrane, tuwin pradipatya gung, kinen sami samakteng jurit, sagala kulawarga, kinarya gulagul,
gagala manggalaning prang, kuneng nagri Matarum kang wus rumanti, tata rakit don yuda.
Kawuwusa nagari ing Pathi, duk ing nguni ing saungkurira. Ki Patraita lampahe, dinuta mring
Matarum, paning wuri wus kirim tulis, dhateng nagari Tuban, sinandi sinamun, mangkana
patembayanya, yen Mataram arsa amukul mring Tubin, nenggih ing wulan ngarsa. Lamun
nenipened den dhingini, wong Mataram away kongsi prapta, marang Tuban sayektine, wong
Mataram arusuh, anjajarah anjajamahi, sang dipati ing Tuban, pinrih rawuh ipun, dhateng nagari
Santenan, wonging pathi sabyantu atulung jurit, wit tumut den sikara. Kerut tyase sang dipati Tubin,
amiyarsa ungaling nawala, tanda rana sigra bendhe, kendhang gong beri umyung, wus sangumpul
kawuleng Tubin, asikep bureneng prng, sigra budhalipun, sawadya alalancaran, sang dipati asedya
dhateng ing pathi, kang kocaping carita. Wong Bang wetan samya keneng sandi, paekane dipati
Santenan, komandaka mamanise, akarya arubiru, ingkang keni nagariTubin, ila semyung balora,
samya kenenga pus, samya dhatenging Santenan, laning warungga-ronggan wus anunggil, aneng
nagri Santenan. Wus andadi ing gunemireki, kang wadya gung wus samya samakta, sigra budhal
sadayane, arsa mukul Matarum, sira wau dipati pathi, langkung geng kangg gagaman, watara
nemewu, sikeping prang monca warna, waos benang atanapi pedhang tamsir, mariyem kalantaka.

Panjurung ing Bramartani, kados ing ngandhap punika pratelanipun

Nalika tanggal kaping 20 wulan Dhesember taun 1871 wonten satunggaling priyantun mantri
golongan ing kabupaten Sewu, nagari Surakarta, ing wanci jam 5 sonten amartuwi dhateng
dalemipun raden Ngabei Sasradireja, papatih ing kapatiyan mawi anumpak kapal sae sarta
prabotipun kapal wau sami enggal sadaya, sareng dumugi ing Sasradirejan lajeng kapanggiyan ing
pandhapi, ing wanci jam pitu sonten anuju jawah riwis-riwis wau kapal dipun eyupaken kaliyan
ingkang nyepengi dhateng ing regol ngajeng ingkang manglung radinan boten antawis dangu lajeng
wonten satunggal tiyang dhateng sarehning sampun radi peteng dados boten terang menggah wujud
enem sepuhipun tiyang wau amurugi dhateng ingkang anyepengi kapal sarta wicanten makaten: e
kene jarane dak cekelane kowe di timbali den bei ayo rikat bae, dumadakan kuli ingakng nyepeng
kapal wau boten prayitna, kapal lajeng dipun sukakaken tiyang kuli lajeng dhateng ngajeng
pandhapi, rehning dangu boten dipun dhawahi, kuli wangsul dhateng panggenan kapal anaming
tiyang utawi kapal wau sampun sepen pun kuli ugi kendem kimawon boten purun opyak sarta
gadhah panginten manawi kapal sampun katumpakan ingkang gadhah piyambak sareng wanci jam 8
raden ngabei Jagadireja badhe mantuk ngupadosi kuli ingkang nyepengi kapalipun wau boten
pinanggih, tumunten wonten tiyang ingkang matur manawi kuli ingkang nyepengi kapal punika
tiyang dhusun ing Bugelan salajengipun kuli wau dipun dhatengaken sareng dipun pitangledi
wangsulanipun ugi kados ingkang kasebut ing nginggil wau, ing sak nalika raden Bei Jagadireja
lajeng gupuh anglacak turut radinan mangilen ngantos dumugi ing stasiyun Gilingan anaming boten
pikantuk titik katerangan palajenging durjana wau, mila andadosaken getun ngungunipun ingang
darbe kapal dene durna wau sakelangkung julig ing pratingkahipun anaming saking watawis raden
Ngabei Jagadireja kados lajeng darbe atur dhateng ing parentah anyuwun serat biwara kadamel
ngupadosi kapalipun ingkang kabekta ing dursila wau, namung sakedhik raosing manah kula kados
ta kuli ingkang nyepengi kapal wau punapa boten kedah kapriksa utawi kajibah ngupados katrangan
naming samanten punika wonten pamarsudinipun ingkang kagungan abdi kuli wau, anjawi makaten
menggah icaling kapal punika ugi wonten ing dalemipun raden ngabei Sastradireja, bokmanawi
inggih punika ingkang wajib marsudi, amila saking panuwun kula manawi kabar kula punika saged
kauningan ing kathah tuwin nyarambahi dhateng sanes nagari andadosaken wonten paedahipun
saiba bingahipun ingkang gadhahkapal bilih selot selotipun saged kapanggih malih kapal dalah
durjananipun menggah kapal wau alesipun dragem wedalan Kedhu, inggilipun 4 kaki kirang sadim,
pacakan gilik mathi papak ciri kuping pethetan.
Ing Kampung Beton Surakarta tanggal kaping 28 Dhesember 1871.
Katandhan Pun Gumun

Pitakenipun Trusdhasastra, kabatang kadi ing ngandhap punika:

Bab tembung ngulem-ulemi, mila kawastanan ulem tegesipun kapendhet sangking wedalipun
tembung manis arum supados samiya lumuntura sih katresnaning manah, kadamel upami gong
saageng ingkang swaranipun ulem punika tamtu dados pangalemaning ngakathah.

Bab tembung ing negari Pakalongan kramenipun ing negari Pengalasan: punika menawi kapendhet
tegesipun ing tembung sangking alas, dados maujud kaelong ananging dereng trang. Bab kartu sak
lampahan kathahipun 120 iji, kapendhet ingkang 32 iji, lajeng dipun wical kados caranipun wical
yen pei, sageda angungkuli kathahipun akaliyan kartu ingkang kantun 88 iji, dene pamedhetipun
kenging sasenengipun anggenipun milih namung janji boten kenging langkung saking kartu 32 iji,
ing ngandhap punika katranganipun:
Bunci rangkep kendel tiga, sekawan dumugi songa, lomba, wah tiga tambur, 2, iji, dados
gendhongan gungung kartu 14 iji, wah ratu,1 kenci, 1, songa brit 4, wah kusing 1, wolu lintrik 1
songa keyang 4, wah wolu picis 3 songag lindhing 3, gunggung kumpul kartu 32 iji.

Tumunten kapetang kados caranipun yen pei, punika kepanggih 363 mripat. Menggah kartu ingkang
kantun 88 iji, wau kesabet 2, mripat kartu 32 iji menang, sarta badhe narik toh pamenangipun warni
punapa ingkang kajanjekaken ngajeng. Ing wasana epat leres kula sumongga para ingkang sami ahli
nalar, dene kula naung nuruti pitkenipun Trsdha sastra, menawi kaleresan pambatang kula wau,
ingkang sarta kula prasaben yen badhe kakesahan tebih dados boten saged lantaran serat malih.
Ing nagari Ngayujakarta, Bakda Sawal ing taun Be, ongkag 1800
Katandhan Kusumawicitra.

Cariyos Ulam kutuk badhe angrabeni tiyang estri, kala jaman nagari Wirata
Tyas mirong murweng gambuh, yayah rongga tanpa sada tuhu,tangeh luwar saking maskating
panyakit, malah kongsi sarwa kusut, kasat mata dadining don. Denira karya pemut, limuting tyas
rare kang kalimput, lacut maring reh sumirang murang niti, tan tantuman amamatuh, temah lumaku
ginuron. Mangkna yogyanipun, tumulara sudarsana luhung, duk ing jaman kabudan kang dadya
misil, kasusilaning tumuwuh, met saking reh karahayon. Lalakon elok tuhu, caritaning nguni ana
kutuk, rabi kenya winiwa engga pati, purwa kanira kasebut, ing sastra Wedha kinaot. Pustaka raja
iku, nyaritaken lalakoning kutuk, jaman prajeng Wiratha kang madeg aji, sang basukeswara prabu,
kasubing rat widagdeng don. Andina dina muhung, met marteng tyas anggung ananamur, kanthi
wadya sawatara kang kinapti, samaptaning anunungku, piter pudya mureweng layon. Samana duk
anuju, ananamur maringlor prajagung, amung arya manungkara kang umiring, lan parpat ro
kanthinipun, angampil tepak tembako. Prapteng marga lit iku, sisimpangan kang maring desa gung,
karajaning wanda singa duk ing nguni, kayanganira hyang Wisnu, nalika warna arimo. Prabu Rayani
ing ngriku,m ulat ana wong papat lumaku, gagancangan sarya tawan-tawan tangis, ing ngandheg
samya dinangu, karananing reh mangkono. Ana ingkang sumaur, dhuh priyantun sampun arubiru,
kang sayekti lampah kawula puniki, gagancangan arsa pangguh, kalawan lulurah ingong. Sedya
nuwun pitulung, pamingkaranin gbaya pakewuh, dyan dinangu sapalurahira yekti, winangsulan kang
kasebut, manungkaa punggaweng jro. Mangkya jinaten sampun, lamun arya manungkara iku, kang
tatanya marmanira padha nangis, kapat pareng makidhupuh, denya lungguh tan rinaos.
Punika taksih wonten candhakipun.

Kauninga para priyantun manawi kula mentas anampeni pigura ageng mawi lis parada, dene
gambaranipun angimba nalika kang raja ing nagari Nederan angarsakaken masang banon ingkang
kaisan, minongka pratondha pangenget-engete dhateng pandamelipun bendungan sudhetan saanten
ingkang winastan Kanal, punapa malih para priyantun kenging pikantuk tumbas gambaring nagari
Walandi ingkang sakalangkung sae.
Katandhan tuwan Purneman

Tuwan Purneman ing Surakarta


Angaturi uninga menawi kula mentas tampi buku gambaran warni-warni, kangge sinau utawi
titingalan supados andadosaken kabingahanipun para rare.
Tuladha sastra seratan kangge sawarniing tiyang tuwin rare supados saged anyerat ingkang sae.
Tuladha kangge mulang anggambar dus pulas marni-warni, kretas pos sae kagem ing para priyantun
Bunikah sagawon warni-warni, kangge sanginggiling meja panyeratan
Punika malih barang dagangan saking nagari Welandi, awarni wadhah panyeratan mawi sekarane
rak utawi barlin sakalangkung sae, sarta ing lebet mawi lapis baludru, pantes kagem ing para
priyantun dene ingkang alit pantes kagem ing para putri.
Wadhah panyeratan alit ing ngelbet mawi laken pantes kagem ing para putri
Gambaring nagari Jawi, Sumatra tuwin sanes-sanesipun nagari kangge mulang rare supados
sumerepa nagari ing pundi-pundi
Portepel sae-sae, kangge panyeratan menawi kekesahan
Wadhah mangsi awi marmer cemeng, tromel wadhah arta damelan Inggris
Wadhah pigura ageg alit sami damelan Inggris lan albim (wadhah gambar) warni-warni sarta mawi
Orgel
Lading pengaretan gunting Inggris sarta sanes-sanesipun barang, kakathahen yen kapratelakna
sadaya
Katandhan tuwan Purneman
Sawijining tuwan ingkang anguwasani pabrik sata, angupados mandhor kalih, ingkang saged anata
tuwin sumerep pamilihing sata ingkang sae utawi awon mawi kaparingan balonja 20 rupiyah, utawi
langkung, kamurwat ing kasagedanipun mandhor wau, dene sakathahing katrangan kenging
pikantuk saking tuwan P.F.Purneman ing Surakarta

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni usar sarta
pirantos ingang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, punapa malih pulas warni-warni pulitur,
pernis kareta tuwin sanesipun.
Katandhan tuwan Weting.
==============================================================

PAOS
Para priyantun ingkang kedah anampeni paos saking tuwan Operbek ing Ceper, kaaturan
anampenana paosipun pasokaning siyam punika, wonten ingg griyaniun tuwan Mudhi, awit ing
dinten punika.

Sawatawis peksi dara,ingkang mentas dhateng saking nagari Walandi, sakalangkung ageng sarta
sae-sae, sajodho regi 25 rupiyah, bilih wonten priyantun ingkang karsa tumbas kenging amriksani
wontening griyanipun tuwan PUrneman.

MIRAH SANGET
1, Serat Babad Pajajaran ongka 1 regi 2 rupiyah
2, Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 2, regi 2 rupiyah
3, Serat Babad Pajang (saweg rampung) regi 2 rupiyah langkung 50 sen
Serat titiga punika sami urut cariyosipun manawi tumbas tiga pisan pangaosipun suda 6 rupiyah,
dene manawi karsa tumbas namung kalih buk reginipun 4 rupiyah, sarta kenging pikantuk saking
tuwan Purneman utawi tuwan F.L.,Winter ing Surakarta

Para priyantun ingkang sampun andaberni serat babad ongka 1 punika kedah atumbas ingkang
ongka 2 supados jangkep ing cariyosipun.

Para priyantun Jawi utawi bongsa sanesipun sami kenging pikantuk tumbas gambaripun priyantun
anama Bratayuda 1 iji, regi 2 rupiyah.
Ongka 2, Kemis kaping 11 Januwari 1872

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURAKARTA
Nalika ing dinten Saptu tanggal kaping 6 wulan Januwari taun 1872 ing kampung Jayadiningratan
wonten titiyang awasta Nalayuda, dados abdi dalem Jajar Kaparak ing wanci dalu kendel jam 3
griyanipun kalebetan durjana kecu, menggah barangipun ingkang kenging kateksir kirang langkung
pangaos 1000 rupiyah, deneten ingkang gadhah griya saanak brayatipun wilujeng amargi
sadhatengipun kecu sami lumajeng angungsi gesang, durjana wau saunduripun kapethukaken tiyang
patrol utawi ingkang tandang tulung, kalampahan ngatos sami anandhang tatu malah saking
pakabaran waosipun tiyang durjana wonten ingkang angrem kantun ing ngiganipun tiyang tandang,
anaming ing sak nalika boten anemahi pejah, sanadyan tiyang durjana wau ngantos sawatawis dangu
anggenipun tangled kalayan tiyang siti, ewadene ing wekdal punika boten wonten ingkang kacepeng
lestantun boten kantenan palajengipun denenten para parentah ugi lajeng anindakaken titi pariksa
sarta angupados titik kateranganing durjana wau.

BATAWI
Nalika ing dinten Akat tanggal kaping 31 Dhesember 1871 kanjeng tuwan ingkang wicaksana
guprenur jendral mister Lodhon sampun rawuh palabuhan ing Batawi, dene angkatipun saking
Singapura anitih baita kapal latu ingkang winastan Surabaya, sareng enjingipun kanjeng tuwan
ingkang wicaksana guprenur Jendral karsa tedhak dhateng ing dharatan mawi kaurmatan kados dene
ingkang sampun katamtokaken ing wanci siyang, kanjeng tuwan ingkang wicaksana, sampun
anampeni panguwasa paparentahanipun tanah indiya Nederlan ing Sarampungipun karsa
anindakaken Oudhensi punika tegesipun kanjeng tuwan ingkang wicakasana wau karsa amanggihi
para tiyang ingkang sami sowan sarta andarbeni atur panyuwun sapanunggilanipun, dene kanjeng
tuwan Mister Piter Meyer anggenipun karsa bidhal dhateng nagari Walandi, kala tanggal kaping 2
wulan Januwari taun punika, sanadyan kanjeng tuwan Mister Piter Meyer wau sampun ngandika
angkatipun saking Batawi boten susah mawi kaurmatan ewadene kathah para priyantun utawi para
walandi sanesipun ingkang sami angurmati methukaken wonten ing panggenan celak palabuhan
sarta sami angaturi wilujeng dhumateng kanjeng tuwan mister Pitermeyer, nalika angkatipun
kanjeng tuwan Mister Meyer saking ing Batawi, asasarengan kaliyan kanjeng tuwan ingkang
wicaksana guprenur Jendral Mister Lodhon sareng kanjeng tuwan Mister Meiyer sami papanggiyan
kaliyan para priyantun utawi sanesipun ingkang wonten ing ngriku sadaya, sarta sasampunipun
asuka wilujeng dhateng para priyantun wau, lajeng karsa bidhal dhateng palabuhan kadherekaken
para amtenar tuwin Uf Opsir sarta para Walandi ing Batawi kanjeng tuwan Mister Maiyer wau
angkatipun dhateng ing Singapura anitih baita kapal latu ingkang anama Surabaya wau, ing
salajengipun anitih baita kapal latu ingkang winastan Pranesmilbut ing wanci siyang kanjeng tuwan
ingkang wicaksana guprenur jendral mister Lodhon karsa kondur dhateng ing Bogor mawi
kaurmatan kados ingkang sampun kalampahan.

Serat Pakabaran walandi anyariyosaken manawi tuwan Kaptin Perye, sampun amanjurung serat
suraosipun asuka uninga manawi pakumpulan ingkang winastan rodhekris sampun karsa
amanjurung arta dhateng para militer ingkang kaangkataken dhateng ing Gunung Tinggi kaprenah
ing Sumatra tanah Wetan dene arta wau lajeng katumbasaken inuman tuwin tatedhan
sapanunggilanipun ingkang parlu, sadaya pangaos 850 rupiyah.
Serat telegram ingkang kapacak ing serat pakabaran Walandi, amratelakaken manawi para militer
ingkang kaangsahaken dhateng ing Gunung Tinggi, wau ing samangke sampun dumugi ing Riyu
(Riau), sarta wilujeng ing lampahipun……..

Punika cariyos Babad Mataram

Pradongga geng tinembang neng ngarsi, swaranira amanis araras, karya gambireng wadya keh,
ingkang dadya panganjur, sawadya sang dipati Tubin, nulya wadya balora, myang Lasem puniku,
nulya warung garobogan, kang mungkasi sagunging kawula Pathi, sampun lepas lampahnya.
Kuneng wau sang dipati, kawuwusa narendra Mataram, sampun miyarsa wartane, yen ing Patih
tumenggung, arsa merep prajeng Matawis, sang nata pamyarsanya, wont Pathi puniku, akait lawan
wong wetan, paningmang kya wus kesah saking nagari, wadya ku swa andurma.

Sri bupati Mataram apaparentah, marang sagunging dasih, samekteng ngayuda, ing karsa
srinarendra, arsa rumabaseng jurit, mring wong santenan, away prapteng Matawis. Ageng alit
sagung kawuleng Mataram, atata-tata sami, samaptaning yuda, riwusnira antara, munya tengaraning
jurit, gong nyeri gubar, samya tinitir titir,. Kyai Bicak tinabuh munya angakang, yayah karengeng
langit, wadya ing Mataram, samya gambira sura, ing reh kadya den kileni, myarsa ki Bicak,
angankang martandhani. Lamun badhe jaya denirarsa yuda, amungsuh lan wong Pathi, saksana sang
nata, aken ambudhalena, punggawakang mianjuri, kang pradipatya, sadaya babarepi. Nulya sagung
prasantana para putra, sawadya kuswa asri, kathah warna-warna, pasikeping gagaman, pindha
hyang-hyang munggweng tulis, busananira, gumebyar balerengi. Nulya wadya upacara ing jro pura,
kang garbeg sribupati mager saringayap, kanan wuri ing ngarsa, ana wadya sewu nenggih, asikep
watang, ana kang sikep tamsir. Kathah lamun winuwus wadyeng Mataram, semana kang winarni,
kang mung wenging ngarsa, prapteng sakidulira, ing kali Cemara nenggih, sampun katingal, wau
barising Pathi. Dadya wau wus ayun-ayunan yuda, kasaput dening ratri, sami masanggrahan, yata
kawula Tuban, ing NgLasem prasamya nelik pondhok Mataram wua kang dipun sandi. Wong
Mataram dukmarengi samya ngucap eh wong Batur ing Mangkin ya wong NgLasem ika, kalawan
wong ing Tuban wartane milu ing Pathi, gusti Mataram datan nedya amangkin. Ingkang pangandika
gusti ing Mataram ingsun tan nedya ika, amungsuh wong Tuban kalawan Lasem ika, ana dene yen
kapanggih, ana ing ngajeng, tan wande ingsun bukti, wong Balora wong Lasem lawaning Tuban
angrungu ujar wadi, anulya lumaywa, maturing gustinira, anjola dipati Tubin dadya uninga, yen den
sandi ing Pathi. Ayun mundur ing mangke sampun kawruhan dadya ta ambek pati,kawuwusa
enjang, panembahan ngalaga, yata angandika aris eh prang wedana, anabrang a kariyin. Angirida
kandhaga lan tesa dasa, anabranga kariyin ing luhur atebah, ywa kongsi kalayatan, yen uwis
anabrang warih, sira barisa, marep mangalor nenggih. Lamuning sun tengara nuli mangsaha, poma
den ngatiyati, awit prang wadana, ngirid lan tesa dasa, anabrang mangetan iki, prapta atata, madhep
mangalor sami. Panembahan Ngalaga nulya anabrang, mangetan nulya jurit, langkung ramening
prang, sira aprang wadana, sigra tengara tumuli, lante sadasa, saking kidul ngebyuki. Pan wong
Tuban wolng Lasem sadaya kewran, yen ana mungsuh prapti, saking kidul ika, nenggih dipati
Tuban, mojar eh wong Tuban aglis, sira mundura, mungsuh narajang Tubin. Dyan wong Tuban wus
mundur marang mangetan, wong Lasem anututi, katut wong santenan, kari amagut yuda,
kathetheran denya jurit, datan kawawa, wong pathi amung kedhik. Dyan kaburu wong ing pathi
katututan, ing kali sampang nenggih, wong pathi semana, kathah pejah ing toya, dadya adipati pathi,
icaling toya,tan kantenan kang jisim. Tan karuwan pejah, lawan gesangira, kocapna tong Matawis,
wus mundur semana, dhumateng ing Mataram, punika babade dhingin, arnane tunggal, tinata ratu
malih. Kawarnaha jeng senapati Mataram, dawegira tinangkil, nulya gaganjar, santana para mantri.
Awara ta sagunging kawula warga, tan ana tong wang siji, samyantuk ganjaran, saking jeng
panembahan, suka sadaya prasami, kawula warga datan ana sak serik. Antarane kang yuda kala
semana, yata rajeng Matawis, pan sampun sumalah, aneng baleka jenar, kaya roning tata nabi,
babade ika, paraputra anangis. Sasurude Panembahan ing kajenar, ingkang putra sumanding, aran
kimas Jolang, ginantyakaken rama, jumeneng aneng Matawis, nama Susunan Mangkurat
Nyakrawati Kang winuwus nguni kang sampun suwarga ,panembahan Matawis, ing kamuktenira,
tuhu nutug punika, duk akarya Tamansari, ing Danalaya, sakilening Matawis. Mila sekti
panembahan ing Mataram, yen malebet ing wariyh, ora teles ika, nenggih pun Jurutaman,
panembahan ing Matawis, sinungga-sungga, karaton amiwiti. Ing Mataram Amengkurat Nusa Jawa,
nurbuwat anampani, seu geng nugraha, panembahan ngalaga, nenggih kang sampun suwargi, akarya
tilas, weh kasmaraning ati.

Sampun ja meneng narpati, ing Mataram awibawa, mantri agung suyud kabeh,miwah ingkang
kulawarga, tan wonten kang cawengah, amung putra kang pambayun, ingkang cawengah ing driya.
Adipati Puger nenggih, sadherek pambayunira, Pangeran Puger kang angraos, kala mun nora
sembada, aneng nagri Mataram, sang nata alon amuwus, alah kaki mondaraka. Kanjeng rama
Mangkubumi, kadipundi karsa dika, dene pun kakang karsane, pangeran Puger punika, dene kakang
emas, kedah jumenenga ratu, cacangkok nagri priyongga. Ing Demak dipun tareni, kedah wisma
aneng Demak, punika kang mas karsane, Pangeran Mangkubumi ika, dipati Mondaraka, inhgkang
prasami umatur, gih ki Jebeng aturing wang...………

BAGELEN
Kala tanggal kaping 29 Dhesember 1871 Mas Dj. R. ing Kampung Plaosan Eler, jagongan kaliyan
tiyang wade dhuwung Mas Dj.R. ngunus wau dhuwung tiningalan sarta kaelus-elus wonten
ngamben salebeting griya, boten antawis dangu wonten kalapa garing dhawah saking nginggil
malebet ing griya andhawahi tanganipun mas Dj.R. ingkang pinuju ngelus-elus dhuwung wau,
dumunung ing tangan kaenetaken dhuwung temahan panuduh ingkang kiwa tatu ngantos katingal
balungipun rahayunipun dhuwung boten mandi pancen neneman mila para mitra kula ingkang
kagungan uwit kalapa ingkang wonten palataran celaking griya, punika prayogi kategora, awit latar
wau masthi kerep kaambah ing tiyang sepuh tuwin rare, sanadyan kaecalan pekah sawatawis
salamenipun kabyaktan taman darbe kuwatosing wit kalapa.
Dhukuh Glenggangsari, ping 30 Dhesember 1871
Katandhan pun Jangkung.

Sinaroja sagunging paurmatan ingkang mawantu-wantu katur ingkang saudara tuwan F.L.Winter
Redhaktur ing Bramartani, manawi pareng saha sela ing papan kula angaturi panjurung minongka
wangsulan dhateng mitra kula ingkang sisilih nama Trusdhasastra. Manawi andadosaken patenging
panggalihipun mitra kula Trusdhasastra, kula angaturi urun saking pitangledan sampeyan bab
aliwaris sangking pamanggih kula cocog kaliyan kitab Pekih bab Prail garwa tuwin selir ingkang
boten langkung saking sakawan punika angsal saparo woloning barang gadhahaning mayit dene
sapawolon wau pambagenipun dhateng garwa utawi selir punika bitasmiyah (klayan sami)
sasampuning kapendhet saparawolon punika lajeng kabage dhatengputra jaler tuwin estri,
pambagenipun punika, ladi kari (misluro) putra angkat boten angsal baggeyan punapa-punapa,
anjawi pawewehing bapa nalika taksih gesang, kapingkalih bongsa dadamel dhuwung
sapanunggilanipun pun kaputra jaler estri ugi angsal kados dene pambagening barang, kaping tiga,
sadaya barang ing mayid sami kenging kabage awit ingkang kasebut ing ngagami boten wonten
kaprabon anjawi yen aliwaris ingkang sampun akir baleg sami rila barnag tilaran wau kadamel
pusaka, utawi yen sampun dipun wasiyataken nalika gesanging mayid punika sah. Kaping sakawan
ingkang mesthi kadamel nyaur sambutan punika ugi barnag gadhahanipun mayid dereng kenging
kabage yen dereng sah sambutaning mayit ingkang nagih pitanging mayid punika ahli waris lajeng
kabage kados dene pambagening barng. Kaping gangsal ingkang nguwasani bageyanipun waris
ingkang dereng baleg punika wali kang iman santosa, namung punika ing saserepan kula, wasana
sumongga ing karsanipun para sujana.
Sinerat ing Purwareja kaping 22 Sawal BE ongka 1800
Katandhan Jayasonta ing Pakauman

Kula sampun nyumerepi suraosipun Bramartani taun 1871 ongka 48 katandhan nama among
sewaya, amratelakaken Raden Ngabei Bratasudira, kaliwon polisi anggenipun kapandungan,
andadosaken ngungunipun kang manggalih perlu kalebetaken Bramartani dene polisi ngantos
kapandungan, mongka kapamekaken wolung durjana kapamekaken ayam wasana wonten wolung
ngantos kenging kagondhol ayam. Saking punika wonten pantesipun margi wolungipun saweg
pileren, ayamipun watawis pinuju katowongan sanget, ewadene saking pamarsudinipun ingkang
kapandungan klayan aking barkahipun ingkang ngasta nagari, durjanaipun ingkang mandungi
sampun kacepeng 2 iji sami byang bawah Kartasura, nalika tanggal kaping 13 wulan Dhesember
1871 kalayan mawi nyinatur sampun angakeni, lajeng katahan wonten ing sipir ageng nagari
Surakarta, menggah pinanggihipun wau sanadyan saking kaprasudi sanget, yen sampuna
kabiyantonan aking mitra kula ingkang lebetaken Bramartani kados dereng pinanggih, liripun
biyantu kadosta 1 kabayawarakaken dhateng satanah jawi sadaya kawrat ing Bramartani, wetawis
murih barang wau sampun kalajeng medal saking tanah jawi 2 sampun sami wuninga prakawis
kaasta ing nagari, pramila sanget ing pamuhi kula supados lestantunipun ardaning pangupaya,
kadosta 1 soleh bawanipun ing sasami sami ingnag boten pisan pisan damel pitunanipun kalebetaken
Bramartani 2 wawenen ingkang ewah saking ngadat 3 mamireng kirang prayogi sami kalebetaken
Bramartani, sabab badhe andadosaken kauntunganipun ingkang ngasta nagari tuwin para ahli nagari
awit pikantuk wuninga terus angebah-ebahaken panggalihipun ingkang tetrem kakinten-kinten
tuwuh ing anyrinakaken para marta, lampahing nginggil wau sadaya, sanadyan kang lebetaken
Bramartani anmung sasilih nami, utawi ngaken gariya nagari kaliyanipun pamanggih kula kirang
prayogi yen boten naa gagriya ing pundi kang kapratelakaken wau.
Katandhan Tambuh

Punika sambetipun panjurung wangsalan ingkang sampun kapacaking Bramartani


1, Tonja jagung, jagung kang pikethik mudha: kaduluraninring
brongta nemu arja
2, Dhatuk kuda, kuda kang dadya ampilan: enggaring tyas yen
pinandaneng sang kusuma
3. Gosokjara, jarabinandhulan sela: ubeging tyas budi ambakeneng
dhendha
4, Batur sela, sela lus panglawed gonda: Ragenan pisindimene
waluya
5, Batur sungsun, sungsuning wisma rawatan: tiwas mundhak koteng-
koteng badanira.
6, Woh pelasa, plasa ingkang awoh kara: tiwas bebel nora
ngadhangaken karsa,
7, Pindhalawa, lawa geng kamongsa wohan: sumedhoting manah
gumolong mring sira.
8, Tungguling prang, prang mangsah liwunging nala: wanti-wanti
denya rembug ing ngasmara
9, Sambanging prang, prang kinarya papanduman: tanpa nadhah
ngolang-aling kalanglangan.
10, Ngungsi ing prang, prangira atinggal lawan: Aningali kayungyun
ayu andika,
11, Nyumbang bala, bala tinata ing yuda: ambantoni guna gelaring
ngasmara.
12, Nginjen mungsuh, mungsuh ingkang dingkik dalu: tetelika sun
tukup aneng papreman
13, Rembug gilig, gilig kawanening yuda: tansah brongta yem durung
biyantu karsa.
14, Angkating prang, prang anluk baranging mengsah: lurugana malah
dhangana tyas kula
15, Nyangkoling prang, prang wus rukun rembug arja: kawalana ing
bedha mamari brongta.
16, Pindhamrutu, mrutu ingkang talakisma: muring muring angenceng
minta asmara
17, Gelung landhung, landhung baju tanpa janggan: gondhelana
ingkang banget layakena.
18, Godhong pace, pace binumbon usada: tisna temen yen selak
karona asmara
19. Santri brahi, brai nekang sapiwana: puyenging tyas duk
nembirang barng karsa
20, Jebeng wulu, wulu cumbuning ngarjuna: langkung marma yen wus
celak lawan sira
21, Ngantreping prang, prang wuru kaliru rowang: riwuting tuyas
yen wus raremponeng tilam.
Katandhan Open

Punika candhakipun cariyos ulam kutuk

Mung marep saryan dulu, maring arya manungkara iku, tanwruh lamun aneng ngarsaning narpati,
panakawan ro gumuyu, kinira wonglara panon.

Jinawil kinen mungkur, angarepna ing pasilan prabu,pareng kagyat kapat wus samya udani, adan
mingsed sru mabukuh, aneng ngabyantara katong.

Inggih sajatosipun, abdi dalem punika lulungguh, umbul dhusun ing kasidan awawangi, pun sarwa
mangya kasebut, karan saking anak wadon.
Pak Saruwi puniku, ingkang wonten kiwaning bokipun, dene tiyang estri kalih kang sumandhing,
biyang laan bibekipun, dhumateng sutamba wadon.

Milanipun pukulun, kapat sami kakapang kapiluh, sedya sowan dhumateng lurah nagari, arya
manungkara patut, paring pitulung wirangrong. Makaten purwanipun, wonten tamu estri saking
dhusun, ing paoman awasta nyai Gandhori, punika semahing buyut, gandhowara kasubing wong.

Denira amartamu, dhateng wisma kawula mitembung, anju jawah sonten ngebun ebun enjing, ing
Sutamba estri wau, pun saruwi lamun jodho.
Sumedya kambil mantu, antuk sutanipun warni kutuk, wasta Jaka Deleh opunika sayekti, dahat
andupareng tembung, mongsa sageda kalakon.
Dene ta ulam kutuk, badhe ngangkah rabi wanudya yu, sanalika semah ambanyai kesi, nunggal
wawangsulanipun, nirbaya wikareng batos. Eh teka soroh saru, sararasan andika bok ayu, anjajadha
jaja anjajang kungaris, pundi wonten ulam kutuk, badhe dhaup lan wong wadon.

Sewu boten pakantuk, papantese lamun ulam kutuk, amung jagi pespesan lan urip urip, makoten ing
lumrahipun, kang empun kaprah dening wong. Nyai Gandhori napsu, nanging tansah kawula rarapu,
dupi sareh nunten amba apapanggil minta tengran retna luhung, maniking toya sajodho. Kang ageng
sabiluluk, lamun saged tumuntena wujud, mila krya papanggil makaten gusti, amung dados
satatanggul, manawi nampika awon.
Punika taksih wonten candhakipun.

Kula tuwan E.A.Pogel


Tukang gambar sorot ing Surakarta, angaturi uninga dhumateng para priyantun manawi kula
samangke amondhok ing griya sawingkingipun gareja walandi, sarta ing saben dinten kula sagah
adamel gambar sakalangkung sae, wah mirah ing wragadipun

Serat pananggalan ing taun punika, mawi cariyos urutipun serat pustakaraja, regi 75 sen kenigng
pikantuk saking Tuwan Purneman ing Surakarta

Kula tuwan Enggelen, angaturi uninga dhumateng para priyantun sadaya, manawi kula mentas
kaecalan segawon jaler, ules jene sirah ing nginggil mawi pethak, kula namakaken pun Kastor, sara
mawi kalung kulit tuwin rante, sinten ingkang manggih tuwin nyumerepi kula ngaturi pituwasing
segawon wau, sarta lajeng kapratelakna dhumateng tuwan P.F.Purneman

Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni pigura ageng mawi lis parada, dene
gambaranipun angimba nalika kanjeng raja ing nagari Nederlan angarsakaken masang banon
ingkang kapisan, minongka pratondha pangenget-enget dhateng pandamelipun bendungan sudhetan
saganten ingkang winastan kanal, punapa malih para priyantun kenging pikantuk tumbas gambaring
nagari Walandi ingkang sakalangkung sae
Katandhan tuwan Purneman

Tuwan Purneman ing Surakarta

Angaturi uninga menawi kula mentas tampi buku gambaran warni-warni, kangge sinau utawi
titingalan supados andadosaken kabingahanipun para lare.
Tuladha sastra seratan kangge sawarnining tiyang tuwin lare supados saged anyerat ingkang sae.
Tuladha kangge mulang anggambar dhus pulas warni-warni, potlot warni-warni, kretas pos sae
kagem ing para priyantun.
Bunikah sagawon warni-warni, kangge sanginggiling meja panyeratan.
Punapa malih barang dagangan saking nagari Welandi, awarni wadhah penyeratan mawi
sekaranerak utawi barlin sakalangkung sar, sarta ing nglebet mawi lapos baludru, pantes kagem ing
para priyantun dene ingkang alit pantes kagem ing para putri.
Wadhah panyeratan alit ing nglebet mawi laken pantes kagem ing para putri
Gambaring nagari Jawi sumatra tuwwin sanes-sanesipun nagari kangge mulang rare supados
sumerep a nagari ing pundi-pundi.
Portepel sae-sae, kangge panyerat menawi kekesahan.
Wadhah mangsi mawi marmer cemeng, tromel wadhah arta damelan Inggris.
Wadhah pigura ageng alit sami damelan Enggris lan albim (wadhah gambar) warni-warni sarta
mawi Orgel.
Lading pengaretan gunting enggris sarta sanes-sanesipun barang, kakathahen yen kapratelakna
sadaya.
Katandhan tuwan Purneman

Sawijining tuwan ingkang anguwasani parbik sata, angupados mandhor kalih, ingkang saged anata
tuwin sumerep pamilihing sata ingkang sae utawi awon mawi kaparingan balonja 20 rupiyah, utawi
langkung, kamurwat ing kasagedanipun mandhor wau, dene sakathahing katrangan kenging
pikantuk saking tuwan P.F.Purneman ing Surakarta

Angaturi uninga ing para priyantun sadaya, bilih tuwan Drat ing Salatiga gadhah kapal Makasar
rakitan kalih pasang, ules cemeng sadaya lampahipun sampun dados kenging lajeng kaangge, saha
boten kirang punapa-punapa, punika badhe kawade
Katandhan tuwan Drat

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni usar sarta
pirantos ingkang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, punapa malih pulas warni-warni pulitur,
pernis kareta tuwin sanesipun.
Katandhan tuwan Weting

PAOS
Para priyantun ingkang kedah anampeni paos saking tuwan Operbek ing Ceper, kaaturan
anampenana paosipun pasokaning siyam punika, wonten ingg griyaniun tuwan Mudhi, awit ing
dinten punika.

Sawatawis peksi dara,ingkang mentas dhateng saking nagari Walandi, sakalangkung ageng sarta
sae-sae, sajodho regi 25 rupiyah, bilih wonten priyantun ingkang karsa tumbas kenging amriksani
wontening griyanipun tuwan PUrneman.

MIRAH SANGET
1, Serat Babad Pajajaran ongka 1 regi 2 rupiyah
2, Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 2, regi 2 rupiyah
3, Serat Babad Pajang (saweg rampung) regi 2 rupiyah langkung 50 sen
Serat titiga punika sami urut cariyosipun manawi tumbas tiga pisan pangaosipun suda 6 rupiyah,
dene manawi karsa tumbas namung kalih buk reginipun 4 rupiyah, sarta kenging pikantuk saking
tuwan Purneman utawi tuwan F.L. Winter ing Surakarta
Para priyantun ingkang sampun andarbeni serat babad ongka 1 punika kedah atumbas ingkang
ongka 2 supados jangkep ing cariyosipun.

Para priyantun Jawi utawi bongsa sanesipun sami kenging pikantuk tumbas gambaripun priyantun
anama Bratayuda 1 iji, regi 2 rupiyah.
Ongka 3, Kemis kaping 18 Januwari 1872

Kulawisudhan tuwin sanesipun

MADIYUN
Mas Angabehi Sastradiwirya, patih Samarata, kaelih dados patih ing Magetan
Mas Bei, Wongsadikrama, kumetir Kopi Magetan kakulawisudha dados mantri ing Dhistrik,
Magetan, mawi balonja f,65 rupiyah sawulan.
Mas Bei Brataarjam Juruserat kantor Magetan, kakulawisudha dados Kumetir Kopi, ing Magetan
mawi balonja f,45 rupiyah.
Raden Suraatmaja, Juru serat gudhang Klithak (Madiyun) kakulawisudha dados Juru serat kantor
Magetan mawi balonja f 25 rupiyah sawulan.
Mas Sumawardaya magang karisidhenan Madiyun kakulawisudha dados Juru serat gudhang Klithak
(Madiyun)

PASURUWAN
Raden Danusastra, wadana ing dhitsrik Winongan, kaelih dados wadana ing dhistrik Gempol
kabupaten ing Bangil.
Raden Ariya Sasrawinata, putranipun bupati ing Pasuruwan ingkang dados bekel ing dhistrik
Keboncandhi, ing samangke kaangkat dados wadana ing dhistrik Winongan.
Suratirta, Mantri ing dhistrik Keboncandhi, kakulawisudha dados bekel agentosi raden ariya
Sasrawinata wau.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURAKARTA
Nalika ing dinten Senen tanggal kaping 15 wulan Januwari punika, ingkang Sinuhun Kanjeng
Susuhunan karsa anyupitaken putra dalem kakung, 1 awasta Bendara Raden Mas Anityasa, putra
dalem putri ugi katetesaken kathahipun 3 bendara Raden Ajeng Sutaji, Bendara Raden Ajeng
Sudarmi, tiga bendara Raden Ajeng Kamariyah, ing wanci jam 6 enjing kanjeng tuwan Residhen
utawi kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sami sowan malebet wondene renggan
pakurmatanipun ugi kados ing ngadatipun putra nata ingkang saking garwa ampeyan utawi ingkang
andherek bela supit tuwin sunat putranipun para santana dumugi anakipun abdi dalem mantri
sapangandhap kathahipun kirang langkung ingkang jaler 200 ingkang estri 300 iji.

Nalika ing dinten Kemis tanggal kaping 11 ing wulan Januwari punika ing wanci jam 4 sonten
wonten jawah ingkang mawi angina prahara, salebeting nagari, ing jawi tuwin lebet beteng kathah
kakajengan ageng ingang rebah sarta wonten ingkang angrebah ing griya tuwin pandhapi, ing
kampung Urdenasan, griyanipun abdi dalem koki awasta pun Manglu karebahan uwit kalapa leres
ing molo tugel utawi empyakipun remuk, anaming tiyang salebeting griya sami wilujeng sadaya,
wonten malih bango gendheng ing peken ageng ugi risak karebahan utwit waru, utawi ing kampung
Pamotan pandhapinipun Mas Ratayuda lurah widadaren punika karebahan utwit waringin ageng
ngantos remuk babar pisan anaming para widadarinipun sami wilujeng awit ing wekdal punika nuju
wonten ing griya wingking sadaya, anjawi ingkang punika ugi kathah kajeng ageng ingkang sol
rebah ing pinggir radinan utawi ing pakampungan ewadene para tiyang boten wonten ingkang
anemahi sangsara jalaran saking rebah ing kakajengan wau.
Punika cariyos Babad Mataram

Pan tinurutan anenggih, karsane raka paduka, samya tinantunan kabeh, wong agung kang tuwa-tuwa,
prasami nulusena, pangeran Puger puniku, pantes tatandhon nagara. Gancanging caritaneki, pangeran
Puger saksana, mring Demak wau karsane, nulya jumeneng dipatya, aneng nagari Demak, lan
sakulawarganipun, wus jinunjung lungguhira. Enengna datan winarni, kocapa srinarapnata, ing
Mataram kadhatone, sineba wadya punggawa, yuata nalikanira, wonten ingkang rayi wau, kakalih
samya diwasa. Ing mangkya jinunjung linggih kalawan ki mas Tendhoga, jinunjung linggih arane,
dipati Puger namanya, miwah Ari Pamekas, awasta ki mas Kadhawung, arine waruju pisan. Pan
sampun jinunjung linggih, demang tanpa nangkil ika, pan sampun jumeneng karo, enengna nagri
Mataram, kawarnaa ing Demak, Pangeran Pugerpuniku, papatih ira satunggal. Nenggih dipati ing
Gendhing, ing Demak wau sineba, Pangran Puger ing Demake, pepak mantri kang sewaka, miwah
para santana, prasamya jejel supenuh, andher lir prawata sekar. Saler gunung Kendheng sami, wus
kerup dening wong Demak, Singabongga iku kang wong, rinayah raja darbeknya, dipati Puger
Demak, tan seba dhateng Matarum, mring kang rayi srinarendra. Pirang taun lamineki, pangeran
Puger ing Demak, datan seba ing karsane, dhateng ing rayi srinata, ing cipta sedya owah, enengena
tan winuwus, wau ta nateng Mataram. Miyos sineba pramantri, sang nata wus ing ngaturan, yen ing
padesanan kabeh, saler ardi Kendheng ika, sampun jerup mring Demak, sang nata ngandika asru,
wruhanira wong ing Demak. Nadyan denirupa sami, saloring Kendheng pradesa, miwah kidul
kendheng kabeh, salor gunung Kendheng iya, ingsun tan arsa cegah, iya ing pangidhaping sun, iya
kang mas iya ingwang. Ya ing Demak ya Matawis, inggih kaki mondharaka, punapa kaki karsane,
yen suwawi karsa dika, kakang mas Puger Demak, kula aturi tumanduk, dhateng nagari Mataram.
Kula lami tan kapanggih, langkung ing sumelang kula, lawan kula pasrah kabeh, saler ardi
Kendhengika, kula pasrah ing Demak lan sakidul wukir iku, samya ngidhepa mring Demak. Ing
mangke kawula ajrih, wewelinge ingkang swarga, sinten wiwitana awon, sampun amanggih raharja,
dipati mondaraka, alon denira amuwus, gih jebeng kula sembada. Lah ki Jebeng Mangkubumi, lah ki
Jebeng singasekar, puniku sami karsane, dadya prasamya angucap, sadaya tan prayoga, ing ngatur
kawula wau, kawula tedha patuta. Ri sampunya mangkaneki, srinarendra ing Mataram, anulya
utusanege, matur mring kang raka Demak, tan kawarna ing marga, prapta ing Demak tumanduk, ki
dipati tan lumampah. Enggal carita wus prapti, wus katur srinaranata, nanging tan lumampah age, ing
wasana ping sakawan denira pautusan arsa ngrebut jeneng ratu, aneng nagari ing Demak. Sriibupati
ing Matawis, ing mangkya amepatk bala, sang nata ngandika lon, wruh anira wong Mataram
sikakang Puger ika, ayun guguyon lan ing sun, anyoba kuwanening wang. Dipati Mondra kaangling,
eh ki Jebeng karsadika, punapa ngawaki dherwe, andika dhateng ing Demak, yen penedipun uga,
sampun dika utumut-tumut, sampun dening santana. Srinaranata ling nyaris, undhake karsa manira,
panggiya pun kakang dhewe, adipati Puger ika, adawa yen kawarna, angadega gamanipun, susungute
ing ngayuda. Nulya bubar tan asari, gagamane wong Mataram, tan winarna ing lampahe, wus prapta
nagri ing Demak, sampun ayun-ayunan, campuh ing rana gumuruh, kadya ombaking samodra. Pan
long linonongan kang jurit, surake kadi ampuhan, tengara umyung swarane, gumelir karengeng
wiyat, dipati gendhing Demak, kasambut ing ngaprang pupuh, mustaka nulya tinigas. Kasoran prang
Demak sami, dipati Panjer kesisan, dipati Panjer sirage, ajrih tumuli lumajar, binuruka tutuan, wus
binonda winayuyung, adipati Panjer ika. Dipati Demak puniki, saksana ngawaki ngrana, sedyane
angamuk dhewe, wus prapta aneng ngayunan, kesisan dening bala, Pangeran Puger sigra ngamuk,
tandange lir singa arodra. Para dipati Matawis, kang katrajang bubar-bubar sakalangkung
prakoswane, tanana braja tumama, langkung prawiranira, punggawa Mataram agung, prasamya
angagem canggah. Pangeran Puger nempuh aglis, nulya sinosoging canggah, kinepung punggawa
rame, rebah gya sinikep sigera, anupi nulya sara, cindhe kembang tangsulipun, binekta mring
pasanggrahan. Srinaranata Matawis saksana anulya budhal, sangking pasanggrahan bodhol, umantuk
dhateng Mataram, dipati panjer ika, tinuweg aneng dalanggung, jisime binuwang jurang. Aglising
carita prapti, tepis iringing Mataram, enjang wau ing praptane, dyan Pangeran Puger ika, sawadya
balanira, pinarnah wonten ing Kudus, pinanahaken saksana. Anenggih kilen Masigid, Pangeran
Puger wismanya, anak putunira kabeh, sadaya samya tut wuntat, sami priya sadaya, anenggih
sengkalanipun, rekasa paksa tata jalma.

Sri Bupati ing Matawis, lagya miyos siniwoko, lurah ganjur ing wastane, nenggih kigadamastaka,
tinanem nagri Demak, sarta sinungan jujuluk, ki Tumenggung Suranata. Wau ta sultan Matawis, tan
ana sumelangira, eca kang manah kabehe, wonten kang raka satunggal, kakutha wus prayoga,
sajroning Mataram iku, Pangeran ing Jagaraga. Kathah ingkang wayah mangkin, tumut pangran
Jagaraga, ingkang kinarya pamomong, awasta pangeran rongga, priyayi ing Karanggan, mantri jagani
pakewuh, Ngabei Malangsumirang.……

Panjurung ing Bramartani

Nalika ing dinten Senen tanggal kaping 8 wulan Januwari punika, mas Ngabei Suradahana, abdi
dalem mantri Keparak Rehing Jayadiningrata ing wanci jam 9 dalu, atilar donya jalaran tatu
kaangreman waosipun durjana kecu, ingkang kasebut ing Bramartani ongka 2 ugi wulan punika,
wondenten ngabei Suradhana wau awit saknalika tatu lajeng kapulasara dening tuwan dhokter, utawi
kanjeng tuwan residhen saha kanjeng raden adipati Sasranagara, salebetipun akit ngantos dumugi
ajalipun anggenipun karsa tindak mariksani dhateng ing griyanipun Ngabei Suradhana, ngantos
rambah kaping tiga, utawi kathah paparingipun waragad sakig watawis kula kanjeng tuwan residhen
tuwin kanjeng raden adipati anggenipun karsa anindaki punika, sarehning ngabei Suradahana wau
katingal anggenipun temen-temen rumeksa ing kawajibanipun anglabeti nagari ngantos kalampahan
dados pejahipun yen ta saupami wilujeng saras ing sakitipun wau kados badhe kathah ganjaranipun
saking kanjeng tuwan residhen utawi kanjeng raden adipati, amila saking pamuhi kula mugi
andadosna tuladha dhumateng para ingkang gadhah wajib pandamelan rundha tuwin patrol, temen-
temenipun anggenipun anglabeti nagari sageda angirib Ngabei Suradahana wau, sanadyan dumugiya
ing pejah anaming kaseksen kauningan dhateng para pangagenging nagari, pejah gesang punika
gumantung ing karsanipun ingkang maha kawasa, naming manawi kados lampahanipun Ngabei
Suradahana wau saking watawis ahli warisipun anamtokaken dhateng kalenggahaning bapa.
Katandhan Open.

Ingkang rinengga sagunging kaurmatan akanthi tabe akathah-kathah, mugi katur ingkang saudara
tuwan F.L.Winter, redakturing Bramartani ing nagari Surakarta, bilih saudarta anyondhongi, tuwin
sela ing papan serat kula punika kapacaka ing kabar Bramartani, kawedalna ingkang tumunten sanget
pangajeng-ajeng kula.

Ing nalika dinten Saptu tanggal kaping 17 wulan Sawal punika, wanci kendel jam 3 siyang raden
tumenggung Purwadiningrat ing Surakarta karsa ameng-ameng dhateng abin ingkang kaprenah
sawetan caket ing dalemipun, kadherekaken panakawan alit.

Sareng antawis celak kaliyan wadhah, salebeting wadhah wonten maesa sami kacancang wontening
Plegungan, sareng sumerep kaliyan raden tumenggung maesa lajeng medhot sangking cancangan
jalaran raden tumenggung wau ngagem sarung bathik blunthang-blunthang, sanadyan maesa wau
ajrih lajeng medhot saking cancangan ananging sami boten anginten manawi maesa wau badhe
adamel bebaya, amargi sampun asring kalangkungan tuwin maesa wau estri, sareng antawis radi
celak maesa lajeng nganca purun sarta lajeng nubruk sarehning margi rumapil tuwin maesa lajeng
kajeng klok suku ngajeng kalih pisan raden tumenggung sedya nracak dhateng gigir, ananging
kapleset lajeng dhawah wonten lungkangan singating maesa lajeng nyepengi singat asta ingkang
tengen nyepeng sabet suduk, sareng sawatawis dangonipun raden tumenggung lajeng dipun undha,
dhawah lenggah lajeng ngipataken warongka sabet, sareng maesa badhe nubruk malih kapethukaken
kajhohoh kenging sanginggiling tepak ingkang tengen maesa lajeng gebrat lumajeng dhateng sakidul
griya, antawis tebihipun kaliyan panggenan wau kirang langkung 36 tindak maesa ambruk lajeng
pejah, sareng kapriksa lebeting tatu kirang langkung sadim awit katanggor ing tosan dene Raden
Tumenggung wilujeng boten kirang satunggal punapa, ingkang dados gumun kula wau, namung
ampyipun ing dedamel, dene boten murwat tabetipun, kok lajeng pejah.

Kaserat ing Gedhogn kawui, tanggal kaping 23 wulan Sawal warsa Be, sinengkalan “ONCAT
MANDHUWUR, ing NGESTHI, WANI”
Katandhan Panakawan alit ingkang pinuju caos.
Pun Kardiman

Panjurung ing Bramartani

Kula sampun mireng pakabnaran ingkang kalayan terang, utawi kula amireng piyambak, ing ngari
Ma, wonten sawijining priyantun, awicanten raraosan wonten ing pakampungan utawi ing
padhusunan manawi tiyang asal raden tuwin raden mas mongka katingal ulatipun biyas punapa
malih raden mas ariya, punika manawi boten nyepeng pandamelan saking wicantenipun sampun
ternag saking dhawuh nginggil anaming dereng medal utawi piyambakipun badhe anyekakaken
saking pangaturan wau, badhe angarui serat dhumateng kanjeng tuwan residhen manawi asal ingkang
kasebut ing nginggil wau badhe kalorot awit adamel resahing pulisi dhusun dipun parentahi manawi
lumampah dalu kapurih ambekta upet utawi eting, ugi boten purun anglampahi ingkang sampun
dados pranatan ing ngrikul, amila kula nyuwun pariksa dhumateng para luhur punapa inggih sampun
leres kados tiyang igkang asal tigang bab kados ingkang kasebut ing nginggil wau, manawi boten
nyepeng pandamelan bage dipun lorod saking asalipun wau, ingkang punika manawi kapareng sarta
pamuhi kula dhumateng ingkang maha kawasa, mugi sampun ngantos kalampahan pranatan
paukuman kados ignkang kula aturaken ing ngajengwau, ingggih ugi kula punika sakedhik-kedhik
taksih asal raden sanadyan sanesipun kula ingkang sami gadhah asal tigang bab punika saestu
mesakaken sanget yen ta kalorod asalipun utawi kula nyuwun pariksa malih dhumateng para luhur
kados ta tiyang ingkang purun purun wicanten kados ing nginggil wau punapa boten kenging
patrapan upami wonten ingknag andarbeni atur boten tarimah dhumateng pangagenging nagari.
Sinerat ign dhusun Pamajegan kaping 11 wulan Januwari 1872.
Katandhan SA NYA TA

Panjurung minongka wangsulan dhumateng mitra kula ingkang sisilih nama Pun Darmakondha

Kula sampun anginingani seratan ampeyan igkang tumrap ing Bramartani ongka 52 wedalipun kemis
kaping 28 wulan Dhesember 1871, panjenengan sampeyan anyuwun saeserepan dhateng mitra kula
trus dhasastra, utawi para sarjanan ing Bramartani, bab kodheng ing panggalih sampeyan kawinipun
saran duning badan tumraping priyantun kakung tuwin estri, dalasan solah bawanipun pisan,
anaming saking adrenging panggalih sampeyan, karsa mundhut ngemping, 2 tembung 1 kawening
pupu 2 kawining gares, ingkang punika sarehning mitra kula Trusdhasastra, tuwin para sarjana, ing
mangke dereng wonten ingkang karsa aparing barkah saking panyuywun sampeyan wau, manawi
pareng kula aturi saserepan ugi namung empingan sampeyan ingkang kalih tembung punika
kimawon 1 pupu kawinipun para supi wentis gagang 2 gares kawinipun jungkala, jung nalika
namungpunika saserepan kula, deneten basanipun malajeng, walandi tuwin arab kusumongga para
sarjana, saupami sampeyan karsa nami basanipun jarwa kaliyan kawi kimawon kados ingkang kula
aturaken ing ngajeng wau kados inggih teksih panunggilanipun wonten pandangu sampeyan pustaka
kalimasada, punika kula ngaturi rancaganipun kimawon Kalimasada wau kadadosanipun cupu
wadhah lisah tala saking Bagawan Abiyasa, sarehning dados rebatan kalih tiyang Ngastina, cupu
lajeng kabucal dhawah ing wana, tutupipun dados Telaga Nirmala, babonipun dados Pustaka
Kalimausada, dangunipun upadosi Pandhawa lan Ngastina, naming ingkang manggihaken, Bangbang
Kumbayana, sarana jemparing sarutama, dados Pandhawa wau angsalipun serat Kalimasada, punika
minongka kausadanipun Pandhawa lilima, sakiing atur kula ing nginggil wau naming rancagan
enggalipun kimawon denten terangipun ing gancar kula sumongga.
Katandhan Open

MADIYUN
Ing Dhistrik Caruban (Madiyun) wiwit wulan Janawari 187 katamtokaken wonten pamulangan Jawi,
dene ingkang dados gurunipun murid ing pamulangan jawi ing Madiyun ingkang katimbang sampun
radi kathah kasagedanipun. Nalika tanggal kaping 17 wulan Dhesember ugi taun punika, Nyonyah
garwanipun kanjeng tuwan Asisten Residhen ing Magetan dumugi janji, surud ing jaman
kalanggengan, pamapatipun jam 9 dalu, dene jalaranipun gerah padharan. Salajengipun layon
kasarekaken ing Madiyun, sarta kathah para priyantun Jawi utawi Walandi ingkang ngurmati
andherekaken layon. Kathah titiyang ingkang sami ngungun dene katilar bendara utawi mitra wekel.
Ing dhistrik Bulu Magetan wonten tiyang tandang tulung dhateng panggenanipun tiyang
kapandungan wasana wau kawaos dhadhanipun dhateng tiyang ingkang gadhah griya awit kakinten
pandung, lebetipun 7 dim, samangke dereng pejah, sarta sampun kaladosaken dhateng nagari.

Panjurung wangsalan sangking Purbalingga

I, Sambung papan saya nulam pinang kadan: sun cobane kawula nganggit wangsalan
II, Jenang sela, wader gung kang sabeng rawa: apuranta yen wonten lepat kawula
III, Surup surya, keyanyang mawadahana: asrep ing tyas yen paduka nampenana
IV, Durnaputra, pepatih bajul sengara: nora gampang satriya nedya utama
V, Jaewana, dhaon sisang: takdiring hyang pinupus sampun kulina
VI, peksi wisma, candhing gung panglebur: sewu wurda tan nedya tilar bendara
VII, Sela cahya, balung janur sau: sinten yogya ngentasi jasad kawula
VIII, tepus jenar, welut wana saupama: langkung susah rumasa lagya ngawula
X, Cikal wana, keranjang pengambil mi: angkuh emen tan trsna dhateng kawula
IX, Jalak pita, gudhe rambatsa: kaya ngapa wong disihi mring bendara upama
XI, Balung Janur, satriya parang garudha: bingah amba kadya gring manggih usada
XII, Kalok ningrat nalendra simbar manyura: wus misuwur wigyane wong Purbalingga
XIII, Rojong mlawa, putri nadi maos patya: dene cidra, sumakeyan wong dinama
XIV, Dhampar saka, satriya ing Lesanpura: Kang rumpaka kawula namipun Setya
Banjar kaping 9 Januwari 1872

Punika candhakipun cariyos Ulam Kutuk

Narendra mesem muwus lah ta paran wangsulane iku, si Gandhori apa banjur anyaguhi, umbul sarwa
aturipun, sakedhap kendel kemawon. Antawis dangu muwus, sagah dereng kantenan lir ripun, kula
niki muhung dremi anglampahi, pakening suta pun kutuk, wonten papanggil kang abot. Tinantun
saratipun, saged boten yekti kula wangsul, pamit mantuk ing ngantawis dinten prapti, mamardawa
uwuwsipun, baya empun pasthi jodho. Suta andikaniku, lawan anak kula warni kutuk, nadyan
minaujer langkung dibya sakti, saged muja retna luhung, sami sakedhap kemawon. Puniki
warninipun, manik warih ageng sabiluluk, tanggapan retna sakekabaran mangkin, tan pakuciweng
wawangun, tupiksanen den waspaos. Kawula mulat mangu, mangunengan angungun pupungun,
ngunandika paran kasidaning wuri, wruyaning tyas arsa lumuh, tan purun tampi sayektos. Singlar
ubayeng dangu, nanging tongga tepalih sauyun, samya ngemutaken duk ambapa panggil, mangkya
kadhatengan sampun, pantes tinampenan kemawon. Manawi maksa lumuh, yekti badhe awrat
sangginipun, ambada atputek tyas metek kapati, wekasan kawulamuwus, mintainah den sarantos. Ing
Pendhak soma estu, kalampahan wiwaha ning sunu, manik warih kabekta awangsul malih, gampil
katanggapanipun, benjang soma pon kemawon. Gandhori datan purun, kedah badhe tinilar puniku,
retna maniking toya mulung katampik, diya diniya adangu, sinapih tongga teparo. Ing rembag kang
pakantuk, saking mrayogi pirukun tinurutan inah pendhak soma mangkin, kang manik warih
gumantung, aneng brahmana kemawon. Dupi bibaran sampun, ambalawan anak rabi estu, dahat
giyuh yayah tan miyat wiyati, cipta tumameng pakewuh, wewah tan wrin dayaning don. Marsudi tyas
tarwilun anggung ngrembag kadadosanipun, miruda ngles ing dalu saha nak rabi, sedya tumameng
prajagung, nuwun pariksaningkatong. Wontena welasipun, anguwuken prakawis ing dhaup, sampun
ngantos anak kawula pawestri, kalampahan laki katuk, mindhak dados ojat awon. Punika taksih
wonten candhakipun……….

Serat pananggalan taun 1872 namung regi 50 sen kening pikantuk saking tuwan F. L. Winter ing
Surakarta

Angaturi uninga ing para priyantun sadaya, bilih tuwan Drat ing Salatiga gadhah kapal Makasar
rakitan kalih pasang, ules cemeng sadaya lampahipun sampun dados kenging lajeng kaangge, saha
boten kirang punapa-punapa, punika badhe kawade
Katandhan tuwan Drat
==============================

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni usar sarta pirantos
ingang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, punapa malih pulas warni-warni pulitur, pernis
kareta tuwin sanesipun.
Katandhan tuwan Weting

MIRAH SANGET
1, Serat Babad Pajajaran ongka 1 regi 2 rupiyah
2, Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 2, regi 2 rupiyah
3, Serat Babad Pajang (saweg rampung) regi 2 rupiyah langkung 50 sen

Serat titiga punika sami urut cariyosipun manawi tumbas tiga pisan pangaosipun suda 6 rupiyah,
dene manawi karsa tumbas namung kalih buk reginipun 4 rupiyah, sarta kenging pikantuk saking
tuwan Purneman utawi tuwan F. L. Winter ing Surakarta

Para priyantun ingkang sampun andaberni serat babad ongka 1 punika kedah atumbas ingkang ongka
2 supados jangkep ing cariyosipun.
Para priyantun Jawi utawi bongsa sanesipun sami kenging pikantuk tumbas gambaripun priyantun
anama Bratayuda 1 iji, regi 2 rupiyah

Benjing dinten Slasa tanggal kaping 12 wulan Dulkangidah punika, tuwan Singsisnem badhe
alelangaken barang warni-warni sak pajengipun
Sawijining tuwan ingkang anguwasani pabrik sata, angupados mandhor kalih, ingkang saged anata
tuwin sumerep pamilihing sata ingkang sae utawi awon mawi kaparingan balonja 20 rupiyah, utawi
langkung, kamurwat ing kasagedanipun mandhor wau, dene sakathahing katrangan kenging pikantuk
saking tuwan P. F. Purneman ing Surakarta

Kula tuwan E. A. Pogel


Tukang gambar sorot ing Surakarta, angaturi uninga dhumateng para priyantun manawi kula
samangke amondhok ing griya sawingkingipun gareja Walandi, sarta ing saben dinten kula sagah
adamel gambar sakalangkung sae, wah mirah ing wragadipun

Serat pananggalan ing taun punika, mawi cariyos urutipun serat pustaka raja, regi 75 sen kenging
pikantuk saking Tuwan Purneman ing Surakarta

Kula tuwan Enggelen, angaturi uninga dhumateng para priyantun sadaya, manawi kula mentas
kaecalan segawon jaler, ules jene sirah ing nginggil mawi pethak, kula namakaken pun Kastor, sara
mawi kalung kulit tuwin rante, sinten ingkang manggih tuwin nyumerepi kula ngaturi pituwasing
segawon wau, sarta lajeng kapratelakna dhumateng tuwan
P.F.Purneman
================
Ongka 4, Kemis kaping 25 Januwari 1872

Cariyos tuwin Pawartos warni-warni

SURAKARTA
Ing sawatawis dinten punika, wonten lare alit anak Koja, ing wanci enjing amancing ulam wontening
kalen, sangajenging griya pamulangan calon guru ing Surakarta, Lare wau dhawah ing toya lajeng
kasilem ing saknalika dipun padosi boten kapanggih, sareng tumimbul lare sampun pinanggih pejah,
punapa malih dereng antawis lami ugi wonten satunggaling tiyang estri adus ing lepen anuju
toyanipun ageng boten ngantos dangu tiyang wau lajeng keli sarta kalajeng pejah kabalabagan.

NGAYOGYAKARTA
Nalika tanggal kaping 18 wulan punika, ing wanci enjing kareta latu saking Klathen lumampah
dhateng ing Ceper, wonten ing margi meh kasangsaran saupami masinis ingkang nglampahaken
kareta latu wau boten ngantos sumerep yen margi ing ngajengan ngriku wonten ingkang risak kareta
latu watu ing saknalika wangsul dhateng Klathen boten antawis dangu lajeng andugekaken
lamahipun malih sarta ambekta pirantos sareng margi ingkang risak wau sampun dipun dandosi,
kareta latu wilujeng ing lampahipun.

BEGELEN
Nalika ing dinten Kemis tanggal kaping 11 wulan Januwari punika ing padhusunan Bagelen wonten
prahara, menggah griya tuwin pandhapi sapanunggilanipun gungung 16 ingkang sami risak utawi
rebah, wondene ingkang gadhah griya wau sadaya sami wilujeng.

SINGAPURA
Para tiyang ing Singgapura ing samangke sami asuka panjurung dhateng titiyang ing Sikao, ingkang
mentas kabesmen griyanipun utawi arta pakantukipun main konser kaklempakaken kaliyan arta
panjurung wau sadaya gunggung 1739 dholar, utawi 4521 rupiyah langkung 40 sen punapa malih
kanjeng raja Siyam nalika wontening Singapura, sampun angarsakaken amaringi pitulungan arta,
dhateng para tiyang ing tanah Persi ingkang sami kasangsaran kathahing arta 200 dholar, utawi 520
rupiyah.

PANGALEMBANA
Nalika ing dinten Rebo tanggal kaping 8 Januwari 1872 kathah para tiyang ingkang kaget awit ing
wanci siyang kinten-kinten jam ½ 12 kanjeng raden mas adipati Arya Bupati ing Magetan akusung-
kusung karsa tedhak an namung mawi abdi sawatawis sarwi bekta dedamel sanjata, boten dangu
tiyang sami pikantuk serep manawi tedhakipun kanjeng bupati wau karsa anyepeng dhateng
pesakitan anama Secaprawira, ingkang ambek purun aparipaksa abalila paprentahan nagari, Dene
secaprawira wau pancen sampun kalampahaken ingpulo Selebes kenging pandamelan pak
salaminipun 6 taun ananging miruda wonten margi.

Sarehning kanjeng raden adipati mireng pawartos terang manawi Secaprawira wau wonten sakiwa
tengening nagari Magetan mila sanget pangudi pangupayanipun makaten ugi raden wadana Magetan
awit anglampahi kuwajiban sanet amarsudi mungseng kaliyan taberi angangin angin pawartos
ingkang sayaktos. Kinten jam 1 siyang pun Secaprawira sampun kacepeng dening pulisi. Sarta lajeng
kasaosaken dhateng kanjeng tuwan residhen madiyun punika pantes sanget kanjeng raden mas
Adipati wau saha raden mas wadana tampi pangalembana saking ing ngakathah, awit saking
kencenging pangreh ing praja. Awit saking karsanipun kanjeng raden mas adipati arya bupati ing
Magetan, para lare ing pamulangan jawi badhe kasuwunaken linggih wonten nginggil kadidene
sakolahan: Samarang, Surakarta, utawi sanesipun, awit saking panggalihipun kados ing ngandhap
punika.

Ingkang sapisan: Magetan punika sitinipun asrep para lare ingkang linggih ing papan asrep adamel
kirang sakeca awakipun trekadhang ngan wonten lare ingkang kenging sasakit weteng saking
anggenipun linggih wonten siti asrep wau.

Kaping kalih: lare lingggih sila 4 jam dangunipun ugi sayah sanget.

Kaping tiga: sinjangipun para murid ing gal risak awit kapepeing asrep (panggaliyan makaten punika
amitulungi dhateng tiyang mlarat) Pamrihipun malih manawi tiyang sakeca awakipun manawi
mitulungi kalantipanipun manah. Punika andadosaken suka pirenaning mantri guru samuridipun
sadaya.
Magetan kaping 19 Januwari 1872.
Jayapitana
…….

Panjurung Bramartani

Kala dinten Kemis tanggal kaping 4 wulan punika Januwari 1872 ing dhistrik Lepenreja, wonten
tiyang manggih jisim amung kantun bebalungipun kemawon gumlothek sapinggiring margi ageng
ingkang ler, sakilenipun keteg Sigatel, mujur mengetan wonten ing pinggir wangan sacelakipun
radinan wau, wawengkonipun siti dhusun lebeng, ingkang katawis wonten kulitipun sakedhik-kedhik
amung gembungipun sapenginggil, remanipun boten wonten, katingal kadidening tiyang gundhul
penganggenipun amung 1 kemben bathik tengah pethak, sampun pisah saking badan, kadugi 6 kaki
tebihipun saking jisinm ingkang pejah wau kateksir tiyang estri priman ingkang umur 60 taun panuju
lumampah dumugi ing ngriku lajeng sakit weteng utawi wawratan wontening tambleg radinan lajeng
kagludhung ing pinggir wangan wau, kadugi pejahipun sampun pikantuk 8 dinten pramila wau jisim
ngantos risak sareng pulisi ngupados katrangan, angsal galur yen wonten1 tiyang awasta
Kertawongsa bau ing dhusun Petarangan ugi bawah Lepenreja wau, piyambakipun sampun ataken
bekta kesah 1 tiyang estri sepuh ingkang sakit, kadugi tiyang ewah amergi dipun takeni kendel
kemawon, penganggenipun amung 1 kemben bathik tengah pethak angge tapih, wau tiyang kagotong
lajeng kaselehaken ing pinggir radinan ingkang samangke pinanggih jisimipun, saking taksiraning
pulisi, jisim ingkang pinanggih kantun balung kemawon inggih punika tiyang estri ingkang sakit
wau.
Sinerat ing Kamung Mertelu, kaping 15 Januwari 1872
Katandhan kawula pun Partasanyata

Mangsuli pitakenipun trudhasastra Bramartani ongka 52

1, Sampeyan pitaken saupami wonten priyayi jawi ajal tilar waris anak jaler estri kathah, tuwin
tatilaranipun barang ugi kathah, punika kados pundi pambagenipun. Saking bab punika prayogi
sampeyan pitakena dhumateng kyai Kakim tamtu angsal katrangan sabab ampun dipun watoni ing
dalem kukum.
2, anak estri punapa wajib angsal warisan kang nama wesi aji, kadosta: dhuwung sasamenipun.

3, Barang punapa ingkang boten wenang kabage, tuwin griya punapa ingkang kasebut nami
kaprabon, sangking bab kalih warni wau, dugi dugi piraukun kemawon menawi sami rujukipun para
ahli, dene yen para ahli wau boten rujuk inggih minggah dhumateng ing kukum.

4, Sinten ingkang nyauri sambutanipun mayit tuwin bilih mayit anyambutaken sinten ingkang
wenang nagih saha lajeng darbeni. Sanking bab punika ingkang wajib nyaur I inggih waris tegesipun
barang tilaranipun mayit para ahli ingkang angulungaken dhumateng tiyang potang wau, dene yen
mayit nalika tesang motangaken para ahli ingkang nagih yen sampun angsal lajeng kabageya ingkang
ngadil.

5, Sinten ingkang wajib anguwasani waris estri, ingkang dereng darbe laki. Punika prayogi sadherek
jaler, amargi ingkang wajib maleni, dene yen boten rujuk manahipun inggih punika enggen kang
dipun senengi, sabab lare leola jalera estriya yen dereng diwasa, punika kaewokaken yatim. Ing
wasana kula sumongga katenta kula saged inggih boten namung dugi dugi sarehning sumejalantaran
serat menawi kaleresan sokur, wondene yen boten kaleresanmugi sampun dados reganting panggalih,
sarta sampun pitaken tunggilipun. Ing negari Ngayogyakarta wulan Sawal ing taun Be sinengkalan
Nir wuk esthi tunggal.
katandhan Kang Mentas lelana: Kusumawicitra.

Manawi pareng karsanipun saudara tuwan redhaktur atur panjurung kula punika mugi kapacaka ing
Bramartani, supados tumanduka dhateng mitra kula ingkang sisilih nama, open utawi mitra kula:
Sanyata.

Boten saking punapa kula namung mangayubagya sakng pamanggih ing panggalih sameyan ingkang
tumrap ing Bramartani ongka 3 wulan Januwari punika, wondenten mitra kula Sanyata, andarbeni
sumelang manawi wonten paukuman angundur asal ingkang kasebutaken tigang bab, punika manawi
pandugining manah kula boten suelang, mila makaten saking pamireng kula dereng wonten ingkang
anindakaken paukuman ambikak asal ingkang sampun kalampahan paukuman punika namung
tumrap dhateng tiyang dursila tuwin solah pratingkah ingkang nerak pranatan anggering nagari,
wangsul sareng nama asal kados pundi anggenipun badhe anyantuni, tiyang boten wonten ujudipun
sanadyan gadhaha dosa sapintena, tamtu ingkang nyanggi paukuman inggih naming badanipun
kimawon awit asal wau boten tumut punapa-punapa, aking panimbang kula anjawi naming pangkat
priyantun punika kenging kabikak saking kalepataning badan ewadene sumongga sampeyan galih.
Utawi malih pamuhinipun mitra kula Open bab lampahipun ngabei Suradhana, punika ugi leres
saking osiking panggalih sampeyan naming boten susah kalairaken saestu para ageng boten
kakilapan saking prakawis punika, utawi sampun wajibipun angukum sarta misesa ingkang dosa,
tuwin angganjar dhateng ingkang temen-temen anglabeti kawajibanipun ingkang amurih
karaharjaning nagari, wasana kula andherek jumurung dhumateng pamuhinipun mitra kula sakaliyan
wau.
Katandhan pun Susetya

Punika candhakipun Cariyos Ulam Kutuk

Telasing ngaturipun, umbul sartwa wekasan wotsantun, srinarendra angungun tumanduk liring, arya
mangakara sampun tumanggap sasmiteng katong. Kadhawuhaken niku, maring umbul sarwa kinen
laju, denirarsa tumameng praja tumuli, anjujuga wismanipun, arya manungkara ing jro. Wotsari
mangkat sampun, umbul sarwa anak rabi tumut prapteng praja marem andulu sarwa sri, yata lapahira
prabu, laju anjog marga kang lor. Rarasanira muhung buyut Gandhowara kang dhudhukuh, ing
paoman, teka kaelokan yekti,janma anak-anak kutuk, anglengkara yen rinaos. Wasana karsa prabu,
dina deken pamiwaanipun, iwak Kutuk lankenya rara Saruwi bokmanawa kang tinemu, karya
eloking lalakon.

Ananging saratipun arsa mariksa bubukanipun, buyut Gandhowara denira sisiwi, warna
iwakkutukiku, dinangu yektining pandon. Manaduka reng prabu, arya manungkara aturipun, karsa
nata punika langkung utami, bok manawi babaripun, dados suka sakaroron. Samana laju kondur, sri
narendra prapteng praja sampun, animbali kyai patih wasita mangkin, winartosan langkung ngungun,
dene teka sewu elok. Wekasan kang rinembug, kyana patih dhinawuhan gupuh, anudhuha punggawa
kinen nimbali, buyut Gandhowara iku, den prepta padha samengko. Patih sampun anuduh, ingknag
maring paoman katemu, lawan buyut Gandhowara den dhawuhi, sandika kerid salaku, prapteng
ngabyantara katong.

Enggar kang tyas taruna, kibuyut aneng ngarsaji, denira antuk panam brama, kabagyaning anak rabi,
saksana kyana patih, tinuduh kinen andangu, sangkaning ngasusuta, warna kutuk temah kongsi,
angrasani rabi waniteng kasidan. Wus dinangu aturira, pukulun sangmisud dhengsih, mangkya
kawula sajarwa, bubukanipun ing nguni, kados sampun antawis, langkung kalih welas taun,
samanten semah amba, kang ngawasta pun Gandhori, wawrat sepuh meh andungkap leking masa.
Duk kapati denya nendra, ing dalu supena keksi, lairing wawratanira, warni kutuk asmu wilis, kang
cahya anelahi, mawi makutha bramurub, jamang maskinatipa, dening retna mutya radi, salebeting
supena semah kawula. Sanget denya kamigilan, sarwi angemu prihatin, kang kutuk lajeng binucal,
dhateng lepen tana tebih, dupi ing wanci enjing, kawistara petengipun, Kimpestan pakarana, kadiduk
dereng garbini, semah amba kiampiteng tyas sanalika. Dhateng dhukun mamalar, kinen dumuk
sampun yakin, musnanipun kang wetengan, tan kenging den usadani, ing ngriku pun Gandhori,
gupuh guppuh antukipun, karuna amlas arsa, ambataken paran marmi, jinatosan ing purwamadya
wasana.
Punika taksih wonten candhakipun.

Kula Nyonyah Si Yao Ki Yang Sing ing Surakarta, kamipuruna ngaturi uninga dhumateng para
priyantun sadaya, manawi ing sapunika kula sagah andadosi sarta angecet kareta tuwin bendi utawi
adamel inggal bubar pisan menggah sakathahing pandamelan punika badhe kagarap tumunten
rampungipun sarta wragadipun mirah sanget katimbang kaliyan sanesipun, bilih para priyantun wau,
manawi kagungan karsa adamel utawi andandosaken kareta sapanunggilanipun sami kaaturan utusan
dhateng ing Mesen.
Katandhan Babag Si Yao Ki Yang Sing

PUNIKA CARIYOS BABAD MATARAM.

Lan Ki Panji Wirabumi, lan Ngabei Nayaita, lan para lulurah kabeh, awasta Suronggamreta, lawan
pun Genirongga, katiga neki lumayu, sakawanipun ki sapta. Kaping gangsalipun nenggih, awastapun
Allah uga, kaping neme ing wastane, lulurahe ki Andaka, prana lawan ki Singa, Kidarpalan
singaranu, ki Sumengit kaping sanga. Mantri kajeragan enggih, kandhaga lante sekawan, lulurah
sakawan kabeh, prasami apirembagan, kalawan kancanira, semunipun datan patut, dhumateng sunan
mangkurat. Dadya ingkang para mantri, samya rembag marang Demak, Pangeran Rongga karsane,
pamomonge kajeragan, sampun angajak nemah, sigra milolos dalu, prasamya telas sadaya. Priyayi
jeragan sami, angungsi dhateng sang nata,miwah para lurwah kabeh, pan samya ambyuk sadya,
ngaturken pejah gesang, sami tinampan sadarum, dening sang nata Mataram. Pangeran Jaragan
nenggih, angrasa kaduwung ing tyas, dene cawengah karsane, ing parentah srinarendra, angraos yen
kapiran, tinilar mring mantrinipun, gagetunira kalintang. Dadya ing nalika enjing prapta utusan
sangnata, kandhaga lante kathahe, sadaya binedhol sigra, wau kang samya prapta, anulya bina
tamantuk, daleme jinarah telas. Pangeran Jaraga aglis anulya binakta medal sangking jro Mataram
age, binakta mangulon ika, amung awak sapata, pinarnah ing masjid wau aneng kanan nora lama.
Anulya ing ngalih malih, pinarnah ing pulo liyan, ing pulo Brambang namane, kidul kilening
Mataram, samana sinengkalan, tanpa guna gati wau, den samya enget ing nala. Nengena datan
winarni, kocapa rajeng Mataram, miyos sineba wadya ndher, pepakan para punggawa, srinarendra
ngandika, eh sakehing wong Matarum, pirsakena ujaring wang. Sakathahing wong Matawis, padha
sira pirsakena, sasedane ramaningong, singa ingkang sedya ala, awit nemu raharja, lawan paman
rongga iku, lan si kakang kajeragan. Ri sampune lami lami, pangran mangkubumi ika, apuputra wolu
kaot, langkung sih esri narendra, jinunjung lungguhira, jumeneng dipati iku, sokawati jenengira.
Pangeran ing Sokawati, ki mas Pethak namanira, wus jinunjung lulungguhe, sampun jumeneng
dipatya, sampun sinungan prenah, aneng nagara Madiyun, tetep jumeneng dipatya.

Sarta sinungan papatih, nagri Madiyun semana, suyud satondha mantrine, pangeran ing singa sekar,
puput rajalu pelag, raden wijil wastaipun, jinunjung ing lungguhira. Wasta arya Wiramantri, pinarnah
ing prana raga, amutera sakathahe, ing nagara Pranaraga, ring sampunya mangkana, para santana
sadarum,. Sadaya sinungan prenah. Kang raka srinara pati, kakasih pangran Juminah, punika tapang
gulune, kang raka srinarapanata, putranipun satunggal, pan sampun jinunjung lungguh, namadipati
Balitar. Miwah saprakara malih, adipati Mondaraka, saka wanehe putrane, titiga kang sami priya,
estri namung satunggal, puniku wuragilipun, wondeneingkang ngatuwa. Pangran Madura anenggih,
punika ingkang ngatuwa, wondene kang panggulune, pangeran Juruwastanya, wirapraba punika,
pangran Juru Kithing ngiku, punika ingkang panengah. Wuragilipun pawestri akrama angsal dipatya,
ing Batang ika enggone, pangeran Madurareja, putranipun sakawan kakalih jinunjung lungguh, dene
putra ingkang tuwa. Ingkang ngasepuh pribadi, pangeran Mandurareja, ana dene ingkang anom, ran
pangeran Upasanta, sigeg genti semana, ing mangkya ingkang winuwus, pangeraning Upasanta.
Atmajanipun sangaji, punika ingkang winarna, pan cinatur sadayane, putranipun pan lilima, estri
ingkang satunggal, catur ingkang jalu jalu, putrane srinaranata. Ingkang tunggil ibu sami, punika
amung titiga, rahaden rangsang kasihe, punika pambayunira, raden Wandhan panenggah, rahaden
Meneng waruju, punika ingkang taruna. Tunggil ibu Pangeran Kalih, kang kakalih datan nunggal,
apan niku dhewe-dhewe, Pangeran Arya Natapura, apan tandhang gerah, apan sene gerahipun,
pangran arya natapura. Putrane amung satunggil, awasta rahaen Cakra, sasampunira ing mangke,
yata sang nateng ngalaga, sanget denira gerah, ing Karapyak denya surud, para putra samya mular.
Sedane den sengkalani, sanjata tribayu tunggal, ris sampunira sinare, ingkang jumeneng sakedhap,
pangeran Natapura, kukudangane rumuhun, kang rama srinaranata. Dipati Mandraka angling, marang
Pangeran Natapura, sira lumungsura age, kakangira Pangeran Rangsang, jumenenga narendra,
Pangeran Natapura nurut, ing karsanira kang eyang. Santana para bupati, sami ngestreni sadaya,
Pangeran Rangsang madeg katong, punggawa mantri Mataram, ngestrenan degira, miwah kang
pandhita agung, jumurung wong sanagara. Kocapa sang Adipati Mondaraka wus atuwa, cinatur dawa
yuswane, amomong ratu titiga, Dipati Mondaraka, tan antara nulya surud, sumare aneng Mataram.
Pangeran Madura nagri, lawan juru Wirapraba, Prasamya seda kalihye, sinar tekaken pagambiran,
ingkang amaksih agesang, kyai juru kiting wau, cinatur yuswane panjang. Kocapa srinarapati,
ingkang jumeneng Mataram, kadya rama sang katong, sabang parentahira, jenengira narendra,
kuncara yen ratu agung, pandhita nyakrakusuma. Mila jujuluka dyaki, dening sakehing kusuma,
prasamya ngidhep sang katong, pan ora keneng tutulah, wus pinanci dening hyang, sakehing
lelembut suyud, sang nata datan mundura.
Gamelan Slendro ingkang badhe kasade, regi 1200 rupiyah pratelanipun kados ing ngandhap punika
1 Gong ageng, 1 gong panyuwuk, 1 kempul, 1 kenong, 3 kethuk, 1rancak bonang, 1 rancak bonang
penrus, 2 pangon demung, 1 pangkon slenthem, 1pangkon pedhing,, 1 pangkon gender, 1 pangkon
gender panerus, 1 gambang, sae sanget unjgelipun, 2 kendhang, mawi kaprada, 1 rebab gadhing, bab
sanesing katrangan kenging pikantuk saking tuwan F.L.Winter

Kula kang andhani ing ngandhap punika, angaturi uninga dhumateng para mitrakula sadaya, manawi
ing sapunika kula ingkang anyepeng pamajeging pamadenipun arak tuwin ciyu, ing nagari
‘Surakarta, menggah pamadenipun arak tuwin ciyu punika wonten ing griya ing pacinan,
angajengaken panggenan tiytiyang asade pitik iwen, arak tuwin ciyu wau sakalangkung sae sarta eca
sanget inggih punika kadamel ing prabik kula ing Samarang, dene takeripun ugi kaot kathahipun
katimbang kaliyan ing kala rumiyin.
Kula Babah Toh Ti Yang Li Yo

Serat pananggalan taun 1872 namung regi 50 sen kenging pikantuk saking tuwan F. L. Winter, ing
Surakarta

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni usar sarta pirantos
ingang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, punapa malih pulas warni-warni pulitur, pernis
kareta tuwin sanesipun.
Katandhan tuwan Weting

MIRAH SANGET
1, Serat Babad Pajajaran ongka 1 regi 2 rupiyah
2, Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 2, regi 2 rupiyah
3, Serat Babad Pajang (saweg rampung) regi 2 rupiyah langkung 50 sen

Serat titiga punika sami urut cariyosipun manawi tumbas tiga pisan pangaosipun suda 6 rupiyah,
dene manawi karsa tumbas namung kalih buk reginipun 4 rupiyah, sarta kenging pikantuk saking
tuwan Purneman utawi tuwan F. L. Winter ing Surakarta

Para priyantun Jawi utawi bongsa sanesipun sami kenging pikantuk tumbas gambaripun priyantun
anama Bratayuda 1 iji, regi 2 rupiyah
==========================

Kula tuwan E.A.Pogel


Tukang gambar sorot ing Surakarta, angaturi uninga dhumateng para priyantun manawi kula
samangke amondhok ing griya sawingkingipun gareja Walandi, sarta ing saben dinten kula sagah
adamel gambar sakalangkung sae, wah mirah ing wragadipun
Tuwan Y. Buselar mentas anampeni Orlosi jene utawi selaka, rante jene wiyar mawi sirah kapal
utawi singa, karset tuwin kunci lonceng warni-warni sarta jene sadaya, punapa malih pasa semen
tuwin Prancis sapanunggilanipun sadaya mirah reginipun.
Katandhan tuwan Y. Buselar

Tuwan Purneman mentas anampeni kere jendhela mawi kerekan sakalangkung amikantuki sarta sae
warninipun, punapa malih kanthongan serat ingkang pancen kangge angintunaken arta, sanesipun
barang taksih kathah sarta mirah reginipun.
Katandhan tuwan Purneman

Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni pigura ageng mawi lis parada, dene
gambaranipun angimba nalika kanjeng raja ing nagari Nederlan angarsakaken masang banon ingkang
kapisan, minongka pratondha pangenget-enget dhateng pandamelipun bendungan sudhetan saganten
ingkang winastan kanal, punapa malih para priyantun kenging pikantuk tumbas gambaring nagari
Walandi ingkang sakalangkung sae.
Katandhan tuwan Purneman
……..
Ongka 5, Kemis kaping 1 Pebruwari 1872

Kula tuwan Purneman ing Surakarta, angaturi uninga dhumateng para priyantun Jawi utawi bongsa
sanesipun, manawi ing samangke pangecapan kula, sampun kula liyeraken dhumateng ytuwan
Jonasportir enko ing Surakarta, mila ing panuwun kula mugi para priyantun sadaya wau samikarsaha
anglastantunaken anggenipun karsa tumbas barang dadagangan sapanunggilanipun kados dene
ingkang sampun kalampahan, ing wasana kula angaturi panarimah kalayan asanget sanget
dhumateng para priyantun ingkang sampun antre tutumbas barang dagangan kula ing ngajeng wau
sadaya.
Katandhan tuwan Purneman

Kula tuwan Jhonseportir enko, angaturi uninga dhumateng para priyantun Jawi tuwin bongsa
sanesipun manawi ing mangke kula sampun angliyer pangecapan gadhahanipun tuwan Purneman ing
Surakarta, utawi barang daganganipun sadaya, amila saking panuwun kula dhumateng para priyantun
sadaya wau, ingkang sami karsa tutumbas barang dagangan sapanunggilanipun, mugi karsaha
anglastantunaken kados ingkang sampun kalampahan, wondenten ing sasaged saged saestu kula
angladosai punapa ingkang dados karsanipun para priyantun sadaya, tuwin sakathahing pandamelan
pangecapan punika badhe kagarap tumunten rampungipun sarta sakalangkung prayogi, utawi malih
andadosna kauninganipun para priyantun sadaya, manawi tuwan F. L. Winter ingkang kula pitados
anguwasani pangecapan tuwin sakathahing barang dadagangan wau sadaya.
Katandhan tuwan Jonasportir enko ing Surakarta

Kulawisudhan
Nalika ing dinten Kemis anggal kaping 14 wulan Dulkangidah ing taun Be punika, utawi tangal
kaping 25 Januwari taun 1872, ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan, karsa angulawisudha ingkang
putra kakung, awasta Bendara Raden Mas Sinatyasa, ingkang mentas dipun supitaken kala tanggal
kaping 4 ugi wulan Dulkangidah punika, saweg yuswa 14 taun, ing mangke bendra raden Mas
Sanityasa wau kapatedha nama Kanjeng Pangeran? Arya Anyakrakusuma, menggah patedhan
dalemingkang dados dhaharipun sabin utawi balonja ing saben wulan ugi kados sanesipun putra
dalem ingkang saking garwa ampeyan.

SURABAYA
Raden Mas Arya Bratakusuma, wadana dhistrik ing kitha Surabaya, kaelih dados wadana ing dhistrik
Jenggala ongka 4 mawi kapatedhan balonja 200 rupiyah sawulan.
Mas Ngabei Kramadirana, bekel ing dhistrik Jenggala ongka 4 kaangkat dados wadana dhistrik kitha
ing Surabaya mawikapatedhan baloja 200 rupiyah sawulan wondene pandamelan bekel dhistrik
Jenggala wau ing mangke taksih lowong.

SURAKARTA
Nalika ing dinten Slasa tanggal kaping 29 wulan Januwari punika ing wanci ja nem enjing, kanjeng
raden Adiapti Sasranagara, karsaha titipariksa papan ingkang prayogi kaadegaken griya patrolan ing
saurut margi ingkang anjok dhateng ing Baron Jabheng Raden Adipati wau karsa anindaki piyambak
anitih kuda, kadherekaken para panewu mantri ing kapatihan ingkang punika saestu andadosaken
suka bingahipun para tiyang ing pakampungan saurutipun awit kateksir manawi griya patrolan wau
tumunten kaadegaken sarta enggal rampung, sabab ing Baron saurutipun punika kalebet kiwa ing
prenahipun.

Awit saking pakabaran tiyang durjana ingkang angecu ing griyanipun kyai Nalayuda ing Kapung
Jayadinigratan ing mangke saking pamarsudining parentah nagari sampun wonten ingkang kacepeng,
durjana wau kadangu panunggilanipun angaturaken manawi kancanipun ingkang tatu kalajeng pejah
dene bangkenipun lajeng kabucal ing lepen Gagang, sanadyan bangke wau pambaucalipun sampun
antawis 20 dinten ewadene para pulisi taksih sami dereng lega, manahipun kalampahan sami
andhawahaken ngupadosi dhateng benawi awit ing Maja dumugi ing Beton sami dipun jala rambah
kaping kalih, anaming bangkening kecu wau boten kapanggih saking sedyanipun para pulisi wau,
upami kapanggiya balung-balungipun kimawon sampun lega manahipun utawi titiyang tukang jala
anggenipun sami sengkut manahipun awit teksiranipun sanadyan botena angsal damel saestu badhe
angsal ulam ageng ing wasana sepen sadaya amargi toya benawi pinuju ageng…..

Punika cariyos Babad Mataram

Kang kocapa wau ta srinaranata, enjing miyos tinangkil, pepak kang punggawa, miwah kangkula
wongsa, sumenuh ingkang anangkil, wong priyantaka, waos sulam marapit. Kang nambungi wau ta
wong riyantaka, pergusulam marapit, dhahap lawan panah, lembing sikep badhama, wong Wirabraja
nambungi, Singanagara, marta lulut nambungi. Mantri Anom asisih lan gandhek kiwa, Jagabaya
asisih, lan wong nyangkraknyana, kalawan Singamarta, Kartiyasa sami nangkil, wong numbak
pethak, margongsa anisihi. Pangranarya purbaya lengggah atata, lan Arya Wiramantri, lan Pangeran
Juminah, lan Pangran Singasekar, Pangeran Amangkubumi, pangeran Rangsang, Pangeran
Jurukithing. Adipati Pringgalaya lagya prapt, dyan Demang tanpa nangkil, dipati balitar, dipati
Tepasana, lan dipati Sokawati, Puger dipatya Madura sami nangkil. Sira Arya Suratanu ing
ngandikan, sira ngluruga aglis, marang ing Bang Wetan, kabeh wong ing Mataram, tekakena runtik
mami, lah nindhihana, sira ngataga aglis. Gagamane sadaya sira parowa, bais sira sepalih, sira
anyelaga, barisewong Mataram, mantri Mataram jenengi, yen analeda, tumbaken sangking wuri. Sira
Arya Suratanimit anembah, miwah kang tondha mantri, samya asiyaga, gagamaning ngayuda, asaos
karsaning gusti, sriamangkurat ngadhaton ing Matawis. Sira arya Suratani sigra prapta, neng
wismanira lingih, lawan para garwa, para selir keng ngarsa,mijil saosane sami, sampun pawarta,
garwa sami nungkemi. Pan denetut saduluran pungkuringwang, ing sun anglurug iki, timbalan
narendra, kinen anjenengana, mantri Mataram kangjurit, si raden bisa, suwita marang gusti. Lah
kariya mas mirah ingsun kusuma, dhuh jiwaning sun gusti, sangonana ingwang, gusti layoning
sekar, sun gawene tomba bangti, yen ingsunpejah,lah takramaha yayi. Tangisira kakang kakang
sambatira, kawula tumut gusti, kang raka ngandika, nora kena ta sira, yen miluwa ing ngajurit, wus
pasrahena, marang hyang maha luwih. Para garwa katiga sami karuna, aningali mring laki, atumutan
suka, samya sungka wanira, wasapanya tansah dresmijil, alara-lara, ing ngaras genti-genti. Sigra
dandan angrasuk kaprajuritan, kiarya Suratani, anyamping samboja, lancingane rinenda, rasukan
baludru wilis, cindhekemnonga, paningset buntar tepi. Wangkingane nyirga apan titiga, ingkang
munggeng ing ngarsi, anyothe serampang, arja kuluk bathokan, linapos ing rendarukmi, angiras
jimat, sampun tedhak ing jawi. Prajurite para lurah wus siyaga, saka praboning jurit mager sarinira,
tameng towok myang kantar, tumbak tulup pedhang tamsir, samya gumerah, teteg kendhang gong
beri. Suratani semana sampun siyaga, amundhut kang turanggi, apan wus samekta, binusanansarwa
bra, kudanira jangjan kuning, wus aneng ngarsa, nulya cinengklak aglis. Budhalira kadi ombaking
samodra, prasantana matawis, pangeran Purbaya, Pangeran Singasekar, myang Pangeran
Mangkubumi, Pangeran Rongga, Pangran Puger tan nari. Adipati Pringgalaya sareng budhal, ki
demang tan panangkl, dipati Balitar, sadaya sampun bidhal, gumerah kang ponang baris, lir wukir
kobar, busananing ngajurit. Warna-warna daludagkkang aneng ngarsa, ing wingking pradipati,
tumenggung Mataram, tumenggung patrabongsa, lawan Panji Wirabumi, Kyai Tawengan, ngabei
Jagapati. Ki ngabei Alap-alap munggeng ngarsa, ki Arya Suratani, ingkang munggeng tengah,
sagung para santana, prasamya lumampah wingking, bala pangarsa, kanjog jabaning taji. Ing
Mataram srinarendra siniwaka, pepak kang tondha mantri, Arya Jasupanta, ngandikan prapteng
ngarsa, sira lumakuwa aglis, nusula sira, merpekana ing jurit. Tur sandika Jasuponta amitembah,
nusul lampahe aglis, lir prawatasekar, untabe kang gegaman, gancanging carita prapti, wau kiarya,
sakiduling Kadhiri. Samya obah sakathahing wong bangwetan, myarsa tiyang Matawis, tumindak
mangetan, wong Jaman Wirasaba, Pasuruwan myang Kadhiri, wong Surabaya, prasami pepak baris.
Kagegeran sadaya nagri bangwetan, ana kang ngungsi wukir, awayang wuyungan, ana kang ngungsi
jurang, enengena kang winarni, gantya kocapa, wadya Mataram sami. Ing Winongan sawetaning
pasedhahan, ki Arya Suratani, mangkya angandika, eh sira alap-alap, sira angirida baris, mantri
sakawan, menyanga Ngranon aglis. Ing lumajang iku rupeken deninggal, paningsun ngetan iki, nulya
alap-alap, ngirid lante skawan, dhateng ing renon sedyaki, glising carita, prapteng renon pan enjing.
Pan asuwung kutha ing Renon punika, samya ngungsi mring wukir, kantun raja brana, kebo sapi
agelar, sadaya dipun jarahi, kitha Lumajang, pans ampunden besmeni, Ki tumenggung Alap-Alap
neng Lumajang, sampun satengah sasi, nulya mundur sigera, tumenggung alap-alap, datan kawarna
ing margi, prapta winongan sami seba panasri. Dyan kiarya Suratani angandika, eh alap-alap aglis,
sira angirida, mantri sakawanika, gepuken ing Malang aglis, kang pangandika, kanjeng srinarapati.
Ki Tumenggung Alap-Alap aturira, pasekawan niki, punapa ing karsa, boten pantes binedhah,
angandika Suratani, kulup pan ora, winekas mring narpati. Radyane mas Bektiputra Surabaya, kang
jumeneg dipati, aneng pasedhahan, ki Dipati Lumayu dhateng kitha Surabanggi, nbanging kang rama
buta reaning gggalih. Ingkang ramaki tumenggung Kapulungan, mangke ingkang nindhihi, lah ki
Alap-alap, engggal sira mangkata, sira bubara kairyin, ki Alap-alap anulya bendhe aglis,. Tan antara
gagamane sigra budhal, sangking Winongan injing, ngalurug mring Malang, tankawarna ing marga,
wus prapta atata baris, kutha ing Malang, nulya kinepung wani. ……

Nalika ing dinten Saptu tanggal kaping 27 wulan Januwari punika, wonten tiyang estri, saking
dhusun pasabinan celak ing Laweyan taksih kapara anem pinuju anggendhong anakipun alit wau estri
amanggih kasangsaran ingkang kapara anggigirisi, awit dipun tunjang ing kapal ingkang
kasanderaken dening ingkang numpaki, tiyang estri wau ngantos dhawah klenger, lajeng kabekta
dening para sanak sadherekipun, kaladosaken ing ngarsaning parentah, saking sanget anggenipun
kabilahen, kapulasara dipun ambeti toya keras maksa boten saged emut. Kasangsaran makaten
punika boten pisan angumunaken saking padamelipun para tiyang ingkang sami lampah ugal-ugalan
angguyang kapal mawi dipun tumpaki, kasanderaken sak kayangipun, samanten punika manawi
tiyang satunggil kalih kenging ugi dipun simpangi nanging para tiyang guyang kapal wau, asring-
asring ilon sapandho pondha, wonten ingkang 10, utawi langkung saking samanten, punika sami
rewa-rewa kadi usar, kapalipun kaplajengaken boten perduli, salong wonten ingkang dhawah,
anemahi kasangsaran salong wonten ingkang anunjang tuwin ngidak tiyang utawi ngantos wonten
lalampahan sanesipun. Samanten punika yen ta anggenipun nyanderaken wonten prelunipun punika
teksih kenging dipun raos ingkang kathah anggenipun sasanderan kadi tiyang kranjingan, saking
lumuhipun kasoran utawi amrih dipun alema wasis anggenipun numpak kapal tur sadaya wau geseh
saking karsanipun kang darbeni kapal mila makaten kathah kemawon, bilih kapalipun antukaken ami
rerenggosan sakin gsayah utawi benteripun, wekasan kapal wau sakit salong nunten dados tiwasipun,
lah punika sinten ingkang kecalan. Lalampahan makaten punika, manawi boten wonten sih
kawelasanipun kanjeng parentah ageng utawi polisi, inggih masthi sak urutipun teksih wonten
kemawon, kasangsaran kados kang kasebut ngajeng utawis ak panungilanipun. Ingkang punika mugi-
mugi kang kagungan panguwasa, karsaha amambengi, sapinten bingahipun para tiyang, sarta
mayaring angen-angen.
Surakarta, Kondhestu
Panjurung ing Bramartani
Sakelangkung andadosaken suka pirenaning manah kula, jalaran anggen kula maos panjurungipun
abdi punakawan alit ingkang nama pun Kardiman, anggenipun anyariyosaken ing nalika raden
tumenggung Purwadiningrat amarjaya maesa ingkang badhe angamuk dhateng sariranipun, punika
kula tumut mangayu bagya dhateng kaprawiranipun raden tumenggung wau, sarta kula eram dhateng
kaamphaning sabetipun menggah dadamel ing kang makaten punika, estu boten kuciwa, yen dadosa
kagunganipun priyantun bupati, dene saderengipun kapacak ing Bramartani, kula ugi sampun mireng
saking pakabaraning tiyang kathah naming inggih awarni warni cariyosing kathah wau tamtu boten
terang kados ingkang mungel ing Bramartani punika. Saweneh wonten ingkang mangalembana
makaen sarehning Bramartani wonten cariyosipun babat Pajang, dados raden tumenggung wau
kedhi-kedhik radi mirib kaprawiranipun Raden Jaka Tingkir. Wonten malih ingkang gadhah
panginten nepsuning maesa wau jalaran sumerep sinjangipun raden tumenggung balonthong pethak
dados pangraosing maesa balonthonging sinjang punika, kadalih loreking sima, mila lajeng
ambujeng, utawi wonten ingkang raraosan sarehning maewa punika estri, yen ta sageda tata janma
sumedyanipun kados kasmaan badhe mawongan nyethi dhateng raden tumenggung, mila adreng
anggenipun badhe anyelaki, anaming ing ngatasing manungsa boten mangretosaosik ing manahing
kewan, amila kalampahan maesa wau dados ing pejahipun, samanten punika naming saking
wiraosanipun tiyang kathah, manawi kula piyambak ugi sakelangkung pangalem kula dhateng
kasudiranipun raden tumenggung wau, yen ta angsala tiyang sak kula katanggor makaten, estu lajeng
majeng laha nusup oren malebet ing kalen awit boten kadugi anyembadani karosaning maesa
ingkang kados makaten punika.
Katandhan para Nyai ingkang tampi
Pun Sinah.

Wangsulan minongka panjurung, katur ing mitra kula ingkang sisilih Open

Kula sampun anampeni paparing sampeyan uru-urun bebalungan wangsalan kaantu samnpun kaping
rambah-rambah, kula dereng nglaksanani sapisan-pisana, punika mugi sampun anandukaken cuwa
tuwin celaha mawa rengating panggalih, namung aksama kang agung kang kula suwun, sampun
ngantos kula kagalih amitambuhi saha ambaekaken karsanin gmemitra. Ing satuhu boten pisan yen
karenteg ing manah kula darbeya sedya ingkang sapunika, boten langkung sangking dahat
kariwengan ingmanah, kados sampeyan samun boten kakilapan ingkang dados darunanipun,
saestunipun ing tembe kilap leres lepat kula badhe angaturi ingkang dadosa pamundhut sampeyan
Katandhan Trusdhasastra.

Punika serat saha kairing ing kaurmatan akathah-kathah, mugi kaatur ing panjenengan sampeyan
tuwan redhaktur ingkang ngarang serat Bramartani ing nagari Surakarta. Sasampuning ingkang
kadya sapunika, wiyosipun anamung manawi andadosaken kaparenga dhangan sarta wonten
longkangipun unge-ungelan ing ngandhap punika mugi kapacaka wonten ing serat bramartani. Ing
sarehning palak kula sumerep wonten ingkang mungel rembulan sampun kasemprong dening
seseprong ageng, katingal tetela yen wujud siti, malah redenipun sampun katingal dene manawi
anuju grahana surya, punika surya kaaling-alingan rembulan sasampuning kula aningali palak lajeng
aningali serat pananggalan jawi, sumedya badhe ayektosaken kaleresan ing waktu samanten
ngajengaken grahana surya, mila kula lajeng saged ayektosaken sareng wanci sampun badhe
andungkap grahana surya, mila kula lajeng sageg ayektosaken sareng wanci sampun badhe anungkap
grahana, tetela yen rembulan celak kaliyan surya, boten antawis dangu tumbuk lere andadosaken
grahana surya, ananging ingkang boten pinanggih ing pambudi kula, punapaha surya ingkang
kaling-kalingan taksih katingal bunderipun kadi denting rahana rembulan ingkang namung kalin-
kalingan taksih katingal bundripun kadi dentin grahana rembulan ingkang namung kaling-kaling
wawayang kemawon dados wujudipun padhang kasisiyan peteng makaten….(gambar bulan) ingkang
punika manawi rembulan wau tetela wujud siti, saking pamanggih kula sruya ingkang kalinga
rembulan boten katingal babar pisan dados makaten (gambar bulan gelap) awit siti punika kalebet
arag wujud rapet bathek kasar, punapa punapa ingkang dipun aling-alingi, barang ingkang kaalingan-
alingan mau tamtu boten saged katingal awit paningal manawi dhumawah ing barnag wujud rapet
buthek kasar lajeng kendel ing ngriku, boten saged angatogaken sadayanipun utawi sakuwating
paningal, mila bab punika taksih tansah kula budi, awit kula rumaos kawon kaliyan kanyatahan
kasemprong, ingkang sampun kasebut ing palak ananging pangudhaling manah kula kekah, kados
kados palak wonten ingkang lepat bokmanawi wonten rembulan ingkang sane siti, utawi sabab
sanesipun ingkang kados jalaran graha, kula boten sumerep. Mila saking atur panuwun kula dhateng
ingkang sami karsa anggalih bab punika, atur kula ingkang sampun kasebut mugi kagaliya, ngantos
sageda aneangaken jalaraning grahana surya utawi rembulan kados de ingkang kasebut ing serat
palak ingkang pancen kawulangaken badhe pinencar ing ngakathah.
Purwadadi ping 16 Januwari 1872, ki Keling Purwadadi (Madiyun).

Wangsalan
1, Pindha: klabang kalabang sinandhung muncar, anglaluwa yen rena
mring budiarja
2, Sareh malam malam ingkang pindhawarna, aja pisan kumethak
bencenging karsa
3, Glathik ijo ijo pinggit tengahpita, seling sambut yen nganggo
budi nonoman
4, Payung gebang kebangeten denya loma, narik beja wong berbudi
danakrama
5, Riwe jeram jerambina geliningan, srenging karsa angajaraken
utama
6, Pindha benang-benang maskinarya nyulam, teka lunga munger dirken
bangkitira
7, Wismeng arja, ajarajaraning nongka, lir katenung denya mrih
nyempung nagara
8, Glathik biru, biru pinggir tengah seta, ngelongana uluke kang
budi arja
9, Janur gebang gebang kangpinindha wastra, jengje angkungen ilanga
goroh ing nala
10, Palukayu, kayu pangluking landheyan, jodhenana pinrima lange
mujura
11, Bung bumbung bumbung alit neng tenunan, sumelodhong kadi arsa
amboponga
12, Anbdo gunung gununge wong parayangan, wus kacehta yen katangkep
ing manira
13, Wedhur ngajarajar-ajaraning bawang, dhingin mila wus kayungyun
mring andika
14, Ingu yuyu yuyu ingkang badan presasan, angayeyes tanpa kiyas
ngejur tresna
15, Ardaremarema pangelus wadana, kabebelan rembuge wong darbe
karsa
16, Kalam elar elar kang mungging wekasan, openana brangtaning
sunkawat nata.

Punika candhakipun cariyos Ulam Kutuk

Amba dahat gegetun tyas sanitya saha asmutitis, tansah moneng ana longsa, mintak samong
batharadi, praptaning ratri malih, pun gandhori tilemipun, saweg anglebs kewala, kadi wonten kang
amangsit wuwusipun angingimurma nuhara. Lah ta biyung ing samangkya, luwaren tyas kang
rudatin, mupusa pan doning dewa, manawa antuk bagya yekti, anemu uta pekik, antarakna
tembenipun, yen wus tumekeng masa, babaring manungsa jati, kanirmalan aneng ngabyantara nata.
Lah ta marayektekena, sesuk menyanga ingkali, sidhataning wandasingaha, manawa ana kaeksi,
kutuk mawa buka sri, jajamang rinenggeng tatur, pinatik sarwa retna, ajwalanira nelahi, iya iku
sajatine awakingwang. Away sandeya ing driya, denira angaku siwi, seseren gampag kewala, tan
reka saking kinardi, met pamrih ing pakolih, yen wus kena kutuk iku, ingunen ing pabongsan, away
nganggo den pakani, amung saben tengah wengi dupanana. Saubenging kang pabongan, dupa ratu
swidhasari, saantara umenenga, sebuten ing dalem batin, dhuh kulup suta mami, jaka deleh away
limut, kapienaken nendra, angger tangiya tumuli, nekanana kang dadi pamintaning wang. Jroning
cipta aranana, apa pamintanereki, yekti sun turutkewala, padha sanalika prapti, katemu wus
sumandhing, aneng sakiwa tengenmu, sangkep tanpa kuciwa, nanging ana wekas mami, sesuk esuk
manawa maring narmada. Punika taksih wonten candhakipun.

Kauningana para priyantun Jawi tuwin bongsa sanesipun manawi benjing tangal kaping 8 wulan
Pebruwari punika, badhe wonten lelang ing griyanipun babah Buyut Lim Banjar, kaprenah saler
griyanipun babah Kaptin Cina, menggah ingkang badhe kasade barang warni-warni, ingkang kasebut
ing ngandhap punika, kadosta.

Sosotya warni-warni, inten ageng sarta saes boten wonten cacadipun, kancing, sengkang, gelang,
kalung, wadhah ganten jene, wadhah mangsi slaka, songga wedhi slaka, sawatawis dhuwung sae-sae,
tuwis sabet saprabotipun jene mawi katretes inten.

Kula Babah Si Yao Ki Yang Sing ing Surakarta, kami puruna ngaturi uninga dhumateng para
priyantun sadaya, manawi ing sapunika kula sagah andadosi sarta angecet kareta tuwin bendi utawi
adamel ingggal bubar pisan menggah sakathahing pandamelan punika badhe kagarap tumunten
rampungipun sarta wragadipun mirah sanget katimbang kaliyan sanesipun, bilih parapriyantun wau,
manawi kagungan karsa adamel utawi andandosaken kareta sapanunggilanipun sami kaaturan utusan
dhateng ing Mesen
Katandhan Babah Si Yao Ki Yang Sing

Ing ngandhap punika pratelanipun barang dadagangan ingkang kenging pikantuk tumbas saking toko
pangecapan ing Surakarta kadosta:
1 Kertas pos warni-warni, kaecap mawi namanipun para priyantun
sarta karengga sasekaran sarim regi 7, 9, 10 rupiyah, mawi
kapradaka indakaken 2 rupiyah.
2 Lemek panyeratan ageng utawi alit, mawi kanthongan wadhah
kertas satunggal regi 5, 8, 12, 15 rupiyah.
3 Buk emutan isi kertas kalowongan sarta mawi potlot sakalangkung
endah satunggal regi 1, 2, 3, rupiyah
4 Pen mas inggris warni-warni, satungggal regi 2, 3, 5 rupiyah
5 Wadhah mangsi warni-warni, pantes kagem para priyantun satunggal
regi, 6, 8, 10, 12, 15, 20 rupiyah
6 wadhah mangsi alit alit kangge manawi kakesahan satunggal regi
2, 3 rupiyah
7 Pethi panyeratan kajeng maoni 30 rupiyah
8 Penlar, sabengken 50, 60 sen
9 Buuk kangge ing kapulisen 1, 2, 3 rupiyah
10 Wadhah gambar kaecet cemeng utawi mawi paraa byur, sadhusin 5,
7, 10 rupiyah
11 Jidharan kajeng gepeng tuwin pasagi, satunggal regi 1, 2
rupiyah
12 Jidharan gelas gepeng, satunggal regi 3 rupiyah
13 Lei entheng sanget ageng utawi alit sakalangkung sae, sarta
prayogi kangge paa lare dhateng sekolahan, satunggal regi 75
sen, 1 rupiyah utawi 1 rupiyah 50 sen.
14 Potlot warni-warni cemeng tuwin abrit sabengkek regi 2, 3, 4
rupiyah
15 gambaran kangge angeneng-enengi para rare 10 lembar regi 2
rupiyah
16 mainan sekak satunggal regi 4 rupiyah
17 mainan dhamboret ageng satunggal regi 8 rupiyah
18 mainan dhamboret alit satunggal regi 6 rupiyah
Tuwan Jonasportir enko ing Surakarta.

Benjing ing dinten Slasa tanggal kaping 6 Pebruwari wulan punika badhe wonten lelang ageng ing
kamar bolah winastan Dhiklib dene ingkang kasade bakakas griya sakalangkung endah kadosta:
2 risbang,tuwin 12 kursi mawi baludru abrit taksih enggal pantes
kagem para ageng
2 rembang tuwin 12 kursi ugi mawi baludru
1 meja panyeratan sakalangkugn sae
2 meja dhahar ageng
1 tiyolot agengmawi blad marmer
1 benet sae sanget
2 kursi ageng tuwin 2 kursi goyang
2 bangku main mawi laken biru
2 konsoles mawi kaca tuwin blad marmer
1 bangku mawi palenggahan priyantun tiga, sarta mawikadekekan
karap wadhah likir, sarta gelas 6 iji
1 pasang kaca lonjong ageng kapredasa kalangkung endah, punika
awis-awis wonten
6 lampu main inggal mawi meja
barang kang kasebut ing nginggil punika sadaya kadamel saking kajeng mauni
Punapa malih baki kadamel saking plet panjang mawi tutup gelas kristal 1 piyanuh tuwin 1 kareta
milor, dene sanesipun barang kakathahen bilih kasebutna sadaya
Ing saben dinten barang wau kenging kapriksani.
Katandhan tuwan Y.Beselar.
Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni peksi dara godhog saking nagari Walandi,
peksi dara punika sakalangkung ageng, sajodho regi 40 rupiyah bilih parapriyantun karsa tumbas
kula aturi amriksani dhateng griyakula ing Jebres, Surakarta
Katandhan tuwan Y.Dhelbar
Ongka 6, Kemis kaping 8 Pebruwari 1872

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURAKARTA
Sampun sawatawis dinten punika, ing kang kampung Japanan bawah Kartadipuran wonten umbul,
ingkng radi aneh, aprenah boten tebih kaliyan radinan ageng, sarta celak ing kalendenten toyaning
ngumbul wau sawawratipun kalebet bening, amila dipun wastani aneh udaling toya mawi wonten
arengipun katingal ageng alit medal saking calangaping ngumbul lumintu asareng kaliyan wedaling
toya, punika ing saben dinten tiyang ningali jaler estri anglangkungi kathahipun utawi tiyang
ingknag gugon tuhon ugi kados ngadat mawi ambekta sekar konyah sela tuwin arta saminatipun
minongka sarat anggenipun nyunyuwun idi ing sakajatipun. Utawi nalika ing dinten Jumungah
tanggal kaping 2 wulan Pebruwari punika ing wanci enjing radinan bawah ing Purwadiningratan
wonten siti ingkang anjemblong, dene wiyaripun watawis sak tebok lebetipun 12 kaki. Utawi malih
ing wanci jam 3 siyang wonten Kendhala ingkang katingal anglakungi kathahipun saking watawis
kirang langkung wonten 400000 iberipun agegolongan awit sanginggiling pagerlaran ngantos
dumugi sanginggilipun alun-alun kidul anggenipun abayak bayak kados ing bering lawa ing kang
mantuk saking sesaba, denten lampahing kendhela saking kilen anenggel mangetan leres ing nalika
wau andadosaken eramipun ingkang sami anyumerepi, saking watawis kados salaminipun dereng
wonten ingkang sumerep kendhela semanten kathahipun ing nginggil ngantos tingal peteng kados
mendhung lumampah, sarta kamireng swaraning pun gumrebeg asora.

PASURUWAN
Nalika tanggal kaping 30 Januwari kang kapengker punika, Raden Panji Jayengrana, mantri ulu-ulu
afdheling Kitha sampun kaangkat dados Kliwon anggentosi swargi Raden Panji Dewakusuma.

PEKALONGAN
Nalika ing dinten Rebo tanggal kaping 24 wulan Januwari 1872 awit ing wanci jam ½ 7 enjing
ngantos dumugi dalu ing nagari Batang wonten banjir, anaming boten ageng, lebetipun toya namung
3 kaki, utawi 2 kaki punapa malih griya griya tuwin tetiyangipun sami wilujeng sedaya. Utawi
nalika ing dinten kemis tanggal kaping 25 anugil wulan januwaripunika, ing wanci enjing jam 7
dhusun ing Gringsing, ugi wonten banjir, lebetipun 8 kaki anaming sakelangkung santer ngantos
wonten satunggaling griya ingkang katut ing toya, tuwin tiyangipun 6 sami kasangsaran keli asareng
griya wau, namung ingkang 2 kepanggih kasangsang ing kajeng wonten pinggiring Wanamara,
wasta Rejasari ing laut ler, dene tiyang ingkang 4 ngantos samangke kaupadosan dereng kapanggih.

Nalika ing dinten Senen tanggal kaping 29 wulan Januwari 1872 Raden Ariya Atmajanegara,
wadana dhistrik Kota Pakalongan kinula wisudha dados Bupati ign Nagari Pakalongan anggentosi
lenggahipun ingkang rama, dene lenggah kawedanan ing mangke taksih lowong.

Utawi nalika ing dinten Rebo tanggal kaping 31 ugi nunggil wulan Januwari punika, ing wanci jam
½ 6 enjing Raden Ngabei Sasrakusuma Onder wadanagara, punika atilar donya jalaran sakit
sariranipun abuh, dene ing mangke kalenggahanipun taksih lowong.
Punika cariyos Babad Mataram
Wong ing Malang samya angangseg jroning kitha, nenggih kyai Ngabei Tohjiwa namanya, adipati
ing Malang, wus lolos ing tengah wengi balatinilar, metu marganing warih. Sareng medal palayunira
mangetan, mring Lumajang wus prapti, nengena taika, kawarna adyan enjang, wong Mataram nuli
aglis, ngrampit ing kitha, sigra dipun ningkahi. Apan ora ginepuk kitha ing Malang, rawuh diupun
ecani, wadya ing Mataram, prapta Madyaning kitha, gumerah swaraning tangis, binekta medal, kitha
dipun besmeni. Wong Mataram prasamya andum jarahan, boyongan wus giniring, mring wadya
Mataram lamoahnya rereyongan, age arsa mondhok aglis, ki Tambakbaya, sawetaning Kadhiri.
Gagamane wong weta atetunonan, salor wetan Kadhiri, ing Berbeg punika, galagah tinunonan, sami
gita wong Matawis, deani mubal, tumingal samya angling. Eh wong Batur iya ika ania pa, prenbah
lor wetan niki, tumenggung Lap-Alap, genn apa kaeksi. Ki Tumenggung alap-alap lon aturnya, lah
inggih ta kiyai, tutunonan wana, sadaya wong bangwetan, sedyanira anututi dhateng paduka, sedya
angantep jurit. Sedyanira wong wetan arebut lawan, sih Malang kabeh iki, dadya sira arya, Suratani
ngandika, yen mengkono dadandan aglis, wong beboyongan, padha sabranga dhingin. Sira Arya
Suratani gya tengara, wong bang wetan gya prapti, atata barisnya sami amajeng mangetan,. Anuli
dipun bendheni, samya kumerab, baris kilening kali. Pangeran Panji kang dadya pangawatira,
pangeran Mangkubumi, Ki Arya Mandura, wau samya prayitna, disasonta datan kari, prapta sadaya,
prasamya ngati-ati. Tan antara wong wetan prapta sadaya, baris sak kidul kali, tan ana nabranga,
sami wawas winaswas, arame denira jurit, wadya Bang wetan, lawan wadya matawis. Ki Ngabei
Katawengan pan asbaran, anulya angaturi, punapa wekasan, yen ta amungpunika, angling arya
Suratani, eh wong Mataram, glis ngurugana kali, Pan Gumrerah wong Mataram kang tumandang,
anulya den jugrugi, kanan kering jurang, semana wus sarata, pelage dipun tegori, bersih sadaya,
lepen den karetegi. Dyan ki Arya Sutani gya tengara, obah wadya Matawis, mangkya sikep wetan,
wikan yen arsa nabrang, nulya nesegaken baris, mapag ing toya, dhendheng pinggir kali. Wong
Mataram pangajengira wus nyabrang, wadya bang wetan aglis, anembang tengara, surak kadi ampuh
wan, kadya ombaking jaladri, tempuh ing yuda, lir udan sinemeni. Wong Mataram Majeng datan
oleh papan, pinelak jroning kali, wadya ing Mataram, manahira sudira, akathah ukih ing ngukih,
kathah wong pejah, kasusu jroning warih. Lepenira sakala mili ludira,kang wuri ngidak wani, mati
aneng toya, awor geith ing kuda, kyai arya Suratani, pan sampun pejah, aneng sajroning kali. Ki
Ngabei katawengan sampunpejah, ki Panji Wirabumi, ingkang nandhang brana, tumenggung
Jagabaya, punika panandhang kanin wadya bang wetan kondur sami bedhili. Kyai Suratani samya
ing nguluatan, aneng sajronign kali, snaak-sanak ira, kang sami tumut pejah, kehing mayit sung
suntindhih, adangu sira, kiarya Suratani. Wus kapangggih Suratani jisimira, aneng sajroning kali,
nulya binandhusa, kasaput daluika, wong Mataram samya baris, ngetan ajengnya, samya angati-ati.
Dyan wong agung Mataram samya rembagan, Pangeran Mangkubumi, alon angandika, kabeh wong
ing Mataram, becik padha nabrang kali, kulon plabuwan, angambil papan jurit. Ki Dipati Puger alon
angandika, gih paman Mangkubumi, dede lalampahan, alit manah kawula, tate angenggoni kali,
tengahing rana, punika samya mati. Yen mengkono wong Batur aja na inggal, mungsuh pan maksih
urip, eman sitambaga, jumeneng adipatya, ing Puger anom apekik, lamun mundura, mimirang wong
Matawis. Byar ranina prajurit samya siyaga,nulya tengara muni, gong maguru gongsa, nulya
mangsahing rana, wadya wetan nrajang aglis, wadya Mataram, sadaya nedya mati. Ramening prang
kadya lesus nempuh parang, surak lan bedhil muni, tan ngucap ajriya, peteng kulusan dawa, riwut
kadi tengah wengi, kang mara pejah, kang mundur nandhang kanin. Arya Pulang Jiwa prajurit ing
Japan, ki Jalajagapati, wong sangking Madura, sumawita mring Japan, arya Pulang jiwa luwih, pan
ora nana, kaprawiraning jurit. Yen katiban mimis sajeruk gengira, kadya dipun pejati, sigra mangsah
yuda, dipati Tambakbaya, sigra wauy nyandhak bedhil, mimis kancana, sigra amareeki. Dyan sinipat
wau sira pulang jiwa, kena pethiting alis, macicil netranya, tatakon baturira,eh batur kaya pamami,
yen agesanga, netraning ngong sasisih. Apa iya dadi cacade wak ingwang, batur alon nauri, kados
kadya cacad, upami wonten gesang,pulangjiwa asru angling, lahkencengana,ambene jaran mami.
Gya aneyangklak pulangjiwa mangsah ngrana,ngembat watang ngajrihi, sarwi sumbar-sumbar, lah
iki ta rupanya, teliti jaran panolih, pangeran Japan, bendhenira tinitir. Sampun campuh wong
Mataram lan wong Wetan, langkung ramening jurit, pulang jiwa mangsah, angamuk wong Mataram,
sinosogingganjur lembing, pan kinathahan, samya ginatik bedhil.…..

Ing serat pakabaran winastan Batawi yase andhel seblad anyariyosaken manawi kanjeng tuwan
guprenur jendral ing sawatawis dinten ingkang sampun kalampahan karsa amradinaken serat
dhawah kakalih dhumateng para priyantun suraosiupun serat dhawah sakaliyan sami prelu sanget.

Ingkang satunggil anybutaken bab kalimrahanipun anuyepeng paprentahan mawi kapitedahaken ing
ngatasipun kencenging paprentahan prelu yen para priyantun sami rukun golong ing pakaryan tuwin
sae ing pitepangan punika ingkang kedah minongka pikekah linampahan dening para priyantun,
dhawuhipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana ingakng kapacak ing serat saha kawradinaken
suraosiun cekak sarta kenging kawastanan terang tuwin lumauntur saking galih suci,
pangandikanipun kanjeng tuwan igkang wicaksana amundhut prasetya sampun mawi rerenggan
ingkang medal saking akal sarta sampun mawi kacad dhateng nalar ingkang leres kapikantukaken
utawi ingkang kamanah kedah kapikantukaken punapa malih sakathahipun prakawis kedah
karampungan tumunten sampun ngantos analisir patrapipun anaturaken panimbang, tuwin anyuwun
pirembag kengingipun anyuwun katrangan saking sadhengah apanggenan amung manawi prelu
linampahan samanten punika pitembunganipun kedah cekak terang tuwin gancaran sampun ngantos
anggesehi ing sakawontenanipun saha anglentheraken padamelan. Ing salajengipun serat dhawah
wau angudi, parentah kedah kaaosan tuwin parentah punika ugi sumerep pasagedipun kaelikan
wondening para agneg jawi, ingkang pancen angerah saha angayomi bongsa jawi kedah kaurmatan.
Para priyantun ing salebeting padamelanipun kedah sumerep ing tata krami, awit punika
angindhakaken ajinipun piyambak. Para priyantu ingkang anuhoni dhawah kang kasebut ing
nginggil punika, kenging anamtokaken pinething ing panggaliyanipun kanjeng tuwan ingkang
wicaksana. Para ageng ingkang angasta paprentahan nagari kedah ugi amaringi serep suraosing serat
dhawah punika dhumateng paa ageng jawi, kalampahan ing sapamrayoginipun. Serat satunggalipun
malih ingkang kadhawuhaken dhateng para kanjeng tuwan residhen anyebutaken bab reresah.
Kanjeng tuwan ingkang wicaksana sampun anggalih sawarnining gugat ingkang kawrat ing serat
pakabaran bab wontenipun reresah ing panggenan sawatawis ing tanah Jawi, awit sampun dados
wajibipun parentah luhur angayomi tentremipun para tiyang, tuwin rejaning barang darbekipun
sabab punika ing sarat angindhakaken pasudargan tetanen sarta taberenipun kang kirang rejipun
jalaran saking kiraning pikuwatipuning laleresan tuwin pulisi, kanjeng tuwan ingkang wicaksana
kagungan karsa badhe amewahi pikuwat punika, ingkang kenging minongka pitulungan punapa
malih badhe karsa anindakaken ingkang prelu linampahan amurih sirnaipun reresah wau,
menggahingkang sanget andadosaken panggaliyan dene sakathahipun gugat bab reresah
manggepikan paresidhenan ingkang paprentahanipun kirang kenceng, mila para kanjeng tuwan
residhen dipun cuwungu sami angangen-angena prakawis punika, wondening para kanjeng tuwan
residhen wau saklangkung ing ngudi, sami amurih atulusing kaarjan.

Panjurung saking kitha Surakarta


Nalika ing malem Jumungah tanggal kaping 25 wulan Januwari 1872 watawis wanci jam ½ 8
wonten satunggaling rare anama Raden Bagus, Wijaksana, saantawis umur 15 taun, asal saking ing
kampung Kauman Surakarta, punika angaos dhateng pasantren Surabaya, mondhok ing kampung
Kertapaten dhistrik Kitha Surabaya, ing wekdal punika Raden Bagus wau kesah dhateng lepening
Kertapaten urutipun lepen enggal amendhet toya wudu badhe sembayang, boten antawis dangu
tuwan kaji Muhammad Ngali, inggih punika gurunipun Raden Bagus Wijaksana, dhateng ing lepen
amanggih panganggenipun Raden Bagus wau, sarehning tuwan kaji boten kasupen dhateng
warnining pangangge punika, lajeng angupadosi dhateng raden Bagus Wijaksana, anaming boten
kapanggih ngantos dumugi ing sak punika, manawi ing tembe sampun angsal katerangan ugi badhe
kapacaki ing Bramartani.

Pakabaran saking Nagari Ngayogyakarta.

Manawi pareng karsanipun tuwan redhaktur panjurung kula punika mugi kapacaka ing kabar
Bramartani.

Nalika ing dinten Senen tanggal kapiing 26 wulan Sawal ing taun Be ongka 1800 tuwan Bongkarsos
ing pabrik ngringin anyaosi kalangenan sawer, dhateng gussti kula Kangjeng Pangeran Angabei,
dene sawe wau dipun wastani sawer Puspakajang agengipun sak kempol panjang 15 kaki, utawi kula
mireng cariyosipun rden bekel Puspa Setika, tuwin Mas Ngabdul Yakin manawi ing sumuripun
Raden Gondamana, abdi dalem Jajar prajurit Panyutra, punika wonten sawei pun weling 1
agengipun 2 dim panjang 6 kaki ingkang satunggal kados sawer koros mawi lonthong jene kaliyan
ijem agengipun sak dim panjang 5 kaki, anaming sawe kakalih wau kalebet saged andhatengaken
bekjanipun ingknag gadhah sumur, awit radi wonten anehipun sawetawis anawi wanci enjing sawe
punika ngetingal ngambang lajeng dipun tumpaki kodhok ageng alit watawis kalih dasa iji, sarta
sawer lajeng dipun cepeng dipun lus-elus dhateng raden Gondamana, kendel kimawon, wondene
ingkang dados eram kula namung kathahipun tiyang ingkang sami aningali jaler estri saben dinten
boten kantenan kathahipun, kalampahan sumur lajen gdipun betheki mawi konten satunggal, sarta
mawi dipun sukani pangaron enggal isi toya sabab para tiyang ningali ingkang gugon tuhon punika
sadaya sami anyukani yatra sagobang tuwin tigang dhuwit sarta sekar konyoh mawi kutug amargi
pun sawer wau dipun anggepyaki balarong, mila titiyang gugon tuhon sami anyunyuwun idi
kasugiyan utawi sakajatipun dipun nyana yen sawer wau saged adamelo beja cilaka dhateng
badanipun boten rumaos manawi saking kiranging budinipun waana ingkang radi mendhel namung
raden Gondamana, saba ing sadintenipun tamtu angsal arta sakedhikipun 2 rupiyah trakadhang
ngantos 4 rupiyah, ingkang wonten salebeting pangaron wau, saestu amitulungi kabetahanipun raden
Gondamana, utawi adamel bingahipun para neneman, sabab ingkang ningali punika sami amarabot
manawi dumugi ing panggenan para jejaka kaliyan parawan sami dhedhesekan andadosaken suka
pirenaning manahipun dados ingkang tuna, namung pun gugon tuhon sampun kecalan arta kaliyan
sekar konyeh, panyuwunipun idi tamtu boten angsal anaming ugi anetepi babasan Asnapun
tegesopun awarni-warni ciptaning tiyang kathah punika boten kenging dipun sasami
Katandhan Gondaprawira.

Panjurunging Bramartani

Kula nyaosi panjurung kabar dhumateng mitra kula ingkang sami karsa ngemim serat kabar
Bramartani wonten satunggal tiyang nama Kertadiwirya, mentas mantuk saking bucalan, sapunika
sareng griya wonten kampung, Poncakusuman ing Yogya, lajeng ngalih nama Raden Kertaatmaja,
punika sarehning sampun trang, yen wu tyang, dede asalipun den, utawi sampun kathah ingkang
sumerep, yen tiyang nate griya wonten ing dhusun Kuncen, inggih boten nate sinebut den, punika
sangking pamuhi kula dhumateng ingkang ngasta paprenthan ingkang bawahaken mugi mugi katiti
pariksaha ingkang trang, yen sampun trang dede asalipun den inggih lajeng kaladosna ing parentah
ageng nagari supados kaparingana wulang, sabab yen boten kalampahanaken makaten mindhak
ngrisakaken ing sak wetenipun, raden asal, mekaten malih, bab songos ngijem byur punika kula
mireng ingkang sami kalilan ngangge, raden mas buyut dalem wekasan sapunika, kula kerep
kapethuk tiyang ngangge songsong ijem byur, sareng kula takekaken inggih dede Raden Mas Buyut
dalem punika kados pundi.
Kaserat pign 18 Dulkangidah warsa Be sineng kalan Plas lap Ngesthi Bumi
Katandhan kula pun Kusumawaskitha.

Sekar Pangkur kaurmatan mugi katur paduka sobat baik ingkang pilenggah redhaktur, adalem
Surakarta, ingkang sinungsih dening maha luhur, punika atur kawula, panjurung namung sakedhik.
Pinacakka wonten koran Bramartani ingkang tumunten mijile katimbang awon nganggur, mung atur
kawula, tumerapa mring sadaya mitra ulun kemanik jeng Purwareja, sami ngemim Bramartani.
Namung sampun paring welak mitra kula keng karsa mariksani, penggalih sami den landhung,
engeta kasabilan ing tebiyat maklum ageng antukipun tetengah ancara blaka, kathah ingkang
gunggung sami. Liripun punika serat cacangkriman sumongga dipun galih, sajuga sujalma mambeg
punjul, prawira sureng tama, ajujuluk singa wongsa dhukuh ketug akethut srungrurah tata, ambeg
arda bela pati. Enjang umangsah rana, wus asikep kapraboning ajurit amusthi towok pinanggul
sanjata nara wantah, ingkang badhe nglaksanani ngiket mungsuh, tan dang mankat sigra-sigra, tan
kawarna lampahneki. Wus prapteng madya barisan kendel nulya amatak gunadhesthi, patunggengan
ingkang ampuh, kang mungsuh tan amulat pirang leksa pirang atus pirang ewul, gebagan yutan
awendran tan akuwat mobah mosik. Singawongsa gya umangsah, tandang iwut lir denawa amangsah
daging, kang yutan mungsah pinengkul cina kup pinerbatang, sagung mungsuh wus lupa irnante
gupuh, ing sanjata nara wantah, sinepir unggyan sabilik. Cangkelal ngamuk manengah, langkung
bendu saya karosan mijil, mungsuh kethej yutan rampung, sacukupe sikep prang, kawarna awonten
widadari kiyup prapta ne asuka-suka, cingak sagung kang ningali. Solahe lir peksi branjangu, lon
ngidul ngetan awali-wali, ngalor nengah pngun pungun anebut ngudu bilah, ikijalma aluwih
praiwreng kewuh, aniksa prajurit wedran pirang ewu samyua kanin. Luput temtu aglis sirna
katujune kasat mata denign kami, yen isih manira tuwuh, kang yogya gesangena,amuhi rng tawane
kang sanjata du, miwah gesange keh wadya, sapa wani marang kami. Nulya tandang wicawajal
girang-girang lir peksi mangenjali, amatak aji sidhupuh, luwar saking sepiran gya sedaya prajurit
kinen alungguh, sedaya wus lenggah jajar, kaarna bungah tan sipi, tan winarna mulyanira, widawajal
salam atilar mulih, poma po,a wekasaing sun lamun padha waluya, akrama adarbe anak putu buyut
dadiya kawulaning wang, awale saengga akhir. Titi karang kabuyutan kaping nenem wulaning
januwari kakalih sirah ing windu, sinerat tabuh astha, mila kedah asanget atur pukulun sinten
ignkang karsa batang, kapacakna Bramartani.

Punika candhakipun cariyos Ulam Kutuk

Away kongsi nganggo rowang, lawan away kapiyarsi, maring liyan poma poma, kabeh wangsiting
sun iki, simpenen dena repit yen kalakon ora kasub, sayekti katarima, dadi kabegyan ing wuri, dupi
wanci banguning kang sayemprab. Semah ambaka entan, saliring kang dados wangsit, tangi tilem
sanalika, dhumateng lepen pribadi, mantuk wanci byar enjing, sampun antuk ulam kutuk, mawa
praba tumeja,ngangge makutha buk sri jajamang mas pinatik ing nawaretna. Lajeng kaingu punika,
wonten panyongan ing wuri, kala samanten kawula, mentas tangi amarengi, arsa dus aningali, ing
pabongsan wonten kutuk, tumeja makutha mas, aja jamang sarwa rukmi, kampitas mumaketer tyas
sanalika. Angunguwuh semah amba, dhatengipun pun gandhori, api ngungun kalairan, muwus tumut
amastani, manawi elok yekti, samantara ulam Kutuk mandhongol saking toya, mung sirah kewala
keksi, sarya muwus mamardaweng basa krama. Lah ta bapa gandhowara, ampun pisan andarbeni,
kampiteng tyas was sumelang, wruhanta kua puniki, sutandika pribadi, ingkang mijil saking biyung,
gandhori yektinira, nalika ing dalu wingi, biyung kula gandhori tilem supena. Wawrattanipun
ambabar, mijil tuk mawandari, supraba sridumipeng rat laju binucal ing kali, duk tangi bangun
enjing, wetengan kimpes kadulu, wawarti ing ngandika, dhinukunken sampun uyekti, musnaning
kang wawratan tanpa karana. Samanten samya nalongsa, minta marmaning dewadi, ing dalu malih
punika, biyung tilem antuk wangsit, manawi tangi enjang, dhatenga ing lepen gupuh, prbadi tan
parowang, away kongsi kapiyarsi, maring liyan den aadi tingkahira. Lamun onten kang katingal
kutuk mawa prabasri, kinen angangkah den kena, pun biyung jinaten yekti,yen sutane pribadi, kang
ngamijil warni kutuk laju kaprenahena, aneng pabongan ing wuri tanpa pakan agesang saking
kawasa.
Punika taksih wonten candhakipun.

Kauningana para priyantun manawi Can Go Wan Li Gedhong kilen Kalentheng, Surakarta, mentas
anampani teh saking pabrikipun piyambak ing nagri Cina, teh taksih tulen saklangkung eca sarta
arum waged pikantuk tumbas ingkang pun-punan utawi bungkusan warni-warni.

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni usar sarta
pirantos ingang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, punapa malih pulas warni-warni pulitur,
pernis kareta tuwin sanesipun.
Katandhan tuwan Weting

Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni peksi dara gondhog saking nagari
Walandi, peksi dara punika sakalangkung ageng, sajodho regi 40 rupiyah bilih para priyantun karsa
tumbas kula aturi amriksani dhateng griyakula ing Jebres, Surakarta
Katandhan tuwan Y.Dhelbar

Kula tuwan E.A.Pogel


Tukang gambar sorot ing Surakarta, angaturi uninga dhumateng para priyantun manawi kula
samangke amondhok ing griya sawingkingipun gareja Walandi, sarta ing saben dinten kula sagah
adamel gambar sakalangkung sae, wah mirah ing wragadipun

Tuwan Y. Buselar mentas anampeni Orlosi jene utawi selaka, rante jene wiyar mawi sirahkapal
utawi singa, karset tuwin kunci lonceng warni-warni sarta jene sadaya, punapa malih pasa semen
tuwin Prancis sapanunggilanipun sadaya mirah reginipun
Katandhan tuwan Y. Buselar

Ing ngandhappunika pratelanipun barang dadagangan ingkang kenging pikantuk tumbas saking toko
pangecapan ing Surakarta kadosta:
1 Kertas pos warni-warni, kaecap mawi namanipun para priyantun
sarta karengga sasekaran sarim regi 7,9, 10, rupiyah, mawi
kapradaka indakaken 2 rupiyah.
2 Lemek panyeratan ageng utawi alit, mawi kanthongan wadhah kertas
satunggal regi 5,8,12, 15 rupiyah.
3 Buk emutan isi kertas kalowongan sarta mawi potlot sakalangkung
endah satunggal regi 1,2,3, rupiyah
4 Pen mas Inggris warni-warni, satungggal regi 2,3,5 rupiyah
5 Wadhah mangsi warni-warni, pantes kagem para priyantun satunggal
regi, 6,8,10,12,15,20 rupiyah
6 wadhah mangsi alit alit kangge manawi kakesahan satunggal regi
2,3,rupiyah
7 Pethi panyeratan kajeng maoni 30 rupiyah
8 Penlar, sabengken 50, 60 sen]
9 Buuk kangge ing kapulisen 1,2,3, rupiyah
10 Wadhah gambar kaecet cemeng utawi mawi paraa byur, sadhusin
5,7,10, rupiyah
11 Jidharan kajeng gepeng tuwin pasagi, satunggal regi 1,2,
rupiyah
12 Jidharan gelas gepeng, satunggal regi 3 rupiyah
13 Lei entheng sanget ageng utawi alit sakalangkung sae, sarta
prayogi kangge para lare dhateng sekolahan, satunggal regi 75
sen, 1 rupiyah utawi 1 rupiyah 50 sen.
14 Potlot warni-warni cemeng tuwin abrit sabengkek regi 2,3,4,
rupiyah
15 gambaran kangge angeneng-enengi para lare 10 lembar regi 2
rupiyah
16 mainan sekak satunggal regi 4 rupiyah
17 mainan dhamboret ageng satunggal regi 8 rupiyah
18 mainan dhamboret alit satunggal regi 6 rupiyah
19 Pulas gambar, sadhus regi 8,10,30,50 rupiyah
20 Pensil areng alit satunggal regi 25, 50 sen
21 Piros kangge ngukur bumi, mawi ptia, panjangipun 40,50,60 kaki,
satungal regi 8,10,12 rupiyah
22 Karcis mawi namanipun para priyantun satus iji regi 4,6,8,10,12
rupiyah

Sanesipun barang taksih kathah ingkang indah-indah, sarta dereng kauningan para priyantun
Tuwan Jonasportir enko ing Surakarta

Mirah sanget
Buk A,B,C ing tembung Malayu mawi sastra Walandi 25 warni, prayogi kadamel wulang rare, regi
50 sen bayar kenceng, pikantuk saking tuwan Jonasportir enko ing Surakarta
Ongka 7, Kemis kaping 15 Pebruwari 1872

Kauningana para priyantun ingkang sami karsa ngemin Bramartani, manawi arta regi ing Bramartani
ing taun 1871, kedah kabayar dhumateng tuwan Purneman dene salenetipun taun punika, para
priyantun wau kaaturan ambayar dhumateng tuwan Jonas poortir eno utawi tuwan F.L.Winter ing
Surakarta

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Mas Ngabei Jayadipura, Onderkolektur ing Gresik ing samangke kaelih dados Onderkolektur ing
Majakerta, mawi kapatedhan balonja 250 rupiyah wawulan
Mas Reksadipura Wadana dhistrik ing Grati, kaundur saking pandamelanipun kalayan urmat awit
saking panyuwunipun piyambak mawi kaparingan pensiyun saking kanjeng gupremen 50 rupiyah ing
dalem sawulan
Raden Jayengrana lurah Mantri ulu-ulu, kakulawisudha dados wadana, Kliwon mawi kaparingan
balonja 75 rupiyah sawulan.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

SURAKARTA
Nalika ing dinten Saptu tanggal kaping 30 wulan Dulkangidahing taun Be ongka 1800 Kanjeng
Pangeran Arya Jayakusuma, atilar donya kondur dhateng kalanggenan, jalaran gerah sarira sadaya,
denten surudipun ing wanci pukul 1 dalu, enjingipun lajeng kapetak wontening dhusun winastan
Kikang, menggah rarenggan paurmatanipun ing Margi ugi sakelangkung semuwa, wondene kanjeng
Pangeran Arya Jayakusuma wau mapadipun saweg yuswa kirang langkung 60taun.

Dereng antawis lami ing wanci dalu jam 1 griyanipun lurah dhusun ing Jatiler, kaprenah celak ing
Purwadadi, punika kalebetan durjana kecu, anaming durjana boten niyat angecu dhateng lurah
dhusun wau, ingkang dipun angkah barangipun tuwan Eklarereke ingkang nuju mondhok ing ngriku,
sabab tuwan Ereke wau kawartos sugih sanget sarta dhatengipun ing ngriku badhe amaosi siti dhusun
ing wekdal punika wau durjana sampun lumebet ing griya tiyang 2 lajeng konangan dhateng
rencangipun tuwan Ereke ingkang nuju andondomi rasukan, durjana lajeng dipun cepeng kabanting
ing siti sarta dipun gebagi ngantos kalenger, ing saknalika wau kancanipun durjana lajeng amurugi
dhateng patilemenipun tuwan Ereke, ambekta penthung kagebagaken dhateng tuwan Ereke wau
ngantos arambah-rambah ananging tuwan Ereke boten saged males amargi dhatengipun ing ngriku
ambekta pistul Repolper nanging boten dipun iseni, badhe amendhet tekenipun ingkang mawi lontop
anaming boten saged mila lajeng anarik lemekipun kasur kadamel anangkis boten ngantos dangu
penthunging durjana kenging karebat ewadene durjana boten mundur lajeng anarik dhuwung
kasudukaken dhateng tuwan ereke kenging bathukipun sanginggiling maripat ingkang kiwa, utawi
inggil githok tuwin tanganipun kalih posan uga sami kataton boten antawis dangu dhuwunging
durjana, ugi kenging kartebat dhateng tuwan ereke, tiyang durjana lajeng medal lumajeng, menggah
ingkang kenging kabekta ing durjana namung sawatawis barang suwek utawi erloji 1 koper alit 1,
gunggung pangaos 50 rupiyah……
Saking pakabaran tiyang estri ingkang kasangsaran katunjang ing kapal kang kawartosaken ing serat
bramartani ongka 5 punika sanadyan dipun usadani dening dhokter wontening griya pasakitan ing
samangke meksa boten saged waluya, saking anteping kasangsaran, andadosaken tiwasipun
kalampahan dumugi ing pejah. Mila sangsaya anggen kula nunuwun, mugi mugi ingkang ngasta
pusaraning paprintahan karsaha anggalih, sampun ngantos wonten tiyang numpak kapal sasanderan
malih ing margi ageng ingkang pancen dede enggenipun sarta tanpa prelu.
Surakarta Kondhestu.

Sinaroja sagunging paurmatan ing mawantu-wantu katur ingkang saudara tuwan F. L. Winter,
redhaktur ing Bramartani ing nagari Surakarta, manawi pareng saha sela ing papan kula ngaturi
panjurung kados ing ngandhap punika. Nalika ing dinten akad tanggal kaping 28 wulan Januwari
1872 ing nagari Pasuruwan wonten baita kapal latu, dhateng saking nagari Walandi ingkang winastan
Prines Praadrek baiuta wau anglangkungi agengipun aking pawartos panjangipun 330 ello,
wiyaripun 129 elo dhekipun sungsun gangsal kamaripun sadaya 138 dipun tatay sekaran mawi Krun
utawi dipun praos sadaya, denten awratanipun 1500 koyan. Utawi ing dinten Kemis tanggal kaping 1
wulan Pebruwari punika, kanjeng tuwan Residhen Kaliyan kanjeng raden adipati, saha tuwan
Sekretaris kadherekaken sawatawis para amtenar, tedhak ing laut karsa mariksani baita kapal latu
wau, samanten malih kathah titiyang jawi tuwin sanesipun botngsa ingkang sami aningali ngantos
malebet ing baita wau, ingkang dados gumunipun ing kathah namung agengipun ing Pasuruwan
sawek punika sumerep baita samanten ageng panjangipun kaping kalih bagusing warni sampun boten
saged angupamekaken kaping tiga salebetipun baita mawi wonten telegrapipun kaping sakawan
sadaya panggarapan pandamelan lumampah kalayan pirantos asep utawi puteran dalah gosok lading
kadamel bresih mawi pirantos puteran saupami lading 100 tuwin 200 kagarab boten ngantos saprapat
jam sampun bresih sadaya, Pandhe tosan panggarapipun inggih kalayan pirantos utawi mangsakan
sumakawis tetedhan sadaya saking pirantos asep sarenging dinten Akad tanggal kaping 4 wulan
Pebruwari ugi taun punika, baita kapal latu wau mantuk dhateng nagari Walandi sarta wonten
sawatawis para tuwan ing Pasuruwan ingkang numpang mantuk dhateng nagari Walandi 1 uwan Y.
L. Perhe, sagarwa putranipun 2 tuwan Elte, pabrik Kersingan Afdheling Bangil ugi sagarwa
putranipun 3 Nyonyah Van Loten Pabrik Pejarak paresidhenan Prabalingga, sawetawis para tuwan
tuwan ing Surabaya sami numpang ing ngriku ugi mantuk dhateng nagari Walandi.

Saking pakabaran ing salebetipun wulan Januwari ingkang kapengker punika, ing dhusun Tegilantun
bawah Surakarta, wonten satunggaling rondha, ing padhusunan ngriku, tiyang wau pangupa
jiwanipun asade yan godhong dhateng peken, anuju satunggal dinten badhe dhateng peken wonten
ing margi amanggih kanthong wacucal sarehning tiyang dhusun dereng nate sumerep menggah
damelipun utawi isin ing kanthong wau, lajeng kabekta wangsul mantuk sareng dumugi ing griya
dipun dedahaken dhateng kapenakanipun lare jaler, kanthong lajeng kabikak wonten isenipun serat
iber-iber satunggal serat wau tumunten kabikak wonten artanipun kertas kalih kebet regi 200 rupiyah,
enggalipun wang kertas lajeng kasade dipun tumbas ing tuwan kajing langkungan anaming artanipun
tuwan kaji sapeg 100 rupiyah ingkang satus dipun semadosi, sarehning tiyang estri wau dereng nate
gadhah arta samanten kathahipun ing wedal punika sakelangkung bingah ing manahipun sarta tongga
tepalihipun ingkang sumerep samidipun ujuri sak rupiyah tuwin satengah ingkang lare alit 3 wang
tuwin 2 wang ngantos telas 14 rupiyah, punika tumunten wonten tiyang bajingan ingkang sumerp
lajeng dhateng griyanipun rondha ingkang manggih arta wau angaken dipun utus ing parentah terang
dhawuhipun kanjeng tuwan residhen dikakaken mundhut arta kertas 200 rupiyah ingkang dipun
panggih wau sarta kathah-kathah anggenipun ngajrih-ajrihi supados dipun gega awicantenipun tiyang
estri wau amratelakeken manawi arta kantun 75 rupiyah salajengipun kabekta dhateng bajingan
ingang mindhak utusan wau, sareng sampun kabekta kesah, tiyang estri wau gadhah panggraita yen
utusan punika boten prasaja ing lampahipun tumunten enggal lapor dhateng lurah bekel ing ngriku
salajengipun katur dhateng parentah pulisi ingkang ambawahaken sadaya katarik dhumateng
parentah nagari, deneten bajingan ingkang angaken-aken wau lajeng kapatrapan dipun kunjara,
ingkang ambikak serat iber-iber, kaptrapan krakal 15 dinten, pulisi ingkang ambawahaken wau
kaparingan ganjaran saking kanjeng tuwan residhen 25 rupiyah, awit anggenipun atiti pariksa enggal
angsal katerangan supados ing wingking samiya tumemen anggenipun anglampahi kawajiban amurih
arjaning nagari, wondene arta 200 rupiyah wau, ugi lajeng kaparingaken dhateng ingkang gadhah.
………

Ing nalika dinten Rebo dalu wanci jam 11 angrinakaken tanggal kaping 28 wulan Dulkangidah warsa
Be ongka 1800 utawi kaping 7 Pebruwari taun 1872 bendara raden ayu riya Widura, amengkeraken
ing dunya, kundur ing jaman kalanggenan jalaran gerah sepuh, sampun yuswa, 72 taun kapetak ing
ngastana ing Ngendhen, nunggil ingkang raka Kanjeng Pangeran, enjingipun wanci jam 11 layon
kabidhalaken rerenggan tuwin igngkang andherekaken samuwa, boten kirang satunggal punapa.
Pramila kula kami purun macak wonten ing koran Bramartani, boten saking punapa namung
memurih para kadang warga ingang wonten liyan nagari, sami ya kapirengan, sangking ingkang
Bramartani. Nagari Surakarta kaping 21 Dulkangidah warsa Be, sinengkalan Muna ilang, salira
janmi.
Katandan Darmawacana.

Serat kikintunan saking Banyumas ingkang katandhan pun Getun pramuji kaliyan Suratin
anyariyosaken kados ing ngandhap punika

Nalika ing dinten malem Senen tanggalkaping 29 wulan Januwari taun punika, ing dhusun Kedhung
Gedhe (Banyumas) wonten satunggal tiyang awasta pun Wisaleksana, semahipun darbe anak jaler
anamin gbayi wau radi aneh awit juburipun buntet namung katingal gatranipun kimawon ngantos
dipun nyatakaken kasudep saestu kulitipun rapet salajengipun jabang bayi sareng 7 dinten lajeng
ngajal amargi awit lair boten purun nesep dhateng biyangipun saderengipun ajal rare Wisaleksana
radi prihatos sareng tilem anyupena kados dipun wisik makaten, wisaleksana kowe utawa bojomu aja
susah sauah, anakmu bayi uwis duwe pangan dhewe, satanginipun wisaleksana jabang bayi kapriksa
sampun ajal.

Tanah ing Pajang ing redi Merbabu saurutipun titiyang ingkang kasebutaken bajingwan punika,
tiyang ingkang sami dudunung rtarap padamelanipun para persil mawi kabayar, dados dumunung
tiyang langip, sulaya kalayan tembungipun para parentah, pamireng kula tembungipun parentah
ingkang limrah kasebut bajingan wau, tiyang ingkang 1 tiyang ingkang boten gagriya sarta boten
manggen, 2 boten purun tatani tuwin dagang, 3, karem nyeret 4, ngestri 5, main 6 nedhani, 7
ngunjuk, 8 kala kuwanipun remen rerubukan utawi gegolongan ingkang boten wonten prelonipun
dados gesangipun namung sangking pambudi senengipun piyambak ewadene wancaning sugih
manah teksih dhiri, margi asring dipun useni tiyang kodheng, yen sampun dados sarjonipun teka
gampil, utawi yen animbang kalayan titiyang tani sapanungilanipun amestani tiyan gtanpa budi dene
remen yikruk ngethiyun leleng, boten kados bajingan boten nyambut damel mukti wibawa yen
mentas angsal boja dipun nayap para gegolonganipun kang badhe nogog wonten bale pinggir radinan
carka aji-aji dhateng kang semara siti bale awi kasudhiyan warni-warni boten kuciwa, awit mireng
kricik-kricik angandhut yatra, pangupajiwanipun gampil 1 memundhut ing wanci siyang boten mawi
gembung, wonten pakarngan caket margi, tuwin sangking babekten wonten margi wonten iken 2
sesanjan anggelaraken omong candhak kulak rembag damel ngaliwi pamrihipun pakantuk boja,
naming boten lana, margi boten yekti sadya, pejahipun malih margi sangking ngapus krami, 3,
langkung malih bajingan ingkang waget manjing ing jur ajer, liripun ingkang mawi dhedhasar
kawruh sapanunggilanipun indhaking kalepasan utawi kasantosan saingga peksi bango, utawi angin
bantheng mawi lar, awit kathah kaindhakanipun, waget dhalang, lampahan pangaru biru, ngaben ing
sasami sami, damel onar, sangking lampah santosa, andadosaken senengipun parentah awit mindhak
pandamelanipun, amung ugi andadosaken cambah suraning panambahipun uman sadaya, awit sami
mrasudi sanget sampurnaning manahipun ingkang tansah ribet, ingggih punika wetawis kang
katembungaken bajing wanan inggih bajingan bonten kantenan, sampun tantu asring kabuluntak
dhateng pakarangan jalaran sangking pandamelanipun rare angen utawi titiyang langkung angobar
wona wau, liripun saben wonten gentangan sami sanget oteripun pados pangungsen pating dharesel
ngaringkel kados kintel, pantesipun lema-lema awit kalis ing damel wona wau kathah memangsan,
wasana ingkang limrah sami kerajer wona asring kobar wau, dene ingkang lema namung manahipun
katingal saking budi kaconggah cukup cakep yen dhateng pamrih, dados kenging katembungaken
manah nedha badan, ewadene teksih waget gemblung kabluntakipun dhateng pakarangan wau waget
brangkep pamrih, lamis anglampahi ayahan, dados sangking pandugi kula kenging katembungaken
bajingan ingggih, ama, wisa inggih bajingan kuburipun wonten astana sangandhaping Mandira kang
urut margi toya, pakendelanipun wonten padharaning srenggala utawi dhandhang, mila sangking
pamanah kula sami sami ya tekat, kados wonten sulayanipun tekating bajingan katimbang kalayan
tekatipun kebayan manah tetep, bajingan namung manah kedhep, dene litipun bajingan wau menawi
wonten kirangipun boten langkung kula anyumanggakaken dhateng para ingkang tampi Bramartani.
Kaserat ing Surakarta kaping 9 januwari taun 1872
Katandhan Eka

Punika candhakipun cariyos ulam Kutuk

Mung dinupan gondawidha, saben wanci tengah ratri, mubeng tepining pabongan, anguwuh ing
dalem batin, mintaha kang kinapti, tinurutan dening kutuk, jaka Dengah panengran, pun biyung
nalika tangi, laju dheng tar namada amung priyongga. Wau sampun kaleksanan, sawasitaning
wawangsit, prapteng mangke duk andika, arsa dus kagyat ningali, ing kula denya keksi, mawapraba
angunguwung, makutha jajamang mas, leres andika kageti, ujer elok akarya maketering tyas.
Ananging yen prapteng masa, sampun antuk jarwa jati, yekta mantuk kya sandeya, amung mangkya
den agatti, saliring kang weweling, pituhunen jroning kalbu kang sarba dipun sasab, ampun kongsi
awawarti, ing wongliyan mindhak muruken parasnya. Kenging tembe sajarwaha, aneng ngarsaning
narpati, yen wahyaning masa kala, badhe kangge barang kardi, makaten kang weweling, pun kutuk
kala rumuhun, kendeling wuwusira, ulam kutuk silem malih, ambalajeng ngreresiki ing pabongan.
Nguni sampun kalampahan, amithu ing weweling, ambalawanya ing somah, saben wanci madyaratri,
dudupaungu bengi, tepining pabongan kemput, sinawurun puspita, sirat sugonda windha sri, sarya
nguwuh amiminta ing samurwat. Kadhatengan sanalika, sesthining tyas tanpa westhi, dumugi ing
sapunika, kacekapan sawatawis, labet saking nglampahi, sapakening ulam kutuk, ing mangke
kaparengan, sutamba sampun birahi, andarbeni paminta dhateng kawula. Kedah arsa palakrama,
nanging aeng kang kinapti, rara ayu ing kasidan, kang ngawasta ken saruwi, kasubing rat sayekti, nir
ken sarwa sriraras rum, punika kang susuta, ubul sarwa biyung kesi, wuwus sipun sutamba met
manuhara.
Punika taksih wonten candhakipun.
Tuwan Jonas Portir enko mentas nampani sinjang biru kangge kadamel luluk, sae sanget wadhah
anyeratan kangge kakesahan 15 rupiyah

Kauningana para priyantun manawi Can Go Wan Li Gedhong kilen Kalentheng, Surakarta, mentas
anampani the saking pabrikipun piyambak ing nagri Cina, the taksih tulen saklangkung eca sarta
arum waged pikantuk tumbas ingkang pun-punan utawi bungkusan warni-warni.

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni usar sarta pirantos
ingang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, punapa malih pulas warni-warni pulitur, pernis
kareta tuwin sanesipun.
Katandhan tuwan Weting

1, Serat Babad Pajajaran ongka 1 regi 2 rupiyah


2, Serat Babad Pajajaran dumugi Demak ongka 2, regi 2 rupiyah
3, Serat Babad Pajang (saweg rampung) regi 2 rupiyah langkung 50 sen

Serat titiga punika sami urut cariyosipun manawi tumbas tiga pisan pangaosipun suda 6 rupiyah,
dene manawi karsa tumbas namung kalih buk reginipun 4 rupiyah, sarta kenging pikantuk saking
tuwan Purneman utawi tuwan F. L. Winter ing Surakarta
=============================================

Kula kang andhani ing ngandhap punika, angaturi uninga dhumateng para mitrakula sadaya, manawi
ing sapunika kula ingkang anyepeng pamajeging pamadenipun arak tuwin ciyu, ing nagari
‘Surakarta, menggah pamadenipun arak tuwin ciyu punika wonten ing griya ing pacinan,
angajengaken panggenan tiytiyang asade pitik iwen, arak tuwin ciyu wau sakalangkung sae sarta eca
sanget inggih punika kadamel ing prabik kula ing Samarang, dene takeripun ugi kaot kathahipun
katimbang kaliyan ing kala rumiyin.
Kula Babah Toh Ti Yang Li Yo
=========================================

Mirah sanget
Buk A,B,C ing tembung Malayu mawi sastra Walandi 25 warni, prayogi kadamel wulang rare, regi
50 sen bayar kenceng, pikantuk saking tuwan Jonas portir enko ing Surakarta

Ing ngandhap punika pratelanipun barang dadagangan ingkang kenging pikantuk tumbas saking toko
pangecapan ing Surakarta kadosta:

1 Kertas pos warni-warni, kaecap mawi namanipun para priyantun


sarta karengga sasekaran sarim regi 7,9, 10, rupiyah, mawi
kapradaka indakaken 2 rupiyah.
2 Lemek panyeratan ageng utawi alit, mawi kanthongan wadhah kertas
satunggal regi 5,8,12, 15 rupiyah.
3 Buk emutan isi kertas kalowongan sarta mawi potlot sakalangkung
endah satunggal regi 1,2,3, rupiyah
4 Pen mas inggris warni-warni,satungggal regi 2,3,5 rupiyah
5 Wadhah mangsi warni-warni, pantes kagem para priyantun satunggal
regi, 6,8,10,12,15,20 rupiyah
6 Wadhah mangsi alit alit kangge manawi kakesahan satunggal regi
2, 3 rupiyah
7 Pethi panyeratan kajeng maoni 30 rupiyah
8 Penlar, sabengken 50, 60 sen]
9 Buk kangge ing kapulisen 1,2,3, rupiyah
10 Wadhah gambar kaecet cemeng utawi mawi paraa byur, sadhusin
5, 7, 10 rupiyah
11 Jidharan kajeng gepeng tuwin pasagi, satunggal regi 1, 2 rupiyah
12 Jidharan gelas gepeng, satunggal regi 3 rupiyah
13 Lei entheng sanget ageng utawi alit sakalangkung sae, sarta
prayogi kangge paa lare dhateng sekolahan, satunggal regi 75
sen, 1 rupiyah utawi 1 rupiyah 50 sen.
14 Potlot warni-warni cemeng tuwin abrit sabengkek regi 2,3,4,
rupiyah

15 Gambaran kangge angenengenengi para rare 10 lembar regi 2


rupiyah
16 Mainan sekak satunggal regi 4 rupiyah
17 Mainan dhamboret ageng satunggal regi 8 rupiyah
18 Mainan dhamboret alit satunggal regi 6 rupiyah
19 Pulas gambar, sadhus regi 8,10,30,50 rupiyah
20 Pensil aeng alit satunggal regi 25, 50 sen
21 Piros kangge ngukur bumi, mawi ptia, panjangipun 40,50,60 kaki,
satungal regi 8,10,12 rupiyah
22 Karcis mawi namanipun para priyantun satus iji regi 4,6,8,10,12
rupiyah

Sanesipun barang taksih kathah ingkang indah-indah, sarta dereng kauningan para priyantun
Tuwan Jonasportir enko ing Surakarta

……..
Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni peksi dara gondhog saking nagari
Walandi, peksi darapunika sakalangkung ageng, sajodho regi 40 rupiyah bilih para priyantun karsa
tumbas kula aturi amriksani dhateng griyakula ing Jebres, Surakarta
Katandhan tuwan Y. Dhelbar

Punika cariyos Babad Mataram

Datan kangkat Pulangjiwa sigra niba, kinarubut wus mati, surak lir ampuwan, surak kewong Bang
Wetan, tan ana tinata malih, mawut sadaya, smilumayu gendring. Pangamuke para prajurit Mataram,
lir bantheng tawan kanin, wus mawut sadya, wadyabala Bang Wetan, kang kacandhak den pateni,
akeh lumayuwa, sadaya sami ngungsi. Ki Dipati ing Japan sampun lumajar, niba saking turanggi,
anusup ing wana, langkung kalunta-lunta, apisah lan wdya neki, kala semana, sengkalan ireng wani.
Kang sanjata palwa kang maruta jagad, ucapen wong matawis, amundur saksana, mantuk dhateng
Mataram, mancinging carita prapti, kang pradipatya nagara ing Matawis. Srinarendra apan lagya
siniwaka, pepak kangpara mantri, sagunging jarahan, wus katur srinarendra, antarane mugn sesasi,
prabu Ngalaga, nembang patra tinangkil.

Srinaranata ngandika, mring sakehing pradipati, eh wong Mataram cawisa, saka praboning ngajurit,
ing Sunarsa nindaki, mring wirasaba ing Besuk, dipati Martalaya, ngabekti matur aririh, sapa sinten
paduka ingkang dinuta. Anindaki Wirasaba, jeng Sultan ngandika aris, allahiya Martalaya, ingsun
dhewe kangnindaki, wau sang adipati, Martalaya lon amatur, yen suwawi ing karsa, sampun paduka
nindaki, giih sampuna denekangpara santana. Para nunganung sadaya,. Apan samya aturneki, kadi
tue Martalaya, nanging tan kadhahar sami, risaksana sang aji, sigra denira ngadhtun, satung monca
nagara, kang kawengku mring Matawis, ing ngundhangan sadaya samya siyaga. Pramasaya pepak
sadaya, saksana bupal kang baris, sajembaring ngara-ara, pan kebekan dening baris, tan kawarna ing
margi, prapta sawetan madiyun, enengna kang lumampah, kocapa wong wetan sami, paguneman
arya Tondha Wirasaba. Ing Tuban wus ing ngutusan, dhateng dipati ing Tubin, saksana amepak bala,
baita sampun cumawis, yata tengara muni, budhal gagamaning laut, miwah wadya kang dharat, wus
anabrang ing benawi, kang kocapa wau baris ing mataram. Wus prapta neng Wirasaba,
masanggrahan raja dadi, prenahe saloring kutha, ing wirasaba nagari nenggih samya dyasasi, prabu
Mataram neng ngriku, sikep dalkem keh rusak, apan kena ing gagering, kawarna alampahe dipati
Tuban. Wus prapta ing Surabaya, masanggrahan neng pasisir, nagri brangkidul sadaya,prasamya
angati-ati,baris saya gungprapti, kocapa surabayeku, samongsa tumindaka, pangran surabaya
nenggih, akeriganmonca nagara sadaya. Pangeraning Surabaya, wau sumedya nulungi, angayut dipati
wetan, pangeran kewedan galih, eweting dipati Tubin, ngliwati Tubin tan purun, baris sajronign
kitha, ing Surabaya puniki, ingkang karsa pangeran ing Surabaya. Dipati Tuban barenga, mangkat lan
wong Surawesthi, anulya sira utusan, kinen abubar tumuli,yata dipati Tubin, tinundhung pand datan
purun, apa wadine baya,tnundhung mulih tanapti, tulungmarang dira sabatan lumampah. Pangran ing
Surabaya, tan tega tilar nagari, dene dipati ing Tuban, karya pakeweding ati, dadya kapiran
sami,pangeran dhatan tumanduk, tandang mring wirasaba, lampahe monca nagari,datan bantu sabab
pangran datan tandang. Kocapa ing Wirasaba, ingkangjumeneng dipati, aneneggih pangeran
arya,apan ta dereng krami, umur sadasa warsi,pan ageng riyalatipun,tur pekik warnanira, dhasar
prawira ing jurit, papatihe awasta Ronggapramana. Nanging ina lampahira, lumampuh inglaku
sinekti,tanah wetan pan keringan, ateguh prawireng jurit, kalamun anindaki, ronggapramana tinandu,
prapta wadya Madura, gagaman sewu ajrihi, paning dalulebete marang jro kitha. Pangeraning
susabaya, apan bantoni ngajurit, apan sewu kathahira, nanging lampahira dhemit, apan ora baribin,
wong Tuban nora karungu, prapta ing Wirasaba, lebetira madya ratri manjing kitha medal sangking
wewingkingan.

Gantya prajurit Mataram, srinarendra nimbali pradipati, sagunging prawira ngumpul, miwah para
santana, srinarendra pangandika nira arum, sakehe sanak manira, ing mangke manira tari. Eh ta
kakang Martalaya, apa dene sakehe pradipati, apaning sun arsa kondur, martalaya tur sembah, nah
ing ngangger pun atos-atos karuhun, pan inggih dereng kanenan, tiwase kang pinang abdi. Umatur
pangran Purbaya, adhuh anggert pun bapa nuwun pamit, sampun paduka akondur, wonten dayane
tuwan, yata mesem jeng sultan ngandika arum, yen mekaten inggih utwa, kula antos kalih ari.
Pangran Purbaya ngandika, martalaya aja kakehan pikir, lah payo gepuken gupuh, matur ki
Martalaya,lah suwawi panembahan nunten kondur, sangking ngarsanin gkang putra, prapta
pasanggrahan aglis. Pangeran arya Purbaya, sigra bendhe kumirab wong matawis, wau Martalaya
gupuh, sigra nembang tengara, wong panumping barise sampun akumpul, punggawa lawan santana,
budhal saking raja dadi. Abdi dalem jro tan obah, mung santana lawan para dipati, ingkang sangking
ler puniku, dipati Pringgalaya, sakathahe wong panumping namung sewu, ingkang ngranpit saking
wetan, pangeran Puger kang nindhihi. Myang sagung para santana, panembahan Purbaya kang
nindhihi, Pangran mangkubumi ngumpul, lawan Pangran Balitar, adipati Pringgalaya sampun
ngumpul, kang baris para santana, aneng wetan dadi siji. Kang kulon para wadana., ingkang kidul
pan datan den barisi, yata kawarnaha wau, wadya ing Wirasaba, pan wus wikan wong mataram
ngangseg purun, kirongga pramana medal, tinandhui ngeri baris,……..
Ongka 8, Kemis kaping 22 Pebruwari 1872

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika tanggal kaping 8 wulan Pebruwari, ing taun punika, tuwan Konnel Timan, atilar donya
mantuk dhatneg kalanggengan,jalaran gerah sampun sepuh, menggah yuswanipun kirnag
langkung sampun 93 taun tuwan Konel Timan wau wiyosipun ing kitha Rotherdham kala tanggal
kaping 23 wulan Maret taun 1780 wonten lalampahanipun kacariyos ing ngandhap punika.
Tuwan Konel Timan nalika taksih neneman sampun angabdi ing kanjeng raja Napoliyun ingkang
kaping Sapisan, sareng ing salebetipun taun 1795 malebet dados prajurit Setabel kumpeni 1 ing
nagariWalandi, ing taun 1797 kinulawisuda dados Wahmester, ing ytaun 1801 kaangkat dados
Operwahmester, saryta ing salebetipun 4 taun anglampahi kalurugaken perangkaping 2 dhateng
ng Nuretolan tuwin dhateng nagari Dhitslan andherek jendral Ageriyu, utawi jendral Pandham,
sareng ing salebetipun taun 1805 nyuwun kendel anggenipun dados prajurit setabel lajeng
malebet dados prajurit kapaleri anoper, sareng nuju dinten wiyosanipun taksih anunggil taun
kaangkat dados twedhelitnan sareng ing taun 1806 kaangkat dados Irstelitnan. Nalika taun 1810
tuwan Konel Timan wau, kacepeng wonten ing paprangan nalika prang ing nagari Portigal lajeng
kabucal dhateng nagari Enggelan ngantos 4 taun laminipun sareng dumugi taun 1814, wangsul
dhateng nagari Nederlan lajeng kaangkat dados litnan Kwartir Mester Barisan Karbin Rismen 3
namung angsal sataun lajeng kawangsulaken dhateng barisan kapaleri ing taun 1821 lajeng
pindhah dhateng nagari Jawi,angsal kalih taun kaangkat dados Ridmister Ajudan anglaresi perang
ing tanahJawi, tuwanKolnel Timan wau ing salamining paprangan katrimah ing labetipun utawi
sareng ing taun 1831 ginanjar bintang militer Willem Ordhe, ing taun 1836 kaangkat dados
mayor, ing taun 1839 kaangkat dados Litnan Kolonel komandhaning kapaleri,sareng ing taun
1847 dados kolonel ing ngatasingPormasi, ananging boten ngantos lami tuwan Timan wau
anyuwun kendel sarta kaparingan pensiyun. Ing salaminipun angabdi dados militer tuwan
Kolonel Timan wau sampun rambah kaping 13 anggenipun lalabet perang ing tanah
Eropah,denten ing nalika peang tanah jawi, ugi kaganjar medhali Sanguban Balimbingan nestha
wolu. Samanten malih nalika layonipun tuwan Kolnel Timan wau kaangkataken dhateng ngastana
ing mesen Surakarta, para tuwan tuwan utawi para priyantunjawi anglangkungi kathahipun
ingkang sami rawuh anglayat sarta ngurmati adherekaken dhateng pakuburan saha mawi
kaurmatan Drel sanjata para militer……

Nalika tanggalkaping 19 wulan Pebruwari ing taun punika, ingkang sinuhun kanjeng susuhunan
saha para putra santana tuwin kanjeng gusti pangeran adipati ariya Mangkunagara, sarta para
tuwan tuwan saha para nyonyah, sami dhumateng ing dalem parensidhenan inggih punika nuju
paurmatan dinten wiyosanipun kanjeng raja ing nagari Nederlan menggah rarenggan
paurmatanipun ugi kados ing ngadat utawi enjingipun tanggal kaping 20 ugi nunggil wulan
punika anuju Bakda Garebeg Besar, tuwan residhen saha para tuwan sarta kanjeng gusti pangeran
Arya Mangkiunagara, sami sowan dhateng ing karaton.

Awit saking pakabaran benggoling kecu ingkang nama Madyakrama punika ingkang angecu
mehai tuwan Dhom ing nalika tuan 1868 ing samangke sampun kacepeng dening pulisi ing
Surakarta sarta lajeng kakintunaken dhateng nagari Ngayogyakarta mawi kairid ing rencang
pulisi punapa malih ignkangnama Poncawanita ugi benggol ing durjana kecu sarta sampun
rambah kaping tiga anggenipun miruda saking pakunjaran ing nagari Ngayoja, ing mangke ugi
sampun kacepeng dening pulisi ing Surakarta, awit saking cenging dhawah ing sapunika para
pulisi sanget anggenipun sami amarsudi dhateng kawajibanipun saestu angsal pangalembana
dhaeng ing parentah.
Sinadyan sampun sawatawis lamenipun, ananging kedah boten saget angicalaken kabar ingkang
sawatawis ragi aneh, kadi kasebut ing ngandhap punika Ing nalika dinten Jumungah dalu,
angrintenaken tanggal kaping 16 wulan Sawal ngkang mentas kapengker punika, ing kampung
kaparak tengen bawah Purwadiningratan, wonten satunggiling jajar kaparak, nami kyai
Wiradikrama, ing wanci jam ½ 4 enjing semahipun anggadhahi rencang lare, medal estri sareng
lare medal saking garbaning biyung,kawujudanipun sanes kaliyan lare ingkang kathah kathah,
wau sirah lonjong malang, bathukipun manyul sanget lambe ugi nglangkungi jedhiripun igkang
nginggil ngantos ngungkuli irung ingkang ngandhap ugi dovle mangandhap,meh papak kaliyan
janggut, dados cangkem katingal mujur,mripat boten katingal, naming wonten gatranipun mripat
4 iji, sadaya tiyang ingkang tandang tulung sami rumaos gila. Sarta sami darbening panginten
bilih punika anak gandurwo, sinadyan bapakipun ugi andarbeni panginten mangkaten, ananging
kedah ana anaken katengga piyambak tansah sanget mangertosipun amargi isin sanget yen
ngantos kawistara ing kathah, dados ing sadalu wau lare boten mawi kapulasara, amargi sami
ajrih tuwin gila, sumerp ing kawujudanipun dados naming katengga ijen kaliyan bapakipun
sareng jam ½ 6 enjing sawatawis sampun radi padhang sangking soroting rahina, punika
warnenipun ing lare kados ingkang kacariyos ing ngajeng wau sedaya, boten wonten labetipun
ical sadaya, santun punapa maujudipun kalimrahan lare lair. Punika bapakipun sanget anggenipun
gnungun aseu bingah, saha wicanten sokuring ngalaah dene anakipun ginanjar mul sangking
wawarnen ingkang boten pantets kawistara ing kathah, ing mangke wau lare ugi lestantun
wilujeng. Kaserat tanggal kaping 3 wulan Besar warsa Be ongka 1800
Katandhan Sapanyana.

Pakalongan
Kala ing dinten akad tanggal kaping 4 wulan Pebruwari ing taun punika, ing dhusun Cempereng
dhistrik Subah wonten tiyang anedha jamur wau jamur anggenipun manggih wonten ing dhauran
laos dados dipun wastani jamur laos sareng sampun dipun olah lajeng katedha tiyang 4 bapa
biyung anak estrikalih, sareng sampun nedha antawis 1 jam tiyang sekawan wau lajeng sami
andhawah kalenger ingkang 3 kalajeng pejah ingkang satunggal rare estri wilujeng amargi saged
mutah dados jamur wau medal saking teksiripun tiyang kathah sampun tetela yen punika jamur
racun.

Mas Abukarim pangulu ageng ing pakalongan kaundur ing kalenggahanipun kalayan urmat
amargi sampun sepuh, utawi kaparingan pensiyun, dene igkang anggentosi dados pangulu anama
kaji Durakim, anaming kaji durakim wau sareng sampun tetep dados pangulu angsal 15 dinten
radi sakit ewah dados lajeng kaundur malih ngantos samangke dereng woten ingkang gentosi
pangulu.

Kintunan saking Ngayogyakarta, yen ginalih pantes atur kula kabar punika, mugi
panjenenganipun tuwan redhaktur kula aturi macak ing kabar Bramartani. Nalika ing dinten
Senen Legi,kaping 11 wulanDulkangidah taun Be ongka 1800 kirang langkung jam 22 dalu
griyanipun tiyang alit wasta pun Kariya, rencangipun tuwan Goni, Dragonder Kraton, kalebetan
durjana pandung, lumebetipun durjana wau ambabah durjana sareng sampun malebet, ingkang
gadhah griya sumerep, yen griyanipun kalebetan pandung, pun Kariya lajeng medal sarwi
bengok nedha tulung, durjana ingkang sampun malebet ing griya au, priksa kang gadhah griya
medal bengok-bengok nedha tulong kontening griya dipun kancing sangking nglebet kekah,
pamrihihpun durjana wau, anggenipun kancing konten, sampun ngantos tiyang ingkang sami
tandang, saget lumebet griya, lajeng andhelik ing Nglongan, sarehning karya wau, tanganipun
kathah para wlaandi dragonder, punika ingkang tandang rumiyin sarta sampun terang yen durjana
wonten ing nglebet kacing konten tuwan Goni wau, sanget angenipun bermantya, jajabang awing-
awingan, para walandi utawi jawi, sami berdondi, wonteningkang badhe anyenjata, wonten
ingkang badhe numbak tuwan Goni wau sampun nginten yen durjana dhelik wonten ing
nglongan, sabetipun kadamel nyogoki, durjana jranthal saking nglongan tuwan Goni sangking
sanget kagetipun dhawah kalimah ing jogan, durjana neracak ing gedheg, tuwan Goni gancang
anggenipun tangi, , pandung kajojoh ing sabet dhawah ing kisma, alok ipun ing jawi,langkung
anggenipun rame ignkang caos ing bangsal sripenganti, kaleres Raden Tumenggung
Prawiradireja, radenTumengung wau sangking gitanipun ingpanggalih, mirreng suwara rame,
andhawahi dhumateng bekel Kabayan, wasta Ngabei Sitrameja, dikakaken titipriksa, sarta bekta
dedamelipun, ngirid abdi dalem prajurit kawandasa, kabayan punapa malihprajurit saweg dumugi
griyanipun kariya durjana neracak manginggil, medal tutup keyong, kasabet dhumateng tuwan
Goni boten kenging, katingal sangking jawi lajeng kawaos kalih abdi dalem prajurit kawandasa,
kenging jangganipunkados dene kasunatan kapisanan dhawah ing kisma, kinarocok ing kathah,
ajur mumur rontang ranting, sangking kabaring tiyang kathah, sampuna abdi dalemprajurit
kawandasa tumunten tandang, boten pejah tumunten, sabab waosipun para tuwan tuwan, utawi
tiyang jawi,landheyanipun sami celak, sakpejahipun pandung wau, tongga tepalih ingkang celak
ing ngriku, sedaya sami sokur, sabab sampun jejuluk durjana peri, dene namanipun durjana wau
pun Buwang.
Ngayogyakarta, 19 Dulkangidah Be ongka 1800
Raden Mas Dipa Taruna

Wangsulan minongka panjurung ing Bramartani


Ing kang rinenggaing pakurmatan kalayan taklim mugi katur ig mitrakula ingkang sisilih nama
Jayasonta, ing Kauman.
Risampuning kadya punika wiyosipun, kula sampun amariksani paparing sampeyan serat
wangsulan, katiti purwa rejakaping 22 Sawal Be 1800 ingkang suraos paring pitulung
wedharipun sangking bab pitaken kula, sangking prakawis pambage waris, punika sakalangkung
andadosaken suka pirenaning manah kula, acanthi panuwun igkang kalayan sanget dene mitra
kula aparing berkah igkang dados kodhengipun manah kula, nanging teksih kuciwa sakedhik,
dene peperanganipun waris igkang ujud griya, sangking agamenipun, punapa wonten ingkang
dumunung dados pusaka,punapa wenang bilih kabage sadaya, manawi wonten ingkang tumonja
dados pusaka, griya punapa wastanipun, tuwin sinten ingkang wajib andarbeni pusaka wau.
Ingkang kaping 2 waris anak estri ignkang dereng diwasa, tuwwin dereng anggadhahi semah,
punika sinten ingkang wajib kanggenan ppunapa wajib wonten biyung, punapa wajib sadherek
jaler,punika anjawi sangking sami rukun wau. Ingkang kaping 3 babpabage warisan wau
sarehning punika prakawis kukum, saestonipun wewaton sangking kitab tumrap ingpambage
dhateng warisipun tiyang ingkang lumampah damel, utawi tumrap dhateng warisipun tiyang
igkang nglindhung, punika punapa wonten beda-bedanipun punapa kadamel sami ugi. Ingkang
puunika panuwun kula berkah kados ingang kasebut nginggil wau sadaya, sakalangkung
ingpangajeng kula, maparing sampeyan serat wangsulan.
Kaserat tanggal kaping 4 Ngulkangidah warsa Be Ongka 1800
Katandhan Trusdhasastra.

Angosikaken manah kabesturon


Sangking pandugi kula para sarjana sami ngajeng ajeng sarta badhe miringaken sanadyan
sanesipun inggih semanten ugi, kados punapa wangsulanipun Trusdhasastra 2 warni 1 dhumateng
Oen 2, dhumateng Darmakondha.
Bramartani ongka 51 seratipuin Open sinawung ing kidung sekar dhangdhang, menggah urunipun
wangsalan open wau sampun rambah-rambah, ananging Tursdhasastra dereng nimbangi saha
nuruti pamintanipun open saupami urunipun wangsalan dereng condhong ingmanah, leresipun
open inggih kedah tampi wangsulan yen menawi cacag dipun manah prayogenipun sarta alusing
tanduk, punika ugi kedah kapratelakaken.
Bramartani ongka 52 seratipun Darmakontha,. Suraosipun nedha barkah tembaung kawi ingkang
sampun kaanggep leres sarta kangge ing nglebet karaton ananging trusdhasastra inggih dereng
mangsuli, sanadyan mawi anyempet para sarjana sanesipun naming kadamel sandhan kimawon
ignkang sarta darmakondha ngemping 2 tembung 1 kawenipun pupu 2, kawenipun gares liya
punika teksih wonten ingkang dipun pitakekaken ananging boten susah kula pratelakaken ing
ngriki.
Ingkang punika Trusdhasastra prayoginipun wangsuli tumunten supados dhaganganing manah
ingkang sami pitaken wau amargi menawi kelamen mindhak andadosaken cuwa utawi kemba
ingkang sami mirengaken.
Ing wasana kula urun panjurung kawinipun pupu, yen nagari Ngayogya pupu wau kabasakaken
wentis liya punika kula dereng sumerep amargi kula dede she limi teges utawi jarwakaken
tembung kawi, ananging pancen botngsa pragojakan, wangsul kula anglairaken pangalembana
dhumateng open, sanadyan kula dereng nate tepang utawi srawungan serat ananging kula
kapengin mawi trn wonten ing Bramartani, awit kula seneng mirengaken anggitanipun saupami
kula rewa-rewa nelat boten kadugi sanget.
Ing negari Ngayogyakarta wulan Dulakangidah taun Be sinengkalan Ner Muluk Bremara
tuunggal
Katandhan Mamitran Anyer, Kusumawicitra.

Serat sarta ingkang tabe kaurmatan, mugi katatur ing panjenenganipun, ingkang saudara tuwan
F.L.Winter ingkang anguwasani sangking kawontenipun serat Bramartani ing nagari Surakarta
Adiningrat.
Bok bilih kepareng dhangan, penggalihipun saudara, ingkang sarta menawi wonten selanipun
panggenan, kula anyaosi panjurung kabar sakedhik, mugi wontena karsanipun saudara macak
wonten salebetipun serat Bramartani.
Nalika ing dinten saptu angrinakaken tanggal lkaping 4 Pebruwari punika kanjeng tuwan Y.K.A.
Phitsenger Residhen Madiyun, karsa adamel kasukan ing dalem karesidhenan, sarta animbali para
pangangeng Walandi utawi para pangageng jawi, para tuwan tuwan Mardika, punapa dene para
nyonyah-nyonyah para nonah-nonah, ing sawengkonipun ing nagari Madiyun sedaya, ugi sami
rawuh sarta sami karsa ngagem agema sasenengipun penggalihipun piyambak-piyambak, kados
ta tuwan-tuwan, wonten ingkang anelat agem-agemipun para militer ing nagari Turki, wonten
ingkang angagem pangangge cara Prama, wonten ingkang angagem cara Inggris, wonten ingkang
angagem penggangge cara Arab tuwin pangange Cina, punapa dene angagem agem cara sanes-
sanesipun nagari, wondene para nyonyah utawi nonah-nonah, ugi sami karsa ngagem agem kados
dene kang kula aturaken ing nginggil dene para pangagem jawi ugi wonten ingkang karsa
ngagem -agem ageman kados ingkang kula pratelakaken punika.
1, Kanjeng Rahaden Mas Adipati Pranarga, angagem prajuritan nyamping parang rusak, klkithik
sawit, rasukan kustim ageng linut dening burdir jene, punika set cindhe kembang tinepi bara
baliyun, angagem wangkingan kalih cinuriga,clona laken cemeng pinasangan senur renda abrit
kiwa tengen, dhasar gagah, dhasar singgih, yen sinawang saking tebiyan, lir pendah prabu
Nrakasura, ing Trajutrisna.
2, Kanjeng Rahaden Mas Adipati Magetan, sampun kapara panjenengan sepuh, boten angagem-
agem kustim, yen sinawang saking tebiyan lir pindah prabu Saliya ing Mondraka,
3, Kanjeng Rahaden Mas Tumenggung Madiyun, anganggem prajuritan nyamping sidaluwur latar
pethak sawit, rasukan kustim ageng linud dening brudir jene, paningset cindhe sekar tinepi bara
baliyun, tinumpangan tangsul bandhang benang jene, angagem wangkingan kalih cinuriga, clona
laken cemeng pinasangan senur rinda abrit kiwa tengen, dhsasar gagah prakosa,yen sinawang
sangking tebiyan teka jenggileng jenggileng lir pendah prabu Suyudana ing ngastina.
4,Kanjeng Rahaden Mas Tumenggung ing Ngawi,angagem cara prajurit Ngarab, surban sutra
ethak,linud dening kakembangan jene, rasukan laken abrit minangun sadariyah, tinepi ing renda
jenar lancingan sakelat winangun panjir, anganggar pedhang seretdan yen sinawang saking
katebiyan, lir pendah bagawan Bisma ing Talkondha, arsa madeg senapati, kaot anom lawan
sepuh.
5, Kanjeng Rahaden mas Tumenggung Sumarata, angagem nyamping parang rusak klitik sawit
rasukan kustim alit paningset cindhe kembang,tinepi barabaliyun, linud dening barji pa damelan
ing Surakarta, yen sinawang saking katebiyan teka mesem, mesem lir pendah prabu laleyan ing
Jenggala.
Dene rerengganing dalem karesidhenan, langkung sae upami rengganipun, yen ta kula cariyosna
sadaya, wonten sasebutan kirangpapan langkung criyos. Megat lampahing wanci pukul satunggal
dalu, kanjeng tuwan residhen utawi para tuwan-tuwan para nyonyah-nyonyah para nonah-nonah,
anggenipun karsa lelangen dhansah kendel sawatawis sami lenggah ing Galdri Dalem, amriksani
tetingalan sekar latu utawi anggmbulaken kumbiting, punapa dene papethan gapura, dinamel
sangking ketas ugi sekar latu.
Kanjeng tuwan residhen anggenipun karsa kekempalan utawi pista semanten wau boten sanes
naming amaringi tondha babingahan dhateng ingkang putra kakung, ingkang saweg nembe
dhateng angking nagari Welandi.
Mila sangking panuwun kula dhateng sadaya priyantun ingkang karsa mriksani cariyos kula ing
nginggil ignkang mugi sampun kalentu ing penggalih,katenta kula badhe angingisaken dhateng
kasagedan kula utawi kelangkungankula, punika sampun boten pisan-pisan namungkula
angatingalaken gumun ngungun eram kula, inggih wantenipun tiyang dhusun, dene selami-
laminipun dereng wonten ing nagari Madiyun tetingalan kadosing wedal punika, sangking
misuwuring ngakathah kantos lalampahan tiyang tanah Perden, utawi tiyang dhusun dhusun
punapa dene tiyang salebetipun kampungan ing nagari, kepetjang adreng aningali.
Kasenengan ingkang semanten wau, kok angemungaken para tuwan tuwan utawi para ageng
jawikimawon boten dalah para konca alit ingkang sami ningali, sadaya dherek kraos bingah, saha
dherek mugi jinurung kasaenan.
Pramila sangking pamujhii kula dhateng ing gusti ingkang sipat mirah, mugi-mugi kanjeng tuwan
residhen sagarwa putra sadaya, pinaringan panjang yuswanipun katebihna sangking babaya,
kaselakna ing begja, sokur tumuntena minggah kalenggahanipun ingkang dados senenging galih.
Sinerat ing Kartaarja, Pangongangan kaping 10 Pebruwari 1872
Katandhan Ciptanugraha.

Punika candhakipun cariyos Ulam Kutuk


Lah ta bapa kaparenga,mangkya pun biyung gandhori, kula wawrating ing karya, tembung ebun-
ebun enjing, anjangkunga wiyati, sontena wuri ris arum, dhateng dhusun kasidan, onten Kenya
kang wawangi, ken saruwi atmajaning umbul sarwa. Lamun sami kasembadan, badhe kula
.Punika cariyos Babad Mataram
Ongka 9, Kemis 29 Pebruwari 1872
Kulawisudhan
Pakalongan
Radden Suryaputra, Mantri Gudhang Kopi ing Dhara, kakulawisudha dados
Onderwadana ing Dhara sarta kapatedhan Balonja, 100 rupiyah ing sawulan, ingkang
gumantos dados mantri Gudhang kopi Dhara, Raden, Marta Atmaja, Mantri Wang kantor
Ageng Pakalongan, dening ingkang dados Mantri Wang Kantor Raden Suma Atmaja,
Juru serat Kantor N 2, Pikantuk blonja ing sawulan 30 rupiyah, dening ingkang kakula
wisudha anggentosi dados Juru serat N 2, Raden Adisurya.

Panjurung ing Bramartani sangking Nagari Ngayogyakarta


Nalika ing dinten Rebo kaping 21 Pebruwari taun punika, kanjeng gusti pangeran Adipati
Litenan Kolonel Komandhan Surya Sastraningrat sampun angulawisudha para santana
upsir ing Lesiyud Dalem piyambak, dene kateranganipun kadi dening ngandhap punika.
1 Raden Mas rid Mister Arya Nata Asmara, kaparingan reh-reh sangking anggenipun
nyepeng pandamelan militer, kalayan idinipun kanjeng gupremen kakula wisudha dados
Mayur Tituler.
2, Raden Mas Riya Irstelitnan Arya Purwasaputra, kakulawisuda dados kaptin Pirdhe
Kumpeni.
3. Raden Riya Twedhelitnan Jayeng Prawira, dados Irstelitnan ing Twedhekumpeni.
4. Raden Mas Panji Twedhelitnan Arya Pakuningprang, dados Irstelitnan ing Pirdhe
Kumpeni.
=============================
NGAYOGYAKARTA
Serat kintunan saking Ngayogyakarta anyariyosaken manawi Raden Ayu Jayawilaga,
nalika tanggal kaping 11 Dulkangidah taun pnika, atilar dunya, mantuk dhateng
kalanggenagan jalaranipun mentas kagungan putra medal jaler, ingkang sapunika sawek
yuswa 33 dinten boten kirang satunggal punapa.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


SURAKARTA
Nalika ing dinten Jumungah tanggal kaping 23 wulan Pebruwari, ingkang mentas
kapengker angleresi dinten agengipun tiyang Cina, anama Sembahyang Capgomek ing
wanci dalu kampung pacinan kathah tatanggapan awarni-warni, utawi tiyang ningali
anglangkungi kathahipun ingakng sinuhun Kanjeng Susuhunan Karsa tedhak mariksani
saha garwa putr anitih kareta, ginarebeg wadya, putra santana sami anintih kuda utawi
Dragunder walandi ing ngajeng wingking, dangu anggenipun mariksani ngubengi
pacinan sareng dumugi totogan margi sawetan peken ingkang anjok dhateng ing
Ketandhan titiyan dalem badhe menggok mangetan tumunten wonten kareta saking wetan
kapalipun ambandhang, kusir boten saged mekak, sanadyan sampun dipun engetaken
dhateng walandi dragunder arambah-rambah naming kusir boten amirengaken,
kalampahan kapalipun anumbuk rakitan titiyan dalem utawi rodha gesregk sami rodha,
kusir sareng sumerep yen titiyan dalem lajeng anjlog kimawon anggenipun mudhun dene
kenek dhawah kuwalik-walik kareta wau boten wonten ignkang numpaki, kenek kusir
lajeng dipun cepeng ing Walandi Dragunder sak nalika dipun lebetaken ing kunjaran
lepatipun awit saking sembrana, sanadyan botena anumbuki titiyan dalem ing wekdal
punika anglangkungi kathah tiyang ningali anumpak kareta tuwin dhaat ugi boten pantes
pyambakipun anyanderaken karetanipun ignkang ngantos makaten saupami anrajanga
tiyang dharat ionggih manggih paukuman saking teksiripun ing kathah kusir wau anjawi
pancen boten sumerep ing ngleres dipun dugi yen kekthahen anggenipun ngombe
inuman, dene titiyan dalem kareta wilujeng boten kirang satunggal punapa.

Nalika ing dinten Akad tanggal kaping 25 ugi salebetipun wulan Pebruwari taun punika,
ing kampung Jamsaren bawah Pengulon ing Surakarta, wonten tiyang anama Asrayuda,
awit ing wanci enjing karaos sakit panastis badanipun sareng jam 11 dalu asrayuda wau
kados tiyang andaleming kathah wicantenipun sarta pangraosing manah badhe dipun
cepeng ing tiyang kathah dados anggujeng lalatan kathah polahipun dipun rapu dhateng
ingkang estri malah andadosaken nepsunipun wasana anrik pedhang, semahipun dipun
jojoh anaming boten premana, ingkang estri badhe ngrebat pedhang dados kataton
tanganipun ing dariji tengen meh tugel sareng sumerep yen ingkang jaler kados tiyang
karanjingan lajeng anjerit nedha tulung, mara sepuhipun jaler ingkang griyanipun boten
tebih kaprenah sawetanipun caket mireng jeriting anak estri lajeng amurugi badhe
atutulung nanging Asrayuda sampun waringuten mara sepuhipun lajeng dipun pedhangi
ngantos tatu 11 ing bau dhadha tuwin lempang ingkang radi mutaaosi tatunipun tumunten
sadherekipun jaler leh jeleh nedha tulung tongga tepalih kathah ingkang dhateng
ambekta dadamel asayuda taksih wotnen salebeting griya anglingga pedhang, kontenipun
lajeng dipun uger saking jawi, sami dpun kepung ing kathah, dipun wicanteni saking jawi
aklayan sadherekipun kapurih enget anututa kimawon ananging bten purun ngantos
dumugi enjing sangsaya kathah paapriyantun ignkang dhaeng tandang tulung, dalah
kanjneg raden Adipati Sasranagara, rawuh anitih kareta, kadherekaken paa panewu
mantri sarta dadamel anglangkungi kathah, tumunten lajeng raden adipati dhawuh
dhateng Raden Mas Tumengung Jayadiningrat sadherekipun asrayuda kadhawahan
angerih-erih puruna medal anutut supados sampun anemahi pejah, ananging sareng dipun
sanjangi sadherekipun akathah-kathah Asrayuda wau wangsulanipun anglanyong kados
tiyang edan lajeng dhuwung ignkang wonten griya kakalih dipun wedalaken saking
nginggil kori sami ligan ingkang taksih dipun cepeng pedhang kaliyan golok pdhang
dipun purih ngedalaken boten suka, malah wicantenedha lintu waos sarta sadherekipun
jaler kapurih anyuwnaken pangapura dhateng parentah kaliyan angulungi arta 50 rupiyah,
supados kaaturna ing parentah, sareng sampun tetela yen asrayuda wau wicantenipun
kados tiyang ewah, kanjeng raden adipati pakewet ing galih anggenipun amasesa, wasana
kangjeng raden adipati lajeng dhateng loji angaturi uninga ingkang jeng tuwan residhen,
sanalika kanjeng tuwan residhen,lajeng tedhak ririkatan anitih kuda, sarawuhipun ing jam
saren Asrayuda taksih dereng piturut ing karsaning parentah, malah dedamelipun golok
kapasang ing gener dipun tangsuli suwekan sinjang kadamel waos kanjeng tuwan
residhen lajeng dhawuh ing tiyang jineman griya dikakaken bikak gehdegipun sareng
gedheg dipun dhodhog saking jawi, asrayuda angancari waos golokipun wau nanging
botn mikantuki, tumunten dipun lebeti tiyang jineman 7 ambekta cangggah kaliyan
penthung, asrayuda dipun penthung kenging dhadhanipun sara dipun jojoh ing sanggah
boten saged lawanya lajeng dipun tangsuli kabekta dhateng ing kunjaran kacepengi pun
wanci jam 11 siyang, dene tiyang ingkang tatu wau lajeng dipun pulasara wonten ing
griya pasakitan.…….
Tuwan ingkang ngarang Bramartani, sarehning kula boten purun anyingebi pitulungi
tiyang mila kula inggal angaturi katernagan pamanah kla sampun ngantos ngingirangi
antep-antepaning tiyang malampah damel. Ing serat Bramartani ingkangkatiti mangsan
kapign 15 wulan punika ongka 7 wonten cariyosipun bab yatra kretas ignang ical nunten
kapanggih, kathahipun kalih lembar itus satunggalipun. Yatra wau ingkang gadhahkula,
dene ignkang manggihaken kados kaliyan inggih kula pyambak kabyantonan dening
raden Bei Mangun pranata, pulisi prawiranagaran mawi bekta serat biwara. Dene bab
yatra satus ingkang sampun katamenan dening tiyang estri ingakng manggihi margi
ageng punika salajengipun kados inggih leres punapa kang sampun kasebut ing serat
kabar Surakarta, Pebruwari 1872.
PE

Kikintunan saking Raden Ngabei Tirtapradata, ingkang mentas kapatedhan angalih nama
Raden Ngabei Puspadirada.
Tedhan ingkang kadhawuhaken dhumaeng Bupati wadana polisi, saka rrehanpun para
bupati pulisi Pajang, sokawati sapanekaripun sadaya
Ongka 112
RADEN Tumenggung Kartanagara, awit saka layange kangjeng tuwan Residhen
katitimangsan kaping 27 januwari taun iki ongka 252 kanthi layang iber-ibere kangjeng
tuwan ingakng wicaksana guprenur jendral, ing Indhiya Nederlan
, katitimangsan kaping 6 uga Januwari iki ongka 15 kjanjeng tuwan ingkang wicaksana
guprenur jendral wus rambah-rambah anguningani layang kabar, amartakaken susahane
atining wong ing sawatara nagara, dene awake lan raja darbeke meh ora kareksa,
lakuning kadurjanan tansah mundhak bae, kanjeng tuwan ignkang wiaksana guprenur
jendral angalih prelu kareksane sok monga supaya lakuning wong dagang lan tatanen
sarta taveren bisaha tansah mundhak, jalarane kudu amesthi saka kaayoman dening
paentah, amasthi saka kaayoman dening parentah, amasthi ora bakal kurang tentrem
manawa kang kaampilan wamenang dalem, anindakake lawan santosa, kalawan antep
kalawan awas mongka kanjeng tuwan Rsidhen lan manira, tansah amratikelake sarta
mardima
Punika cariyos Babad Mataram
Dadya wong sadaya sedya, umampir dhateng ing Giri, prasamya ngujung ngastana,
risampunya mangkaneki, prasamya seba aglis, dhateng panembahan gunung,
panembahan wus tuwa, pangandikanira aris, paran kabeh karsane apra dipatya.
Pangeraning Surabaya, lan diapti Singasari, apan ta aris aturnya, kawual anuhun pamit,
sedya kawula panggih, nuwun pangestu sang wiku, arsa gepuk Mataram, sedyane kang
pradipati, angendhakna marang sang raja Mataram. Jeng Sunan Giri ngandika, sabdanya
arum amanis, ing mengko pan dereng mongsa, angluruga mring Matawis, pangeran
Surawesthi, Pangran Singasari matur, pun abdi samya bela, kalawan dipati Tubin, miwah
sira kinait dipati Pajang. Karsane dipati Pajang, ing benjang wiyosing jurit, ambalik
mungsuh Mataram, anumbaki saking wuri, sunan Giri ngling baris, mokal bedhah
amatarum, wong nagara ing wetan, angiliya mungpung mangkin, nora wuru binoyong
marang Mataram. Panembahan Giripura, mesem angandika aris, yen mangkana karsanira,
den padha angatiyati, sun pasrahken hyang Widhi, satindakira puniku, sigra para dipatya,
pamit sarwi atur bekti, nulya budhal sagung kangpara dipatya. Padha nindhihi gagaman,
sabaturira pribadi, bandhera awarna-warna, datan kawarna ing margi, panggih dipati
Tubin, apan samya akukuwa, samana paguneman, angrasani ing ngajurit, ngambil papan
andandani ing kang rata. Yata wau kawarnaha, kajineman ing Matawis, kinen suwita
mring Tuban, Randhu Watang wastaneki, julig tate naelik,lamine wus kalih taun,
kalangkung kinasiyan,maran dipati ing Tubin, saha ture kirandhuwatang dinahar.
Sagunging para dipatya, samya rembagan ing margi, pangulah wetan aturnya, punika
margi kang resik, salering saos ragi, ing sokawati jogipun, puniku papan wiyar, lawan
boten kirang bukti, ing garom pol sae papane awiyar. Marga aradin arata,lawan boten
kirang bukti,lepen ageng turut marga, nulya anjog ing Semanggi, pangeranSurawesthi,
ing Singasari amuwus, lah saliyane ana, manawa neng marga radin, nulya matur
pangulah wetan sadaya. Wonten margi ler punika, ing Nglasem joging reng Pathi
kapiring negari Demak, punika inggih aradin, wadya kathah binukti,, tan kirang tur
kathah babu, pangeran Surabaya,pangandikanira aris iya iku pangulah moncnagara.
Manawi namar galiyan, sawruhira marga malih, nulya ki Randu saksana , miyarsa
aturireki, maras manahireki, angrasa datan ing ngriku, kathah wadya bagn wetan, akedhik
wadya matawis, yen kuda aneng papan jembar kawratan. Wong Mataram pan kabotan,
kungkulan jajahaneki, mangkana ki Randhuwatang, umaur sarwi bibisik, dhateng dipati
Tubin, lah inggih gusti Pukulun, kalangkung dening salah, ature telik ing Tubin, inggih
dede yen sampun nurut punika. Wau dipati ing Tuban, ambungi wacana manis, umatur
marang pangeran, kawula agadhah telik, manawi tan udani,kang margi sae puniku, wasta
pun randhuwatang,pangeran ngandika malih, lah ta randhuwatang ingsun jaluk dalan.
Adawa yen cinatura, ature sakeh ing telik, pangeran ing Surabaya, angidhep telik ing
Tubin, abener dadi sisip, pangran Surabaya bendu, eh bocah sira enggal cekelen si Juru
Telik, karya apa angawulakna wong tiwas. Nota becik karya aa, wong bali la angapusi,
kajineman loro samya, anulya dipun taleni, sinaosaken aglis, pangran angandika asru, lah
iya uwisana, kakalih pating karempis, megam-megap ature kang kajineman. Boten ajrih
kula pejah, badan katura mring gusti, awlas marang gustining wang, anuruta wong ing
Tubin, ri sampunya kang ngabdi, wong kula kalih sinuduk, wus samya
kapisanan,kawarnaha sareng enjing, pangran Surabaya anembang tengara. Wus budhal
sagung gagaman, kendhang gong kalaan beri, sakehing paradipatya, samya aningdhihi
baris, gumrah turongga esthi, awor krebeting lelayu, sajembare ara-ara, kaebega
Ongka 10 , 7 Maret 1872
Cariyos tuwin pawartos warni-warni
SURAKARTA
Ing samangke margining kareta latu, ingkang dhateng ing nagari Ngayogya, sampun
ampung, sar ing nalika dinten Akad tanggal kaping 3 wulan punika, kanjeng tuwan
Residhen ing Surakarta, tuwin Kanjeng tuwan Residhen ig Samarang utawi kanjeng gusti
apnageran Adipati Kariya Mangkunagaa, tuwin putra dalem ingkang sinuwhun kanjeng
susuhunan Kanjeng Pangeran Angabei akanthi ingkang rayi bendara Raden ms Sutendra,
sami karsa tindakan dhateng ing Ngayogya, anitih karet latu kadherekaken para tuwan
ignkang nguwasani kareta latu, angkatipun saking Surakarta ing wanci jam 8, enjing,
ingknag sinuhun kanjeng susuhunan Sagarwa putra karsa anjenengi wonten ing stasiun
dene rawuhipun ing nagari Ngayogya jam 10 katampen ing Kanjeng tuwan Residhen ing
Ngayogya, saha kanjeng raden adipati danureja, utawi kanjeng pangeran Ariya
Sasraningrat salajengipun para tuwan ingkang nguwasani margining kareta latu sami
sowan malebet ing karaton Ngayogya, saha angaturi panarimah dhumateng ignkang
sinuhun kanjeng sultan awit sampun karsa amaringi siti ingkang kangge kadamel
margining kareta latu wau, sareng ing wanci siyang kanjeng tuwan Residhen ing
Surakarta tuwin kanjeng tuwan Rsidhen ign Samarang saha para pangeran ing Surakarta,
sami kaaturan dhahar bujana wonten ing dalem paresidhenan sareng dalunipun sami
kaaturan pista wonten ing kamar bolah, ing dinten senen enjing kanjeng tuwan residhen
ing Surakarta utawi kanjeng tuwan residhen ing samarang, sarta para ageng jawi ing
Surakarta wau sami pamit tatandur, ingkang sihuhun kanjeng sultan saha garwa putra,
karsa angurmati konduripun kanjeng uwan residhen wau dhateng ing stasiyun utawi
kanjeng pangeran angabei kalih kanjeng pangeran arya Sadikusuma, ing Ngayogya, sami
andherekaken ngantos dumugi ing Klathen dene angkatipun saking stasiyun ing Nayogya
wanci jam 9 dumugi stasiyun ing Surakarta jam 11 wilujeng boten kirang satunggal
punapa.

Ing dinten Rebo kala wingi ing dalem Mangkunagaran wonten pista ageng, anuju dinten
panjenenganipun kanjeng gusti pangeran adipati ariya Mangkunagara, menggah renggan
pakurmatanipun boten ewah kados ingkang sampun kalampahan.

Serat pakabaran Walandi Anyariyosaken bab kaotipun gubug kopi ingkang kadheplok
alus kaliyan ingkang kasar, punika saupami kadamel wedang takeranipun ingkang kasar
tikelan kaliyan ingkang alus ewadene anyarmeni raosipun manawi ubuk wau kadamel
alus sanget ingkang kados galepungpunika takeranipun meh tikel tiga kaliyan ingkang
kasar punapa malih pandamelipun wedang bubuk wau, saupami sasampniing dipun soki
wedang punapa lajeng dipun kendelaken saantawis utawi bubuk dipun godog saeng
kaliyan wedang tuwin dipun saring ugi sami kimawon kerasipun ananging ingkang
kasaring wau kaot eca ambetipun.

Sinaroja sagunging paurmatan ingkang winantu-wantu,mugi katur ingkang saudara


panjenenganipun tuwan redhaktur ing Surakarta,manawi pareng saha sela ing papan kula
auri panjurung kabar kados ing ngandhappunika.
Nalika tanggal kaping 26 wulan Januwari 1872 wnten rare alit watawis umur 3,5 taun
ing wanci enjing dolan wonten sangandhaping uwit kalap ingkang celak
kaliyangriyanipun boten antawis dangu rare wau kadhawahan daegan prenah
pilinganipun ingkang kiwa, ing saknalika lajeng kalenger boten saged sasambat sadaya
ingkang sumerep sami andugi yen kalajeng pejahipun sarehning katingal taksih wonten
ketegipun tumunten lajeng dipun suwunaken jampi dhateng tuwan dhokter, sareng tuwan
dhkter sampun amriksani, lajeng dhawuh dhateng tiyang sepuhipun andikakaken mipis
oyot kelor, lajeng dipun popokaken ing cingklok kiwa tengen saknalika rare saged
gereng-gereng, tuwan dhokter lajeng kondur, antawis jam 4 sonten tuwan dhokter dipun
aturi malih amagi rare wau mripatipun malirik kemawon sarawuhipun tuwan dhokter
prenahing tatu kapurih anapelaken ing lintah sareng angsal sadinten rare wau katingal
kathah sarasipun samangke taksih wilujeng.
Kawula un Jangkugn ing Bagelen.

Ingkang klayan urmat, sayogi katur ingkang saudara saha redhakturing koran Bramartani,
,manawi pareng saha sela ing apan, atur panjurung kula punika mugi kapacaka ing kran
Bramartani wedalipun kemis ngajeng punika.
Ing dhusun Dewi DHISTRIK SAHA KABUPATEN URWAREJA< ING NALIKA
DINTEN NGAHAD LEGI TANGGAL PING !! WULAN PEBRUWARI PUNIKA
WONTEN SATUNGGIL TIYANG ESTRI NAMA BOK Soyi, sampun asuduk sarira,
mawi dedamel dhuwung ngantos pejah, namung tatu satunggil panggenan pulung ati,
wiyaripun,satengah dim, panjang sak dim lebet 4 dim wondening jalaranipun wu bok
Soyi pancen sakit ewah. Sinerat tanggal ping 14 Pebruwari 1872 Katandhan pun Jawera
ing Jambu.

PITANGLEDAN
Manawi marengaken saking panggalhipun para sujana tuwin para saged ingakng sami
karsa paoing serat Bramartani kula nyuwun berkah kados ta serat damarwulan punika
sempalan pnapa inggih jejer, amargi ing tanah kula ngriki dados prebatan wonten
ingakng mastani sempalan wnten ingkang mastani jejer. Ingkang punika ingkang sampun
kula aturaken ing nginggil wau mugi mugi para saged akarsa ha paparing berkah, mugi
katerangna amargi pinanggihipun manah kula, taksih dereng condhong.
Katandhan Bowo

Kula sampun nupiksani serat bramartani ongka 4 ingkang medal kemis kaping 25
Januwari taun punika, ing ngriku wonten panjurungipun mitra kula ingakng sasilih sami,
Jayawitana, katiti Magetan kaping 19 Januwari taun punika ugi, ingkang suraos
anyariyosaken, sarta mangalembana dhumateng Kanjeng Raden Mas Adipati Ariya
Bupati ing Magetan, rikalanipun karsa tindakan nguapadosi tiyang pasakitan nami
Secaprawira. Ingkang sampun lumados ing paukuman wasana miruda wonten ing margi
.INGKANG KAPING 2 KANJENG Raden Mas Adipati ing Mangke karsa anggalih
prayogi rumeksanipun dhumateng para siswa ing pawiyatan, ingkang andadosaken suka
pirenaning mantri guru tuwin para siswa sadaya. Menggah pawartos kakalih ingkang
tumrap ing nginggil wau sadaya, sakamantyan andadosaken sukapirenaning manah kula,
bab karajinan tuwin rumeksanipun dhateng nagara Kanjeng Raden Adipati wau, saha
kula ngaturi kaurmatan pamuji , lestantuna ing karaharjan basuki.
Surakarta kaping 24 Pebruwari 1872
Katandhan Trusdhasastra

Manawi pareng karsanipun tuwan redhaktur, atur panjurung kula punika mugi kapacaka
ing Bramartani,. Sampun antawis lami anggen kula badhe nyuwun berkah dhateng para
sarjananing bramartani, boten sapintena namung saking kodhenging manah saha
kiranging saserepan kula, wonten paribasan makaten, aja mesgul manawa weuh
ganjaraning kawula kang pinaringake wong gemblung, awit wus lumrah e wong urip
angunggulake wong gemblung, angesorake wong kang kadunungan kawruh, punika
punapa tiang gemblung saestu, punapa dumunung dhateng bedhaya upamenipun awit
wektuning pista manawi sampun sami mingar-mingur pun bedhaya terkadhangan katarik
kalenggahna kursi, ingkang baku tundha ngalemprak ing ngandhap 2 gong
magurugongsa, punika kados pundi jarwanipun 3 wong kuwe apa campurane, makaten
wau kados pundi kajengipun sabab raosipun abrambahaken kang mongka solah hawa
wau asnapun ingkang punika mugi para sarjana karsaha ambabaraken ing kang dados
kodhenging manah kula.
Kampung Kranji kaping 3 Pebruwari 1872.
Katandhan Pamrih.

Serat saha igkang tabe kairing samudayaning kaurmatan mugi katur ing
panjenenganipuningkang sudara tuwan F.L.Winter redhakturing serat Bramartani ing
nagari Surakarta adiningrat manawi pareng saha dhangan ing panggalihipun saudara
ingkang sarta teksih lowong papaning serat bramartani, kula ngaturi panjurung kabar
mugi kapacaka. Nalika tanggal kaping 19 wulan Pebruwari, 1872, ing wanci jam 10
enjing ing dhusun Padhas dhistrik Ngteran wonten tiyangwasta Bok Setradipa kesah
saking griyanipun sumedya ngupados rarambanan jangan dhateng ing wana ingkang
celak saking pagriyan sarta mawi gegendhong 1 senik isi sinjang ngiras badhe kawasuh
dhateng lepen deereng tebih lampahipun kinten-kinten 23 cengkal saking pagriyanipun
bok Setradipa wau mireng gerenging sima kaleres wonten saeleripun lepen bok Setradipa
kaget semu ajrih mireng swaraning sima, kendho ikajenganipun anggenipun badhe
mendhet reramban sakala wangsul mantuk kalayan lampah kasesa, anaming sima
gembong 4 iji lajeng sami anututi dhateng tiyang estri wau kalampahankenging katubruk
denign sima sekawan tiyang estri dhawah mangkurep lajeng dipun cakari gegeripun
utawi githok dumugi ing sirah sami anandhang tatu labet saking kuku pajang 4 dim lebet
½ dim kuliting sirah kewala katut rambutipun wiyar 5 lebet saparawolon dim tiyang esri
wau sadangunipun dipun cakari ign sima taksih enget anggenipun badhe pados gesang
lajen ganguculi gendhonganipun senik kang isi sinjang lajeng kabucal antawis sacengkal
tebihipun sima 4 sami uwal anutui buntelan ingkang kabucal wau, tiyang estri mentas
saking bebaya lajeng lumajeng kapiyandhem boten dangu kapethuk satunggaling tiyang
jaler, inggih punika kaleres anak kapenakanipun bok Setradipa, tiyang jaler dereng
ngantios pitangled jalaraning katiwasan bok SETRADIPA WAU< SIMA SEKAWAN
LAJENG SAMI ANUTUTI DHATENG TIYAGN ESTRI ANAMING SIMA SARENG
SUMEREP TIYAGN JALER LAJENG SAMI WANGSUL DHATENG ing
panggenanipun tiyagn jaler wau lajeng bengok_bengok anedha tulung kamireng tiyang
padhusunan ingkang celak ing ngriku sami dhateng ambekta dadamel waos pedhang
sapanunggilanipun awit tiyang padhusunan wau sampun sami andugi manawi wonten
bencna< sarehning dhusun wau tanah pareden dados tiyang ingkang sami tutulung boten
patos kathah, salajengipun ing wekdal punika wau panggenan sima namung kasiwer
kimawon dipu babadi sawetawis tumunten tiyagn sesepuhipun ing ngriku angaturi uninga
dhateng pulisi dhistrik kawontenanipun prakawis punika, sareng pulisi mireng aturipun
kepala dhusun inggal lajeng anedhaki piyambak sarta anglempakaken tiyang dhusun
ignakng celak ing ngriku, macapatpat macagangsal sak nalika kaungelaken gundhala
sedaya tiyang ingang celak sam dhateng angrenggep dadamel piyambak piyambak
senjata waos pedhan sapanunggilanipun lajeng sami ngepang dhateng panggenan sima
wau, kalampahan kaangseg purun kimawon wantonipun tiyang parede tanpa weweka
kabujeng sangking kapurunan kapanggih sima sekawan iji sami jejadhman sima ingkang
satunggal lajeng dipun waos purun kimawon ingkang tiga sami lumajeng, sima ingknag
kawaos wau lajeng pejah, ingkang tiga anenggel pabarisan ingkang kakalih sami pejah
dipun rampog ing waos ingkang satunggal dipun senjata kenging tepongipun ingkang
tengen lajeng lumajeng sajawining pabarisan kinten-kintn palajengipun sangking
pabarisan wonten 70 cengkal sima ambruk lajeng pejah, dene bok Setradipa ing
samangke teksih lestantun wilujeng, mila sangking panuwun kula sadaya priyantun
ingkang sami karsa mriksani cariyos kula punika sampun anggalih anggen kula damel
criyos badhe angungasaken kesagedan kula punika boten pisan pisan boten langkung
namung kula dherek sokur dene satunggal tiyang pawestri katubruk sima 4 kok boten
andadosaken pejahipun o inggih sokuring Allah namung nandhang labet kimawon.
Kaserat ing Kampung Kartaarja pangogangan tanggal kaping 27 Pebruwari 1872.
Katandhan kawula pun Tegamurti.

Pangalem
Ing nagari Samarang wonten tiyang bongsa Mlayu anama Encik Seman kasagedaipun
dhateng gedhing Walandi kalebet pinunjul pamainipun kelawernet sakalangkung sae
saha angeram-erami musikan ing tanah jawi sakinten boten ingkang nyameni, aliya
punika encik Seman saged amain setrumen sasebulan sanesipun wah malih biyolah alit
tuwin biyolah ageng ingkang winastan bas, wonten ing samarang pagaotanipun
amumulang main setrumen ing sapikaremanipun tiyang, sarta anglaras piyano, owel
sanget bilih encik Seman wau boten kadadosna kapelmeste amulang sarta anularaken
kasagedanipun dhateng para musikan jawi kalangenanipun para ageng.
Kondhestu

Punika candhakipun cariyos Ulam Kutuk.


Nyai buyut sukeng driya kadi, manggih mas sagedong tan antara mangkya sakarone,
samya maring pabongan wawarti, maring kutuk sarwi ametyas marmadu. Muwus
manuhara mamaladsih, adhuh sutaningngong kaparenga kulup mengko sora, tinimbalan
in srinarapati, kadarpaning galih, amung arsa wanuh. Prayogane kulup den turuti, marek
ing sang katong, bok manawa dadi jalarane, bisa dhaup lawan ken saruwi, kalakona yekti,
dhat suka sukur. Jakadeleh dupi amiyarsi, kang murda mandongol, sarya manis arum
pamuwuse,yen mangkana becik den lakoni, mungguh kang kinardi, wadhah awakingsun.
Mengko ana lancang mas kag prapti, wangun kumbatinon, ing jro mesiting tapa
witramen, saking swarga parmaning dewadi, iku bae becik, arya nen angusung. Kutuk
kendel samantara keksi, lancang maskinaot, tuhu kadi kumbawa wangune, mesikirt
saking suranadi,kongas gandanya mrik, winlet marbuk arum. Tanpantara kagn kutuk
kaeksi, wus maggon aneng jro, surup surya mangya pangusunge, tanpa rowang amung
lawan rabi,praptaning nagari patih kang jinujug. Laju kerid marek ing ngarsaji, datan
kawruhan wong prabu mulat kacayaning tyase, yayah tumon para warapsari, anambrama
ririh, denya mandanayu,. Duk miyarsa kutuk mardakeksi, aturira alon, dhuh dewa ji karsa
anyaruwe, ing dasih kang dahat kalas asih, saweg anemahi, soting batara gung. Manggih
bagya kamayangan magnkin, panembrama katong, sakalangkung anuhun dasihe,
kapirenan tyas sri narapati, anggung amumuji, nermalaning kutuk. Ing wekasan
angandika aris, adhuh mitraningngong,muga jatenanana ingsun kiye, karanan ta kutuk
arsa rabi, manungsa sajati, paran wadiipun. Kutuk matur sajarwa ing nguni, purwaning
lalakon, dhuh pukulun kalilanana mangke, ulun sumbu wonten ing ngarsaji, lepata
saliring, sariksa rusiku. Nguni wonten dewa kang wawati, hyang paswakinaot,putraning
hang pUrusa wiyose, swaminipun inggih widadari, bathari Dharani, nguni namanipun.
Atmajaning hyang mestri sajati, magnkya kacariyos, kala taksih pasihan kaliye,
sanghyang paswalan dewi Dharani, samya wawandalih, ing sih tresnanipun. Pan dalih ing
hyang paswamastani, tresnaning karoron, estri datan nimbagni pruyane, sang bathari
dharani mangsuli, lepat kang pandalih, inggih yektinipun. Jalu datan nimbangi
pawestri,sih ing sakaroron, sang bathara paswa atataken, paran ingkang dadya tondha
yekti, bathari dharani, alon aturipun. Tiyang jalu manawi udani,ing dyah ayu anom,
anglangkungi kang garwa warnane, yekti dahat kayungyuning galih, laju kambil sori,
sabab wenang wayuh. Pae estri lamun aningali, priya bagus anom anglangkungi kang jalu
warnane, boten pisan darbe ya tyas melik, denya sanget ing sih, dhateng priyanipun.
Sanghyang paswa gumujeng sarya ngling, adhuh jiwaning ngong, amrang tatal iku
babasane, yen wanudya wewenanga sami, lawan priya yekti, tan bea ing kayun. Sang
BathariDharani mangsuli, anglengkara yektos, bok darbeya wewenang estune, dereng
wonten estri laki kalih, anjawi manawi, akng irung sapucung.
Punika taksih wonten candhakipun.

Kula tuwan B.E.Pandherheidhe, angaturi uninga dhumateng ara mitra kula sadaya,
manawi ginanjar wilujeng ing sadayanipun benjing ing dinten Septu, tanggal kaping 9
wulan Maret punika, kula badhe angimah-imahaken anak kula pambajeng anama tuwan
Sesar angsal anakipun estri tuwan A.B.Dhesence anama Nonah Sane
Katandhan Tuwan B.E.Pandherheidhe ing Prambanan

Ing ngandhap punikapratelanipunbarnag dadagangan ingakng kenging pikantuk tumbas


sakin gtoko pangecapan ing Surakarta, kadosta
1. Kertas pos warni-warni, kaecap mawi namanipun para priyantun sarta karengga
sasekaran sarim regi 7,9,10, rupiyah, mawi kaprada kaindakaken 2 rupiyah.
2. Lemek [amyeratan ageng utawi alit mawi kanthongan wadhah kertas satunggal
regi 5,8,12,15 rupiyah.
3. Buk pemutan isi kertas kalowongan sarta mawi potlot sakalangkung endah
satunggal regi 1,2,3,rupiyah
4. Pen mes Inggris warni-warni, satunggal regi 2,3,5, rupiyah
5. wadhah mangsi warni-warni, pantes kagem para priyantun satunggal regi
6,8,10,12,15,20 rupiyah
6. Wadhah mangsi alit alit kangge manawi kakesahan satunggal regi 2,3 rupiyah
7. Pethi panyeratan kajeng maoni, 30 rupiyah
8. Penlar satekem 50,60 sen
9. Buk kangge ing kapulisen 1,2,3 rupiyah
10. Wadhah gambar kaeset cemeng utawi mawi parada byar sadhusin 5,7,10 rupiyah
11. Jidharan kajeng gepeng tuwin pasagi, satunggal regi 1,2, rupiyah
12. Jidharan gelas gepeng, satunggal regi 3 rupiyah
13. Lei entheng sanet ageng utawi alit, sakalangkugn sae, sarta prayogi kangge para
lare dhateng sekolahan, satunggal regi 75 sen, 1 rupiyah, utawi 1 rupiyah 50 sen.
14. Potlot warni-warni cemeng tuwin abrit satekek regi 2,3,4, rupiyah
15. Gambaran kangge angeneng-enengi para rare 10 lembar regi 2 rupiyah
16. Mainan Seik satunggal regi 4 rupiyah
17. Mainan Dhasboret ageng satunggal regi 8 rupiyah
18. Mainan Dhasboret alit satunggal regi 6 rupiyah
19. Pulas gambar sadhus regi 8,10,30,50 rupiyah
20. Pensel ageng alit satunggal regi 25,50 sen
21. Piros kangge ngukur bumi, mawi pita, pajangipun 40,50,60 kaki, satunggal regi
8,10,12 rupiyah.
22. Karcis mawi namanipun para priyantun satus iji regi 4,6,8,10,12, rupiyah
Sanesipun barnag taksih kathah ingang indah-ndah, sarta dereng kauningan para
priyantun.
Tuwan Jpnasportir enko,ing Surakarta

Tuwan Singsisnem menas nampeni dagangan enggal saking negari Prasman kados
kakasebut ing ngandhap punika.
Sutra-sutra warni-warni lurik biru, wungu, ijem, satunggal elo naming tigang rupiyah.
Lisah wangi Dherus mlathi, mawar, pendel abrit, tuwin sanesipun kados
daganganipun swargi tuwan Konas Sepuh,
Topi bludru utawi sutra warni ijem tuwin wungu, wangunipun endah.
Bulu-bulu wari-warni sutra rondhehut kadamel kuluk kanigara tuwin tudhung,
Sutra murjene tuwin pethak kadamel kuluk tuwin sabuk, gombyok samir kadamel
kuwas tudhung, barajene, renda tepi jene kadamel plisir kemben panganten peso
cukur Inggris reginipun naming gangsal rupiyah. Tesmak alus reginipun aming
sekawan rupiyah, wdhah ses berlin mamas, pethen wadhah barang mas inten, endah
wangunipun warni-warni, bekakas militer upsir sapanunggilanipun pepak, sengkelat
tuwin trikomagasin, sepatu warni-warni.

Tuwan Jonasportir mentas anampani kanthongan serat dhines ingkang sakalangkung


kandel sarta pantes konjuk ingparentah nagari menggah kanthongan serat wau
pratelanipun kados ing ngandhap punika.
1. Ingkang kangge isi serat palapuran utawi ponis 100 iji regi 5 rupiyah
2. Ingkang kangge isi serat aturan sapanunggilanipun 100 iji, regi 4 rupiyah
Dene panunggilanipun taksih kathah sarta warni-warni, parapriyantun kenging
pikantuk tumbas sasenengipun.
Kauninga para priyantun manawi serat pananggalan taun 1873 punika rampunging
pangecapipun benjing ing wulan Nopember ngajeng punika , punapa malih para
priyantun ignkang karsa tumbas serat pananggalan ongka 1-2 utawi ongka 3 mawi
kakanthenan serat pustakaraja.
Jonasportir.

CARIYOSIPUN BABAD MATARAM


Aywa sira katawengan, eh lumakuwa den aglis, mring Pathi nembah saksana sang nata
ngandika aris, poma den ngati-yati, mungsuh ing wetan wus rawuh, poma yayi den yitna,
amrih papan ing ngajurit yen wus prapta gagamening sun Mataram. Pn si adhi ig
santenan away obah saking wuri, lawan sipaman ing Demak away oah saking wuri, yen
mungsuh agung prapti, den inggal asunga weruh, maranging jeneng ingwang, poma pima
dipun eling, ki Ngabei Katawengan pamit nembah. Gagamanira wus budhal lampah
dhateng ing Pathi, sakathahing pradipatya, Mataram mijil neng baris baris jawining taji,
jeng sultan Mataram rawuh ,nitih li,man lelawak angandika sribupati, payo udhal baris
sira kang pangarsa. Panumpingira sadaya, nindhihi pangawet kering, miranti ing
kananira,lampahing bala lumaris, sakehingpradipati,mungggweng ing ngarsa sang prabu,
srinarendra ngandika, lah ta martalaya aglis, wong Mataram kabeh padha undhangana.
Sakehing kalen luwangan, kabeh urugana sami, dimen aja kadhinginan, iya wong wetan
kang baris, dadya sakeing kali,prasamya ngurugan sampun, lawan wana ler ika, aja kadi
pun babadi, lan sipaman ing Jangnatan katingal. Ki dipati martalaya, umatur saha
wotsari, paman paduka ing Pajang, abaris neng beluk ardi, dadya kang pradiati,
paguneman lan sang prabu, apa karsane ika, wong Pajang nora nana prapti, pan sadaya
wong Pajang mungkur ing nala.
Ri sampunira mangkana, Pangran Mangkubumi ngandika aris, matura mring paman iku,
anglis sira mangkata, enggalena si paman Pajang puniku, manawa kari ing yuda, sun
eman dadiya becik. Kyai Arya Wirapatya, tan antara lengser ngarsa nerpati,dyan budhal
sabalinipun, datan kaarneng marga, sampunprapta ing mondhokaning babeluk,
dumrojoging pamondhokan, arya wirapati angling. Eh yayi dipati Pajang, paran karsa
andika mondhok ngriki, nora awor baris agung,kanjeng sultan nandika, pan andangu
mring andika langkung bendu, yen dika arsa balikna, den karuwan mumpung mangin.
Amatur dipati Pajang, karsaning sun angampingi ing gusti, yen ana mungsuh
anglambung, metu sangking ngiringan, aja kongsi gepok barise sang prabu, pan ignsun
tunggu tamingan, arya wirapati angling. Aja kakeyan wica, srinarendra tan kena den
kilapi, lah age payo akumpul, yen balik karuhina, adipati ing Pajang atur bagugup,
lahinggih suwawi kakang, akumpulana sribupati, osike manah mirangu, dene wus
prjangjeyan, lan dipati ing Tuban mangsah prang pupuh, wong wetan lan wong Mataram,
angamuka saking wingking. Yata lampahe gya prapta, bala Pajang laan bala Matawis
kuneng lampahira wau, pangran ing Surabaya, sakahahe apa punggawa nung-anung wus
prapta wana siwalan rerep sakejhing prajurit. Anenggih wana siwalan, denya tata ayun-
ayunan jurit,wong petan prapta ing ngriku, apan samya pailan, nora nana swarane punang
bubusur, pinapag dewong Mataram, wong wetan amangan kunci. Sawneh gadhung
pinangan, kang saweneh samya wurug wadya lit, den lut ngising sakitipun, gumigil
samya rumab, enengena wau baris kang winuwus, kang munggeng elor punika,
anembang tengara muni. Sigra Adipati Tuban, pangawinan pangapit kananering,
kendhang gongsa swarana umyung, surak kadya ampuhwan, wong Mataram sadaya
samya umagut, tandangira wong ing Tuban, nulya kinarubut bedhil. Nora katemu ing
watang, den bedhil wong Tuban anadhahi, miris wong Tuban keh mundur, ing dina senen
ika, wadya Purubaya akeh angguguyu, tandange wadya ing Tuban, ariyon pating
palencing. Wong Surabaya angucap, kabisane wong Tuban namung jail, samana wadya
Matarum, , barise wog kaparak, ign ngamuk kapepelah endhut puniku, sinamur
lawanlarahan, sinasaban lawan esthi. Kasaput dalu samana, wong bang wetan wadyalit
samya guling, swarane umung gumuruh ing wadya pamondhokan, paguneman sakehing
para nung-anung, ingkang ginunem sadaya, amung yudane wong Tubin, langkung apes
prawiranya, mangsah dhingin ur nora anguwisi, sampun tatas ing dalu, enjing dinten
salasa, wong ing Tuban nora obah ponchokipun, warnanen dipati Tuban, neng ara-ara
pan baris. Barise wong Surabaya,prenahira luhuring ngardi alit, dipati ing Japan muwus,
lah iya tan sun iya, narajang a dipati balega mau, kadhangan endhut punika, inrajanga
bayani. Dipati ing Japan tanya, sapa ingkang baris ing kanan iki, ingkang dadi
tindhihipun, umatur kang tinanya, gih punika diapt Martaleyeku, lan ki arya Jasupnta,
pranakan saking Kadhiri. Putranipun Saradipa, adipati ing Japan ngandika ris, mapan
ignkang kulon ikuu, padha gagawarana, wadya japan amasang gagawar sampun, mujur
mangidul barisnya, ri sampunya mangkad glis. Dipati Pajang angucap, eh wong Japan
sira sun ajak mati, gagaman kidul puniku, lah payo tinarajang, nulya bendhe gong Japan
mangsah anggergut, barise saking Martalaya, nulya tinarajang anglis.Martalaya ja
suponta barisira dhusun ingkang kinargi, apan kathah wismanipun, wus celak wadya
japan, risaksana wismanya samya tinunu, dening wadya Martalayan, geni katempuh ing
angin. Geni ngebyuk ki wong Japan,kathah gosong samya katempuh api, Jasuponta sigra
gergut, sareng Martalaya, bendhe guruk swarane lir gunung rubuh, wogn Japan pinereang
bubar, wadyane datan ngudhili.………..
Ongka 19. Kemis kaping 9 Maret 1872

Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, sami kaaturan
bayar patumbasipun ingkang tumunten.
Tuwan Jonasportir enko

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan Van alpen Asisten Residhen ing BOndawasa, apikantuk pamit dhateng nagari
Walandi awit saking sakit
Tuwan Blokseil Asisten REsidhen ing anarukan kaelih dhateng ing Bondawasa
Tuwan Dheheiselar, Konrolir Irsteklas kakulawisudha dados Asisten Residhen ing
Panarukan

BAGELEN
Raden Tumengung Cakranagara, Bupati ing Purwareja, kaangkat nama Raden Adiati
Cakranagara.

CARIYOS TUWIN PAWARTOS WARNI-WARNI


SURAKARTA
Nalika tanggal kaping 2 wulan Mei punika, ing Benawi sawetaning Kedhung Kopi,
wonten bangkeing bayi ingkang keli, kauningan dening satunggaling Walandi ing ngriku,
kaentasaken sarta lajeng kapendhem wonten ing pinggir lepen benawi wau ngantos ing
samangke dereng wonten kateranganipun ingkang gadhah ahli waris.

KARETA LATU
Awit pakabaranipun lampahing kareta latu saking Klathen dhateng Ngayogyakarta,
benjing tanggal kaping 1 Juni ing ngajengpunika, badhe kabikak kangge ing ngakathah,
utawi ing dinten wau ing Ngayogyakarta badhe wonten pista ageng.

PRABALINGGA
Serat telegram saking prabalingga, ingakng katampen ing Batawi, anyariyosaken
saradhadhu kakalih ingkang kasangsaran nalika tanggal kaping 17 wulan Arpil ingkang
mentas kapengker, kaleres jagi wonten ing dalem paresidhenan Prabalingga, saradhadhu
wau ingkang satunggal kataton sanget dene satunggalipun sampun pinanggih pejah
wonten ing kalen celak ing dalem paresidhenan wau, sareng katitipriksa sawijining
candhela gedhong arta katingal menga, sarta pethi ingkang wonten ing kamar
waupinanggih sampun kabikak utwi tromel ingkang wonten ing pethi isi arta tuwin serat
segel pangaos, 262 rupiyah, langkung 8 sen punika sampun ical sadaya, dene saradhadhu
jawi anama Sadrana, kadangu ing parentah sampun angakeni ing ngatasing prakawis
kadursilan punika.

BEGELEN
Ing nalika dintenRebo tanggal kaping 15 wulan Sapar punika, Mas Muhammat Jayadi
lurah Ketib ing kabupaten PUrwareja, sampun kakulawisudha dados pangulu ing
kabupaten PUrwareja, klayan kasumpah wonten ing ngarsanipun kanjeng tuwan residhen,
awit kairas dados wakil pangulu landrat.

SERAT KINTUNAN SAKING KLATHEN ANYARIYOSAKEN KADOS ING


NGANDHAP PUNIKA.
Nalika tanggal kaping 21 wulansdapar punika lepen ing Gondhang banjir ladhu ingkang
katingal rumiyin sarah kajeng ageng alit anglangkungi kathah lampahipun
munjungmunjung angebeki wiyaring lepen saengga bendungan lumampah, satelasing
kajeng lajeng sela ageng alit ugi kathah sanget lampahipun kados dipun tata urut abayak
baya sarta rikat sebawanipun pating gluthuk asora, siti ingkang celak ing lepen punika
ngantos ebah kados wonten lindhu, dene wujuding ladhu kenthel sami kaliyan endhut,
sakathahing sarah kajeng ingkang ageng-ageng sami kendel wonten ing lepen wedhi,
wujuding kajeng sareng kacecek kados kajeng jati naming para tiyanging ngriku boten
saged amastani terang dene kajeng ingkang alit sami kandheg wonten sauruting pinggir
lepen, wondenten lebeting ladhu watawis 3 kaki, sareng wanci jam 10 ilining ladhu
kendel, ing wanci jam 11 ladhu dhateng malih naming boten mawi sela tuwin kajeng
sarta boten dangu lajeng kendel enjingipun ilng lepen saurutipun kebak ladhu wujudipun
sami kaliyan jawah awu punika, ladhu ingkang kaleres woteningpinggir lajeng atos
kaidak ing tiyang tuwin kapal boten ambles naming sawarnining bendungan ing lepen
Gondhang sami risak katumbuk ing ladhu utawi sela, sareng ing dinten salasa siyang ardi
Marapi katingal peteng, wanci jam 5 sonten lepen gondhang banjir malih naming boten
mawi ladhu ilining toya butheg sanget sabawaning toya gumledheg ngantos kamireng
saking klathen menggah kreteg ing Gondhang utawi dhusun ingkang celak sami
wilujeng, saking pakabaran ing lepen Opak ugi banjir ladhu sareng sadinten kaliyan lepen
ing Gondhang.

Sawijining bongsa Amerikan sumedya badhe dhateng ing kitha Paris mawiambekta
satunggalin rare estri, ingkang boten gadhah tanganutawi suku, rare punika badhe
katingalakeningngakathah, awit sakin ganeh sanget rare wau manawi andondonmi,
anyerat utawi anggambar sapanunggilanipun punika kadom kalam utawi sanesipun
sadaya patrapipun kalayan kacakot.

PANJURUNG
Serat Bramartani ongka 17 oingkang medalkemis kaping 25 wulan April taun punika,
wonten panjurungipun mitra kula Trusdhasastra sasampunipun angrasehaken tembung
tigang prakawis dhateng para sarjana, ing wasana magnajeng-ajeng panjurungipun
kridhamardhawa, jalaran saking lamiboten amedali ing Bramartani, ing kang punika mugi
sampun andadosaken panggalihipun mitra kula Tuesdha sastra, amila pun
Kridhamardhawa lami boten manjurung kabar, amargi saweg kathah sanet
padamelanipun ingkang parlu sarta kakarsakaken nganggit lalampahanipun yasa dalem
pasanggrahan ing Langen Arja, manawi pareng kula kemawon angaturi cariyos kados ing
ngandhap punika, sanadyana sampun lami sanget antawisipun kalayan ing sak punika
ewadene kedah kula aturaken panjurung amargi sawatawis radi anggujengaken. Nalika
jamanipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana ingkang kaping IV ing kampong Jamsaren
SSurakarta wonten titiyang awasta Singamarta, ing wanci dalu griyanipun kalebetan
durjana pandung kathahing pandung kakalih, ingang satunggal ngentosi ingnglatar
sarehning ingkang gadhah griya pinuju karipan sanget dados pandung wau dumugi
sakajengipun anggenipun mendheti barang suwek ing sampiran anglangkungi kathah
sinjang saanunggilanipun sami diun sabukaken awit ing cethik dumugi kalkalek dipun
tumpuk kemawon dados tanganipun andhap kanga wit angganjel ing sinjang kathah
sareng sampun wedalipunboten medak ing babahen amengakaken kori butulan anjog ing
gandhok anyandhung kanceng lajeng kabekta tumunte nydhung malih ceret ageng ugi
kabekta ing tangan kiwa tengen boten dangu angsal malih kendhil tembaga ageng lajeng
dipun kopyohaken ing sirah, sareng badhe medal ing kori pawon punika boten sumere
manawi korinipun radi andhap wedalipun ugi tumungkul naming sareng andhengek
kendhil ingkang wontening seirah wau sumdhul katanggor teteng kori kados dipun
teteaken dados sirahipun kalebet ing kehdil dipun copot boten kenging dumugi ing
nglatar bingung boten sumere margi anumbak-numbuk durjana satunggalipun wau sareng
sumerep gugup aemu gumujeng ningali kancanipun medal saking pawon kados ayam
dipun kopyoh ing siwur, dipuntangledi wangsulanipun boten genah naming ag-ug
kemawon dangu-dangu ingkang gadhah griya tangi sumerep kori menga lajeng medal
alok pandung ambekta pedhang kaliyan obor, pandung ingkang ungaran wau lumajeng
ical naming kantun ingkang kopyoh kendhiil punika taksih bingung anunbuk numbuk
dene sinjang ingkang dipun sabukaken utawi ceret kenceng sami dipun bucali,ingkang
gadhahgriya utawi kang sami tandang sareng sumerep warnining pandung makaten
sadaya sami suka gumujeng kapin kepingkel-pingkel dados sapurugipun naming sami
dipun gugujeng kimawon yen ta niyatipun cepeng tuwin dipun pejahi pandung wau
tentuypejah, naming ingkang gadhah griya sampun trimah icaling kendhil satunggal
dipun lintoni suka bingahing manahipun saha ingkang sami tandang sareng dangu
anggenipun numbaki barang tuwin wit-witan kendhil pun bolong leres iing bathuk dados
radi sumerep ing margi, salajengipun pandung wau saged lumajeng dumugi
inggriyanipun anaming kendhil saestu boten kenging kabikak utawi rayatipun sareng
uninga ingkang jaler ugi sanget anggenipun gumunjeng dene ingkang jaler anglampahi
kados makaten, sareng enjingipun ingkang gadhah griya wauu kesah maratamu dhateng
ing sayangan panggenan tukang tembagi, wonten ingn ngriku anyariyosaken
lalampahanipun nalika kapandungan ing wau dalu, tukang tembagi wau sanget
anggenipun gumujeng miring cariyos Singamarta boten dangu wonten tiyang dhateng
kakalih ingkang satunggal kudhung sinjang ;parlu badhe ambikakaken kendhil ingkang
wonten ing sirahipun singamarta sak nalika botenpangling yen punika pandung ingkang
diun cariyosaken wau, wasana lajeng gumujeng ala gaglaga sarta wicanten makaten aja
sumerlang atimu kang malin gorane kowe tak kaningaya, aku wis trima ilang e kendhil
ku ko welironi sukake atiku bae, naming pandung tansah maras maras manahipun sarta
ling sengsems anget dipun gugujeng ing kathah.
Katandhan Open.

PANJURUNG
Wonten satunggaling tiyang jaler asal saking nagari Kudus, awasta Kertadikrama,
ingkang panuju gegramen mondhok wonten ing Sukaraja, nalika dinten Septu tanggal
kaping 27 wlulan April ingkang kapengker punika, piyambakipun kesah dhatengpeken
Ajibarang, ambekta dagangan barang klithikan, (eter) kawrat ing salebetipun kepek ageng
dipun berahaken satunggil tiyang jaler wastaKramadiwongsa, bakutiyang Sukaraja,
sareng enjingipun dinten Ngaat Kertadikrama wau mantuk saking peken kalayan
manggul arta tembagi kadhawahan kanthong, watais wanci pukul pitu sonten lampahipun
dumugi sangajenging griya Kawedanan Sukaraja, Kertadikrama kinaniaya kagebag ing
tiyang kenging pasungipun ngantos tatu sanget kalampahan dhawah ing siti arta
babektanipun wau karebat sarta kabekta lumajeng deniing tiyang tiyang igkang gebak,
ananging bawinipun ing wekdal punika kaleres petengan dumados boten terang dhateng
warninipun tiyang ingkang gebag wau, ing mangke pulisi sawek angupados
kateranganipun prakawis punika.
Kaerat kaing 2 Mei 1872
Martatama

PANYUWUUN SUMEREP
Sanadyan sampun asring asring anggen kula mirengaken tiyang maos serat menak, utawi
ningali ringgit golek, ananing batinipun kula tiyang bodho, dumados saksi wonten
ingkang tansah andadosaken cuntheling manah kula, utawi kirang mangertos, inggih
punika sasempalanipun serat menak kadosta, 1 Serat Rengganis punika kacariyosaken
sempalanipun raden Iman Suwongsa mentas karma dewi Julusulasikin putrid ing
Jamintoran ananging manawi kua urutaken ing cariyosaipun saestu lajeng sulaya, awit
ing wekdal punika Prabu Nusirwan ing Madayin sampun seda, mongka kasebut taksih
jumeneng, bebesanan akalaiyan ratu ing Mukadam kalanipun badhe apikramekaken raden
Irsan, punika ingkang dados kirang terang sumerep kula, 2 Serat Lokayanti, 3 Serat
Ayaban, 4 Serat Semarakandhi punika kapawartosipun ugi sami ssempalanipun serat
menak ananging boten kacariyos panyempalanipun kala wong menak dumunung wonten
ing pundit,Utawi wonten malih kula ningali ringgit golek, dhalang sakin gBawah nagari
Tegal panuju lelampahan sempalanipun serat Menak anyariyosaken raja Sekuthu, ratu
ing Kondhakuwari,, kalanipun aneluh dhateng pra wadya Ngarab, sarta anylong
garwanipun wong Menak badhe kaangge garwanipun ingkang putra, kekasih Raden
Sekender, punika ugi kula derengterang penyempalipun saking ing pundit, utawi ingkang
dipun colong wau, putrid saking nagari pundit,pramila sakin gdening punika panyuwun
kula mugi para sarjana ning Brtamartani wontena sih pitulungipun anerangaken bab ing
nginggil wau, samanten puniia sampun pisan dados penggalihipun para sarjana, dene kula
sumandhak anyuwun sumerep, boten punapa amuhung sakin gkapencut kula anyumerepi
para sarjana wau angenipun sami karsa gugujengan wonten ing pasamuwan Bramartani.
Katandhan Wartatama

Wangsalan minongka panjurung, panunggilanipun igngkang sampun katur ing


ngajeng,bilih saudara tuwan redhaktur kabondongi,mungi karsa amacak ing Bramartani,
kawedalna ingkang tumunten.
Sanepa
1. Jenang sela, sela kang pindha ancala,, apuranta, sun cidha salamenira
2. Babad Wayang, wayangan anglebur dosa, dadilakon, lamun tingal kamurwatan.
3. Tarub wastra, wastra alus dhsare set, tuhu mayar, momori karsane mitra
4. Sulur pantun pantun ingkang babentelan, lamun ginggang kadiparan solahira
5. Saron bumbung bumbunhg kinarya metoya, sru cumenglung gyan ulun nyadhong
wiyata
6. Bale kuda, kuda alit wijil sabrang, terataban yen ngreka kurang sayogya
7. Kandang walang, walang kayu ijo larnya, barang melik yen samara den tabuhana
8. Patrem sata sata amngsane meh nigan, sumajiya, madhep karsaning parentah.
9. Pingganingron, ronangking gumlaring kisma, yen tan mikir kalantur ewuh
sedyanya
10. Geudhe rambat rambatan amenekwreksa, anglengkara yen pindha para kang
wigya
11. Wohe gebang gebang kang binesut mudha, sesandhinga, wong parigel ing wicara
12. gowok anjang panjang kisma saupama, sawetara buwanga kaep sawiyah
13. Kalijero,jero anemina toya, nadyan kidhung, away beler ing pakaryan
14. Kethuk agung, gunging kalisurakarta, kenangapa yen tanempil kawibawan
15. Suku palwa palwa sarat kabelabak, barang polah ywa karem den sawetara
16. Jaja kuda, kuda parngiriting ngrata,andhemana, yen ngrakit karyaningpraja
17. Saron agung gunging pusaka pandhawa, muwe wulang usadane wong ngagesang
18. Sekar pucang, pucang gung wohe kalapa, kemayangan yen guguwa ing wiyata
19. Tumbak krebin kerrebin sumbu tembaga, aja rikuh,yen katon marang ing liyan
20. Sompil karang, karangan asri kawuryan, tembe wingking yen arja megsih
ngupaya
Sinerat ing Balekarti Brata, tanggalkaping 7 wulan Sapar wasa pawu, sinengkalan
Lebu Ngumbara, Basu, ningrat
Katandhan Trusdhasastra

Serat kikintunan bab kulawisudhan ingkang kapacak ing Bramartani ongka 18 punika
wonteningakng kalintun bab sasebutanipun mas Wongsadimeja, Magang Kantor
Kapatiyan ingakng kaangkat nama Mas Ngabei Wongsapranata, punika
leresipunnama Mas Rongga wongsa pranata.
REdhaktur tuwan F.L.Winter.

Punika candhakipun cariyosipun Sang Prabu Basukeswara, ing Wiratha. Panggih


lawan dewi Rumkawati, sinambrama ing pambagya tanggap,nembah matur rosing
gawe, kalebet ragi parlu, winangsulan sjarwa jati,lah kulup wruhanira, wongkang dadi
rembug, iku aran mas Swaguna, sun jateni sira nanging away kongsil, ameleh ken
kewala, Karana yen maswaguna kongsi, kawada kawadinirng wardaya, yekti dadi
antakane, temah an karya kadung, aduwung tyas kang ngamarsudi, dene kamulanira,
maswaguna iku, kalebu wong bongsa wasya, lawan bebet dane swara nguni-uni,
subagengrat supunya. Lawas-lawas iku anemahi, dadi sudra dahat kawlas arsa, dening
kurang nastitine, nurati awa napsu, loba murka tan wrininingwesthi, anggung buru
aleman, dana tanpa dunung, wekasan papasang sara, dhuh kasurang-surang saparan
musapir, prasasat siniyasat. Kongsi kasok kasat mata kusi,kusut mesum kamisan
kamala, tana ana wong anyaruwe, riwut tyas ruwet mirut, karahat tan wiruteng kapti,
mung tansah analongsa,nungku pudya ginung atata jin tadhah nendra, iku antuk
parmaning dewa sung wangsit, sajroning mesu cipta, Mas Waguna kinen apapanti,
aneng panggonaningwong kundhaka, iya iku tukang gawe, garabah kumbawatu, yekti
bias nemukang dadi, jalaraning kabegyan, rupa genthong wau,ing jro mesi tirta
rukma, kang kagungan bathara rukma kang uni, kapetek ing kundhakan. Duk maksiye
dadi wana werit ekti datan kawruhaning janma, malah prapteng saparenene, wus dadi
nagara gung, paran dene meksa tan keksi, wong liwat aliwweran, kasampar
kasandhung, tan ana kang anggraita, asit maksih sinengker ing Bathara di, dupoi meh
kawistara. Dumadakan ma Swaguna nguni, antuk wangsit kinen awismaha, aneneg
kono wekasane, winarah bakal antuk, kabegyan kang angluluwihi sarana genthong
sela,kang ngaisiranu, tirta rukmi saking swarga, kawasane singa sinempung ken dadi,
kancana tanpa una.
Punika taksih wonten candhakipun,

Tuwan Singsis anampeni dagangan enggal karet damel icalakenlabetin gmangsi,


satunggal regi skeet sen, gagang pen waos ngiras mangsen pindhah, gagrag enggal wah
prayogi8 kangge ing kantor utawi kabekta kakesahan awit bilih kaisenan mangsi,lajeng
boten sakedhap kedhap kacelupakening mangsen saii kalih rupiyah. Krandhil kenaren
kangge ing rante erloji tuwin saptangan saiji kalih rupiyah, mohah sutra cemeng,
delancang sekaran kage sasap tembok, gedhek, gebyok tuwi rana,. Sinjang kemabngan
kaangge semekan tuwin sabuk wdalanin gtanah prasman, alus endah warnaenipun kados
sutra tuwin boten luntur, naming kalih rupiyah satunggal. Sekaran ugi wedalan tanah
Prasman ageng alit warni warni, kaangge pet\nganten utawi damel gagar mayang,
sundhuk, susping, tuwin kateplokaken ing tudhung utawi patileman kobongan.

Tuwan Mos enko ing Samarang sami mentas anampenilapak saprabotipun


sakalangkung endah, lapel punika pantes kagem para priyangung bongsa jawi

Kenging pikantuk tumbas kalih


Pasang rakitan kareta
Ules dhawuk ingilipun 5 kaki, dene kapal wau kenging dipun priksani wonten ing
griyanipun tuwan Y.Buselar.

Tuwan Singsisnem mentas nampani bludru cemeng kandelipun kados kamli, wiyaripun
saelo, kenging kadamel slimut,krakap lapak,slebrak, sae lo regi nemrupiyah
Lentera bendi tuwin kareta, sapasang regi kalih welas rupiyah
===============================================

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan cagak lantera tosan tuwin gagang pancen manjing
tembok dalah lanteranipun patroliyun regenipun namingsawidak rupiyah.
Pangilon ageng alit kacanipun kristal kandelipun sak dim.

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni
usar sarta pirantos ingkang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, pnapamalih
pulas warni-warni pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.

Kala ing dinten Senen tanggal kapng 29 wulan Aril ingkang sampun kapengker, wanci
enjing pukul 6 Raden Mas Arya Dewabrata, abdi dalem Wadana amongpraja ing
Mangkunagaran, tilar ing donya, mantuk dating jaman kalanggengan.
Mangkunagaran kaping 2 Maret 1872

Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun
1872 sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
Kanjeng Raden Adipati danureja ing Ngayogyakarta
Raden Mas Tumenggung Arungbinang ing Surakarta
Raden Ngabei Mangkuyuda ing Japara
Tuwan F.O. Perbek ing Ceper, Surakarta
Pamulangan jawing Surakarta
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

PUNIKA CARIYOS BABAD MATARAM


Prasami apanugeman, Janapura muwus aris, mring sagung para dipatya, paran dayanira
jurit, wong cilik akeh mati, dhatan ana dayanipun, inggih angger Santenan kados pundit
ingkang galih, ngamungena makaten mongsa sampuna. Miwah pangeran Sumedhang, lah
daweg ingang pinikir, angling dipati Bragola, andika kakang rumiyin, kara dika saytekti,
kawula darmi lumaku, miwah para dipatiya, sadaya sami ngalampahi, sakalangkung
pangerehe kakang ngemas. Sanadyan kakang Sumedhang, mongsa puruna nglancangi,
kakang sangking karsadika, janapura muwus aris,paninggih yen suwawi, sami ngawaki
prang pupuh, sampun ngamungna wadya, sakehing para dipati, angirida marang bupati
sadaya. Yata dipati Bragola,miyarsa lega ing galih, mring wuwuse sajanapura, ngandika
dipati Pathi inggih kakang suwawi, sami rembag gathak-gathuk, boten kakeyan polah,
dipati sami ngawaki, sampun rembug sagungk kang para dipaty. Sakehing para dipatya,
ingkang arsa mangun jurit,bupatine nindhi ana, lamun pinapag ing jurit, sakehing wong
pasisir, anedha bareng ngangamuk, aja ana ngucira, denedya barenga mati, pradipati sami
gilig rembugira. Sampune aprajanjeyan, mangkana wun bangun enjing, sadaya minggah
dharatan, sasampune rembag sami, bubar kang guneman piker, wus prapta baitanipun,s
agung para dipatya, wadyane sampun cawis, kawarna asareng wanci bangun enjang.
Sami minggiraken palwa, prajurite rebut dhingin, tan ana sabawanira, rasami mentas
aririh, sami angati-ati, prapta ing dharatan wau, sigra nata gagaman, wadya Maratam
nindhi, ing wurine wadya pasisir sadaya. Samana wus byar rahina, gagamane wus piranti,
pasisir sami busekan,dene wadya ing Matawis, mriyem pinangsang sami, kalataka miwah
mas Bun, mlela lawan lelanang, enggone sampun miranti, kang kocapa wong Sampang
lan wong Balega. Sareng wayah bangun rina, prasami kinen dombani, kagyat denira
gtumingal, dene wong Mataram prapti, miwah wadya paisir, pan wus tata barisipun,
miwah para Santana,gagamane wus adadi, tunggul ing prang angedhangkrang
pinayungan. Tumenggung Sujanapura, kang dadya dhadhaning jurit kang dadi pangawak
kanan, sang adipati ing Pathi, adhangah paying kuning, pangawak kanan puniku,
pangeran ing sumedhang,lan sagung moncanagari, wong pasisir ngiring idpati Bragola.
Para Santana Mataram enggene neng wuri tebih, tumenggung Sujanapura, tangara bendhe
myang beri, miwah wong agung pathi, kang bendhe tinabuh ngungkung, tettgya asauran,
swarane wong ing Pasisir, ting jalemprit barang lan kriciking watang. Ing Sampang sigra
tengara, wadya lit atata baris, kadhinginan papanira, dening tekane awengi, datan nyana
prasami, kala mun ngunggah andalu, gugup sakehing wadya, pati-pati babentusi, wong
Mataram Surak ne ambal-ambalan. Wong Madura sami medal, tatane pating belasik
agugub yen selak prapta, wadya Mataram bedhili,bala Sampang keh mati, wong Madura
singa mundur nandang brana. Sagunging wong maduranan pradipati ngarsa nyaris, sami
ngawaki riyongga, sami ngantepa ngajurit, dipati papat kait, wus sedya sareng angamuk,
dipati ing Mekasan, wus rembag ngantep ing jurit, wus arembag lelebur aneng jropura.
Kait lan wong Surabaya, balega sumenep sami, sasappuin arembagag sadaya, dipati
Sampang nuruti, rembagnya pan wus dadi, anulya tengara nempuh, surak ambal-ambalan,
kadi ombaking jaladri. Kumarutug lir pawaka buwang sela. Kalataka asauran kumrutug
sanjata muni, swarane kadi ampuhwan, sesambate wadya kanin, wong Sampang akeh
mati, wong Mataram samya luput, wong Madura keh pejah, prandene mak saha
ngungkih, ambeg pejah wong Sampang majeng sadaya. Sami sudira ing manah, bupati
sami ngawaki, ing Matam sigra mara, pangageng sigra ngawaki, dipati ing pasisir,
bragola titindhihipun, saeng mangsah ing yuda, wong Sampang anempuh wani, sareng
ngamuk tan ananedya mundura. Prajurite wong Mataram sigra mara, aran ki Jagapti,
tandange lir sima, susuta sudapatan, wong mataram anadhahi, prasami pejah, ana prajurit
maning.Anarajang ingkang aran Jayengkara, lawan ki Jayengpati,lawanJayengbraa,
lawan Ronggagundhala,Jayengrana datankari, Suradilaga, lelurah ing prajurit. Mangun
Daraka lawan Demang Cekakan,lan ronggathonathani, demang Lerana,lan Demang
Beggajagan, ki Ngabei Golang Galing, panji Jorangan,lan Demang Bolak-Balik. Saeng
nempuh tandange lir gajah mekta, wong Pathi anadhahi, dipati Brogola akukuh yudanira,
angehdangkrang paying kuning, ing ngamuk sigra, dene byaktan gumingsir, Prit aneba
gelare wadya Madura, sadaya golong pipis, sagunge dipatya, kapat ngawaki yuda, wdya
Mataram nadhahi, uleng-ulengan, rame asilih ungkih. Wong Mataram gelare garudha
nglayang, sabete wadyaPathi, bala ing Pasundhan, tinempuh pengkuh tadhah, wong
Madura anguwati, dimerngawuknya, tan ana ngucapa jrih. Adipati Pasundhan balane
rusak, mamur wadya pasisir, dipati sumedhang, tinilar wadyanira, wus rusak tataning
baris, yata tumingal adipati ing Pathi, Ngajengaken sagunging moncanagara, ngebyaki
sangking kering, binendrong sanjata, misah sujana pura, anregaken ingkang baris, wadya
Mataram,prasami buwang bedhil, Caruk awort kangyuda sami prawira, rame ukih ing
ngungkih, alirugonira, tan ana nedya gesang, wong Madra akeh mati, karoban lawan,
ngamuk tanangundhili.
Ongka 11, 14 Maret 1872

Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, kula aturi bayar
patumbasipun ingkang tumuntenpunapa malih para priyantun ignkang sami kagungan
panggalih karsa tumbas serat pananggalan taun 1873 punika sami kaaturan amangsulaken
serat kalowongan, prangko pos namung bayar 2 sen awit pangecaping serat pananggalan
wau kathahipun badhe kapanci ing sacekapipun
Tuwan Jonasportir enko.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Nalika dinten Saptu kaping 9 Maret 1872 kanjeng gusti pangeran Adipati Litnan Kolonel
Komandhan Suryasasraningrat kalayan idinipun kanjeng guprmen sampun amisudha 1
santunanipun nami Raden Mas Arya Suryaningrat, putra pambajeng ignkang sangking
padmi titilaranipun swargi ingkagn rama kanjeng gusti Pangeran Adipatiignkang kaping
3, kaangkat nama Pangeran aRya Suryaningrat
Ngayogyakarta kaping 11 Maret 1872.

KLATHEN
Tuwan Inspektur ing ngatasing pandamelan pos ing Indiya Nederlan asuka serep dhateng
para tiyang, manawi awit tanggal kaping 1 wulan Maret punika kantor pos ing Klathen
bawah Surakarta, sampun kabikak dene ingkang wau ing Klathen ugi sampun wonten
kantor pos alit ananging ing mangke kathah ing pandamela sampun sami kaliyan kantor
pos ing sanesing nagari, mila para tiyang saged pikantuk tumbas pos wesel ingkang
kenging kakintunaken dhateng sanesing nagari, punapa malih kantor pos ing Klathen
punika kalilan anampeni utawi angintunaken serat rekomandhir, punika tgesipun serat
ingkang mawi isi arta utawi barang sapanunggalanipun, sarta sakathahing serat ignkang
saking klathen kakintunaken dhateng Samarang punika kalampahaken kalayan kareta
latu.

BAHRAWA
Dereg antawis lami ing Bahrawa, wotnen banjir ageng, akathah sela ingakng
sakalangkung ageng sami katut ilining toya, punapa malih kareteg banon kathah ing
risakanipun kang mongka kareteg wau waragadipun nalika damel kathahipun 30000
rupiyah

Enggelan
Nalika ign satungal dinten kanjeng raja putri ing Enggelan karsa ameng-ameng anitih
kareta, sareng wonten ing margi meh katiwasan jalaran wonten satunggaling tiyang nem-
neman Bongsair, ambekta postul sumedya badhe amejahi dhumateng kanjeng raja putri
wau, anaming istul saweg dipun thungaken tiang nem-neman lajeng dipun cepeng,
menggah tiyang neneman wau saking pangintenipun ign tiyang kathah radi sakit ewah

SURABAYA
Awit saking kathahing jawah, sawatawis pakampungan ing Surabaya sami kabanjiran ing
kampung Karanggayam saerobing toya wonten ulam kutuk aeng kantun ing bladheran
ignkang celak kaliyan pagriyan ing wekdal punika wonten kucing ingkang amurugi
dhaeng panggenan kutuk wau sumedya badhe dipun mongsa, anaming sareng pun kucing
anubruk ulam kutuk lajeng ayakot kalampahan tarung arame, wasana kucing anemahi
pejah, ingkang gadhah griya ing ngriku sareng sumerep ulam kutuk ing ggal dipun
cepeng sarta lajeng dipun olah ing sasenengipun.

Panyuka kabar Surakarta


Nalika ing Malem Kemis tanggal kaping 19 wulan Besar punika, anarengi taksih nedheng
agengipun ing toya lepen, wanci kendel jam ½ 10 dalu, mendhung alimengan, abdi dalem
mantri kadipaten Anem, ingkang gegriya celak ing lepen nuju medal saking gri
griyanipun, linggih wonten pandhapi piyambak, sarwi tumonton ing toya, ingkang
sampun celak kaliyan griyanipun, boten watawis dangu wonten swaranipuning baita
lumampah saking ngandhap mudhik, sareng dumugi sawetaning griyanipun mantri wau,
baita kendel ingkang numpak sami mudhun, katepsir tiyang 5 iji, wau sanri saren
dumereb baita kendel ingkang numpak sami mudhun lajeng dipun sapa, ngantos rambah
kaping 7 meksa endel mepet wonen taritising griya kang celak toya, sangsaya samar
manahipun mantri wau,lajeng mudhun saking pandhapi, ngundang rencangipun igkang
griya celak, sata angelokaken durjana lajeng sami ingggal numpak baita, lumampah
ririkatan mudhik, watawis tebihipun samembandhil kaliyan dhaatan, lajeng sami sumaur
kula kula, ingkang badhe nututi sami kadung mangurangu-rangu, amit toyalebetipun
boten jajaging tiyang, lan lampahipun baita mudhik, o inggih ta lah ta, ingkang dados
gumun kula wau, sareng parentah ageng anindakaken kencengipun ing parondhan tuwin
patrolan wonten ing radinan ageng, sampun sawatawis kalampahan kasantosanipun,
durjana wau kok lajeng gadhah reka malih medaling lepen numpak baita. Pramila para
kadang warga mitra kula, ingang sami gegriya wonten sapinggiring lepen, ingkang
manawi nuju ageng toyanipun mongka wonten baita lumampah dalu, prayogi sami
setiti,lan prayitna sudhiya, mirantos angantos-aots, awit bokmanawi baita ingkang
lumampah andados samar, Katandhan ulun gus Somakenes.

MADIYUN
Nalika tanggal kaping 5 ing wulan Maret taun punika, ing nagari Madiyun wonten tiyang
Cina pandamelanipun ddos tukang roti, punika asara amuk, klayan bekta dadamel tuwin
dhuwung, karanten cina wau gadhah sakit ewah kalampahan ngantos anatoni dhaeng 2 ii
tiyang kekampungan klayan dadamel tumbak nanging tiyang kang nandhang tatu wau
boten ngantos pejah awit dening lajeng katulungan tiyang kathah saking sawek gedering
tiyang, kalampahan kanjeng tuwan residhen utawi kanjeng bupati, kusung-kusung
anedhaki piyambak punapa dene para tuwan-tuwan Walandi utawi priyantun jawi sedaya
sami anggreged dadamel senjata dhuwung waos sapanunggilanipun, sarawuhipun
kanjeng tuwan residhen utawi knjeng bupati, cina kang sara amuk kapinujon sampun
kakepang tiyangkathah utawi jayeng sekar wontn ing pagriyanipun mas Kirtaatmaja
inggih punika juru serat kontolir Madiyun salebetipun angepang pulisi sanget anggenipun
abudi daya ingkang amrih cina kenging kacepeg ing kaklayan sae sae nanging meksa
anggene kenging teksih kedah sara amuk kimawon kadadosanipun ing wedal punika
kanjeng tuwan residhen tuwin kanjeng bupati karsa anyelak ki piyambak wonten ing
sanajenganipu barisan tur boten tebih kinten-kinten kalayan saking panggenanipun cina
wau 5 ½ sengkal jinurung ign gusti ignkang sipat rahaman cina wau boten punapa-
punapa, wekasan kanjeng tuwan residhen ngendika puyambak dhateng cina kang sara
amuk kang supados pyambakipun cakuta kimawon sarta dipun bucala sadaya
dadamelipun cina ingknag kranjingan ugi dereng purun budhal dadamelipun sarta boten
purun nutut kanjeng tuwan residhen tuwin kanjeng bupati, sawatawis dangu anggenipun
ngimur dhateng Cina supados nututa nanging meksa boten pruun kanjeng bupati
aparentah dhatengpara priyantun utawi jayeng sekar supados anyepenga cina punika,
kumerut diwanya bala lir pendah dhawuhana bedhah ingkang sami badhe nyepeng cina
kang ambeg gendheng dhewe wekasan cina lumajeng saking panggenan ngriku
mengaloer purugipun anenggel baris larut sedaya sami boten purun nyepeng margi ajrih
sareng kagalih boten wonten akal malih ingkang amrih kendhoning ardaning cina tur
menawi dangu dangu mindhak kathah kasusahan sakala kanjeng tuwan residhen
anumbali klawan dik lerekan tor ingkang wasta tuwan Lamres,ing punika leres putra
kapenakanipun kanjeng tuwan residhen tur saweg yuswa 20 utawi 22 taun kakersakaken
anyenjata cina wau kaangkah asukonipun trengginas tuwan Lamres anywun senjatanipun
kanjeng bupati, tur ganjaran saking kanjeng tuwan besar Nyaronselut….boten sumelang
saking lampahipun wontenipun tiyang neneman sawewek ambek purun catur ugi
winyudha dadamel kantos rambah kaping tiga anggenipun angemutaken ugi dereeg purun
sakala cina lajeng ambruk dhawah ing siti boten saged obah pulisi lajeng angebruki
kawiyuyung kasaosaken ing ngarsaning kanjeng tuwan residhen ing wektu punika cina
dereg pejah lajeng kaparingaken dhateng tuwan dhokter supados kapulasaraha ing griya
parentah sedaya utawi konca konca alit sami bingah krinten boten wonten bilahi ageng,
kilap ignkang gadhaha ahli waris can kula boten anyumerepi.
Sinerat ing kampugn Kartaarja, pangongangan tanggal kaping 5 Maret 1872.
Katandhan Tistanugraha

Panjurung Bramartani
Nalika ing dinten Saptu tanggal kaping 10 Pebruwari 1872 anci jam 5 sonten ing nagari
Pasuruwan wonten jawah ing gapuranipun majid ageng punika mawi loteng nginggil
kadamel panggenan bedhug sanginggiling loteng sakiwatengenipun bedhug wau utawi
sagandhapipun loteng, tyang sepuh utawi lare kathah ingkang ngaup ing ngriku, punika
kasamber ing guntur, ingkang wonten ing ngandhap loteng lare 8 kaum 1 sami pejah
kapisanan labetipun bau ingkang kiwa malocot ingkang nginggil gapura kewing
satunggal tiyang, samun umur 25 taun inggih lajeng pejah badan sadaya, mlocot dene
gapuranipun majid boten wonten ingkang risak. Ing dinten Jumungah tanggal kaping 16
ugi nunggil wulan punika weedana distrik ing Grati amanggih bangkenipun tiyangjaler
keli, ing lepen banjir sami tatu lempengipun ingkang tengen wiyaripun sak dim para
pulisi lajeng angupdos katrangan
Pembatang
Sekar ucung mugya katur mita ulun kang paring cangkriman tumanduk sagung kang
ngemin Bramartani ing nagari PUrwareja. Lamun sarju ngong ngaturi batangipun
cekakankiwala, dereng temtu yen patitis leres lepat kawula sumongga gya karsa. Lamun
luput gya cinedalan ginuyu, sumadya mundhaka, mong kawruh kang dereng uning, away
limut tyas ngong kanang kasamaran. Wahyanipun wong watawis jalma susun, kang
adarbe sawah, mangsane wus arsa ngambil mungpuniku sumongga ta ginaliya. Yen
kalintu kawula sumonggaeng kayun mung toh prayoginya, inggala karsa paparing,
batangipun Bramartani pinacaka, Purwareja ping 10 Dulkangidah sinengkalan Brastha
sirna dipangganing ngaji,katandhan Temberyuda.

Panjurung Bramartani
Sakalangkung suka pirenaning manah kula, anggen kula amirengakensuraosipun
tatetdhakan serat dhawah,s aking kanjeng raden adipati Sastranagara, parentah ageng ing
nagari Surakarta, ingkng dhumawah priyagung buapti ageng nayaka dalem salebeting
nagari, sakarerehanipun jawi lebet sadaya,utawi ingkang dhumawah riyagung bupati
wdnana pulisi salebetipun nagari, sakarertehanipun para bupati pulisi sajawining nagari,
ing Pajang Sukawati sakarerehanipun ingkang katitimangsan tanggalkaping 31 Januwari
akaliyan tanggal kaping 3 Pebruwari 1872 kasebut ing Bramartani wedalipun
dintenKemis tangal kapng 29 Pebruwari taun punika,ongka 9. Ingkang andadosaken
remen ing manah, dene parentah angencengaken pandamelan pulisi, tembung anggenipun
ngles, boten katingalipun ing duduka, ananging ingkang anampeni saestu ajriha kaworan
remen awit raosipun cetha acanthi leres, boten wonten tembungipun sumakeyan,
anamung andunungaken luguning kawajiban kemawon, amila sakin gwtwis ingkang
anampeni dhawah kados kaos ajrih yenboten anetepana, wah apari enget ing serat
undhang wiradat lan sasambunganipun, punapa dene angengetaken, yen para nayaka
dalem sapituturipun, sami katempilan kawibawan dalem, anjawi saking sih
dalemdhumateng para abdi dalem, ingkang makaten wau, prelunipun samiya anggalih
kawilujenganipun autawi tata-tentremipun ing nagari. Dhawahipun kanjeng raden adipati
ingkang makaen punika, samba kados cariyos purwa, maha prabu Sasrabahu ing
Maospati, papatihipun Santana misananing sang prabu anamakiya patihSuwonda,
sakalangkung sihipun sang nata, awit anyekapi dhateng sabmubarng, amila kalampahan
sring kakarsakaken dados wakil sinewaka,kiya patih Suwonda wau, rikalanipunaprang
kalih raksasa raja ing Ngalengka, sagung para raja wadya ing Maespati, sami oncat
saking paprangan, saking awrating mengsah, angalangkungi surasudiraning prang
sriyaksendra. Senapati Kiyapatih Suwonda, sareng mulat yen para raja wadya ing
Maerspati sami lumajeng, kiya pati Suwonda lejng anunurat kadekek ing jemparing,
kadhawahaken dhateng para raja ing kang sami lumajeng wau, suraosing sertipun apatih,
aparing enget, menggah ingang dados damelipun para raja, anggeni8ngkaangsahaken ing
prang mawi kadunun-dunungaken raosing pangawikaning batos, sakala para raja ingkang
sami atilar mengsah wau, sami wangsul lajeng umangsah arebut ngajeng, awit
kakenaning manah saking pitutur sastra, ing yas kadi gunugah datan ajrih ing pejah.
Dhawahing parentha punika, wonten amperipun dhawahipun patiy suwonda wau,yenta
saupami pra pulisi botena lajeng anggregut ing panggalih, kados pundit, badhe boten
enget anggenipun katempilan kawibawan dalem utawi anggenipun kaampilan
wawenang,mindhak remeh muradipun dados jajananipun ing rare alit pulisijuruh punika
wstanipun embel-embel sanes sanget kalih yen kaupamekaken ingkang dakik pulisi
gruning sribupati,kang mongka pamberating mamalaning praja, kdos ta ing serat rama,
anyariyosaken sanjatanipun pamungkas prabu Mawijaya, awasta Guwawijaya,
bokmanawi inggih pulisi, dene sami damelipun pininta abingkas wisaning jagad yen
badhe boten anetepi dhawahipun kanjeng raden adipati, punapa angowel utawi ajrih
dhateng durjana, yen makatena punapa kasupen tiyang sampun kapinta saderengipun
pulisi minongka pangruwaating juti, yen ajrih sae suminggrih tegesipun anuwun ngaso.
Sinerat ing kampong Gebalen tanggal kaping 5 Maret 1872. Katandhan ingkang saweg
kekesahan pun Sandi.

Kinanthi ing tyas margi yuh, amanjurung Bramartani, kang rinengga kaurmatan,
kanangsani tyasa mugi, tumanduk kasumitramba, kanang kang sisilih nami. Risang open
kang begsandu, para martawih ing dasih, tebih pakarti nukarta, tarlen karya rengat
gyaning,mung madhep marang kotaman,memurih sukaning galih. Prasiswa nahat
jmrunuh, rikalanira umeksi, labet sarjana tama, agung wiyatane minter, mring para siswa
taruna, ingakng dahat mudha pinging. Samya sedya ngayun-ayun, mugya
antukkaparingansih, sagunging darmawasita, ingkang samya pinarsudi, supadya dadya
tuladha,ing barkah paduka yekti. Wahyawaning sungyan saharju, ulun pegsa angaturi,
icip-icip mung samatra, wngsalan gyaulun ngrugti, nglalanteh tepanging basa, peksa
gumuna manganggit. Kilap lepat leresipun, sumongga paduka yakti,ulun datan darbe
cipta, yen miguna digbya wasis, mung denulur ing paduka,sih wiyata kang kapundhi.
Kadya ingngandhap puniku, gyan ulun atur cip-icip, anggitan tepanging basa, bilih ta
sampun marengi, miwah dadya pireneng tyas, ing wingking magsih marsudi.

SANEPA
Anguler kambang, kabangan kang sabangrawa,, ,, boten betah, yen lami awis katingal.
Kasut kayu, kayu kang rineka jalma, kadiparan, margane golek kagunan.
Pisang wigar, garwamlawa patiraja,, ,, den graita, marang tindak kang susetya
Kelabanggung, gungungan tridasajuga, lumuntura, sun pupuji kang wiyata
Jangkrik agung , gungeng lepen berdharatan,, sirkawula, kabanjirana kadigbyan.
Wadung pari, paringkangg ginentang mudha,, ,, niyat ulun,, kapingin tiru sarjana.
Gundharawa, rawa kang mungging ancala, langkung resep nglagani karsaning mitra.
Pandhegongsa, gongsa alit wewayangan, sesandhinga, kumpulan para sarjana
Darajamang, jejamangkang munggeng garan,, nadyan pinter, mangaraha kaundhakan
JInggawerda, weda kadanging sudarma, rangu-rangu, Manawa tan sinarweya
Buron kiswa, kiswa cake ting talingan, saya tuman, antuk bathi ing kawigyan
Lungse surya, surya ingkang kawedaka, surupana, graitane mitranira
Titi. Katandhan Trusdhasastra.

PUNIKA CANDHAKIPUN CARIYOS ULAM KUTUK


“Pucung” Mesem muwus hyang paswa lamun satuhu, kaya ikirira, kudu nganggo tondha
yekti, ing sun arsa wruh kang dadi kanyataan. Lire lamun ing sun majalma ing pungkur,
maring ngarcapada, apata sira tutwuri, apa kari ana ing swarga kewala. Wuwusipun dewi
dharani ing kakung,lamu makatena, kawula yekti tutwrui, sampun ingkang dhumateng
manungsa pada. Daya neymplung ya mani upaminipun, boten nedya pisah,lestantuna
dados cethi, ing wekasan dewi Dharani prasetya. Lamun limut ila-ila kang tinemu,
nguneng kasauran, geger pater asenggani, dhedhet era wait asrang sasauran. Duk puniku
nuju paparenganipun, antuk kalados, wonen kambet saking swargi, gandanipun tyang
saweg papangsihan. Wor salulut panregas maraning kakung, dhateng semahira,hyang
paswamet minanngkreti, mrih katungkuling garwa sami sakala. Drenging kayun hyang
paswa laju tumurun, dhateng ngarcapada, kangupadi gandaning sih, duk tinurut prapteng
dhusun ing Paoman. Lajengipun anuksma ing ngulun kutuk, sampun katemahan,denira
mrih minangresti, dados kutuk tumameng ngalam linunan. Masilurup munggwing guwa
garbanipun, estri ing paoman, kang wasta Nyai Gandhori, inggih semahipun buyut
Gandhowara. Milanipun Hyang Pswa dumunung ing ngriku, saking denirarsa, ayektosken
sihing rabi, punapestu angantepi kan gprasetya. Inggih lamun taksih tresneng priyanipun,
warniya punapa, kang saestu boten pangling, kalampahan panggih malih dados semah.
Dupi sampun antawis satengah taun, wonten kayektosan, keksi sakingrah sajati,
kawistara ing rpambana dados tondha. Lamun tuhu dewi Dharani puniku, netepi
rasetya,lajeng tumutur majnmi, babaripun wonten dhusun ing Kasidan. Magnkya sampun
dados sutnipun tuhu umbul ing sSidan, sinung tenran saruwi, biyung nyai Kesi bapa
umbul sarwa. Babaripun Hyang Pswa awarni Kutuk, boten samaran, dhaten gpun Rara
Saruwi, yen satuhu dewi Dharani punika. Mila kutuk bangun kadarpaning kayun, paksa
amengkuwa, ingken saruwi manawi,kalampahan saestu dados pratondha. Yen tatuhu
prasetyanira ing dangu, samantareng masa, nyai Gandhori tinuning anjajawah sonten
dhumateng Kasidan. Amung antuk wangsulan minta tatangsul, panggiling kudangan,
tengran retna manik warih, sakembaran sabiluluk agengira, Inggih sampunkadhatengan
panggilipun mangkya ing wekasan, mintainah pendhak ari, tinurutan sumene samanten
dina. Lajengipun kang manik tirta gumantung, wonten ing Brahmana, wasta sang
Sodhamaarti, pangagenging Karajan ing Wandasinga. Punika taksih wonten
candhakipun.

Ing serat bramartani ongka 10 ingkang anyariyosaken bab margining karetalatu dumugi
ing Ngayogyakarta, ing ngriku wonten ingkang lepat ing pangecapipun bab
sasebutanipun kanjen gpangeran Ariya Sasraningrat punika leresipun kanjeng gusti
Pangeran Adipati Ariya Surya Sasraningrat. REdhaktur F.L.Winter.……..
…..……

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni
usar sarta pirantos ingkang pancenkangge ngecet pigura utawi kareta, pnapamalih
pulas warni-warni pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.

Punika cariyos Babad Mataram


Wau ta dipati Japan, datan kondur emut trahing prajurit, anyamethi kudanipun, singa
katrajang bubar, kinarocok ing watang kalawan ganjur, kinarutug ing sanjata, pinaser lan
jinemparing. Wong siji pira kuwatnya, dangu-dangu kidipati ngemasi, wau ta ing
pejahipun, yata dipati japan, wong bangwetan sadaya samya lumayu, wadya ing Mataram
mulat, sadaya samya nututi. Sweneh megati marga, wong bang wetan kathah ingkang
ngemasi, turut marga kathah lampus, sira dipati Tuban, palayune atilar turongganipun,
gajah titihan tininggal, arane ta siderajit. Selir kakalih punika, kalih pisan aneng luhuring
ngesthi, agraita wastanipun lawan pun agrawala, wus jinarah marang wadya ing
Matarum, dipongga wus rinantenan, anulya binekta aglis. Wong wetan samya binahak,
pan lumayu meneh tilar turanggi, tan bisa lumayu asfu wong lesu nora magnan, pan
lempuyang kuni kang pinangan wau, miwah babakan kemlaka, kang samya dipun garoti.
Arang ingkang mati aprang, bala wetan akeh kang mti gering sikep Surabaya agung, akeh
ingang kacandhak, adipati ign Tuban taksih binuru, kabubuh ing ngendhut sigra, aniba
saking turanggi. Lumayu akakadhalan, meh kacandhak aneng paprangan aglis, dandanan
sigra rinacut, aglis denira nyebar, pan rinebut denign wadya ing Matarum, sinerang dipati
Tuban, lumebu jroning wanadri. Pan cinatur pitung dina, aneng wana kang pinangan
mungkuci, anuju rendheng puniku, rinawengi kodanan, enengena kocapa mondhokan
agung, layone dipati Japan,katur sang prabu Matawis. Srinarendra ris
ngandika,lungguhena layone sidipati,nulya linenggahken sampun, layonane sang dipatya,
pan sinawang marang sang prabu Matarum, aris denira ngandika, iki sing krusing
prajurit. Baya mung I besan japan, ingkang duwe ngeman ngalurug iki, pan iki pantes
tiniru, tan malik tan kakeyan, wong Mataram age parakna mring butuh, tunggalena sultan
Pajang, sidipati Japan iki. Srinalendra angandika, arsa kondur nenggih dhateng Matawis,
dipati Japan kang lampus, layone wus pinetak, wus pinarnah wau aneng dhusun Butuh,
apan tunggal sultan Pajang, sinengkalan ingkang lalis. Pandhita ginunem ing prang,
srinarendra prapta nagri Matawis gancanging carita wau, agenti taunira, kangjeng sultan
ningali punggawanipun, Martalaya Jasuponta, jeng sultan ngnadika aris. Martalaya
jasuponta, lah bedhahen ing nglasem lan si adhi, ing Nglasem ajaken iku, Martalaya tur
semba, enjang budhal wau gagaman Matarum, gancanging carita prapta, nagari ing
Nglasem aglis. Ing Nglasem kinepung sigra, wong ing Nglasem pan sampun ngati-ati,
wayahipun tengah dalu, wong Nglasem samya medal, gedhe cilik lanang wadon samya
metu, pondhoke wong Pathi ika, wau kang jinujug aglis. Swaraning wong awurahan,
wong Mataram samya kagyat miyarsi, wruh yen kitha bedhah dalu, brana ing Nglasem
telas, kari wonge dinum mring wong Pathi iku, enjing budhal wong Mataram, wong ing
Pathi samya ngiring. Mantuk dhatenging Mataram, tan winarna marga prapteng Matawis,
dipati Pathi puniku, ngaturaken boyongan, langkung suka srinarendra denya dalu, semana
duk sinengkalan,ula gedhe margeng bumi. Ri sampuninra mangkana, Pasuruwan pan
arsa den tindaki, amepak wadya sang prabu, srinarendra ngandika,mring punggawa
kakang Martalaya gupuh, sira nindhihana karya, marang Pasuruwan iki. Kabeh kakang
Martalaya, para mantra kang padha andon jurit, miwah kang para tumenggung,
pondhokna kidul kutha, ana dene sira senapatinipun, mondhoka sawetan kutha, den padha
angati-ati. Sakehe para Santana, pondhokena saloring Sabrnag kali, kang kulon towongna
besuk poma dina Jumungah, lamun sira amerpeki kutha besuk, aywa liya ing Jumungah,
angantepa ing ajurit. Wus telas weling sang nata, adiati martalaya tur pamit, kondur sang
nata ngadhatun, dipati Martalaya, prasantana para dipati anglurug, sadaya pan sareng
bubar gagaman dinulu asri. Srinarendra angadika, eh ta kakang Jasuponta sireki,nusula
mring kakangamu, anglurug Pasuruwan, lah mondhoka sakiduling kutha besuk, sawurine
pradipaty, aja sira milu jurit. Aja sira wehi liwat, lamun meksa karuena sireki, wus
rampung weling sang prabu, ki Arya pamit nembah, sampun mepeg jasuponta
wadyanipun, tan adangu nulya budhal, wus prapta jawining tyaji. Lajeng sami
amondhokan, baris ageng wangsul aneng Semanggi, dumrojoging pondhok agung, dipati
Martalaya,kagyat mulatda lamun kang rayi nusul, Martalaya ngling ing driya, apa wadine
sang aji. Gya ki Arya Jasuponta, ingkang raka sigra den bibisiki, martalaya manthuk-
manthuk gagaman nulya budhal, apan lajeng lampahe bala anglarug sagung ingkang urut
marga, rusak tan tanem tuwuh neki. Gancanging carita prapta Pasuruwan gegaman ing
Matawis, geger wong desa lumayu, angungsi jroning kutha, pasuruwan anengih
bupatinipun, ki tumenggung Kapulungan, ing jro kitha tata baris. Wong Pasuruwan
melatar, wong Mataram prapta angepung wani, lor wetan kalawan kkidul, kang samya
binarisan, namun gkulon kitha kang boten kinepung, apan nora binarisan, dene wadya ing
Matawis. Ki Tumenggung Kapulungan, kudanira pun Mendhung den titihi, ulesipun
janjan biru, nyuirig ngubengi kitha kitumenggung Kapulungan asru muwus, iya ta wong
Pasuruwan, kabeh ing Sun ajak mati.…….
Ongka 12, 21 Maret 1872
Cariyos tuwin pawartos warni-warni
Mas Danuwinata, Onder Mester ing madiyun awit saking panuwunipun ing samangke kaundur
saking pandamelanipun.

SURAKARTA
Serat pakabaran walandi ingkang winastan Dheporstenlandhen ingkang medal saking Surakarta,
amalembana dhumateng kanjeng raden Adipati Sasranaara, awit kencenging parentahipun
sanadyan ing masa punika kathah jawah, margi ageng hdateng bayalali ingkang wau sanget
risakipun ngantos boten kenging kaambah ing kareta, ing samangke sampun kadandosan
sakalangkung prayogi.

PAKALONGAN
Nalika tanggal kaping 5 wulan Maret 1872 ing Pakalongan wonten benjir anaminglebeting toya
naming 1 kaki, ing kampugn Cina egang caket jaro lebet ing toya 4 kaki, ngantos kawan dinten
kawan dalu erobing toya, anaming titiyang ing pakampungan ngriku adaya sami wilujeng, utawi
ing Batang ugi anunggil dinten wau wonten angin ageng sarta banjir lebeting toya kalih kaki,
waringin ageng ing ngalun-alun rebah awit saking agenging barat anaming boten wonten
tiyangkasangsaran wondene ing dhusun kalipancur dhistrik Subah, wanci jam 2 siyang griyanipun
Pak Samiyun karebahan uwit aren ingkang caket kaliyan griya pak Samiyun kaliyan anakipun
estri awasta Saminem sami anemahi pejah awit kadhawahan kajeng bekakasing griya ingkang
karebahan wit aren wau.

JEPAN
Dereng antawis lami , Kanjeng Raja ing Jepan karsa utusan angaturaken putrid sakawan dhateng
ing kadhaton Partis bawah nagari Pangkrik menggah namanipun putrid wau 1, Isen, 2 Kapsehang,
3 Owanpali, 4, Kopar, dene anggenipun kakintunaken dhateng nagari Pangkrik punika, supados
kawulanga ing tembung tuwin tatatataning bongsa Walandi.

MADIYUN
Nalika angajengaken tanggalkaping 5 wulan Pebruwari, ing dhusun Majakarta bawah Dhistrik
Ngutran wonten tiyang wasta Kramalesana, smun amaos dhateng durjana ambesmi griyanipun,
sareng durjana wau saweg anyumet taritising griya lajeng kasodor waos saking wingking, durjana
lajeng lumajeng, kramalesana boten lajeng anuturi awit kaperlokaken amejahi latu, kalampahan
durjana boten kacepeng, saking kinten-kinten ingkang kalabet kiwa tengenipun walikat.
Dereng antawis lami, wanci jam 5 ingjing ing Magetan wonten angin anglangkungi saking santer,
(sumiyut) sarta jawah riwis-riwis, kendelipun angin wau ngantos pendhak dalu, temahan kathah
tiyan gkasusahan awit griyanipun kebrukan kakajengan. Ing wektu punika pangageng nagari
boten ketang jawah tansah sami mubeng ing kampungan arumeksa supados sampun ngantos
wonten tiyang mangggih bilahi kebrukan galugu kalapa utawi kakajengan kanjeng radenAdipati
Piyambak ngantos kalebus tells kajawahan anggenipun tindak dhateng ing kapng kampungan
angirigenaken para tiyang alit amrihlepat saking babaya, utawi anegor wit kalapa ingkang
nguwatosi.
Dene salenbetipun nagari ing kkang kula serepi kathah griya sami dhoyong utawi ambruk bubar
pisan dalh griya kula sampun peyok, Wit kalapa pandugi kula ingkang ambruk wonten 25 wit
punika kajawi ingkang kategor, wit pelem kweni asem deling deling,kathah sanget ignkang risak
utawi ambruk.
Jayawitana.
SERAT KINTUNAN INGKANG KATANDHAN MAS NADI, ING PAMALANG
ANYARTISYOSAKEN KADOS ING NGANDHAPPUNIKA.
Nalika tanggal kaping 9 wulan Maret punika, ing nagari Pamalang, asanget kathah ingjawah,
rinten dalu tansah boten wonten kendelipun ing lepen Comal ing wekdalpunika banjir ageng
angelebi padhusunan kanan kering ngantos satunggal paltebihipun utawi margi ageng ngantos
tugel tigang panggenan kareta bendhi grobag gluthuk sami boten saed lumampah, naming kreta
pos (Mil) ingkan saged langkung, amargi pikantuk pitulunganipun nagari, dipunsurung saha
katarik ing Maesa, sanesipun saking kreta punika inggih boten saged lumampah, punika malih
margi botena sami risak.

BANYUMAS
Dinten wingi Rebo Paing tangalkaping 7 wulan Maret punika, ting dhusun Jethis sabrangan lepen
Klawing, wonten baita sasak ingkang kasangsaran kerem wonten ing satengahipun lepen Klawing
wau, sengga gemet ludhes lumebet ing toya sadaya, wondenten ingkang numpak ing Baita wau
kula boten saged amratelakaken menggah ing kathahipun tiyang utawi barng amargi ing ngriku
punika baku radinan ageng, saking dhistrik Purwareja, ingkang anjok dhateng
afdhelingPUrbalingga, awit sakng pakabaranipun naming tiyang 17 ingkang pinanggih pejah
tiyang 6 ugi lajeng kapulasara ing kathah, dene ingkang kula gumuni punika among wonten
satunggaling taledhek tumut kalebet ing toya ko piyambakipun saged mentas ananging
sasampunipun wonten ing dharan wau lajeng miraos,yen ingkang wau piyambakipun mangangge
sarwa mepak mongka sareng mentas rasukanipun kaliyan kemben sampunboten wonten, naming
kantun tapih kimawon ingkang maksih wetah, ing sanalika para priyantun pulisi kanthi dhokter
sami titipariksa dhateng tiyang ingkang sami saged mentas wau, sadaya sami wilujeng boten
wonten ingkang nandhang tatu, among icalipun sandhangan wau ikgnag sami kagumunaken ing
ngakathah,dene taledhek wau ko lajeng mingak-minguk sanget ing getunipun.
Warsiyem

Tuwan Redhaktur manawi kagalih prayogi saha andadosaken serjuning manah, wontena karsa
sapeyan amapanaken seratan punika, wontening serat Bramartani.
Ing mergi ageng bawah kraton dalemSurakarta kathah ing grobag ingkang sami kalampahaken
ing mergi wau, sinten kemawon ingkang boten nyumerepi, manawi grobag ingkang
wawratanipun antep saklangkung amitunani dhateng mergi ageng. Saupami patrap ingkang
kapratelakaken ngandhap punika, saking karsaning parintah ageng, dipun lampahaken sakinten
punapa boten badhe andadosaken kamayaran, kadosta: Grobag ingkang sami kalampahaken ing
mergi ageng, p[unika kadhawahana sami anyangkinga sela satinggog, agengipun satigan banyak
sapengandhap uda kawisna wawrat 20 pun. Samongsa grobag wau badhe anglangkungi mergi
ingkang jevlok utawi ingkang wonten jegonganipun, sela kang kacangking wau nunten kaesokna
ing ngriku. Saking sanget kathahing grobag ingkang sami langkung, patrap makaten punika,
kados kados boten pisan badhe ngawrati, pangraosing manah mandhak amayaraken ingkang
lamoah grobagan utawi ingkang gadhah bebahan mergi. Dene bab anggenipun nyantosani atrap
makaten wau, sumongga ingkang ngasta parintah ageng, Surakarta.

Jedhul Sumela jawab pitakenipun Trusdhasastra.


Sanadyan ing ngajeng kula sampun prasaben wonten ing Bramartani, ananging sak punika kula
gadhah anginten menawi serat sampeyan wangsulan ingkang kawrat bramartani ongka 8
suraosipun andhesek, leres saeyan pitaken dhumateng Jayasonta ingkang uman Purwareja,
ananging kula kedah urun anjarwani, amargi ing ngajeng kula tumut jawap,boten wewaton
sangking kukum utawi kitab nanging waton dugi prayogi sarta adat ingkang sampun kula
sumerepi, mila serat kula ing ngajeng mungel sampeyan prayogi pitakena dhumateng kyai kakim
supados trangipun panggalih sampeyan. Serat sampeyan wangsulan mungel ananging teksih
kuciwa kedhik dene peperanganipun waris ingkang wujud griya saking agamenipun punapa
wonten ingkang dumunung dados pusaka, punapa wenang bilih kabage sadaya, menawi wonten
ingkang tumonja dados pusaka, griya punapa wastanipun tuwan sinten ingkang wajib andarbeni
pusaka wau. Wangsulan kula: ingkang sampeyan wastani pusaka punika tegesipun kados pundi,
amargi kula dereng patos mangrtos trangipun, wondene yen adat ignkang sampun kula sumerepi
tegesipun pusaka wau wasiyat wasiyat punika wewelinganipun mayit saderengipun ajal
santosanipun mawi seksi utawi serat tondha tangan dados pusaka wau dede warisan barang
bekakas raja brana, ingkang badhe dipun prail tetela wasiyat wau sedanipun bapa biyung
dhumateng anak ahli utawi anak wajib angenget-enget 2 serat sampeyan mungel waris anak estri
ingang dereng diwasa, utawi dereng anggadhahi semah, punika sinten ingkang wajib kanggenan
punapa wajib wonten byung, punapa wajib sadherek jaler, wangsulan kula sampun mupakati lere
panjarwanipun jayasonta, kejawi sangking pirukun dene yen saupami boten narimah, kaewokaken
merdud, 3 serat sampeyan mungel bab pambagenipun warisan wau, sarehning punika prakawis
kukum saestonipun mewaton saking kitab tumrapipun pambage dhateng warisipun tiyang ingang
lumampah damel utawi tumrap dhateng warisipun tiyang ingkang nglindhung , punika punapa
wonten bedanipun punapa kadamel sami ugi. Wangsulan kula ing ngatasipun bongsa agami
mukmin sami kimawon boten mawi beda beda bab prail ipun waris dhumateng ahli, kajawi
sangking rukun semanten wau prakawis ingkang sampun kula sumerepi adatipun nagari ingkang
kula dumunungi nggen. Ing wasana kula sumongga pangrembagipun Jayasonta ing kauman utawi
panggalihipun para sarjana, rehning sanes nagari bilih wonten bedanipun bab adat mau. Ing
nagari Ngayogyakarta wulan Dulkijah Bakda Garebeg ing taun Be sinengkalan Sirna ilang
samadya tunggal. Katandhan igkang Rewa-rewa; KA WA.

Rinengga sagung paurmatan ingkang akathah-kathah, mugi katur ingkang saudara tuwan
F.L.Winter Redhaktur ing Bramartani, manawi pareng sara sela ing papan kula angaturi
panjurung ing ngandhap punika.. Kula maos serat bramartani ongka 50 ing wulan Dhesember
1871, ing ngriku wonten panjurungipun mitra kula ingkang sisilih nama trusdhasastra angakuri
cangkriman 3, bab ingkan kalih bab sampun wonten ingkang karsa batang manawi rujuk ing
panggalih kula ngaturi batanganipun ing ngandhappunika, tiyang esri ingkangpitaken wau
anggenipun ambekta peksi galathik naming 70 iji, deneingkang mangsuli, bektanipun 110 iji,
naming punika pambatang kula denten manawi derengpatitis, atur kula punika mugi sampun
andadosaken pangalih, anjawi ingkang punika manawi pareng kula gentos anyuwun saserepan ing
sampeyan kula mentas dipun pitangledi dhateng mitra kula kados ing ngandhap punika.. wonten
tiyang jaler 1 gadhah semah 4 tiyang wau pangupajiwanipun agagramen saben kesah dadagangan
punika bathinipun tikel, lajeng dipun sukakaken dhateng semahipun ingkang nomer 1 50 rupiyah
abrit kesah dagang malih ugi angsal bathi tikel dipun sukakaken semahipuningkang nomer 2
inggih 50 rupiyah abrit kesah dagang malih ngantos kaping 4 ugi bathinipun sami kados ngajeng
wau samanten malihingkang dipun sukakaken dhateng semahipun nomer 3 tuwin 4 inggih sami
50 rupiyah abrit dene arta lajeng telas babar pisan, pawitan dalah bathinipun boten wonten
ingkang kantun punika pawitanipun ingkang jaler wau kathahipun pinten.
Sinerat sakler beteng pakualaman kaping 4 Sura taun Wawu ongka 1801 katandhan Raden
Dipataruna.

Manawi kapareng saha wonten selanipun papan kula angaturi panjurung kabar, wontena
karsanipun tuwan Redhaktur, amacak ing serat pakabaran bramartani, kados ing
ngandhappunika.:
Kula sampun maos seratipun mitra kula Kwek Ling Purwadadi (Madiyun) ingkang kapacak
wonten serat Bramartani ongka 5 tanggal kaping 1 wulan Pebruwari punika, suraosipun mitra
kula anglepataken bab grahana ingkang sampun kasebut ilmu falak menggah pangintenipun mitra
kula wau inggih leres amargi ilmu fgalak sampun anyebutaken manawi panuju grahana srengenge
ingkang dados jalaranipun margi srengenge kaaling-alingan ing rembulan ing wasana nalika
wonten grahana srengenge mentas kapengker punika, salami kula gesang saweg priksa grahana
srengenge ingkang langkung sangert kados makaten mongka suryanipun taksih katingal punika
saking pamanggih kula jalaranipun pamaibening mitra kula Kwek Ling Purwadadi wau, sabab
rembulan manawi katingali saking bumi ingkang sami kula dunungi punika kados sami kalayan
srengenge ananging sayektosipun boten makaen dene katingalipun sami jalaran srengenge
dunungipun langkung tebih tinimbang kalayan rembulan saking bumi, awit saking punika
wontenipun grahana srengenge sampurna boten saged sirna babar pisan tansah taksih katingal
pinggiripun kimawon menggahkatranganipun mekaten saupami wonten barng kakalih ingkang
sami wujud bunder, ananging agengipun boten sami, ingkang satunggal kadamel alit tinimbang
satunggalipun anunten wujud kakalih wau kadunungaken nunggil sapapan ingkang ageng
kadunungaken langkung tebih tinimbang ingkang alit punika yen kasipat denign netra amasthi
kimawon barang ageng wau ingkang kaalingan barang alit naming tengahipun kimawon
pnggiripun inggih ugi taksih katingal. Mila pamaibenipun miytra kula wau, kula boten dherek
angleresaken ewa samanten saking atur wangsulan kula punika manawi kagalih leres dene
manawi wonten lepatipun kimawons ampun andadosaken renguning mitra kula.
Katandhan pun Kaleyang kabur saking wetan dhumawah ing Bathangan.

Punika candhakipun cariyos Ulam Kutuk


Benjinbg lamun praptaning ubangginipun, pendhak dinten Soma, sang brahmjana yekti wajib,
anglulusken kasidaning lalampaha. Mangkya sampun telas aturaning kutuk, prabu duk miyarsa,
angungun tyas asmatistis, dyan nyawikan yen iku jatining dewa. Silarja ymanado kareng
pamuwus, lah ta mitraningwang, andika puniku yekti, sajatining dewa sang bathara Paswa. Kula
sampun sumerepe estrhining kalbu marma yen sambada, menggah prakawis puniki,lestantuna
saged dipun kalampahan. Kutuk manggut tondha yen dahat jumurung, nulya srinarendra,
angandika ing papatih, lah ta adhi wasita baya prayoga. Karsaning sun kutuk lestariya
dhaup,lawan ken Kasidan, mangkya rumatana dhingin, den taretib away kongsi kawanguran. Apa
kang wus dadi adat kutuk iku, buyut Gandhowara, awak kongsi angowahi, panuturing dupa ratus
gondawida.. Yen wus rampung pametrinira ing kutuk nuli anuduha, punggawa kang animbali,
sang brahmana sodhawi prang wandasinga. Telas dhawuh ing nata patih wotsantun, wus kalilan
medal, Gandhowara myang Gandhori, kang anggawa kutuk pareng undurira. Praptanipun ing
wisma kya atih samun,nimbali brahmana, kering dening duta nuli, marek pareng maring
ngabyantara nata. Wus dinangu prakaraning mina kutuk, aturing brahmana, saking purwa
amekasi, kadi aturing wong paoman kasidan. Ngandika rum sang basukeswara prabu,lah bapa
brahmana, mungguh ing prakara iki, ingkang dadi kaderenging karsaningwang. Yogya
lamunkalakona dhaupipun, nanging ing sun karya, kaelokan dimen dadi, kacaryaning wong
andulu pamiwahan. Dene kutuk iya rinuwat karuhun, ddiya manungsa mungguh kang ingsun
bubuhi, pranguwating kutuk, arya manungkara. Manawa wus mangkono ing karsaning sun, karya
sisintrenan, iwak kutuk kang sajati, iku bakal kaupartenggeng bawahan. Ing wawangun cinarapa
nganten dhaup, aneng dhatulaya, kutuk kang wus dadya janmi, sun prenahken dhingin ing
gedhong pangantyan. Mangkya yen wus panganten wadon lumebu, maring pagedhongan, paran
wahananing dadi, ken saruwi apa ta maksih kelingan. Lamun iku sajatining priyanipun ingkang
apanegran, Bathara Paswa ing nguni, duk maksiye padha ana ing Kayangan. Apa limut boya
kelingan salemut, maring pryanira, denyapisah wsus alami, marma ingsun adarbe karsa
mangkana. Wruh anamu bapa iwak kutuk iku, sajatining dewa, kang kasebut awa wangi,
sanghyang Paswa atmajaning Hyang Purusa. Dene iku si saruwi wruh anamu, tuhu waranggana,
anama dewi parani, dadi somahira sang Bathara paswa. Karo iku duk maksih aneng swearga
gung, apdha wawan-wawan, rebut tarka ing pandalih, amintonen sih tresnanira priyongga.
Temahipun padha praseya ing dangu, nuli sanghyang Paswa, samana met minang kreti, dadi
kutuk tumedhak maring paoman. Punika taksih wonten candhakipun.

Regi 2 rupiyah 50 sen, prangko pos bayar kenceng.


Kula tuwan Jonas Portir enko, angaturi uninga dhumateng para priyantun manawi anggen kula
angecap serat pawukon ing sapunika sampun rampung, serat pawukon wau tetedhakan saking ing
nglebet karaton sarta sampun kaesahaken dhatengpujongga ing Surakarta

Serat pas kangge anyade kewan 100 iji, regi 2 rupiyah 50 sen sakalangkung prayogi kangge para
pulisi dhusun, kenging pikantuk saking tuwan Jonasportir enko

Serat kitir gadhen 100 iji, regi 50 sen kenging pikantuk tumbas saking tuwan Jonasportir enko.

Para priyantun kenging pikantuk tumbas barang daganganipun took pangecapan ingSurakarta ,
kadosta:
Potlot warni 12 sabengkek regi 3 rupiyah
Potlot Paber nomer 1 sabengkek regi 3 rupiyah
Potlot Paber nomer 2 sabengkek regi 3 rupiyah
Potlot Paber nomer 3 sabengkek regi 3 rupiyah
Potlot Paber biru tuwin abrit satunggal regi 25-30 sen
Gagang potlot kenging kasantunan 1 iji regi 50 sen
Lei Paber tangkeban satunggal regi 1 rupiyah 50 sen
Lei Paber tangkeban satunggal regi 2 rupiyah
Lei Paber tangkeban satunggal regi 2 rupiyah 50 sen
Grip Paber alus sanget sadhusin regi 50 sen
Grip Paber kadamels aingga potlot sadhusin regi 1 rupiyah
Lak warni, 6 kadosta: abrit, biru, wungu, cemeng, klawu, ijem, sadhus regi 3 rupiyah
Buk A,B, C, mawi gambaran sakalangkung mikantuki kangge amulang rare, satunggal regi 1
rupiyah
Jonasportir enko.

Para priyantun ingkang nyambut utawi nyambutaken dhateng ahli warisipun Babah Auling Gu
WE, ingkang nalika taksih gesang adagang ing kampung Kapatiyan ing nagari Surakarta, ing
sapunika kula aturi maringi katrangan bab anggenipun motangaken dhateng Babah Auling Gu We
wau, utawi para priyantun ingkang taksih nyambut mugi karsaha bayar ing dalem kalih wulan
kaetang awit titi mongsa punika, dhateng kula ingkang nguwasani warisipun Babah Auling Gu
We.
Kula Babah Aulng Gu We ing Surakarta.

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga manawi kula mentas anampeni usar sarta
pirantos ingang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta,punapa malih pulas warni-warni
pulitur, pernis kareta tuwin sanesipun.
Katandhan tuwan Weting

NGAYOGYAKARTA
Para priyantun ing Ngayogyakarta ingakng taksih sami nyambut arta patumbasipun serat
Jurumartani, ing kala rumiyin kula aturi ambayar ingkang tumunten, asanget panuwun kula, dene
arta wau kegingkabayaraken dhateng Mas Atmajawirya ing Ngayogya kangkula pitados
anampeni saking parapriyantun wau.
Ktandhan tuwan F.H.Jaspre.

Tuwan Sigsisnem nampani dagangan pakeyan bendi, pakeyan kareta, kapal kalih tuwin kapal
sekawan, mawi sekaran Berlin damelan Inggris endah uwin awet, semir Inggris damel gilap
kados perlak tuwin awet sarpaning barang wacucal, sablek naming setangsul manawi tumbas
sadhosin kalih rupiyah satengah, topi kusir tuwin kenek modhel enggal kados tuwung, rak tosan
wadhah miniman cekap kawadhah satus gendul naming slangkung rupiyah, Gembes wadhah
wedang tuwin konyak. Gribig prasman wiyaripun sekawan taki, sae lo tigang rupiyah. Bludru
sekaran kadamel sabuk tuwin tuwung, cita sembagi, kurasi, jingga loka, wiyaripun sae lo
langkung tigang prapat, sendhok porok, sendhok manisan tuwin sendhok the berlin mawi
tanggungan boten malihtuwin awet

Tuwan Singsisnem mentas nampeni dagangan enggal saking negariprasmas kados kang kasebut
ing ngandhap punika. Sutra sutra warni-warni lurik biru, wungu, ijem, satunggal elo naming
tigang rupiyah, lisah wangi dherus mlathi, mawar, pendel abrit, tuwin sanesipun kados
daganganipun swargi tuwanKonas sepuh. Topi nluduru utawi sutra warni ijem tuwin wungu,
wangunipun endah, bulu-bulu warni-warni. Sutra rondhe hut kadamel kuluk kanigara tuwin
tuwung. Sutra murjene tuwin pethakan kadamel kuluk tuwin sabun, gombyok samir kadamel
kuwas tuwung, barajene, renda tepi jene kadamel plisir kemben panganten, peso cukur Inggris
regenipun naming gangsal rupiyah,tesmak alus regenipun naming sekawan rupiyah, wadhah ses
Berlin mamas. Pethen wadhah barang mas inten endah wangunipun warni-warni, bekakas militer
upsir sapanunggilanipun pepak, sengkelat tuwin trikomagasin, sepatu warni-warni.

Kauningana para priyantun manawi serat pananggalan taun 1873 punika rampunging
pangecapipun benjinging wulan Nopember ingngajeng punika, punapa malih para priyantun
ingkang karsa tumbas serat pananggalan ongka 1-2 utawi ongka 3 mawi kakanthen serat
pustakaraja.
Jonasportir enko

PUNIKA CARIYOS BABAD MATARAM


Warnanen dina Jumungah, wong Mataram prasamya mepak baris pan enjing arsa ginepuk, amikir
jroning nala, upamane ingsun wani wong Matarum, mong satange ja agesang, ing sun mungsuh
wong Matawis. Wong kedhik lawan wong kathah, padha kehe wong wetan pothar-pathir,
dukprang siwalan rumuhun, pan akeh wong bang wetan, suprandene kaburu kapentut pentut, aku
maning yen menanga angur mundura kariyin. Ki Tumenggung Kapulungan, wadyanira arsa dipun
apusi, eh wong Pasuruwan besuk, paningsun nora medal, becik bengilah ayo padha angamuk,
pesthi gugup wong Mataram payo ngamuk tengah wengi. Wadya mataram akathah,yen ta sira
narajang tengah wengi, pasthi ika gagap gugup,bingung tan wruh ing rowang, wong Mataram
pesthi yen babur baledug, pan akeh oleh bandhangan, yen rusak wadya Matawis. Pan sira ngekebi
kutha, nora wurung sira nemahi pati,payo padha ngamuk dalu, becik ucaping jana,ingkang wadya
sadya prasamya rembug, prasamya tata gagaman, baris pasar gedhe sami. Ki Tumenggung
Kapulungan,metu jaba kang baris den ideri, sarwi sumbar amuk amuk, anantangMartalaya, samya
kagyat wong Mataram amuk-amuk, eh wong Mataram den yitna, ing surabayua de ungsi. Wus
wikan wong pasuruwan, yen gustine nyander ngulon sarimbit, kang wadya samya amisuh,
wangsul marang jro kitha, wong mataram uninga samya amburu, katututan jawi kitha, semana
wus den umbaki. Anulya nginebi lawang, tan winarna dalu wuwusen enjing, yata wadya ing
Matarum,pan samya gangsir kitha, wusnya bedhah wadya mataram umangsuk, anuju dina
Jumungah, gumerah swaraning tangis. Para prjurit Mataram, neng jro kitha rebutan kudasami,
anulya biunekta metu, kuthane ing ngobongan,kang boyongan sadaya samya den edum, ki
tumenggung Kapulungan, pans amya dipun tututi. Semana pan neh kacandhak, kudanira adaru
sampun keni, kapulungan wus lumayu, dhareselan kang garwa, aneng jurang andhapa pan
alindhuk, pan ana wong Martalayan,lulurah ing Sarageni. Arane Surapawaka,lan kinasuradahana
wongkakalih, uninga palajengipun, tumenggung lan kang garwa, katutan dharesel lawan
garwanipun, ki tumenggung den gigila, pan sarwi den inceng bedhil. Garwanira girab-girab, ki
tumenggung nembah angasih-asih, mentak ampun kula bagus, sampun sampeyan bekta, pan
kawula ngaturi mirah pipitu, samya mirah babrekatan, regi nigangatus kethi. Sumaur suradahana,
lah ta endi mirah mu ing sun ambil, lawan sun boyong rabimu,katura sang dipatya,sun atur ken
yen sira bojo tumenggung, kapulungan asru mojar, ing garwa sareng anjerit. Sarwi ngrangkul
garwanira, sigra surapawaka anyekeli, ki Suradahana gupuh, anyekel ingkang garwa, sareng
bandhak wus uwaslan garwanipun,ki tumenggung kapulungan, garwane dipun cekeli. Garwane
angundhamana, ujar sira wong lanang wedi mati,ingsun adarma anemu, sikep arsa anjamah,yen ta
sira matiya neng jro kadhaton, nadyan silih binongyonga, pasthi binoyong priyayi. Dhasar priyayi
Mataram, bagus-bagus prawira ing ngajurit,alah raimu dikepruk, tumengung kapulungan
dhendhaning hyang Kapulunganmring sireku, bupati wedi palastra, bilahine andhatengi.. Allah
priye karepira, sidi labrag wong iki anemeni, angur matiya wak ingsun, den ramuhi sok wonga,
anauri Suradahana asendhu, paniya mongsa bedaha, tumenggung kalaan mami. Mong sakacek
kasacekang, wus lumrahe padha luwiyan daging, kaya paran bedanipun, tumenggung kapulungan,
amiyarsa kethip-kethip netranipun, eh bagus den sareh mana, kula atanya sayekti. Pundi trah
ludira dika, kang tinanya asru denya nauri, pan ingsun Mataram baku, Tumenggung Kapulungan,
alon matur sokur yen dede ing kedhu, miwah siyen Bagelena, bok punbuk anunulari. Surapawaka
angucap, eh dahana teka kaya wong baring, kaya bebete kang mengku, bawah sagala ajam, de
tingkah mu iya teka nora patut, anjamahana kanglanang, lan maning iku bupati. Dilalah tutulung
ingyang wong kakalih ingkang sawiji angling, kapulungan alon matur, nangis sarwi ngrarepa,
marang Surapawaka dhuh ariingsun,lah pun kakang uculena, pasthi sira sun tuturi. Pun kakang
amendhet reyal, patangewu tan wonten kang ngudani, padha reyel batu-batu, Surapawaka mojar,
inggih pun diprenahe kakang tumenggung, panggenane kangpendheman,ingnguculan madu
gendhis.
Yen pun kakang andika uculi,pesthinipun kawula atedah, ingkang pinendhem prenahe,
surapawaka matur,lah ta kakang inggih suwawi, anulya ing nguculan, wau ki tumenggung,
kalawan garwane pisan, nanging iya garwane den bosah-basih, marang Suradahana. Ki
Tumenggung Kapulungan angling, inggih adisakidul gedhogan, ngisor dalima prenahe,
surapawaka muwus, inggih kakang sami basuki, andika dipun enggal, manjinga wana gung
manawi tatinututan, satemahe andika cinekel malih, tumenggung kamit kesah. Garwanira tan bias
lumaris, sumlengeren wau solahira, nulya ginendhong garwane, apan ta kari pinjung, kang busana
wun den dhedheli, marang Suradahana, enengna karuhun, angungsi mring Surabaya, kawarnaha
wau gagaman Matawis, kang samya anjajarah. Pitung dina wau wong Matawis, sabedhahe kitha
Pasuruwan, rerebe kang baris kabeh, Martalaya winuwus, pan sakehe para dipati, prasamya
rerembagan aneng tarub agung, para bupati sadaya, benjing Kemis bubare bala Matawis,
warnanen Ja suponta…
Ongka 13 Kemis kaping 28 Maret 1872
Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, sami kaaturan
bayar patumbasipun ingkang tumunten.
Tuwan Jonasportir.

Kula tuwanJonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani taun
1872 saking para priyantun ingkang kasebut ing ngandhap punika.
1. Panjenengan Dalem Kanjeng Sultan Anom ing Tegal
2. Kanjeng Pangeran Ariya Adiwijaya ing Surakarta
3. Kanjeng Pangeran Ariya Adikusuma
4. Kanjeng Pangeran Ariya Suryabrata
5. Raden Mas Ariya Brajanata
6. Raden Tumenggung Wiryadipraja ing Sragen
7. Raden Tumenggung Cakrajaya ing Ngampel
8. Raden Ngabei Puspareja
9. Kyai Ngaripah
10. Ingkang punika sanget panuwun kula dhumateng para priyantun wau. Jonasportir
enko

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Tuwan B.Panbak Asisten Residhen ing Lebak kaangkat jumeneng residhen ing
Banten
Tuwan Parnres kakulawisudha dados Pak Ismister gudhang sarem ing Surakarta.
CAREBON
Mas Sentanadireja kakulawisudha dados juruserat kabupateningCarebon
BASUKI
Raden Ariya Surya Adiputra, Onderkolektir ing Pasuruwan kaangkat agentosi swargi
ingkang raka dados bupati ing Panarukan
DEMAK
Raden Mas Mertadimeja mantra Kabupatening Demak kakulawisudha dados Mantri
ing dhistrik Singen Kidul, dene mantra ing Singen kidul ingkang mentas kaundur
saking pandamelanipun ing sapunika katetepaken malih dados Mantriing Demak
Raden Purwadipura Juru serat wadana dhistrik ing Demak kakulawisudha dados
mantgri ulu-ulu ing Manggar
Mas DAnuadiwiguna Juru serat Onder kolektir ing Demak kakula wisudha dados
Juru sera ting Demak
As Sasraatmaja, magangan ing kantor asisten residhen kakulawisudha dados Juru
serat Onder Kolektir ing Demak.

CARIYOS TUWIN PAWARTOS WARNI-WARNI


Dereng antawis lami ing lepen Sampangan prenah snginggiling Sabrangan margi
ingkang mangetan ing wanci enjing wonten bajul ngambang katingal radi aneh, mila
dipun wastani aneh, awit gigiring bajul wau wonten sawe ingkang tumumpang mujur
aben sirah patrapipun kados alalaken denten agenging sawer kirnag langkung
sapucang, badanipun cemeng mulas sarta mawi kuping kakalih, titiyangingkang
nymerepi sami amastani pelus utawi uling, sareng watawis tigang dinten ing wanci
sonten bajhul kaliyan sawer wau katingal ngambang malih wonten ing lepen
Baturana, menggahpatrapipun ugi sami kados nalika katingal wonten ing lepen
Sampangan, ing wekdal punika nuju wonten tiyang kakalih ingkang sami mincing
ulam, wonten sapinggiring lepen ing ngriku tiyang sepuh kaliyan rare jaka, sareng
sumerep wonten sawe ageng tumumpang ing gigir baya tiyang mincing wau sami
kamitenggengen sarta boten saged wicanten asangetpangungunipun saha semu ajrih
ing dalem batos dene wonten buburon toya radi aneh wujud tuwin patrapipun, boten
antawis dangu rare jaka wau dipun saut ing sawer lajeng kabekta silem ing toya,
tiyang ingnag sepuh sareng uninga yen rencangipun mincing dipun mongsa ing
sawer, enggallumajeng sarta jeleh jeleh anedha tulung, titiyang pakampungan kathah
ingkang sami dhateng ambekta dadamel warni-warni, tumunten tiyang ingkang nedha
tulung wau mratelakaken ing jalaranipun sakawit mugi wekasan salajengipun
titiyanging pakampungan sami anabuh gendhong utwititir sakalangkung sora, ing
wekdal punika rare ingkang ical wau dereng wonten kabar katranganipun.

SAMARANG
Ing nagari Samarang, tuwin bawah ing Demak punapa malih ing Tanah Sayung tuwin
Gumulak pasabinan ingkang sami risak kaleban toya banjir kathahipun 7000 bau,
wondene paprentahan ageng sampun karsa amaringi arta kathahipun 20000 rupiyah
supados kangge pitumbasing winih pantun katanen ing tanah bawah nagari ingkang
sami karisakan dening banjir wau, anaming samanten punika wedaling pantun ingang
tamtu guantung saking toya jawah, utawi malih kanjeng tuwan residhen ing Samarang
karsa akintun serat dhatengpara tuwanpakumpulaning dadagangan sami kapurih
anglebtna uwos dhateng nagari supados sageda ambiyantoni dhateng titiyangingkang
sami kikirangan

Serat pakabaran Bintang Timur, anyariyosaken manawi kanjeng raden adipati Ariya
Natadiningrat awit saking taberi tuwin katrimahing damelipun, ing mangke kalilan
angagem songsong jene kanjeng raden Adipati wau sampun kaping kalih punika,
pakantuk ganjaran saking kanjeng gupremen awarni medhali jene, kapig kalihipun
songsong punika, sadaya wau kedah kauningan ing kathah supados andadosna
tutuladan dhateng para priyantun Amtenar Jawi sadaya

NGAYOGYAKARTA
Serat kikintunan saking Ngayogyakarta, ingkang kapacak ing serat pakabaran walandi
winastan Lokomotif anyariyosaken menawi Raden Ayu Dayapurnama, riyantun
dalem saking sinuhun Kanjeng Sultan ingkang jumeneng sapunika, sarta ignkang
sampun apuputra 13 sami ginanjar wilujeng sadaya, ing smangke badhe kaangkat
dados ganrwa dalem anama Kanjeng Ratu, sarehning garwa dalemkanjeng ratu
Kancana, ing amngke sampun yuswa 48 taun, anaming botne kagungan putra
kakung,amila saking watawis putra dalem kanjeng pangeran angabei badhe kaangkat
jumeneng pangeran adipati anem.

PANJURUNGING BRAMARTANI
Nalika ing dinten Septu tanggal kaping 9 wulan Meret punika, ing
Kedhungdhomasnlepen Sirayu, wawengkonipun dhusun Kandhi (Banyumas) wonten
satunggiling jisi tiyang estri kendhang saking nginggil kaentas dhateng tiyangjaler
wasta Kertawongsa bau ing dhusun Susukan (Purwareja) awit punika bau saweg
anglantun biyangipun kerem sakin gsabrangan ing Jethis (Purbalingga) nalika dinten
Kemis tanggal kaping 7 ugi wulan Maret punika, pinuju badhe dhateng peken
Purbalingga,kancanipun ingnakg kerem tiyang 6 ananging boten terang satunggil-
tunggilipun, sareng wanci enjing dinten septum wau anggenipun anglantun duugi ing
Kedhungdhomas punika, mirsa jisim kumbul-kumbul wonten ngulekan lajeng dipun
entas kawastanan biyangipun wusana sanes tumunten bau Kertadiwongsa wau suka
sumerep dhateng bekel ing dhusun Kandhi ngriku, ing smanakge jisim dereng wonten
tiyang ingkang ngaken sanak sadherekipun.
Sinerta ing dhukuh Karet kaping 11 Maret 1872
Katandhan Turida.

Wektu ing dinten Kemis kaping7 wulanmaret taun 1872 kula maos serat bramartani
ongka 10 pinuju drenjuhi pangalembananipun kang jajuluk TRusdhasatra, dhumateng
bupati ing Mageytan pitembungipun ingkang tumrap dhateng Sastra, dhemes alus,
rosipun sekeca sanget kula seklangkung kapenuk saged ingkang kados makaten mawi
dipun dekeki tembung kawi sakedhik kawenipunmakaten: 1, tembung Kementyan 2
siswa, 3 pawiyatan, 4 karajinan punika punapa kawi sadaya punapa mawi kaselan ing
tembung sanes, ingkang punika sangking atur panuwun kula, manawi andadosaken
parengipun ing panggalih, kang jajuluk Trusdhasastra, mugi kula kaparingan sumerep
tetesipun, kang kasebut ing nginggil wau, ngiras pantes kadamel lelantaran wanuhm
kalih dene kula nyuwuun katranganipun sasebutan nama sampeyan raden punapa mas
mugi kalebetna wonten serat kabar Bramartani,kangsupados sampun pakewet anggen
kula ngaturi seratpanjenengan sampeyan tiyang kula sumedya mendet mitra yen
kepareng boten langkungpanuwun kula sampun katampen kula wau ngupak
utawijujung angantepaken sadaya cariyos kula punika sak wantahipun kemawon
ewadene yensami ginanjar wilujen ging sadayanipun ing wingking taksih kathah
ingkang badhe kula tangledaken tembung kang kula dereng saged ingkang pardu
kang nyumreprepi. Sinerat ing ngargamadya tana Surakarta kaping 12 Maret taun
1872 Katandhan Bratasusastra.

Panjurung minongka wangsulan mugi katur mitra kula inggal ingkang sisilih nami
kusumawicitra, ingkang sawek karsa titinjo wontening pasamuwan Bramartani.
Ri sampuning kaurmatan kula winantu ing Taklim akathah kathah wiyosipun, kula
sampunnupiksani serat sampeyaning tatumrab ing Bramartaniongkang 8 ingang
medal kemis kaping 22 pebruwari 1872 katiti ing nagari Ngayogyakarta wulan
Dulkangidah taun Be sinengkalan Nirmuluk, Bremana tunggal, menggah suraosipun
akathah-kathah, inggih sampun kula pariksani resik boten wonten kalangkungan,
sangking sih palimarma sampeyan, aparing osiking manah ingkang kabeturon,punika
sakalangkung andadosakensuka pirenanin gmanah kula, kanthi panuwun sanget.
Makaten ugi sangkingprakawis mitra kula Open, anggenipun karsa paring urun-urun
bebalungan wangsalan ugi sampunkathah ingkangkula tampeni, samanten punika
rikalanipun kula dereng ngaturi wangsulan anggitan wangsalan,kula ugi
sampunngaturi wangsulan, mratelakaken manawi kapinujon riwenging manah.
Makaten ugi sapengkering serat wanggsulan kula lajeng nungkangaturi icip-icip
anggitan wangsalan samun kaping kalih rambahan, malahkula angajeng-ajeng
wedalipun,saha kula sampun andaberniing panginten, mila dereng kawedalaken,
sakinten papapanipun dereng sela, amargipinuju kathah kabar ingkang perlu. Ingkang
kapingkalih bab pitakenipun mitra kula darmakondha, kawenipun badan sakojur,
sasolah bawanipun, punika temen manawi kula dereng mangsuli,jalaran saking
kodhengipun manah kula, utawi riribet wau numpa-numpa, mila leres bilih
kawestanana kabesturon, ing wasana mugi samapun kagalih punapa-punapa,boten
langkung cumadhong aksama ingkang agung, saha prakawis punika, kula
nyumanggakaen para sarjana. Ing nagari Surakarta kaping 27 Besar Be sinengkalan.
Tanpa ilang bujongga nagri.
Katandhan Mitranta pun Trusdhasastra.

Manjurung ing Bramartani, sinawunga smaradana, akathah-kathah kang tabe, katur


ingkang saudara tuwanF.L.Winter kang pangkat pilenggah redhaktur Bramartani
surakarta. Bilih tuwan anyondhongi, pinareng sela ingpapan,pinacak kadi punage,
panjurung amba punika, sayogya tumanduka,mitra ulun kang begsandu, open
kangsisilih nama. Daruna ulun ngaturi, wangalan sambetan ngarsa, tan kathah naming
sapele,muhung kinarya rarenggan. Mamrih regenging Koran, Bramartani away
samun, sokur wonten kang paedah. Rehning punika namyanggit, sepen ing
wewatonira, naming andhesinepane, yen tuhu wonten kang lepat, jarwa miwah
tegesnya, saha pamatuting tembung, lan kirnag langkunging sastra. Sumongga karsan
ta dadi, tan sedya suwaleng driya, sumitran taha tadha beh, miwah kaduk bela cipta,
tanlyan among miminta, lumunturing agsama gung, nambah ana kayuwanan. Ywan
sidigyan ulungaggit, tan dipe lamun miguna,mung Bantu wahing sakehe, peparinge
prasarjana, kang tansah ulun laras, ing siyang pantara dalu, kacathet ngandhap
punika.
Sanepa
Jantiwiring, wiring sata padakresna,, angaturi yen pirena galihira
Rantigunung, gunung alit kartasura,,, aja rungeh, yen mijilake wacana,
Beruk lancur, lancur kuda sakupama, ,, yen misuwur, karya ebat ingngakathah,
Bendhawilis, wilisan kang poncadasa,, luwih bathi, yen ruket para sarjana
Ujung palwa, palwa dhampit panambangan,, nadyan thithik, yen ginembong ing
wiyata
Langkapkapuk, kapuk sesumbune pandam,, mesurga, den kenceng pamintanira
Kendhal jeram,, jeramkang cis lelining, srenging karsa,tumuli dijarwanana
Timaputra, putra panggulu ngayoja,, wus kaweca, subronta marsudi guna
Sarahmadu, madune legen kelapa, salamine, ingpanggalih away gela
Doran pethel, pethel agngpangrimbasan,, yen kalimput, away kadung ciptanira
Jarum saya, saya panjang tampang, kena coba, yen riringa manahira
Berkutut gung, gunging tawon tala kisma, iya iku, pitutur mamrih raharja
Titi Sodarsoneng anggit, kaping Tri ari Anggara, besar anuju taun Be, sengkala
kanang rinipta, Nir Muluk Murtiningrat, katandhan ig kang mangapus, Mitranta pun
Trusdhasastra.
Punika kandhakipun cariyos ulam Kutuk
Somahipun dewi Dharani tjutur, nanging salisiban, tanbuh kasidaing laki, dadya
nuksma maring desa ing kasidan. Kang tinuju mongka yayah renanipun, iku umbul
sarwa, lan somahe nyai kesi, sabanjure kongsi dadinin gprakara. Duk angrungu
brahmanba sodha wotsantu, datan pangungunya, ing wasana matr aris, yen kapareng
saking karsa padukendra. Ulam Kutuk punika prayoginipun, mawi kadhawahan,
sageda ruwat pribadi, rehning dewa bokmanawi kalampahan. Milanipun makaten
ingknag saestu, wewah kaelikan,srinarendra nayogyani, kyanapatih wasita kang
dhinawuhan. Mangya byut andhowara pantesipun, kinen prasabena, maring suta kang
ngawarni, iwak kutuk yen mangkana karsa nata. Patih sampun tumanggap kang dadya
dhawuh, yata sang brahmana, amet retna manik warih, sakembaran katur laju
tinupiksa. Sang aprabu angungun sadangunipun, tanpa angandika, dene anamanik
warih, sabiluluk kang praba andiwangkara. Dupi sampun sampeka sinung wangsul,
maring snag brahmana, sarya paring pamrayogi,lamun prapta ing ngybaya pendhak
soma. Wajibipun kang retna maniking ranu, iku ulungena, maring umbul sarwa yekti,
wus benere minta papanggil tinekan. Awotsantun brahmana kalilan mundur,
lawankyana patya, praptaning wisma tumuli, andhawhken ingkang dadya karsanata.
Yata buyut gandhorwara gupuh-gupuh, wawarahing suta, kutuk mangkya amangsuli,
maring patih wasita sarya semu suka. Inggih lamun makaten ing karsa
prabnu,langkung kasembadan, sawatawis arayogi, witning dados kasmaraing kang
tumingal.
Kang saestu saged ugi,kula rumuwatpriyongga, dene kang mongka sisintren, dados
kutuk sanalika, agampil traping karya, dewi Dharani rumuhun, duk wontening
Suralaya. Darbe menga-mengan adi, warni kucing soncdramawa, jalu ruruh kang
pasemon, abusana cara dea,punika yen cinipta, tumuruna dados kutuk, prapta sami
sanalika. SArta ruwatipun malih, amewahi kabingahan, wonten igkang dados elok,
sajatosipun punika, sampurnaning manungsa, kang dereng widagdeng kawruh,
kamulyaning sang kan paran. Arininpun nyai Kesi,kang ngawasta empu Prastha,
prenah ipe dados ipe, denira sang umbul sarwa, makaten atur amba, pawestri wasta
pun Rembun, semahipun empu Prastha. Arining sang sarwayekti, ruwatipun kang
wekasan, dhaupa malih ng tembe, kang supados sami suka, makaten tegesira, ruwat
pisan saking kutuk, dados kucing condramawa. Bokmanawi ken saruwi, kengetan ing
patembayan, denira katemban tumon, lalangenipun ing kina, kang kucing
condramawa, ruwat malih kang saestu, waluya jatining janma. Sumonggeng karsa
narpati, atur kawula sadaya, dremi lumampah kemawon, boten ta yen kabentaha,
kaduk tyas kumawawa,makaten ingkang saestu, kados rare taksih mudha.
Punia taksih wonten candhakipun.………

PUNIKA CARIYOS BABAD MATARAM


Apan naming antara sawengi, sabedhahe kitha Pasuruwan, ki Jasuponta undure, baris
jurang perau, panenag dhdheg malangirng margi, sagung wadya mataram, tan
sinungan wangsul, ajibeg jurang baita, wus mayar sasagung kang para bupati,yen arya
Jasuponta. Jurang palwa ingkang den tuguri, dadya gunemkang para dipatya,
kimartalaya dilinge, paran ta wadinipun, ingkarsane srinarapati, ki arya Jasuponta,
aneng Marga tugur, upama sun dikakena, ambedhaha nagari liyan puniki, apa nora
winekas. Jeng Pangeran Purbauya sigrangling, bokmanawa nacahken barana, ki
Jasuponta lakune, nanging ta dudu iku, kidipati Mandura angling, tinedha tinerajang,
apa kang pinadu, pangram purbayangandika lah ya paman prasasat geger
matawis,kang tugur rang palwa. Pan kawula wau kidipati,mandura reja denira
ngucap,angrasasalahe dhewe, ki seca sepaneku, duk miarsa anulya pamit, marang ki
Martalaya, wus budhal rumuhun, wus praptaing jurangpalwa, kuyai Dem,ang
WEdana ngrangkepi baris, pangih lan jasuponta. Demang Singawedana angarti, wau
ingkang arsa anerajang, pangram Mandurarejane, jasuponta gya mantuk, wus graita
sajroning galih, kaya ujar mangkana, kang den ajak wau, dene ta nora narajang, dyan
ki arya Jasuponta budhal aglis, sangking ing Jurangpalwa. Wus miyarsa wau
sribupati, yen ki Arya Jasuponta budhal, sangking ing patugurane, saksana nulya
maju, sagunging kang bala Matawis, tanlami aneng marga, sengkala ing ngetung,
nenggih trus katelu jadag, wong linuwih Jayasupointa wus prapti, aneng nagri
mataram. Dyan warnanen wau kidipati, Martalaya miwah pradipatya, prapteng
Mataram lampahe, wus katur mring sang prabu, duk bedhahe kutha ing wengi, yata
sagung dipatyua, kang boyongan katur, trusdha ing Dirya jeng sultan, Jasuponta datan
arsa tur upeksi,, ngandikanmring jro pura. Sapraptane wau jroning puri, neng
ngarsane jeng sultanngalaga, Jayasuponta ature, duk wonten jurangprau, ingkang arsa
nerajang wani, pangram Mandura reja,nanging datan tulus, anerajang patuguran,
srinarendra liringe asemu wingit,nanging datankawedal. Jasuponta wau nulya pamit,
tan antara pan ana tricondra, ucapena nagri Pajange, wus karsaning hyang agung,
adipati ing Pajang balik, rembaglawan pangeran, mandurarejekul apan dadi
lelayangan, samangsane ing benjing tengahing jurit, pangram Mandurareja. Pan
rembage ngamuk sangking wuri, marang wadya bala ing Mataram, apan wus dadi
rembage, nanging nora weruh, dyan warnanen sinarapati,pan lagya siniwaka, kang
para nunganung, santanapara punggawa,myang satriya prawira lurah prajurit, andher
ing ngarsa nata. Singaranu majeng awotsari, alon matur mring sultan ngalaga, nagari
pajang mangke,paninggih badhe mangsul, bongga dhateng tuwan narpati, wus ageng
kang gagaman, mengsah sang aprabu, eseme asemu cipta, sampun dugi wijile
amitambuhi sang nata anggandika. Lah ta mongsa mengkono wau gi, ya sipaman
dipati ing Pajang, nanging ta sun yektekake, mantra anom sireku,tumanduk na
mringPajang aglis, sira mundhut ta kuda, sedum baranipun, paman arya
Tambakbaya, kang ingutus mantra anom awotsari,engser sangkin gngajengan. Pan
amawi surating narpati, lampahira wau mantra mudha, marang ing Pajang lakune,
datan kawarnengenu, sampun prpta ing Pajang enjing, wananen sang dipatya, ing
Pajang taw au, enjig pan lagya sineba, pan kasaru praptane duteng Matawis,
dumrojog neng ngayunan. Mantri anom lon denira agling, lah dipati nedha
tampanana, prabu ngalaga surate, dyan tinampan gupuh, duk winaos sinuksmeng
galih, yata dipati Pajang, angandika arum, Tambakbaya kudanira, muni nglayang
punundhut marang sang aji,nah angger ing ngandikan. Ya sidomba pinundhut sang
aji, kaya paran babo aturira, dyan Tambakbaya wuwuse, yen pun domba pinundhut,
luhung umur kula puniki,lawan bojo kawula, katur mring sang prabu, nulya lengser
Tambakbaya, kudanira semana dipun titihi, pan sarwi muter watang. Atetegar
kudanya anirig, Tambakbaya wau wuwusira, yen ta meksi ya kang duwe, pasthine
nora tulus, pan sidomba mring jeneng mami, ki arya Tambakbaya, sarwi unclang
lawung, anjewe ing kulitira, upamane kulit ku ngong anggo jurit, nadhahi wong
Mataram. Pesthi yen kanggo satengah sasi, den pepanas utusan Mataram, malongo
dulu solahr, tan pamit unduripun, mantra anom nander kepati, tan winarna ing marga,
wau lampahipun, rahina wengi lumampah, sampun prapta nagari Mataram enjing,
srinarendra sineba. Kagyat ningali srinapatati, mantra anom majeng awotsekar, katur
sadya solahe, arya tambakbayeku, sakalangkung amanas ati, mesem sajroning nala,
wau sang aprabu, osiking dirya mangkana, sapabaya kang prayoga anindhihi,
anglurug marang Pajang. Anging iya mandura rejeki, sun tuduhe anglurug mring
Pajang, dimene ewuh atine, iku kang gawe mungsuh, angandika srinarapati, eh dipati
Mandura, sira ingkang patur, angluruga marang Pajang, angirida sagung puta dika
sami, kabeh wadya Mataram. Sakathahe punggawa Matawis, padha sira
nguculkenpanglampah, desa Pajang sarupane, boyongen wonge iku, padha sira peken
pribadi,yata sagung punggawa, nguculken pan sampun, utusan marang padesan, embe
boyong ucupen wau sang aji, kondur malbeng wingkingan.
Sagung punggawa sewaka, makisih andher aneng ing ponca nitih wonten utusansang
prabum medal sangkin gjoropura, sarwi bekta waos leligan puniku, pinaringken ki
Mandura, dipati sigra nampeni. ………………..

Kauningana para priyantun sadaya, manawi tuwan Panerken ing sapunika sampun
dhateng ing Surakarta, amondhok ing Losmen sarta ambekta barang dagangan mas
inten erloji, karset kalung jene sapanunggilanipun skalangkung endah-endah.

Tuwan Y.Biselar ing Surakarta, aside bara tuwin renda jene kados kang
kapratelakaken ingngandhap punika.
Barang jene kados Poletmayor` 1 elo regi 45 rupiyah
Barang jene kados Poletnan 1 elo regi 35 rupiyah
Barang jene kados Poletnan 1 elo regi 32 rupiyah
Barang jene slaka kados Poletnan 1 elo regi 32 rupiyah
Renda jene wiyar 3 ½ dim 1 elo regi 15 rupiyah
Renda jene wiyar 3 dim 1 elo regi 9 rupiyah
Renda jene wiyar 1 ½ dim 1 elo regi 7
Bilih wontenpriyantu ingkang karsa tumbas kenging pikantuk saking tuwan
F.L.winter

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni
uar sarta pirantos ingkang pancenkangge ngecet pigura utawi kareta, pnapamalih
pulas warni-warni pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.

Ngayogyakarta
Para priyantun ing ngayogya karta,ingkang taksih sami nyambut arta patumbasipun
serat Jurumartani,ing kala rumiyin kula aturi ambayar ingkang tumunten, asanget
panuwun kula dene arta wau kenging kabayaraken dhateng mas Atmajawriya ing
Ngayogya,Kang kula pitados anampeni saking para priyantun wau.
Katandhan tuwan F.H.Jaspre
Tuwan Singsisnem mentas nampeni dagangan enggal saking negari Prasman kados
kang kasebut ing ngandhap punika, sutra sutra warni-warni lurik biru, wungu, ijem,
satunggal elo naming tigang rupiyah, lisah wangi dherus,nlathi, mawar, pendel
abrit,tuwin sanesipun kados daganganipun swargi tuwanKonasepuh, topi Bludru
utawi sutra warniijem, tuwin wungu, wangunipun endah, bulu bulu warni-warni, sutra
rondhehut kadamel kuluk kanigara tuwin tudhung, sutra murjene tuwin pethakan
kadamel kuluk tuwin sabuk, gombyok samir kadamel kuwas tudhung, barajene, renda
tepi jene kadamel pliseir kembenpanganten, peso cukur inggris regenipun naming
gangsal rupiyah, tesmak alus regenipun naming sekawan rupiyah, wadhah ses berlin
mamas, pethen wadhah barnag mas inten, endah wangunipun warni-warni, bekakas
militer upsir sapanunggilanipun pepak, sengkelat tuwin trikomagasin, sepatu warni-
warni.

Tuwan Singsisnem nampeni daganganpakeyan bendi, pakeyan karata, kapal kalih


tuwin kapal sekawan, mawi sekaran berlindamelan Inggris endah tuwin awet, semir
inggris damel gilap kados perlak tuwin awet sarupaning barang waucal, sablek
naming setangsul manawi tumbas sadhosin kalih rupiyah setengah, topi kusir tuwin
kenek modhel enggal kados tuwung, rak tosan wadhah minuman cekap kawadhah
satus gendul naming slangkung rupiyah, gembes wadhah wedang tuwin konyak,
gribig prasman wiyaripun sekawan taki, saelo tigang rupiyah, bludru sekaran kadamel
sabuk tuwin tudhung, cita sembagi, kurasi, jinggalika, wiyaripun sae lo langkung
tigang prapat, sendhok porok, sendhok manisan tuwin sendhok toberlin mawi
tanggungan boten malih tuwin awet.

Lelang ing Loji Wetan


Benjing ing dinten Salasa tanggal kaping 9 april wulan ngajeng punika badhe wonten
lelang barang warni-warni, gadhahanipun tuwan Buharet guru pamulangan Walandi,
ingang badhe ngalih saking Surakarta.

Regi 2 rupiyah 50 sen


Prangkopos bayar kenceng
Kula tuwan JOnasortir enko, angaturi uninga dhumateng para priyantun manawi
anggenkula angecap serat pawukon ing sapunika sampun ramung, serat pawukon wau
tetedhakan saking ing ngelbet karaton sarta sampun kaecahaken dhatengpujongga ing
Surakarta

Para priyantun kenging pikantuk tumbas barnag daganganipun took pangecapaning


Surakarta, kadosta.
Potlot warni, 12 sabengkek regi 3 rupiyah
Potlot Paber nomer 1 sabengkek regi 3 rupiyah
Potlot Paber nomer 2 sabengkek regi 3 rupiyah
Potlot Paber nomer 3 sabengkek regi 3 rupiyah
Potlot biru tuwin abrit satunggal regi 25-30 sen
Gagang potlot kenging kasantunan 1 iji regi 50 sen
Lei Paber, tangkeban satunggal regi 1 rupiyah 50 sen
Lei paber tangkeban satunggal regi 2 rupiyah
Lei Paber tangkeban satunggal regi 2 rupiyah 50 sen
Grip paber alus sanget sadhusin regi 50 sen
Grip paber kadamel saingga potlot sadhisn regi 1 rupiyah
Lak warni 6 kadosta: abrit, biru, wungu, cemeng, klawu, ijem, sadhus regi 3 rupiyah
Buk A,B,C, mawi gambaran sakalangkung mikantuki kangge amulang rare, satunggal
regi 1 rupiyah,
Jonasportir enko.
Ongka 14, Kemis kaping 4 April 1872
Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, sami kaaturan bayar
patumbasipun ingkang tumunten.
Tuwan Jonasportir.

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Kabupaten Galuh, Bawah Cirebon
Mas Wirabrata, Mantri Kopi ing Dhistrik Ciyamis kakulawisudha dados wadana ing dhistrik Kali
Raden Seadinata, mantra Kopi ing Rancah, kaelih dados mantra kopi ing Ciyamis
Mas Ongkadisastra, juru sera ting Dhistrik Kal, kakula wisudha dados mantra Kipi ing Rancah
Raden Padmadikusuma, Juru serat Jaksa ing Galuh, kakula wisudha dados Juru sera ting dhistrik
Kali
Mas Karsasubrata, magangan ing Kantor Asistern REsidhen ing ngriku, kakulawisudha dados
Juru serat Jaksa ing Galuh.
Raden Onggapraja, wadana ing dhistrik Pajalu, Galuh, kaundur saking pandamelanipun kalayan
urmat mawi kaparinganpansiyun 50 rupiyah sawulan
Mas Prawiradibrata, Mantri Kopi ing Argalingga, dhistrik Waja,kabupaten majalengka,
kakulawisudha dados wadana ing Panjalu
Raden Sunyakusuma, Mantri Ulu-Ulu ing dhistrik Majalengka, akula wisudha dados Mantri Kopi
ing Argalingga, dene ingang angentosi dados mantri Ulu-Ulu ing samangke dereng wonten.
Mas ARgawigena mantra Pulisi wadana ing Jatiwangi,kakulawisudha dados mantra Ulu-Ulu ing
dhistrik Maja, dene mas Wiradipraja ing Conggeyang, sumedhang, kakulawisudha anggentosi
Mas Argawigena wau.

KABUPATEN CAREBON
Raden Ngabei Reksadireja, Kliwon kabupaten Kakulawisudha dados Ajung Up Jaksa ing
Carebon
Mas Wira Malayadipura, Juru serat kabupaten kakulawisudha dados kaliwon kabupaten
Mas Sentanadireja, Magangan ing bkabupaten kakulawisudha dados Juru serat
Mas Demang Sujanawena, Ajung Up Jaksa ing Carebon kaundur sakin gpangkatipun awit saking
sakit.

Nalika tanggalkaping 16 Maret ingkang sampun kapengker kanjeng pangeran Adipati Kasepuhan
sampun kaangkat jumeneng sultan kasepuhan ing Carebon sarta benjing tanggalkaping 5 april
punika,badhe katetepaken wonten ing kabupaten.
.
PASURUWAN
Raden Ariya Sastrawinata, Bekel ing Dhistrik Kebon Candhi, kakulawisudha dados Wadana ing
Winongan.

SURABAYA
1. Mas REksawijaya, kang wau Jaksa Bageyan, ing mangke kinulawisudha dados ajung
Jaksa ing Majakerta, kapatedhan balonja 75 rupiyah sawulan.
2. Mas Wirabaya, kang wau Mantri Aris Dhistrik Jawi Kitha Surabaya, ig mangke
kinulawisudha dados, Mantri Kumetir Kopi, ing Trawas, Majakerta, kapatedhan Balonja,
45 ruiyah sawulan.
3. Mas Bei Prawirakusuma, Bekel Ulu-Ulu Bendungan, ing Langkong, Sidaarja, ing
mangke kunulawisudha dados Bekel Taman, Dhistrik Jenggala, No,4 Sidaarja,
Kapatedhan Balonja 100 rupiyah sawulan.
4. Raden Bei Tirtakusuma, kang wau bekel, dhistrik Rawi Pulo, I Sidaarja, ing mangke
kinulawisudha dados Bekel Ulu-Ulu ing Lengkong, kapatedhan Balonja 50 rupiyah
sawulan.

CARIYOS TUWIN PAWARTOS WARNI-WARNI


Serat pakabaran Walandi, anyariyosaken manawi ing samangke para tuwan ingkang
nguwasani lampahing kareta latu, sampun karsa anamtokaken manawi kareta latu ingkang
pancen kamomotan barang kakintunakendhateng Ngayogyakarta, ing wekdal punika
kalampahaken rambah kaping tiga ing dalem 7 dinten ananging kuciwanipun kathah ing
waragad boten pipratelakaken pisan.

Dereng antawis lami, paprentahan ing nagari Cina, angintunaken tiyang bongsa Cina
neneman kathahipun 14 dhatenging kitha Paris menggah tiyang neneman wau sami turunipun
tiyang ageng, wondene ingkang angirid lampahipun pangagengingtiyang Cina apangkat
mandarin nomer 2, tiyang neneman wau nalika angkatipun saking nagari Cina sami
amangangge cara Walandi, naming Manderin ingkang taksih amangangge cara Cina, ing
salajengipun paprenthan nagari Cina ingsaben taun badhe karsa angintunaken bongsa Cina
kadosingkang kasebut ing ngajeng wau dhateng kitha Paris suapdos kawulanga ing
tatacaranipun Walandi, sarta sakathahing waragad badhe kabayar saking paprentahan ing
nagari Cina……….

BAGELEN
Ingkang kasebut ing serat kakancinganipun Kanjeng Tuwaningkang wicaksana guprenur
Jendral ingIndiya Nederlan sampun katamtokaken manawi kabupaten ingNGambal
Paresidhenan Bgelan ing sapunika sampun kakumpulaken kaliyan Kabupaten Kithaarja
Kebumen tuwin Karanganyar, tuwanAsisten REsidhen Pangkat NOmer 2 ingknag ngasta
paprentahan kabupaten ing kithaarja wau kabawah dening kanjeng tuwan residhen ing
Bagelen.

Serat pakabaran Walandi anyariyosaken manawi sert kukum ing ngatasing bongsa
tanahjawi,ing mangke sampun rampung sarta ing sakpunika saweg katedhak ing tembung
jawi tuwin Malayu, watawis ing wulanJuli ngajeng punika badhe kalimrahaken.

BATAWI
Tiyang estri anama Babu Sarinah agagriya ing Batawi, sampun rambah kaping 20 anggenipun
kekesahan dhateng nagariWalandi dherekaken para Nyonyah ingknag mantuk dhateng nagari
Walandi, utawi para Nyonyah ing nagari Walandi dhateng ing tanah Jawi.

SURABAYA
Tuwan Dhokter Tombring angaturi uninga kawrat ing serat pakabaran manawi tuwandhokter
wau kadugi anjameni tiyang mlarat ingkang gadhah sakit maripat tanpa waragd naming karsa
amitulungi kimawon dene titiyang miskin wau sami kapurih dhateng griyanipun ing Gresik
awit wanci enjing jam 7 dumugi jam 8 utawi ing wanci sonten awit jam 4 dumugi jam 5.
SURAKARTA
Kala ing dinten Senen tanggal kaping 1 wulan punika, ing wanci jam 9 enjing wonten tiyang
nayab luymebet ing galdri griyanipun tuwan Singsis seuh, sarta amendhet pangidon kuningan
ananging konangan lajeng kacepeng dening rencangipun tuwan Singsis wau.

Kagungan dalem kebon sayuran ingkang winastan ing Gendhingan prenah sakilenipun
sitinggil ler,salebetipun wulan Mnaret ingakng kapengker punika wonten uwit pisang ingkang
katingal radi aneh,mila makaten amargi bonggolipun ing ngandhap malethek medal
tuntutipun sarehning ytuntut wau wedalipun radi anunjem mangandap dados
ingngajenganipundipun dagangi wiyaripun satengah dhepa supados sageda lestantun
dadosipuun pisang, wondenten tuntut wau awit katingal ngantos dumugi ing sak punika, para
tiyang jaler estri tuwin sanesing bongsa saben dinten boten wonten kendhatipun ingkang sami
aninggali,boten sakingpunapa naming katarik saking adapt ing wekdal punika para tiyang
jaler estri sami remen dhateng bongsa titingalan ngadenten ing sapunika tuntut sampun
merger katingal pisangipun saweg tigang irang, tawi jugangan sangandhapig tuntut wau
wonten saweripun cabe amanggen ing ngreiku agengipun naming sadriji.

Serat kikintunan saking Purwareja, Bagelen


Wonten larejaler anama pun Paiman ing dhusun Prumben Dhistrik Luwanu, pinuju
satunggaling dintenpun Paiman wau aleledhang wonte ing ngereng-ereng rediingkang boten
tebih sngking griyanipun, wonten ing ngrikulajeng manggih supe jene, 13 iji dados sak
panggenan supe jene wau warni-warni wangunipun, sakinten ing kalarumiyin
panganggenipuuntiyang buda, sadaya wawratipun 30 dhuwit, wondenden ing sak punika supe
wau sampun katur ngarsanipun parentah.
Katandhan sokur.

Panjurung Bramartani
Ing nagari Pasuruwan ingkang rumiyin rdinanipun sampun prayogi ananging leter kimawon
ramila saben rendheng adamel susahipun tiyang alit amargi boten kendel-kendel angurug
radinan kaliyan wedhi lasak ing samangke karsanipun kanejng tuwan Residhen utawi kanjeng
raden Adipati dipun wangun malih ingkang mengidul sakin gpawuruwan, dumugi wates
malangm ingkang mengilen saking Pasuruwan dumugi wates Bangil ingkang mangetan sakng
Pasuruwan dmugi wates Prabalingga, margi wau kadamel geger sapidene ingkang kadamel
urug ing ngandhap sela ageng-ageng gnantos gotong kalih lajeng katumpangan padhas dipun
tumbuk lajeng katumpangan sela sanbluluk lajeng katupangan pasir alus lasak lajeng
katumpangan krikil kasar dipun lebi toya lajeng dipun tumbuk ngantos mapet sanget, ing
sakpunika margi ageng sampun langkung prayogi, denelampahing kareta utawi cikarpir cikar
grobag gelindhing sampun sami sekeca, tatkala pangarapipun radinanpara wadana
sapangandhapsami damel pasanggrahan wontenpinggir margilangkung sangking rame sarta
tharik-tharik kadidene pakajangan sadaya pondhokipun ara wadana sami manjer bandera
nabuh gongsa teledhek ngelik adamel sengkudipuntiyang urug urug yen dalu janggrungan
neng margi, kanejgn tuwan residhen kanjeng raden adiati tigang dinten sapisan karsa tindak
amriksani radinan.
Katandhan Panji Ja Sudirja

Manawi pareng karsanipun saudara tuwan Redhaktur saha wonten selaning papan panjurung
kula punika mugi kapacaka ing Bramartani, sangking sanget gumuning manah kula dene
salamenipunkula dereng miring kabar saweg ing taun punika, samangke sangking karsanipun
kanjeng tuwan P.W.A.Pansepal residhening nagari Pasuruwan sampun anggalihpara
abdinipun magang ing kantor ingkang sami pethel tur parigel ing pandamelanipun saha
ingkang wekel tumemendhateng pandamelanipun sami kaganjar presen kados ing ngandhap
punika. Bagus Abdullah, 50 rupiyah; Raden Muhammad Janal alim, 50 rupiyah; Jakat Arli,
50 rupiyah; Larana Sirin, 50 rupiyah; Raden Padmadirja, 50 rupiyah; Gus Rusiyan, 50 ruiyah;
Gus Surareja, 50 rupiyah. Menggah dhawah ing ganjaran wau kala tanggalkaping 13 wula
Maret 1872 Pamujhi kula dhumateng kanjeng tuwan residhen mugi ginanjar raden ing allah
kalenggahan ingkang langkung sakingpunika, punapa malih ing saestonipun para magang
tamtu anyaekaken dhateng saseratanipun utawi badhe wekel taberi ing pandamelan. Kaserat
ing Kampung Gocekan Pasuruwan tangal kaping 27 wulan Maret taun punika, 1872 sengkala
jawi,janma ngumbara nganing putra, pratondha Raden Panji Jayasudirja

Sinaroja sagung tabe, winantu kaurmatan mugi kaatur ing panjenenganipun igkang saudara
tuwan redhaktir pilenggah ing nagari Surakarta. Manawis audara nglilani, saha sela ing papan
serat pitakenan kawula, dhateng para mimitr kula ing urwareja, supados wontena karsanipun
saudara, maak ing Bramartani.
Sarehning sanget adamel kodheng tuwin gumujengipun tiyang, wonten bakul anggadhahi
bebasan yen ngeloken berahipun, ingkang kalepatan miwah tanduk sembrana, wicantenipun,
Ah, glah-gleh kaya Jayadi, kula pitakeni boten mangertos menggah tanjanipun, ceiyos
anggene ikantuk bebasan saking Purwareja (Bagelen), kawontenanipun bebasan inggal, mila
kula nyuwun priksa,dhatengpriyantun ing PUrwareja, dunungipun kados pundit, kula miring
swek sapunika, yen yektos bebasan saking Purwareja, tembtu wonten ingkang para berkah
menggah tanjanipun, nyuwun supados kapacak ing Bramartani.
TErbangi ping 5 Sura 1801, kawula Sura Semita

Panjurung minongka wangsulan serat Bramartani, ongka 10 wulan Maret punika, wonten
panjurungipun itra kula ingknag asisilih nama, bodho ing ngriku apitangled serat
Darmawulan manggeniun sempalan punapa jejer, ingkang punka sarehning para sarjana
dereng wonten ingkang karsa angering katrangan manawi pareng kula angaturi seserean
sokur yen andadosaken rujuking panggalih menggah serat Dmarwulan wau, anggitanipun
sawargi Suhunan Benang, lalampahan Jaman Majapait tengahan sareng jaman nagari
Matawis dipun wangun dening pangeranSekik kalayan Sekar macapat sakin gpamangih kula
yen leresipun ugi sempalan yen tumrap serat Babat punika buk nitik ingkang dipun
ganjaraken wondene leres lepat kula sumongga, katandhan Open Muridipun
Kridhamardhawa.

Wangulsn minongka panjurung,mugi katur mitrakula ingkang sisilih nama RadenDipa


Baruna. Risampuning kaurmatan kula akathah-kathah wiyosipun, kula sampun ngawuningani
seratipun mitr akula, igkag tumrap ingBramartani ongka 12 ingkang medal Kemis kaping 12
Maret 1872 ingakng suraos mira kula aparing pambatang, babanggen kula ngaturi panjurung
cangkriman, kasebut tiyang estri kekalih,ingkang sami bekta peksi gelathik, sangking
panggalihipun mitra kula ingkang 1 kaleres bekta 7- iji, ingkang 1 kaleres bekta 110 iji
punika mugi sampun andadosakenrengating panggalih margi ing pambatang wau teksih
nalisir ait mangkaten, ingkang saupami ingkang gadhah 70 iji angulungaken dhateng ingkang
gadhah 110 iji punika wonten leresipun amargi sampun etang ikel 60kaliyan 120 sareng
igkang gadhah 110 angulungi dhateng ingkanggadhah 70 kaliyan 120 saengignkang gadhah
110 angulungi dhateng ingkang gadhah 70 iji ugi kathahipun 10 iji punika boten saged sami
kathahipun pun 70 dados 80 pun 110 kantun 100 inggih ugi saged sami kathahipun bilih
ingknag gadhah, 110 angulungi 20 iji dados etag sami 90 sewang.
Menggah leresipun ingkang 1 bekta 100 iji, ingkang 1 betna 140 iji, ingknag saupami pun
100 angulungi 20 iji dhateng pun 140 punika sampun nami tikelan 80 kaliyan 160 iji,
ingkang saupami pun 140 ngulungi 20 iji dhateng pun 100 punika dados etang smi 120
kathahipun sumanten punika mugi sampun kagalih punapa-punapa naming tembung sami
gagujengan awit cankriman wau boten wonten paedahipun naming kadamel ngregengi ign
asamoan bramartani. Ingkang kaping 2, mitra kula aparing cangkriman kasebut tiyang jaler 1
iji andabeni bojo,4 iji ingkang jaler panggaotanipun kesh gegramen menggah ingkang
lampahipun kesah sapisan, pikantuk bathi tikel sareng mantuk arta wau kasukakaken dhateng
bok sepuh 50 rupiyah gobang punika arta telas babar pisan punika sangking karsanipun mitra
kula, kathahipun ing paitan sakawit wau inten mundhut ratelan saking kula. Menggah ingang
dados wangsulan kula, ing sasaged-saged kula inggih ngaturi pambatang kathah kedhikipun
ing paitan wau, sarehning punika dadakan tur nalare meh, nanging sulit sanget bokmanawi
wonten plesedipun anggenkula batang, mugi sampun anggalih dipun gagujeng suka
kamaringana menggah leresipunignn ngandhap punika katranganipun.
46 rupiyah gobang langkung 87 ½ dhuwit ing wasana kula sumongga ing mitra kula, leres
lepat kula nyuwun wangsulan ingkang tumunten.
Sinerat cake ting kapatiyan Surakarta tanggal kaping 19 Mukaram taunWawu ongka 1801.
Katandhan TRusdhasastra.

PUNIKA CANDHAKIPUN CARIYOS ULAM KUTUK


Mongka luwangkang utami, babasaning kasujanan, wigya punika yogyane, rinawatan
mungguhing wuntat, dados tan kawistara,tiningalna bodhonipun, boten kasebut kuciwa. Kya
patih mesem sarya ngling, ye mangkana aturira, becik ingsun saosake, maring kanjeng
srinarendra,supaya kauningan, barnag pangraehan ta iku samana praptaning masa. Kya patih
tumomeng urti, angaturken pamrayoga, saking kutuk kang wiraos, bokmanawi kasembadan
mewahi kaelokan, kaparengan ing tyas parbu, angandika maring garwa. Yayi ingsun
awawarti, bakal ana kaelikan, dene babaring lakon, yen wus ana dhadhaupan, parawan antuk
mina, warna kutuk bias muwus, iku yayi yen smbad. Mangkya padha den yekteni,
amamanton ing jro pura,yayi mangkuwa kang wadon, ken saruwi aranira, sutaning umbul
sarwa, dene ingsun kang ngamangku, panganten jalu prayoga. Warna kultuk aawangi
Jakadeleh ingpaoman, kang susuta sajatine, iku buyut Gandhowara, wardaning wong
paoman, duk miyarsa dewi wastu, gumujeng matur sandika. Denya kaelokan yekti, kaya
paran purwanira, ing titi kakang mangkono, srinarendra wus sajarwa, saliring lalampahan,
dewi Watu suka ngungun,kadarpeng tys daya-daya. Mangkana srinarapati, rembag lawan
kyanapatuya,kan dadya kasidaning reh, kyanapatih aturira pukulun yen sambada, mangka
dalu ulam kutuk, kinen ruwat dados janma. Ing ngantawis samu keksi, samaptaning kang
buisana, kaprenahken kinen manggen,dhatenggedhong padhaupan,makaten ing pratingkah,
dipun awadi satuhu, sampun ngantos kawadaka. Tumunten rarasa ruwi, kapundhut
malebetira, sangadinipun ing mangke, siningidaken nika, wontening dhatulaya,
kasembadaning tyas prab kawistareng pangandika. Patih kinen andhawuhi, maring kutuk den
atanggap, ingkang dadya karsa katong, nulya arya manungkara, iang kinen andhawahana,
maring umbul sarwa iku,lebuning suta wanudya. Samana pareng wotsari, wus sami kalilan
medal, sowing sowangan undure, ancanging kang winursita, ing ratri kaleksanan, samantara
kutuk sampun, nirmala ruwat priyongga. Daya madungsa sajati,manungku tyasa nalika,jroign
lancangana katon, kutuk mamalihanira, kang kucing condramawa,mangkana kyapatih
samun, angirid kan wus rumuwat,. Dupi praptaning arsaji, datan kongsi sinambrama, kinen
tumamang jro gedhong,badhe panggenan pangantyan, gantya kang kawuwusa, ken satruwi
lebetipun sreng sadalu punika.
Punika taksih wonten candhakipun.
Para priyantun ingkang sami tumbas barnag ing nglelangan nalika ing wulan dhesember
ingkang sampun kapengker, sami kaaturan bayar ing salebetipun wulan Arpril punika,bilih
boten bayar badhe kagugat ing pangadilan. Katandhan tuwan Bosower, Pangageng ing
lelangan ing Surakarta.

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan pethen panyukuran mawi isi: peso cukur kalih, peso
gapit, gunting, kikir kuku, jungkat, sikat pakeyan, sikat unu kaliyan kuku, wadhah sabun
utawi pupur, kaca, usar cukur, cucal panggosokan lading, regenipun naming sadasa rupiyah.

Buk A.B.C. Mawi gambar regi 75 sen


Buk waosan ing tembung Walandi prayogi kangge mulang lare 1 rupiyah
Buk Tulada sageda anyerat sae, tembugnWalandi 50 sen,
Buk Tulada adamel wiwitan utawi sasekaran warni-warni 75 sen
Sadaya punika bayar kenceng kenging pikantuk saking tuwan Jonasportir enko.

Pethi panyeratan saprapbotipun sadya, ments dhateng sakng nagari Walandi regi 150 rupiyah,
pantes kagem para bupati, punapa malih landhesan kertas kenging kaisenan gambar oto grapi
regi 4 rupiyah, kengin gpikantuk saking tuwan Jonasportir enko.

Serat babad Mataram regi 2 rupiyah, 50 sen,


Serat Pirasatipun tiyangjaler tuwin estri 50 sen
Mentas rampung
Serat pawukon regi 2 rupiyah 50 sen prangkopos bayar kenceng.
Kula tuwan JOnasportir enko, angaturi uninga dhumateng parapriyantun manawi anggen kula
angecap serat pawukon ing sapunika sampun rampung, serat pawukon wau tetedhakan saking
ing ngelebet karaton sarta sampun kaesahaken dhateng pujongga ing Surakarta.

Tuwan Singsisnem nampeni daganganpakeyan bendi, pakeyan karata, kapal kalih tuwin kapal
sekawan, mawi sekaran berlindamelan Inggris endah tuwin awet, semir inggris damel gilap
kados perlak tuwin awet sarupaning barang waucal, sablek naming setangsul manawi tumbas
sadhosin kalih rupiyah setengah, topi kusir tuwin kenek modhel enggal kados tuwung, rak
tosan wadhah minuman cekap kawadhah satus gendul naming slangkung rupiyah, gembes
wadhah wedang tuwin konyak, gribig prasman wiyaripun sekawan taki, saelo tigang rupiyah,
bludru sekaran kadamel sabuk tuwin tudhung, cita sembagi, kurasi, jinggalika, wiyaripun sae
lo langkung tigang prapat, sendhok porok, sendhok manisan tuwin sendhok toberlin mawi
tanggungan boten malih tuwin awet.

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni usar sarta
pirantos ingkang pancenkangge ngecet pigura utawi kareta, pnapamalih pulas warni-warni
pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.

Tuwan Y.Biselar ing Surakarta, asade bara tuwin renda jene kados kang kapratelakaken
ingngandhap punika.
Barang jene kados Poletmayor` 1 elo regi 45 rupiyah
Barang jene kados Poletnan 1 elo regi 35 rupiyah
Barang jene kados Poletnan 1 elo regi 32 rupiyah
Barang jene slaka kados Poletnan 1 elo regi 32 rupiyah
Renda jene wiyar 3 ½ dim 1 elo regi 15 rupiyah
Renda jene wiyar 3 dim, 1 elo regi 13 rupiyah
Renda jene wiyar 3 dim 1 elo regi 9 rupiyah
Renda jene wiyar 1 ½ dim 1 elo regi 7
Bilih wontenpriyantu ingkang karsa tumbas kenging pikantuk saking tuwan F.L.winter

Kauningana para priyantun sadaya, manawi tuwan Panerken ing sapunika sampun dhateng
ing Surakarta, amondhok ing Losmen sarta ambekta barang dagangan mas inten erloji, karset
kalung jene sapanunggilanipun skalangkung endah-endah.

PUNIKA CARIYOS BABAD MATARAM


Sarwi dhawuh ken timbalan, eh dipati timbalane sang aji,kinen budhal besuk kesuk, dene lampah
andika, mungguhing tengah ingiang mungguwing kananipun, adipati ing Sumedhang,wonging
suun kang den tindhihi. Putra dika ki Juminah, ki dipati wontena aneng kering, aliya
sangkingpuniku, Santana munya punggawa, radipati enggene aneng ing wungkur, angiringaa
jengandika, rampung timbalan narpati. Ki Mandura tur sandika,kagyat wau ana karasa ngati, Nyi
Tumenggung wus lumebu, warnanen panangkilan,pradipati sampun bubaran sadarum, prasami
dandan guneman, agunging para rajurit. Ing dalu datan kocapa, wus siyaga yata wuwussen
enjinglpangran mandura rejeku, pepak pra Santana, nuli nembang tengara bendhe angungkung,
para Santana sumahab, prasami atata baris. Wus budhal wadya Mataram, pradipati punggawa ing
Matawis, apan sareng budhalipun, gumerah wadyabala, warna-warna daludag lan umbul-umbul,
lir prawata kawelagar, abrabusanaing mantra. Para mantra barisira, wus atata aneng jawining taji,
pan katunjang baris agung, anglarug lampahira, wong pradesan kang tinrejang gempur tumpur,
prasamya ngepung jro kitha, kang kacandhak den boyongi. Gancanging carita prapta, ing
Dalanggu prapta gaman Matawis, pan naming erep sadalu, enjing e nuli prapta, lampahira ing
dhusun Mayang puniku, kang dadi pangawatanan, ing karandhang denya baris. Yata gantya
kawarnaha, adipati Pajang midhanget warti, yen pangram Mandura wau, kang dadi Senapatya,
paguneman dipati Pajang lan wadu, miwah Arya Tambakbaya, kimandura cidreng janji. Matur
arya Tambakbaya, ingkang boten dipun raosi, mongsa becik aktinemu, kang dipati Mandura,
nadyan silih upama wuwuh mumungsuh, kaya sidhawuk mandura, pan boten kula singgahi. Anuli
nembang tengara, pan gumerah punggawa Pajang baris, kironggajaga ronggeku, prapta
pacalangira, arya Tambakbaya saha wadyanipun,pitungaturs kathahira, kalih atus kang sinelir.
Kajineman kawandasa, lelurahe pun Ronggalalu Laris lan pun Demang Lalulumpur, kalawan
Lamporjaya, lawan Demang Lalu Pejah wastanipun, kalawan ki SEtan Rumab, kalawan Ki
Lindhu Tasik. Kalawan Ki Lindhu Wragsampan Ki Lesus Ki Ronggagonjang-ganjing, kalawan
Ki Sindhuriwut ki Bancol Ngulerkilen Marcukundha Marcundhendha jajaripun kalawan I
Kecilmimang, kalawan pun Barakgesni. Kalawan Banjirludira,lanki Banjir Sagara sisih
neki,kalawan mendhung Galuwug lan Baledheg Angampar, lawan malih banjir Dityaranipun,
kalawanGunasarana, sisih ki Mamangmurkeki. KalawanKi Bajobarat lan Ki Rangsang Biting pun
Sidamati, asisih kilodrabarung,kalawanbanjir Bandhang Banjir Bathang-bathang laut sisihipun
kalawan Ki Juranggrawah, lan Ki Rjak /gonjang—ganjing. Llurahe ngupacara numbak putih
wastaKi Lambangsari, asisihan dakalawung, lawan Gebuk lawedan, Sabuk Parung Sabuk Welang
sabuk Dumung, kalawan sabuk BOndhotan, sabuk dhiwel sabuk kisi. Sapalih wong
Tambakbayan, Kyai Rongga Jaga Rongga Kangirid, wusnya medal kitha sampun, ing
ngawebarisira, sakilening baris Pajang prenahipun, kajineman Tambakbaya, tan ana sedya
ngunduri.
Kawarnaha anyaris sewa wadya Mataram, pangawat kanan nenggih, dipati Sumedhang, miwah
wong \ ingPasundhan, dene ingkang anindhihi, Pangran Juminah, lawan wadya Matawis. Pan wus
celak braise wdya ing Pajang, ayun-ayunan jurit, dalu kawuwusa balane tambakbaya, pan wus
rembuk ngamuk wengi, wong kajineman, baris den awe sami. Titindhihe ki Demang Gunasagara,
pun mamangbuyutsregi, lawan Mamangdana, pun edan saben dina, tumenggung Jagaraga glis,
wong Tambakbaya, lah payo bareng mati. Aja tunggalan wong ingsun Jagaraga, pun Mamang
Kalasrenggi, asru wuwusira,pan sampun walangdriya, tan wonten bedane ugi, lan raka dika, arya
tambakbayeki. Ki Tumenggung Jagaraga angandika, baris karandhangiki, payo tinerajang,yen
sira prang rahina,asthi yen kasoran tandhing,mongsa menanga,jitus lan wong Matawis. Ulya
budha tengah wengi wayahira, wong kajineman sami,lan wong Jagaraga sedya nungkul prangira
semana wus maepeki, baris Mataram, warnanen m\wong Matawis. Tan uninga wong mataram
pamondhokan,baris Pajang bedhili, geger wong Mataram, wong Pajang sami surak, kajineman
bedhil bekik, pangamukira, lir buta mongsa daging. Kathah pejah kang baris aneneg karandhang,
tambuh mungsuh rowangi, gugupan sasaran, samya kathah kang pejah, dipati sumedhang aglis,
ngadeg neng nglatar,ignkang bendhe tinitir. Ingkang wadya bingung tan keneng tinata, pun
Mamangkalasrengi, samana wus prapta,ngarsane kidipatya,s umedhang dipun larihi, kena jajanya
niba sang adipati. Nora pasha ananging nuntek ludira, bingung sang adipati, wadya ing Mataram
kang baris aneng Mayang, myarsa nembagn tengara glis sami siyaga, wadya bala Matawis. Sirna
latrut braise bala sumedhang ngumulw adya matawis, pangeran Juminah, tulung sawadyanira,
acaruk bedhil nbinedhil, kuwel kang wadya,ngungkih bedhil tan muni. Samya riwut tambuh
mungsuh lawan rowang,lir gabah den interi, wangke susun tumpang, kang mati padha rowang,
awit ing prang tengah wengi, wadya Mataram, saya keh ingkang prapti. Adipatiu ing Pajag
sampun siyaga, saksana saregn mijil lan sabalanira,miwah kitambakbaya, sami yun-ayunanjurit
yenwong Mataram sigra bedhil binedhil. Sami golong pangamuke wdya Pajang, sareng tempuh
ing jurit arya Tambakbaya, lir buta amemongsa, lir badhaya den keploki, saparanira,
binendronganing bedhil. Tambakbaya sawadyane ngamuk rampak kukuh wdya Matawis ngungsi
wadya Pajang, nanging pantinadhahan, wong Pajang akeh kang mati, tatane bubrah, nanging
maksa angungkih.

…….
Ongka 15, Kemis kaping 11 April 1872
Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, sami kaaturan
bayar patumbasipun ingkang tumunten.
Tuwan Jonasportir enko

Raden Mas Danuwinata, tilas Ondermester ing madiyun ingkang dereng lami kaundur
saking pandamelanipun ing sapunika kakula wisudha dados Juru serat Kabupaten ing
Madiyun sarta kapatedhan balonja 30 rupiyah sawulan.

CARIYOS TUWIN PAWARTOS WARNI-WARNI


Serat kikintunan ingkang mawi tondha nama pun gumun sampunkatampen menggah
suraosipun apitaken punapa ingkang dados bedanipun manawi sawijining bupati ing Dj,
ing dalem sataun boten anglamapahi caosan,lajeng kaundur sakingpangkatipun mawi
kapatedhanpansiyun dene sanesipung bupati ingkang ngantos tigang taun boten lumebet
caos punika ig samangke lestantun wilujeng boten amanggih kukum kados ingkang
kasebut ing ngajeng wau.

Serat kikintunan ingkang kapacak ing serat pakabaran Bintang Timur, anyariyosaken
manawi ing Tuban wonten satunggaling tiyang jawi, angengremaken tigan kambangan
nalika tanggal kaping 1 wulan april punika, tigan sami neter sarta wonten satunggal meri
ingkang sakalangkung aneh manawi suku sakawan anaming eman sanget dene meri wau
sampun kapanggih pejah.

TEGAL
Ing salebetipun wulan Pebruwari ing Tegal kathah sabin ingang sami risak sarta lepen
alit ingkang winastan Serang, ilining toya angalih dhaeng sanesing panggenan awit
kajugrugan siti ing pareden unapa malih ing wekdal wau kathah margi kareteg tuwin
Bendungan ingkang sami risak awit saking kabanjiran dene kareteg ing Dhondhang
bawah ing Banjar anyar kanyut ing toya banjir wau.

Ing Bramartani ongka 12 wonten pawatos saking kitha Purbalingga ignkang katandhan
Warsiyem, anyariyosaken bab titiyang ignkang sami kasangsaran nalika nyabrang ing
tambanganlepen Klawing celak ipun dhusun Jethis (Purbalingga) wasana baitanipun
kerem punika inggih sawatawis andherek gumun ing manah kula, awit wonten
satunggiling tledhek ingkang kasarasan ko, lajeng mingak-minguk katingal bingung awit
ingkang wau rumaos angangge busana, sareng mentas panganggenipun sami ical
lersipun rak sampun mupus yen piyambakipun ginanjar saged mentas sarta wilujeng
kemawon sampun bingah, wondening pangangge manawi taksih ginanjar gesang sampun
tamtu saged pikantuk malih. Anaming sakedhik ingkang andadosaken cuwaning manah
kula, dene pawartos punika radi kirang terang babar pisan, awit saestunipun tledhek
ingkang mingak-minguk wau wasta pun Sawen, griya ing dhusun Karangsari, Purwareja
panuju badhe dhateng peken PUrbalingga, sarta kesahipun mawi ambekta gundhal
satunggil wsta pun Tiyem asal saking dhusun Mengangkang, Banyumas ananging
gundhal punika ingkang anemahi pejah, jisinmipun pinanggih wonten sangandhapipun
Tambangan wau, wondeneing tiyangignakng nyabrang kaetang jaler estri kathahipun 21
tiyang ingkang 15 sami wilujeng saged mentas utawi katulungan ingkang 6 tiyang pejah
kendhang,among tiyang estri kakalih ingkang pinanggih jisimipun inggih punika
satunggil gundhal pun Tiyem ing nggil wau, dene ingkang satunggilipun punika jisim
ingkang pinanggih wonten ing kedhung Dhomas lepen Sirayu, wawengkonipun dhusun
Kandhing (Banyumas) kados dening ingkang sampun kapacak ing Bramartani ongka 13
awit sarengsawatawis dinten wau jisim lajeng kaaken semahipun tiyang wasta
Tirtadiwongsa, griya ing dhusun Majasem (Purbalingga) menggah namaning tiyang
ngestri ingkang pejah punika pun Jawi. Samanten punika sampun pisan dados manahipun
bok nganten Warsiyem dene kula amastani kirng terang dhateng panjurungipun pawartos.
Sinerat kaping 4 April 1872 Wartatama
PANJURUNG BRAMARTANI
Ing salebeting wulan Jawi Besar, wonten tiyang wasta Wiradongsa padhusunan Cangkrep
kidul dhistrik Cangkrep, anuju wonten sapinggiring lepen ing ngriku manggih arta 1
ringgit, Wiradongsa andugi manawi wonten panunggilanipun, ing panggen ngriku
kaosak-asik, satemah amanggih malih kathahipun 16 ringgit gunggung 17 ringgit, dados
42 rupiyah 50 sen punWiradongsa angkahipun boten sumeja lapur ing pulisi,mila ingkang
2 ringgit lajeng katempuraken uwos ing sawatawis dinteningkang esri acariyos dhateng
tongga tangganipun wekasan kaaturakening pulisi, ing salajengipun kaweningan parentah
ageng Wiradongsa tumunten katarik sarta kapriksa ing ngatasingprakawis punika, awit
salebeting wulan Januwari 1872 pulisi sampuntampi repotipun tiyang nama Sawikrama
ing Bayalali, Surakarta ingkang nuju badhe dhateng peken Brengkelan Purwareja
Bagelen, nyabrang lepen wau klayan bekta art gungunggung 105 rupiyah dhawahing
lepen sak buntelanipun aming boten kacriyos warnining arta, ing samangke dereng
wonten tiyang kang ngaken kaecalan arta ringgit kajai mung kang sampun kasebut
nginggil wau.
Katandhan Giwangkara, Kabuyutan……..

Ingkang siinaroja ing Kaurmatan acanthi taklim, akathah kathah, mugi katur
panjenenganipunmitra kula, ingkang sisilih nama Bratasusantya.
Sasampuning kadya punika wiyosipun kula sampun nupiksani seratipun mitra kula,
ingkang tumraping Bramartani ongka 13 kemis kaping 28 Maret taun punika,
katitimangsan, ing ngargamadya kaping 12 Maret taun punika ugi, ingkang suraos mtra
kula karsa dangu, ungel-ungelan 4 prakawis, ingkang tumrap bramartani ongka 10
wonten salebetingpangalaembana, dhumaeng kanjeng raden mas Adipati ing Magetan,
kadosta 1 Sakamantyan 2 siswa, 3 pawiyatan 4 karajinan, punika mitra kula karsa
mundhut trangipun tembung 4 prakawis wau, punapa kawi sadaya, punapa kaselan
tembung sanes, menggah atur wangsulan kula ing ngandhap punika katranganipun, 1
sakamatnyan tegesipun, sakalangkung, 2 siswa murid, 3 pawiyatan pamulangan tembung
3 prkawis wau,kabaripun sami tembung kawisadaya, 4 karajinan punika kabaripun
tembung Malajeng, tegesipun dhateng bongsa taberen samanten punika naming sangking
anggen kula amirengaken kemawon boten waweton sangking buk boten sangking
paguron naming nyathet pangandikanipun para riyantun ingakng karsa amarsudi tuwin
ginem bongsa kawi, mila sakedhik asring kula ctheti, ingkang supami mitra kula badhe
karsa dangu ing liyanipun kados kula badhe ngaturaken cotho, awit sangking sanget
bodho balilu kula, dene mitra kula ing mangke sedyanipun ing panggalih, bdhe akarsa
atepang wanuh, salajengipun karsa memitran sakalangkung ing pandherek kula.
Wondene bab pandangu pangkatipun ing nami kula Raden utawi emas punika
manawikapareng kula boten ngaturaken katrangan dene badhe karsa atepang
rembaglelantaran serat wontening Bramartani, sasebutanipun ing nami,kados ingkang
sampun kalampahankemawon sangking pangetang kula sampun cekap saha boten
anddosaken ing pamanah kula, awit lampah ingkang samanten punika, sangking
panimbang kula, sisingedan alingan padhang, ing wasana manawi wonten kalepatan
kula,tuwin singgug sikuning tembung, kirng langkungipun ing sstra,lepatipun ing
panyerat ingkang mugi panjenenganipun mitra kula paring pangaksama ingkang agung.
Kaserat ing Balekartibrata, kaping 3 april 1872
Katandhan Mitrapaduka, Trusdhasastra

SUKA PANARIMAH
“ALLAHDALAH” ing sak punika kula angsal jalaran anggenkula sumedya lantaran
gagujengan kalih mitra kula ingkang sasilih Trusdhasastra, sanadyan namanipun ingkang
temenan teksih sasinglon kula sampun marem awiut ama punika ingkang kawentar
wonten Bramartani, sarta botensusah kula terangaken malih. Sarehning kula sampun
sampeyan anggep dados mitra anyar, wangsulan kula tarimakasih akathah-kathah saha
kula kintun pamuji salajengipun mugi lestantuna mamitran wonten ing Bramartani,
sampun angangenangen ingkang kirang prayogi. Wondene sampeyan suka panrimah
jalaran anggen kula ngunggar panggalih kalempit, wangsulan kula sokur sewu mugi
sampun kalintu tampi, amargi kula naming sumedya memungu budi anggrinda nalar,
sareng smpeyan sampun karsa nimbangi saha nuruti pamintanipun mitrakula,open
sangking pnginten kula, open saetawis marem ait rumaos dipuntanduki pamitanipun ing
ngajeng, dados boten nrinakaken tembung. Ing wasana kula amuji lajengipun agitan
sampeyan ingkang kagelar wonten bramartani,supados regeng sarta adamel rena ingkang
kagelar wonten Bramartani, supados regeng srta adamel rena ingkang sami mriksani,
sanadyan para sarjana sanesipun, dugi dugi inggih boten patos nalisir, kalih
pangalembana kula punika. Kajawi ingkang sampun kasebut ing nginggil punika, kula
ngajeng ajeng wedalipun saseratanipun mitra kula ingkang sasilih, darma kondha, leres
ingkang dipun pinta panjarwaninipun mitra kula Trusdhasastra, ananging bab pitakenipun
tembung kawi, sawtawis sampun dipun tegesi, kalihmitra kula ingkang sasilih Open kang
mongka open dereng tampi panarimah, Darmakondha teksih kendel. Ingkang punika
sangking pamrayogi kula sampun ngantos kendel lami-lami, ing ngatasipun bongsa
mamitran sae ingkang gancang, menawi tansah dhuwel kimawon, punika badhe
anyrinakaken sih katresnan. Katiten ing negari Ngayujakarta, Jalma Maletik. Bujongga
Tunggal, Katandhan KA:CA.

Saking panuwun kula, dhumaeng tuwan redhaktur, ingkang angarang Bramartani, yen
wonten selanipun ing ppan mugi serat kula punika, kalebetnaing koran, Bramartani, saha
manawi pinarenging panggalih. Saking kumedah kula angaturi wangsulan,dhuamteng
mitra kula, ingkang silih nama Mas Pamrih ing Kranji, ingkang tumrap ing Bramartani,
ongka 10 Kemis ping 7 Maret anamung sakin gpanuwun kula mas pamrih, kula among
sumedya tuntun-tuntunan,manawi wonten lepat kula, sukabingah dipun lepasna, awit
pitangled sampeyan tigang bab.
1. aja mesgul Manawa weuh ganjaran mring wong gemblung, punika klebetipun
sampeyan sampun gadhahi pamanggih
2. Gongmagurugongsa, punika panengraning prajurit, yen badhe umangsah prang,
ingkang sampun kula serepi, cariyosipun mungel wontenserat menak, wondening
kawujudanipun boten kacariyosaken, among sangking kinten-kinten gong
mgurugongsa punik, gong urut larasipun tuwin kawujudanipun, ageng lajeng alit-
alit.
3. Wong iku apa campurane, punika woworanipun,2 panunggilanipun, saking
pamanggih kula mekaten, kados ta tiyang buruh ubub pande, yen dipun remeni
lami-llami saged malu kados ta tiyang galidhik tukang batu, yen dipun wekeli,
lami-sami saged nglepa pager banon, kados ta tiyang karem saba panggenan
taledhek, lami-lami rencaranipun ibadhut, kados ta santri beyes, yen dipun
tabereni, lami-lami sumerep lafal makna, kados ta lare men maos serat calang,
yen dipun satitekaken, lami-lami sumerep cariyos ingkang maedahi, mekaten
panunggilanipun, mila kenging katembungaken Asnapun warni-warni,.
Anjawipunika mas pamriyh, kula mugi sampeyan paringi, dunung tegesipun
ibedhaya, e mekaten tam as prelunipun, badhe kula angge nyondhongaken, nalika
kula lumebet dhateng nagari Surakarta, kepanggih kaliyan mitra kula dados abdi
dalem ing ngelebt,nuju ing dinten anggara kasih, wanci jam 9 enjing kula dipun
jak lumenet ing kraton, sareng dumugi sajawinipun keri pamandhungan lajeng
ucul iket among cundhuk jungkat talen rambut sarta dipun ore tanpa rasukan
lumampah tumungkul, sareng dumugi plataran kendel sakidulipun kori
grimaganti, nembah lajeng silama bukuh majeng mangidul, mepet celak reca
gupala, sarteng wancijam ½ 11 kathah para wanodya lumampah bayak bayak
medal saking dalem ageng Prabayasa, sareng dumugi mandhapi ageng, lajeng
jajar sanga-sanga, kados wonten pitung lajur, gongsa mungel lajeng sami beksa,
ingkang nyindheni sanes kula lajeng pitangled dhaeng mitra kula wau, punika
punapa namanipun, wangsulanipun witra kula, punika abdi dalem bedhaya,
kathahpara Santana dalem ingkang sami besa, ingkang dipun irib kala jaman
kadoewan widadari, ingkang endran, gendhingipun punika ketawang,
gangsanipun among kethuk kenong gong kendhang, ketipung, kemanak, ingkang
sindhen inggih abdi dalem pasindhen saben anggara kasih gendhingipun
mekaten, o mas pamrih kula skalangkung selang gumun sanget dipun criyosi,
sarta tansah jomblong aningali, sareng sampun dumugi rambah kaping 3 lajeng
bibr wangsul lumebet ing Prabayasa malih, kula lajeng nembah medal mantuk
dhateng sampeyan, bab dunung tegesipun ing bedhaya, ingang supados kenging a
kula angenglimbang anyondhongaken, kaliyan cariyosipun mitra kula wau, inggih
nun. Ing Benawi Ngalih, tanggal kaping 21 Maret taun 1872. Katandhan
Anggarakasih.

Serat kalayan tabe kula ingkang kathah-kathah katur panjenenganipun saudara tuwan
F.L.Winter ingkangngarang serat Bramartani ing Surakarta.
Sasampuning kadya punika wiyosipun, sampun sawatawis lami kanjeng parentah
adhinagari andhawuhaken pranatan ingkang saestu amikantuki kathah ing ngatasipun
babekel dhusun akaliyan para abdi dalem prayantun ingkan ggadhah gadhuhan
ananging ingkang dhumateng para prayantun alit asring kula sasarawungan wonten
ingkang dereng nymerepi, mila ing mangke sawatawis kula manah merlu bok manawi
mitulungi sumarambahipun ing kathah, asareng punika tedhakan dhawah bilih
kapareng mugi kapacaka ing serat Bramartani Kemis ngajeng punika, minongka
panjurung.
Ing Kampung Mesen kapatiyan kaping 7 April 1872
Saking ingnag saudara Raden Ngabei Tirapradata, ingkang sapunika nama
Puspadirada.

Tatedhakan dhawah dalem kangjeng parentah ageng, ingkang kadhawahaken


dhumatengpara abdi dalemprayagung bupati ageng nayaka dalem wadana jawi lebet
akaliyan para bupati anon-anon utai dhuamteng bupati wadana olisi, para bupati polisi
tanah Pajang Sokawati, wartadinipun sabawah karertehaniupun sadaya, punapa dene
dhumateng kanjengpangeran colonel Ariya Purbanagara, (bedaniipun ingang dhateng
Purbanagaran wau tatembungan mawi karma ijengandika).

Pranatan ongka 18
Penget laying manira parentah pranatan kanjeng raden adipati Sasranagara, dhawuh
amarang pakenira raden tumenggung
Lir laying manira parentah pranatan ing ngisor iki pratelane
Bab 1
Wus akeh kang manira piyarsakake ruruweding ngudur jalaran saka patrapa gantunge
pajeg puluh, kang padha dadi prakara, anyarug gumantunge leladen ing saliyane, lan
akeh barng gantungan kang wis rampung prakarane during katampakake marang kang
kabener nampani, ing mengko manira pari papeling, patrape panggone anampani
pajeg puluh saubarampene,kang sepi sak ing prakara,utawa pagantune pajeg puluh lan
taker turun kangpadha dadi prakara,kalakone kaya kang kasebut ing ngisor iki.

Bab 2
Sadhingah aprayayi ing samasa nampani pajeg pametune gagadhuhane bumi desa
kang saka pagedhening desa, ronggang damel babekel sapapadhane, yen lumadine ora
bias ganep ing sapetunge, kang kena ditampani mung wang pamrig ganjing, lan
ubararampene taker turun raja pundhut bae, kang rupa pajeg isih adumunung ana ing
babekele, nganggo kamota inglayangugeran kawatesa bakal pambayre, yen cidra
trima a cot kabekelane.

Bab 3
Manawa ana abdi dalem bupati wadana kaliwon panewu mantra mangisor sami
padhane kang kaadhuh an bumi desa,ngudur alera wanan karobature babekel
desa,jalaran gone padha anyuda angundhakake anguranga pajeg utyawa panrig ganji,
lan kang ora nagladekake utawa angurangi taker turun kaya ta pangalempa sumbang
panjurung raja pundhut sapanunggalane,yen nganti dadi prakara kang misih ana ira
rukuna nedhe dhewa, utawa ana kabupaten polisi, apa dene kang wis katur ing
parentah gedhe nagara, perlu mijanger gagantungan mau ora kena cinarub, manaa
kang dadi ngudur mau pajeg puluh kang wajib ginantung iya mung pajeg sapetunge
bae, mungguh wang pagrig ganji saubarampe taker turun sapanunggalane iku misih
alumadi, katampanana marnag lurahe patuh nagara, yen kang dadi ngudur mau w3ang
pakrig ganji taker turun sapanunggalane, kang gumantung iya mung ta kertune
sapanunggalane kang dadi prkara iku bae, kang rupa pajeg purluh sapanunggalane
kangora dadi ngudur misih akatampanana marang patuyhe samono maneh babekel
doa ora misan kena angowahake sungkeman pituruta marang lurahe patuh, sarta
ganglakoni tetepa gaweyan pasebane kaya kang wus katamtokake, ana dene apa
barng kang dadi ngudur mau mulura papadone, Manawa during karampungan
ingnngendi gon babeneran kang anggarap prakarane kaya ta ing kabupaten polisi
kang ambawahake utawa ing pranata dalem iku iya anglastarekna gumantunge kang
kaebut ing ngarep iku mau.

Bab 4
Bupati Wadana kaliwon pulisi sajroning nagara sapanere kabeh ora kalilan
anggantunga barang kang magepokan prakara apus sapa padhane wajibe mung
anyawisake apa sakarsane kanjeng tuwan residhen, ing ngatase prakara kang
rinampungan ingpolisi rol Manawa wus karampungan barang inggal katampakna
marangkang kabener nampani, lan ora kalilan agantunga barng kangdadi prakara,
kang kaladekake saka kabupatenpulisi desa, wajibemung banjur angladekake
marangparentah pradata dalem.

Bab 5
Para tumenggung kaliwon pulisi desa apnaerkare kabeh wajib anggarap prakara bumi
desa tumuli anggaweya rampung kang sabener-benere, ora kalilan angantung pajeg
puluh utawa taker turun ulu pametu sapapadhane kang dadi prakara mau ananging
kadunungna kaya kang kasebut ing babkaping 3 pajeg lan taker turun kang dadi
prakara balekna marang lulurah desa kang duwe leladen, kang ora dadi parakara
katampakna marang kang duwe gagadhuhan, tumekane prakara karampunganlelurah
desa demang bekel mau, yen ora bias amujutake sadhawahing karampungankang wus
katamtokake banjur kapacota saka kalingguhane, yen buymi gumantung sabab
prakara arep kaparokake sapapadane, iku panggarape kapitayakna marang babekele
sumurup maro,tumekane karampungan papadone ulu pametune bumimau marng
kabener anduweni ana dene kang rupa barang dhuwit sapanunggulane,kang
gumantung awit magepokan prakara ing bab kadurjanan maling kecu begal apus
sapapadhane, ikabupaten polisi desa inggal angturna lumadi marang pradata sawonge
kang kalebuh prakara mau, yen berang gumantung sabab prakara ing bab parang
paduka yata aku I ngaku silih sinilih sapapadhane iku ing kabopaten polisi wenang
angantunga kajibah manag tumenggunge, sawuse sakarampungan inggal katampakna
marang kang kabener anampani, Manawa ora wujud tumenggung mai kang
kadunungan kaluputan, ora kalilan angaturake marangparentah gedhe yen ora
saprakarane.

Bab 6
Kang iku para bupati wadana kaliwon lan sakonva pakenira panewu mantra
sapangisore kabeh,padha angestokna ingkalakone, sarta dhawuh pranatan iki
kalumrahake warata, aja kongsi ana kang ngaku ora sumurup ing ngunine,Manawa
ana kang wani wani anerak utawa ora angestokake bakal kapatrapandeing parentah
gedhe nagara katimbang saprakarane.
Katandhan sarta kacapan dening ingkang ngasta Pangawasanagara
Kanjeng Raden Adiapti Sasranagara.

Panjurung Bramartani
1. Nyambating prang,rangwus kasomok ing papan, ngupaya aguna sraya cethakena
2. Milumungsuh,mungsuh kang pineting,lawan, kabalik kaagething wekasane tresna,
3. Ungguling prang, aprang nungkul datan lawan, ngalanangi anelukaken prawanita.
4. Ganjel saka,saka geng anyongga gajah, pangumpak mum ring guru aja katara.
5. Ubub sayang, sayanging kancane sotya, sun congkloke yen ketara kasanira
6. Kamarmadya, madya watesing buntala, lir den obong molak malik sruning
brongta.
7. Klentheng kapas, kapas wana pndha sutra, kuwaten nama nawa ing wurikena
8. amet babu, babu kang kinarya wekdal, yen kasusu luluh lukiting asmara
9. Tulang jagung –jagung, kanc cinarub kalapa, Ketanggelanyen tan nuli tinotola
10. Pinju jagung, jagung kang pinethikmatal, langkung abot tresna tan kapadhan karsa
11. Garan paying,paying pinaradangene, pratandhaning wsis nora kakilapan
12. Pindha kikir, kikir undhak-undhakan, yen kawentar wong brangasan tan prayoga
13. Cubung wulung,ulung wido mongsa rowang, kasihana kawula alapen pisan
14. sompil tulis tulising asta kalihnya, saking boting gandrung pan kadya pejaha
15. Kepik sungu, sungu pasange sembada, mung kawuwung wedi wong kalpak
kewala

Punika candhakipun cariyos ulam Kutuk


Kaprenah kenanga repit,lan sayayah renanira, amiranti panggonane, wus mangkana
srinarendra,ing wayahtitisunya, amanggihi karsanipun, maring sang nirmaleng warna.
Among kanthi kyana patih, lawan arya Manungkara, manambarama wuryaning reh,
kadya mudyasta wong dewa, sang Jaka kipa-kipa, manuhara auripun, pukulun
srinaranata. Tanpa karya pudyas tuti, rehning ngamba ing samangkya, dereng ruwat
sajatine, taksih sawk kamanungsan, ing benjang yen waluya,dados dewa kang saestu,
sumonggeng karsa narendra, Malah mangkya ing pangesthi,kaparenga sumawita,
kasembadan ing tyas katong, Jaka Deleh kinen lenggah, satata lawan patya, tansah samya
met martayu, rembug kasidaning karya. Jaka Deleh matur aris pukulun yen kaparenga,
benjing enjing kang panganten,mangkat saking kapatiyan, mawi ya jinajaran, manik
warih kang gumantung, wonten sabrahmana sodha. MOngka tondha dhawah sampir,
kang saking panganten priya, salajengipun ing tembe, sumongggeng karsa
dumawah,manawi prapteng masa, nunten pawestri pun rembun, binusanan adiwarna.
Kembar lawan ken saruwi, dhaupipun sakaliyan, kutuk ruwat warni sato, dados kucing
condramawa, manawi kalampahan, samya gawok kang andulu, amewahi sukaning tyas.
Bokmanawi ken saruwi, enget darbe menga-mengan, estunipun boten supe, kang prasetya
duk ing kina, yen sampun samantara,kucing ruwat dadosipun,jatining janma sang prastha.
Lajeng kadhaup na malih,lawanpun Rembun punika, kados ugi wewah sae, kendel sang
Jaka wotsekar,mangkana srinarendra, mangayubagya ing rembug, enjing samapteng
wiwaha, Praptenning sore miranti, panganten pangarakira, wus kalakon patrap ing reh
dada suka pireneng tyas, samana karsa nata, sampurnaning karya laju kabeh ki
nulawisudha. Dadi wadya punggawaji, Jaka Deleh wus ing ngangkat, arya swapanegrane,
sang rpastha arya minarda, umbul sarwa anama, arya srawana puniku, pinaringan manik
tirta. Buyut Gandhowara mangkin, anama Arya kesrawa, lancing mas pinaringakem
kang nagisi toya marta, bramana sodha dadya, kamituwa ulu-ulu, angreh para puroita.
Pareng denira wotsari, ingkang kinulawisudha, samya suka sukur kabeh, amumuji
raharjendra, samana wus kalilan, sosowangan antukipun luyus kongsiprapteng wisma.

Tuwan Singsisnem mentas nampani bludru cemeng kandelipun kados kamli, wiyaripun
saelo, kenging kadamel slimut,krakap lapak,slebrak, sae lo regi nemrupiyah
Lentera bendi tuwin kareta, sapasang regi kalih welas rupiyah

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan pethen panyukuran mawi isi: peso cukur kalih,
peso gapit, gunting, kikir kuku, jungkat, sikat pakeyan, sikat unu kaliyan kuku,
wadhah sabun utawi pupur, kaca, usar cukur, cucal panggosokan lading, regenipun
naming sadasa rupiyah.

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni
usar sarta pirantos ingkang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, pnapamalih
pulas warni-warni pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.

Para priyantun ingkang sami tumbas barng ing nglelangan nalika ing wulan Dhesember
ingkang sampun kapengker, sami kaaturan bayaring salebetipun wulan Arpil,bilih boten
bayar badhe kagugat ing pangadilan
Katandhan tuwan Bosower
Pangageng lelangan ing Surakarta

PUNIKA CARIYOS BABAD MATARAM


Prasantana sami ngawaki ngayuda, mila kukuh kang baris, arya Tambakbaya, miwah
prajurit Pajang, sadaya smi bekpati, ngamuk lan watang, binendrong dening bedhil.
Datan kongkih pengkuh wadya ing Mataram, wadya Pajang mangungkih, rya
Tambakbaya, balanira wus rusak, pan wus karsaning Hyang Widhi, wadya ing Pajang,
tan ana kang ngudhili. Adipati Mandurareja punika, neng tengah baris neki, mila tan
katingal,dening dipati Pajang, kang tansah den anti-anti, endi Madura, si Dhawuk cidreng
janji. Saka sira paniya margining perang,mengko teka nyidrani, wdya ing Maaram,
kathahsamya miyarsi, wong Madura den pisuhi, marang wong Pajang, sami ginarit -arit.
Maksa ngungkih pangamuke Tambakbaya, balane keh ngemasi, yata kathah pejah, balane
Tambakbaya, sami yudane kalindhih, dipati Pajang, Tambakbaya kalindhih. Gya lumayu
kiarya lumebeng pura, garwane den ampiri, lan sangadipaty, sareng lumayu ngetan,
gancanging carita papti, ing Baturan, ngambil jungkung semanggi. Sampu numpak ing
palwa lan ingkang garwa Tumenggung Jagaragi, pan sareng saksana, kudaiira si Domba,
kacandhak baris matawis, wadya Mataram, sagung para dipati. Pan sadaya sami
lumebeng jro kitha, kadhaton jinarahi, yata kaarnaha, wadya kang bujung mengsah,
kandheg bagurana sami, dipati Pajang, wus lepas denya milir. Sedyanira angungsi mring
Surabaya, warnanen Surawesthi, wau jeng pangeran, Surapringga miyarsa, yen dipati
Pajang mangkin, kalih ing yuda kalawan wong Matawis. Sampun prapta anggaganjar
srinarendra, sapungpara dipati, arta myang busana, warata wong Mataram, arta sangking
jroning puri, agila medal, wutah donya Matawis. Saben saben sang nata apan mangkana,
miwah yen arsa jurit wau srinarendra, miwah ing praptanirta, siniged datan winarni,
gantya kocapa, kanglumayu angungsi. Sampun prapta wu nagri Surapranggi, dipati
Pajang nenggih, miwah Tambakbaya, dipati Jagaraga, agya sampun den timbale, mring
jeng pangeran, Surapringga pan aglis. Pinisalin wau dipati titiga, pangeran Surawesthi,
asru angandika, eh adipati Pajang, ya paran karsanireki, becik kesira, sun ulihaken malih.
Angirida wadyaning sun marang Pajang, ingsun dhese nindaki, matur tambakbaya,
sampun panduka mengsah,lawan wong agung matwis, smi digdaya, punggawa ing
matwis. Prasantana tan ana pasah ing braja,p angeran purabayeki, nglangkungi prakoswa,
pangram Pugerdidaya, Pangeran Amangkubumi, langkungprawira,pangram Blitar
prajurit. Lan pangeran Pringgalaya lan Juminah, pangram Upasonteki,punika digdaya,
pangeran tepasana, madura reja Prajurit, salarong pangram, maksih timur prajurit. Saeng
murysa pangeran ing Surabaya, semubang netra andik, anyandhak sanjata,mimisipun
kancana, annuli dipun iseni, gya sinanjata, arya Tambakbayeki. Pan tumiba mimise aneng
ing jaja, gepeng mimisireki, gumuyu jro nala,mimi sigra cinandhak, ing ngaturaken
tumuli, inggih punika, pedhotaning Matawis. Yata mesem pangeraning Surapringga,
dukane amor asih, gawok kang tumingal, mantra ing Surapringga, sami ngalem jroning
ngati,mring Tambakbaya,nuli sinung sisilih. Ing ngaranan wau dipati sanjata,pinutra
putrra nenggih, aneng Surabaya, sadaya nagri wetan, Tmbakbaya den trimani,puteng
dipatya, bagus asmarengati.
Aneng na datan winarni, wau ta ing Surapringga, sawasta sampun lamine, yata ingkang
pinursita, srinarendra Mataram, enjing sineba wadya gung, pepak sagungpradipatya.
Santana para prajuir, pepak andher ngarsanata, sang nata ngandika alon, Martalaya
Jasuponta,sira padha daagdana, padha menyanga anglurug, iya mring Nagara Tuban.
Kabeh wadya ing Matawis, satriya miwah punggawa, ya padha mangkata age, kang dadi
tetindhihira, marang nagara Tuban, apan ta iya puniku, si Tumenggung Martalaya. Lan si
Jayasantoseki,miwah si Ahibragula, den kerik pasisir kabeh, metuwa sakilen kitha, dene
si martalaya, kang Metu wa sangking kidul, kabeh gagaman Mataram. Ingkang kinen
awotsari, kabeh kang para dipatya, srinarendra angedhaton, yuata kang para dipatya,kang
aneng panangkilan, prasami bubar sadarum, sami pradatan gagaman. Ing dalu sami
ngabekti, yata kawarnaha enjang, gumrah swaraning ponang wong, kidipati Martalaya,
sampun nembang tengara, wus pepak gagamnipun,miwahArya Tambakbaya. Para
Santana Matawis gagamane abrasianng, sorwang sowing datan awor, ki dipati Martalaya,
budhallawanki Arya Jasuponta aneng ngayun, gumerah wadya Mataram. Ingkang
lumampah ing wuri,ki tumenggung alap-alap, guyah swarne punang wong, adipati
Martalaya, ingkang lumampah tengah, lawan Jasuponta ngayun, mager sarinya akapang.
Para Santana Matwis, denya lumampah ing wuntat, jeng pangeran PUrbayane, lan
pangeran singasekar, pangeran PRinggalaya, Pangeran Juminah wau, lan pangeran
Tepasana. Pangeran Puger tan kari,lan Pangeran upasonta, Pangran Mandurejane,miwah
pangeran Balitar, pangeran Selarongan, Pangran Mangkubumi ngumpul, pangram tanpa
nangkil ika.
Ongka 16, Kemis 18 april 1872
Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, samikaaturan
bayar patumbasipun ingkang tumunten
Tuwan Jonasportir enko

Kulawisudhan utawi sanesipun


SAMARANG
Mas mangundiwirya, Juru sert kantor Residhensi, kakulawisudha dados mantra pulisi ing
Bojong,mawi kapatedhanbalonja 60 rupiyah sawulan
Raden Mas Abdullah Adisurya., Juru serat nomer 1 ing kantor pulisi, kakulawisudha
dados Juru serat nomer 1, ing kantor residhensi, kapartedhan balonja 50 rupiyah sawulan
Mas Sastrawigya, magangan ing kantor pulisi, kakulawisudha dados Juru serat nomer 1,
ing kantor uplisi, kapatedhan balonja 14 rupiyah 66 sen.

PAKALONGAN
Raden Tumenggung Suradiningrat bupati ing Batang, awit saking gerah sariranipun ing
samangke kaundur saking palenggahanipun kalayan urmat sarta kapatedhan pensiyun 333
rupiyah, 33 ½ sen sawulan
Raden Ngabei Puspawinata, Jaksa ageng ing Pakalongan kaprenah kaenakanipun Raden
Tumenggung Suradiningrat kaangkat dados bupati ing Batang, dene pangkat jaksa ageng
wau ing sapunika taksih lowong.
Raden Kartareja, Mantri tebu, ing dhistrik Pakalongan kakulawisudha dados wadana ing
dhistrik kitha Pakalongan.
Raden Nitimipraja, Mantri gudhang sarem ing dhistrik Gumiwang, kakulawisudha
anggentosi dados mantra Tebu
Raden Natadiwirya, Juru serat Wadana dhistrik Pakalaongan kakualwisudha dados
Mantri sarem ing Gumiwang.
Raden Wiryawilaga, kakulawisudha dados Juru serat dhistrik ing Pakalongan.

PASURUWAN
Mas Ngabei Danudiwirya, mantra tebu ingknag kaundur saking pandamelanipun awit
saking sakit ing sapunika kaula wisudha dados mantrei tebu ing dhistrik Kebon Candhi.

CARIYOS TUWIN PAWARTOS WARNI-WARNI


SURAKARTA
Nalika ing dinten Senen wanci dalu angrintenaken tanggal kaping 16 wulan punika,
wonten jawah awu sakalangkung deres kawujudaning awu kados bubukan padhas saking
ing pareden kawoworan wedhi alus denten ingkang katingal mendhungipun kandel
naming sisih ler wetan utawi kilen sareng enjingipun sadinten taksih katingal peteng
amargi surya boten katingal utawi jawahipun taksih kepyur-kepyur dereng terang bayar
pisan, dene ingkang kawartos ing Bayalali utawi sanesing panggenan ingkang celak ing
ngriku, asareng sadalu wau jawah karikil, punika sadaya awit saking pambaledhosing
redi merapi, dene griya padhusunan ingkang celak ing ngriku kathah ingkang ambrug
utawi kabesmen kenging urubing latu saking redi marapi wau. Awit saking
pakabaranipun ing Magelang nalika tanggal kaping 15 wulan punika, kaleres prenah ing
redi Marapi, katingal latu saengga kilap sarta wonten swara gumrujug ingkang
kamirengan kados dene dhatengipun toya banjir, sareng elet sajam lajeng jawah awu, ing
Salatiga, ing Madiyun tuwin ing Surabaya ugi wonten jawah awu punika.

Nalika tanggal kaping 17 wulan punika, ing angkunagaran wonten pista, paurmatanipun
dinten wiyosan dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
Ariya Mangkunagara.

NGAYOGYAKARTA
Nalika ing dinten Senen tanggal kaping 15 wulan Sura, ingkang sampun kapengker, awit
karsa dalem ingknag sinuhun kanjeng sultan Raden Ayu Sepuh sampun kaangkat
jumeneng Kanjeng Ratu Sultan.

Serat pakabaran winastan Slompret Malayu anyariyosaken manawi bupati ing Bantul,
dereng antawis lami angaturaken sawijining ulam Olor, ( ing tembung Walandi winastan
Ulam Walpis) jinising ulam Olor ingkang kalarumiyin pinanggih pjah wonten ing
saganten kidul, lajeng kaentasaken mawi katarik lembu gangsal welas rakit, ulam kang
makaten punika ing saganten kathah panunggilanipun, bilih wonten ingkang purun
mincing saestu pikantuk, terkadhang saged angsal ingkang ageng, manawi amancing
dhateng tengah saganten.

Ing dhusun Tajung Batu, Dhistrik Kapongan wonten satunggaling tiyang jawi ingkang
pinuju akit, kadhatengan lurahipun sarta dipun purih andadosi margi ageng ingkang
dados bageyanipun, aturipun tiyang wauy sarehning taksih sakit, nyuwun semados dereng
saged andadosi radinan ing sapunika, lurah ingkang andhawahaken parentah wau, sareng
miring aturan ingknag makaten saantawis andadosaken nepsunipun kalampahan tiyang
ingkang sakit wau lajeng dipun gebagi, sareng antawis pitung dinten tiyang ingkagn sakit
punika kalajeng pejah, parentah pulisi anindakaken titipariksa, sarta tuwan dhokter
amratelakaken manawi pejahipun tiyang punika boten jalaran dipun gebagi naming awit
saking sasakitipun lami, ingkang punika andadosaken kamayaran lepatipun lurah wau.

BAGELEN
Nalika ing dinten Setu siyang tanggal kaping 6 wulan punika, ing dhusun Dhoplang
(Purwareja) wonten tiyang estri pejah jalaran paben kalayan ingkangjaler, sareng kariksa
aturipun ingkang jaler, mila pejah sabab semahipun wau angombe toya warangan
aliwarisipun tiyang estri wau boten narimah, matur pejahipun awit kagebagi, ing dinten
Ngaat wau jisinm kabekta ing griya sakit, sumeja kapriksa dhokter, kilap menggah
kadadosanipun, ing samangke tiyang jalari wau kalebetaken kunjaran ing Purwareja.
Kaping 8 April 1872 Katandhan Jangkung

PANJURUNG BRAMARTANI
Wonten satunggaling tiyang estri rondha wasta Ni Sendhur, kateksir umur 59taun, dados
rayatipun sadherekipun jaler sepuh wasta Jayadiwongsa, griya ing Pakundhen, nalika
dinten Ngaad tanggal kaping 25 Pebruwari 1872, wau Ni Sendhur kesah dhateng
griyaning kapenakanipun wasta ayandaka ing Karang Kamal sipeng kawan dalu, sareng
dinten Kemis tanggal 29 wulan Pebruwari wau wanci jam 8 enjing, punika Ni Sendhur
kesah boten mawi sanjang dhateng ingkang gadhah griya sarta angangge tudhung,
kakinten kesah mantuk dhateng gagi, ananging NI Sendhur boten wonten tumunten
dipun tuweni manawi mantuk dhateng sakundhen ing griyanipun Jayadiwongsa, ugi
sepen boten wonten ing ngriku Jayadiwongsa akaliyan Nayandaka lajeng sami kesah
angupadosi Ni Sendhur wau dhateng griyanig sanak sadherekipun ingkang celak utawi
ingkang tebih tebih, ananging ngantos sapunika dereng kapanggih awit sanak
sadherekipun wau sami boten rumaos kadhatengan Ni Sendhur wau pancen gadhah sakit
ewah datipun sampun pikantuk 30 taun laminipun ananging ingkang wau boten nate
kesahan tebih. Sinerat kaping 10 April 1872. Wartatama

PANJURUNG
Nalika ing dinten Rebo tanggal kaping 15 wulan Sura taun wawu ongka 1801 wonten
satunggal pradikan abdi dalem ing kasunanan, griya ing dhusun Pengging kauman,
pradikan wau pinuju badhe salat subuh amendhet toya wudlu dhateng lepen sarta
anyampiraken srebet wonten ing pundhak salajengipun srebet dhawah tumumpang sela
ageng, anaming ingkang gadhah boten kraos anglajengaken anggenipun mendhet toya
wudlu, sareng badhe sembahyang wonten ing sela, sumerep wonten katingal pethak
pethak sangginggiling sela ageng sakalangkung kageting manah utawi punika dipun
wswtani wedhon angajrihi, pradikan wau lajeng amendhet sela agengipun sakedhi lajeng
dipun sawataken sarta mawi angapalaken donganipun supados wedhon iical anaming
meksa botenkesahkesah sareng watawis donganipun boten pasha lajeng nekat wujut
pethak wau dipun tubruk purun wusana samreng dipun cepeng punika srebetipun
pyambak ingkang kasampiraken pundhak wau rentah boten sumerep pranggdikan lajeng
wicanten makaten O allah-allah tobat temen aku dene kok srebet ku dhewe dak arani
wedhon pradikan wau anggene nubruk ngantos babak irungipun dene namanipun
pradikan mas Ahmat, sareng sampun salat subuh lajeng lajeng mantuk byar enjing lajeng
nyandhak pacul kaliyan udut kalobot mawi wur menyan agengipun ngudut matawis
sajagung wetah lajeng mangkat dhateng sabin sarwi mikul paculipun sareng dumugi ing
sabin badhe lekas macul rasukan dipun selehaken ing galengan kaliyan tegesanipun udut
wau, boten dangu wonten gagak saking kidul amencoking galenganlajenganucuk tegesan
ingkang dipun tumpangaken ing rasukan wau dipun kinten manawi jagung, sareng uninga
ingkang gadhah peksi gagak lajeng dipun gusah kalayan paculipun peksi lajeng mabur
tegesan dipun gondhol, ingkang gadhah lajeng nututi sapurugipun gagak dipun bujeng
kimawon paculipun dipun tilar, watawis ngantos tigang pambalang tembihipun
anggenipun catuti, dangu-dangu tegesan rentah sampun ajur mumur, sareng wangsul
dumugi ing panggenan paculipun ical dipun pendhet tiyang langkung, dados getun
dheleg-dheleg dangu boten saged wicanten.

PANJURUNG SAKING BANYUMAS.


Nalika malem Setu tanggal kaping 30 Maret 1872 ing wana tanah dhusun Curug Pareden
wonten satunggal kapal estri bibit wulu cemeng gadhah belo katedha ing sima kekalih
jaler estri kawartosa sima wleri ageng, wau kapal gadhahanipun tiyang nami Bagus
Surasentana ing banyumas kaititipaken wonten ing dhusun Parpingan sareng dalunipun
malih sima kekalih wau amongsa lembu wonten ing wana tanah dhusun papringan
watesan kalih tanah ing dhusun Curug anaminglembu wau saget telas samilupun
satunggal kasesa enjing kauningan ingkang gadhah wusanabangke lembu sisanin gsima
wau lajeng kapuruk dipun tedha ing tiyang padhusunan papringan menggah ingkang
bekta bathang saking wana tiyang 8 ing salajengipun titiyang wau sami kaladosaken ing
nagari, dene sima ingkang memongsa sawek kapasangan bekungkung ing samangke
dereng kenging.
Katandhan Satyabrata.

PANJURUNG
Serat Bramartani, ongka 14 ingkang medal kemis kaping 4 wulan April taun punika,
anyariyosaken manawi kagungan dalem Kebonan ingkang winastan Gendhingan wonten
uwit pisang ingkang radi aneh, amargi tntutipun medal ing ngandhap ingkang punika kula
lajeng aningali ing kayektosanipun dhasar temen kados ingkang kacariyosaken wau,
wonten denten anggen kula ningali nalika samanten kaleresan abdi dalem juru kebon
ingkang nama Mas Sarparen punika andhudhuki jugangan sangandhaping tungtut awit
pisangipun kang srahi siti, watawis pandhudhukipun saweg angsal kalih kaki lebetipun
ing ngriku mas Paren amanggih mimis waja 1 iji, agengipun sak teko gondhok
dhapuripun bunder sarta alus sanget, sarehning punika kebon kagungan dalem
salajengipun mimis kasaosaken konjuk ing sangandhap sampeyan dalem, utawi tiyang
nininigali ugi taksih lumintu dereng wonten kendhatipun.
Katandhan Open.

Panjurung uran-uran supados regenging Koran Bramartani


Kinanthi rinipra pemut, pakirtyaning hyang sayekti, mongka tan wrin darunanya, duk ing
alda kamarapi, mubal amijil dahana, tinon dahan gigirisi. Swara getrer gumaludhug,
mawantu datan ngendhati, sangking mandrawa kapyarsa, karyaha ascaryaning kapti, lir
grah kapitu swaranya, sotaning tyas karya tis-tis. Tanwrin gati purwanipun, muhung
tibanya kang riris,awu maletuk pyur anjrah, tanapi kang guntur pasir, angler bun tibaning
kisma, rat resik kadya tasik. Satemah ariris tedhuh, hyang bagaskara tankeksi,
kawenganing ngampak-ampak, peteng dhedhet ing wiyati, ngendhanu abang sumirat,
sunaring dahana wukir. Semana ing wanci dalu, gaamanis panurjwari, condrawasesa
sagara, satengah sanga marengi, le king Sapar kaping Sapta , nuju wuku Warigalit. Pan
lodra wogan wurtukung, sedheng sadsasa wus akir, Wawu gumiliring warsa, kang tansah
lagya gumanti, sang ngarapan sinangkalan, Janma Muluk Pujonggaji. Titi Brastha away
limut, yogya knarywa palupi, lepiyanin gtyas wahana, wahananing nguni-uni, sinamur
samaring basa, basa kang amrih basuki.
Ktandhan pun Kudu, Ing Ngargamangli.

“SINOM” Maksih jamaning srinata, ing Wiratha kang wawangi, sang Prabu
Basukeswara, mangya mukseng wana keeling, prang lawan Nagapati, kang gumantya
putra sepuh, kasubing rat anama, sang aprabu Basukethi, lalabuhanira kadi kang sudarma.
Anggung karya kautaman, para martasih ingdasaih, tansah denya met pamitra, lawan
sagung para resi,samya em damarstuti, myang pamengkuning prajagung, mamalad
tyasing wadya, tan ana kang songgarunggi, marma kongsi kasubakeng tribawana. Nahan
praptaning ngantara, ana cobaning dewadi, prabu Basukethi mangya, saben karma
angemasi, sarana tanpa kardi, japa montra padha uwuk, kongsi kalokeng jagad, lamun
prabu Basukethi, nandhang tias dahat pan asmaring garwa. Samana srinaranata,
rumasantuk cacad batin, anemahi kalis semana, ing wasana muntu kapti,nimbal di kyana
patih, prapteng ngabyantara sampun, jinaten karsa nata, kang witgati ngemu nadi,mung
rumasa lisem denya karan tiwas. Wekasan kangpangandika,rengen ta eh bapa
patih,pamuntuningkarsaning wang, adreng wak samngunteki, maring nggon kang sepi,
mintak samaning dewa gung, sinambi alalana, namu kula tanakanthi, duk miyarsa
rakyapatih wasita. Nembah matur sarywa mular, dhuh pukulun sribupati, paran teka
getasan tyas, karma asula tanpa kardi, prayogi den saringi, saking tekad kangpakantuk,
babaan sampun gita, yen ta dereng wrining gati, singa taksih kawirywan boten kapiran.
Kathah tiyang kang kapiran yen kawiryan dipun tampik, paksa mangunta weng wana,
karsa nata muhung ngesthi, sumikkir ing pawarti, saking wdya lalanucu, lacut murcat
maleca, padha dene kang karya wit, teka dada andodores dora cara. Kapithengan ing
wardaya, sira prabu Basukethi, miyarsa turing ngapatya, samantara ngandika ris, lah iya
bapa patih, kabeh aburing raiku, tan ana kang kuciwa, nanging nutuh kang dadya wit,
tanpa kaywa pendah apa mundhak pira. Luhung pudyanen kewala, widadanin gkarsa
mami, antuk kaparmane dewa, dene kang sun karya wakil, amengku jroning puri, nyekel
pangreh ing kaprang sun, wulunan matunira, yayi basuke tuhugi, away owah kang dadi
adating praja. Anggere sae karaya, sabiyantu barng gusti, kang ngutama
linakonan,maring wadya sanagari, dadi tan benjang ikir,patraping reh atut rukun, paentah
kaleksanan. , mangkya reksaning wadyalit, witing rosa seka ing reksa rumeksa. Konjem
mukaning ngapatya,kaluhuran ing sabdaijim, wus mangkana karsa nata, ambywaraken
kang rayi, kinarya pramugari, susulihing reh amengku, jroning pura kinawasa, amtah
traping karti, angger sami sabiyantu saha wadya. Sagunging kang sewaka, sumungkem
ing kisma sami, tan kawasa nanggulanga, among parenga wotsari, saryamu waspa keksi,
sasmiteng tyasna taman kung, umatur ringa-ringa, samya sret kang swara ririh,
angestoken ing karsa nata punika, Duk samana samantara, luwaran srinarapati, tumameng
jro dhatulaya, dupi wayah madya ratri, sang prabu Sukethi, abusana cara wiku, wisateng
titisunya, tanpa rowangmungpribadi, tambuh ingkng sinedya sekunging karsa.
Punika taksih wonten candhakipun.

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan cagak lantera tosan tuwin gagang pancen manjing
tembok dalah lanteranipun patroliyun regenipun namingsawidak rupiyah.
Pangilon ageng alit kacanipun kristal kandelipun sak dim.

Kula tuwan Jonas Portir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat bramartani taun
1872, saking para priyantun ingkang kasebut ing ngandhap punika.
Kanjeng Pangeran Ariya Gondasuputra ing Surakarta, Raden Yumenggung REksanagara,
Bupatiing Pamalang, TEgal, Tuwan Y.A.Wilkes ing Surakarta, Li Ti Yong Li ing
Surakarta, Li Co Co Wan ing Surakarta, Si O Ki Yang Sing ing Surakarta, Mas Ngabei
Jayasemita ing Banyumas, Tuwan F.A.E.Klaring, ing Ngayogyakarta, Tuwan Y. Durnik
ing Surakarta.
Ingkang punika sanget panuwun kula dhumaeng para priyantun wau, Jonas Portir enko.
Pethi panyeratan saprapbotipun sadya, mentas dhateng saking nagari Walandi regi
150 rupiyah, pantes kagem para bupati, punapa malih landhesan kertas kenging
kaisenan gambar oto grapi regi 4 rupiyah, kenging pikantuk saking tuwan Jonasportir
enko.

Serat babad Mataram regi 2 rupiyah, 50 sen,


Serat Pirasatipun tiyangjaler tuwin estri 50 sen
Mentas rampung

Tuwan Singsisnem mentas nampani bludru cemeng kandelipun kados kamli, wiyaripun
saelo, kenging kadamel slimut,krakap lapak,slebrak, sae lo regi nemrupiyah
Lentera bendi tuwin kareta, sapasang regi kalih welas rupiyah

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan pethen panyukuran mawi isi: peso cukur kalih,
peso gapit, gunting, kikir kuku, jungkat, sikat pakeyan, sikat unu kaliyan kuku,
wadhah sabun utawi pupur, kaca, usar cukur, cucal panggosokan lading, regenipun
naming sadasa rupiyah.

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni usar
sarta pirantos ingkang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, pnapamalih pulas
warni-warni pulitur pernis kareta tuwin sanesipun

Buk A.B.C. Mawi gambar regi 75 sen


Buk waosan ing tembung Walandi prayogi kangge mulang lare 1 rupiyah
Buk tuladha agambar tuwin amulas 1 rupiyah
Buk Tulada sageda anyerat sae, tembung Walandi 50 sen,
Buk Tulada adamel wiwitan utawi sasekaran warni-warni 75 sen
Sadaya punika bayar kenceng kenging pikantuk saking tuwan Jonasportir

Para priyantun ingkang sami tumbas barang ing nglelangan nalika ing wulan Dhesember
ingkang sampun kapengker, sami kaaturan bayaring salebetipun wulan Aprill,bilih boten
bayar badhe kagugat ing pangadilan
Katandhan tuwan Bosower
Pangageng lelangan ing Surakarta

Kauningana para priyantun manawi serat pananggalan taun 1873 pnika rampunging
pangecapipun benjing ing wulan Nopember ing ngajeng punika, punapa malih para
priyantun ingang karsa tumbas serat pananggalan ongka 1-2, utawi ongka 3 mawi
kakanthen serat pustakaraja.
Jonasportir enko
Tuwan JOnasportir mentas anampeni kanthongan serat dhines ingkang sakalangkung
kandel sarta pantes konjuk ing parentah nagari menggah kanthongan serat wau
pratelanipun kados ing ngandhap punika:
1. Ingkang kangge isi serat palapuran utawi ponis 100 iji regi 5 rupiyah
2. Ingkang kangge isi serat aturan sapanunggilanipun 100 iji regi 4 rupiyah
Dene panunggilanipun taksih kathah sarta warni-warni, para priyantun kenging pikantuk
tumbas sasenengipun

Para priyantun kenging pikantuk tumbas barang daganganipun toko pangecapaning


Surakarta, kadosta.
Potlot warni, 12 sabengkek regi 3 rupiyah
Potlot Paber nomer 1 sabengkek regi 3 rupiyah
Potlot Paber nomer 2 sabengkek regi 3 rupiyah
Potlot Paber nomer 3 sabengkek regi 3 rupiyah
Potlot biru tuwin abrit satunggal regi 25-30 sen
Gagang potlot kenging kasantunan 1 iji regi 50 sen
Lei Paber, tangkeban satunggal regi 1 rupiyah 50 sen
Lei paber tangkeban satunggal regi 2 rupiyah
Lei Paber tangkeban satunggal regi 2 rupiyah 50 sen
Grip paber alus sanget sadhusin regi 50 sen
Grip paber kadamel saingga potlot sadhisn regi 1 rupiyah
Lak warni 6 kadosta: abrit, biru, wungu, cemeng, klawu, ijem, sadhus regi 3 rupiyah
Buk A,B,C, mawi gambaran sakalangkung mikantuki kangge amulang rare, satunggal
regi 1 rupiyah,
Jonasportir enko.

PUNIKA CARIYOS BABAD MATARAM


Gagamane warni-warni, busanane abrasinang, lir sekar sataman abyor, tan winarna
lampahira, jabaning taji prapta, gagaman ageng anglarug, prapta sawetaning Pajang.
Ngalorngetan lampah baris anerarajang wanapringga, prapta ing gunung Kendhenge, yata
ingkang kawarnaha, adipati Bragola,lajeng mring nagarinipun, enjing prapta ing
Santenan. Sakathahe wong pasisir, Bagelen sami utusan, Kudus Demak Jeparane,
semarang miwah ing Kendhal, ing Kaliwungu prapta, Pakalongan Batang rawuh, ing
Barebes miwah TEgal. Sadaya wus prapta Pathi, sagagamanireng ngaprang, sigra
nembang tengarane, wau dipati Bragola, bodhol barisan tenan, swarane bala gumuruh,
ginepak lampahing bala. Manawa kari ing kardi, lawan gagaman Mataram tan kawarna
ing lampahe, prapta sagilening Tuban, gagaman ing Mataram, samana pan sampun
rawuh, sakiduling kitha Tuban. Geger wadya ing Matawis, prasami ngungsi jro kitha,
warnanen wadya Tubane, lagya sineba ing wadya prami rerembagan, pun Jayasantana
wau, papatihira ing Tuban. Angandika sidipati, marang ing papatihira, eh tapa paran
wartaning wong gagaman mataram prapta, sapa kang ngirid lampah, sapa senapatinipun,
matur ki Jayasantana. Kawula miyarsa warti, pun dipati Martalaya, kang dadi senapatine,
lan arine Jasuponta, dene kilen punika, paisisr kilen sararum, Brasula titindhihira. Para
Santana matawis,punika kerit sadaya, tan wonten kantun purane,ngandika sang adipaty,
sira lakokna duta, mring bangwetan jaluk bantu, ing Sampang mring Surabaya.. Lan
sarupane wng Tubin, undhangana den prayitna, angekeba kitha bae, lawan mriyem
kuberkatan, unggana ing palatar, sisidamurti puniku, arep na mring wong Mataram.
Ingkang repna wong Pathi, iya mriyem Kuberkatan, tur sembah anulengser, kipatih
Jayasantika, amepak wadyanira, tenganra bendhe angungkung, gumerah wadya ing
Tuban sagunging wadya ing Tubin binage pinatah patah, kang tufur lawang saketheng,
miwah kang Jaga palatar, warnanen Surabaya, duta ing Tuban tumanduk, pan sarwi
nganturken serat. Sampun tinampan nulya glis, binuka ungeling surat, aminta tulung
tembunge, dadya pangram Surabaya, gunemlan wadyanira, ingkang tinuding tutulung,
wau dipati sanjata. Wong kalih ewu kang ngiring, adipati Jagaraga, budhal sawadya
balane, kang kari wong Surabaya, prasamya pepak bala, baris aneng kithanipun, anjani
wong Matawam. Manawa bedhah ing Tunin, ambanjur mring Surabaya, gantya ingkang
winiraos, lamoahira ki sanjata, sampun prapta ing Tuban, tumameng jroning kadhatun,
wus panggih sang adipatya. Nuli binedhahan aglis, prajurit ing Surapringga, nuli tinata
braise, warnanen Bantu madura, prapta medala utan, awatara tigang ewu, sampun
lumebeng jro kitha. Ana dene kang nindhihi, iya gagaman Madura, Ki Arya
Mondhalikane, lan ngabei Agisrana, demang Kalamudira, sadaya sampun pinanggih,
kang baris sampun tinata. Yata wong agung Matawis, wau ta kang winursita, dipati
martalayane apan lagi sinewaka, sagung para Santana, samya ing ngatura wau, miwah
dipati Bragola. Prasami guneman piker, sakehe para dipatya, kiBragola angling alon, lah
ta kakang Martalaya, suweawi benjang-enjang, kutha punika ginempur, alami ngantos
punapa. Wingi bkang prapti, wadya Sampang Surabaya, ingkang angirid lakune, ing
Surabaya punika, pun pamaning sanjata, dhinetawis kawanewu, lawan gagaman Madura.
Ki Martalaya nauri, inggih angger yen sembada, luwung ing ngantos wedale, ageng
gagan ing Tuban boten layak mempenga, lan malih kang kathah Bantu, mesem dipati
Bragola.Dhuh kakang kula titeni, kongsi medal wong ing Tuban,medala katog
mangkono, angungsi lair kewala, adipati ing Tuban, among jail warisipun, kedhik
wewirang kaetang. Ical wanguning dipati, anyudakaken prawira, nora amantep ujare,
gumujeng Ki Martalaya, angger dereng kantenan manawi kapareng purun wong Tuban
aprang abanar. Yen boten makaten inggih, suwawi ing benjang-enjang, sami tinotol
kithane, pan sampun rembag sadaya, dipati ing Bragula, prasamya bubaran kondur,
dhateng pasanggrahanira. Gantiya kocapa malih, ki adipati ing Tuban guneman
wadyabalane, kalawan para dipatya, radian Arya Sanjata, angecek sesangupipun kedah
omah neng Banar. Rembug pra mantra ing Tubin miwah prajurit midura, mung pangkat
prajurit kabeh, among dipati ing Tuban kedah ngekebi kitha, dadriyon ingkang rembug
kang Bantu arsa mundura.
Kawarnaha adipati Martalaya, enjing tengara muni, gumrah wong mataram siyaga magut
yuda,miwah adipati Tubin embang tengara, umyung swaraning dasih, Arya Sindureja
rpajurit santenan,lan Arya sawungaling, arya Mangunjaya, Ngabei PIrasraya, raja
Menggala dipati sampun sigyaga, andel-andel ingPathi. Prasantana mataram pun siyaga,
lan sagung pradipati,Arya Jasuponta, panganjuring ngayuda, wadya ing Tuban udani,
wong ing Mataram, arsa angrampit waning. Wadya Tuban sigra anembang tengara,
sagunging sarani, minggah ingpalatar, mriyem mira jinajar, sigra punggawa Matawis
sareng umangsah, surake wanti-wanti, Adipati ing Pathi sareng umangsah, sareng
ambyuk kang jurit, kumoryog tandanya, sami golong papandhan sigra adipati Pathi,nitih
turongga, adhangah den payungi, Kudanira adipati ing Santenan nama Si PUlanggeni
bopong alesira, ingkang busana mubyar,neng tengah rana sirik wadya ing Tuban,
kumrutug ambedhili. Bedhil alitik taklawan kalantaka, lir udan ing kang mimis, wong
Pathi kang mangsah, sami kathah kang pejah, miwah wadya ing Matawis kathahh kang
pejah, wong Tuban ambedhili.
Ongka 17 Kemis kaping 25 April 1872
Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, sami kaaturan
bayar patumbasipun ingkang tumunten.
Tuwan Jonasportir enko

Kulawisudhan utawi sanesipun


KUDUS
RadenARiya Condra Adiningrat patih ing Kudus ing samangke kaelih dados patih ing
Juwana, amargi patih ing Juwana kaundur saking palenggahanipun, awit
sakingpanuwunipun iyambak dene ingkang kaangkat anggentosi dados patih ing Kudus
punika wadana ing Tayu kabupatetn Juwana, sarta kaprenah dados ipenipun bupati ing
Kudus menggah pangkat wadana ing Tayu ing sapunika taksih lowong.

PASURUWAN
Siswa ing Pamulangan calon guru jawi ing Surakarta, anama Raden Mariya, ing sapunika
sampun katetepaken dados guru pamulangan jawi ing Pasuruwan.

CARIYOS TUWIN PAWARTOS WARNI-WARNI


SURAKARTA
Menggah titiyang, rajakaya, tataneman tuwin griya griya ing bawah Paresidhenan
Surakarta ingkang sami anandhang kasangsaran kadhawahan latu utawi kenging
sumawuring awuning sela awit saking urubing redi Marai nalika malem Slasa
angrintenaken tangal kaping 16 wulan April punika pawartosipun kaos ing ngandhap
punika. Ing padhusunan bawah NGampel, tiyang sepuh tuwin rare ingkang pejah kalebet
ingkang ical 41, rajakaya 191 iji, griya ingkang rebah 79 iji, taneman jagung ingkang
risak 800 bau, menggah kapitunaning tiyang watawis wonten 32000 rupiyah. Ing
padhusunan bawah Bayalali tiyang ingkang pejah naming satunggal,jalaran karebahan
griya,rajakaya 99 iji, loji gudhang sapanunggilanipun ingkang rebah 9 iji, kajawi griya
alit-alit bango tuwin warung-warung, griya ingkang kabesmen, 39 iji, sasekaran tuwin
sayuran sami risak sadaya, dene kandeling awu ingkang dhumawah ing siti, 2 kaki, sarta
mawi karikil tuwin sela, ingkng ageng piyambak sakepel,. Ing padhusunan bawah
Klathen wiwitipun jawah dinten Slasa wanci jam 11 siyang ngantos ing dinten rebo
taksih deres tataneman ing pasabinan sami risak korugan awu, punapa dene panging wit-
witan ing padhusunan kathah ingakng sempal, menggah kasangsaran sanesipun boten
wonten pawartosipun. Ing padhusunan bawah Kartasura tuwin tanah Sukawati, punapa
dene ing salebetipun nagari inggih wonten jawah awu punika, ananging boten wonten
pawartosipun bab kasangsaran.

MANGKUNAGARAN
Sareng Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara anampani palapuran saking
ing ardi kilen bab kawontenanipun karisakan ing kangjalaran saking jawah awu, lajeng
utusan abdinipun wadana satunggal kanthi satunggalwalandi, mawi kabektanan arta
kathahipun 5000 rupiyah, arta wau kadhawahan amatedhakaken dhateng sadaya
abdinipun tiyang alit ingkang sami anandhang kasusahan.
CARIYOS SATUHU
Nalika ing dinten Salasa tanggal kaping 23 wulan punika, ing Mangkunagaran wonten
menda manak 2 ingkang satunggal sakalangkung saking aneh, awit rainipun sampun
kados dening kethek ananging tanpa bathuk, dene mripatipun kakalih punika memper
mripat manungsa, ananging boten purun aningali kanan kering naming tumenga
manginggil kemawon, menda wau ing sapunika sampun pejah.

PRABALINGGA
Serat kikintunan saking Prabalingga, ingkang kapacak ingserat pakabaran Walandi,
anyariyosaken manawi dereng antawis lami, wonten saradhadhu kakalih sami anemahi
kasangsaran, ingkang satunggal sampu pejah wonten ing ajagen ing dalem residhenan
dene satunggalipun kapanggih sampun kalenger serta anandhang tatu wonten lepen
ingkang celak ing ngriku, sareng smpun antawis saradhahu ingkang kalenger wau lajeng
emut malih, tumunten katiti pariksa, ananging aturanipun boten genah, mila saking
panginten kancanipun saradhadhu ingkang ejah wau, kados inggih punika ingkang
anganiaya, utawi ing wekdal punika wau ing ngriku wonten babahan sarta wonten barang
ical awarni tromel satunggal iji isi arta segel kathahipun 300 rupiyah, dene bab prakawis
punika boten terang sarta awit saking pakabaran ing wanci sonten wonten satunggaling
saradhadhu jawi ignang dhateng pajagen mawi ambekta wedang bubuk ingkang dipun
wowori kecubung utawi sanesipun ingkang angendemi,punika dipun sukakaken dhateng
sira dhadhu kakalih wau.

SAMARANG
Para musikan barisan sekiter ing Samarang, kathahipun titiyang 10 sami ginanjar medhali
tetenger manawi sampun 25 taun laminipun anggenipun sami anglampahi
ingkawajibanipun kalayan taberi.

ENGGELAN
Tiyang nem-neman bongsa IR, ingkang sumedya badhe kanyidra kanjeng raja putrid ing
nagari Enggelan kados dene ingakng sampun kasebut wontening Bramartani ingkang
sampun kapacak ing salebetipun wulan April punika, ing mangke tiyang neneman bongsa
Ir wau kapatrapan paukuman dipun gebag ing panjalin kaping 20 lajeng kaetrapaken ing
padamelan seksan laminipun sataun.

NGAYOGYAKARTA
Tiyang durjana ingkang nama Poncawali, ing kalarumiyin sampun kacepeng dening
pulisi ing Surakartta, lajeng kakintunaken dhateng ing Ngayogyakarta, ing mangke
kapatrapan paukuman kabucal saking tanah jawi, anaming nalika dipun angkataken
dumugi ing magelang poncawali wau lajeng los ngantos sapriki dereng pinanggih.

PANJURUNG SAKING REMBANG


Ing nalika dinten malem Slasa Legi, angajengaken tanggalkaping 16 wulan April punika,
ing wanci jam 9 sonten, titiyang ing kitha Tuban sami miring wara gemludhuk ngantos
rambah kaping tiga, saengga ungeling mariyem, swara kang makaten punika wonten
ingkang anginten kaprenah kidul kilen wonten ingkang amestani sakin gkidul leres,
wonten ingkang andugi kidul wetan, dados sami poncabakah, awit saking pamirengipun
piyambak piyambak saha dereng sumerep ing dunungipun, dene ingkang yektosaniun,
sareng wanci jam 3 dalu lajeng wiwit jawah awu, sareng jam 6 enjing ing gagana ing
sisih wetan katingal abrit brena kados wonten griya kabesmi, boten antawis dangu lajeng
wardin, ing wedal punika para tiyang sami anginten, yen tatingalan abrit wau awit saking
sorotipun surya badhe medal antawis saprapat jam lajeng peteng dhedhet, ing peken para
tiyang ingakng sadeyan sami masang daar sadaya, bilih dipun tingali saking katebiyan
ing pekejn wau kados wonten pasamuwan ageng, kathah ulem-ulemanipun titiyang sami
pating sariwet damaripun pating palancur, makaten ugi ingkang wonten ing griya, para
tuwan walandi, para priyantun jawi, utawi sanesing ongsa,ing wanci jam6 enjing, sami
wiwit anyulet lampu malih, dalah lampu ing sauruting pinggir radinan ugi kapasang
malih, awit anglangkungii petengipun, sareng jam 11 siyang unedering surya saweg
katingal,ananging jawah awu taksih deres, dene kandeling awu ing radinan ngantos ¾
dim kapara langkung, awit ing wanci jam 11 siyang dumugi jam 6 sonten surya ugi
naming katingal under-underanipun kimawon.
Katandhan pun Secapawarta

Ingkang serat saha ingkang tabe kaurmatan ingkang ngakathah-kathah, ingkang mugi
katur ingpanjenenganipun, ingkang saudara, tuwan F.L.Winter, ridhaktur ingkang
nguwasai serat Bramartani, ingakng pilenggah ing nagari Surakarta Adiningrat.
Sasampunipun ingang kadya sapunika, menawi pareng saha wonten selanipun mugi
cariyos panjurung kawula punika dipun ecapa medal ing Kemis ngajeng punika. Purwa
Kanjeng Raden Adipati, ingkang kaping 4, ing nagari Pasuruwan putranipun mantu sargi
kanjeng sultan Pakunataningrat ing nagari Sumenep puputra nenem sami kakung, seda
satunggal ingkang sugeng 5 pambajeng 1 Raden Arya Natakusuma dados patih wonten
afdeling Bangil karesidhenan Pasuruwan 2 RadenArya Tirtakusuma, dados
wadana,dhistrik kitha Pasuruwan 3 RadenArya Suryanagara, dados wadana dhsitrik ing
Jati 4, Raden ARya Sasrawinata, dados wadaa dhistrik ing Winongan, 5 Raden Bagus
Tiya Odin sampun kundur ing kalanggengan 6Raden Bagus Abubakar Tajudin teksih
mutra. Wau Raden Arya Nata natakusuma, pepatih AFdheling Bangil kakarsakaken
wahgel, amregi gerah tingal, ingkang karesakaken makili, ingkang rayi nomer 3 ingkang
anama Raden Arya Suryanagara, dene ingakng makili wadana ing dhistrik jati, wasta Mas
Atadiwriya, bekel dhistrik ing Keboncandhi, sadaya ingkang kakarsakaken dados wakil
wau sami piliyan kang pethel wekel parigel sarta tumemen anggenipun angabdi ingkang
jeng gupremen boten sangking punapa naming supados kanggeya, tuladhanipun tiyang
kang sami lumampah damel dene pamuhi kawula dhuamteng kang maha suci, ingkang
gerah tumunten sengganga, sarta nyepenga pandamelan kang langkung sangking wau,
dene ingang makili tetepa sami ingkang dipun wakili ingkang ngangkat dipun walesa
deningAllah angsal indhaking delajat kang langkung sangking kalenggahan lami, para
priyantun mau kala sami kaangkat nalika ing dinten rebo paing kaping 17 wulan Arpril
taun punika.
Katandhan Raden Panji Jayasudirja.

PANJURUNG BRAMARTANI
Ing nalika dinten Salasa tanggal kaping 9 wulan April punika, wonten satunggiling tiyang
wsta ki Nasa, griyaing dhusun Bongsa (Kalireja) panuju saweg mendhet suluh dhateng
wana intuwa wengkonipun dhusun Bongsa wau,lajeng manggih bangke tiyang jaler
satunggil kumambang wonten ing curug lepen minyak salebetipun wana mintu ngriku,
wasana sareng dipun antes, sakalangkung andadosaken kageting manahipun ki Nasa, awit
bangke unika kaleres putunipun piyambak, wasta pun Manggar katelah Condrowongsa,
ingkang taksih mumpul sagriya akaliyan bapakipun kuwalon wasta Ranadiwongsa, ing
dhusun Buntu kidul (Kalireja) tumunten Ki Sana angundang I wilayatipun daados tiyan
gsakawan banken punika lajeng sami kapendhem wonten ing pinggiripun lepen minyak
wau, ananging wekdal punika boten wonten wilayatipun ingkang sami lapur dhateng
pulisi, lapuripun sampun let gangsaldinten sakingpamendhemipun sarta wilayatipun
wonten ingkang anggadhahi panginten manawi pejahipun pun manggar punika
kaaniayaing tiyang amargi katawis irungipun malesek utawi dhengkulipun tatu, kados
dening dipun penthung, ing ngriku pulisi sareng akaliyan tuwan dhokter ing banyumas
lajeng sami mariksani bangke wau kadhudhuk ananging boten saged pikantuk katerangan
menggah pejahipun kenging punapa awit badanipun sampun risak among kantun balung
balungipun kemawon utawi kulitipun ugi kantun sakedhik sanadyan makaten pulisi
angupados katernagn pinanggih titikipun yen pun manggar punika ingkang wau mentas
mandung maesa satunggil ugi gadhahanipun tiyang buntu kidul ingkang dipun
buwarakaken wonten ing dhusun bongsa, wau maesa ing wanci dalu lajeng dipun pragat
wonten ing wana mintu, sarta wonten kancanipun tiyang nenem ingkang tumut mragad
saking pangakeniing kancanipun nalika maesa wau saweg sami kapragat tumunten
kancanipun satunggil ngadeg kalayan wicanten makaten: o ana uwong dumados tiyang
piputu punika lajeng ami bibar lumajeng sosowangan pun Manggar wau lumajeng
mangaler lajeng dhawah kaglundhung ing curug lepen minyak awit panuju petengan
ananging paneksiring pulisi wau pun Manggar pejahipun bilih manawi kaprajaya ing
kancanipun salah satunggil awit sami rebatan ulam maesa, karana ing panggenaning
pamragatipun maesa dumugi ing pinggir curug wontenlisahipun glagah sami rebah kados
tilasing galur panyereding bangke.
Martatama

Ing urung-urung sagunging kaurmaytan, medal saking Ektase Wardaya uci, mugi-mugi
katur para sarjana, ingkang sampun sami kapareng ing panggalih, gelar kadibyan wonten
ing pasamuwan bramartani, ingkang minongka dados pangrindanin gmanah kang welu.
Boten sangking punapa, sarehning ing wekdal punika kula radi kariwengan ing
manah,jalaran sangking katandukan bebasan sangking kadang warga, ingkang kula
dereng sumerep wedenipun mila tansah andadosaken pangrudatosing manah, awit
sangking sanget kodheng ing pamanggih kula,mila ing mangke kedah kula gebruraken
wonten ing pasamuwan, ingkang supados pikantuka barkah saking peparingipun para
sarjana, kados kasebut ing ngandhap punika. 1, windradi, 2, Bratasopana, 3, Calapita,
tembung tigang prakawis ing ngajeng wau, sarehning samnpun tetela kula boten saged
gayuh menggah wedenipun, nboten langkung kula angajeng-ajeng lumunturing sihipun
para sarjana, supados kenginga kula angge mangsuli dhateng kadang watga,
ingkangnandukaken bebasan ingakng ngodhengaken ing manah kula wau, sakalangkung
panuwun saha pangajeng-ajeng kula, bab paparingan barkah wau. Anjawi ingkang
sampun kula pratelakaken ing ngajeng wau, mitra kula ingkang sisilih nama
KRidhamardhawa, sare ning sampun sawatawis dangonipun boten karsa amanjurung,
punika andadosaken rentenging manah kula, kang tansah arangurangu, samanten punika
boten sangking punapa, naming jalaran kangen sanget manawi kapareng ing karsa tuwin
boten wonten satunggiling cacegahing kang perlu, ingkang mugi karsa amanjurung,
sasenenging panggalih, dados sapratondha ing kasugenganipun saha sanget ing pamuhi
kula.
Kaserat tanggalkaping 19 april 1872 Ktandhan tuhuning siswa, Trusdhasastra.

Punika candhakipun cariyosipun sang Prabu Basukeswara, ing wiratha.


Enjingira kawistara, kang sotyani sasunyaruri, ruah resmining nagara, kawula lumalu
manglih, kalulun milu tistis,tumusing sasmita kusut, hyang-hyang ning
kumarengrat,mirut uruauru sami, samantara rakyana patih Wasita. Marek maring radya
narywa, basuykestu anrangkapti, sapengkering raka nata, teka keksi sunyaruri, wuwusing
prabu wakil , lah ta bapa yogyanipun, lulusa kadi saban, sabarang reh ing pakarti,
lestantuna sampun kongsi wonten ewah. Kyana patih wuwusira, inggih angger aprayogi,
nanging lamun kaparenga,ing ngatawis dinstensami, wisata mariksani, salebetingpraja
kemput, urut margi kewala, yen wonten kang den tingali, ragi dados panggaliyaning
parentah. Yekti pantes kaewahan kang supadi mikantuki, dhateng prataping tata praja,
kasembadan prabu wakil, samana ing antawis, saben tumpak tindakipun, ngubengi jro
nagara,kanthi wdya sawatawis, yen wus temu gelang kondur sosowangan. Yata ing antara
masa, wonten rembag mikantuki, arya basuketu mangkya, kang ngadabe pamrayogi, yen
samya nambadani, pomah anjroning prajagung, sageda gogolongan, lan kang tunggil
samkarti, kadi pandhe pantes kumpul sapandheyan. Wong undhagi atunggila, sami
bangsanign undhagi, gunaa golonga sabanjar, makaten tataning panti, tekyan wong
ngamong tani, sudagaran miwah wiku, pakantuk yen tinata, supadi tan karya westhi,
patraping reh yekti enggal kalampahan. Kyana patih kasembadan, saha wadya
punggawaji, kabeh parenga bipraya, samya matur nayogyani, saksana
angundhangi,warata jronign prajagung, sinungbeuyawaragad, pangusunging wisma sami,
undha usuk mung ngaywa kongsi rekasa. Kaleksanan kang parentah, dadya suka rena
sami, saben ari aseluran,wong alih-alihan panti, samana kang winarni, wong kemasan ana
puguh, amopo ing parentah, dahat lumuh yen angalih, temah kongsi katur maring
kapatiyan. Mangkya laju kauningan, denira sang prabu wakil , dhawuh kinen nimbalana,
sanalika sampun prapti, dinawngu kang wawangi, mas waguna aturipun, dinangu paran
marma, moo dhawuh ing nagari, teka lulmuh tan milu alih-alihan.
Punika taksih wonten candhakipun.

Tuwan Singsis anampeni dagangan enggal karet damel icalakenlabetin gmangsi,


satunggal regi skeet sen, gagang pen waos ngiras mangsen pindhah, gagrag enggal wah
prayogi8 kangge ing kantor utawi kabekta kakesahan awit bilih kaisenan mangsi,lajeng
boten sakedhap kedhap kacelupakening mangsen saii kalih rupiyah. Krandhil kenaren
kangge ing rante erloji tuwin saptangan saiji kalih rupiyah, mohah sutra cemeng,
delancang sekaran kage sasap tembok, gedhek, gebyok tuwi rana,. Sinjang kemabngan
kaangge semekan tuwin sabuk wdalanin gtanah prasman, alus endah warnaenipun kados
sutra tuwin boten luntur, naming kalih rupiyah satunggal. Sekaran ugi wedalan tanah
Prasman ageng alit warni warni, kaangge pet\nganten utawi damel gagar mayang,
sundhuk, susping, tuwin kateplokaken ing tudhung utawi patileman kobongan.

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan cagak lantera tosan tuwin gagang pancen manjing
tembok dalah lanteranipun patroliyun regenipun namingsawidak rupiyah.
Pangilon ageng alit kacanipun kristal kandelipun sak dim.

Tuwan Singsisnem mentas nampani bludru cemeng kandelipun kados kamli, wiyaripun
saelo, kenging kadamel slimut,krakap lapak,slebrak, sae lo regi nemrupiyah
Lentera bendi tuwin kareta, sapasang regi kalih welas rupiyah

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan pethen panyukuran mawi isi: peso cukur kalih,
peso gapit, gunting, kikir kuku, jungkat, sikat pakeyan, sikat unu kaliyan kuku,
wadhah sabun utawi pupur, kaca, usar cukur, cucal panggosokan lading, regenipun
naming sadasa rupiyah.

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni
usar sarta pirantos ingkang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, pnapamalih
pulas warni-warni pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.

Para priyantun ingkang sami tumbas barang ing nglelangan nalika ing wulan Dhesember
ingkang sampun kapengker, sami kaaturan bayaring salebetipun wulan Aprill,bilih boten
bayar badhe kagugat ing pangadilan
Katandhan tuwan Bosower
Pangageng lelangan ing Surakarta

Serat Kitir gadhen 100 iji regi 50 sen kenging pikantuk tumbas saking
tuwanJonasportir enko

Serat babad Mataram regi 2 rupiyah, 50 sen,


Serat Pirasatipun tiyangjaler tuwin estri 50 sen
Mentas rampung

Kauningana para priyantun manawi serat pananggalan taun 1873 punika rampunging
pangecapipun benjing ing wulan Nopember ing ngajeng punika, punapa malih para
priyantun ingang karsa tumbas serat pananggalan ongka 1-2, utawi ongka 3 mawi
kakanthen serat pustakaraja.
Jonasportir enko
Tuwan JOnasportir mentas anampeni kanthongan serat dhines ingkang sakalangkung
kandel sarta pantes konjuk ing parentah nagari menggah kanthongan serat wau
pratelanipun kados ing ngandhap punika:
1. Ingkang kangge isi serat palapuran utawi ponis 100 iji regi 5 rupiyah
2. Ingkang kangge isi serat aturan sapanunggilanipun 100 iji regi 4 rupiyah
Dene panunggilanipun taksih kathah sarta warni-warni, para priyantun kenging pikantuk
tumbas sasenengipun

Kula tuwan Jonas Portir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat bramartani taun
1872, saking para priyantun ingkang kasebut ing ngandhap punika.
Kanjeng Pangertan Ariya Natakusuma ing Surakarta
Kanjeng Pangeran Ariya Natabrata ing Surakarta
Raden Tumenggung Jayasarosa ing Surakarta
Raen Tumenggung wiraadegda abupati ingSukapura
Raden Tumenggung Ariya Atmajaganagara ing Pakalaongan
Tuwan Y.A. Semi ting surakarta
Ingkang punika sanget panuwun kula dhumaeng para priyantun wau, Jonas Portir enko.

PUNIKA CARIYOS BABAD MATARAM


Bedhil alit tik-tak lawan kalantaka lir udan ing kang mimis wong pathi kang mangsah,s
ami kathah kang pejah, miwah wadya ing Matawis, kathah kang pejah, wong tuban
ambedhili. Wong Mataram marakaken ingkang tigas, anggawa paculing glis, wong Pathi
mangkana, prasamya gawa ondha, ki dipati bragoleki, angatak bala,kitha kinen
ngunggahi. Wong ing Pathi kitha iku unggahana, kumerut wadya Pathi, marakaken
ondha,miwah wadya Mataram, gugub wong Tubani ningali, mriyem berkatan, kaaran
Sidamurti. Gih pun gelap sareng rempu kalihira, joladipati Tubin,langkung ngungunira,
dhasare wruh ing driya, osiking tyas san gdipati, tan wande bedhah, nagara Tuban iki.
Sidamurti iya iku baberkatan,mengko wus pisah iki, pasthine salaya,risake kitha Tuban,
kapriye ta ingsun iki, lamun kalaha, anulibrah besmili. Ki dipati inarak lawan garwanya,
pan sampun den bisiki,kabeh garwaneingwang, padha sira dandana,lah payo lolos tumuli,
bokkarahinan,mungsuh Mataram prapti. Bok kancadhak marang wong Bagelen ika,
amberi bajak angkrik, iya dadi apa, wong Kedhu dhugal-dhugal, sok menang ngangajak
angkrik, angur ngiliya, mupung tamban samangkin. Panakawan kinen nimbali niyaga, tan
dangu nuli prapti, pan kinen gamelan, aneng paseban jaba, badhaya kinen ngeploki,
asukan sukan, dereng suda inggalih. Masih pajeg braise neng palataran, warnanen sang
dipati, medalan garwanya, sangki sajroning pura, wus prapta pinggir pasisir, wus
numpalpalwa, sira dipati Tubin, Panakawan teteiga ingkang binekta, garanipun kakalih,
seliripun tiga, liyanipun punika, tan ana midhanget warti, sepening kitha, wau saha dipati.
Nuli ana wong dalem ingkang wawarta, maang sang adipati,s arta aturira,raka dika wus
minggat, anjnge sang adipati, wadya Madura, pisuhira dharidhil. Baya dudusi Tuban
tusing prawira, kaya bebet pangarit, dene wedi pejah, sicranipun akathah, dene alone
ngapusi, wong tinulungan, teka minggat si anjing. Nuli bubar braise wong Surabaya, ing
wayah bangun enjing, wadya ingMafura, enjing numpak baita, wong Tuban mawut
anggili, tangis gumerah, wong dalem ting jalerit. Sirna larut kang baris aneng palatar,
gusis wus sami ngili, arebut baita, gugub tunjang tinunjang, kathah sarat alwa nyaris,
tumpang-tinumang, weneh kerem jaladri. Wus miyarsa wong Pathi miwah
Mataram,gumerah jroningpuri, pranjriting anita, anerka wong mataram, wum minggat
sang adipati, bubrah alatar, wong Pathi angleboni. Bata kilen wong Pathi ingkang
binubrah, dening wdya Matawis,kidul kang binedhah, sami manjing sadaya, wong dalem
rinebut sami, kadhatonira, jinarah den boyongi. Sakathahe wong dalem wis jinarahan,
sami benekta mijil, dinum liran japan,ri sampunya mangkana, wong Mataram lan wong
Pathi, aguguneman, undure wong Matawis. Sri narendra lagya miyos siniwaka, aneng ing
poncaniti, kasaru praptanya, dipati Martalaya, lawan adipati Pathi, saha tur sembah, wus
katur mring sang aji. Trusdhengdriya sang nata kalangkung suka, katur tingkahing nguni,
adipati Tuban, sang nata anggeganjar, marang sagung pradipati, para Santana,
waradinpradipati. Para amtnri Mataram tampi ganjaran, miwah kang wadya
alit,datankaliwatan, sami tampi ganjaran,suka tyasira sang aji,miwah kang wadya,
kasmaraning ajurit. Yata wau ing sang aji, sri narendra ing Mataram,adangu genira
miyos, sira arya Jasuponta, sun junjung lunggihira, lan sun paringi jujuluk, tumenggung
Sujanapura. Misuwur wong samatawis, lamun arya Jasuponta, wus jinunjung mring sang
katong, tumenggung Sujanapura, titindhih wong pan karsa, asisih lan arinipun, adipati
Martalaya. Bubar sang nata tinankil, miwah sagung kang sewaka, mantuk marnag ing
wismane, namunglereb limang warsa, sultan miyos sineba, pepak punggawa supenuh,
Santana miwah satriya. Sri narendra ngandika ris,tumenggung sujanapura, sira
pradandana age, tindhiana wong Mataram, bedhaening Madura, iya kuthane puniku,
lawan si adhi Bragola. Kang sun karya senapati, tumenggung Sujanapura, kang dadi
wewakil ingong, lawan si kakang Sumedhang, miwah adhi Bragola, wong pasisir sadaya
wus, mangkat ing benjan-enjang. Tur sembah ingkang tinuding, tumenggung sujanapura,
binger saksana ing tyaselami denya ngarsa-arsa, wau karsa narendra, ambedhaha
nagaragung, pejah angayaha nata. Jeng sultan ngandika malih, eh tumenggung alap-alap,
lan si katawengan bae, sira amisaha lampah, pan sira angriwuka, mring Surabaya ing
besuk, dimen ewuh aja tandang. Adhi Bragola den aglis, muliya marang Santenan,
angirida paisire, kakang Sumedhang barenga, lawan Sujanapura, wong Pranaraga
madiyun, iriden metu ing dharat. Rampung timbalan narpati, kondur sang nata
ngadhatyan, warnanen panangkilane, sakung kang para dipatya, sami bubar sadaya, kang
samya andon angluruk, prami dandan sanjata. Ing dalu datan kawarni, enjang anata
gagaman,gumyuh gumeruh swarane, tumenggung Sujanapura, nulya nembang tengara,
wong sujanapuran ngumpul, saha kadang para lurah. Kiya dipati ing Pathi, sigra
anembang tengara, sampun dhinginilakune, mantuk mring nagaranira,lampahe tan
winarna, gagaman ageng neng pungkur, budhal saking ing Mataram. Wus prapta jabaning
taji, swarane wadya wurahan, lir gunung guntur swarane, gaman lir prawata sekar,
ngebeki wana pringga, agolong sajuru-juru. Daludag abraasinang.

….
Ongka 18 Kemis kaping 2 Mei 1872

Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, samikaaturan bayar
patumbasipun ingkang tumunten
Tuwan Jonasportir enko

Kulawisudhan tuwin sanesipun


SURAKARTA
Ingkang awit seratnawala dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan
1. Nitireja, Magang kantor Kapatiyan kakulaiwsudha dados mantra kabupaten ing Bumi,
kapaedhan nama Mas Ngabei Martareja, sarta kaparinganlenggah siti dhusun.
2. Jayasemita,anakipun Mas Ngabei Jayaraga, abdi dalem Mantri tukang ukiran
kakulawisudha dados Mantri Yukang Ukiran ing kabupaten Gehongkiwa, anggentosi
kalenggahaning bapa kapatedhan nama Ma Ngabei Jayaraga,sarta kaparingan lenggah siti
dhusun.
3. Singawijaya,Jajar kemasan kakula wisudha dados Mantri kemasan ingkabupaten Keparak
kiwa, kapatedhan nama Mas Ngabei Ranaijaya, sarta kaparingan lenggah siti dhusun.
Ingkang awit serat kakancinganipun Kanjeng RadenAdiapti Sasranagara, papatih dalem ing
Surakarta
1. Raden Mangun Sastra, Carik kabupaten Klathen kakulaiwsudha dados panewu pulisi
ingdhistrik Sidawayah, Klathen kapatedhan nama Raden Ngabei Mangun Sastra, sarta
kaparingan balonja wulanan
2. Mas rongga Mangun Wardaya, mantra pulisi ing Klathenkakula wisudha dados panewu
pulisi ing dhistrik Karangreja, Klathen kapatedhan nama Mas Ngabei Mangun Wardaya,
sarta kaparingan balonja wulanan.
3. Mas Wongsadimeja, magang kantor kapatiyan kakulawisudha dados Mantri pulisi ing
Bupaten Sewu, kapatedhan nama Mas Ngabei Wongsapranata, sarta kaparingan balonja
wulanan

CARIYOS TUWIN PAWARTOS WARNI-WARNI


SURAKARTA
Pawartos sakin gKlathen anyariysoaken panunggilanipun kasangsaran awit saking urubing
redi Marapi kados ingkang sampun kapacak ing Bramartani ongka 16 tuwin ongka 17. Ing
dhusun Ban tuwin Surawana sapanunggilanipun ingkang prenahipun sami celak kaliyan redi
Marapi, griya ingkang rebah utawi risak 52 iji, tataneman jagung ingkang inggilipun 4 utawi
6 kaki salong rebah, kallempakipun watawis wonten 3 bau, ingkang inggilipun saweg 4 utawi
6 dim sami korugan awu, ananging sapunika saged tuwuh malih. Panging wit kopi tuwin
kitri-kitri sanesipun kathah ingkang sempal utyawi pepes dene wit kopi ingkang katanem
engggal sami krogan awu. Taneman pantun kathah ingkang wikujeng naming risak
sawatawis sasampunipun kajawahan toya sami katingal sae malih, mangkaten ugi taneman
tom sapanunggilanipun titiyang tuwin raja kaya sami wilujeng, menggah kapitunaning tiyang
ing padhusunan wau watawis wonten 2000 utawi 3000 rupiyah. Warnining sela utawi karikil
ingkang dhumawah ing padhusunan punika kados tai besi, ananging radi pethak agengipun
sakaluwak utawi sakepel-kepel. Redi ingkang iring kidul kilen katingalgrowah ignkangiring
ler wetan wewah inggilipun sarta jurang ingkanglebet piyambak winastan jurang wara
ingkang anjog lepen deleran utawi dnekeng, sirahipun wonten sapucuking redi Marapi,
punika kisen ladhu, ingkang nginggil peres ingkang ngandhap sacelakipun dhusun Seluman
isi tigang bagiyan saking inggiling jurang, titiyang sami sumelang saupami wonten jawah
deres bokmanawi ladhu wau kerut dhumateng pasabinan pategilan tuwin padhusunan
sawatawis. Pawartos saking Ngampel anyariyosaken ing dhusun Pencar tiyang pejah ingkang
kapanggih malih II iji.

NGAYOGYAKARTA
Awit saking pakabaran kanjeng pangeran Angabei,ingmangke sampun kapiji dados pangeran
adipati anom menggah badhe jumenengipun benjing ingdinten Senen Legi tanggal kaping 6
wulan Meipunika, angleresi dinten wiyosanipun kanjeng pangeran angabei wau.

Tiyang durjana kecu titiga ingkang kapatrapan ukum kisas nalika tanggal kaping 20 wulan
Arpril ingkang mentas kapengker sareng badhe anglampahi paukumanlajeng sami angaken
ing dosanipun sarta amedalaken wiraos amumuji dhateng anak putonipun mugi sampun
ngantos anglampahi durjana ingkang kados makaten.

KEDHONG KEBO
Sawijining saradhadhu bongsa Aprikan ingkang angleresi jagi sangajenging dalemipun
militer komandhan ingKedhong Kebo, punika kadahwahan angreksa pethi mawi isi arta,ing
wanci dalu saradhadhu wau amendhet penthung mawi dipun ubet-ubeti sinjang sarta
kaselupaken ing lisah lajeng kasulet kadekekaken angandhaping pethi wau, boten antawis
dangu pethi lajeng bolong dene isining arta kathahipun 200 rupiyah, kapendhet sadaya,
prakawis punika, kauningan ing paprentahan militer saradhadhu wau lajeng kapriksa dene
arta ingkang kapendhet naming kantun 80 rupiyah.

Awitingkang kasebut ing serat kakancinganipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur
jendral ing Indiya Nederlan katitimangsankaping 15 april taun punika, sampunkatamtokaken
pakeyan utawi kostimipun para amtenar ingkang sebut ing ngandhap punika, kados ta 1
paraamtenar nglandhong, 2 Kostim Padintenan ingkang kangge control ing ngebum, 3 Komis
kontrolir, 4 komis Onpanger, 5, Komis pisitatir, 6 Onder komis ingkang anganglang, tuwin
para bumwahter, punapa malih kapitan baita kapal reserse sakarerehaniun utawi para amtenar
ingpandamelan Seyograpi ugi sami kapatedhan kostim sadaya.

NAGARI CAN
Kanjeng raja ing nagari Cina, badhe tumunten karsa apalakrami, dene badhe rerenggan
pasamuwanipun sampun kasudhiyanan dipingga kakalih sarta ing kitha Nanking ing Hongsan
tuwin ing Kanton sampun antawis 3 taun punika para tiyang ingkang sami nenun
sapanunggilanipun kadhahawan adamel sutra utwinkesti ingkang badhe kangge ing
pasamuwan wau, ing samangke sampun rampung sadaya pangaos 12 ½ yuta, dene ingang
badhe dados garwaniun kanjeng raja wau sampun dipun wulang ing tata tuwin caranipun
karaton nagari Cina, utawi benjing badhe dhaupipunkanjeng raja wau anitih rata mawi
pangirit dipongga tindakipun dhateng ing Masjid, dene ingkang garwa anitih joli mawi
rinengga ing sosotya moteara,lebetipun dhateng ing kadhaton. Ingkang kacariyos ing Monik
Kendhem dereng antawis lami wonten satunggaling tiyang anawekaken gadhahanipun lembui
kathahipun 25 iji, ingkang badhe tumbassampun angajengi serta kaseksenan dening tiyang
kalih, utawi adamel prajanjeyan pangaosing lembu ingnkang sampun katamtokaken ing
sakawit ingakng badhe tumbas sampun anginten manawi punika sakalangkung mirah ing
reginipun awit kaetang lembu ingkang nomer satunggal regi ½ sen ingang nomer kalih regi 1
sen nomer tiga 2 sen ingkang nomer sakawan 4 sen ing salajengipun regining lembu katikel
tikelaken kados ingkang kasebut ing ngajeng wau ngantos dumugi lembu ingkang sekasan
ing wasana etngpangaosing lembu dumugi ing kang nomer 25 gunggungipun ing ngarta
167.772 rupiyah langkung 15 ½ sen, bab udur prakawis punika ngantos katur ingparentah
awit ingkang badhe tumbas wau boten kadugi bayar.

MAGELANG
Serat kikintunan saking magelang anyariyosaken kawontenanipun nalika urubing ardi
Merapi, pratelanipun ing ngandhap punika. Ing Magelang utawi ingTemanggung jawahipun
awu tuwin wedhi karikil anglangkungi deres ngantos kalih dinten sarta peteng sanget
srengenge utawi ardi Marapi botenkatingal dene titiyang padhususnan ingakng celak ardi,
kathah ingkang karisakan griyanipun titiyang utawi raja kaya kathah ingang anemahi pejah.
Ing dhukuh LIlir nginggil tiyang ingakng pejahkarebahan griya tuwin kadhawan sela 61 griya
16 lembu, 38 menda, 35 Dhusun ing Terentet tiyang ingkang pejah 61 griya 21 lembu
37,menda 20. Ing dhukuh Trale, tiyang pejah 25 lembu 3. Namung dhukuh ing Ngadireja
sami wilujeng sadaya, ing temanggung sampun angsal pitulung jawah,naming ing Magelang
dereng wonten jawah.

Kairing sagunging tabe, winantu sakathahing kaurmatan mugi katur ingkang saudara tuwan
redhaktir saha ignkang amurbani Koran Bramartani pilenggah ing nagari Surakarta. Menawi
saduara anyondhongi,sarta wonten selaning paan serat kula punika nyuwun kapaak ing
Bramartani.Sarehning saweg sapisan punika, kula nyumerepi radi anggumunakentuwan
Y.H.Seneider, kagungan sawung nenem ules abrit punka pruun dhateng segawon sanadyan
sawung wau nate kacakot labetipun tarung klayan segawon ngantos pincang meksa dereng
purun ngawon malah segawonipun inngkang kawon sawung wau yen sumerep segawon
tansah ambujung klayan ngabruk kalampahan manawi segwon sumerep klebatipun sawung
wau,lajeng lumajeng buntut ngawetmenawi wonten segawon ingakng derteng nate nyumerepi
sedya ambujung, sawung tansah mogog katingal kapurunanipun suwiwi ngadhewer, sarta
kluruk kados dening sawung badhe tarung sami kawung, segawon dipun kabruk temah
lumajeng, dene sawung ing sapunika taksih wilujeng. Dhukuh Karang Sejati ping 6 Sapar
1801 katandhan Temberyuda

Panjurung minongka wangsulan serat Bramartani ongka 14 wulan April punika, wonten
anjurungioun mitra kula nama Surasemita Terbanggi, ing ngriku apitanglet sangkng dene
sanget kodhengin gpenggalih, awit wonten bakul anggadhahi bebasan yen ngerlikaken
berahipun ingkang kalepatan miwah kaduk sembrana, wicantenipun makaten Eh glahgleh
kaya Jayadi sangking pamireng kula bebasan Eh glahgleh, punika wontenipun ing pUrwareja
mila inggih inggal inggalan kabar lunturansangking sanes nagari, menggah tumrapipun boten
ngemungakendhateng Jayadi, terkadhang eh, glahgleh kaya sidhadhap kadhang eh glah gleh
kaya si anu, sareng mawi dhumawah dhateng Jayadi punika, sangking pandugi kula boten
bilih merit kawujudaniun tiyang, mila ta kula mastani makaten wau, sawab kula rumiyin
sampun nate srawungan kaliyan ingakng nama Jayadi, manawi boten kesupen kaos
kawujudanipun tiyang inggih ageng inggil dhasar jene, mila panacen sugih gujeng, yen
lumama tindakipun wiyar awis manawi dipun tingali sangking tebiyan tiyang kathah
anggenipung mastani, gleyah gleyah jayadi, boten kok ah gleh glah jayadi mekaten lo kula
matur sak beresipun manawi panjenenganipun surasemita dereng narimah saking prakawis
punika, sumongga cobi ta kene dhateng Jayasukana, ing wasana kula ngaturi tklim sak gajah
jerum. Sinerat jabaning kabuypaten urwareja ping 2 Sapar Wau, 1801 mitra sampeyan
Kartadilesana.
Rinengga sagungpaurmatan ingkang kathah kathah cumaos ing Tuwan F.L.Winter,
redhakturing Bramartani,manawi pareng sela ing apankawula nyaosi panjurung ing
ngandhap punika. Kauwla maos seratBramartani ongkag 12 wulan maret kaping 21 taun 1872
ingngriku wontenpanjurungipun gusti kula raden Dipataruna salebeting Pakualaman paring
cangkriman ingkang punika kula emeng sanget sarehning kawula cupet budi, menawi pareng
kawula ngaturi batangan ing ngandhap punika, pawitanipun ingkang jaler inggih 50 rupiyah
abrit dene yen dereng patitis ingkang mugi sampun dados rengating panggalih. Anjawi saking
punika kawula nywun leres wonten tiyang sangking kilen bekta anam, 1 sami kendel wonten
ing ngepow benduan kaleresan wonten tiyangwade jeram kathahipun 3 punika anakipun wau
sami nedha satunggal edhang sageda ngedum sampun ngantos wontenkantunipun sageda
nyepeng satunggal edhang saha sampun ngantos dipun pecah, akwula nywun leres punika
kados pundit pangedumipun kaping kalih kula ngaturi cangkriman kados ing ngandhap
punika,asring asring kawula ningali bulus boten wonten buntutipun utawi kura punnapa dene
penyu ugi boten wonten ingakng mawi buntut ananging enggal punika kawula sumerep grana
ingkangmawi ngangge buntut sampun sampeyanduka punika kados pundit. Kaserat gn
dhistrik Kraton tanggal kapng 12 sura Katandhan Bekel SEcawirya.

Panjurung wangsalan
1. Sukun mudha, mudha mudhaning semongka, delederan saking congahing wardaya
2. Tambang kelir kelir lempit kang rinengga,, tutur becik nanging nganggo wawerana
3. Suket wungu wungu tengah cemukiran, tenagane kaya ngelungna sarira
4. lamus tutuk tungtub kalamun carita, dedamunen pinrih cucuding ngasjara
5. Lincak ubub ububan kulit kinarya, cecobaning badan lami waluya
6. Sartawana, wana alit oiounggiran, terataban yen mulat prakatinira
7. Minaharda arda eksi mongsa warga, kelolodan kudu angalap mring sira
8. Janur gunung gunungalik kartasura, kadingaren nora mijil mring pandhapa
9. singawastra wastra panambak ludira, aja tuman asandhing w0ong norra lana
10. Sekar brambang brambang pengardhedhempetan, ilu-ilu wangune nora sembada
11. Sekar bawang bawang bunder ing bothekan, njeladhit dhaare bias nglelaga
12. suku jungkung kungkungkang mawa dahana, sasolahe kepi sajroning anendra
13. Sekar blimbing blimbing kang pindha widara,semayane mungmiryh careming driya
14. Gender kawat kawat ppangencenging carma, mupun gresna aja ulapmanahira
15. Pusparanu ranu mijil jumantara, luwih mathuk kinendanan wong pesaja
16. Pindhang carma carma kang rineka janma, nadyan kacek wayangane nora beda
17. Reca kayu kayu kang rineka janma, golek ana wong gelem ngempongi jaka
18. tumbak tulip tulup rarase kinarya, aja angkuh elinga yen wus ubaya
19. Bibis tasik tasik sriratanpa gonad, nora mundur yen during mareming kaarsa.
20. Titi katandhan Open

Punika candhakipun cariyosipun Sang Prabu Basukeswara, ing Wiratha. Nampik paringan
waragad, kang sakira anyukupi, sanadyan wus sugih brana, ing benere anampani, pun Mas
Wagunakumbi, sangkanira tan mituhu,mung matur aprasetya, ila-ila anemahi, yen sajarwa
wekasan prapteng ngantaka. Wali wali pan dangunya, mas wagunameksa kumbi, tansah matur
ila-ila, punapa ingkang pinanggih, lamun sujarwa jati, yekti anemahi lampus, mangkana kyana
patya, umatur ing prabu wakil, mangya luhung kalilan mantuk kewala. Pinarsudi ing wardaya,
sedheng sareh sahantawis, kasembadan aturira, samana wus den lilani, pun mas Waguna mulih,
yata arya Basuketu, ngandikeng kyana patya, myang punggawa kabeh sami, pinasrahan angupadi
budi daya. Rakyana patih wasita, kang ngakarya pamrayogi, sageda samya miminta, salebeting
ngasamadi, manawi antuk wangsit kadiparan wadinipun, moponin gmas waguna, kang sayekti
dadya gampil, patraping reh mituhu wangsiting dewa. Sampun sami abipraya, sowing sowing
asamadi, marsudi tyas sanityasa, minta parmaning dewadi,k samana prabu Wakil, denya nungkul
pudya ginung, antuk sipta sasmita, karasa jroning pangesthi, kinen matah punggawa kang
angapitaya. Dinuta amaring marga, maendrameta srayenggati, kang kawasa anarbuka,
pamoponing gunarukmi, mung dewi rukmawati, waranggana yektinipun yogyanin ghyang nganta,
salawase iku dadi, patakonaning wong ngartati wardaya. //Dhandhanggula// Sa,[at so[ta sas,otemg
sa,ado. Auwa nasileti samantara, mijil sakin gpaomane, wawawteng patih sampun, matah ingkang
arsa tinuding, nama arya Subrata, yeku sutanipun,nguni arya Manungkara,jinatenan kang dadya
parluning kardi, tumanggap sambegana. Enjang mangkat mung amawakanthi, wong panekar
kakalih kewala,lalancaran ing lampahe, tan kongsi surya surup, prapteng wukir manedhra nguni,
pnethuk ing jajanggan, lawan ulu guntung, ngacarani wuwusira, lah suwawi raden kula kang
angirid, sumengkeng graning ngarga,. Jengandika angger den antosi, denira sang batharai
wiratma, taksih lenggah sadangune, arya Subrata ngungun, muwus sarya pareng lumaris, suwawi
rumuhuna, kula kang tut pungkur, wau eyang wiku rara, kadi pundit dhawahipun duk anuding,
amethuk lampah kula. Winangsulan makaten kang weling, janggan sawa sira tumuruna, lawan
ulu guntung bae, pethuk ken wayah ingsun, kaki arya subrata nuli, aturana umunggah, iku
jatinipun, dutaning kang mangku praja, mesem asmu suka sang arya miyarsi, sapraptaning
ngasrama. Punika taksih wonten candhakipun. .

Kenging pikantuk tumbas kalih


Pasang rakitan kareta
Ules dhawuk ingilipun 5 kaki, dene kapal wau kenging dipun priksani wonten ing griyanipun
tuwan Y.Buselar.

Kala ing dinten Senen tanggal kapng 29 wulan Aril ingkang sampun kapengker, wanci enjing
pukul 6 Raden Mas Arya Dewabrata, abdi dalem Wadana amongpraja ing Mangkunagaran, tilar
ing donya, mantuk dating jaman kalanggengan.
Mangkunagaran kaping 2 Maret 1872

Tuwan Singsis anampeni dagangan enggal karet damel icalakenlabetin gmangsi, satunggal regi
skeet sen, gagang pen waos ngiras mangsen pindhah, gagrag enggal wah prayogi8 kangge ing
kantor utawi kabekta kakesahan awit bilih kaisenan mangsi,lajeng boten sakedhap kedhap
kacelupakening mangsen saii kalih rupiyah. Krandhil kenaren kangge ing rante erloji tuwin
saptangan saiji kalih rupiyah, mohah sutra cemeng, delancang sekaran kage sasap tembok,
gedhek, gebyok tuwi rana,. Sinjang kemabngan kaangge semekan tuwin sabuk wdalanin gtanah
prasman, alus endah warnaenipun kados sutra tuwin boten luntur, naming kalih rupiyah
satunggal. Sekaran ugi wedalan tanah Prasman ageng alit warni warni, kaangge pet\nganten utawi
damel gagar mayang, sundhuk, susping, tuwin kateplokaken ing tudhung utawi patileman
kobongan.

Tuwan Singsisnem mentas nampani bludru cemeng kandelipun kados kamli, wiyaripun saelo,
kenging kadamel slimut,krakap lapak,slebrak, sae lo regi nemrupiyah
Lentera bendi tuwin kareta, sapasang regi kalih welas rupiyah

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni usar sarta
pirantos ingkang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, pnapamalih pulas warni-warni
pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.
Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun 1873
sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
Raden Mas Ariya Suryamangkuningrat ing Surakarta
Raden Mas Ariya Nataatmaja ing Surakarta
Raden Tumengung Suryawinata ing surakarta
Raden Mas Mangkuwinata ing Surakarta
Raden Ngabei kartawirya, ing Sukawinangun
Tuwan Operbek ing Ceper
Babah Te Ki Ok litnan Cina ing Brebes Tegal
Tuan Pandheldhen ing Batawi
Tuwan Altir ing Surabaya
Tuwan C.F.Dhuning ing Cakrasurakarta
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

PUNIKA CARIYOS BABAD MATARAM


Ingkang lumampah ing wingking, ki Tumenggung Jagabaya, lan Panji Wirabumine, ki
Ngabei Patrabongsa, Demang Suradegsana, lan Ki Rongga Ngawu-Awu, lan Ki Panji
Singajaya. Ingkang lumampah ing ngarsi, tumenggung Sujanapura, asring tinon busanane,
sagung ingkang pra angeran lumampah aneng tengah, gagaman asring dinulu, luir prawata
kawelagar. Ginelak lampah ing baris gancanging carita prapta, nagari Pajajarane, ki
Tumenggung Katawenganlan tumenggung Lap-alap pan wus misah barisipun wus anginep
Surabaya. Prapta tepis wiringneki, Surabaya binajagan wong desa katrajang geger, nengena
datan kocapa, gantya ing Pathi ika, tata gagaman gumuruh, sira dipati Bragola. Sapraptanira
ing Pathi, pasisir wus ing ngutusan sarta sawadya balane, prasami dandan baita, andher
pinggir muhara, ing wanagenya angumpul sagunging para dipatya. Sira sang dipati Pathi,
apan lagi anggeganjar, marang ing wadya balane, ageng alit kaweratan Santana myung
punggawa, arta myang busananipun samya waradin sadaya. Sapatih ira dipati, sira Arya
Mangunjaya, lan arya Jasupantane, dening para mantrinira, ngabei Wirasraya, Ngabei
Prawiratanu, Ki Demang Paantangyuda. Lan KI Arya Sawunggaling, ki Ngabei Wilatikta,
lan Arya Panatas ingron ngabei Patramanggala,ki Demang Jaleksana, lan Ngabei Jawinangun
ki Tumenggung Binarongan. Baitane warni-warni, psisir paradipatya,lembu giyuta kecine,
jejel baita muhara, jungkung maya ariban abra kang baita selub miwh kang baita kapal. Yata
adipati Pathi,lajeng anumpak baita, lembugiyuta palwane, acalangmomotan wdya, saha
busananira, para dipati Matarum prasami numpak baita. Ambekta gamelan sami, wau dipati
Bragola, tigang rancvak gamelane, kodhok ngorek munggwing ngarsa, pelok kan gmugywing
tengah, salendro kang munggwing pungkur, gala ganjure tinembang. Swarane gamelan
asri,lampahe sangsaya nengah, winukul angina agenge, baita pating balesar, pan sami
prajanjeyan serangingtuban puniku,labuhe wadya mataram. Baitane wong pasisir, akathah
kang rebut papan kang satengah ana kendho, ana kang di kuda bongklang, saweneh kuda
ngerp ingknag rikat sampun rawuh, ujung muhara ingTuban. Enengna ing kang winarni, kang
aneng tengah nglautan agantya winarna mangke, tumenggung Sujanapura, ingkang medal
dharatan, prapta aneneng ing Madiun wadya Mataram sadaya. Ngantos sidipati Pathi, lawan
asisir sadaya, wuwusen wau lampahe, dipati Sujanapura, wus prapta nagri Tuban prasami
makuwon sampun sagung kang para dipatya. Wau kang aneneg jaladri, sadya mentas
dharatan ki dipati Bragolane, panggih lan Sujanapura, prasami pirembagan annuli mundhut
parau, tumenggung Sujanapura. Para bupati paisir, sadaya saos baita, ingkang badhe titihane,
tumenggung Sujanapura, miwah wdya Mataram sinaosan palwa sampun baita aglar muhara.
Wus dadi rembuging jurit sagung kang para dipatya, layer marang madurane, tumenggung
Sujana pura, nitih walwalelanang, kang wadya mancal sadarum kumerab lampahing wadya.
Ki adipati ing Pathi, lembu ingkang tinitiyan miwah sagung santanane, prasami nitih palaang,
satriya ing Mataram sami sinaosan sampun titindhih sedheng taruna.
Wus anganik ing Muahara, nagara lelima sami, prapta gegisik madura, warnanen madura
nagri, ingkang para bupati, ing Sampang aribayeku, dipati Pakancangan sumenep sampun
miyarsi, yen wong agugngmataram sadaya prapta. Prasami mepak gagaman neng Madura
denya baris samana apa guneman sagung kangpara dipati, nateng madura angling kabeh
padha sabiyantu,nadhahi wong Mataram aja na sulayeng budi, yen riyona entheng
sinongggayuda. Iya gagaman Mataram sartane ingkangnindhi, tumengung Sujanapura,
ingkang dadi senapati, pranakaning kadhiri, sujanapura ateguh, tateamangun yuda, den padha
yitna ing jurit kawarnaha wong Mataram sampun prapta. Geger wdya ing Madura, gumerah
atata baris wus budhal saking nagara, prapta pinggir ing pasisir, prasami den jagani, wong
mataram inggahipun sampun ayun-ayunan prasami bedhil binedhil ramening prang swarane
kadi ampuhan. Wong Mataram karetpotan datan antuk papan jurit sami kathah
ingkangpejah,mundur sami nandhang kanin nanging maksa angungkih,para prajurit Matarum
miwah wadya Santenan nulya kasaput ing wengi, sami mundur wong Mataram rerembugan.
Dipati Sampang madura, sumenep lan Aribanggi, ing Balega Pamekasan prasami guneman
wengi, pangram balega angling, kadi pundit karsanipun sakehing pradipatya, prajurite wong
Matawis sampun tita tan purun minggah dharatan. Manawi rembag sadaya, dimen minggah
wong Matawis yen wus minggah ing dharatan sedheng angantepa jurit yen asor wong
Matawis pasthi lebur dening banyu, puniku babar pisan pasthi boten mangsah malih, wong
Mataram pasthi lebur dening toya.. Para bupati wus rembag sami ngundhanganing latri,
sakehe para prawira, prasami mendhem karihin men munggah wong matawis satelase
sabatuyripun yen mentas mring dharatan anulya den amuk wani, pasthi bubar wong Mataram
ting karumbang. Kuneng ingkang kawuwusa, agenti ingkang winarni tumenggung
Sujanapura, lan sagung prajurit prasami den utusi, sadaya sami tumurun nitih baita kapal
pradipati sampunprapti, pan uminggah mring palwane Janapura.
Ongka 20, Kemis kaping 16 Mei 1872
Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, samikaaturan
bayar patumbasipun ingkang tumunten
Tuwan Jonasportir enko

Panjurung kula wisudhan


Ing dintenpunika tanggal kaping 12 wulan Mei punika 1872,Kanjeng Tuwan C.Dhewal
Residhen ing Banyumas sampun angsrahaken pandamelan dhateng Kanjeng
Tuwan H.Piserpluh, rehning panjenenganipun Kanjeng TuwanResidhen badhe tindak
perlop dhateng Bogor, ingkang anjenengi ing PIrembag ngriku Kanjeng Tuwan
Insepektur kumisi utawi tuwan Sekretaris Karereanipun pisan, Kanjeng Bendara kawula
ing kabupatos ugi anjenengi minongka seksinipun
Banyumas 12 Mei 1872 Katandhan Langenjiwa.

SURAKARTA
Awit saking sih kawelasan dalem ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan dhateng
kawulanipun sadaya ingkang sami kasangsaran jalaran saking jawah awu, ingkang
sinuhun karsa amaringi arta kathahipun 2000 rupiyah, arta samanten wau andikakaken
bage waradin dhateng titiyang ingkang kasusahan wau sadaya, utawi parentah ageng
nagari ugi karsaha nyawisi arta kathahipun 10000 rupiyah, badhe kadamel amaringi
pitulungan dhateng titiyang alit ingkang sami kikirangan.

Nalika tanggal kaping 5 wulan Mulud taun Wawu punika, ing wanci sonten kagungan
dalem gongsa sekati ageng tuwin alit, awit mungel wonten ing panggenan ngadatipun
wondene para priyantun jawi utawi para tuwan saha para nyonyah puynapa malih bongsa
sanesipun ingkang sami ningali anglangkungi kathah, sarta panggenanipun tiyang
sasadeyan ingkang ngadegaken griya warung sami katata majeng mangidul utawi
mangaler wonten sakiwatengening kori gapura, tiyang Cina encik Koja, barang
daganganipun sami kadhasaraken sadaya, andadosaken suka pirenanipun ingkang sami
aningali.

NGAYOGYAKARTA
Benjing ing dinten Saptu tanggal kaping 8 wulan Juni ing ngajeng punika, ing
Ngayogyakarta badhe wonten pista ageng, inggih punika paurmatanipun rampunging
margi kareta latu, ing dinten saptu wau badhe wonten kareta latu ingkang kaangkataken
saking Surakarta, dhateng ing Ngayogyakarta ingkang pancen badhe dipun titihi para
tuwan utawi sanesipun ingkang sami kaaturan rawuh anjenengi pista wau dene benjing
tanggal kaping 10 ugi wulanJuni, margining kareta latu badhe kabikak kangge ing kathah.

Pakabaran nalika jumenengipunpangeran adipati anom ing nagari Ngayogyakarta,


menggah paurmatanipun kados ing ngandhap punika. Nalika ing dinten SenenLegi
tangggal kaping 27 wulan Sapar ing taun Wawu ongka 1801, utawi mei kaping 6 taun
1872 awit ing wanci jam 9 enjing para pangeran putra Santana, utawi para bupati
sapangandhap sami sowan sadaya utawi sami mangagem pangeran kados garebegan
manggen ing pasowananipun piyambak-piyambak, naming kanjeng pangeran angabei
anggenipun mangkat sowan pukul 10, anitih kareta kadherekaken abdi dalem ing
kadipaten amargi sampun lami abdi dalem ing kadipaten wau kaampil ingpangabeyan
dene tedhakipun saking kareta wonten ing Kamandhungan lajeng lenggah wonten ing
pasowanan sri panganti kilen anunggil para pangeran putra Santana, utawi kanjeng
pangeran Arya Dipakusuma, ing Surakarta, sarehning taksih wonten ing Danurejan ugi
kadhawahan sowan anunggil para pangeran ing Ngayogyakarta, para pangeran putra
dalem ingkang sinuhun Sultan ingkang jumeneng sapunika sami ngagem rasukan
baludiran, ingkang sinuhun Sultan lenggah ing pandhapi wonten ing dhampar majeng
majeng mangetan boten dangu tuwan asisten kaliyan tuwan Juru Basa, sowan malebet
utawi para tuwan tuwan ageng alit naming kanjeng pangeran angabei andherek sowan
malebet alajeng samilenggah wonten ing pandhai, sareng sampun antawis ingkang
sinuhun sultan miyos dhateng sitinggil akanthen asta kaliyan tuwan asisten kanjeng
pangeran angabei kanthen kaliyan tuwan Juru basa, dumugi ing sitinggil ingkang sinuhun
Sultan lenggah ing bangsal Manguntur tuwan Asisten lenggah ing kursi jajar kaliyan
ingkang sinuhun sultan kanjeng pangeran ngabei tumenggung lenggah ing kursi anunggil
para pangeran sepuh, sareng jam 11 kanjeng tuwan residhen rawuh kadherekaken
kanjeng pangeran adipati Suryasasraningrat saha tuwan militer kumendhan utawi para
tuwan tuwan ageng alit kajajaran Dragunder walandi tuwin usar ing sasraningratan
kangjeng tuwan Residhen lajeng lenggah jajar ingkang sinuhun sultan tuwan asisten
manggenpalengahanipun ngadat tumunten kanjeng raden adiati Danureja sakancanipun
bupati minggah dhateng sitinggil sareng sampun antawis kanjeng tuwan residhen
jumeneng andhawahaken dhumateng ingakng sinuhun sultan yen ing mangke pangeran
angabei kakarsakaken dados pangeran adipati anem ing nagari Ngayogyakarta,
sasampunipun lajeng tuwan jurubasa amaos serat kakancinganipun kanjeng tuwan
ingkang wicaksana guprenur jendral ing tembung Walandi, ingkang suraos anyebutaken
manawi kanjeng pangeran bei ing mangke kaangkat dados pangeran adipatgi anom ing
nagari Ngayogyakarta, sarampungipun tumunten serat kakancingan ingkangsampun
katembugnaken jawi kaparingaken kanjeng raden adipati Danureja, rampung pamaosipun
lajeng kaurmatan drel sanjata rambah kaping 3, kasauran ugneling mariyem ing beteng
kaping 13 sasampunipun tumunten kanjeng pangeran adipati anem wau majeng ngabekti
ingkang rama, sarta lajeng tatabeyan kaliyan kanjeng tuwan residhen, pangeran adipati
anom lajeng kalenggahaken ing kursi ingkang prenahipun palenggahaning pangeran
dipati anom sahantawis lajengsugata minuman majeng sadaya sami ngunjuk rambah
kaping 6 tumunten mas angulu sakancanipun andonga kados ing ngadat sasampunipun
ingkang sinuhun sultan lajeng kondur, kanjengtuwanresidhensarta para tuwan sadaya
andherekaken dhatenging lebet karaton sami lenggah ing pandhapi sasampunipun
angunjuk wedang. Ingkang sinuhun sultan tedhak ing dalem kaliyan kajeng tuwan
residhen tuwan militer kumendhan tuwan asistensami tabeyan kaliyan kanjeng ratu garwa
dalem sakaliyans sasampunipun wangsul lenggah pandhapi malih boten dangu kanjeng
tuwan residhen saha para tuwan tuwan sami pamit mundur, utawi kanjeng pangeran
adipati anom sasampunipun angabekti dhumaten ingkang ibu-ibu lajeng kondur dhateng
ing dalem pangabeyan samangke kasebut ing kadipaten ingkang sarta awit tanggal kaping
13.,14,15, 16, ing wulan punika, sadaya para tuwan sami kalilan sowan malebet ing
karaton anyaosi wilujeng dhumateng kanjeng gusti pangeran adipati anom awit jam 6
dumugi jam 7 sonten anaming samanten punika kedah mawi angaturi uninga dhumateng
kanjeng tuwan residhen tumiyin punapa malih saking pakabaran para tuwan utawi bongsa
sanesipun ing Ngayojakarta sami urunan, adamel posta ageng minongka paurmatan
jumenengipun kanjeng pangeran adipati anom wau.

Serat kintunan sakin gNgayogyakarta, anyariyosaken kados ngandhap punika.


Nalika wonten jawah awu, padhusunan ingkang bawah ngayogya, awit ing dhusun
Petung dumugi Kelangon utawiing Munggang, jawahipun wedhi kaliyan krikil ingkang
ngagem sak kepel alitipun sak dherekan dene kandelipun wedhi ing ngandhap naming 5
dim ing Jiwan dumugi Kejambon, 2 ½ dim anaming tiyang utawi kewan sami wilujeng,
naming riya sawatawis wonteningangsami rebah utawi wiwitan kathahingkang rebah
tuwin songkleh tataneman ing sabin sami risak katutupan awu, utawi titiyang dhusun
sakiwatengenipun jurang pun wara, kathah ingkang sami ngili dhateng kilen kikis
wondene jurang un wara wau sampun kebak awu wedh sela kang mongka jurang punika
lebetipun kirang langkung 200 kaki, punapa malih jurangpun gendhol ingkang lebetipun
30 kaki ugi kebak wedhi sampun waradin kaliyan ing nginggil utawi bawah kadhestrikan
ing Gadhingan dumugi ing Ngandong jawahipun ugi deres naming boten mawi krikil
naming wedhi awu angrisakaken taneman ing tegil sabin dalah maesa lembu manawi
botendipun riakenugi boten saged nedha, bawah dhistrik ing Kleggung, jawahipun mawi
krikil alit alit dumugi dhusuning pathuk ing Bendha mangidul dumugi ing Ngandong
Trikis utawi ing Tunggulwulung, wutahing latu saking nginggil dumugi ing wana
sirahipun lepen Krasak mawutingsela dumugi sirahipun lepen ing Bendhog, ingkang
kawartos ing dhusun sisir,punika wates sukuning ardi Mrapi ingkang kilen dhusunipun
ical larut kagunturan latu utawi sela saking nginggil denten tiyangipun sak dhusun wau
jaler estri 61 kewanrajakaya 40 iji, sami pejah sadaya, sakidulipun dhusun sisir wau
nama ing Srentet ugi kagunturan awu tuwin latu sela mili saking jurang lepen penawa,
denetenlebeting jurang 300 kaki,punika kebak wedhi awu, dene tiyangipun ing dhusun
srentet jaler estri 67 iji kewan 34 sadaya wau samipejah sadaya,naming tiyang satunggal
ingkang gesang, margipyambakipun nalika semanten saweg kesah repot dhateng pulisen
saantukipun dhusun sampun katingal kurugan ltu lajeng wangsul angupados gesang, ing
dhusun Trana prenah sakilenipun Srentet ugi risak kagunturan latu saking pucuking
ngardi, tiyangipun sak dhusun, 22 ingkng gesang naming 2, ananging badanipun lonyoh
sadaya, jurang lepen abu ingkang nempur lepen pabelan ingngajeng lebetipun 100
cangkal panjangipun saking ardi mangandhap 6 pal ing mangke lebetipun kantun 10
cengkal juranglepen telingsi, ingkang wau lehetipun 300 kaki,mangandhap tebihipun 2
pal ing sapunika kebtik awu malah baleber dhateng ing sabin, wondene ardi mrapi
ingkang wiwit murub rumiyin kawah ignkang tengahleres nantos samangke tiyang dereng
tahananyelaki saking tebihipun 300 tindak.

BATAWI
Ing tanah Lapak Glodog ,wonten satunggalin gtiyang Cina anama Lim Sun In punika
gadhah wit kalapa satunggal anglangkungi aneh awit manggaripun boten mawi megar
lajeng dados uwoh kimawon denten wit kalapa wau asalipun saking Bangkahulu, awit
enjing dumugi jam 11 dalu uwit kalapa punika katontonaken ing tiyang kathah sarta
mawi bayar arta satunggal tiyang 10 sen tiyang ina wau saestu kathah kauntunganipun
angungkuli ingkang gadhah ingon-ingon utri saganten utawi kethek pethak ingkang
dereng antawis lami kabekta ing batawi, menggah jalaranipun indhaking kauntungan
amargi wit klapa wau ingkang angresaksa utawi anampeni artanipun punika tiyang estri
kakalih sami ayu-ayu warninipun mila sakathahing tiyang sami rebut dhucung
anggenipun dhateng aningali,sanadyan ingkang sampun sumerep inggih kedah wangsul
malih ugi naming sumedya badhe nyawang dhateng tiyang estri kakalih wau.

Serat pakabaran Dhe Lokomotip amratelakaken manawi Mas Panji Adiningrat jaksa ing
Cilacap kakulawisudha dados Jaksa Ageng ing Pakalongan.

JAPAN
Awit saking pakabaranipun ing Japan nalika tanggalkaping 3 wulan April ingang mentas
kapengker, ing ngriku wonten bancana latu dene griya ingkang kabesmen utawi
tiyangingkang kasangsaran kapratelakaken kados ingngandhap punika.
7 iji kantor gupremen, 67 griya, 60 masjid utawi gareja, 4752 gudhang tuwin griyanipun
para tiyang ageng alit sapanungggilanipun, 20272 tiyang ingkang sami kasangsaran boten
gadhah pondhokan, 250 utawi 300 tiyang ignkang anemahi pejah, 67 tiyangkngkang sami
kataton 65 ingkang sami kenging latu, wondenten pitunan sadaya kateksir kathahipun
1,514900 dhollar, sadholarpangaos 2 ruiyah 50 sen.

NAGARI CINA
Kanjeng Raja ing nagari Cina anggenipun badhe karsa apalakrama menggah dhaupipun
benjing tanggal kaping 16 wulan Oktober ing ngajeng punika.

KAURMATAN
Ing nalika dintenRebo tanggal kaping 1 wulan Mei punika, ingng klayan serat
kakancinganipun kanjeng tuwan gupernur jendral, Raden Tumenggung Bupati ing
PUrwareja, kaparingan pangkat nama Raden ADipati Cakranagara, wondene anggenipun
jumeneng bupati sampun 16 taun lamenipun,nalika katetepaken nama Raden Adiapti
wau, pakurmatanipun kados dene ing ngadat garebegan, tuwan tuwan utawi para
priyantunjawi,s adaya rawuh ingpandhapi kabupaten, sareng kanjeng tuwan residhen
anggenipunmaos serat sampun rampung,lajeng maringi wilujeng dhumateng raden
adipati wau, tumunten para priyantun ngabekti saadaya, lajeng tuwan tuwan sadaya
ngaturi wilujeng, salajengipun kasagata inuman, kanjeng tuwan residhen karsa mundhut
sepanye lajeng tuwan tuwan sadaya ugi andherek ngunjuk ngantos rambah kaping 3
mawi surak binarung ungeling gongsa munggang, miwah ungeling abdi musikan, dene
gongsa ingkang wonten ngalun-alun ugi sami kaungelaken, tumunten mas ngabei patih
paring priksa dhateng sadaya lurah dhusun bakda dhawuhaken mawi mundhut surak
kaping 5 sarta dikakaken junjung tangan sadaya, andadosaken sukanipun tuwan tuwan
ingkang wonten ing ngriku, sareng pukul ½ 12 siyang bibar , lajeng kondur sadaya.
Katandhan Darma

Panjurung minongka wangulandhumateng mitra kula ingkang sami lih nama Open utawi
kusumawicitra. Kula sampun maos anjuringipun mitra kula ingkang sasilih nama Open
akaliyan kusumawicitra,kasebut ing bramartani taun 1872 ongka 3 utawi ongka 8 ingkang
sami paring barkah panuwunkula ingkang kasebut ing bramartanit aun 1871 ongka 52
ingkang punika saklangkung sanget panuwun kula. Botenlangkung pamuji kula dhateng
ingkang sipat ngalimun bidatisudru, mugi mugi mtira kula kekalih punika sami
pinanjangna ing yuswa tinebihna sangking poncabaya sinelakna ing sukawirya tuwin
raharja wisudaha ing Martamaya, tinetepna ing iman suci, utawi punapa ingkang dados
kasedyarsaning penggalihipun mitra kula kekalih wau mugi ingkang maha kawasa,
amaringana klayan gampil. Ing wusana mgui sampun andadosaken rengating
penggalihipun mitra kula Open akaliyan Kusumawicitra, dene anggenkula manguli
ngantos lami, amergi kula taksih angantosi kados pundit wangsulan tuwin panjurungipun
mitra kula Trusdhasastra utawi panjurungipun para saraja bramartani sedaya, mila kula
antosi sabab menawi wonten ingakng nylayani panjurungipun mitra kula kekalih wau,
naming sarehning wangsulanipun mitra kula opendereng kasebutaken nanging ingkang
kangge ing nglebet karaton pundit, mila ing mangke panuwun kula dhateng mitra kula
open panjurungipun ingkang kasebut ing ngajeng wau mugi kapratelakaken wedalipun
ing karaton pundit. Ing sarehning panjurung kula angajeng sampun sawatawis lami
punapa malih panjurung dipun mitra kula kusumawicitra, sampun angengetaken dhateng
mitra kula TRusdhasastra kapurih mangsuli panuwun kula barkahing ngajeng, wusana
Trusdhasatra tansah mempen kimawon mila sangking pamanggih kula Trusdhasastra wau
sampun tetela boen karsa mimitran dhateng kula, kula boten sumerep ingkang dados
sababipun, menawi panjurung kula punika kagalih kirangrelu utawi menawi kathah
gnsulipun tembung kula. Ing wusana menawi wonten gangsuling tembugntuwin lepat
ingpanyerat kula punika mugi sampun dadosaken ing rengating panggalihipun mitra kula
Open kaliyan mitra kula Kusumawicitra utawi para sarjanaing Bramartani sedaya. Sinerat
ing Kampung Wiragangsan kaping 7 Mei 1872 Katandhan pun Darmakondha.

Punika saratipun barang tosan ingkang supados sampun ngantos tinjanen, sarana malamp
pethak daipun godhoga kaliyan dipun warana lisah tarpentin kasamiya ing kathah ipun
manawi sampun ajer, barang tosan wau lajeng kagosika ing malamgodhogan punika
ingkang tipis kemawon tumunten dipun usapana pulitur ing sawatawis.

Pepethikan serat pakabaran Walandi,anyariyosaken jamining kapal ingkangsakit


pratelanipun ing ngandhap punika. Ingkang sampu limrah kalampahan manawi awit
utawi lebaring rendhengan punika asring kathah kapal ingkang sakit denten manawi
kapal sakit wetengipun abuh sarta miles boten saged toyan menggah kapal ingkang sakit
makaten wau adatipun asring kalajeng pejah,punapa malih anulari dhatengkapal
sanesipun, wondenten ingkang dados jampenipun kapal ingkang sakit makatenpunika,
naming godhong ketepeng kebos sak kolong, kapipis kaliyan brambang abrit utawi sarem
sawetawis manawi sampun lembut lajeng kalolohena kapal ingkang sakit wau.
Katandhan tuwan J.A.Kaspres.

PUNIKA CANDHAKIPUN CARIYOSIPUN SANG PRABU BASUKESWARA, ING


WIRATHA
Maswaguna kinen angulati, gendhong watu kangkapendhem ika, ana dene tengerane,
arupa watu pingul, iya watu kambang ing nguni, minongka katututp kumba, pamendheme
iku,kinatoken sawatara, amandhelis kalimis pasange dhamis, tan ana kang anyana. Yen
wus antuk toitik kang sayekti, iya nuli nemu genthong sela, aneng kono panggonane,
denira karya wangun, angadani adeging panti, winarah kang samadya, dimen tanawruh,
lamun iku wismaning mas, genthong watu kinen andhudhuk pribadi, ing wayah titisunya.
Laju kinen amrenaken nuli, aneng ngulon uloning pareman,kan gwasita wewekase,
simaswaguna iku, mung kalilan ing saben ari, anyempung ken sapisan, singa-singa
dhapur, gung alit ta datan keta, lawanmalih winaleran anyway kongsi, wawarta maring
janma . Mundhak dadipakewuhing wuri, bokmanawa kngsi kajuwara, saking sajarwane
dhewe, sayekti ora wurung, tekeng jangji nemahi pati,mengkono kang wasita, wanti-
wanti iku, sima swaguna tumanggap laju maring kundhakan angulati,ing watu tengran
gumba.
Punika teksih wonten candhakipun

.Tuwan Y.Biselar mentas anampeni briliyan, saka langkung satewarninipun tanpa cacad
=======================================================

Tuwan Singsis anampeni dagangan enggal karet damel icalaken labeting mangsi,
satunggal regi skeet sen, gagang pen waos ngiras mangsen pindhah, gagrag enggal wah
prayogi kangge ing kantor utawi kabekta kakesahan awit bilih kaisenan mangsi,lajeng
boten sakedhap kedhap kacelupaken ing mangsen saii kalih rupiyah. Krandhil kenaren
kangge ing rante erloji tuwin saptangan saiji kalih rupiyah, mohah sutra cemeng,
delancang sekaran kage sasap tembok, gedhek, gebyok tuwi rana,. Sinjang kemabngan
kaangge semekan tuwin sabuk wdalanin gtanah prasman, alus endah warnaenipun kados
sutra tuwin boten luntur, naming kalih rupiyah satunggal. Sekaran ugi wedalan tanah
Prasman ageng alit warni warni, kaangge pet\nganten utawi damel gagar mayang,
sundhuk, susping, tuwin kateplokaken ing tudhung utawi patileman kobongan.

Tuwan Mos enko ing Samarang sami mentas anampeni lapak saprabotipun
sakalangkung endah, lapel punika pantes kagem para priyangung bongsa jawi

Kenging pikantuk tumbas kalih


Pasang rakitan kareta
Ules dhawuk ingilipun 5 kaki, dene kapal wau kenging dipun priksani wonten ing
griyanipun tuwan Y.Buselar.

Tuwan Singsisnem mentas nampani bludru cemeng kandelipun kados kamli, wiyaripun
saelo, kenging kadamel slimut,krakap lapak,slebrak, sae lo regi nemrupiyah
Lentera bendi tuwin kareta, sapasang regi kalih welas rupiyah

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan cagak lantera tosan tuwin gagang pancen manjing
tembok dalah lanteranipun patroliyun regenipun namingsawidak rupiyah.
Pangilon ageng alit kacanipun kristal kandelipun sak dim.
Tuwan Singsisnem gadhah dagangan pethen panyukuran mawi isi: peso cukur kalih,
peso gapit, gunting, kikir kuku, jungkat, sikat pakeyan, sikat unu kaliyan kuku,
wadhah sabun utawi pupur, kaca, usar cukur, cucal panggosokan lading, regenipun
naming sadasa rupiyah.

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni
usar sarta pirantos ingkang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, punapa malih
pulas warni-warni pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.

Kala ing dinten Senen tanggal kapng 29 wulan April ingkang sampun kapengker, wanci
enjing pukul 6 Raden Mas Arya Dewabrata, abdi dalem Wadana amongpraja ing
Mangkunagaran, tilar ing donya, mantuk dating jaman kalanggengan.
Mangkunagaran kaping 2 Maret 1872

Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun
1872 sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
Mas Atmawijaya ing Pasuruwan
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

PUNIKA CARIYOS BABAD MATARAM


Adipati Sumedhang sawadyanira, ingkang lumayu bali, nelabunging yuda, wong Madura
anjola, wus rusak tataning baris, sayya keh pejah,miwah kang nandhangkanin. Wong
Madura sakarine ingkan gejah, ngisis lumayu gendering, sami salang tunjang, dipati ing
Madura, Sumenep sami lumaris, wadya Madura, palayune tan olih. Wong Mataram
pamburune lir danawa, amongsa uleh daging, wadya ing Mataram, lir bajag angejawa,
ingkang kacandhak keh mati, mawut sasaran, pati-pati entusi. Pan kasaput ing dalu sapih
kang yuda, amasanggrahan sami, sagung pradipatya, tumenggung Janapura, miwah
adipati Pathi, wus masanggrahan, suka wadya Matawis. Ki TUmenggung Janapura
samana, aka sukaning latri, sami babedhayan, kumpul wong Janapuran, wau sang dipati
Pathi, sabalanira, sami nadhah ing jurit. Adipati Bragola eca anendra, gantya ingkang
winarni, wong Sampang balega, sumenep ing mekasan, Pakacangan aribanggi, apa
guneman sedya mangamuk wengi. Adipati Mekasan asrungan lika, ana anggawa menir,
padha saseliran, mantra ingkang prawira, sok matiya salah siji, wong ing Mataram, kang
dadi senapati. Pondhokane dipati Sujanapura, payo jinujun dhingin, annuli umangkat,
wong Sampang wong Balega, Sumenep lan Aribanggi, anulya prapta, pondhokaning
Matawis. Wus lumebu pondhokane Janapura, sigra angamuk wani, geger wong Mataram,
tumenggung Janapura,bedhayane den keploki, angamuk rampak,kumroyokanumbaki.
Adipati Mekasan nuli narajang, mring Janapura angles, sigra analempak, tumengung
Janapura, atangginas tangkis keris, maksa dherdhag, gulu iringan keni. Amung bilur
Sujanapura aniba, pan nuli den kakakhi, mring sang adipatya ing Pamekasan sigra,
sinuduk jajanya keni, lali sakala, uwal denya ngakahi. Wus lumayu dipati ing Pamekasan,
pan sarwi nandhang kanin, ingkang ngamuk bubar, dipati ing Mekasan,pejah aneng
puraneki, Sujanapura, pejah neng puranya glis. Sakathahe para Santana Mataram, tan ana
mirtsa warti, wong Moncanagara, pasisir tan uninga, jejeleh pating jalerit., Sujanapura,
swarane wong anangis. Ing pondhokan Sujanan nara sumerah, yata wong agung pathi,
pan sampun siyaga,miwah sawadyabala, para bupati pasisir, sigra tengara, gumrah
swaraning jalmi. Wus misuwur tumenggung sujanapura, pan sampun angemasi, dipati
bragola,kalangkung ngungunira, wadya Mataram awiwrin, tutungguling prang, dene
sampun ngemasi. Prasantana sadaya pan sampun prapta, ing janapurana aglis,dipati
Bragola,pangeran ing sumedhang, pramsaya rembagan sami, para Santana, lan sagung
pradipati. Sapejahe tumenggung Sujanapura, kekes wadya matawis, dadya rembagira,
Santana pradipatya, wau adipati Pathi, ingkang kinarya, uyu-uyuning jurit. Jeng Pangeran
Salarong ing rembagira, mantuk dhateng Matawis, ngunjuk uninga, dhatengsrinarpnata,
pangeran Selarong angles,numpak ingpalwa, tan kawarna ing margi. Gagancangan
lampae prapta Mataram, lumebeng jroningpuri, umatur sang nata, amba aturuninga,
ngaturaken pati urip,tiwas ing karya, tan jaya ing ngajurit. Abdi dalem sujanapura
palastra, giris wadya matawis, tan wonten maguta, yudane wong madura, anjenger
srinarapati, datan ngandika, sribupati Matawis. Eh Selarong kaya paran karsanira, ing
mengko wong Matawis,yen mangkono uga, apa kinen mundura, pangram Silarong tur
bekti, atur kawula, nuwun duka narpati. Yen marengi ingkarsa srinaranata, pun kaki juru
kithing, tuwanlampahena dhumatenging Madura, kagyat ngandika sang aji, pan maksih
gesang, sikaki juru kithing. Pan dene glis ya si kaki timbalana, miluwa nglurug
aglis,marnagnagri Sampang, sigra pangran dipatya, Silarong tur sembah pamit, mijil ing
jaba, gagancangan lumaris. Tanwinarna ing martga sampun aprapta, ing pagambiran
aglis, annuli kapedhak,kalawan ingkang eyang, sinapa sabdanya aris, dhateng kang eyang
pangram sarong ngujungi. Sapa iki kang wayah sigra tur sembah, wayah dika pribadi,
silarong pangeran, kagyat wau kaeyang, kadi pangeran prapteeki, bayana karya, pangran
umatur inggih. Pan kawula ing ngutus wayah paduka,srinarendra Matawis, nimbali
paduka,lahiya ana apa, animbali marang mami, karsa narendra,angeran umatur aris. Lah
paduka eyang kinen anglurug, mring Madura nagari, ingkang prang Madura, senapatine
pejah,wong Mataram sami wiwrin, mila paduka, abantu ingngajurit. Asarenga eyang
kalayan kawula, abantu ing ngajurit, ki juru lon ngucap, wus lali ing sun aprang,lelakone
tan kadugi,matur kang wayah kawula tandhu kaki. Sigra mangkat ki juru lawan kang
wayah,nitih tandhu nulya glis, tan kawarneng marga, prata ing ngarsanata, srinarendra
ing Matawis,dika lumampah, mring madura nagari. Sigra pangram Selarong mangkat
sawadya, lan kyai juru kithing, tan kawarneng marga, prapta nagri Madura, wau ta samya
kapanggih, para dipatya, lawan ki jurukithing. Sami ingar sagung kang para dipatya,
sdaya angujungi, miwah prasantana, sami atur pranata, mangraub padanireki, yata
ngandika, pangeran juru kithing, Sapa baya sapa tinejanapura, senapatining jurit matur
pradipatya, inggih ngayah angandika,ki adipati ing Pathi ingkang minongka, senapatining
jurit. Kyai juru angliwet ing kendhil ira,pan sampun mateng aglis,nuli kinepelan,ki juru
angandika, eh jebeng dipati pathi, sira dumena, mring sagung pradipati.
Ongka 21 Kemis kaping 23 Mei 1872
Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, samikaaturan
bayar patumbasipun ingkang tumunten
Tuwan Jonasportir enko

SURAKARTA
Nalika ungelipun kagungan dalem gongsa sekati ing wulan Mulut punika, tiyang ningali
tuwin tiyang saderyan barnag anglangkungi kathahipun anjawi tiyang jawi, cina encik
koja sapanunggilanipun, daganganipun ing took kabekta sadaya utawi walandi adamel
main tombolah wonten salebeting ngalun-alun ewadene salaminipun mungel ngantos
dumugi bakda wilujeng boten wonten satunggal punapa, awit ing rinten dalu dipun jagi
abdi dalempulisi ingkabupaten kanthi upas ing residhen langsir kapalaning cina tuwin
Arab punapa milih prajurit ing Mangkunagaran tindhih panewu jaksa, punika sami
kadhawahan anyerati kathahipun tiyang ningali jaler estri sadaya bongsa, sarta cacahing
barang dagangan lan sadaya sasadeyan punapa malih papajenganipun ing dalem sadinten
sadalu, saben enjing para pulisi anyayosaken lapuran kawrat ing serat. Lapuran awit
mungel sapisan, tiyang ningali jaler estri ing wanci siyang kathahipun kirang langkung
3240 tiyang ningali dalu 4450 kalebet ingkang numpak kapal utawi kareta, wondene
pajenganipun sadayatiyang sasadeyan ing dalem sadinten sadalu katapsir 3642
rupiyahsalajengipun saben dalu suda wewahipun boten kathah kaliyan ingkang kasebut
ing ngajeng wau, utawi babah kiyangsing anggenipun tampi arta sewan kareta, ing
dalems adinten sadalu angsal 650 rupiyah naming sareng malem bakda kathah ipun
tiyang ningali jaler estri utawi sadaya bognsa kalebet kaji sapanunggilanipun boten
kirang saking 9507 tiyang.

NGAYOGYAKARTA
Nalika ing dinten Saptu tanggal kaping 11 ing wulan Mei punika, Kanjeng Gusti
Pangeran Adipati anom ingkang mentas jumeneng, ing wanci jam 8 enjing, karsa ameng-
ameng dipun arak kados adapt angubengi sajawining kadhaton awit tedhakipun sakin
gsitinggil mangaler dumugi sangajengin gdalem residhensi lajeng mubeng sajawining
beteng, wondene rerenggan paurmatanipun ingkang andherekaken utawi ingkang anjajari,
kapratelakaken kados ing ngandhap punika. Abdi dalem Langsir sami mangangge
rasukan abrit ijem utawi cemeng, para bupati mantra tuwin riya sapangandhap sami
mangangge pameran, Kanjeng Raden Adipati Danureja, Para Kaji tuwin ngulami, Prajurit
dalem ingkang sinuhun kanjeng sultan, andi dalem musikan, abdi ing kadipaten ingkang
ngampil upacara tuwin awarung titiyan dalem, satunggal dhetasemen Dragonder, abdi
Ordhenes sami nupak kapal, para priyantun jawi, Dragonder malih, para tuwan ingakng
andherekaken numak kapal, tumunten kanjeng gusti pangeran Adipati Anom anitih kareta
pameran ingkang anunggil ing rata tuwan asisten residhen, para tuwan adherekaken sami
numpak kapal kados ing ngajeng wau, abdi dalem panakawan, abdi dalem prajurit dharat
utawi kaalan, gongsa ingkang mungel saurut margi, para mantra sami numpak kapal,
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Suryasastraningrat anitih kareta kaliyan tuwan
militer kimendhan, para pangeran utawi Opsir amtenar tuwin para tuwan tuwan sami
nitih kareta, para militer sarta abdi dalem prajurit ing karaton tuwin prajurit ing
pakualaman, sareng ttawuh ing ngajengan loji beteng, kaurmatan ungeling mariyem
kaping 13 utawi para tuwan ingkang wonten ing kamar bolahsami angurmati surak
rambah kaping 3. Dene konduripun rawuh ing sitinggil wanci jam 11 siyang, kanjeng
gusti pangera adipati anom amaringi tarima kasih dhateng para tuwan ignakng smi umat
andherekaken sadaya, utawi wonten satunggaling tuwan ingkang angaturi wilujeng ing
tembung malayu, menggah jumenengipun kanjeng gusti pangeran adipati anom punika
saestu andadosaken karahajaning nagari tuwin adamel kauntunganipun para tuwan
ingkang sami amaosi siti dhusun, punapa malih tuwan wau mawi angturi tarima kasih
dhateng kanjeng tuwan residhen anggenipun amarsudi ing ngatasing prakawis punika,
kanjeng tuwan residhen ugi amangsuli sarta amratelakaken manawi ingkang sinuhun
sultan, amartingi panarimah dhateng para tuwan tuwan sadaya, sasampunipun makaten
sadaya para tuwan lajeng sami surak rambah kaping 3 sarampungipun kanjeng gusti
pangeran adipati anem lajeng kondur dhateng ing dalem kadipaten.

KADHIRI
Kanjeng Tuwan Van Prenwise, residhen ing Kadhiri, ing sapunika sampun pakantuk
pensiyun, dene ingkang agentosi jumeeng residhen ing samangke dereng tartamtu.

BANYUMAS
Nalika ing dinten Jumungah kaliwon tanggal kaping 10 wulan Meipunika, wonten
satunggiling tiyang wasta Tirtadrana, griyaing dhusun Cindhaga, dhistrik Lepenreja,
semahipun gadhah anak medal dhempet, sirahipun kalih, asta utawi sukunipun sakawan,
maripatipun among titiga, menggah jaler utawi estrinipun boten katingal awit wau bayi
kandhanipun ajeng-ajengan, sarta bayi sareng lair lajeng pejah. Sinerat ing hdukuh
Lemah abang kaping 15 Mei 1872. Wartatama.

Ingkang manawi pareng ing karsanipun saudara tuwan redhaktur atur panjurung kula
punika, mugi wontena karsa paduka macaka kabar Bramartani. Ing dinten Isnen dalu
angrintenaken salasa tanggalkaping 30 wulan April ingkang dawek kapengker punika, ,
ing dhusun Pengkol pinggir lepen Denkeng, kapolisen ing Klathen, nbawah nagari
Surakarta, wonten tiyang wasta Amad Darum, lenggahipun bekel angrangkep dados
panatus pulisi, ngiras kaumipun ing padhusunan pengkol wau, panggaotanipun kajawi tan
enggal maesa, ing wanci bangun Amad Dartum badhe sembahyang subuh, amendhet toya
wulu dhateng nglepen dengkeng, sarehnng taksih radi dalu, boten katingal yentoyanin
gepen mili ladhu,sareng pun Amad Darum wudlu, kemu tuwin raub mambe walirang,
watawis sampun salong wonten ingkang kolu toya wau, sanalika lajeng kraos mumet
among kuk-mungkuk, tumunten mantuk inggal ing gal mugi ing griya, dereng kantos
salat subuh lajeng nuntak-nuntak, dangu glangsaran wontening ngamben, Amad Darum
estrikalih anakipun wasta Artadikrama, sami wonten panggenanpamragatan maesa,sareng
miring Amad Daru jaler nuntak-nuntak lajeng sami mantuk sadhatengipun ing griya, anak
bojonipun sami mulasara ing sassaged-sagedipun, kang sarta apitaken buukaning sakit,
wicantenipun Amda Darum makaten ;; O anakku Artadikrama, aku iki mau ments amek
banyu wudlu menyang kali, mambu lirang mulih during salat banjur mutah-mutah, ko ana
apa ora ngger, nanging kira ku ikii welake bapakmu ilik sura Semita, marga gone di
bonda ana ngomahku, sarta tekane aku kang nimbali, anak bojonipun Amad Darum sami
jelihkalayan wicanten mangakaten, Oallah kyai kula aturi enget lirang kados pundit, sura
semita taksh dipun sepir, kalih sampeyan tiyang naming dremi nglampahi dhawuhipun
mas Demang Mangun Setya ing Klathen bok inggih ngapilaken donga, kanjengipun sami
sumingkir kang sami ngridhu, ing sadangunipun amad DArum wicantenan kalayan anak
rayatipun, wani byar enjing rame swaraning tiyang padhusunan, sami alok yen toya lepen
mili ladhu, ulan ingkang sami pejah anglangkungi kathah, Amad Darum saanak
bojonipun dhateng ing lepen tumunten mendhet ulam gandanie ladhu tuwin sarah kajeng
sapanunggilanipun inggih kados walirang dados kamendhet ulam wau boten saed dangu
sami mambet gandaning lirang, sangking kathahing ulam sanadyan boten ngantos 4 jam
pamendhetipun, tiyang sagriya ngantos angsal sasenik kang kathah batihipun kapara
langkung, wujuding ulan kang kathah ulam senggaringan, denten ilining toya lepen kados
sapeken taksih buthek, upami wonten tiyang nyabrang yen sampun mentas garing
katingal pethak kados wedhakan awu, nanging anggenipun membet naming kalih dinten.
Sareng ing dinten Saptu tanggal kaping 11 wulan Mei punika, ing lepen Dengkeng mili
ladhu malih, buthekipun toya ngungkuli kang sampun kacariyos nalika wulan kaping 30
April ananging toya boten mawi gonad kados walirang, boten wonten ulam kang pejah,
sarah kajenginggih boten wonten, naming butyhekipun toya ngantos dumugi dinten
jumungah kaping 17 Mei, upami tiyang nyabrang tuwin adus manawi toya sampun gering
lajeng katingal pethak kados wedhakan. “ titi” Katur kinintunaken dinten Saptu kaping 18
wulan Mei taun 1872. Sumadriya.

Panjurung ing Bramartani mugi katur panjenenganipun saudara tuwan F.L.Winter,


ingkang angasta pawasa pangecapan ing nagari Surakarta. Dereng antawis lami kula
mentas apabenan kaliyan satunggal guru,namah Muhammad Tapsir, griyanipun ing
dhusun Tambaksari, Sukaraja, ingkang kadamel purwaning bebantahan prakawis
duungipun makruh, sangking omongipun Gus Muhammad Tapsir wau, dununging
makruh punika gegolongan dhateng Aram malah makruh punika kawijangaken dhateng
Aram alit kula punika tur tiyang bodho naming sareng bagus tapsir aicanten Ara alit
kawula lajeng gumujeng sarta kula lajeng mangsuli, lo lo ki guru punika punapa saestu
sampun ngaji dhateng Surapringga, ki guru mangsuli yen sampun sarta anggenipun ngaji
ngantos 7 taun wicantenipun makaten anggen kula ngaji ngantos dumugi dhateng kitab
pog-pogan kula langkung kaget lo kitab punapa ingkangdados pog-pogan wangsulanipun
o inggihpundi kang inggil piyambak inggih punika kendelipun anggen kula ngaji e lah
langkung saking sudibya wajib gumun sanget naming yen kula engetdhateng pangandika
sampeyan karam alit wau inggih laejg boten pisan anggadhahi getun ki rguru lajeng
kaget lo awit boten gumunaken mau kados pundit, kula mangsuli sarta angrerepa, dene
kula rumaos tiyang balilu, kyai guru sampun pisan dados rentenging panggalihpramila
kula boten gumun anggen sampeyan angelidaken makruh wau margi pamireng kula bab
wiijanging makruh punika sanes kadunungaken aram alit amila kula sanget boten
katempelan getun wondene makruh wau ingkang warni tetedhan kados ing ngandhap
punika ing pamireng kula, Muhammad Tapsir mangsuli mongga sampeyan ucapaken
kula kepengin weruh kyai Guru semonipun radi nepsu, kula amangsuli sarehning
pamireng kula kyai ingkang makruh wau manawi tatedhan naming sakawan bab I, ulam
usus II tawon III trasi, IV brambang. Anjawi punika inggih taksih kathahpanunggilanipun
naming sakawan punika kemawon ingkang kula aturaken kadamel upami manawi kula
aturaken sadaya estu kekathahen kyai guru pitaken malih punika kados pundit
dunungipun wangsulan kula yen bab makruh wau saking wicantenipun ingkang sampun
wicaksana, boten kaaramaken awit wau tetedhantaksih katedha ing saben tiyang kenging
kimawonkatedha namingupami wonten ingkang nyirik inggih asal supangat yen dipun
maha katedha inggih boten dados punapa, ki guru kok kesah wicanten kumewat kaliyan
nesu ah niku tab botenoleh, kula ingggih lajeng kendelkemawon sarehning kula tiyang
bodho manawi pareng mugi wonten na lelersanipun pamitra kula sadaya, pundit ingkang
leres mugi kapacaka ing Bramartani. TEmbelang kaping IIIMei LXXII Katandhan
Kawulapun Sangubrongta.

PANJURUNG
Sasedanipun Raden Adipati PUrbanagara, bupatiing nagari Ambal, saking kaarsanipun
kanjeng Gupremen sampunboten katetepan bupati malih kasirnakaken menggah
kawujudaninng nagari para priyantun ing nagari Ngambal wau anjawi wadana saka
lerehanipun sadaya sami kaparingan balonja wahel dene sadaya kadhistrikan ing mangke
kaparatigang kabupaten 1 Dhistrik ing Karangbolong, 2 ing PUring, 3, ing Petanahan, ing
sapunika bawah ing Kabupatenkarangnganyar, 4 Kadhistrikan ambal ing sapunika
kabawah dhateng ing kabupaten Kebumen, 5 Dhistrik ing Wanarta,lajeng kabawahaken
ing Bupten Kuthaarja dalah kadhistrikan Jenar, PUrwareja, rehning tunggil wates lajeng
tumut karehrehing Kuthaarja, mila ing sak punika nagari Kuthaarja, katetepan Asisten
residhen kang suwau naming kontrolir kimawon wondene kabupaten ing Purwareja ing
sak punika naming kantun dhistrik tiga ing PUrwareja, ing Cangkrep tuwin ing Luwanu.
Ing nalika dinten Saptu angrintenaken Akat tanggal kaping 12 wulan taun puunika, ing
dalem kabupaten Purwareja, wonten dhansah pakurmatanipun kala Raden Teumenggung
Pakantuk pangakt nama Raden Adipati, para tamu anjawi kanjeng tuwan residhen tuwin
asisten residhen tuwin para bupati ing sanesipun afdeling ugi sami rawuh, dene para
nyonyah utawi para tuwan tuwan ing salebeting kihta Purwareja, rawuhipun wanci pukul
8, sonten saking tangsi Kedhung Kebo mawi kaarak ng ngobor miwah musikan tuwan
mayor tuwan Kontrolir, sami mangangge cara prajurit Turki, tuwan tuwanOpser wonten
ingakng mangangge sasenengipun awarni warni, kados caraning kumidhi, anggenipun
awit dhansah wancijam 9 dalu bibaripun jam 5 enjing, sadaya para tamu katingal sami
andadosaken suka pirenaning ing panggalihipun para priyantun jawi anggenipun kasukan
wonten ing paseban ngalun-alun. Kaserat kaping 14 Mei 1872.

Anuwun menawi andadosaken pareng saha wonten panggenaning papan ingkang mugi
panjenenganipun saudara tuwan redhaktur karsa amacak ing Bramartani, minongka
wangsulan atur panarima kula dhateng mitra kula ingkang sisilih nami Anggara Kanthil
ing benawi ngalih. Boten langkung saibata, rena kula saha badhe kadugi ing manah,
sareng kula beber Bramartani nomer 15 ing ngriku wonten ingkang amangsuli sangking
pitangled kula tiga bab,rumaos lajeng cumundhuk sanaget sangking dening pun kula
tiyang kethul menggah gamana inggih lajeng manggih wungkal patuduh sampeyan wau
kula tampeni ascarya temen-temen dene teka cetha, gambling awijang-wijang, mawi
katondhekaken kahah-kathah punika sangking anggen sampeyan saged anglumuhi tiyang
jugul pramila boten liya atur kula ing sampeyan inggih sanget ing panuwun kua,mugi-
mugi sampeyan lulus saka gungan panggalih sarju, sanadyan sumedya sampeyan
tungtun-tungtunan kasinggiyan anget, dene sampeyan kagungan pandangu tegesipun
badaya ing psak angsal-angsal kula ugi angaturi, nanging menawi kacocogaken kaliyan
para sarjana sampun temtu lepatipun awit kirang wewaton kala rumiyin kula mengeti
tiyang reraoan udur bab tegesipun tembung badhaya badhacacad, merak:ya:inggih,
anunten kula purun purun anembungaken, badhaya wau inggih taledhek, makaten
jimrahipun tanah kula, sawab ing nginggil sanmpun anggadhai teges cacvad merak, mila
kenging dipun upurugaken taledhek, sangking cacad, merai saged ngigel inggih bndir
samenipun kados badhe ngajengaken gong, e semanten wau manawi lepat mugi kaleresna
dene manawi wonten para sarjana ingkang karsaha mraduli, tamtu badhe rumojjeng asta
kakalih. Kranji kaping 30 april 1872. Katndhan Pamrih.

Mugi katur mitra kula, Kartadilesana, ing Jawi Kabupaten PUrwareja.


Sampun tampi pasiyan sampeyan wangsulan, ingkang mungging Bramartani ongka 18
Kemis kapng 2 Mei 1872 inggih sanget kasuwun dene sampeyan karsa paring pitedah,
naming kedhik kula sampeyan dhawuhi pitaken dhateng Jayasukana, yah mindhak
angombra-ombra temah angrusebi papaning Bramartani, dene anggen kula nyuwun
priksa tanjaning bebasan wau kok sumedya angungasaken kawagedan kula, O boten nun,
dene bebasan ingggal dereng sumrap magnertosipun boten among mugi kalulusna
sampan mamitran kalayan kula,jalaran anggen sampeyan paring wangsulan punapa malih
sanget panuwun kula sampeyan paring taklim sak gajah jerum inggih kapundhi nun
semanten ugi taklim kul asak gajah abuh katur ing sampeyan sak garwa putra se….
Kula mitra sampeyan, Surasemita, ing Terban.

Panjurung Wangsalan
1. Pantun tegil taneman kanut ing toya, gawe kenyut ing solah ten naganira.
2. Surya kang wus mangayon kaduk mangilen, tan gumingsir ing sapa tembayanira
3. Wentis eka kang uwit mindaa ing wresah, sun pupuji away ukur anglelaga
4. manggar aren kang janma indhu ing bongsa, uywadedangu elinga duk atembaya,
5. Kukus gunung jail kang sekare reta, kapakena yen cidra ing pawecarna
6. Balkur mesa jangkrik gung aneng padesa, den dhendhenga datan gumingsir
ubaya.
7. Titi katandhan Dahwen

Punika candahkipun cariyosipun Sang Prabu Basukeswara, ing Rawathi. Ing ngantara
dina wus kapanggih, tan sandeya yen iku kang dadya panengeran sayektine, Sima
Swaguna laju, temu lawanlulurah Kunthi, anembung milu wisma, aneng kono iku, kami
tuwaning kundhakan, aran Selakreti teka nayogyani, angger tan adhadhangkan. Ma
Swaguna iya ing nyanggemi, milu ombaking sabarang kaya, wus lestari salawase, ana
ing kono iku Ma Swaraguna dumadi sugih, tan ana kang awikan, sangkaningbranagung,
awit karya sasangriban, denya ngeker wawadinira pribadi, linakon tanpa somah.
Samudananira saben ari, amamanjak maring wong Kemasan, tompa rukmi samurwate,
pituwasing nganambut, pakaryaning kemasan kongsi, kasusra ing sapraja, wekasan
pinundhut, dening sri basukeswata, winisudha dadi wadi juru rukmi, lestari tekeng
mangkya. Marma puguh tan gelem anbgalih, sakin gdenya miturhu wasita tinakonan
karanane, mung kumbi sarta lumuh, yen pinaksa yekti ngemasi, sima swaguna
dahat,mantep teka dipun, kaplaksanatan pakarya, luhung maksih kalih lan apapanti,
aneng kono kewala. Malah sagung wong Kemasan sami, angumpula ana ing Kundhakan,
iku becik wekasane, lestari tatanipun, trapingpidana yekti,marang sima Swaguna, denya
puguh lumuh, binubuhan kinen karya rurupan mas kang sakira pantes dadi,lalangening
narendra.Saben warsa lumadi sawiji, kaya kaya kalakon kewala, tan kuciwa salawase,
mangkono rembuging sun lamun padha sambadeng kapti,yata Arya Subrata, nembah
amituhu, enjang pamit wus kalilan,janggan sarwa kang tinuduh, mamanuki, udhuning
saking ngarga. Radyan Arya Subrata lestantun lampahira praptaning wirata, angaturken
saliring reh, dyan Arya Basuketu,myanga patih angungun sami, samana sanalika, tedhak
kalihipun, maring karang Pakundhakan, Selakreti tinimbalan sampun prapti, ing
ngarsaning ngapatya. Dhinawuhan bawahaning bumi, ing Kundhakan kang iring lor
wetan,among wates awarung bae, pinundhut karsanipun, punancaken ing juru rukmi,
sagunging wong Kemasan, kabeh aneng ngriku, sela kreti aturira, ananggaken sarta dahat
nayogyani, tatanggan wong Kemasan. Samantara sang aprabu wakil, lawan patih tedhak
papariksa,maring wates pamundhute, kaukur cukupipun, poahaning wong juru
ruksmi,mangkaana Ma Swaguna, timbalan sampun, angandika kyana patya, lah ing
mengko sira wus kalilan maksih, aneng kene kewala. Nanging sira bakal den bubuhi,
akrya alalangen kancana,kang apantes suwargane,minongka pidanamu, denya puguh
mopo angalih,lalangen mas katura, saben saben taun, mung sapisanlumadiya, Ma
Swaguna matur sandika nyagahi, akrya lalangen mas. Pantesipun suwarganirukmi, karya
arca wangun widadara,lawan widadari kabeh,manawi tembenipun, kaprenah kend dados
satunggil, wonten ing Pamursitan, kadi pantes tuhu, kyana patih kasembadan,laju kondur
lawan srinarendra akil, praptaning kapatiyan. Sagung para kemasan ing
mangkin,dhinawuhankinen awismaha, ing Kundhakan panggonane, prenah lor
wetanipun,angumpula dadi sawiji, Kalawan Ma Swaguna, magnkya dhawuhipun, sampun
sami kalampaha, wong kemasan usung-usung samya ngalih,lestari denya wisma.

Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun
1872 sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
Kanjeng PangeranAriya Mangkudiningrat ing Surakarta
Raden Tumenggung Danukusuma, ing Ngayogyakarta
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

Tuwan Singsisnem mentas nampani bludru cemeng kandelipun kados kamli, wiyaripun
saelo, kenging kadamel slimut,krakap lapak,slebrak, sae lo regi nem rupiyah
Lentera bendi tuwin kareta, sapasang regi kalih welas rupiyah

Tuwan Singsis anampeni dagangan enggal karet damel icalaken labeting mangsi,
satunggal regi skeet sen, gagang pen waos ngiras mangsen pindhah, gagrag enggal wah
prayogi kangge ing kantor utawi kabekta kakesahan awit bilih kaisenan mangsi,lajeng
boten sakedhap kedhap kacelupaken ing mangsen saii kalih rupiyah. Krandhil kenaren
kangge ing rante erloji tuwin saptangan saiji kalih rupiyah, mohah sutra cemeng,
delancang sekaran kage sasap tembok, gedhek, gebyok tuwi rana,. Sinjang kemabngan
kaangge semekan tuwin sabuk wdalanin gtanah prasman, alus endah warnaenipun kados
sutra tuwin boten luntur, naming kalih rupiyah satunggal. Sekaran ugi wedalan tanah
Prasman ageng alit warni warni, kaangge pet\nganten utawi damel gagar mayang,
sundhuk, susping, tuwin kateplokaken ing tudhung utawi patileman kobongan.

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan cagak lantera tosan tuwin gagang pancen manjing
tembok dalah lanteranipun patroliyun regenipun namingsawidak rupiyah.
Pangilon ageng alit kacanipun kristal kandelipun sak dim.

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan pethen panyukuran mawi isi: peso cukur kalih,
peso gapit, gunting, kikir kuku, jungkat, sikat pakeyan, sikat unu kaliyan kuku,
wadhah sabun utawi pupur, kaca, usar cukur, cucal panggosokan lading, regenipun
naming sadasa rupiyah.

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni
usar sarta pirantos ingkang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, punapa malih
pulas warni-warni pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.

Tuwan Mos enko ing Samarang sami mentas anampeni lapak saprabotipun
sakalangkung endah, lapel punika pantes kagem para priyangung bongsa jawi

Tuwan Bisliar mentas anampeni dagangan Briliyan sakalngkung sae warniipun tanpa
cacad

PUNIKA CARIYOS BABAD MATARAM


Wu sing ngedum sakehing para dipatya, yata wadya Matawis, kang pejah ing rana,
prasami ginentenan, marang ing anakkireki, kang tanpa suta, kaponakan kang dadi. Kang
saweneh sadulure kang gumantya, saweneh sanakeni, ingkang lesning pisan, tanpa suta
myang kadang, patinggine desa dadi, sampun warata, susulihingkang mati. Pangram Juru
samana aken liweta,pan kendhilira mallih, aglis matengira, apan sami dinuman,
sawarnane kang prajurit, sampun warata, sigra tengara mun.Pan gumerah swarane wadya
mataram, siyaga magut jurit, kang para dipatya, miwah para punggawa, rembage angajak
jurit, umyung gumerah, swarane bendhe muni. Dyan warnanen para dipati ing Sampang,
tengara magut jurit kang para dipatya, miwah para punggawa, Sampang Balega ribanggi,
rembag sadaya, sami remponing jurit. Sampun prapta ing rana sawangsinawang, wong
Madura ningali, agiris sadaya, prajurite Madura, tana ana ingkang darbeni, wanine ilang,
langkung denira wiwrin. Nuli bubar braise dipati Sampang, lumayu rebut dhingin, wong
Pathi Maytaram, lur buta amamongsa, ingkang kacandhak keh mati, kang kawuwusa,
dipati Sampang prapti. Ing jro kitha rembaga samya nungkula, ngaturken pati urip, ing
sultan Mataram, pan sampun karya surat, utusan samun lumaris, sang adipatya
Sumedhang lan ing Pathi. Pan wus katur surat dhateng ingkang putra, sumedhang lan ing
Pathi, tembunge kang surat, anuwun tinanggunga, inggih dipati kakalih, tur pejah gesang,
dhateng sultan Matawis. Langkung suka manahe pangram Sumedhang, miwah dipati
Pathi,nulya ing ngundhangan, wadya bala Mataram, yen nungkul sang adipati, wus atur
surat,anungkul ambek manis.
Tan kawarna wadya ing Matawis, pan anglurug mring kitha Balega, jinarah raja Branane,
dipatine anungkul, wus binakta marang Matawis, dipati Ngaribaya, ngungsi marang
gunung, kithane sampun jinarah, wong sadalem sadaya wus den boyongi, lebar kihta
lelima, Pakacangan lan ing Ngaribanggi, ing Sumenep Madura Mekasan, lebur
binoyongan kabeh, mung nagri sampang wutuh, pan punika teluk rumiyin, denya tur
pejah gesang, yata wong Matarum, sami andum boyonganya, tan winarna pan arsa
budhalan aglis, wong agung ing Mataram. Sang dipati Sampang wus acawis, gya binekta
mring nagri Maaram, ambekta wong seu kehe, annuli budhal sampun, wadya Sampang
marang Matawis, gumrah swaraning anma adandan perahu, sampun alayar sadaya, tan
adangu lampahe prapta garesik, alaju lampahira. Sakathahe bupati pasisir, sami lajeng
mring nagri Mataram, miwah monca nagarane, yata pangeran juru, ing Sumedhang lan
adipati, ing Pathi pirembagan, utusan rumuhun wus katur srinaranata, panungkule dipati
kalawan malih, Balega Pakacangan. Gya sinerot lampahe dutatri, sampun prtapta nagri
ing Mataram, katur sadaya solahe, wau ta sang aprabu, wus utusan mantra kakalih,
tankawarna ing marga,dumrojog wus pangguh gagaman ageng semana, dyan kapethuk
dtane srinarapati,nulya sami saseban. Risaksana utusanmatawis,dhawuhaken timbalan
sang nata, adipati Balegane,kinenyuduki sampun, adipati Balega mati, jisinme wus
pinetak, nengjurang jrohiku, makame dadi karamat,sang dipati ing Sampang wus den
timbale,duk bedhahe nagara. Obahing patrap tataning jalmi, duk bedhahe nagara madura,
sarta balega patine, wahu ta kang winuwus, balanira prabu Matawis, wus prapta ing
nagara, dhawuh sang aprabu,lagya miyos sinewaka, pepak andher punggawa samya
tinangkil, kang sangking nglurug prapta. Pangran Juru Kithing wus kapanggih, lan kang
wayah sang prabu ngalaga,lan dipati Bragolane, PangranSumedhang wau,gentos-gentos
denya ngabekti, ngaturaken boyongan, katur mring sang prabu, trusdha ing wdayanira, sri
narendra resep denira ningali, marnag dipati Sampang. Sru ngandika wau sribupati, eh
dipati ing sampang ta sira, sun aku anak yektine, dipati Sampang nuhun, pan angrep
pasujuding siti, sang prabu anggeganjar, marang wadyanipun, bupati lawan satriya, pan
sadaya ginanjar sami waradin, miwah dipati Sampang. Busanane sami adi luwih, pan
sinami lawan para putra, pinarnah padalemane, puntra putra danu, pinaringan nagari
katri, Madura ing Balega. Ngaris baya wau, srinarendraadiningrt, ingkang sangking
kajeragata ing nguni, wastane Geni Rongga. Apan mangke wus jinunjung linggih, pan
kinarya patih jro semana, endra nata kakasihe, sultan jengkar ngadhatun, cinaritan
sampun lami, antara pitung condra, sang prabu Matarum, miyos siniwakeng wadya,
pepak andher punggawa para prajurit, jibek neng panangkilan. Sri narendra angandika
aris, eh tumengung Mangun Oneng sira,lawan si Yudapranane, si katawengan iku, padha
sira dandana aglis, ambedhah Surabaya,katiga wotsantun, sakehing monca nagara,
tindhihana pturaning sun ki dipati, ng Sampang ngurunana. Abarisa ing teursanbenjing,
aja yuda yen ora dilanggara, arahen kurune bae, rampung dhawuh sang prabu nuli
jengkar lumebeng puri, warnanen panangkilan, sareng bubaripun, kang arsa budhal ing
yuda,ki tumenggung Mangun Koneng mepak baris, kalawan alap-alap. Sampun mepak
wadya ing Matawis, nulya budhal lampahe arikat,datan kawarna lamine, nagri Japan wus
rawuh,ing terusan denira baris, bangawan sinangkrahan,binebeg binenddung, kang mili
mring Surabaya, ing ngurugan prabatalan golang-galing, dadya wong Surabaya. Nora
nana toya kang binukti, kang tan ngombe pan dadi laranya, awatuk lara wetenge,manri
rembug anungkul,kangsaweneh artembug jurit, ana ngajak nungkula, apan sampun
katur,mring pangeran Surabaya, siniwaka wau sakathahing mantra, rongga
kalawandemang.
Ongka 22, Kemis kaping 30 Mei 1872
Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, samikaaturan
bayar patumbasipun ingkang tumunten
Tuwan Jonasportir enko

KULAWISUDHAN TUWIN SANESIPUN


PRABALINGGA
Wadana ing Tengger kaeelih dhatenging Krakasan
Jaksa Ageng ing Prabalingga kakulawisudha dados wadana ing Gendhing.
CIREBON
Mas PUspadireja Juru serat nomer 2 ing Kantor Cirebon kakulawisudha dados Juru serat
ingKarangampel bawah Indramayu dene mas Sastra Atmaja magang ing kantor ingang
angentosi dados Juru Serat nomer 2.
NGAYOGYAKARTA
Raden Tumenggung Suranagara, bupati Pamaosan kaparingan palenggahanipun swargi
Raden Tumenggung Mangkudipura, dados patih ing kadipaten, dene raden Tumenggung
PUspanagara Kaptin Prajurit Prawiratama, ingang kaangkat agentosi dados bupati
Pamaosan.
Putranipun Raden Tumenggung mangkudipura, kakulawisudha dados Kaptin Prajurit.
Raden RiyaYudaningrat ingkang mentas kaangkat dados bupati ing Kalibawang ing
samangke kaparingan pangkat Tumenggung
Mas Panewu dipatilaga ing bantul kaundur saking pandamelanipun awit
kalepatan,menggah ingkang anggentosi raden Ngabei Sumadirja, Juruserat ing Bantul.
Mas amat Ngusman tilas panewu ing Suranata, kakulawisudha anggentosi dados juru sera
ting Bantul.

PAKALONGAN
Raden Mas anji Adiningrat Jaksa Landrad ing Cilacap (Banyumas), kakulawisudha dados
Jaksa Ageng ing Pakalongan, kapatedhan balonja 250 rupiyah.
Mas Tirtadiwirya, Carik Kantor risidhen, Pakalongan, kaundur saking kalenggahanipun
awit saking kalepatan.
Raden Mas Mufit ugi anama Suryaputra kakulawisudha dados Carik karisidhenan,
kapatedhan Balonja 50 rupiyah.
Mas Surawikrama, Mantri Kopi dhistrik Kalisalak Kabupaten Batang, kaundur sakin
gkalenggahanipun margi sampun sepuh, saha pikantuk pensiyun.
Mas Kramareja, Carik Kontrolir Afdheling Kabumen kabupaten Batang, kakulawisudha
dados Mantri Kopi dhistrik Kalisalak, kapatedhan balonja 45 rupiyah.
Mas Citraatmaja, Magangan kantor risidhenan Pekalongan kakulawisudha dados Carik
Kontrolir Kabumen kapatedhan balonja 15 rupiyah.

SURAKARTA
Awit saking pakabaran ing Surakarta sawatawis dinten malih badhe wonten tingalan
sarana ting, ingkang winastan Toperlantaren pamainipun wonten ing Kumidhen dene
angsalipun arta sadaya badhe kadamel amitulungi titiyang ingkang sami kasangsaran
jalaran saking jawah awu, punika ingkang dados pangajeng-ajeng para priyantun ageng
alit utawi sadaya bongsa ingkang woonten ing Surakarta, sami karsaha aningali supados
andadosna tondha asih kawelasanipun dhateng sasamining tumitah ingkang saweg
nemahi sangsara, menggah bayaranipun aningali kumidhi badhe katamtokaken sakedhik
sanget supados para tiyang sami kadugiya ningali utawi ambekta anak rayatipun sadaya..

BATAWI
Wonten satunggalin gsaradhadhu jawi, ing Bataliyun 9 punika awit saking Butarepan
kalampahan anyuduk dhateng kancanipun kalayan sangkuh, kenging ing lepeng kiwa
ngantos butul dhateng ing lepeng tengen ing sanalika saradhadhu ingkang kataton wau
lajeng kabekta dhateng griya pasakitan dene sarasipun dereng kenging katamtokaken.

NGAYOGYAKARTA
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Surya Sasraningrat, anggenipun badhe karsa
apalakrami, angsal putra dalem ingkang sinuhun Sultan anama Raden Ayu Mustakina,
menggah ing dhaupipun benjing wulan Rejeb ing ngajeng punika.

Serat telegram saking nagari Walandi anyariyosaken manawi Kanjeng tuwan Brom
Residhen ing Banjarmasin ing samangke pakantuk ganjaran Bintang Nederlan Seleyo,
dene tiyang Dhayak ingkang …suta ana, Lurah Dhistrik Afdheling dhusun tuwin ing
Kompi, punapa malih …afdheling Litnan Panham tuwin Weslenbereh, akaliyan
saradhahdu anama Noteham sami kaparingan ganjaran Bintang MIliter Willem Ordhe
Phirdheklas.

Kanjeng tuwan ingkang wicaksana Litnan Jendral, a.Y.Andresen, tilas Komandhaning


wadya dharatan ing Indiya Nederlan saha Ajidan dalem Kanjeng Raja ing nagari
Walandi, ing Ngatasing pandamelan mirunggan, nalika tanggal kaing 15 wulan April
ingkang mentas kapengker sampun atilar donya awit saking gerah sariranipun, kanjeng
tuwan Jendral wau sampun ayuswa 68 taun.

Serat pakabaran Dhe Lokomotif anyariyosaken, manawi tuwan Semit sakancanipun


badhe main kumidhi, wonten ing Samarang, ing salajengipun dhateng ing Surakarta,
punapa malih tuwan Passe, ingkang dados dhirekturing kumidhi Japan ing samangke
sumedya dhateng ing tanah Jawi malih lan bekta titiyang Japan ingkang sami saged main
tali sapanunggilipun.

TuwanInspekturing pandamelan pos ing Indiya Nederlan asuka serep manawi kantor pos
ing Ciyamis ing Indramayu (Cirebon) ing Bajanagara (Rembang) ing Majakerta
(Surabaya) ing situbonda (Basuki) awit tanggal kaping 1 Juli ing ngajeng punika, badhe
kabikak kados dene kantor pos sanesipun.

Pista paurmatan jumenengipun Kanjeng gGusti Pangeran Adipati Anom ing


Ngayogyakarta.
Ing dinten akad tanggal kaping 1 wulan Juni punika ing wanci sonten angajengaken jam 8
para priyantun jawi sarta bongsa Walandi utawi sanesipun, saha para nyonyah-nyonyah
sami kaaturan rawuh ingkamar bolah, sareng wanci jam 8 tuwan kakalih sami sowan
malebet ing karaton amethuk sampeyan dalem ingkang sinuhun kanjeng sultan, dene
tindakipun ingkang sinuhun sultan sareng dumugi ing ngalun-alun kaurmatan musikan
sarta ing ngalun-alun mawi kapasangan dilah sekar latu, sarawuhipun ing kamar bolah,
kapethukaken ing kanjeng tuwan residhen tuwan militer kumendhan tuwin tuwan asisten
residhen, salajengipun para tamu sadaya sami angaturi urmat tatabeyan sasaminipun
ingkang sinuhun sultan lajeng lenggah akaliyan tuwan residhen, boten antwis dangu,
tuwan kakalih acanthi tuwan-tuwan sakawan ingkang dados serimuni mister, sowan
dhateng ing kadipaten amethuk kanjeng gusti pangeran adipati anom dene tindakipun
dhateng kamar bolah, anitih kareta anunggil kaliyan tuwan kakalih ing ngajeng wau, sarta
kadherekaken para tuwan tuwan ingkang sami numpak kapal utawi kajajaran para tiyang
sami ambekta obor, dumugi ing ngalun-alun kaurmatan musik sarawuhipun ing kamar
bolah, kanjeng suti pangeran adipati anom kapethukaken para tuwan ingakng dados lid
amarnata pista sarta tindakipun lumebet akanthena nasta kaliyan prasidhen pangagenging
para lid wau, sreng kanjeng gusti pangeran adipati anom sampun lenggah, tuwan
presidhen wau angaturaken satunggal pangunjukan, winastan beker, kadamel saking
salaka, minongka pratondha pangemut-emut paurmatan jumenengipun pangeran adipati
anom sasampunipun musik mungel para tamu sadaya sami majeng angaturi tabe
dhumateng kanjeng gusti pangeran adipati anom lajeng sami asukan dhansah, dene
dhaharipun wanci jam 12 dalu, mawi angunjuk kunthisi kados ing ngandhap punika.
1. Wilujeng jumenengipun Kanjeng Pangeran Adipati Anom
2. Wilujengipun Kanjeng Raja ing nagari Nederlan
3. Wilujengipun Kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral ing Indhiya
Nederlan
4. Wilujengipun ingkang sinuhun kanjeng sultan
5. Wilujengipun pangeran adipati anom
6. Wilujengipun kanjeng tuwan residhen ing Ngayogyakarta
Sabibaripun pista punika, konduripun ingkang sinuhun kanjeng sultan utawi kanjeng
gusti pangeran adipati anom, ugi kadherekaken para tuwan ingkang sami amethuk
kasebut ing ngajeng wau.

Ingkang tabe paurmatan akathah-kathah, sayogi katur ing panjenenganipun ingkang


saudara tuwan F.L.Winter, redhaktur pustaka Bramartani, ing nagari Surakarta, manawi
kagalih pantes sarta wonten selaning papan mugi karsaha amacak ing kabar Bramartani,
atur panjurung kula punika. Wonten satunggaling tiyang dhusun karangmaja, tanah
Sukawati, bawah ing Kamangkunagaran Surakarta, nama pun Wongsasemita, kala ing
dinten Kemis kaping 13 wulan Rejep taun Be ongka 1800 utawi tanggal kaping 28 wulan
September taun 1871 [im Wpmgsa Se,ota wai npkpmo[im aremcamg ;are salk;amglimg
aneh. Ing sasumerep kula dereng wonten wujuding bayi ingkang kados mangkaten dene
lairing bayi punika silitipun buntet kimawon tuwin tanpa plandhungan agadhah pajaleran
kalayan pawestrn, menggah prenahing pajleran wau, wonten tengah ingpawestren, dene
yen lare wau wawratan wedalipun saking pajaleran tunggil margining uyuh, antawis bayi
punika umur 4 wulan bapakipun pejah, ing samangke lare taksih wilujeng gesang
ananging memelas sanget sabab manawi wawratan rekaos sanget upami wontena ingkang
saged anulungi lare wau anggenipun wawratan medal ing jubur, bokmanawi saged
lastantun gesang ing sapangingggilipun, tamtu badhe wonten kawujudanipun tembung
lare bagapurus, dene gadhah pajaleran kalayan gadhah pawetren, ing saestu andadosaken
pangajeng-ajeng, kadaodsanipun ing benjing yen ngantos wanci birahi.
Katur ing dinten Rebo kaping 14 Mulut ing warsa Wawu Ongka 1801. Katandhan
Surajiwandana.

KANG NGLERESAKEN
BRamartani ongka 20 wonten kulawisudhan panjurungipun ingknag sisilih nama Langen
Jiwa, nalika kanjeng tuwan Residhen Banyumas angesrahaken pandamelan dhateng
tuwan H. Sisperpluh ,Asisten Residhen ing PUrbalingga, kasebut ingkang anjenengi
minongka saksi, kanjeng tuwan Inspektur Kumisi, akaliyan tuwan Sikretaris miwah
kanjeng bendara ingkang buaptos punika pamanggih kula kirang patitis saestunipun ing
wekdal punika ingkang anjenengi minongka saksi among kanjeng bendara ingkang
bupatos aliyan tuwan Kontrolir kemawon.
Katandhan pun Lebdajiwa

Sanadyan sampun antawis lami sanget pitangledanipun mitra kula ingkang asisisilih
nama, Darmakondha, ewa dene ingmangke taksih karsa andugekaken badhe anyumerepi
kawinipun saranduningbadan ingkag kangge ing lebt karaton ingkang punika manawi
andadosaken rajuking panggalih, kula ngaturi seserepan kula ingkang sampu kaangge ing
karaton Surakarta kados ing ngandhap punika. Endhas kawinipun mestaka, embunbunan,
githok griwa, rambut rema, bathuk, plarapan ,pipi, pangarasan, alis, imba, mata, tingal,
eluh, waspa, irung, grana, umbel,gadhing, lambe, lathi, brangos, kumbala, untu, waja, ilat
lidhah kuping talingan gulu, jongga, pundhak, pamidhangan, dhadha, jaja, susu,
payudara, tangan asta, weteng, padharan ,geger, pengkeran, kuku, kenaka, bokong,
bocong, pupu, wentis, sikil, sampeyan, dhengkul, jengku, wudel, tutunan, naming punika
ingkang sampun kangge padintenan saupami tiyang alit anyebuta sariranipun para ageng
makaten kimawon ing anglimrah, dene jangkepipun sadaya ugi wonten ing dasanama,
ingkang kula aturaken ing nginggil punika naming ingkang sampun kalimrah kanegge ing
kathah kimawon manawi ing tembung arab utawi walandi, mugi sampun dados
panggalih, kula boten angsal seserepan aatur kula wau naming dados saurun-urun
kimawon katimbang dereng wonten ingkang karsa aparing jarwa, utawi saking kajat kula
ing manah remen angupados pawong mitra, amila mtra kula kusumawicitraingkang
sampun karsa anglairaken pangandika, yen badhe karsa tetepangan kaliyan kula wonten
ing Bramartani, punika sakalangkung andadosaken suka pirenaning manah kula, naming
ing mangke dereng wonten jalaranipun ingkang badhe kula aturaken kadamela lantaran
gumujengan mitra kula samanten ugi.
Katandhan Open

PANJURUNG BRAMARTANI
Kula maos serat Bramartani ongka 20 ingkang medal kemis kaping 16 Mei taunpunika,
ing ngriku kula anrejuhi panjurungipun mitra kula, ingakng jujuluk darmakondha,
ingkang supraos tumanduk dhumateng mitra kula ingkang sisilih open utawi mitra kula
kusumawicitra ingsung pamujhi jalaran anggenipun angsung icip-icip kawenipun gares
utawi pupu, punipa dene ancasing saseratan wonten ingkang lumarab dhaten gkula,
prakawis anggen kula dereng mangsuli bab kawenipun badan sakojur wau, mangkaten
ugi sareng mitra kula kusumawicitra anandukaken sih palimarma, angocikaken
kabesturoning manah kula, boten antawis dangu, kula inggih lajeng mangsuli, tumrap ing
Bramartani ongka 13 kaserbut kula mratelakaken kodhengipun manah kula, saha
prakawis punika sarehning ing ngajeng mawi kasebut lajeng tummanduk para sarjana
sanesipun, mila kula wau lajeng cumandhaka kula gebyuraken katur para sarjana,
sangking pangraos kula samanten kemawon sampun cekap, amargi kula sampun
mrasajakaken kodhenging manah, sangking bab punika. Ingkang kalih dene,
panggalihipun mitra kula darmakondha kula kakalih boten serju amemitran kaliyan
sariranipun, o punika boten, sewu tebih kaliyan karenteking manah kula, mila karaya-
raya gebryaraken panjurung ing pasamooan Bramartani sangking kedah atepang wanuh
kaliyan para saget, solur ugi wontena ingkang serju anganggep mitra, supados saged
anyirnakaken ardaning manah ingkang pancen boten mikantuki, ewadene sarehning kula
wau sampun rumaos kalepatan jalaran anggen kula boten ngaturi wangsulan boten
langkung nyuwun pangaksama ingakng agung, dadosa tondha pangenget-enget ing
sapanginggilipun. Sinerat ing Balekarti Brata kaping 19 wulan Mulut warssa Wawu,
sinengkalan “Jalma maletik ing ngesthi tunggal”
Katandhan Mitra paduka kang lagya Braminta dahat Trusdhasastra.

PANJURUNG
Srinata ingkang minongka, pangiringing atur taklim, winantu ing pakurmatanmijil sakin
gtyas kang tening, dyan kaatura mugi, ring para sarjana luhung, kang ngrengga
pasamuan, sarta kabar Bramartani, wiyosipun mugi sampun pisan-pisan. Dadya rengating
wardaya, rehning amba kumawani, sumantana tanpa taha, ngaturi usul sakedhik tan
liyan wuhung saking, kyas ambadahat kapencut, myasa kna pra sarjana, denira marsudi
budi, anggelarken kawigyaneng serat kabar. Tur kinarya gugujengan marma ing theng
dirya mami, upami para sarjana, karsa anyaruwe sami, anganggep mitra yakti,mandah
arsa yeng ulun , awit kula punika, mudha punggung kirang budi, dadya dahat kumacelu
sinarweya. Dimen saged tepang rembag, wonten jroning bramartani, malak mandar lama-
lama, saged ngindhakaken budi, wit tansah ngathik-athik, ing kawruh ingkang kalimput
marmanipun samangkya, amba kang usul rumiyin, aprasasat kinarya pambuka sabda.
Nguni amba duk sasab jan mring pawiyatan nujoni, san gdwijakarya cangkriman para
siswa nyatinuding, ambatang kang patitis, sowangan ambudi kawruh, de wau
cangkriman nya, mawi sekar sinom inggih, mung sapada kados ing ngandhap punika.
Wonten durjana lilima, lumampah arsa mamali, denya malebeng babahan, mung kakalih
kang lumaris, kang titiga tutwuri, saparanya datan kantun , yen nuju antuk mongsa, lilima
malih nututi, ugi kalih kang biyantoni angsalnya.
Dahat kasmaran tyas mami, miyatomg cangkriman punika, dene sru gampil yen tinon,
nanging cuwaning wardaya, awit wekdal punika, swandong ningali tan tutug, dereng
wonten para siswa. Ingkang saged miyatani, ambatanga kang tetela, pramilanipun
samangke, kula tur ken prasarjana,mugi salah satunggal, amaringana pitulung, medhar
cangkriman punika, Kapacak ing Bramartani, dimen padhang tyas kawula, supados
kenginga kangge, lantaran ngupaya nalar, lo wung yen saged mindhak, mumungu budi
kang welu, smpun titit tur kawula.
Kaping 10 Mei 1872. Katandhan Watatama.
Sekar Pucung, bubuka tur tabe ulun, katur saudara, tuwan F.L.Winter ngri, Surkarta,
redhakturing serat kabar. Yen panuju kawula atur panjurung, yen sela ing papan mugi
kapacaka benjang, wedalipun ing ngari reapting ngaarsa. Awit ulun uninga
manjurungipun trusdhasastra ikang medal kemis tanggal kaping gangsalikur, April ing
taun punika. Angrasehken kawi tigang bab winuwus, mring para sarjana, atunggal
tembnung windradi, kalih calapita, tribrata sopana. Kang puniku, rehing para sarjana
nung, dereng wonten karsa, paparing jarwanireki, yen pinareng kawula ngaturi jarwa,
leres lepat uilun sumongga ing kayun, tinimbang tan ana, ingkang karsa anegesi,lo wung
lamun dadya rujukin gpamanggya. Tembang brata sepana pamanggih ulun yen pinetcret
dinya, brata pan laku sayekti, desopana, papati utawa marrga. Dewi ndradi, windu adi
ardinipun kalamun pinerang, ing dasanama kang muni, windra iku tinegesan uwa-uwa.
Dene calapita lamun credinipun gunung kuning ika, kalamun wujudireki, ingkang aran
calapita yekti nira. Ing kunane keprakira candhang balung, gadhing kang
kinarya,mungging epei-epek kakalih, yen pinolah munya swara nyelir keprak, Mung
puniku kang dadya pamanggih ulun, yen tan kaleresan, ywa dadya rengating galih, titi
tamat,katandhan pun Wityaradya.

Suka Wangsulan
Bramartani ongka 20 mitra kula Darmakondha suka panarimah, dhumatengmita kula,
Open kalih dhateng kula, awit akalaiyan sami suka panjarwa, pitakenipun kawi
sawetawis ingkang sarta darmakondha suka pmuhi akathah kathah saha mangalembana.
Wangsulan kula sokur dene mitr akula anganggep dhumateng saseratan kula, ananging
panedha kula sampun ngantos kaladuken pangalembana wau, menawi mongka sarehning
sami sipat ngaral yen kirang tanjem sokur meni langgeng, lahpunika ingkang otami,
angatasipun bongsa mamitran sanadyan dereng nate papanggiyan ananging sawek
lantaran serat ewa dene kenging dipun naggep awon sae tuwin kasar alusing tembung,
kalaras saking lelewaning saseratan, ing wana kula suka pamrayogi mitrakula
darmakondha sampun kemba-kemba, anggenipun manjurung kabar bramartanipunapa
sasenengipun manah. Katiten ing Yujakarta kaping 12 Garebeg Mulud ing taun Wawu
sangkala Candra Wiyat Sarira kadya” katandhan Ka WA.

ADRENGING PAMINTA
Bramartani ongka 15 wonten tembung dhawah sampir, trangipun ing teges kla dereng
mangretos sareng kula pitakekaken in glyan malih sangsaya ribet awit kula tepang
tepangaken derng sumeleh, sanadyan kula asring miring rengkng cariyos ipun ki dhalang
wayang, ewadene dereng narimah, amargi anggenipunnegesi kirang jaman. Pramila kula
boten saged ngampahniyt grering cipta kedah pitaken ing mitra kula kekalih, 1
Trusdhasastra, 2 Open awit sampun kula tamtokaken yen sakaliyan wau sami
pratamenging tembung, sarta prawigya ing kasusastran wah sami seneng amentaraken
kawruh ingkang maedahi ing praja. Ing wasana tembung tiba sampir wau punapa
tembung jawi tulen punapa tembung camboran saking amonca,mitra kula sakaliyan mugi
sageda suka panjarwa,sumelehipun ing teges. Katandhan Ka Wa, Ing Ngayujakarta
Kula tuwan JOnasortir enko sampun nampeni artaparing dalem ingkang Sinuhun
Kanjeng Sultan ing Ngayogyakarta, sumerep patumbasipun serat Bramartani taun 1872
punapa malih sakin gpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhap punika.
Kanjeng PangeranARiya Cakradiningrat ignSurakarta
Kanjeng Pangeran Suryadipura ingSurakarta
Raden Ngabei patmadipura, ing Temayang, Banyumas
Tuwan Dheyong, ing Kdhung Bantheng, Surakarta
Babah Licao Yan ignSurakarta
Raden Tumenggung Sasrakusuma ing Surakarta
Raden Tumenggung Yudapranata ing Surakarta
Raden Tumenggung Arjawinata ing Surakarta
Raden Tumenggung Riya Sasradigdaya ing SUrakarta
Ingkang punika sanget panuwun kula dhumateng para priyantun wau, Jonasportir enko.

Tuwan Singsisnem mentas nampani bludru cemeng kandelipun kados kamli, wiyaripun
saelo, kenging kadamel slimut,krakap lapak,slebrak, sae lo regi nemrupiyah
Lentera bendi tuwin kareta, sapasang regi kalih welas rupiyah

========================================
Tuwan Singsis anampeni dagangan enggal karet damel icalaken labeting mangsi,
satunggal regi skeet sen, gagang pen waos ngiras mangsen pindhah, gagrag enggal wah
prayogi kangge ing kantor utawi kabekta kakesahan awit bilih kaisenan mangsi,lajeng
boten sakedhap kedhap kacelupaken ing mangsen saii kalih rupiyah. Krandhil kenaren
kangge ing rante erloji tuwin saptangan saiji kalih rupiyah, mohah sutra cemeng,
delancang sekaran kage sasap tembok, gedhek, gebyok tuwi rana,. Sinjang kemabngan
kaangge semekan tuwin sabuk wdalanin gtanah prasman, alus endah warnaenipun kados
sutra tuwin boten luntur, naming kalih rupiyah satunggal. Sekaran ugi wedalan tanah
Prasman ageng alit warni warni, kaangge pet\nganten utawi damel gagar mayang,
sundhuk, susping, tuwin kateplokaken ing tudhung utawi patileman kobongan.

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan cagak lantera tosan tuwin gagang pancen manjing
tembok dalah lanteranipun patroliyun regenipun namingsawidak rupiyah.
Pangilon ageng alit kacanipun kristal kandelipun sak dim.

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan pethen panyukuran mawi isi: peso cukur kalih,
peso gapit, gunting, kikir kuku, jungkat, sikat pakeyan, sikat unu kaliyan kuku,
wadhah sabun utawi pupur, kaca, usar cukur, cucal panggosokan lading, regenipun
naming sadasa rupiyah.

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni
usar sarta pirantos ingkang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, punapa malih
pulas warni-warni pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.
Tuwan Mos enko ing Samarang sami mentas anampeni lapak saprabotipun
sakalangkung endah, lapel punika pantes kagem para priyagung bongsa jawi

Tuwan Y.Biselar mentas anampeni dagangan braliyan, sakalangkugn sae warniipun tanpa
cacad

PUNIKA CARIYOS BABAD MATARAM


Pra tumenggung pepak sami nangkil, para mantra lan para Santana, prasami pepakan
andher, sadaya sami matur, kang saweneh angajak jurit, saweneh ngajak seba, e
memanahipun, jeng pangeran Surabaya, Tambakbaya Kumitir berkang kuwanin, lumaku
ing ngabena. Wong Surabaya sadaya angling, Tambakbaya pak sakumawawa, kudu
sumanggub yudane, yen aja akaruhun, nora kongsi tilar nagari, duk aneng nagri Pajang,
bias uga iku, wong Mati angajak-ajak, Tambakbaya burone Prabu Matawis, iku angajak
rusak. Langkung emeng wau sang dipati, dipun galih ingkang pradipatya, angajak
nungkul becike, rinasa jroning kalbu, jeng pangeran rumongsa isin, mangkya sangsaya
lama, kang wadya keh kuru., wong Surabaya kemengan, sakathahe wdya ingkang ngajak
jurit, sami nungkul sadaya. Marang kanjeng Prabu Narapati, dadya pangeran ing
Surabaya, kagegeran ing manahe, anungkul karanipun, anuruti kang para mantra,lah sira
putraniwang, seba akaruhun, lah ingsun nora tumindak, putraningsun wus pekik sun
karya wakil, ngirida mantri ingwang. Sakathahe ingkang para mantra dhateng pangram
Surapringga ika,pangraos kawula angger, putra tuwan pukulun, kados boten mungkasi
kardi, yen suwawi ing karsa, lerestuwan iku, tumindaka kang prayoga, apanggiya lan
putra tuwan Matawis, suka mantra sadaya. Jeng Pangeran Surabaya angling, ing Sun
warah kabeh karsaningwang, nanging ingsun wurung sar, temuwa sang aprabu, among
putraningsun pribadi, mas pekik lumakuwa, dadi wakil ingsun, ngong pasrahaken Hyang
Suksma, lara patingong srahaken ing Hyang Widhi, mongsa bodhoa dhalang. Sira
ingkangsun kon ngetut wuri, ngaterena marangputra ingwang, ingakng dadi saratine,
angawaha wong sewu, kang sakehe para dipati, gawa arajabrana, iki layang ingsun,
aturena mring utusan, ingkang baris aneng ing erusan nguni, mangunoneng kang nama.
Sigra mangakt wau sang dipati, pan ingiring mantra Surabaya, prasamya munggeng
wurine, raja brana pinikul, pan akathah raja branadi, pan kinarya pratondha, ing
panungkulipun, sapraptanira paseban, pepak andher wadyabala ing Matawis, ebat wong
Surabaya.Kyai demang nguruwan dhingini, bekta surat wau nulya prpata, anjujug
pondhoka gedhe, Mangun Oneng gya metu, Ki Urawan dipun panggihi, wus tinampan
kang surat, wus sinukmeng kalbu, ungele ingkang nawala, tuhu nungkul pangram
Surapringga nangkil, putranipun kewala. MangunOneng suka denira ngling, iki bener
karsaning dipaty, pan angemanna larane, nanging kuciwanipun, dening wakil putranireki,
Mangun Oneng gya ngucan, paran ta ing rembug, para mantra aturira, mongsa borong
Mangun Oneng ngandika ris, gegaman nulya budhal. Kya ing damang Ngurawan gya
mulih, sigra matur marang raden putra, pan wus katrima lakune, Manungoneng winuwus,
gya putusan marng Matawis, angarui uninga, Surabaya nungkul, ing dalu datan kocapa,
enjang budhal sakehing wadya matawis, miwah wong Surabaya. Kawarna alampahireng
margi, inggih sampun prapta Pranaraga, prasami arerep kabeh, kawarnaha ing ngenu,
mangunoneng lan Ki Ngabei, Kitawengan samana, mapan sampun rembug, yuda prana
alon mojar, kadipundi pangeraning surawedthi, teka boten lumampah. DAtan eca raose
ing galih bokmanawo manahe tan lomba, kinarya bujuk putrane, mangunoneng amuwus,
gih makaten rembug puniki, suwawi ing nugtusan,lamun sida nungkul, anulya aglis
nusula, Mangunoneng utusan mantra kakalih, mring nagri Surabaya. Raden Pekik
binektanan mantra, ki Urawan kinen umatura, dene sanget mring ramane, ing ngutus wus
alaju, tan winarna pan sampun prapti, tumameng jroning pura, ngurawan umatur
sampeyan gusti ngaturan, dhateng putra paduka dhateng Matwis, panggihlan kanjeng
sultan. Pangeran agupuh nulya glis,nulya dandana ngambili kuda, sarwi nutuh salirane,
angraos lepatipun, yen ngangge arembag ing mantra, kaya lamun mengkana,manahe
anglalu,Manawa ta kangjen gsultan, darbe adil para marta marang mami, cupet bali lan
ingwang. Sigra budhal wau sang dipati, Surabaya miwah Tambakbaya, binakta seba
ngarsane, jagarana tan kantun, adipati Pajang tan kari, mrin gpangran Surabaya, lampahe
lastantun, den anti mring Pranaraga, asdipati ing Surapringga wus prapti, nagara
Pranaraga. Nuju sineba kang para mantra, Manguoneng lan ki Katawengan, yuda prana
sakancane, rerep aneng ing ngriku, pan sanganti karsa sang aji, samana sampun prapta,
utusan sang prabu, amundhi ngantika nata, pun aduta lan Mangunoneng wus panggih,
pangram sigra utusan. Pangran Surabaya sigra prapti, gya wong gandhek Mataram asigra,
dhawuhaken timbalane,andika kinen wangsul, lawanptura tumuta bali, mring nagri
Surabaya, karsane sang prabu,mung ki arya Tambakbaya, kang pinundhut binakta amring
Matawis, lawan Tumenggung Pajang. Lan sakehe sagung paramantri, Surabaya
pinundhut sadaya,kinen lajenga samangke,putra dika sang prabu, apan arsa wau udani,
mantra ing Surabaya, dipati tumungkul, datan kuwawa lenggana, ing karsane srinaranata
Matawis, Surabaya katura. Nadyan silih pati lawan urip,pan sumongga katur srinarendra,
datan kuwasa adarbe, sadaya maoan katur, pejah gesang tan andarbeni, manguoneng gya
budhal, prapta ing Mataram, katur solahe sadaya, para mantri Surabaya apanenggih,
prasami ing ngandikan.
Ongka 23 Kemis kaping 6 Juni 1872
Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, sami kaaturan
bayar patumbasipun ingkang tumunten.
Tuwan Jonasportir enko

Para priyantun ingkang karsa bayar panumbasipun serat brmartani, mugi sapun
kakintunaken dhateng tuwan Punerman awit badhe angisruhaken ing petangipun,
Jonasportir enko

Kulawisudhan
Raden Srjani, aliyas Prawiradipura, siswa ing pamulangan jawi ing nagariSurakarta,
nalika tanggal kaping 23 wulan Mei taun punika sampun kakulawisudha dados mantra
guru ing pamulangan jawi nagari Kadhiri, sarta kapatedhan balonja 50 ruiyah ing
sawulanipun.

ING PRAYANGAN
Awit saking serat kakancinganipun kanjeng tuwan ingkng wicaksana, gupernur jendral
ing tanah Indiya Nederlan kaititimongsa kaping 5 Mei 1872 ongka 15. Kanjeng Raden
Tumenggung Wira adegdaha, Bupati ing nagari Sokapura, kakulawisudha jinunjung
pangkat adipati, awit saking lalabetipun ingkang jeng gupernemen anglampahi ing
wajibanipun jumeneng bupati, amergi ing sapunika, saking kiarsanipun kanjeng
gupernemen ing saleebting tanah Prayangan kadamel aturan ingggal, wondening
laminipun sampun pikantuk sataun punika, ugi boten kirang satunggal punapa. Permila
kanjeng gupernemen ageng panarimnahipun dhaten gkanjeng rahaden adipati wau.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Ing dinten Saptu tanggal kaping 25 wulan Mei ingkang sampun kapengker, wonten
tiyang neneman anuntun lembu, sareng dumugi ing kampun g Limalasan lembu wau
amedhot anunjang tiyang sarta angidak barang sasadeyan tujonipun boten wontentiyang
ingkang kasangsaran sarta lembu wau boten antawis dangu lajeng kacepeng wonten ing
salebeting pakampungan ngriku, punapa malih dereng antawis lami wonten
satungggaling walandi ingkang kabujeng ing lembu wonten sangajengipun
pamulanganjawi, ananging wilujeng boten ngantos kenging kagudag awit lajeng
kacepeng ingkang ngangen,lembu punika ingkang wau dipun engen wonten
sawingkingeng beteng, kalayan sanesipun dene ingkang dados pangajeng-ajeng ing
wingking sampun ngantos wonten tiyang ingkang kasangsaran punika para pulisi sami
anindakna parentah amurih wilujeng ing ngatsing prakawis punika awit sakathahing
lembu ingkang dipun engen wonen sawingking beteng kajagi ing rare alit dene manawi
wonten tiyangipun sepuh ingkang angen asring katileman wonten sangandhaping wit
asem utawi sami kasukan keplek.

Bab anyrinakaken Ama pantun


Tuwan Kontrolir ing Singkarah, amratelakaken manawi toya tir kenging kadamel sarana
angicalaken ama pantun piyanggang, toya tir wau dipun sirat-siratna ing pasabinan
ingkang kenging ama, dene ing tembe manawi wonten kateranganipun malih ugi badhe
kapratelakaken ing serat pakabaran. Kanjeng Tuwan Ingkang wicaksana guprenur jendral
andhawahaken wawaler kasebut ing serat kakancingan ingkang katitimangsan kaping 24
wulan april ingkang sampun kapengker, para tiyang ing Indiya Nederlan boten kalilan
yen ananem a sekar apyun, dene yen wonten tiyang ingkang anerak wawaler purun-purun
ananem sekar apyun wa badhe kadhendha 1000 rupiyah sarta sadaya tanemanipun badhe
kapundhut ing parentah.

NGAYOGYAKARTA
Lalampahan pista minongka paurmatan rampungipun marginin gkareta latu
Ing dinten Saptu tanggal kaping 8 ing wanci jam 7 enjing para tuwan sarimbit utawi para
priyantun jawi sapanunggilanipun sadaya ingkang sami amanjurjng wragadipun adamel
posta sami dipun aturi ameng-ameng anitih kareta latu, menggah angkatipun saking
stasiyun ing Ngayogyakarta, wanci jam satengah wolu enjing, dene wangsulipun ing
wanci siyang. Ing dalunipun wanci angajengaken jam 8 para priyantun wau sami
kaaturan rawuh dhateng ingkamar bolah, sareng jam 8 leres tuwan kakalih ingkang
amranata pista punika mawi acanthi 4 serimuni mister, sami sowan dhateng ing dalem
parentsidhenan, amethuk kanjeng tuwan residhening Ngayogyakarta, 2 gupremen
nopmasaris, 3 para lidkumisi margining kareta latu, 4 tuwan insinyir, 5, ingkang amakili
upinspektur margining kareta latu, 6 kanjeng gusti pangeran adipati, 7 kanjeng raden
adipati Daureja, 8 tuwan militer komandhan, 9 tuwan asisten residhen 10 komandhaning
baris sekiter, utawi para priyantun sanesipun sadaya sami kaaturan anjenengi pista
punika, dene tindakipun kanjeng tuwan residhen utawi para tamu wau, mawi kaurmatan
ungeling musik sarta wonten ing margi mawi kajajaran tiyang ambekta obor utawi
amasang sekar latu, salajengipun tuwan kakalih ugi acanthi 4 serimuni mister, sami
sowan malebet ing karaton parlu amethuk ingkang sinuhun kanjeng sultan, dene wiyos
dalem saking karaton ugi mawi kajajaran abdi ingkang ambekt obor, sarawuhipun ing
ngalun-alun, kaurmatan musik utawi gongsa, sarta mawi amasang sekar latu, sareng
rawuhing kamar bolah lajeng katampen ing kanjeng tuwan residhen kados adapt ingkang
sampun kalampahan sasampuning antawis angenipun lelenggahan tumunten para tamu
wau sami kasukandhansah, dene dhaharipun ing wanci jam 12 dalu mangunjuk saha
kundhisi kados ing ngandhap punika.
1. Wilujeng rampungipun margining kareta latu ingkang samangke sampun kenging
kaangge ing ngakathah.
2. Wilujeng dalem kanjeng raja ing nagari Walandi
3. Wilujengipun kanjeng tuwan minister pankoloni
4. Wilujengipun tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral ing Indiya Nederlan
5. Wilujeng dalem ingkang sinuhun kanjeng sultan ing Ngayogyakarta
6. Wilujengipun gupremen komaesaris para tuwan kumisi tuwin wilujengipun tuwan
ingkangamakili upinspektur margining kareta latu
7. Wilujengipun tuwan Insinyir tuwin para tuwan tuwan ing ngatasing pandamelan
margining kareta latu
8. Wilujengipun kang tuwan residhen ing Samrang saha kanjeng tuwan residhen ing
Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta
9. Wilujengipun para nyonyah-0nyonyah ingkang sami wonten ing pasamuwan
10. Wilujengipun para tamu sadaya
Ing sabibaripun pista punika konduripun ingkang sinuhun kanjeng sultan ugi mawi
kaurmatan kados dene nalika tindakipun.

SURAKARTA
Ingkang manawi wonten selanipun ing papan, panuuwun kula panjurung punika,mugi
kapacaka ing Bramartani. Nalika ing dinten akad tanggal kaping 11 wulan Mulud punika,
wanci jam 4, sonten kula aningali sekaten, kaliyan mitra kula jaler abdi dalem ing
nglebet, manggen wonten sakidulipun waringin sengkeran ingkang kilen, boten watawis
dangu lajeng katingalan jalaran saking kidul, medal sakilenipun ing sitinggil, kula
pitangled dhateng mitra kula, wangsulanipun punika jajaran dalem, kanjeng gusti
pangeran adipati anom, karsa tedhak ningali sekaten saknalika kula nyat lajeng ngadeg
ningali nyelak kaliyan mitra kula wau, jajaran ingkang wonten ngajeng, abdi dalem
prajurit ing kadipaten anom, prajurit Trunasura, mangangge cara Walandi, kathahipun 24
katinmdhiyan upsir satunggal, lajeng kasambungan prajuirt praiwranom, mangangge
prajuritan lajeng abdi dalem lurah bekel jajar miji, prabot basahan, kasambetan
punakawan sami sinjang kawung, nunten kaneman, gides, ranan: Urdenes, sadaya sami
rasukan sikepan pethak, para sadherek dalem kanjeng gusti, kakung ingkang teksih timur
sami nitih kapal wonten salebetipun jajaran, busana rinengga sinami-sami, ,
tumuntenkanjeng gusti pangeran adiipati anom, nitih turongga dipun songsong
nginggilab, amangagem sarwa endah sinotya sotya ing retnadi, titiyan dalem kanjeng gsti
binusanan abramarkata, tansah ngepyuh nirik mandhapan kula dhodhok kapitengggengen
dongengong, jomblong, dene misih timuripun kula pitanglet yuswa dalem, saweg nem
taun lampah wawu punika, ingkang celak titiyan dalem, wadana ing kadipaten, raden
tumenggung Prawiradipura, numpak kapal, utawi kaliwon panewu mantra damel, tuwin
panewu mantra anom-noman, lan walandi Urdenes, sami garebeg lumampah dharat,
mangangge basahan tuwin prajuritan, sami rasukan sikepan pethak, kenging
katembungaken kados kuntul aneba, balabar wonten ing ngalun-alun, sawingking dalem
kanjeng gusti, para sadherek putrid timur, itih reta renteng, embank dalem kanjen ggusti,
nama raden ayu jayegresmi, nunggil wonten ing rata ginarebyek para parekan sami
sinjang kawung sadaya, ingkang mungkasi lampah para lurah bekel jajar sepalih, sanalika
ingkang ningali sekaten gumrubyug arebut dhucung, sami ningali tedhak dalem kangjeng
gusti, lajeng mangaler dumugi radinan saleripun loji ageng megok mangetan, kula lan
mitra kula wau boten pisah dherek satedhak dalem kanjeng gusti, saking katemben sanget
ngungunipun manah kula, tedhak dalem kangjeng gusti, mubeng ing loji-loji wetan,
lajeng tedhak ing sitinggil, sareng jam nem tedhak malih nitih kareta, ingkang sami
dherek kapalan, teksih mawi jajaran pukul wolu kondur ing dalem kadiaten nglebet, kula
lajeng mantuk dhateng pondhok, tansah criyosan kalih mitra kula wau. Katandhan
Anggarakanthil

Ingkan manawi wonten selanipun ing papan saking panuwun kula, dhumateng tuwan
Redhaktur ing Bramartani serat kula punika, kapacaka wonten ing Bramartani, minongka
dados wangsulan kula dhateng miytra kula mas Pamrih ing Kranji.
Wiyosipun mas Pamrih , kula sampun anmpani wangsulan sampeyan suraosipun
salangkung andadosaken ing panrimah sampeyan, awit kecondhongan ing pamanggih
sampeyan, sentegipun ingpanggalih kados dening dedamel kethul, kang dipun wungkal
denten pmanggihipun ing manah kula ugi makaten awit wmosikipun ing manah kula
saking barkah sampeyan nalika anampeni pitanglet sampeyan 3 bab ingkang sampun kula
istiyaraken ing tegesipun wekasan rujug andadosaken parenging panggalih sampeyan
utawi mitrakula anglagsanani paring pitulung ingkang dados panedha kula, bab tegesipun
badhaya, badha, cacat 2 merak ya, inggih ingkang sampun jimrah ing kranji,
katembungaken taledhek ananging sampeyan teksih anedha leresipun tegesipun ing
badhaya wau, panedha sampeyan teges punika kapinujon sanget awit kula nampani
bramartani, panuju malebet ing nagari surakarta, prelu ningali sekaten dados serat
sampean lajeng kula dedahaken mitra kula ingkang dados abdi dalem ing ngelebet
anggenipun ring seserepan mekaten badhaya punika sak tembung, boten diun parinci,
tegesipun badaya, jejer menawi sampun jejer, lajeng, Mataya, tegesipun beksa, ewadenin
gpeparing sampeyan seserepan mas pamrih inggih andadosaken pirenanipun ing manah
kula, awit wonten pabasan mekaten desa mawa cara, nagara mawa tata, wasana kula
sumongga teges kekalih wau, ingkang dados condhongipun ing panggalih sampeyan. Ing
Benawi ngalihkaping 28 Mei taun 1872
Katandhan Anggara Kanthil

Pitangledan minongka panjurung mugi katur ing panjenenganipun para sarjana ingkang
sami karsa anggelar akwigyan sarana gugujengan monten ing pasamuan bramartani,
sasampunipun kadya punika wiyosipun, ingkang boten punapa sarehning sakalangkung
cuntheling manah kla, jalaran dipun tedhani pitulung dhateng pamitran kula kapurih
medhar cangkriman kalih prakawis mongka kula budi saegga samangke dereng saged
angleksanani, pratelanipun kados ing ngandhap punika, 1 wonten ratu angungelaken
gongsa munggang ing wanci luhur, sasampunipun kendel lajeng andangu dhuamteng
kyai pangulu, makaten pangulu, apangrungu apa ora aku nabuh munggang, yen kowe
ngrungu bakal tak pateni, yen ora ngrungu iya bakal tak pateni uga, punika kados pundit
atur panjawabipun pangulu, supados sampun ngnatos dipun pejahi, 2 wonten tunggak
kajeng, kawenangan ing mranggi, tumunten kadamel golek wujud estri, sampun dados
lajeng katilar, ing ngriku wonten tukang sungging langkung, sumerep golek punika lajeng
kasungging, ugi lajeng dipun busanani, wonten pandhe langkung, golek wau lajeng dipun
anggeni sengkang, salajengipun wonen dewa sumerep golek lajeng dipun panjingi nyawa,
punika sareng sampun dados manungsa, sinten ingkang kawajiban dados lakinipun utawi
mranggi, tukan gsungging, juragan sinjan gsarta pandhe wau dados punapanipun mugi
wontena sih pitulungipun para sarjana medhar cangkriman kakalih wau, supados kula
saged mangsuli dhumateng pamitran kula.
Karangkumiuning kaping 23 Mei 1872 Katandhan Martatama.

PANJURUNG
Serat Bramartani, ongka 15 ingkang edal kemis kaping 11 April ing taun punika, wonten
panjurungipun mitra kula ingkang asisilih nama Anggarakanthil, ing ngriku anjarwani
pitakenipun Mas Pamrih ing tejmbung tigang bab sanadyan mas Pamrih sampun
anarimah ewadene manawi andadosaken parenging panggalih, kula nyuwun terangipun
ingkang kawastan gong magurugongsa punika menggah ing kinanipun yasanipun karaton
ing pundit lan sinten ingkang yasa utawi pinten ricikanipun anjawi ingkang punika kula
nyuwun pitangled\t malih, kados ta gongsa salendro punika yasan karaton ing pundi
utawi ing sakawit ricikanipun punapa sarta pinten kathahipun punika mugi wontena karsa
sampeyan amaringi seserepan ing wijangipun anaming atur panuwun kula ingkang mugi-
mugi sampuun pisan andadosaken kageting panggalih ingkang boten boten awit kajat
kula naming nyuwun pitanglet ing sayaktosipun kemawon sarta naming amewahana
regenging Bramartani.

Kinanthi mongka wawangsul tumanduk mring mitra mami, radian kusumawicitra, ing
Ngayogyakarta nagri, sangyangning kang paurmatan, katur ing paduka mugi. Wah yan ta
ulun pan sampun, tampi nawalan ta mungging, Bramartani wimbanira, respati tridasa
kaping, Mei ongka dwilikurnya, misih warsa sirah kalih. Suraosing srat tumanduk, mring
amba kalawan maring mitran ta sang ytrusdhasastra, ing karsa paduka nami, andangu
teges9ing basa, tiba sampir ingkang mungging. Bramartani wedalipun, ongka gangsal
welas April, anunggil warsa punika, tumrap mungging tuwiyaning, Jakadeleh nail karsa,
kinuren lan ken saruwi. Punika pamanggih ulun tegesipun dhawah sampir, kados meh
sami kalawan, tetengger paningset naming, puniku tetengerira, juru pamomong sayekti.
Sawarnine ingkang sinung, mring badhe jodhonireki, lan paningset sanesira, yen tanestu
dadya rabi, kenging tinedha wangsula, dene lamun dhawah sampir. Sanadyan tanestu
dhaup, wus eklas ing lair batin, boten murih wangsulira, makaten pamireng mami, utawi
tembung punika, inggih tulen basa jawi. Puniku sampun kelantur, kawengku raosing
reki, marma awis ingkang samya, marsudi artinireki, punika sasaminira, tembung
ngebun-ebun enjing. Lan anjawah sontenipun, ugi awis kang anggalih tatanya wijanging
basa, sring kang wus pratameng kawi, trimah wus sami karasa, nenggih surasanireki.
Tanpa e lan ngajeng wau mung pnika atur mami,leres lepat pan sumongga, kilap
panjarwanireki, mitran ta sang trusdhasastra, lamun mindhak tranging wredi, Kang ulun
turken puniku, saking wasitanireki, wantya amba ingkang akarya, caritaning ken saruwi,
titi palestheng panerat, enjang gathita sapteki. Tumpak ping dwi dasa catur, rabingulair
masek asuji, sih wawu warsa, iku sirna diponggaji, katandhan Open siswanya, mardhawa
Surakarteki. //i//.

Panjurung wangsalan
1. Catu janma wreksa kang kentiri tirta, pan cumadhong sumarah ing sakarsanta
2. Saron bumbung kisma kinarya pendheman,, cacengklungen manganti-anti
timbalan
3. Galar kuda boreh kang datan pagonda,, tarataban tan marem yen datan
anumeksiya
4. Saron bumbung bumbung linaras predongga,, cacengklungen yen datan
anumeksiya
5. Kisma ingkang aneng nginggil byaning wisma,, kawntara ulun tarma krajating
tyas
6. Kapulaga kang mawa puspanya reta,, Yen tan cidra mangkono asasojarira
7. Saron agung sendhe kang tuwuh ing wana,, mung sun esthi ing tembaya sojarira
8. Kartika brahabra lastri neng sabinan,, wionenang a sawantunireng pranatanya
9. Lineng janma gata kang malebeng kluwat,, sun andhemi yen sawastuning pracaya
10. patrem sawung sujanma byantareng karya,, sun papuji pracayanya den gang
anggang.
11. Sujanma kang dinuta ngupaya warta,, nora tahan milika brata tantama
12. Wastra murda singgat aneng ing wiwitan,, nora mudheng beler ye kusabawanta
13. Puspa pisang wilah pangenaming jala,, wus untunge cocobanireng patikbra
14. Ancala gung kang cala bawah ing nganjar,, kadya paran yen aweta mangkeneya
15. Gagak alit sekar ssalak saupama, satuhune kineker yen durung nyata
16. Mukus panjang kuda pangirit kareta,, isih akeh pangrakit durung kalampah
17. Wreksa kentar tan cigya alumajuwa,, tuhu kagol munguh ing pakarti praja
Kaserat ing kasatriyan kaping 18 Mei 1872
Katandhan pun Open

Panjurung wangsalan, panunggilanipun ing ngajeng


Sinepa
1. Sratirata, rata alit rodha kembar,, lamun gingsir, kados pundit dadosira
2. Roning kamal, malinjo kang madharupa,, mupung anom, karemamring
panangkilan
3. Pandhegelang, gelang alit ing suwenda,, den satosa, aja lali kawajiban
4. Biru tanggung, tanggungane lumaksana,, kurang nadhah, yen marsudi kalepasan
5. Ngundang asta, astana wetan ngayoja,, tanpa gawe, yen jalma tedha kang tawa
6. Sawer ponthang ponthang tumbak ing kaparak, yen sumelang, karya gadhok kang
tumingal
7. Bakirotan, rotan pangetaping kuda,, aja gege, papesthen kang durung masa
8. Tugu bumi bumi sawetan bengawan, sapantese, nguwati karyaning rowang
9. Candumina, minadawa ing leleran,, yekti atis, yawn tebih kalulutira
10. Lante pandhan, pandhan reta, klosodan den nastiti idhepira
11. Dhuku praja, prajadi tanah mataram,, temah nistha, yen kapti kurang sayogya
12. Gandar tumbak, tumbak tingen ing senjata, lendheana, yen becik pangrengkuhira
13. Sindunetra, netra ingkang kawadaka, waspadakna, ing solah aja kainan
14. Jalak jamang, manggis pita tanpa kapal,, kena coba, yen malecat wuwusira
15. layer pigsi, pigsi pinrih ingkang swara,, nalar bicik, iku patut tinniruwa
Titi katandhan Trusdhasastra

Ing tokonipun tuwan Eming kalayantuwan Mas kenging pakantuk tumbas barang
warni-warni kados ing ngandhap punika.
Menteg, jenewer, sele,likir, petroliyun dhaharan warni-warni, koca tolet kajeng
maoni, kaca gantung, pigura mawi lis cemeng, mainan warni-warni, baki perlak,
wadhah ganten, tromel alit alit, wadhah mangsi prunggu, kanthelar, lading pangarasan
sakalangkung sae, mawi panggosokanipun lei, tuwin grip, wadahah gambar, koper
wacucal, canthelan lambu, wadhah lading kajeng maoni, pethi panyeratan, wadhah
srutu, lampu gantung tuwin lampu dhudhuk, kekep lampu, wadhah sekar, plakon,
cangkir wedang, lading meja, tuwin lading gapit, wadhah awar, gunting warni-warni,
teken mawi utawi tanpa lontop

Tuwan Aming kaliyan tuwan tuwanmas sami ments anampeni barang kadosta:
Gas Berdhir, eprlas cemeng, sutra warni-warni, dhasi wol, pita satin tuwin baludru
warni-warni, sassekaran sae-sae, saptangan pethak tuwin abrit, utawi saensipun, sita
warni-warni, kangge rana utawi resbang, sarung tangan sutra, pike pethak, pranyis,
laken tuwin pasemen kan gge kareta, songsong sutra, taplak tuwin serbet, kurasi sae-
sae, kancing utawi renda warni-warni.

TuwanAming kalayan tuwan mas sami anampeni barang inggal, kasebut ing
ngandhap punika, ting kareta, lapel Inggris saprabotipun, lis kareta camethi, warni-
warni kerok, tuwin sikat kapal, timbangan, wawratan 150 kilongantos 300 kilo, timba
tosan cithakan dhadhaharan warni-warni, pirantos angukur bumi, kompas, pulas sae-
sae, jongka sapanunggilanipun kangge anggambar, karet, kertas kangge kadamel
gambaran, rante kangge angukur bumi, ukuran relan, pistul repolper waja warni-
warni, jangkep sadaya, buk kothong, user, lim gelas sae-sae, gelas kobokan, wdhah
wowohan kristal, gendheng gelas, loneng gantung, piring tuwan cangkir pethak utawi
mawi sasekaran, tuwin serpis the sakalangkung sae

Tuwan Jonas Portir enko ing samangke sampun nampani lisah wangi warni-warni,
sabun salangkung wangi, lapender, wedhak walandi, arum sanget tuwin sanesipun
malih, kakathahen manawi kasebutna sadaya.

Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun
1872 sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
Kanjeng Raden Adipati Cakranagara ing Panaraga
Raden Tumenggung Gondakusuma ing Ngayogyakarta
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

Tuwan Singsisnem mentas nampani bludru cemeng kandelipun kados kamli, wiyaripun
saelo, kenging kadamel slimut,krakap lapak,slebrak, sae lo regi nemrupiyah
Lentera bendi tuwin kareta, sapasang regi kalih welas rupiyah

Tuwan Singsis anampeni dagangan enggal karet damel icalaken labeting mangsi,
satunggal regi skeet sen, gagang pen waos ngiras mangsen pindhah, gagrag enggal wah
prayogi kangge ing kantor utawi kabekta kakesahan awit bilih kaisenan mangsi,lajeng
boten sakedhap kedhap kacelupaken ing mangsen saii kalih rupiyah. Krandhil kenaren
kangge ing rante erloji tuwin saptangan saiji kalih rupiyah, mohah sutra cemeng,
delancang sekaran kage sasap tembok, gedhek, gebyok tuwi rana,. Sinjang kemabngan
kaangge semekan tuwin sabuk wdalanin gtanah prasman, alus endah warnaenipun kados
sutra tuwin boten luntur, naming kalih rupiyah satunggal. Sekaran ugi wedalan tanah
Prasman ageng alit warni warni, kaangge pet\nganten utawi damel gagar mayang,
sundhuk, susping, tuwin kateplokaken ing tudhung utawi patileman kobongan

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan cagak lantera tosan tuwin gagang pancen manjing
tembok dalah lanteranipun patroliyun regenipun namingsawidak rupiyah.
Pangilon ageng alit kacanipun kristal kandelipun sak dim.

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan pethen panyukuran mawi isi: peso cukur kalih,
peso gapit, gunting, kikir kuku, jungkat, sikat pakeyan, sikat unu kaliyan kuku,
wadhah sabun utawi pupur, kaca, usar cukur, cucal panggosokan lading, regenipun
naming sadasa rupiyah.

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni
usar sarta pirantos ingkang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, punapa malih
pulas warni-warni pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.

Punika Cariyos Babad Mataram


Rongga Demang kalawan Ngabei, srinarendra alon angandika, eh tumenggung
sapanjange, sira sun karya sepuh, babundhele wong Surawesthi, ing engko naming sira,
kang pracayaning sun, iya tumenggung sapanjang, ingkangdadya titindhing para mantra,
anaing Surabaya. Padha sira mulya den aglis, ywa kalawan paman pranaraga, padha
ampirana bae, padha gawanen mantuk, mring nagara lawan si adhi, omah ajaban kitha,
away wehing batur, kang kinen tur sembah mentar, tan winarna prapteng pranaraga
mampir, pangeran wus binaktan. Tan winarna ing marga wus prapta, Surabaya
tumenggung sapanjang, anggenteni kikithane, pangeran enggenipun, perampelan saanak
rabi, enengna Surabaya ucapen taw au,l kanjeng sultan ing Ngalaga, dinasomaa sang anta
miyos tinangkil, wadya jingga nonoman.
Pan wus pepak sagung bala ingkang seba, mager sari marapit, lembing tulupa pedhang,
kalawan tumbak sulam, wong anutra amerapit, wong prayataka, munggwing ngarsa tan
tetbih. Sarageni ajajar ana ing ngartsa, banderanya marapit, warnanen kang seba, kaparak
jagabaya, angkrakyana sisihneki, kapilih ika, sisih sami kapilih, Udaraga asisih
lawaniyaga, wong nirbaya anangkil, lan wong kartiyasa, sisih lan wisamarta, wong
Brajanala asisih, wong Brajayasa, sadaya samya nangkil. Asranongga asisih wong
Maodara, wong Jodhipati sisih, lan wong Wijakongka, samya nangkil sadaya, wong
margongsa aneng wuri, wong Suranata, asisih lawan carik. Panembahan Surabaya aneng
ngarsa, lawankang rayi-rayi. Ywa pangeran Arya Wira Menggala seba, lan pangeran
Singasari, lan tepa sana,myang Demang Tanpa nangkil. Lan pangeranJuminah sampun
aseba, pangeran mangkubumi, Pangeran Puger seba,miwah pangeran Sampang, sadaya
prasamya nangkilpara Santana,pangeran Sukawati. Myang pangeran Balitar samya
aseba,miwah para dipati, pangram Martasana,miwah prawiratruna, Arya PUlangjiwa
nangkil Arya Tan Polas lan Ronggawirasari. Adipati martalaya wus aseba,lawan sang
adipati, Pamenenag aseba, lan Pangran Pringgalaya, punika ingkang anangkil
kusumayuda., Demang Malaya nangkil. Raja niti kalawan ki Katawengan lawan Ki
Wiramantri,pan sami wadana, kitumengung Mandraka, lan Ki Tapengsara nangkil,
kalawan sira, ki Arya Dhadhap tulis. Pepak kabeh para dipati kang seba, endranata
anangkil, Singaranu seba, tumenggung Wiraguna, Arya Yudaprana nangkil ki alap-
alapmangunoneng dipati. Raden pamot ingkang munggwing ing ngayunan ki
Kulondarani, lan Ki salisingan ki Panji Singajaya, ngabei Patrabongsaris, Suramanggala,
Surayuda anangkil. Ki Tumenggung Sindubaya munggwing ngarsa,lawan
Jamanggalaris,ki Malang Sumirang, ngabei Nayaita,lanKi Panji Wirabumi, astra wadana,
Arya Panular nangkil. Ki Ngabei Randhelakin Wirataka, Kandhuruwan ing wedhi,
myang Karta Manggala, pan wong nandhon punika, dipati Madura nangkil, wong
numbak anyar, sewu lawan wong bumi, Wong Banyumas tengahan la nwong Pasundhan,
Ciancang lan Ciamis, tumenggung Ciancang, Wiramantri kang nama, Wiraduta ing
Ciamis, tumenggung Sumadinalaribon nagrei. Sukapura ing Bandhung Parakan Mucang,
Cilanggu ungkur nenggih, pangeran Sumedhang, punika wadananya, darmayuda sareng
nagkil,ki Jaluita, Cianjur samya nangkil. Ing Carebon pangerane sami seba, sadaya sami
nangkil, pepak neng Mataram, miwah moncanagara, sawetane gunung Wilis, pepak
sadaya, aneng ngarsa narpati. Pradipati pasisir wismeng Mataram, wetaning Batang
nenggih, kulon Balambangan, wismaneng ing Mataram, jejel sumiweng narpati, tanpa
wilangan, wadya ingkang anangkil. Kanjeng Sultan ngalaga alon ngandika, apa mulane
Pathi, adhimas Bragola, nora katona seba, iki pepak wong pasisir monca nagara,
mangsane uga mangkin. Gya tumenggung Endranata atur sembah, kawula tur pawarti,
inggih rayi tuwan, pasisir ler punika, sadaya dipun irubi, Nglasem Juwana, ing Grobagan
wus kerid. Amung Demak kang maksih muwe ing kitha, wong cilik den bahaki, Kudus
lawan Rembang, pun Kalinyamat kena, Pajangkungan Blora kerid, kawenang-wenang,
rayi paduka Pathi. Esmu duka srinarendra angandika, lah iya adhi becik, ngayoni
maringwang, lah uwa Purabaya, andika piker sayekti, sinten prayoga, tandhingalansi
adhi. Inggih uwa Purabaya karsaningwang, kalatindak pribadi, inggih adhi emas, Bragola
ing Santenan, arsa ngayoni mring mami, tandhing prawira, bok iya sun turuti. Wong
mataram kebat prasami dandana, ing sun umangkat enjing, sagung pradipatya, sami
matur sandika, sang nata jengkar tinangkil,lumebeng pura, ginarebeg pracethi.
Kawarnaha enjang anembang tangara, oreg wadya Matawis, amepak gagaman, sadaya
sami prapta, ing ngalun-alun abaris, Tambre mring pasar, ing nglurung jejel baris. Nora
kena lurung kambah mring wong liwat, kebekan dening baris, miwah kang turongga,
pirang-pirang asinang, lir samodra tanpa tepi, lamun sinawang, angler prawata sari.
Gagamane wong pasisir warna-warna, ingkang binolang kuning, ing mas kapurancang,
ana pinongthang lima, wargu ganjur lawan lembing, kang tumpering mas, ana kang
tumbak purih. Pan wong sampang kang landheyan bolang bolang, tumbak sulaman rapit,
ponthang puput aglar, tulup lembing lan pehdnag, kang prajurit becik becik, abrengos
capang,ingkang panjang pinuntir. Kanjeng sultan sampun angrasuk busana, angagem kyai
gondhil, akuluk bathokan, rinangkeb dhasdhar Arab, anyuriga dhuwung kalih, kyai
Balabar ki Sangkelatne ngarsi.
Ongka 24 Kemis kaping 13 Juni 1872
Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, sami kaaturan
bayar patumbasipun ingkang tumunten.
Tuwan Jonasportir enko

Para priyantun ingkang karsa bayar anumbasipun serat Bramartani, mugi sampun
kakintunaken dhateng tuwan Purneman awit badhe angisruhaken ing petangipun, Jonas
Portir enko.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Ingkang kawartos ing sawatawis dinten malih badhe wonten titingalan kumidhi agawon
kaliyan kethek ingkang sakalangkung aneh pratingkahipun, dene ingkang angerehaken
anama tuwan Grigori.

Dereng antawis lami sakin gpakabaran ing dhusun Pengger celak ing ngardi Kethu siti
bawah ing Mangkunagaran wonten tiyang gadhah anak estri awit lair warninipun kados
kethek rare wau wilujeng dumugi ing sak punika watawis umur 3 taun salajengipun rare
wau kasaosaken konjuk ing sampeyan dalem ingkang sinuhun ing Surakarta, kaparingan
nama pun Den Rara Siti Anjani, dene tiyang sepuh ipun kadangu jalaran awitipun gadhah
anak warrni makaten menggah aturipun nalika ingkang estri wawrat ingkang jaler
amasang kala wonten ing pinggir wana, kalanipun angsal kethek anaming ingkang
masang kala wau kasupen ngantos gangsal dinten saweg kengetan sareng dipun tuweni
kethek sampun kapanggih pejah, kadadosanipun sareng anakipun lair awarni kados
kethek dalah badanipun mawi wulu panjang, dene wujudipun sak punika sampun saged
lumampah, inggilipun kalih kaki sirah naming sak maja tuwin solah tenaganipun ugi
sampun nymleng munyuk wonten ing nglebet karaton tansah dados titingalan ing para
priyantun, awit solahipun anggujengaken sage anjoged sarta sindhen ananging boten
cetha wicantenipun.

Nalika dinten Rebo tanggalkaping 12 wulan Juni ing taun punika, awit karsa dalem
ingkan gsinuhun kanjeng susuhunan peken ing Trepengan, dipun elih dhateng sawetaning
kagungan dalem pakebonan ing Tirisdenta, ing wanci enjang sampeyan dalem ingkang
sinuhun saha garwa putra, karsa mariksani wonten ing pangggungan tirisdenta, dene
tiyang sasadeyan ing peken Trepengan wau dhatengipun kairid abdi dalem pulisi, sarta
mawi dipun jajari reyog barongan kalayan joget sobyang, punapa malih kaurmatan
ungeling gongsa munggang kebogiro anglangkungi rame, tiyang padhusunan ingkang
tebih tebih dalah tiyang nagari jaler estri anglangkungi kathahingkang dhateng aningali
tuwin sumedya tutumbas awit sakin gpakabaran ing wedal sadinten punika barang
sapasadeyan sami dipun mirahaken sadaya ing reginipun amila awit ing dinten salasa
wanci sonten sampun kathah tiyang ingkang dhateng badhe aninggali tuwin para bakul
ambekta barang dagangan ngantos sadalu boten wonten pedhotipun sami anyipeng
wonten padhusunan ingkang celak ing ngriku, utawi sami sasadeyan swekul ulam wonten
salebeting pasanggrahan langenarja tuwin wonten ingpapan badhe peken wau, dene para
pulisi ingkang andadosi bango utawi tarub-tarub panggenan gongsa, sami lajeng tugur
sakancanipun wontening pakebonan Tirisdenta.

NGAYOGYAKARTA
Nalika wonten pista ageng ingkang minongka paurmatan rampuhgipun margining kareta
latu, kala ing dinten Saptu tanggal kaping 8 wulan punika akathah para priyantun jawi
walandi tuwin bongsa sanesipun ingkang saking amonca sami dhateng ing pasamuwan
ngriku menggah reregan tuwin pasugatanipun anglangkungi semuwa, sarta para tamu
sadaya sami suka pirena ing panggalihipun.

Awit saking pakabaranipun para tiyang ing nagari Persi kathah ingknag sami kikirangan
tedha, kalampahan titiyang ing padhusunan sami anedha rumput utawigogodhongan ing
sawontenipun, dene tiyang pekir meskin sami dhateng ing panggenan pamragatan kewan
wonten ing ngriku sami anedha erah ingakng kecer ing siti.

Serat Kikintunan
Kapurunanipun saha kawasisaning durjana
Kala ing dinten Senen tanggal kaping 3 wulan punika ugi, lembu gadhahanipun tuwan P,
sami kaangen ing pakawisanipun pyambak dhusun Baron bawah Panularan, cacah ing
lembu 6 iji, ingkang satunggal pohan uules plong kaasal bengala, punika emperipun
dipun giringing durjana lajeng kasisiaken ngantos dhateng margi ageng ingkang anjok
dhateng Langkungan. Sareng ingkang angen lembu opyak kaupadosan saingga ibrang
lepen pring wulung,wau pangenkapanggih kaliyan lare alit nami Sariman dipun pitakeni,
wangsulanipun semerep wonten lembu estri wulup longka, katuntun dhateng tiyang jaler
ing dhusun griyan nami Krama Menggala, malah dipun celuk pak Cilik Krama Menggala.
Tuwan P inggihlestantun kinen ngupadosi lembu wau, malah ngantos kapanggih eleripun
awit wonten tiyang satunggal gagriya ing dhusun pringwulung nami Ta Menggala,
punika acariyos bilih kapethuk kaliyan Krama Menggala wau, sasarengan kaliyan tiyang
jaler amangangge kapara sae, punika pratingkah ing durjana amurih dipun wastani konjuk
lantik Pun Krama Menggala ingkang tetela tiyang awon api-api takedn dhateng pun Tra
Drana,punapa semerep wonten lembu plongka ucul, pitakenan makaten wau saemper
miring kajengipun, sareng dipun wangsuli bilih yektos wonten lembu plongka lumajeng
tanpa pangen pun Ta Menggala pitaken malih sinten ingkang gadhah lembu, karma
menggala mangsuli saha anudingi dhateng tiyang kancanipun ingkang mangangge
wau..Kadadosanipun Kramamenggala ing sapunika sampunlajeng kacepeng dening
polisi, kadangu mubeng aturipun nanging sampun tetela, yen pyambakipun saestu
ingkang anglampahi kadurjanan punika. Dalasan ing mangke, lembu ingkang ical boten
kapanggih, saantawis sampun kapragat dening jagal peteng. Mila ingkang sami kagungan
ingon-ingon manawi kaumbar prayogi ingkang angatos-atos, sarehning wonten
lalampahan kadurjanan mekaten, awit anggenipun angupados pangupajiwa pun durjana
botewn mawi angen wanci, sarta patrapipun saklangkung gampil,. O mugi-mugi ingkang
sami ngasta pagnuwasa, kadunungana daya angresikaken sawarnining lalampahan
kadursilan makaten murih anentremaken ingkang sami gegriya. Surakarta 10 Juni 72
“Lir kencana” Lumembek kentaring wariyh, kang mawa rinengga, pakurmatan tnpa muji,
basuki lan karaharjan. Kang sayogya tumanduk kamitra mami, ri sang Trusdhasastra,
ingkang jejuluk sayekti, wisma Balekartibrata. Ingakng lagya manages karseng ywang
widi, tan lyan kan gpinintta, ing siyang pan tara latri, mung nunuwun pangaksama. Wa
hawaning kang ulun nedya yaru krami, tembung gegujengan, sasemeben cagak alinggih,
mung murih regenging Koran. Supadyane limuta ig Bramintaning, ywa dahat anggagas,
mindhak saya angranui, ambahi oreming driya. Tanpa pedah,mung karya mendher ken
kapti, yen tuhu rinasa, sayekti mindhak prayogi, dadi panggrindaning manah, Ingkang
welu miwah kethul dadya lungit, tan wonten awonya, yen gegulang purih lantip, tur
kathah pikantukira. Boten ngamungaken mring badan pribadi, yekti sumarambah, mring
putra wayah ing wingking, lowung kinrya mumulang. Rehning kedhik, cangkirman
gyanulunmanggih, tan rinenggeng sekar, murih gampil ing pangliling, kadi ing ngandhap
punika. Wonten abdi ingkang pinuju saeos kathahipun, 3 iji, sareng ing wanci dalu
tumunten kaparingan panganan warni dhuku satunggal bongkor,nami kapinujon ingang
kalih sampun sami tilem sarehning sami ngangge manah temen-temen, dhuku sabokor
wau lajeng kapara tiga,petangipun jangkep kemawon,kathah kedhikipun sami, ingkang
melek mendhet sabageyan, ingkang kalih bageyan kawangsulaken dhateng wadhah malih
lajeng tilem. Ingkang tilem rumiyin wau lajeng tangi, sareng sumerep dhuku lajeng
kapara tiga, pyambakipun naming mendet saduman, petangipun ugi jangkep kados
ingngajeng wau, ingkang kalih duman kawangsulaken dhaten gwadhah malih ugi lajeng
tilem. Satunggilipun malih ugi lajeng tangi, dhuku lajeng kapara tiga kados ing ngajeng
wau, ugi jangkep boten gencel sarta pratingkah kados ing ngajeng wau. Ing wusana
toiyang tiga lajeng tangis areng, awit sampun bangun enjing, dhuku sakantunipun lajeng
kabage tiga jangkep boten wonten ingkang moncol. Punika cacahipun dhuku pinten,
utawi tiyang satunggilipun kaleres pikantuk bageyan pinten,kula sumangggakaken mitra
kula menggah kathahipun dhuku wau mugi kabatanga. Ingkang punika panuwun kula,
ingkang mugi sampunkatampen kaduk ing panggalih abela cipta, boten pisan yen kula
sumedya angungasaken guna kawasisan kula,mung sumedya adamel regeng ing
pasamoan bramartani, wasana kula ngjeng-ajeng paring sameyan wangsulan, ingkang
supados dados saharsayaning manah kula. Sinerat ing Balesamun kaping 8 Juni 1872
katandhan Wongsamanggala, ing Tanjungarsa.

Panjurung Kabar
Wonten satunggaling tiyang jaler wasta Dipacondra, griya ing dhukuh Kawisepoh dherek
dhusun wana Semi (Banyumas), nalika dinten salasa tangal kaping 28 wulan Mei punika,
ing wanci enjing, mangkat saking griya sumedya damel resik pakebonaninipun salebeting
wana caketipun dhukuh kawisepoh wau, sareng dumugi ing pakebonan aningaliwonten
satunggil tiyang ingkang dhateng wuda kemawon oratipun katutupan astanipun,
ananging wekdal punika dereng saged mastani menggah jaler estrinipun tiuyang ingkang
murugi punika, awit pasaliranipun kados dening tiyang jaler, ananging kupingipun
bolong mawi katindhik, ing ngriku dipacondra sanget kagetipun asemu ajrih awit
kawastanan tiyang ewah, sareng sampun celak lajeng dipun pitakeni, wangsulanipun
ganjlung, sarta katingal kados dening tiyang bingung, tumuntenkaladosaken ing parentah,
kapariksa ngaken masta Samir katelah pun Ptri, lengger greiya ing dhusun Panisiyan
(Adireja) dene purwanipun wonen ing wana ngriku, ing kalarumiyin wanci sonten
malem Salasa sampun radi peteng piyambakipun panuju kenging sakit mriyang, kesah
adus dhateng lepen sirayu sawingikinging giryanipun, sareng mentas lajeng lumampah
nurut pingir lepen manginggil, boten karaos tebih celakipun sareng sampun dalu karaos
sampun wonten ing pareden salebeting wana wau, enjing miring tiyang watuk watuk
lajeng murugi, inggih punika inanggih kaliyan Dipacondra wau.
Saking pamanggih kula inggih punika saking sakitipun panas lajeng serab
Kalibatur, 30 Mei 1872 Wartatama.

Lantaran Kagujengan
Bramartani ongka 22 mitra kula ingkang sasilih, Open ngupados margi anggenipun
sumedya badhe sasrawungan sebda kalih kula, ing ngajeng kasebut Bramartani ongka 8
kula sampun miwiti sarta angalembana anggitanipun ingkang sinnawung ing Gendhing
ARtati. Wondening sak punika sarehning nmitra kula katingal seneng dados kula prelu
anglajengaken menawi dhangan ingkang panggalih kula angayubagya dening panjarwa
sampeyan ingkang dhumateng mitra kula Darmakondha amargi ssareng kula timbang
kalih adapt karaton ing Ngayugyakarta, bebasanipun ing tembung kakawekaken kathah
cundhukipun, sanadyan wontena ingkang sanes, ewadene kenging dipun anggen,
Menggah sanesing tembung wau bokmenawi jalaran saking pigunanipun para empu
jangga, ing jaman kina, pramila wigya angingsari sre kawining tembung, kanyatan
kadosta, anggitanipun serat weaosan tuwin bebasanipun tatakrami, kados boten wonten
bedanipun pramila kenging yen deipun wastani nalisir ing kenyam nanging Suraosipun
anunggil. Ing ngandhap punika kula kedah tumut uun suka panjarwa, limrahipun bebasan
ing nagari Ngayugyakarta. Tembung ngoko githok dipun kawekaken julukan janggut,
sadhekan gusi, wikisan, untu, waos, tegak griwa, susu, prembayun, bgrengos rawis
jenggot, kumbala, liya punika kathah nunggil kalih pratelan sampeyan, wonten tembung,
kawenipunkula teksih kodheng, kadosta kalamenjing, sesalang, lan uwang, godheg,
sibardhadha, sarta tlingus.Wonten malih tembung ananging kula dereng terang
genahipun ing sipat, kadosta, pepasu, piringan,lan cengel, semanten wau ingkang kula
ganjaraken tembung limrah ing kathahkimawon. Ing wasana para arjana, ing Bramartani
mugi karsaha suka panjarwa, kawenipun tembung ingkang kula teksih kodheng, tuwin
seipat ingkang dereng gegah sangking pamanggih kula wau.
Katandhan ka wa, ing Ngayujakarta.

Pangalembana
Ing serat Bramartani ongka 23 kula sampun maos, yen kanjeng bupati ing Sukapura,
kakulawisudha jinunjung pangkat jumeneng radenAdipti Wiraadegdaha, ingkang punika
sakalangkung andadosaken bingahing manah, sarta amuji sukur ing gusti kang amisesa,
mugi amaringana kasantosan, saha lulus rahayu wewahing kalenggahanipun, amargi
sampun sembada, kanjeng gupernemen amaringi pangkat wau, tiningal saking kasantosan
miwah karajinanipun kanjeng rahaden adipati wau, pangreh sarta pangrekaning ing
nagari, estu yen kalayan temen-temen, sakathahing prakawis pandamelan boten wonten
ingkang andadosaken cuwaning panggalihipun para ageng punapa malihkanjeng rahaden
adipati wau tan kendhat tansah anggalih pun dika badhe andadosaken kawewahan gemah
rjaning nagri. Saha amurih kasenenganipun abdi sadaya, dene saking paningal kula
piyambak , ing kabupaten Sukapura wau yen tinimbang kalayan kabupaten sanes,
salebeting residheni tanah Prayangan, pasitenipun wiyar piyambak, naming raja
kayanipun, kados ta warni sabin, utawi tataneman sanes-sanes tuwin kathah ingtiyang,
utawi katimbang saking agenging siti, ing caku kaetang radi kirang. Ananging sareng
kanjeng raaden adipati ingkang sapunika jumeneng, sadaya isen-isening nagari
meindhak anglangkungi wewah kathahipun ingkang sampun kula sumerepi kemawon
kados ta warni sabin bebedhahan inggal, tuwin kahtahing tiyangl, yen katandhing duk
kala wiwit jumenengipun,ing samangke sampun tikel utawi kapara langkung kathahipun,
dene rajakaya kang sampun kula sumerepi wau, boten angemungaken samanten
kemawon, kathah-kathah kang andadosaken ingpanggesangipun andi alit, tuwin kang
badhe angindhakaken ing kauntunganipun kangjeng gupermen. Awit ing kawontenanipun
duk kala rumiyih, ing kabupaten Sukapurapunika, ing ngriku anglangkungi sepi sanget,
ing padhistrikan tuwin padhusunanipun , anglangkungi weik amergikathah sima, tuwin
warak, tiyangkang badhe kakesahan, samisusah, upami sasarengan kalayan tiyangkalih
utawi tiga, taksih ajrih angmabah wana, wondening sapunika ing sajumengipun , kanjeng
rahaden adipati Karsa amarsudi reka udaya, tansah gnalh ing rinten dalu, amurih
kartaning nagari, lami-lami-lami kayaktosan dumugi sapunika sampun tingtrim para abdi
dalit sami suka bingah, boten wonten kang sami anggdhahi kawatos, amergi babaya kang
ageng-ageng, sampun sami sirna. PUnapa malih ing samangke abdi alit sami gubira
manahipun, amergi ing salebetipun nagari sampun tingtrin,punika tondha kang jumeneng
bupati, kenceng anggenipun angasta kapulisen,saleebting nagari, tuwin ing dhistrik
miwah ing padhusunan, mila sakedhik ing mutawatosipun, para badi sadaya. Kajawi
ingkang kasebut ing nginggilpunika, ing kadhistrikan, tuwin padhusunan kang ageng-
ageng, meh sadaya kaadegaken punika sadaya andadosaken kauntunganipun para tiyang
alit, dene sadaya riyantun ageng alit tuwin abdi sadaya sami ajrih asih dhateng kanjeng
bupati, awit saged angemong ing wadya lit, pinurih ing kasaenanipun sadaya miwah
ingkawilujenganing nagari. Katandhan Martapura

Toya kangge anyemeng rema, utwi brengos, sadhu isi kalih ples regi 2 rupiyah, kenging
pikantuk saking tuwan JOnasportir enko

Serat amongtani, anyariyosaken pratikelipun ananem pantun, jagung, kalapa, aren, waluh
sapanunggilanipun ing tanah jawi, regi 75 sen prangko pos
Jonasportir enko

Ing tokonipun tuwan Eming kalayantuwan Mas kenging pakantuk tumbas barang
warni-warni kados ing ngandhap punika.
Mentega, jenewer, sele,likir, petroliyun dhaharan warni-warni, koca tolet kajeng
maoni, kaca gantung, pigura mawi lis cemeng, mainan warni-warni, baki perlak,
wadhah ganten, tromel alit alit, wadhah mangsi prunggu, kanthelar, lading pangarasan
sakalangkung sae, mawi panggosokanipun lei, tuwin grip, wadahah gambar, koper
wacucal, canthelan lambu, wadhah lading kajeng maoni, pethi panyeratan, wadhah
srutu, lampu gantung tuwin lampu dhudhuk, kekep lampu, wadhah sekar, plakon,
cangkir wedang, lading meja, tuwin lading gapit, wadhah awar, gunting warni-warni,
teken mawi utawi tanpa lontop

Tuwan Aming kaliyan tuwan tuwanmas sami mentas anampeni barang kadosta:
Gas Berdhir, eprlas cemeng, sutra warni-warni, dhasi wol, pita satin tuwin baludru
warni-warni, sassekaran sae-sae, saptangan pethak tuwin abrit, utawi saensipun, sita
warni-warni, kangge rana utawi resbang, sarung tangan sutra, pike pethak, pranyis,
laken tuwin pasemen kan gge kareta, songsong sutra, taplak tuwin serbet, kurasi sae-
sae, kancing utawi renda warni-warni.

TuwanAming kalayan tuwan mas sami anampeni barang inggal, kasebut ing
ngandhap punika, ting kareta, lapel Inggris saprabotipun, lis kareta camethi, warni-
warni kerok, tuwin sikat kapal, timbangan, wawratan 150 kilongantos 300 kilo, timba
tosan cithakan dhadhaharan warni-warni, pirantos angukur bumi, kompas, pulas sae-
sae, jongka sapanunggilanipun kangge anggambar, karet, kertas kangge kadamel
gambaran, rante kangge angukur bumi, ukuran relan, pistul repolper waja warni-
warni, jangkep sadaya, buk kothong, user, lim gelas sae-sae, gelas kobokan, wdhah
wowohan kristal, gendheng gelas, loneng gantung, piring tuwan cangkir pethak utawi
mawi sasekaran, tuwin serpis the sakalangkung sae

Tuwan Jonas Portir enko ing samangke sampun nampani lisah wangi warni-warni,
sabun salangkung wangi, lapender, wedhak walandi, arum sanget tuwin sanesipun
malih, kakathahen manawi kasebutna sadaya.

Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun
1872 sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
Kanjeng pangeran Ariya Dipakusuma ing Surakarta
Tuwan Roskes ing Surabaya
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

Tuwan Singsisnem mentas nampani bludru cemeng kandelipun kados kamli, wiyaripun
saelo, kenging kadamel slimut,krakap lapak,slebrak, sae lo regi nemrupiyah
Lentera bendi tuwin kareta, sapasang regi kalih welas rupiyah

Tuwan Singsis anampeni dagangan enggal karet damel icalaken labeting mangsi,
satunggal regi skeet sen, gagang pen waos ngiras mangsen pindhah, gagrag enggal wah
prayogi kangge ing kantor utawi kabekta kakesahan awit bilih kaisenan mangsi,lajeng
boten sakedhap kedhap kacelupaken ing mangsen saii kalih rupiyah. Krandhil kenaren
kangge ing rante erloji tuwin saptangan saiji kalih rupiyah, mohah sutra cemeng,
delancang sekaran kage sasap tembok, gedhek, gebyok tuwi rana,. Sinjang kemabngan
kaangge semekan tuwin sabuk wdalanin gtanah prasman, alus endah warnaenipun kados
sutra tuwin boten luntur, naming kalih rupiyah satunggal. Sekaran ugi wedalan tanah
Prasman ageng alit warni warni, kaangge pet\nganten utawi damel gagar mayang,
sundhuk, susping, tuwin kateplokaken ing tudhung utawi patileman kobongan.
Tuwan Singsisnem gadhah dagangan cagak lantera tosan tuwin gagang pancen manjing
tembok dalah lanteranipun patroliyun regenipun namingsawidak rupiyah.
Pangilon ageng alit kacanipun kristal kandelipun sak dim.

Tuwan Singsisnem gadhah dagangan pethen panyukuran mawi isi: peso cukur kalih,
peso gapit, gunting, kikir kuku, jungkat, sikat pakeyan, sikat unu kaliyan kuku,
wadhah sabun utawi pupur, kaca, usar cukur, cucal panggosokan lading, regenipun
naming sadasa rupiyah.

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni
usar sarta pirantos ingkang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, punapa malih
pulas warni-warni pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.

Punika cariyos Babad Mataram


Sigra miyos osareg wadya ing Mataram, gagaman dalem mijil, sarageni gembak, umyung
kang tumbak abang, wargu ganjur lanpanjalin sinulam emas, galathi k mungup ngarsi.
Srinarendra aken anembang tangara, budhal sakehing baris, nulya tinetegan, budhal baris
pangarsa kadya ruhara kang bumi, swaraning jalma, anguwuhana nauri. Asauran swarane
turongga liman, lir ombaking jaladri, kricike ing wtang, abra lelayu sinang, dinulu
anggigiri, untabing bala, lir awu-awunan geni. Srinarendra sigra anitih turongga, budhal
sagunging baris, dinulu awendran, bala tanpa wilangan, andulur lampahing baris, para
Santana, ingkang munggwing ing wuri. Dyan wus prapta gagaman ageng sadaya, nenggih
jabaning taji, anglarug lampahnya, pan wus prapta ing Pajang, wong pasisir andhingini,
monca nagara wus anggepok ing Pathi. Kanjeng Sultan ngalaga rereb ing Pajang, wadya
ingkang dhingi, sami ambabahaknya, ing Pathi padedesan, rinayah kang kebo sapi,
ingkang abongga, banjur dipun pateni,Wong desane lumayu sajroning kitha, sami atur
upeksi, ing lelurahira, yata kang kawarnaha, sira dipati ing Pathi, mepak agagaman,
miwah kang para mantra. Radtab arya Kendhuruwan aneng ngarsa, lan arya
Sawunggaling, arya Sindureja, ngabei Wirapraya, Wiramenggala, dipati Riya lKulonsn,
binstonh munweng ngarsi. Sira arya mangujaya jajarira, lan demang Surengpati, Tirtanata
seba,lan ronggacarang desa, kang tan sarah among gwing ngarsi, lan Arya Tontra,lan
Raden Megatsari.Pangalasan lan ki Demang Jagantaka,miwah King Waduaji,lawan
jayengrana,jajar Rongga Pramana, lan Ngabei Wirasakti, aneng Ngayunan, para mantra
ing Pathi. Suranata lawan Demang Surantaka,Ngabei Wirapati, Ronggamartaita,
lawanSuraberama, lan Ngabei Jayapati, Citrawijaya, andel-andel ing Pathi. Angandika
sira dipati Bragola, marang sagunging mantra,kaya pa kang warta, dene gegering jaba,
kajineman matur aris, inggih awula, dening miyarsawarti. Pan dadamel mataram punika
prapta, tetpis wiring ingPathi, pan risak sadaya, gusti samijinarah, ingkang bongga
denpateni, alon ngandika, sira dipati Pathi,. Sapa baya wong Mataram kang tumindak,
kang dadya Senapati, matur kajineman, inggih raka paduka, jeng sultan tedhak pribadi,
kerig sadaya, Santana ing Matawis. Tan winanrna kebate ingkkang carita, prapta jabaning
taji, lajeng kang gagaman, sampunprapta ing Pajang, wong Pasiisir andhingini, monca
nagara,wus anggepok ing pthi, Sinarendra arereb aneng ingPajang, wadya kang
andhingini, sami ambebahak, wong Pathi padedesan, kidul gunung den boyongi, ingkang
abongga, pan sami den pateni. Pan wong desa prasami angungsi kitha, sami atur upeksi,
matu marang lurah, yata kang kawarnaha, sira adipati pathi,lagya sineba, dening sagung
pramantri. Kandhuruan ingkang tansah aneng ngarsa, lan Arya Sawunggaling, lawan
Sindureja, tansah ana ing ngarsa, lan raja manggala sami, sampun pepakan, dipati Kulon
nangkil, Ki Yumenggung Binarong lan mangunjaya, tansah ana ing ngarsi, dening
rwangira, ki Demang tanpa naha, ngabei Carangdeseki,lan Arya tondha, lan Raden
Megatsari. Pangalasan lawan Demang Jagantaka,miwah ki Waduaji,lawan Jayengrana,
tan karipun prameya, lawan Rongga Surengpati,mantra sadaya, andel-andel ing Pathi.
Surantaka lawan demang Sutalaya, Ngabei Jayengpati, Ronggamarta ita, lawan
Wirbramantya, lan Ki Ronggakasa pati, Astrawijaya, sami andel ing jurit. Kapedhake
miwah mantra kaineman, Kartayuda anangkil, lan demang Caruban, lawansumacukilan,
ki gelap Thathit sumandhing, demang Katawan, lan ronggaorang-aring. Demang Ceklak
lawan demanggelap-nyampar, lawan pun Endra geni, lan pun Cakrajagad, lawan pun
langit bedhah, jurang Ngambrah sisihneki, setan arungan mancengeh aneng ngarsi.
Astrapati lan deang pan rajanglaang,lawandemang Kokolik, lawan Rajakpanjang, lawan
jaga tumbakan, lawan Setan Magnabelis, rujakbalungwang, kalawan Bajotali, Kap dhake
awasta
Ongka 25 Kemis kaping 20 Juni 1872
Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, sami kaaturan
bayar patumbasipun ingkang tumunten.
Tuwan Jonasportir enko

Para priyantun ingkang karsa bayar panumbaipun serat Bramartani, mugi sampun
kakintunaken dhateng tuwan Purneman awit badhe angisruhaken ing petangipun,
JOnasportir enko

Cariyos tuwinpawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten Saptu tanggal kaping 15 wulan Juni ing taun punika, Kanjeng Gusti
Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, karsa anyupitaken ingkang putra anama Bendara
Raden Mas Surana, dene resipun wanci pukul 6 enjing, mawi kaurmatan ungeling
mariyem tuwin drel sanjata, sareng dalunipun ing dalem mangkunagaran pista ageng
sartakasukan dhansah, sampeyan dalem ingkang sinuhun saha kanjeng tuwan residhen
karsa tindak amara tamu, kathah para tuwan tuwan utawi nyonyah ingkang sami dhateng,
punapa dene priyantun bupati ing moncanagara,
1. Raden Tumenggung Ariya Cakraadisurya, bupati ing Ledhok
2. Raden Mas Tumenggung Sasrabagaram bupati ing Madiyun
3. Raden Mas Tumenggung Ariya Purbaningrat bupati ing Demak, ugi sami karsa apara
tamu, menggah rerenggan paurmatanipun anglangkungi semuwa, sarta mawi titingalan
sekar latuwonten ingpalatran ingkang sinuhunn kanjeng susuhunan konduripun asareng
kanjeng tuwan residhen ing ewanci jam 3 dalu, wondene jagonganipun awit ing dinten
Akad ngantos gangsal dalu, ugi kathah para priyantun ingkang sami rawuh anjagong,
punapa malih titingalanipun akathah warni-warni.

Ganjaring cariyos bab pista ageng ing nagari Ngayogyakarta, kala tanggal kaping 1
wulan Juni taun 1872.
Kalampahanipun pista ageng punika wanci sonten wonten ing griya kamar bolahj,
ingkang rinengga kapaangan dilah sewu tuwin kalangse sakalangkung sae, ing ngriku
kathah para tuwan saha nyonyah-nyonyah punapa malih para tamu saking nagari
sanesipun.
Pista wau minongka kapakurmatanipun kanjeng pangeran ngabei, anggenipun mementas
kaangkat dados kanjeng pangeran adipati anom amengkunegara, ingkang ngaturi pista
para tuwan ingkang maos sisiti dhusun tuwin para tuwan ingkang sami dudunung wonten
nagari ing Ngayogyakarta, minongka pratondha bilih sami sumungkem sarta
renaingmanah bab pangangkat saha pangulawisudhanipun kanjeng pangeran adiapti
anom wau, punapa malih bilih sami angaosi dhateng panjenenganipun tuwin ingkang
rama kanjeng sultan ing ngayogyakarta, i8ngkang sakalangkung karesna ing paara tuwan
wau.
Bab rumaket tuwin prasetyaning ngakathah, katingal saking kathahing arta panjurung
ingkang minongka wragading pista wau tuwin wragading pista ingkang badhe
kalampahan benjing tanggal kaping 8 ngajeng punika, bab pambiakakipun lampahing
gareta latu, gungung klempak ing arta panjurung 17500 rupiyah.
Para tuwan ingkang dados prasidhen tuwin Lidkomisi awit adreng ing pambudinipun,
amurih kalampahanipun pista wau ingkang sakalangkung prayogi, sami kenging kaaturan
panarimah kawrat ing serat punika.
Wilujengan ingkang kalairaken dening presidhenipun komisi pista, suraosipun kados ing
ngandhap punika.
Kanjeng Pangeran Adipati Anom Kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral
ing Indiya Nederlan sampun kagungan karsa angulawisudha dating kanjeng pangeran
adipati, kaangkat dados pangeran adipati anom ten nagari ing Ngayogyakarta.
Pangkatipun kanjeng pangeran adipati punika andadosaken renaming manahipun para
tuwan ing nagari ngayogyakarta, para tuwan sami rumaos manawi kanjeng Pangeran
adipati anampeni sih ageng, renlahipun ageng punika boten angamungaken jalaran
sakingluhuring tedhakipun kanjeng pangeran adipati, nanging ugi jalaran sakin
gpambekanipun kanjeng pangeran adipati ingkang sakakung utami, salampahan kathah
para tiyang ingkang sami tresna ing kangjeng pangeran adipati.
Awit saking punika para tuwan sami anglaksanani adrenging manahipun adamel pista
punika, minongka pratondha bilih para tuwan sami asih ingkangjeng pangeran adipati,
kanjeng pangeran adipati ing sapunika kagungan pangkat ageng, sabab kanjeng pangeran
adipati ingkang ginadhangken ing tembe, angereh para kawula ingkang sami angajeng-
ajeng antuk raharja lumuntur saking kanjeng pangeran adipati, manawi kanjeng pangeran
adipati anuhoni ing satindak saha panggayiyanipun ingkang rama kanjeng sultan ingkang
kinasihan ing para tuwan amasthi kanjeng pangeran adipati badhe boten rekaos
angenipun anetepi ing kuwajiban, pangajeng-ajeng ipun para tuwan, mugi kanjeng
pangeran adipati ing salaminipun angraosna senenging galih sagarwa putra sadaya,
wondening punapa ingkang sampun pangandikaaken ing kanjeng tuwan ingkang
wicaksana guprenur jendral, amaringi wilujeng dhumateng kanjeng pangeran adipati,
makatenugi para tuwan anggenipun angaturi wilujeng, mawi kanthi ing pamuji, mugi
pangkatipun kanjen gpangeran adipati ginanjara berkah ing allah, saged andadosaken
gemah arjanipun nagari ing Ngayogyakarta.

Wilujengan ingkang kapandikakaken ing kanjeng tuwan residhen suraosipun kados ing
ngandhap punika.
Kanjeng Tuwan REsidhen angaturi wilujengipun Kanjeng Tuwan Ingkang wicaksana
guprenur Jendral, nanging katawis ing karsa anggenipun anglairakenpitembungan meleng
tumanduk ing kanjeng tuwan mister Lodhon, sabab saupami kanjeng tuwan mister
Lodhon boten akenceng andhawahaken rampungan para tuwan sapanunggilanipun boten
sami ngalem pakwonten ing pista ageng punika, karampungakan bab gadhangan ing
kaprabon Ngayogyakarta sampun lami dereng kadhawuhaken saha sampun lami tansah
kasarantosaken ,nanging kanjeng tuwan mister Lodhon sareng angasta paprentahan awit
saking putus ing panggaliyan, lajeng karsa angrampungi tumunten.
Salajengipun kanjeng tuwan residhen auka wilujeng dhateng tanah jawi, awit andarbeni
pangajeng-ajeng kadunungan ing kaaharjan jalaran sakin gkanjeng tuwan misterLodhon
ingkang swarjana ing panggaliyan saha ing sampudayanipun ing ngtasing anggenipun
angasta paprentah ageng wonten ing tanah jawi, kanjeng tuwan residhen tumunten
amurih dhateng para tamu, sarengan angunjuk ngaturi wilujengipun kanjeng tuwan
ingkang wicaksana guprenur kjendral mister Lodhon,mai pamuhi mugi kanjeng tuwan
mister Lodhon sagarwa putra ingsalaminipun angsala kasugengan tuwin kanugrahan.
Kanjeng Pangeran Adipati Anom amangsuli suka wilujeng kados kang kasebut ing
ngandhappunika.
Kanjeng Pangeran Adipati anglairaken dhateng para nyonyah, para tuwan para kanjeng
pangertan tuwin para priyantun sadaya, bilih renaing galih mawi kanthi panarimah ageng
bab anggenipun kaurmatan pista adinaning para tiyang ingkang sami teresna ing kang
jeng pangeran adipati, mila sanget ingpamundhinipun saha subaktya ing gusti Allah awit
ginanjar ing yayah ingkang sudati ing ing pambekan kenigng kadamel tutuladan ing
salaminipun kalih dening malih kanjengpangeran dipati angaturaken panarimahipun
dhumateng kanjeng tuwan ingkang wicaksasana guprenur jendral dene sampun
kinulawisudha ginadhangken anggentosi ingkang rama, wah malih dhumateng kanjeng
tuwan residhen Bos, awit anggenipun auttulung amikantukaken pangulawisudhan wau,
salajengipun dhuamteng presidhen ing Komisi tuwin dhumteng para tuwan
sapanunggilanipun bab anggenipun angurmati ageng minongka pratondha asih tuwin
rumaketipun dhateng kanjengpangeran adipati,kanjeng pangeran adipati sakedhapan
kendel angangen-angen bab anggenipun badhe anuoni ing kuwajiban ageng, saha
anandhang sakathahing pakaryan ingkang rakaos,nanging ing sasaged saged nangnng
pangeran adiapti wiwit ing sapunika badhe ginauha mitulungi amayaraken ingkang rama
ing pangasta dalem anguwasani nagari, sabab kanjeng pangeran adipati sampun
anamtokaken badhe kabyantonan ing kathah,mila ing ngatasingkuwajhiban sanadyana
rakaos sanget badhe linampahan kalayan pangaliyan sumeh, menggh arjaning para
walandi ing nagari ngayogyakarta punika ing salaminipun badhe andadosaken sanget
renaming galihipun kanjengpangeran adipati, punapa malih kanjeng pangeran adipati
apratinya dhateng para tiyang ing Ngayogyakarta, badhe tumut angraosakening
kabingahantuwin kasekelaipun wondening kanjeng pangeran adipati ing salaminipun
badhe angayomi dhaeng para tiyang wau kalawan taberi tuwin adil, ing wusana
pamuhinipun kanjeng pangeran adipati, medal saking manah suci, mugi karaton dalem
ingkang rama ing salaminipun ginanjara nugraha ageng jawi tuwin para tuwan ingkang
sami ajenengi titingalan wau.

Pamuji kula dhumateng kanjeng tuwan residhen, sakaliyan kanjeng raden adipati ing
nagari Surakartaingkangmugi gusti allah angluhuraken pangastanipun panguwasa nagari
dalem Surakarta, awit prayagung kakalih wau panggalihipun sampun condhong,
pangastanipun nagari sak langkung santosa utawi adil, boten sepen pamarsudinipun
amurih rejaningpraja, pinten pinten pranatan ingkang sampun kadhawahaken, sadaya
makantuki dhateng tata tentremin gpahdusunan amurih rejaning tiyang alit kula
maratelakaken anmung sakedhik sara ingkang pantes kakabaraken kados ing ngandhap
punika.
Nalika kaping 15 Mei 1872 ing wanci dalu, tiyang Cina wasta Ki Ti Yam Pak Ti Ke ing
Prambanan kabupate Kalathen, kadhatengan tiyang durjanakecu, anenangingdurjana
boten gntos sagetlumebet ing griya jalaran kapethukaken dhateng tiyang patrol naming 2
iji, wasta 1 REsadrana, 2 Resamenggala, sami tiyang alit ing dhusun Karang, sangking
kapurunanipun tiyangpatrol kalih wau durjana lumajeng sadaya, tiyang patrol sami
wilujeng, naming tiyang patrol ingkang satunggal pucuking dariji geseng sakedhik, awit
kenging kabalang sela ing durjana, sareng ing jingipun, sasampuning bupati ing Klathen
papriksa,prakawis punika lapuraken ing nagari serat dhawah wangsulanipun nagari
saklangkung tarimakasih, sarta amaringi gnjaran dhateng tiyang patrol kalih wau, kanjeng
tuwan residhen maringi 25 rupiyah, kankkeng raden adipati Maringi, 10 rupiyah
gunggung 35 rupiyah awit tiyang patrol kalih wau anelakaken tumemen anggening
nglampahi dhawah nagari, yatra sumanten wau lajeng kabagi dhateng tiyang patrol kalih,
ingkang nandhang tatu kaparingan 19 rupiyah, ingkang boten nandhang tatukaparingan
16 rupiyah, nalika amaringaken,panuju diten repotanipun para bekel dhusun dhateng
kabupaten Klatathen,supados para tiyang ingkang gadhahi wajhib patrol, sami nulada
kados dening tiyangkalih wau. Saestu.

Panjurung
Ing Bramartani ongka 17 wonten panjurungipun ingkang sisilih namaTrusdhasastra
angrasehaken tembung tigang ukara, kadosta: Bratasopana, Windradi, akaliyan Calapita,
punika saestu langkung kapengin kula sumerap menggah wredenipun, awit kula
piyambak kaetang tiyang balilu boten saged anjarwani, dumados manawi wonten para
sarjana ingknag anggelaraken kawruh, angrasehaken pitembungan utawi cangkriman
sapanunggilanipun ingkang adi tuwin aneneh wonten salebeting Bramartani, boten liya
among kula angajeng-ajeng para sarjana anggenipun manjuru batanganipun, wasana ing
Bramartani ongka 22 wonten panjurungipun ingkang sisilih nama Wityaradya, rinengga
ing sekar pocung, anjarwani tembung tigang okara ing nginggil wau, punika kala tembe
kula pariksani ing wiwitan, inggih langkung bingah manah kula,dene badhe sumerap
wadinipun tembung punika, ananging sareng kula waos saengga titi, kor adi cuwa
sakedhik manah kula, awit panjarwanipun wau naming kawijang-wijang sawonda-
wandanipun kemawon, kadosta Brata,laku, sopana, papati utawi margi, sarehning kula
sanget busuk, saestu taksih dereng mangretos mengahanggenipun ngurutaken, sageda
manawi sampun kawijang anggene negesi, tumunten kaurutaken saukara isan, dados
tembung Bratasopana punika kenging kula tegesipun napa, punapa kenging kula tegesi
lampah ing eja, utawi lumampahing margi. Punapa malih calamita, kategesan gunung
kuning, punika wujudipun punapa, ingkan gpunika kula nyuwun mugi agenga
pamengkunipun mitra kula Witya Radya,boten pisan kula amaoni panjurungipun among
saking kaingin kula sumerap jarwanipun ingknag turut, sarta panyuwun kula witya radya
karsa angangggep pamitran dhateng pun kula punika, sarehning kula tiyang bodho,
dumados kapengin mimimitran kaliyan para saged, supados mindhaka ing kanalaran,
wasana kula angaturi taklim kalayan urmat dhateng mitra Wityaradya.
Sinerat ing Kampung ARgasunya, kaping 8 Juni 1872 Katandhan Mitranta, Wartatama...

Panjurung
//Dhandhanggula// Rasruming sarkaraniraris, denya peksa mangapus pustaka, atbuteng
tyas tancraning reh, mamrih amardikayun,dinuking donirdeyadening, kadayan
darpalimpat, rasikaning kidung, sumengkane lad pujongga, radya denya atur panjurung
supadi, karya wahing carita. Yen pinareng ing karsanireki, panjenenganipun saudara,
nenggihtuwan redhakture, Koran Bramartaniku, sarta nuju wonten selaning, papan
panjurung amba, pinacaka besuk wedale respati ngarsa, nadyan remeh mokal lucu nign
sayekti, tan dora tur kawula. Ing nguni wonten prajurit jawi, balambangan wismeng
Kartasura,pan saradhadhu lungguhe, nanging ageng tysipun, kaduk mencul tingkahireki,
nyeret tadhah srupiyah, kalih rabinipun, nom-anom bobot ing desa, resik resik tur sami
bekti ing ngalki, saradhadhu punika. Lamun nyeret mungguh ing pandhapi, atuturon
tumrap ing bandhulan, pinangsag tengah benere, kakalih ambenipun, wetan kilon samya
miranti, dilah tike pacitan wedang the lan bubuk, kang wadon tuwa neng wetan, ingkang
enom neng ngamben kulon pansami,miranti kalihira. Saking rabine tuwa yen wiwit,
bandhulane tinarik mangetan yen wus jeblis den yulake, bandhulane sumiyut, marang
amben kulon annuli, cinandhak rabinira, ingkang anem gupuh,mrenahken cupak lan
dammar, sawusira anjheblis den culken malih, tumanduk amben wetan.
Gya cinandhak mring rabine malih, yen wus telung rambahan anulya, amamangan
pacitane, sasenengireng kalbu, tuwin ngombe wedang the keki,gulane batu pethak, yen
mangulon bubuk, kandel munggeng kriyuk anyar, gula pasir pacitan rujak kuweni, wetan
duren lan nongka. Saben ari tingkahe kadyeki, awit enjing kongsi bedhug siyang,
kalangkung aneh solahe, lir kalong gandhal-gandhul, samya eram kang aningali,
sanadyan kadhayohan, nora gelem mudhun, caturan sinambi lawan, neng bandhulan
anggepe kaya pulisi, tan ana kang kerigan. Titi tamat caritanireki, tuhu lamun aneh
solahira, kang mengkono pratingkahe, iku pawartanipun, wong tuwane duk maksih urip,
uga nyeret ngida tan mokal patrapipun, anehemung sawetara, lamun nuyeret rabine turon
sumandhing, angliga payudara. Panitise sarwi den wedhaki, duren winoran santen lan
gula, iku mongka pacitane, yen wus jeblis angemut duren santen kang neng panitis
mung mangkono kawala, tan aneh kalangkung, nging wus kalbu memenculan, datan pati
lumrah pratingkahing reki, wus telas caritanya.

Panjurung Wanglan
Kinanthi mongka panjurung, isinin gsrat Bramartani, lamun pinareng ing karsa, serat
kawula puniki, ingkang mugi pinacaka, wedale respati ngarsi. Bramartani wijilipun,
ongka kalih likur Kemis, Mei tanggal tigang dasa, wonten panjurungireki, mitra mba
ingkang katandhan, wartatama awawangi. Medharken cangkrimanipun, mugi sekar sinom
naming, sapada surasanira, drujana lilima sami, malin gmalebeng babahan,mung kakalih
kang lumaris. Kang titiga atut pungkur, lamun nuju antuk bukti,kang lima nututi agya,
ugi kalih kang byantoni marang antuknya mamangsan, puniku lamun marengi, Paninggih
pambatangulun, tiyang dhidhis linganenggih, puniku pandugi amba, kalamun dereng
patitis, ywa dadya rengating gdriya, rehning gugujengan sami, mandar dadiya panuntun,
nenggih jalaranireki, rumaket ing pawong mitra, denya lantaran kintaki, katandhan pun
Wityaradya, byaktatur amba puniki.

Suka panarimah
Brongta ulun sampun tampi, susastra sangking paduka, Bramartani trilikure, dyan open
ing Surakarta, Suraosa sung jarwa, widening paminta ulun, tiba sampir artonira.
Sanadyan paduka ugi, wus pramengka wingi meksa, minta tranging wasitane, dyan
Ronggawarsita samara, sinamur ukara, singidaneng madya tanduk, nanging meksa
kawistara.Lah ing mangke mitra mami, lumunturi paminta mba, dlahan yayah sukaning
ngong, katanem wonten prenaja, lumeber munggeng pangkyan, dadya rahayu wanagung,
rumesep cipta nugraha. Wus lejaren tenging piker, atemah suka mardawa, nanging ing
tembe kemawon, yen wonten riwenging driya, mrih ruywaning bebasan, paduka ywa
wiyeng kayun, supados rukuning mitra. Sung barkahring mudha pinging, yawn
ginunggung boyadaya, dayane mung klecar-klecer, sasaged ngupaya guna, supaya
kawentara, rerasan kang adiluhung, katiten nagyujakarta. Sakiduling baluwarti, risoma
mamanise trilekya,rabingulakir lumakyeng, warsa Wawu sinangkalan, Candramuksya
Bujangga, Ekagathi tadumunung, tondha kusumawicitra.
Batang Cangkriman
Bramartani ongka 23 bab 2 wonten tembung, tunggak kayu dipun damel golek wujud
estri, salajengipun mitra kula wartatama, nedha wedharing cangkriman punika, menawi
kepareng rujuk tunggak kayu ingkang kadadosaken golek wau, wedharipun awewaton
serat Anglingdarma, kados ing ngandhap punika pratelanipun.
1. Undhagi, ingkang ngukir sipating wujud, minongka Bapa
2. Sungging, ingkang mulsara dhapuring warni,minongka Babu
3. Tukang mas, ingkang busanani sarwa mubyar minongka kadang
4. Dewa langkung ,ingkang nguwasani sagung nyawa minongka Hyang Suksma
5. Dene Sudagar, ingkang nutupi orating estri minongka punika lakenipun.
Ing wasana pratelan kula punika menawi leres sokur bagesewu, dene yen nalisir mugi
sampun pisan andadosaken aruning driya, amargi naming punika saserepan kula.
Ktandhan Ka Wa ing Jayukarta.

Cariyos pangadilanipun tiyang kecalan pendheman kancana, anggugat dhateng parentah,


jaman prabu Basukeswara ing Wiratha.
Jaman Prabu Basukeswara ing Wiratha, wonten carit\yos dhusun ing Sabangkat,
salebeting warsa Idha, etanging taun surya sangkala, 556, utawi ing taun Candrasangkala
573, amarengi masasrwana, titiyang dhusun ing Sabangkat awasta pun Palswa, langkung
taberi ing tataki sarta rosa ing panggaota, ngantos dados ing kasugiyanipun, mindhak-
mindhak ing kabegyanipun, anglangkungi sasamining tiyang Sabangkat ing ngriku, nuju
ing idnten satunggal pun Palswa mare king ngarsanipun patih Wasita, amarengi wonten
ing pasowan pepakan ingkang para punggawa sadaya, pun Palwaswa dinangu matur,
kawula pnika umbul dhusun ing Sabangkat wasta pun Palswa, sowan kawula anuwun
adiling nagari, awit gadhahan kawula kancana wonten ing Enceh alit, kawula pendhem
satengah ing wana, mawi tetenger arca gambaripun sanghyang Sadhana, ing mangke
kawula tuweni boten wonten, dalah tetengeripun arca ingggih boten katingal, tilas
panggenanipun ing pamendhem kawula punika sitinipun dhungkur dhungkar kados
kadhudhuk ing tiyang ingkang ngamendhet kancana boten kantenan. Pangandikanipun
patih Wasita, e Umbul Palswa, pira kehe emas mu kang sira pendhem, lan sapa kang
muilu ing nalika sira amendhem emas iku. Aturipun Umbul Palswa,menggah kathah
kedhikipun kawula boten angetang, among wujudipun kemawon enceh alit satunggal
kebak, dene kala kawula amendhem kancana punika boten wonten ingkang sumerep,
dalah anak rayat kawula boten wonten ingkang kawula jatosi. Patih Wasita andangu, apa
karananane emas teka sira pendhem ana ing ngalas, ora luwih becik sira simpen ana
sajroning ngomah kena sira anggo sarana undhaking rajakaya.
Cariyos punika taksih wonten candhakipun.

Ing benjing dinten Senen tanggal kaping 24 wulan Juni punika, ing wanci jam 8
sonten ing ngalun-alun badhe wonten sekar latu sarta titingalan gambaran warni-
warni, sarana ting ageng, winastan toper lan taren menggah bayaripun tiyang aningali
kasebut ing ngandhap punika
Klas 1 bayar 2 rupiyah
Klas 2 bayar 1 rupiyah
Klas 3 bayar 25 sen
Katandhan tuwan
T.Gores.

Ing tokonipun tuwan Eming kalayantuwan Mas kenging pakantuk tumbas barang
warni-warni kados ing ngandhap punika.
Mentega, jenewer, sele,likir, petroliyun dhaharan warni-warni, koca tolet kajeng
maoni, kaca gantung, pigura mawi lis cemeng, mainan warni-warni, baki perlak,
wadhah ganten, tromel alit alit, wadhah mangsi prunggu, kanthelar, lading pangarasan
sakalangkung sae, mawi panggosokanipun lei, tuwin grip, wadahah gambar, koper
wacucal, canthelan lambu, wadhah lading kajeng maoni, pethi panyeratan, wadhah
srutu, lampu gantung tuwin lampu dhudhuk, kekep lampu, wadhah sekar, plakon,
cangkir wedang, lading meja, tuwin lading gapit, wadhah awar, gunting warni-warni,
teken mawi utawi tanpa lontop

Tuwan Aming kaliyan tuwan tuwanmas sami mentas anampeni barang kadosta:
Gas Berdhir, eprlas cemeng, sutra warni-warni, dhasi wol, pita satin tuwin baludru
warni-warni, sassekaran sae-sae, saptangan pethak tuwin abrit, utawi saensipun, sita
warni-warni, kangge rana utawi resbang, sarung tangan sutra, pike pethak, pranyis,
laken tuwin pasemen kan gge kareta, songsong sutra, taplak tuwin serbet, kurasi sae-
sae, kancing utawi renda warni-warni.

TuwanAming kalayan tuwan mas sami anampeni barang inggal, kasebut ing
ngandhap punika, ting kareta, lapel Inggris saprabotipun, lis kareta camethi, warni-
warni kerok, tuwin sikat kapal, timbangan, wawratan 150 kilongantos 300 kilo, timba
tosan cithakan dhadhaharan warni-warni, pirantos angukur bumi, kompas, pulas sae-
sae, jongka sapanunggilanipun kangge anggambar, karet, kertas kangge kadamel
gambaran, rante kangge angukur bumi, ukuran relan, pistul repolper waja warni-
warni, jangkep sadaya, buk kothong, user, lim gelas sae-sae, gelas kobokan, wadhah
wowohan kristal, gendheng gelas, loneng gantung, piring tuwan cangkir pethak utawi
mawi sasekaran, tuwin serpis the sakalangkung sae

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni
usar sarta pirantos ingkang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, punapa malih
pulas warni-warni pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.

Tuwan Jonas Portir enko ing samangke sampun nampani lisah wangi warni-warni,
sabun salangkung wangi, lapender, wedhak walandi, arum sanget tuwin sanesipun malih,
kakathahen manawi kasebutna sadaya.
Serat amongtani, anyariyosaken pratikelipun ananem pantun, jagung, kalapa, aren, waluh
sapanunggilanipun ing tanah jawi, regi 75 sen prangko pos
Jonasportir enko

Punika cariyos Babad Mataram


Nadyan kawula pukulun, milu sasabaya pati, yen sampeyan nedya pejah, kawula mati
adingin, yen paduka nemahana, kawula sampun meningi. Arya sawunggaling matur,
praami kawula gusti, sampun liya sangking tuwan, anggen kawula angabdi, lamun tuwan
ngarah pejah, kawulane sampun kari. Arya Sindureja matur, panedha kawula gusti, yen
sampeyan arsa yuda, kawula ngamuk kariyin, yen benjang kawula pejah, sakarsa pan
boten kari. Lan panedha malih ulun, sampun angawula malih, ing donya rawuh ngakerat,
sampeyan dadosa gusti, sampun tanggel jengandika, amalaha kang nganggit. Ki Raja
Manggala matur, yen sampeyan arsa jurit, mongsa kawula mundura, angamuki wong
Matawis, panedha kawula ing prang, sampun kongsi mulih urip. Dipati toh pati matur,
wong punapa nedya urip, yen gusti angarah yuda, sapa kang lumayu benjing, sampun
pinakanan sega, yadipun dulanga tai. Tumenggung binarong matur, yen ana kang wani
mati, eman-eman kang wanodya, den ajak turu saresmi, iku pantes ingkang lanang,
dipun jodhonana anjing. Sang dipati Pathi muwus, kawula tatedha gusti, sangking sedya
pekenira, tegepena ing hyang widhi, dipati malih ngandika, dhateng ingkang para nyai.
Amundhuta arak anggur, jenewer lawan brendhuwin, lawan mundhuta busana, kancana
kalawan picis, beboreh kalawan lenga, sarta kalawan sesumping. Kang kinen yata
amundhut, tan asuwe nulya prapti, dipati Pathi ngandika, dhumateng kang para selir,
padha sira larihana, sasumping trapna ing kuping. Kang anayub sami wuru, kathah kang
supe mring gusti,sawenehana angucap,panedha kawula benjing yen sampunteka ing yuda,
kawula kang ngamuk dhingin. Amalesa ing sihipun, ing gusti dipati Pathi, wutahe getih
kawula,lan tiga sejong mami, sun karya pamales benjang, ing asihe gusti mami. Saturun
kawula besuk, sampun liyan den ujungi, yen dede angger sampeyan, tan suka kawula
guti, ingkang saweneh angucap,panedha kawula benjing. Kawulajanma ping pitung,
sedya kawula angabdi, gusti dhateng ing paduka, tan saged suwita malih, yen benjing
dhateng paprangan, kawula lebura dhingin. Sang adipati amuwus, anedha manira sami,
prasetyanira sadaya, tan prabeda lawan mami., benjing yentinempuh yuda, sun sedya
barenga mati. Barenga lan anak ingsun, miwah ingkang para mantra, barenga lebur
sadaya, angamuka wong Matawis, nanging silih pira bara, yen anaha kongsi uripa.
Nanging ta pangrasaningsun, ing sun mungsuh kakang aji, pira bara yen menanga, pasthi
ingsun anemahi, kaya paa yen undurana, pan wus karsaning hyang Widi. Radyan
kandhuruan matur, lawan arya Sawungggaling, lan Tumenggung Sindureja, ature samya
anangis, dhuh gustining sun pangeran , sampun tuwan tumut jurit. Kawula gusti kang
manggut, ing yudane wong Matawis, yen abdi tuwan sadaya, yen kongsi mundur sanyari,
rinampoga sangking wuntat, binoyoga anak rabi. Pangran andika kondur, tulus sawibawa
mukti, Anyakrawati ingrate, ulun dhewek kang nglampahi, angamuka wong Mataram,
yen sampun kawula mati, Sakarsa tuwan kan gkantun,kawula sampun udani, adipati
angandika, anedha manira ugi, sangking tesna pekenira, tan kuwawa amalesih. Punalesa
ing hyang agung, kapindho nabi sinelir, sakathahe wangsaningwang, miwah ingkang para
mantra, angsala rahamting Allah, manggiya swarga kang adi. Arya Mangunjaya matur,
aturipun ngaish-asih, dhuh gusti sang adipata, yen keniya sun aturi, sampun mengsah
raka dika, sribupati ing Matawis. Bonten wonten awonipun, mrin gpaduka langkung asih,
sampun kadhaharan ujar, boten pened kang pinanggih, sakeh wadya prasasantana, mong
samenanga ing jurit. Dipati Pathi amuwus, wus pasthi tankena gingsir, sampun karsaning
hyang suksma,allah siwong amateni, leng pinejahana dhawak, deningkakang mas
matawis. Ki Mangunjaya amuwus kumenthus temen wong iki, ta dawa yen winicara,
dipati ngandika malih, dhateng sagung pramantrinya,nanira medal ing benjing. Sakathahe
wadyaning sun, padha amepekabaris, benjang-enjang den tataha, ing ngalun-aluning
Pathi, sampun ginanjar busana, sakehing para dipati. Prajurit warata sampun sinaungan
busana adi, rasukan lawan lancingan, babentinge cindhe sami, sang dipati KOndur sigra,
malebet ing dalempuri. Ingkang garwa samya methuk, mring kang raka sang dipati,
samya angering sadaya, wus prapta ing dalem puri , apan wus sira punarak, srinata dipun
peteki.
Kang para garwa tumingal, sang adipati atintrim, netrrane beda lan saban, para garwa
matur aris, kawula matur gusti,punapa ta karanipun, dene datan ngandika, punapa duka
ing rabi, pan kawula suka dipun pejahana. Kidipati angandika, lah wruhanira mas Yayi,
paningsun poyaning sira, ingsun apamit ngemasi,marang sira mas gusti, paningsun arsa
amethuk, yudane kakang emas, srinarendra ing matawis, sakathahe garwaning sun kabeh
sira. Ing benjang sapungkur ing wwang, den bisa sira masyayi, angawula mring Mataram,
den bisa angalap pati, lawaningsun atitip, marnag putranira jalu, kangkung denign
mamelas, durung wruh rasaning mukti, ingsun tilar poma yayi den karegsa. Lah ta yayi
wruhanira yen ingsun amangunjun jurit, lan kakang ma sing Mataram, pasthi tumeka ing
jangji, kang garwa samya anjrit, miyarsa wuwus ing kakung umyung sajroning pura,
adhuh yen kenginga gusti, asowana dhateng raka jengandika.
Ongka 26 Kemis kaping 27 Juni 1872
Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, ing taun punika, sami kaaturan
bayar patumbasipun ingkang tumunten.
Tuwan Jonasportir enko

Para priyantun ingkang karsa bayar panumbasipun serat Bramartani, mugi sampun
kakintunaken dhateng tuwan Purneman awit badhe angisruhaken ing petangipun,
JOnasportir enko

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten Senen tanggal kaping 24 wulan punika ing wanci jam 8 dalu, ing
ngalun-alun sampun kalampahan wonten titingalan sekar latu kaliyan gambaran ingkang
sarana ting ageng winastan Toper lantaren, sanadyan anglangkungi kathah titiyang
ingkang sami aningali, ananging saking pakabaranipun tuwan ingkang adamel sekar latu
wau kapetang saking waragadipun taksih tuni 400 rupiyah

Ingkang kacariyos ing serat pakabaran walandi, tuwan GReguri ingkan gangerehaken
kumidhi sagawon tuwin kethek ing samangke sampun dhateng wonten ing Samarang
sarta sampun wiwit ing pamainipun utawi sawatawis dinten ugi badhe lajeng dhateng ing
Surakarta.

Manawi paeng karsanipun tuwan redhaktur, sarta taksih wonten selaning papan kula
ngaturi panjurungcariyos sambetipun nalika tedhak dalem angelih peken ing Trepangan
dhateng Tirisdenta. Kula aningali tedhak dalem dhaeng sawetan kali, sumlengeren kathah
ing tiyang, awit pukul nem enjing, tiyang numpak baita kambangan ingkang sumedya
dhateng peken jaler estri anglangkungi kathahipun saha kerep kerep wonten baita
ingkang kerem jalaran kawratan kathah ing tiyang ingkang numpak punuju toyanipun alit
boten wonten ingkang nemahi sangsara, naming sami teles prabotipun kemawon utawi
wonten satunggal tiyang estri watawis wawrat 5 utawi 6 wualnsarehning kadheseg ing
kathah,kalampahan arencang rare wonten ing pinggir lepen dados lairipun kados kadadak
dereng mangsanipun tiyanglajeng mantuk sarta bayinipun kabuntel ing sinjang, anjawi
punika sareg sampeyan dalem sampun lenggah ing panggungan searaning tiyang
tumawoning peken anglangkungi rame, asarengan ungeling gongsa musik utawi gamelan
reyog ringgit cucal babandhungan kaliyan ringgit kalithik utawi topeng wonten ing
tengah peken utawi malih tiyang menek wit pucang angangkah sinjan gsembagi
sapanunggilanipun telas ing sinjang kasantunan marecon elong ageng alit dipun summed
sareng, anglangkuni ramen swaranipun, punapa dene titiyang dhusun ingkang sami
ningali, dipun sebar ing arta, satus rupiyah sami arta tembagi, sabibaring peken para
pulisi anglapuraken kawontenaning tiyang ningali tuwin ingkang sasadeyan sarta
papajenganipun kados ing ngandhap punika.
Tiyang sasadeyan tiyang jawi jaler estri tuwin sanesing bongsa, gunggung 8495
Gunggung papajenganipun sadaya tiyang sasadeyan 15406 rupiyah
Gunggung kathahing tiyang ningali ageng alit 23000
Kareta pasewan 50 iji, bendi 8
Katandhan Open

Panjurung Bramartani
Kemis kaping 13 Juni 1872 kula nuju kesah dolan dhateng griyanipun mitr kula ing loji
wetan , kapinujon mitra kula wau sawek amaos serat Bramartani, ing ngriku kula
amirengaken wonten serat panjurungipun wonten manggala,amedharaken cacangkriman
minongka dados panggugahipun manah welu, kersa amaringi tuntunan supados
ananangiya dhumateng manahipun titiyang ingkang sanget balilu kados pun kula,
sampunipun nelas ing pamaosipun mitrakula wau, sanget kapiadrenging manah kedah
ambudidaya, supados anyondhongana karsanipun mas Wongsamanggala, ingkang punika
bilih sarta ing panggalihipun mas Wongsamanggala kaparenga kula dherek nyalundhingi
ingkarsa sampeyan coben-coben menawi pethuk ing panggalih, kados ing ngandhap
punika pratelanipun.
Cacahipun dhuku 81 iji,dene tiyang ingkang tangi rumiyin pikantuk dhuku 35 iji, tiyang
ingknag kaping kalih pikantuk 26 iji,tiyang ingkang tangi kantun piyambak pikantuk
dhuku 20 iji. Ingkan gpunika bilih maksih wonten kalintuning pambatng tuwinpanyerat
kula, mugi mugi katebihna saking sisiku, dene kula sampun kami purun sumela angaturi
pambatang. Anjawi sakingpunika ing wektu satunggaling dinten kula kesah mubeng-
mubeng salebeting kitha, wasana kula sesarengan kalayan tiyang kakalih jaler estri sami
raraosan bab sangu, dene raosanipun makaten. Wicantenipun ingkang estri dhek
sampeyan teng Semarang nika riyin sanguine telas pinten wangsulanipun ingkang jaler,
aku ora ngetung nanging oleh ku nganggo aku kelingan, dhek ana ing Bayalali nginep
sawengi, lan aku ngentekake sangu ku saparo punjul satengah rupiyah, banjur ana ing
Ngampel iya ngentekake saparoone karining sangu punjul sattengah rupiyah, banjur ana
ing Salatiga iya ngentekake saparone karining sangu punjul satengah rupiyah, banjur ana
ing Ngunaran iya ngentekakesaparone karining sangu punjul satengah rupiyah, bareng
tekan ing Samarang sanguku wus entek. Wicantenipun ingkang estri sampeyaniku
dospundi ta, kaya mengkene ora ana sing dig awe nukokake candu dheweke,
wangsulanipun ingkang jaler eh ya sapuluyh-puluh oleh ku jajah nagara iku ra mung
golek apa kang dadi senenging pikirku, lan maneh ing ken era mung rah candu, ora kaya
Samarang. Namung punika anggenipun ami raraosan, sarehning sanget judheging manah
kula mila ngantos kalampahan anyuwun berkahipun para saged ingkang sampun
kasuwut ing serat Bramartani, bab sangu wau sedaya pinten rupiyah. Saking sangeting
kasengsem dhateng etang menawi boten tumunten wonten na para sarjana ingkang
amaringi pitedah dhateng kula, kados kados ing sawatawis dinten kalampahan kesah
angupadosi sarana ingkang anyirnakaken dhateng petenging manah, sanajan ngantosa
nem minggu menawi dereng saged pinanggih amesthi teksih kula udi amrih
pinanggihipun, sukur-sukur sanget manawi para saged tumuntenna karsa aparing pitedah.
Titi ing Surakarta kaping 19 Juni 1872.
Kula pun Jasman, siswa ing Mangkunagaran..

Ingkang serat kairing sekar Megaruh, kang rumiyin tabe mami, tumaduk tuwan
redhaktur,ingkang ngarang Bramartani, wiyosipunlamun condhong. Boten naming
punapa lamin panuju, namira peksa kumawi, ambatang cangkrimanipun, Partatama mitra
mami, kang wonten serat cariyos. Bramartanianuju ongka dwilikur,cangkriman sing
kathik maling, lelima kathahing pandung, etak badhe jalma dhidhis, dhuh tak duga ora
menceng. Eh Kerigan tek kabeh ogugur gunung wartatama mitra mami, pethek saya
cumahitu, tradhak lain dhari ini, saya kira tidhak bohong. Kula mangsul ape manek di
geguyu, dhengen cangkrimaning bayi, tapi saya mathem sungguh, dhalem badan adha
tulis men binadhe kang cumeplos. Sabab yen tan weruh rusak gamanipun, mongka
ugeraning urip agama mesthi lumaku, milane paminta mami, yogya sami den wespaos.
Titi tamat kaserat tanggal ping catur, rabingulakir kang sasi, taun wawu angkanipun 1801
katandhan pun Barukaton. /;/i//
Eke gumun banget aku dene ana maneh reracikane, pyayi kiye, aduga ku mula luwih
sugih naming ya luwih bangkit tondha olehe kagungan kersa kang mengkene iki kang ora
kena, eh wong durung ana kang atur jawab tlethik wis ana maneh, ih mulane eram banget
aku ambakne puryayi pyek atobil ngungun banget naming apa ana sing karsa jawab,
badhe cangkrimane wong sing kagungan cangkriman pyayi wasis banget, emyo lothung
bok ya tak jawabe,mendhangan penggalihane, pyayi kiye emye bokmanawa. Ing
ngandhap punika pembatang kula, aturipunkyai pangulu,mesthi mekaten, inggih saratu
manawi andangu dhateng kula, miring lan botenipun ungelipun kagungan dalem gongsa
mung gang wau sarehipun penabuh dalem amarengi ing wetu luhur, inggih miring
naming boten miring,. Dene pembadheku golek mesthi mekaten mring gidadibapa,
kemasan dadi gusti dewa dadi guru, dagang dadi bojo, naming punika kisanak
pamanggih kula, ewasemanten manawi kagalih sisip, kula inggih dherek rehning sagung
para sarjana kagunan panggalih pyambak-pyambak ugi pemanggih boten nunggil
yennunggila inggih sami sabab sanes warni inggih sanes uni, sanes polah sanes tingkah
sanes pengrasa sanes rasa, among sakpunika nun. Kaserat ing pUrwagupi kaping 11 juni
taun 1872. Katandhan Pun Tilam
======================= ==============

Rikala malem Aka tnalika wonten tangalkaping 9 wulan Juni punika kawatawis
wancijam ½ 7 sonten , wonten wujud katingal gumebyar saengga lelidhah, sareng kula
aningali ing nginggil katingal kados surya, watawis sadhepa mider, sanking lerwetan
lajeng ngidul ngilen, icalipun gumebyar wau, 3 menit lajeng mungel gumleger
anglangkungi ungeling mariyem, sarehning kula dereng nate nyumerepi dados boten
saged angaturi katrangan ing namanipun sokur manawi para mitra kula wonten ingkang
karsa aparing berkah ing namanipun inggih boten punapa sangking kumedah kula badhe
sumerep wastanipun. Purwareja ping 10 Juni 1872
Katandhan Tendheryud, Dhukuh karang Sajati.

Kinanthi purwaning kidung, wangsulan tumanduk maring,mitreng wang


Wongsamanggala, kang darbe wangsalan adi, munggeng Bramartani ongka, kawan likur
wulan Juni. Bubuka wohireng dhuku, kang pinaring ken wong kemit, titiga kang kalih
nendra, sajuga melek nampani, dhuku gya pinara tiga, ingkang saduman binukti. Wusnya
nadhah lajeng turu, ingkang sawinine tangi, miyat dhuku neng wawadhah, nulya binage
paratri, ingkang saduman pinangan, kang kari tinilar guling. Kancane satunggilipun, tangi
uga kaadyeki, dhdudhuku pinaratiga, sih jangkepe tangireki, puniku kinen batanga, pinten
ing gunggungireki. Ing mangkya katri priyantun, iingkang karsa batang sami,
trudhasastra pambatang nya, gunggung kehing dhuku naming, pan wolungdasa satunggal,
dene kang ngambil rumiyin. Tridasa gangsal tan langkung, kang ngambil tengah
anaming, enem likur kathahira, kang nadhah kantun pribadi, inggih naming kalih dasa,
gantya pambatngireki, Nenggih pun Kartabrateku, kwekeling barebes nagri, ugi sami
pamanggihnya, kathahing dhuku pinarni, wolungdasa lan satunggal , dene kang bukti
rumiyin. Apan naming pitulikur, skeet sakawan kang kari, pan lajeng tinilar nendra, nulya
sawijine tangi,dhuku gya pinara tiga, ingkang saduman binukti. Pan wolulas kathahipun
tridasa nem ingkang kari, wusnya nadhah lajeng nendra, ingkang satunggile tangi,dhuku
ugi pinartiga, kalih welas kang binukti. Daya jangkepe tangipun kantun salawe prayekti,
sattangine katrinira, dhuku gya binage malih, wong sijine antuk astha dene batanganireki.
Pun sujarwa kang dudunung, ing Kebon Dalem winarni, inggih sami pethekira,
gunggunging dhuku tan luwih, ugi wolungdasa juga, mitulikur piinaratri. Seket sakawan
kang kantun nulya pinartiga malih, dumadya antuk molulas kantun salawe prahnuli,
satanginira wong tiga, uman molu wong sawiji. Wus telas batanganipun priyantun titiga
sami, mangkya sumongga ing karsa kang darbe cangkriman yekti, mitra n ba Wong
samanggala, sokur yen rujuk ing kapti.

Manawi pakarsanipun tuwan redhaktur, kula angaturi panjurung kabar kados ing
ngandhap punika.
Nalika ing dinten Rebo kaliwon tanggal kaping 13, wulan Rabingulakir ing taun wawu
punika raden Ngabei Kartadirja, abdi dalem panewu miji, kaleres wayahipun kangjeng
Raden Adipati Danureja, ing wanci jam 1 siyang atilar donya mantuk dhateng jaman
kalanggengan jalaran gerahpadharanipun salajengipun kapetak wonten ing pasareyan
Mulangi , menggah renggan paurmataning margi anglangkungi semuwa, utawi pra
priyantun kathah ingkang sami urmat andherekaken titindhihipun raden tumenggung
Patih Gondakusuma. Katandhan Pujonggga Ngayugyakarta. Ahli Panglaras.

Panjurung wangsalan
Roning gebang, bangsal agung kapatiyan,, dipun wijang, muji raharjaning praja
Canggah palwa, palwa mudhik lirupapan,, aja wangwang, mring lajone prasarjana
Balemakam, kambing bangkang sabawana,, dene cukup mamerdi mring kadawarga
Singatirta, tirta peresan kalapa,, yen kabaya, sinten wajib nulungana
Wastratepung, tepunge kali bengawan,, durung masa, murih sampurnaning badan,
Gayuh kadung, kadunge wong anyanjata,, tuna dungkap, yen cupet pengarahira
Cengkal benang, benang warna panyulaman,, tanpa wekas, kapriye dadine benjang
Marutarda, ardaning singamemongsa,, plaur kepon, larase tan nedya ginggang,
Warujene, jene winoran tembaga,, suntem maha, ngidhep kang ngasta pangyasa
Roning tiris, tirisan meksih taruna,, tarakana,mokala munden sing kanga
Sarem pasir, pasiran tepi bengawan,, perlokena,nalisik tindak kang mokal
Pinggan patra, patragumlaring bantala,, barang piker, yen ewuh dipun saronta
Tanjung wilis, wilisan astha tetiga,, yen kasusu, ora welas badanira
Babat wayang, wayang kang pindha pusaka,, nglakonana, pituduhe guronira
Mulwarengka, kadang katut babonira,, kaya ngapa, wong den pilih kayanira
Wregsajiwa, jiwa angles tinggal raga,, ing ngaurip ing tembe wekasan lena.
Mangsitoya, toya wijil saking ongga,, sak wantahe, engeta lamun kawula.
Widhenggaleng, lengkawa mijil ang wetan,, srukayungyun,. Kekuwunge prasarjana
Lurah kecu, cuken alit mindha lapak,, ywa nyegoli, marang budi ngarah apa
Pentil kweni, kwenigungkang semu jenar,, yen kasliyo,bekekelan salaminya
Sulur pantun, pantunkang misih dhompolan,, boten ginggang, ing mitra malah kulina.
Titi. Katandhan Trusdhasastra.

Punika candhakipun cariyos pangadilanipun tiyang kecalan pendheman kancana,


anggugat dhateng parentah jaman parabu Basukeswara ing Wiratha.
Umbul Palswa matur, mila kawula pendhem wonten ing wana, sarehning kawula tiyang
alit boten patos darbe rencang, kuwatosing manahmanawi kancana punika kapendhet ing
durjana, dene sumerep kawula manawi ical,nuju ing masanipun kawula anuweni,
tetengran arca wau boten wonten, salebeting luwangin kawula tingal I dhungkar
dhungkar eceh sampunboten katingal, telas aturipun Umbul Palswa, lajeng dhinawuan
boten kalilan mantuk, kinen anyarantosaken wontening kapatiyan kemawon, Umbul
Palswa matur sandika. Ing ngantawis dinten patih wasita dhadhawah dhateng punggawa
kajineman, wasta arya Mudhadarma, kinen anyepengi ttiyang sakiwatengening dhusun
ing Sabangkat, Aryamudha Darma matur sandika lajeng bidhal, mawi kinanthenan
mantra kakalih sapanekaripun. Sareng dumugi ing wana ARya Mudhadarma
apirembagan kaliyan kancanipun, yen suwawi sami anglagas raga ailar wadya panekar,
sanadyan amatrapena wisesa yen sampun angsal titi pariksa, menggah ing babasan,
sapintena sagedipun kang angutus sayekti taksih saged kang dinuta mantra kakalih sami
anayogyani anut kemawon, ing ngriku lajeng sami anglugas raga mangkat atilar wadya
panekar, kaprenahaken ing panggenan kang prayogi. Sareng dumugi satengahing
Wanantara, sami amiyarsa swaraning tiyang anjeleh, rinuruh sampun kapanggih,lajeng
sami taken tinaken, arya mudhadarma angaken kautus ing bandaranipun kinen angambil
kajeng, tiyang ingkang anjeleh wau angaken saweg andhudhuk selog, arya mudhadarma
tataken menggah kang anama Selog punika, winangsulan yen uwi wana, arya
Mudhadarma tataken malih, raosipun punapa eca, ingkang tinakenansanjang yen eca,
witning manawi kaolah lunjar awi kalapa, sangsaya eca raosipun angungkuli gethuk
katela, lah suwawi manawi badhe sumerep raosing lunjar, sami kula aturi mampir
dhateng pagriyan kula, angraosena lunjar ingkang langkung eca, Arya Mudhadarma
tataken malih, menggah ing wiesma miwah sinten namanipun. Wangsulanipun ingkang
tinakenan kula wasta pun Sukarta, wisma kula dhusun ing Ngamarta, saking ngriki celak
kemawon inggih dhusun ingkang katingal punika, Kang nganamur gentos anauri, inggih
gampil yen sampun rampung damel kula ngambil wreksa, kados boten wnde kampir
dhaten gdhdhusun ing Ngamarta, wangsul andika wau teka mawi anjeleh, punapa boten
angsal angupados Selog, wangsulanipun inggih angsal malah kapra kathah, dene kang
dados panjeleh kula wau, bubukanipun kalawingi kula andhudhuk selog, kula esuk ing
sapurugipun temah katanggor pepeg dhemen encoh wonten ing ngriki, sareng kula bikak
tutupipun isi emas, sanginggiling enceh mawi katengeran arca, saking jrih kula manawi
kawenangan dhaeng kang ngadarte, saestu kula kawastanan tiyang awon, anjawi makateh
saking pamanah kula mindhak angewe-ewedi ing pamendhet kula selog, mila kala wingi
kula elih dhateng pinggir lepen, dalaharcanipun pisan taksih kula sandhingakening
ngenceh minongka tetenger, sareng kala wau kula langkung ing ngriku, enceh
saarcanipun kula tingali kaliyan langkung sampun boten wonten, dados kula lajeng
anjeleh, sumelanging manah bokmanawi kawastanan kula kang ngamendhet. Arya
Mudhadarma anggarjita ingmanah, cipta angsal titika satunggal, lajeng adamel Saloka
dhateng pun sukarta, e kisanak, wruhana andika boten dados panarka manawi boten kasat
mata, pun sukarta eca manahipun. Arya Mudhadarma tataken malih , menggah lepen wau
punapa tebih saking ngriki, sadangune kula kapanggih kaliyan andika tekak karaos
sumuk badhe adus. Pun Sukarta anauri, celak kemawon kidul punika sineh, among
kalingan garumbul sakedhik saking ngriki, dhasar inggih sakeca kadamel siram, papan
gasik toya wening, Arya Mudhadarma pamit lajeng mangkat, rowangipun sampun kinen
anyerati ing rontal punapa ing sasolahipun wau, boten antawis dangu Arya Mudhadarma
dumugi ing lepen, aningali wonten tiyang gogogogo inglepen,lajeng pinarepekan sarta
atataken kang ginogohan. Wangsulanipun ingkang tinakenan e kisanak kula wau mentas
amasang wiya ulam sareng angraos asrep badhe anginang, kantun kantun gambir kula
rentah dhaten gtoya, mila kula gogohi manawi kapanggih, kula badhe mantuk mendhet
gambirt sampun katanggelan dumugi ing ngriki. Cariyos punika taksih wonten
candhakipun.

Lelang Ageng
Ing griyanipun tuwan Lingkring ing Surakarta
Benjing ing dinten Jumungah tanggal kaping 5 Juli ing ngajen gpunika, ingkang kasade
barang warni-warni, pirantos griya, kapal, tuwin lembu, utawi sanesipun barang.

Tuwan E.A.Pogel tukang gambar ing samangke sampun dhateng ing Ngayogyakarta,
anyambutdamel wonten ing griyanipun tuwan Dhidhukman ing kampong Bintaran
gambar pandamelipun tuwan Pogel wau sakalangkung endah, wah mirah reginipun.

Para priyantun ingkang sami tumbas barang ing tokonipun tuwan Dheliyon nalika
kaepeng tuwan Lobatong, ing salebetipun taun 1871, ingkang sampun kapengker, ing
samangke kaaturan bayar sambutanipun ing dalem wolung dinten, dene manawi
botenkalampahan potang punika badhe katawekaken ing serat pakabaran mawi
anyebutaken namaning para priyantun wau
Katandhan tuwan Dheliyon enko

Kula tuwan Weting, ing Surakarta, angaturi uninga, manawikula mentas anampeni
usar sarta pirantos ingkang pancen kangge ngecet pigura utawi kareta, punapa malih
pulas warni-warni pulitur pernis kareta tuwin sanesipun. Katandhan tuwan Weting.

Toya Cacap rema, tumunten saged dhukul punapa malih angicalaken lingsa, 1 gebyas
regi 2 rupiyah, kenceng, kengin gpikantuk sakin gtuwan Jonasportir enko

Serat amongtani, anyariyosaken pratikelipun ananem pantun, jagung, kalapa, aren, waluh
sapanunggilanipun ing tanah jawi, regi 75 sen prangko pos
Jonasportir enko
Tuwan Jonas Portir enko ing samangke sampun nampani lisah wangi warni-warni,
sabun salangkung wangi, lapender, wedhak walandi, arum sanget tuwin sanesipun
malih, kakathahen manawi kasebutna sadaya.

Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun
1872 sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
Kanjeng Raden Adipati Ariya Natadiningrat ing Malang Pasuruwan
Raden Mas Tumenggung Cakranagara ing Blora Rembang
Raden Mas Tumenggung Mertadireja ing PUrwakarta, Banyumas
Raden Tumenggung Mangun kusuma, ing Klathen Surakarta
Raden Tumenggung Wreksanagara
RAden Mas Riyadiningrat
Raden Jayaprawira, ing Prabalingga
Mas Kertayuda, Panewu ing Kedhung Bantheng Surakarta
Raden Ranareja, wadana ing Pathi, Japara
Raden Rongga sontaatmaja.
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

Kauningana para riyantun manawi serat pratelan bab angkatipun kareta latu ingkang
rumiyin punika wonten ingkang lepat kadosta kareta latu ongka IIII angkatipun saking
Salam kasebut wanci jam 11 langkung 81 menit punika leresipun wanci jam 11 langkung
18 menit punika ugi lepat leresipun wanci jam 3 langkung 54 menit wondening serat
pratelan angkatipun kareta latu wau ingkang sareng Bramartani ongka 26 punika boten
wonten lepatipun.
REdhaktur tuwan F.L.Winter.

Punika cariyos Babad Mataram


Pan sampun sampeyan bongka, mring raka paduka gusti, sinten mal agitika, kang raka
ngandika ris, wus pinasthi hyang widi, yayi iya lebur ing sun, dening wdya Mataram,
ingsun ing kang amekasi, awibawa aneng nagari Santenan. Putraningra raden Rongga,
apan ora anggenteni, pan uripe pirabara,kang garwa sangsaya anjrit, sasambate mlas asih,
wong dalem sangsaya umyung, samya mila karuna,yata kawarnaha enjingl, sang dipati
tan gingsir samayanira. Sira dipati bragola, arus ku jamas abersih,nulya sampun
agegonda, jeng badan kang wangi wangi, sampun barang sumandhingl, angrasuk busana
sampun nyamping semboja sekar, paningset caweni putih, arasukan cemeng rinenda
kancana. Pamekak cindhe puspita, akris sarungan tinulis, sasawatan dhasar pethak,
alandheya nangak semi,dhuwunge parungsari, apanjiga tangguhipun, dhuwung rangkep
titiga, kang satunggil tangguh tubin, dhapuripun carita kekelenthengan. Kang satunggil
dhuwungira,kikeleng ingkang anggitik, nenggih dhapure sampana, pan sampun sami
rinakit, lancingan cindhe wilis, rinenda matep puniku, pamekak gagebyogan pan tinurut
ing kikitir, warnanira renyep kadi lintang. Aja mangmas kinatipa, tebah jaja anting-
anting,kelat bau agegelang, babadhong sampun rinakit, lancingan rangkep kuning,
asingsim pating palancur, citrane sang dipatya, li ringgit karma prang tandhing, kala
mengsah arjuna ngamuk ngalaga. Prajurite wus agelar, angan kiwijiling gusti, gagaman
pan wus malatar, dinulu lir gunungsari,gagaman warni warni. Waos bening weneh
wungu, ana kang tumper ringas, weneh bung ampel lan cinggring, ing saweneh binange
kinapuronta. Warnanen sang adipatya, saksana sigra umijil, ing ngiring kang para garwa,
kalangkung samya prihatin, sadaya tawan tangis, pans ampun kinen awangsul,. Kori
ingparegolan, kang garwa samya anangis, kadi yayah wong tresna den ungkurena.
Sang dipatya nuli medal, sangking kitha obah wadya ing pathi, gagaman dalem wus
metu, asri tengaranira, umbul-umbul paparywan wau kumelun, kang tunggul lelayu
amyang, tinon lir prawatasari. Lelurah nya pan kapedhak, wastanira nenggih pun
Cakrapati, Cakrayuda sisihipun,kalawan Prayaita, anglurahi sarageni tengenipun, kang
kiwa ki Prayanongga, kaliye sami prajurit.Lurah Kanoman kang nama, Onggayuda
kalaan Yudakarti, Patrawisa lurah Tulup, lawanpun Wisamarta, wong
anyutraOnggandara lurahipun, alawan Jayaleksana, kaliye sami winani. Wong
Angranginlurahira, jayengsari kalawan Jayengresmi, wong magersari akepung, kabeh
samya prayitna, sang dipatya aken anembanga sampun, ambubarena gagaman, sadaya
sami umiring. Gagaman bubar sadaya, tiningalan langkugn dening pan asri, prajurit
panganggenipun kang kulambi sangkelat sora sari sawneh ana baludru, rendane turut
dondoman, kang bajo sangkelat abrit. Kang bajo binapang-bapang, dhasaripun sangkelat
banging ngacih, ana kang sangkelat wungu, ana kulambi meja, galar gkonus kulenthang
lan alam kantun, ingkang bekta gegamanya, kulabi angkelat mayit. Prasami tengggom
sangkelat, tiningalan kadya wukir kabesmi, gagaman bubar sadarum,. Sigra sang
adipaty,nitih kuda layar waring wastanipun, ulesipun dhawuk pethak,binusanan muru
asri. Ingkang kinen tengapura, mantra papat sami prawireng jurit, dipati sgra lumaku,
deniiring sawadyanya, tuhu bagus samekta busananipun, magersarine akapang, sadaya
angati-ati. Wus prapta jawining kitha, wus atata sakathahing pramantri, akarya tatarub
agung, piranti ing kasukan, ondrawina para bupati anayub,mulane para prawira, sanggupe
tan kena gingsir. Enengena ing santenan, kawarnaha sribupati Matawis, siniwi
wadyagung-agung, ana ing pasangrrrahan , sampunkatur yen wong Pathi sampun metu,
srinarendra angandika, mring sakehe para mantra. Payo atata tatha, ingkang aneng
pangawastanan kering si tumenggung Singaranu, iku anindhihana, sakathahe paniku
tengeraning sun, lan sakehe prasantana, nindhihi wdya matawis. Dene ingsun aneng
wuntat, ingkang kari ingsun ingkang nindhihi, sakehe kapedhak ingsun, lan sakehe
Santana, iku aja adoh lawan jeneng ingsun, kang padha dipun prayitna, wong ing Pathi
becik-becik. Kalawan si Endfanata, nindhiana sakehe wong pasisir, aneng kiwa
prenahipun, sampun kang dhinawuhan, pradipati nindhi gagamanipun, pan sami sawang-
sinawang, wong pathi lan wong Matawis. Sakeh kang para Santana, mung puniku kraket
lan sribupati, rada lindhuk prenahipun,kalingan pager jarak, enengena sang nata datan
winuwus, warnanen sira dipatya, ingPathi amepak baris. Pinarak aneng tartag, sakathahe
para prajurit Pathi asora dipati muwus, marang ki Kandhuruwan, ngendi prenahe kang
mas gagamanipun, pan iku kang ingsun sedya waspadakna ingkang pesthi. Panedhaning
sun ing Allah, aja liya anangani ing mami, lamun duduka kang prabu, pan ingsun nora
suka, lamun mati aja liya ngarsaning sun, kakaang emas ing mataram, arsa gun tandhing
kuwanin. Sawunggaling matur nembah, pan kawula sampunkinon anelik, kang kiwa
gagaman agung, enggene raka tuwan,mung kang tengeni nindhih iga gaman agung,
tengeran gula kalapa, punika srinarapati. Sukadipati Bragola, yen mangkono payo tengara
aglis, lahpayo bareng anempuh, aja na kang ngucira, sedyaning sun wong Pathi bareng
ngalebur, sigra bala atengara, gagaman sampun cumawis. Bupatine andrawina,pan sadaya
sampundipun endemic, yata sadaya wus wuru.sanggupipun baledag,pan ajangji sadaya
bareng ngalebur, sawiji tan ana ginggang, wus prasetya bareng mati.
Ongka 27 Kemis kaping 4 Juli 1872
Cariyos tuwin pawartos warni-warni
Surakarta
Ing dinten Senen tanggal kaping 1 wulan punika wanci sonten wonten sawijining tuwan
kakesahan numpak kareta, dhateng ing kabalen amertamu ing griyaning iperipun, sareng badhe
mantuk rencangipun kenek utawi kusir sami matur manawi kaecalan slimut kareta,
sanadyananggenipunangandhegaken kareta, celak sanget ngajingipun griya patrol sara kenek
kusir wau boten katileman, ing griya patrol wau katengga tiyang kalih, menggah icalipun slimut
kareta wau, ing waktu kenek kusir andadosi pakeyanipun rakitan ing sanalika para tiyang patrol
sami kadangu, ananging aturipun boten wonten ingkang sumerep kangmongka ing wekdal wau
boten wonten tiyang lumpah ing radinan punika andadosaken eram sanget.

Awit ingkang wartos serat pakabaran Walandi, kanjeng tuwan mister Pelesreken ingkang wau
tilas jumeneng Lidingrad Indiya Nederlan, ing sapunika taksih wonten nagari Walandi, ing
saantawis badhe jumeneng Lidingrading Indiya malih. Awit saking karsanipun ki Jeng
Gupremen pangagegipun pangadilan Landrad ing Demak ing Kraksakan punika badhe
kabebahaken priyantun ingkang kakulawisuda anggarap prakawis Landrad, dene Landrad ing
Pasuruwan ing Malang, ing Prabalingga, tuwin ing Lumajeng, katamtokaken kados ing ngandhap
punika, kadosta: Ing Pasuruwan tuwin Malang, ngagengipun dumunung wonten ing kitha
Pasuruwan. Ing Prabalingga tuwin LUmajang, pangagengipun dumunung wonten ing
Prabalingga.

Bab Sarat ama pantun, warni Walang Sangit.


Ingkang sampun kacariyos ing serat Bramartani ing kala rumiyin sarat tutulakin gama pantun
punika sarana lisah tir, ing samangke wonten kayektosanipun kados denie ingkang kasebut ing
serat pakabaran Walandi,tangsul ijo (watawis tangsul dhug) punika kacelupna lisah tir, lajeng
kapandheng ing tiyang kalih wonten pasabinan lajeng katarik sageda angepok witing pantun
ingkang kenging (ng)ama walang sangit wau utawi lisah tir punika kaesokna ing toya kang anjog
ing pasabinan.

Awit saking pakabaranipun para tiyang jawi ingkang numpak kareta latu dhateng ing
Ngayogyakarta, sadhatenging setasiyun ing ngriku, ami dipun gledhah dening tiyang estri
ingkang dados rencangipun pak apyun katiti pariksa bebekanipun ingkang punika manawi yektos
makaten sakalangkung boten prayogi badhe andadosaken kalingsemanipun ing kathah.

Panjurung,
Surakarta
Nalika dinten Akad tanggal kaping 23 ugi wulan punika, ing kampong Gondawardayan lami,
wonten tiyang anama mas Karyaprabawa, dados abdi dalem prikona ajidan ing Gedhong Piring
ing wanci sonten ajidan wau paben kalih ingkang estri, sarehning sami butengipun dangu-dangu
uleng gelut dados karanjingan kalih pisan ingkang estri angremet pandhunganipun ingkang jaler,
sareng karaos sakit lajeng ingkang jaler males anyakot kupingipun ingkang estri, kalampahan
pedhot sapalih, uwal pangremedipun males anyakot lengenipun ingkang jaler ngantos kowal katut
dagingipun saknyari, dados jajar estri sami katingal gupak erah, tumunten dipun pisah ing
tangganipun ingkang jaler kasingkinraken dhateng sawetan griya, anaming tiyang estri wau
sampun supe sarta mirpatipun merem kima….

Punika cariyos Babad Mataram


Kandhuruwan awotsekar, yen suwawi kula ngamuk rumiyin, yen kawula sampun lebur, punika
kakajeg kula, sawunggaling kekejhek denya umatur, sampeyan amongresmiya, sun amuke wong
Matawis. Sang dipati angandika, sun tarima marmanira mring mami, anging tapa nedhaning sun,
barenga pejah gesang, bareng lebur wong Pathi aja na mundur, pan aja kongsi salaya,barenga
mati lan dasih. La uwis pan tengaraha, payo padha ngantep prang wong Matawis, sigra atengara
umyung, bedhilnya kadigerah, ingkang wadya suraknya umyung gumuruh, prajurite sami
mangkat, anitih kuda ngajrihi. Kandhuruwan aneng ngartsa, tan atebih lawan ki Sawunggaling,
wong mataram yitwa sampun, suraknya kadi gerah, wadya pathi saksana bareng anempuh, surak
lor kidul sauran, kadi karengeng ing nglangit. Pangamuke wong Santenan, kang pangawati wa
bareng den byaki, wong pasisir kang den tempuh, titindhihe kang kiwa, endranata puniku aran
tumenggung, sawunggaling anerajang, ambek lawung ajrihi. Sawunggalin gasusumbar, wong
Matarm lah kembulana mami, boksira tan ana weruh, iya ingsun ki arya, sawunggalnging Pathi
prajurit luhung, wong Mataram kembulana, aja na munduring jurit.
Kandhuruwan mara sarwi asusumbar, aja na ngapirani, pring sadhapur ika, enthonk sapatarangan,
ajana cidra ing jangji, barenga pejah, away na kang gumingsir, Sareng ngamuk prajuritnya wong
Santenan, tandange gigilani
Ongka 28 Kemis 11 Juli 1872
Tuwan Y.Dh. Albiniyus ing Getas tuwin Mas Bratasastra ing Surakarta
Sarehning sampun rambah-rambah kula akintun serat dhumateng sampeyan ing wasana
ngantos sapriki dereng tanpi wangsulan, mila ing sapunika sampeyan kula aturi asuka
katrangan bab pambayaring sambutan sampeyan utawi patumbasipun serat Brmartani
taun punika.
JOnasportir enko.

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Raden Demang Atmadibrat, ingkang wau dados wadana ing Gegesik lor, ing sapunika
katetepaken dados wadana dhistrik ing Losari.
Mas Demang Sastraakerjan wdana ing Mandirancan kaelih dados wadana ing Gegesik
Lor
Mas Demang KUladibrata, wadana ing Kitha Cirebon kaelih dados wadana ing
Madirancan
Raden Mas Ariya Kusumanagara, mantra Tebu ing Sigobang, Losari, akla wisudha dados
wadana ing kitha Cirebon.
Rden Kartawinat, kakulawisudha dados Juru basa ing Tembung Sunda.

Cariyos tuwin pawrtos warni-warni


Surakarta
Awit ingkang kasebut ing serat kakancinganipun Kanjeng Gupremen Kanjeng Pangeran
Arya Gondaseputra, mayor ingantri ing Leiyun mangkunagaran awit saking
panyuwunipun piyambak ing mangke sampun kendel anggenipun anglampahi
pandamelan, anaming samanten punika taksih kalilan angagem pangagemanipun mayor.

Ing ngandhap punika pratelaning ongka ingkang sami pikantuk kauntungan lotre arta ing
Cirebon.
Ongka 727 tuwin ongka 4269 ingkang medal rumiyin utawi wekasan sami angsal
ganjaran premi.
Ongka 2585 angsal kauntungan 10.000 rupiyah
Ongka 1995 angsal kauntungan 3000 rupiyah
Ongka 3448 angsal kauntungan 2000 rupiyah
Ongka 326, 2561, 110, 1090 tuwin ongka 1064 sami pikantuk kauntungan satunggaling
ongka 100 rupiyah
Ongka 997, 2175, 2720, 1794, tuwinongka 2607 sami angsal kauntungan
satunggalingongka 500 rupiyah
Ongka 397, 582, 1998, 2627, 1434, 724, 621, 657, 2926, tuwin ongka 2407, sami angsal
kauntungan satunggaling ongka 200 rupiyah
Ongka 1099, 1540, 950, 2176, 2667, 1197, 967, 2768, 1509,826, 2804, 1866, 1769, 1191,
1377, 1234, 488, 980, 2196, 1880, 1607, 944, 798, 780, 1943, 1993, 3158, 3403, 3177,
473, 3216, 9, 1823, 2838, tuwin ongka 67 sami angsal kauntungan satunggaling ongka 25
rupiyah.
Ingkang kacariyos ing serat kabaran Malyu winastanSlompret Malayu, tiyang Cina
miskin anama Gan Yam Bi, agagriya ing kampong Pedhamaran, Samarang, punika
ingkang angsal kauntungan, nomer 1 kathahipun 10.000 rupiyah.

Binusanan sagunging pakurmatan akathah-kathah, katur ingkang saudara tuwan


F.L.Winter, redhaktur ing Bramartani, ingkang menawi kepareng ing penggalih
maringing paman, kula ngaturi panjurung wonten ing pasamuwan Bramartani.
Sanadyan samu sawulan kados boten wonten kasebipun, tiyang nama masd Sawijaya ing
dhusun Jurangjo dhistrik Cangkrep sampun angaturaken ing parentah manawi semahipun
kesah boten kantenan purugipun tanpa prakawis, sarta bekta anakipun2 ini, kang 1 jaler
nama Tugiya umur 8 wulan, 1 estri nama matiyem, umur 18 wulan utawi ambekta
rencang estri rondha nama Bk Nurya, ugi bekta anakipun 1 jaler nama Lasa umur 4 taun,
1 nama kasiyah umur 1 taun, tyang estri kalih punika, ngantos sapriki dereng sami
kantuk, dipun padosi ingkangjaler dhateng sanesipun afdeling eksa boten pinanggih, mila
pun Resawijaya kalapahan matur ing parentah. Sangking prakawis punika mila kula
aturaken wonten ing Bramartanil, bok bilih ingkang ngasra paprentahan wonten ignakng
kagungan kawlsan tetulung dhateng kasusahanipun REsawijaya wau saged mantuk
ingkang estri klayan wilujeng boten kirang satunggal punapa, ibata bingahipun.
Sinerat ing Lebet kitha kaping 3 Juli 1872
Katandhan kula pun Brontapawarta.

Menawi saudara tuwan redhaktur anyondhongi, sarta wonten selaning papan, serat kula
punika, nyuwun kapacaka ing Bramartani, ingkang meda,kemis caket punika.
Sarehning saweg saisan punika, kula nyumerepi radi angggumunaken, mitra kula mas
Wiryasentana, gadhah lembu jaler satunggal wulu radi jragem, ingkang dados gumuning
manah kula pnika, dene lembu wau buntutipun kakalih, traping buntut satunggal wonten
ing ngingggil satunggal ing ngandhap caket, sarta janggeling buntut ing ngandhap ,awo
bubat kados dening buntut ing kapal, dene janggel buntut ing nginggil limrah kados
dening lembu kathah, anaming mawi bbat sapucuking buntut sakedhik, lembu punika
ngantos sapriki teksih wilujeng.Sinerat ing kampong Tipar, 6 Juili 1872 Katandhan
Mudhapunggung

Panjurung wangsulan
Sakalangkung andadosaken suka bingahing manah awit saking sih katresnanipun mitra
kula ingkang sisilih nama,angara kanthil dene sampun karsa amaringi barkah ingkanhg
dados kodhenging manah kula bab gongsa salendro, ingkang punika salangkung
langkung ing panuwun kula, sawatawis dinten kula inggih taksih mangajeng-ajeng
menggah katranganipun gong magurugongsa, manawi panjenengan sampeyan sampun
pakantuk seserepan mugi tumunten kapacakna ing Bramartani malih, utawi panjenengan
sampeyan mugi sampun sumelang saha manggalih ingkang boten boten dhateng aturt
kula wau saestu kajat kula anjawi murih indhaking pawong mitra sarta indhaking
seserepan kaliyan supados adamel regenging serat Bramartani, anambahana reseping
hgalh igkang sami karsa amaos kabar Bramartani wau, sokur manawi mitra kula:
KRidhamardawa,tuwin mitra kula Open karsa mangayubagya aparing urun rembag
dhateng panyuwun kula punika, estu sakalangkung andadosaken suka pirenaning manah
kula ingkang terus ing batos.
Juli kaping 8 taun 1872 Katandhan Mintajarwa

Sasampuning katur tabe kula akathah-kathah, ingkang manawi kepareng ing karsanipun
saudara tuwan redhaktur, panjurung kula punika sumongga kapaaka wonten ing
Bramartani.
Kula sampun amaos serat Bramartani ignang medal kemis kaping 23 Mei 1872 ongka 21
ing ngriku wonten panjurungipun mitra kula nama Sangubongta, Tembelang, ing suraos
mundhut leleresan dhateng para mitranipun prakawis uduripun kaliyan bagus
Muhammad Tapsir ing dhusun Tambaksari, Sukaraja, ingkang kadamel purwaning
bebantahan, dununging makruh, sangking criyosipun bagus Muhammat Tapsir dununging
Makruh gegolongan dhateng Iram, malah makruh punika kawijangaken dhateng aram
alit sareng mitra kula sangubrongta, bab makruh punika kawokaken tatedhan anjawi
sanesipun ingkang kadamel upami naming 4 prakawis, 1 ulam usus, 2, tawon, 3 trasi, 4
Brambang sangking prakawispunika kula sumalonong leres lepat kedah anggadhahi atur,
anamung sampun pisan andadosaken penggalihipun mitrakula, sangking pamanggih kula
semanten wau sepi saking pathokan 1 ulam usus punika boten karam boten makruh,
krana bilih kapersudi saged ical ing kotor miwah ambetipun 2 tawon kados dipun westani
Aram bok bilih kagolongaken bangsanipun set 3 trasi, mila estu makruh, awit ingkang
kadamel ulam kamomoran kotor, 4 Brambang ugi makruh leres sawab kapersudiya boten
saget ical ambetipun, kados ta bawang, pete, jengkol, punika saminipun, ondene
pemanggihipun bagus Muhammad Tapsir, dununging makruh punika kagegolongan
dhateng Aram alit inggih sumongga, yen ta kula nglepatna ajrih, ngleresaken dereng
kantenan, sawab pathokanipun kitab ingkang dipun wastani kitab Pogpogan pun kula
inggih sawek miring sak punika wonten nama kitab Pogpogan, aram ageng alit,
terkadhang ingkang sampun dados naib dhistrik dereng nate kapethuk ingkang nama
kitab Pog-pogan punika, mila eman kitabipun, manawi bagus Muhammat Tapsir yen
boten kadadosna jonjang krawat ing mesigit, ing wekasan rehning kula tiyang lanit ing
pemanggih, mastani inggih leres kalihipun, sawab kula upamekaken tiyang nandhing
sawung, manawi nunggil ing pemanggih punapa estu katarungaken, ewadene wonten
para mitra sanesipun ingkang manawi saget ngleresaken salah satunggal inggih sokur
bage sewu lo, atur kula sadaya wau sabaresipun, mila aming samanten atur kula. Titi ing
Karangka agengan kaping 26 Juni 1872
Katandhan Kula pun Brotasunu.

Bramartani ongka 25 miytra kula kakalih Wityaradya akaliyan Ka: wa, ing ngayujakarta,
ambatang panjurung kula cangkriman, 1 ingkang mawi sekar sinom, kawrat ing
Bramartani ongkag 22 mitra kula wityaradya ambatang rinengga ing sekar kinanthi,
suraosipun tiyang dhdhis lingsa, punika saestu sampun condhong sanget kaliyan
pamanggih kula piyambak, sarta sampun kula tedahaken dhumateng dijaning pawiyatan
ingkang ayasa cangkrtiman wau, ugi sampun kaleresan. 2.Ingkang boten mawi sekar,
kapacak ing Bramartani ongkaa 23 bab kaping 2, tunggak kayu ingkang kadamel golek
wujude estri, mitra kula ka: wa, ambatang wawaton saking serat anglingdarma, sarta
amratelakaken satunggil-tunggilipun ingkang minongka bapa, babu, kadang, hyang
suksma, miwah lakenipun, punika inggih sampun condhong kaliyan pamanggih kula,
saljengipun batangan sampeyan sampun kula tedahaken dhateng pamitran kula ingkang
gadhah cangkriman kados ing ngajeng wau. Ingkang punika boten liya muhung kula
ngaturi panarimaha kathah-kathah dhumateng mitra kula sakaliyan, dene sampun
anglejaraken manah kula ingkang cunthel, babasan budi minongka rowang, pramila
pambudi kula sarehning manah peteng, dumadops cangkriman punika kula aturaken ing
para sarjananing bramartani, kayaktosan wonten ingkang madhangaken, punapa malih
mitra kula wityaradya anyebutaken supados dados jalaran rumaketing pawong mitra,
lantaran serat Bramartani, o ibata bingahipun ing manah kula, dene sampeyan karsa
nganggep dhateng tiyang bodho, mugi kalampahana salajengipun sami sasrawungan
sabda wonten ing Bamartani, makaten ugi mirta kula, ka:wa saestu sampun tetela yen
karsa nganggep mitra dhateng kula, pramila saupami pambatangipun nalisira saking
pamangguih kula, inggih bvoten dados punapaha, boten pisan badhe andadosaken
aruning driya. Ing wasana cangkriman kula kantun ingkang bab 1 ratu ngungelaken
gongsa munggang wanci luhur, panunggilanipun tunggak kayu ing nginggil wau,mugi
mitra kula kakalih karsa anyerapaken, supados padhang babar pisan ing manah kula.
Sinerat kaping 27 Juni 1872 Katandhan mitra paduka, wartatama.

Pabatang cangkriman
Bramartani, ongka 24 ingkang medal kemis kaping 23 juni taun 72 wonten
panjurungipun mitra kula, ingkang nama Wongsamanggala, suraos paring cangkriman
dhuku, sakbakor, kaparingaken dhateng, tiyang 3 ingkang 2 pinuju tilem dhuku sak bakor
wau lajeng kapara 3, ingkang sak duman kapenthet ingkang 2 duman kawangsulaken
dhateng wadhah malih, lajeng tilem tumunten ingkang no, 2 tangi, lajeng mendhet dhuku
, ugi kapara tiga, boyten gencel, punika yen andadosaken dhangan ing panggalih,
kathahipun dhuku, naming 81 dados satunggal tiyang mendhet kaping 2,35=26=20+81,
ing wusana batang kula wau, leres lepat kula nyuwun pangaksama, para sajana
bramartani. Kasrat ing kabupaten Bumija, kaping 19 Rabingulakir Wawu, sinengkalan,
putra Maltik Esthining Ngaji. Katandhan Raden Mas Purwatmaja.

Pebatang Cangkriman
Bramartani ongka 24 tanggal 14 Juni wonten panjurung cangkriman dhuku, wedharing
cangkriman wau menawi kapareng rujuk, kados ing ngandhap punika pratelanipun.
Cacahing dhuku sadaya 15 iji kabage tiga135:3= 45 satunggilipun kapanduman 15 iji,
sarehning abdi saos saksampunipun mendhet sapretigan lajeng tilem dados ingkang kalih
bageyan kantun 135-45= 90 iji dhuku, ingkang tilem rumiyin tangi, saha lajeng mendhet
sapretiganipun ingkang taksih wonten bokor dados 90:3=60 iji dhuku, sanglebeting bokor
kantun mung 90-30=60 iji dhuku, sareng dumugi bangun injing tyang tetiga wau sareng
anggenipun tangi, dhuku kantunipun ingkang wonten bakor 60 iji wau ugi lajeng kabage
kapara tiga malih, dados satunggilipun pikantuk 690:3=20 iji dhuku. Wusana ingkang
pikantuk panduman kathah pyambak abdi saosa ingkang dereng tilem, gungung
kapanduman 45+20= 65, iji, ingkang tangi rumiyin pikantuk 30+20= 50 iji, ingkang
tangi pungkasan kasarengan tiyang titiga kaanduman naming 20 iji, dados caahin gdhuku
cacah jiwa raga gunggung 65+50+20=135 iji. Ing wusana panuwun kula punika menawi
leres sakurange saleksa dene yen dereng patitis mugi sampun andadosaken rengating
panggalih. Kedhu kaping 24 Juni 1872. Katandhan Ra, Ba, Sa.
Sinaroja sagunging pakurmatan winantu tabe akathah-kathah, mugi katur ing
panjenenganipun ingkang saudara tuwan F.L.Winter saha ingkang murbani serat
Bramartani, manawi pareng sarta wonten selanipun papan mugi karsaha macaki atur
panjurung ulun kados ing ngandhap punika. Ingkang sarehning sampu lami sanget kula
sok amireng paribasan kados ta 1 kontul kaunekake dhadhang 2, kageblog ing ngawang-
awang, anyandhung raratan 3, sarah munggeng jaladri, punika saestu dahat anggen kula
kapengin sumerap menggah ing jarwanipun, sarta sakalangkung andadosaken kodhengin
gmanah, kranten kula piyambak kaetang tiyang balilu, ramila sanget anggen kula
anjajawah sonten angebun-ebun injing, menawi wonten para sarjana ingkang sami karsa
ambabaraken menggah jarwanipun paribasan ingkang tigang prakawis wau, sampun
tamtu kemawon andadosaken marwatnya sutyeng tyas ulun, boten liya naming angajeng-
ajeng sih palimarmaning para sarjana, menggah jarwanipun atur panjurung ulun. Ing
wasana cumadhong sagunging aksama dene cumenthak angaturi, serat panjurung, awit
saking cemapur, campur kula dhateng para sarjana, tur kathahing kakiranganipun katarik
ing manah punggung, kaduk purun kira dadugi.
Sinerat ing wisma sunya 29 Juni 1872
Katandhan abdi dalem kabupaten Purwakertaman sadi.

Arya Mudhadarma sakancanipun sami suka ing tyas, cipta sampun manggen
pamariksaning prakawis, sasampunipun sineratan saliring reh sadaya, lajeng aminta arsa
uninga kancana kang sinimpenan wonten sangandhaping ngamben patileman punika.
Wangsulanira Jaka Bodho, mangke ta: sampeyan punika sinten, dene teka anitiniti
pataken ing wekasan badhe uninga. Wangsulanipun Arya Mudhadarma dhuh wruhanira
thole ingun niki paman namu kang ngawisma ing nagara, awit duk maksih cilik enggon
ku pisah lawan ramanira si kakang palaswa, dene aran ku ki Mudha. Jaka Bodho suka
sukur manthuk-manthuk lajeng angirid, dumugi panggenaning anyimpen kancana
sampun katupiksa,. Boten antawis dangu arya Mudhadarma amit sang adi badhe anusul
Ki Palasma, kaaturan kendel agnantosi pasugata, winangsulan, wus dahat panarimaning
sunkulup, karana ingsun niki selak oneng ing ramanira, Jaka Bodho anyumanggaken
Arya Mudhadarma lajeng mangkat, dumugi panggenaning wadya ingkang sami angantos
wonten ing pakendelanipun kala anglugas raga, Arya Mudhadarma sakancanipun lajeng
sami siyaga angangge busana prayogi malih. Sasampunipun samapta bidhal mantuk
dhateng nagari, sareng dumugi ing ngriku sami rerem sowing-sowangan, enjingipun
sowan dhateng sang patih katur solahing dinuta sadaya, sarta angaturaken rostal
pemutaning lalampahanipun saking wiwitan dumugi ing wekasan, boten wonten ingkang
kalangkungan. Kala samanten Rakyana Patih wasita sareng anupiksa serat pemutan
sadaya, teka andadosaken suka pirenaning galhiun, lajeng utusan animbali titiyang
ingkang sami kasebut wonten ing pemutanipun Arya Mudhadarma, enjingipun malih
sampun sami prapta ing ngarsanira kyana patih, dinangu satunggal satunggal
bubukanipun ing nalika sami angelih kancana kang nginadhahan enceh katengeran arca,
titiyang wau sami matur piyambak, tetes kados aturanipun arya Mudhadarma. Cariyos
punika taksih wonten candhakipun …
Para priyantun bawah Mangkunagaran Surakarta, utawi paresidhenan sanesipun kang
sampun kula aturi serat bab sambutanipun ing samangke kula nyuwun serat wangsulan
utawi arta pambayaripun sambutan wau, supados sampun ngantos kalampahan
asmanipun para priyantunw wau kula pratelakaken ing Bramartani. F.H.Jaspres

Benjing ing dinten Kemnis Jumungah tuwin Saptu utawi tanggal kaping 11, 12, tuwin
tanggal kaping 13 wulan Juli punika, tuwan reguri, ingkang angerehaken kumidhi kehtek
tuwin segawon badhe wiwit main wonten ing loji komidhen SUrakarta, dene kumidhi
wau saestu angeramaken sarta dereng nate angambah ing tanah jawi, menggah
bayaranipun tiyang aningali kapratelakaken kados ing ngandhap punika:
1. tiyangjaler utawi estri bayar 3 rupiyah
2. 1 rare jaler utawi estri bayar 1 rupiyah 50 sen.
Katandhan tuwan Y.Gregori

Tuwan E.A.Pogel tukang gambar ing samangke sampun dhateng ing Ngayogyakarta,
anyambutdamel wonten ing griyanipun tuwan Dhidhukman ing kampong Bintaran
gambar pandamelipun tuwan Pogel wau sakalangkung endah, wah mirah reginipun.
Toya sabun ingkang anyirnakaken kukul sapanungilanipun, sarta adamel alusing pipi,
satunggal gebyas regi, 2 rupiyah, JOnasportir enko.

Kula tuwan H. Fanredhen ingkang sade inuman tuwin dhaharan wonten ing setasiyon ing
Surakarta, angaturi uninga, manawi para tuwan ingkang anguwasani kareta latu, sampun
anglilani dhateng para tiyang ingkang sami anumpak kaeta latu, akintun serat telegram
tanpa bayaran ingkang suraos ameling dhadhaharan dhateng kula, kadosta: Para tiyang
ingkang numpak kareta latu saking Samarang utawi saking Bringin dhateng Surakarta,
punika amitung kas dhateng lurah setasiyun ing Kedhung jati, dene para tiyang ingkang
numpak kareta latu saking Ngayogyakarta, dhateng Surakarta, punika amitung kas
dhatenglurah setasiyun ing ngayogyakarta.
Katandhan Tuwan H. Fanredhen.

Serat amongtani, anyariyosaken pratikelipun ananem pantun, jagung, kalapa, aren, waluh
sapanunggilanipun ing tanah jawi, regi 75 sen prangko pos
Jonasportir enko

Tuwan JOnasportir enko ing samangke sampun nampeni lisah wangi warni-warni,
sabun salangkung wangi, lapender, wedhak walandi, arum sanget tuwin sanesipun
malih, kakathahen manawi kasebutna sadaya.

Toya Cacap rema, tumunten saged thukul punapa malih angicalaken lingsa, utawi sindep
1 gebyas regi 2 rupiyah, kenceng, kenging pikantuk saking tuwan Jonasportir enko

Para priyantun ingkang sami tumbas barang ing tokonipun tuwan Dheliyon nalika
kaepeng tuwan Lobatong, ing salebetipun taun 1871, ingkang sampun kapengker, ing
samangke kaaturan bayar sambutanipun ing dalem wolung dinten, dene manawi
botenkalampahan potang punika badhe katawekaken ing serat pakabaran mawi
anyebutaken namaning para priyantun wau
Katandhan tuwan Dheliyon enko

Serat papethikan bab pratelanipun anumpak kareta latu, mawi amratelakaken sakathahing
paukuman ingkang tumrp dhateng sakathahing bongsa.
Para priyantun ageng alit utawi sanesipun kedah nyumerepi ungeling pranantan punika
supados sampun ngantos anerak wawaleran ingkang kasebut ing serat wau.
Jonasportir enko. ……

Punika Cariyos Babad Mataram


Ramening prang lir ombaking nempu parang, dening kang bedhil muni, gong
magurugongsa, teteg angler butula, myang surak gumurh atri, sira dipatya, pan sedya lebu
geni. Ki tumenggung Singaranu wus kesisan wadyanira wus enting, kabeh wus
lumayuwa, singaranu katunjang, dipatinya angawaki, pathi bragola, wus ngawaki ing
jurit. Pan Dipati Santenan pangamukira, siwutan oleh tandhing,w au srinarendra, kang
tansah ngresa ing nala, adangu datan kapanggih, siratitiya, dahat angigig-gigit. Wong
Mataram tan mongga mongga puliya, yata srinarapati, anembang tengara,nabuh kiyai
bicak, tinitir-titir tan muni, srinaranata, gya kepuh den sungkemi. Wus anekung maladi
sing madeng suksma, aneges ing karsaning, sang amurweng tingal, data lyan kang kacita,
naming kang akarya bumi, cipteng sang nata, wus angesthi sawiji. Sawungunya ki bIcak
sigra tinembang, angungkung munyengnglangit, pindha glap kasanga, sigra para Santana,
gya angingeraken baris, pan sareng mara, sarta kibicak anjrit. Adipati Santenan ika
miyarsa, yen ki Bicak srumuni, anginger len kuda, asru denira mojar, alah payo wong ing
Pathi, ika ki Bicak, tinembang asrumuni. Wus katingal para Santana mataram, yen
sampun masang baris, dipati Santenan, marakaken kang wadya,among kari kang prajurit,
bala santenan, kang alit telas mati. Prarawira ing Pathi nyamethi kuda, wus sedya lebu
geni Santana Mataramk, sampun sami prayitna, nedya ngawki pribadi, sareng
tandangnya, kudanya den camethi. Sampun nander para Santana Mataram, wong Pathi
aningali, sakehing prawira, sareng nyamethi kuda, kinetab anyandert pati, sareng
narajang, anempuh wong matawis. Prajurit Pathi Santana ingkang nama, rahaden
wirasakti, anyamethi kuda, watangnya sah ing ngembat, apanggah sami prajurit, samya
Santana, rame ungkih ing ungkih. Wong Mataram rahadyan Wirawiguna, ingkang alawan
jurit, Wirasakti numbak, mring Prawirataruna, panuumbake pan katangkis, winales sigra,
gulu iringnya keni. Among kulit ayam kang kabeser tumbak, niba pan nuli mati, ana
samitranya, aran wirasaraya, dulu sumitrane mati, nyamethi kuda, watangnya wus
pinanthi. Dhapuripun waos bibiring lanangan, murub apindha geni, sarya ngling
susumbar, payo padha prawira, aja na anguciwani, ingsun lan sira, payo padha wong
becik. Wusnya pagut kang yuda sigra anumbak, wirataruna tangkis, annging kaberabat,
tankatangkis ing tumbak, gagembunge tugel palih, prawira truna, angganya pan
gumlinting. Wangrasanya gembunge kadi butul, rulnya sira malesi, ki Wirasaraya, anulya
dipun tumbak, mal saking nginggil wajik, tiba kaliumah, saya tinitir titir. Pan kabranan ki
Wirasraya wus pejah, ki dipati Tohpati, gya arsa tulunga, , sigra nyamethi kuda,
pangeraning mangkubumi, sampun uninga, kudane den camethi. Sampun tempuh lawung
pan tumbak tinumbak, watang putung marengi,nulya ruket pisan, sami candhak
cinandhak, pan sami angunus keris, atepung asta, anyuduk genti keris. Wus tumurun
kalih sangking kudanira, rame keris kineris,sami teguhira, keris datan tumama, sareng
rempu dhuwung kalih, gya ruket pranya, gantya banting biannting. Pan kalndhih
pangeraning mangkubumya, angrasa lamun kotit, panyandhak lantangan, ki Tohpati
anjola, annuli banjur binanting, an tinunggangan, tohpatih asru angling. Eh Carobo wong
Mataram perangira, pangeran Mangkubumi, aris saurira, sajang-ajanging ajang, paniki
wong rebut pati, ki Tohpralaya, den edek den suduki.Kinakahan Tohpati sampun apejah,
sindureja ajurit, pan ayun-ayunan, lan Pangran Puger samya, asupe ungih ing ngungkih,
samya prakosa, tanana kang kalindhih. Wong Mataram sruaknya ambal-ambalan, kadi
karengeng langit, sira sindureja, ngantepa numbak kira, dipati Puger tan gingsir, putung
watangnya sigra amarepeki. Sigra narik dhuwunge sang adipaty, annuli den larihi, kena
jajanira, sindureja aniba, datan kongsi piningkalih, angathang-athang, surake wanti-wanti.
Kandhuruan marang ngarsa asumbar, rebuten ing ngajurit, aja na ngucira, payo padha
prawira, angikal watang kuitir, singa katrajang, wong Mataram angisis. Panembahan
Purubaya wus uninga, wong Mataram angisis, agya lampahira, amapag Kandhuruan,
panembahan wus apanggih, ayun-ayunan, panembahan Sigra ngling. Kandhuruan lah
uwis sira Mlayuha, eman boksira mati, kuwatira pira, akulita tembaga, nadyan babalunga
wesi,sungsum gegala, tan wande sira mati. Kandhuruan asru denira angucap, baya nora
na sekti, wong ing ngalam dunya, among sira PUrbaya, budiya ingsun kembari, pan
durung ulap, ngong mungsuh wong Matyawis. Kandhuruan sigra numbak Panembahan,
kajeng-kanjeng kang angling, setan kandhuruan numbak tan wruh prayoga, eman
tanganira iki, ki kandhuruan, angling anggigit lathi. Panembahan mesem denya
angandika, usapana den lirih, iya tumbakira, menek kathah ludira, eman-emane kang
brangti, pasha kok tumbak, angur matiya cilik. Kandhuruan synebgut anumbakira,
aputung watngneki,angunus curiga, kandhuruan narajang,panumbake nitir-nitir, pngran
PUrbaya, panggah datan gumingsir. Panembahan sigra anarik curiga, dhuwung aran Ki
Panji, sigra Kandhuruan, sinuduk Jajanira, malesatti baka banting, wus kinakahan,
sinubles pulung ati. Kandhuruan sampun pejah kapisanan, sigra sang adipati, kulon
anarjang,nulya sigra anumbak, kanan kering den kembuli, putung kang watang, pangeran
anglarihi.
Tuwan Y.Dh. Albiniyus ing Getas tuwin Mas Bratasastra ing Surakarta
Sarehning sampun rambah-rambah kula akintun serat dhumateng sampeyan ing wasana
ngantos sapriki dereng tanpi wangsulan, mila ing sapunika sampeyan kula aturi asuka
katrangan bab pambayaring sambutan sampeyan utawi patumbasipun serat Brmartani
taun punika.
JOnasportir enko.

Panjurung Bramartani: Kulawisudhan


Awit saking serat kakancinganipun Kanjeng Parentah ageng nagari, Kanjeng Raden
Adipati Sasranagara ing Surakarta
1. Raden Ngabei Citrapranata, Mantri Pulisi Surakarta, kakulawisudha dados
Panewu Pulisi Sasendhang Ngampel, anggentosi Raden ngabei Taruna Dirja
ingkang sampun kaundur, kaparingan nama Raden Ngabei Jayawicitra.
2. Partawijaya, Magang Kantor Kapatiyan, kakulawisudha dados manriPUlisi
Surakarta, anggentosi Raden Ngabei Citrapranata, kaparingan nama Mas Ronggga
Bongsa Pranata.
3. Ronggasastra Sumarta, Juru serat Jaksa ig Pradata dalem kakula wisudha dados
panewu pulisi turus Bayalali, anggentosi Raden Ngabei Dirja Pranata ingkang
sampun kaundur, kaparingan nama Mas Ngabei Suraarja.
4. Rongga Mangun Pandra, mantra tukang gambar ing Kapatiyan kakula wisudha
dados panewu pulisi Surakarta, anggentosi Raden Ngabei PRinggapranata
ingkang sampun kendel kaparingan nama Mas Ngabei Ranapranata.
Wondene kalenggahan mantra tukang gambar, utawi juru serat Jaksa, ing sapunika
taksih lowong, mila prayantun sakawan wau sami kinawula iwsudha, awit saking
pethel tumemen cekap dhumateng sawarninipun pan damelan ingkang sampun
kawajibaken.
Awit saking punika, sakalangkung andadosaken suka pirenaning manah kula, aningali
kamirahan dalem kanjeng Bandara Ageng tumrapipun dhumateng abdi dalem ageng
alit sadaya, awit prayantun ingkang pethel temencekap ing padamelan kaganjar
minggah, ingkang ngepluk boten anyekapi, lajeng kaundur, karsa dalem ingkang
makaten punika, sampunsaestu kemawon badhe amewahi tata arjanipun nagari, saha
pethel tutumemenipun paa abdi dalem sadaya, saha kula apitados bilih prayantun
ignkang pethel cekap ing padamelan tumunten kaganjar minggah ing
kalenggahanipun mila sami dipunpethel saha tumemen ingpadamelan ingkang
sampun dados kawajibanipun.
Kaserat ingLojiwurung kaping 13 Juli 1872
Katandhan pun Secapawarta

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten Kemis tanggal kaping 11 ing wancijam 8 sonten tuwan Gregori,
wiwit main kumidhi wonten ing griya kumidhen, ing samangke sampun rambah
kaping 6 dalu, dene ingkang ningali anglangkungi kathahutawi kanjeng tuwan
residhen kaliyankanjeng gusti pangeran dipati Arya Mangkunagara, saha para tuwan
aeng alit sarta para nyonyah, punapa malihsanesing bongsa, sadaya sami eram
aningali, kasaedanipun sagawon kethek utawi kapal, sareng mainipun ingkang kaping
tiga, sampeyan dalem ingkang sinuhun saha garwa putra,tuwinpara priyantun ageng
ing Surakarta, ingkang kasebut ingngajeng wau ugi sami tedhak amariksani, menggah
pamainipun kados ing ngandap punika.
Nomer 1, Sinyoi titiga sami ngadeg mancik ing ngebal kadamel lumampah
gumalundhung ubeng-ubengan kados dhansah.
Nomer 2, medal sagawon, 6 ingkang tiga sami lungguh ing resbang dene kancanipun
ingakng titiga, sami main ugi anumpak bal kathah solahipunkados tiyang, tumunten
sagawon nenem wau sami menek ondha panganten minggah mudhun
palajenganutawi saged minggah kaliyan mungkur, utawi anglumpadi kursi ngantos
kajejer pitu, punapa dene sagawon wau saged malumpat lumebet ing kalowongan
dalancang arambah-rambah tuwin kalowongan mawi latu.
Nome r 3, sinyo titiga sami gandhulan wonten ing gawangan wesi, akathah solahipun
sami angeramaken.
Nomer 4, nyonyah kaliyan Walandi sami main wonten ing tamper gigil sakalangkung
anggumunaken solahipun.
Nomer 5, wonten tiyang cebol mawi topeng tanganipunboten katingal badanipun
saged modot anglangkungi inggil.
Nomer 6, kethek anumpak kapal kiter asasanderan sareng kethek sampun mudhun,
kapal wau lajeng main piyambak kados dhansah.
Nomer 7, segawon anumpak kapal kiter kaliyan malumpat ing sinjang kapantheng
inggil utawi malebet ing tebok dalancang punapa malih sagawon wau tansah jugug
boten kendel-kendel,
Nomer 8, kethek anumpak sagawon sami sanderanmubeng sarta malumpat arambah-
rambah.
Nomer 9, walandi tukang cukur sami lulucon adamel gujenging para priyantun
kathah, anjawi ingkang punikaugi kathah pratingkahipun ingkang aneh sarta
anggumunaken.

Pawartos saking Cilacap


Ing taun 1839,kala Cilacap kadadosaken AFdheling, panggenanpunika kakupeng ing
wana ageng, tuwin rawa-rawa, awanipun andhatengaken sasakit. Ingkang
kapitakeosan andadosaken afdheling ing Cilacap wau Bupati Kanjeng RdenADiapti
Cakrawedana,punika sakalangkung prayogianggenipun anglampahi kuwajiban
sakathahipun wana ageng tuwin rawa-rawa kaya sadadosa kampong ingkang
maedahi, radinan sae, pasabinan eloh, tuwin patamanan endah, radinan wau
pancangipun gathuk gangsal welas pal, pandamelipun prayogi, kenging kaambah ing
tiyangnumpak kapal,kalih dening malih ing waktu punika saking ing banyumas kaya
sanan margi pos wiyar anjog ing Cilacap dados tiyang saged lalana mawi anumpak
kareta, mongka kala rumiyin kengingipun naming anumpak kapal. Cacahipun tiyang
mindhak 12000 menggah prabeya ingkang medal saking para tiyang ing ngajeng
naming 900 rupiyah, kala ing taun 1871 mindhak dados 114000 rupiyah. Tanpa mawi
pitulunganipun kanjeng gupremen kala rumiyin kaya sanan kareteg kathah, wah
gudhang gudhang tuwin gedhong gedhong ingkang dados kagunganipun kanjeng
gupremen. Kawontenanipun pulisi prayogi boten kenging kacacad, ing Afdheling
Cilacap cacahipun maesa 30000 mongka awis tiyang miring babkadurjanan
pandung,kathah kathahipun lapah kadursilan pandung ing dalem sataun naming
kaping pitu, samantenpunika kedah mawi katimbanga, manawi cacahipun tiyang
pasakitan anyambatdame peksa mawikarante utawi boten ingkang kapanggenaken
wonten ing cilacap tansah kirang langkung 1200 bilih sampun kaluwaran saking
paukuman kathah ingkang samidudunung wonten Cilacap. Kanjeng Raden Adiati
Ckrawedna ingkang angawontenaken gemah arjanipun ing Cilacap punika cake ping
kasagedan pambekanipun sumeh tuwin kenceng ing pamrentahipun kanthi adil mila
para lurah saha tiyang alit sami angurmati ageng tuwin trsna dhumateng kanjeng
raden adipati wau,anggenipun suwita ing nagari dumugi sapunika sampun langkung
40 taun mongka anggenipun taksih anglampahi padamelan tansah amikantukaken
sanget. Awit sakingpamacakipun kang kasebut ing nginggil punika,mugi andadosna
karsanipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur jendral anggalih dhateng abdi
ingkang satya tuwin wekel ingpadamelan bokmanawi saged andadosaken jalaran
pangganjaripuntatenger adi dhumateng kanjeng rden adipati Cakrawedana, ingkang
sampun lami wajib antuk ganjaran wau.

Sumatra
Seratpakabaran wlaandi anyariyoaken bawah Sumatra wontenkraman mila kanjeng
gupremen tumuntenaparing babantu para militer, awit serat telegram ingakng saking
tuwan asisten residhen ing Siyak ingkang suraos manawi ing Dheli wau wonten
reresah sarta para militer ing mangke sampunamanggen celak ing Sunggal. Para
militer ingkang kadhawahan anglurug dhateng ing Dheli wau kasebut ing ngandhap
punika.
Infantri Bataliyun 11 saking ister KOrnelis mawi ambekta dadamel sanjata, ingkang
isi saking wingking.
Arteleri mawi dadamel Mariyem.Menggah namanipun paraupsir ingkang nindhihi
kasebut ing ngandhap punika.
Tuwan Ponombrah Litnan Kolonel KOmendhan
Tuwan W. Fasser. Litnan Ajidan
Tuwan Y.H.Krusbek Kapitan
Tuwan B.Y.C. Van ARsel Kapitan
Tuwan F.Luther Kapitan
Tuwan H.F. Wisaret, Irste Litnan
Tuwan Y.H.Van Der Pin Irste Litnan
Tuwan C.L..A. Murenbreser, Twede Irstelitnan
Tuwan Y.M. Sanderes Twede Irstelitnan
Tuwan P.L.Luheman Twede Irste Litnan
Tuwan K.A.Roske Twede Irstelitnan
Tuwan C.T.E. Got, Twede Irstelitnan
Tuwan F.Suterik Twede Irstelitnan
ARTELERI
Tuwan Adhemapan Seoltema, Kapitan Komandan
Tuwan Y.Mureo, Twedelitnan
DHOKTER
Tuwan H.Y.Pandherwidhe, 2, tuwan Y.C.Kremer
ADMINISTRASI
Tuwan Y.H.Ebing, Irstelitnan
Nalika badhe angkatipun para militer wau tuwin Litnan Kolonel Obrah anampeni
serat telegram saking paparingipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur
jendral menggah suraosipun ing serat kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur
jendral aparing wilujeng ingkang medal saking manah suci, dhateng para militer
ingkang sami umangsah perang, mugi unggul ing yudanipun sarta tumunten
anuyirnakna sakathahing reresah wau.

Kadya paksi sasmitanin glalis taklim minantu-wantu ing ngurmat, yogya katurra
wiyose, ring mitraningsun tuhu, jasmaning kang wanengngraningsih, sismeng
Mangkunagaran, wuse kang kadyeku, kalamun pareng ing karsa, sun andherek
ambatang cangkriman nari, kang wino ting srat kabr. Bramartani medal ari Kemis,
Juni pipitulikur tanggalnya, nem likur ongka etange, kinarya sisinau, awon ngakur
tinimbang guling, myang supadi nglulupa, pangimur manahkung, rehning sru
ardaningyas, denya manggung kaesi-esi sasami, binada sasamanya. Marma rasarane
kang ati, saya karasa getan karasan raras tan arusing pangreh, ratri alengak-lenguk
lenglenging tyas biletan mili lina ligung kelingan linalar ngalangut sayah ing driya
angesah, yayah kadi tan dibya myating sasami, samanira mong karya. Dadya
cacangkriman kang kinardi ngimuring tyas dimen tan kagagas, cumandhaka kun mam
badhe, nanging panuwuningsun, risakmehning prasarjananing, kang bramartani
kabar, bokmanawi luput ingpambatang away dadya, sisikuning panggalih kang
prabinakit, saking sajati dama. Sujalma kakalih kang lumaris, jalu estri denira rarasan,
mirasa kehe sanguine, rikalalaniniipun, kesah marang samarang nguni, pironteke
sangunya, kang lanang sumaur duk ingsun lunga ing Samarang, nora ngitung
mungguh kehe sangumami, nanging ingsun kelingan. Pangelong manira duk ing
margi, angkating sun pan saking nagara, neng Bayalali bareren., ing kono ingong
juput, sapare….sangu aluwih, yasa tengah rupiyah enjinge alaju, neng ngapel
pamondhok ingwang, amet malih saparone ingkang kari, punjul satengah rupyah.
Enjang laju alalampah malih, rerebing sun aneng salatiga, iya ingsun jupuk maneh,
saparone kang kantun, pan satengah rupiyah luwih, enjang laju ing lapah, ngungaran
kajujug, kalane prapta ngungaran, ngambil malih kang arta saparo luwih, yasa tengah
rupiyah. Ing kono praptaning sun samawis,manira wus datan darbe arta, Punika
pinten cacahe, sangu duk angkatipun, saking praja pambatang mami, gangsal wells
rupiyah, among kehing sangu, rertene ingkang isan, aneng Bayalali pametire picis,
wolung rupiyah Kenya. Dadyarta mung kari pitung risipis, aneng Ngampel
pamendhete arta, catur rupiyah gungge, neng salatiganipun, dwirupiyah pametereki,
Ngungaran sarupiyah, ingpamendhetipun, marma praptaning Samarang, pantes bae
wus datan darbeni picis, jer entek neng Ngungaran. Mung puniku ing pambatang
mami, titi tamat sinerat risoma, wage tanggal ping wolune, juni ing wulanipun de
angkane warsa winilis, sewu wolungatus lan, pitung dasa langkung, kakalih ing
etangira, kebon dalem kampong Panitranireki, katandhan pun Sujarwa. Anjawi
pambatang ambanginggil, gantya kula tur-atur cangkriman, supadya kangge
sasamben, inggih mung awon nganggur, lan supadi yen amba benjing, bisa dolan
mring praja, sok uwusa mundhuh, ing pocapan jroning kabar,lire cacangkriman kadi
kang amuni aneng ngandhap punika. Rasikarireng srinata, denta amardingondining,
mas salah ring saniskala, supadya dadya adining, jarring kang musitani, wasananira
manawung, bondawalaning driya, dadiya pamedharingsih, lembaneng kyas nunular
kang wus kalalar. Duk kawulan kawuntat kawula idpun dhatengi mring tilas abdining
eyang, sinjang lagaranireki, wutantrene kalih, lumaku tansah tinuntun, ring sajuga
rong wangnya, prelune prapta tututwi, mariamba mawi maring yayagrena. Sawuse
dangu papanggya, sinjang laga pamit mulih, tinuntun ing rowangira, udhune saking
pandhapi, jer palataran mami, saben esuk ora atub, kweh kang paksi garija, sasaba
ngupaya bukti, saliwate sinjang laga meh katrajang. Dumadya mabur sarengan,
sinjang laga muwus aris, mring kang nuntun rowangira, we akeh temen kang paksi,
garija sun watawis baya iku ana satus, rowange saur sugal, ya ana ta satus ugi, lamun
minuwuhan ing saweneh engkas. Lan saparone mono myang, saprapate mono tuwin
sira ya milu kaetang, pasthi tetep satus yekti,puniku kehing paksi, pinten kalane
umatur, tunaning pamiarsa, kunir pita ing wanadri, ambasampun judheg tan bisa
nemuha.

Panjurung minongka wangsulan


Mitra kula ingkang asisilih nama Ka, Wa, ing mangke sampun magnayubagya
dhateng panjarwa kula, anaming taksih wonten ingkang dados kaduning panggalih
bab kawining sarira ingkang sampun kula pratelakaken wontening Bramartani,ongka
22 denten panjenengan sampeyan karsa mundhut cekapipun kula angaturaken kados
ing ngandhap punika kawontenananipun buk kula kawi, dasanama,leres leat kula
sumongga. Endhas sirah, mustaka murda, ulu, kumba, utamonga, pasuhunan sidhira
endhas mukyana. Ramut repa,roma, weni, sata, sinom, tarna,sinmam rinata. Polah,
utaka, pukara. Unyeng-unyengan mubung, mundri,mnunyeng, pundren ungsran.
Embun-embunan sundhulan panuhun wungwunan, nabyaka. Rai wadana, nayaka,
pasuryan, gwa, para upan, muka, nana, watra aswa, golaka. Bathuk larapan paradinan,
ratdha, candta, baili, thila, wahya, wadriya, watdhawa, batawaka. Mata, tingal soca,
delay, netra nayana, aksa, andamuka, aksi locana. Idep irpya, piruya. Tlapukan
pakejepan dyaraksa, nitrama, padhelan. Tadhahluh, trinjilan tritisan, pardoning mripat
padmaksa, masira. Ulat, niiya, naya, liri, wulat nayana jaswa, pasu, pasma,
salimbanayantara. Irung, grana, trismanasika, parsana. Pipi pangarasan pasapaya
julingha. Kuping, karma, talingan analinga, pangrengya, kapeh kedoh, padelingan.
Godhoh, pani, panona,PIlingan milisan pamidhi, pindak, salimu. Lambe, lathi, talawa,
wiwrita,miruca, cangkem,tutuk pangliba, jurama, dukara. Untu, waja, denta, ungsa,
udata, siyung, drastha, dodaka,anudayta, jatha, jithis.
Punika taksih wonten sambetipun
Katandhan Open.

Punika candhakipun carios pangadilanipun tiyang kecalan pendheman kancana,


anggugat dhateng parentah, jaman prabu Basukeswara ing Wiratha.
Patih Wasita lajeng amatrapaken ing prakawis punika, pun palaswa tinimbalan
prasta,nunten dhinawuhan ing kyana ptih, e Malaswa,ing mengko wus karuwan kang
angambil darbekira mas winadhahan ing Ngenceh, pinendhem ana ing ngalas
katengeran Arca, dene bubukane angalih seka ingpanggonan si Sukarta andhudhug
selog ananggorri Enceh isi emas banjur den lih marang pinggir kali, kawruhan
maring si Kartana,nuli den lih maneh marang pategalane Sutanira si Jaka Bodhoh, iku
den temu dening si Jaka Bodho, emas Enceh tetepinet ing sutanira dhewe apa sira
temen darbe suta si Jaka Bodho, Pun Palaswa matur inggih sayektos. Patih Wasita
angandika malih, e palaswa, ing mengko bebeneraning parentah, anakira si jaka
Bodho kabenerkena ing patrapan kaplaksana, awit ing nalika anemu emas tanpa
paloiwara marang tatanggane, dadi sutanira iku kalebu anyidhem pramanenem tetep
ing kadursilane. Umbul palaswa matur angrerepa sarya karuna, manawi makaten
bandara, anak kawula pun Jaka Bodho kawula suwunaken pangaksama, amargi anak
kawula among satunggal punika, dene gagadhahan kawula kancana ingkang sampun
kapendhet, kawula sampun anarimah dados sadarbekipun pun Jaka Bodho.
Cariyos punika taksih wonten candhakipun.

Kula Surawijaya tukang Blodir ing Surakarta, kamipurun angunjuki uninga, bab
pangaosipun barang pangagemipun para amtenar jwi, bawah gupremenan
Kadosta regi rupiyah sen
Sabuk cindhe bara buliyun regi 80
Sabuk putra wungu tuwin abrit mawi bara sekar sedhah 50
Sabuk ukuk renda barabuliyun 50
Sabuk ukub renda bara sekar sedhah 35
Sabuk ukuk pita wungu tuwin abrit barakar sedhah 19
Clana bupti pangkat adipati senuran 44
Clana bupati pangkat tumenggung senuran 40
Clana patih wates wadana senuran 34
Clana para mantra sanesipun senuran 30
Kuluk Berji 1 75
KUluk Mathak 1 50
Para priyantun menawi karsa tumbas kuluk kedah 10, minggah sabab kula mirantosi
wadhahipunmrakas. Sakathahing barang punika, parapriyantun Amtenar sadaya wau
kula aturi bayar kenceng sarta amitungkasa dhumateng tuwan F.L.Winter
ingSurakarta,kados dene ingkang sampun kalampahan.

Para priyantun jawi ing Ngayogyakarta,ingkang taksih kawaledan


pambayaringpatumbasipun Jurumartani, ing kala rumiyin ing samangke kula aturi bayar
dhumateng mas Atmajawirya ing Ngayogyakarta, ingkang kula pitados anagih tuwin
anampeni arta wau.
F.H.Jaspres

Para priyantun bawah Mangkunagaran surakarta, utawi paresidhenan sanesipun kang


sampun kula aturi serat bab sambutanipun ing samangke kula nyuwun serat wangsulan
utawi arta pambayaripun sambutan wau, supados sampun ngantos kalampahan
asmanipun para priyantun wau kula pratelakakening Bramartani
F.H. Jaspres

Benjing ing dinten Kemnis Jumungah tuwin Saptu utawi tanggal kaping 11, 12, tuwin
tanggal kaping 13 wulan Juli punika, tuwan reguri, ingkang angerehaken kumidhi kehtek
tuwin segawon badhe wiwit main wonten ing loji komidhen SUrakarta, dene kumidhi
wau saestu angeramaken sarta dereng nate angambah ing tanah jawi, menggah
bayaranipun tiyang aningali kapratelakaken kados ing ngandhap punika:
1. tiyangjaler utawi estri bayar 3 rupiyah
2. 1 rare jaler utawi estri bayar 1 rupiyah 50 sen.
Katandhan tuwan Y.Gregori

Serat amongtani, anyariyosaken pratikelipun ananem pantun, jagung, kalapa, aren, waluh
sapanunggilanipun ing tanah jawi, regi 75 sen prangko pos
Jonasportir enko

Tuwan Jonas Portir enko ing samangke sampun nampani lisah wangi warni-warni,
sabun salangkung wangi, lapender, wedhak walandi, arum sanget tuwin sanesipun
malih, kakathahen manawi kasebutna sadaya.

Tuwan E.A.Pogel tukang gambar ing samangke sampun dhateng ing Ngayogyakarta,
anyambutdamel wonten ing griyanipun tuwan Dhidhukman ing kampong Bintaran
gambar pandamelipun tuwan Pogel wau sakalangkung endah, wah mirah reginipun.

Para priyantun ingkang sami tumbas barang ing tokonipun tuwan Dheliyon nalika
kacepeng tuwan Lobatong, ing salebetipun taun 1871, ingkang sampun kapengker, ing
samangke kaaturan bayar sambutanipun ing dalem wolung dinten, dene manawi
botenkalampahan potang punika badhe katawekaken ing serat pakabaran mawi
anyebutaken namaning para priyantun wau
Katandhan tuwan Dheliyon enko

Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun
1872 sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
KanjengPangeran Ariyakusumadiningrat ing Surakarta
Raden Mas Adipati Ariya Condranagara, ing Kudus
Raden mas Panji Patmakusuma ing Surakarta
Raden Sastradiningrat patih ing Serang
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

Punika Cariyos Babad Mataram


Ki Dipati kulon pan sampun tinumbak, jajanya trusing gigir, pan sampun palastra,
surak kadi ampuhan, wong Mataram aningali,Pangran PUrbaya,kinarubut ing jurit.
Kang lumayu pan sampun wangsul sadaya, nedya apulih geytih,surak lir ampuhan,
kumrab sakeh gagaman, wongPathi tan kena gingsir,kinepang kepang, sampun
akathah mati. Sawunggaling angamuk kagila-gila, liwung angobat-abit, kinarubut ing
prang dening wadya mataram, singa kang tinempuh ngisis, pan kinakahan, kudane
sampun mati. Singa kang tinemuh ngisis, an kinakahan kudane sampun mati.
Sawunggaling lumayu narik curiga, dharat denira jurit, kang pinarak bubar, pangeran
Purubaya, uninga mring Sawunggaling,nulya gya mara, manahnya rana miring.
Dhuwungira kyai Panji wus liniga, awor lawan pekathik, samana ki Arya
Sawunggaling wus perak, annuli dipun lirihi, saking ngiringan, Sawunggaling malesi.
Datan angsal Sawunggaling wus aniba, annuli dipunbyaki mring wadya Mataram,
anulya tinalenan,wus binondang sawunggalng, Rajamanggala, karsane anulungi.
Anarajang Rajamanggala manengah, pangeran wus udani,nulya pinaranan, yata
Rajamanggala, panumbake wanti-wanti,putung kang watang, pangeran anglarihi.
Angeneni jaja trusing kang walikat, raja manggala mati, sira adipatya Bragola ing
Santenan,ningali prajurit enting, kalangkung merang, dipati kari mati. Kapedhake
kalawanwong kajineman, sampun akathah mati, warata kanggesang, kari wong
kawandasa, punika tan kena tebih, wdya mataram, Singa katempuh ngisis. Adipati
Santenan pangamukira, angler bimanyu jurit, ing prang bratayuda,rinebat mring
kurawa, binedhil lan ngarsa wuri, ing kering kanan, mimis kadya gurimis. Tan tinolih
dene dipati Santenan, among Srinarapati,pineleng wardaya, adangu ing ulatan, sigra
anulya kapanggih enggen sang nata, kudane den camethi. Srinarendra anitih kapal
bandana, pun waguy genameki, cemeng ulesira, game ling rawotsekar, dhuh sultan
paduka salin,kapal bandana, pun Wasugen puniki. Aturipun awanti-wanti tan
piniarsa, sapisankaping kalih, ping tiga kaping pat, kanjeng sultanngandika, mongsa
sun sedya gumingsir, ingsun asedya, iya barenga mati. Wus tinitir ki Bicak muni
angangkang, wadya kang aneng ngarsi, sami aloksira, lah payo iki prapta, kapedhak
ingkangsatunggil, allah ta ingwang, mati bubukeniki. Kaya darma kapedhak bekta
ampilan, waose sibupati, kyai Barukarna, binakta kaya darma, anulya sigra apamit,
srinaranata,angandika ing ngabdi. Allah iya yen satuhu wani sira, tumbak ku
Barukuping, sira tamakna, kaya darma tur sembah, sigra majeng awotsari,
kinayadarma, sigra arebut dhingin. Adipati Pathi wus kinalang-kalang, wus pertak
sang dipati, anulya narajang, mring kapedhak Mataram, prasami anaker wani, wus
tinadhahan, sang dipati ing Pathi. Kinarubut kudanira sampun pejah, malumpat sang
dipati, ngamuk lan curiga, sigra kinayadarma, prenahe sampun kapering, sigra
tinumbak, asru sang adipati. Lambungira ki dipati ingkang pasha, dhasar sayah
kariyin, pan nuli aniba, dipati wus palastra, rinebut mring wong Matawis, pan sampun
kena, angaku anatoni. Sampun katur dhumateng srinarapati, yen dipati ngemasi, kinen
ambektaha, jisim dhateng ngajengan, kapedhak sigra wotsari, nuli lumampah mring
prenahe kang jisim. Mangunjaya wuninga dipati pejah, angrrebutan kuwawi, anulya
lumajar, mulih marang Santenan, angukut kang kirang-kirang, dyan kawarnaha, pan
ingkang mundhut jisim. Wong kapedhak kewuhan pambektanira, karsa pinundhi
pundhi, satruning narendra, yun sineret kewala, iki Santana narpati, sami kewuhan,
ana wong tuwa siji. Aris mojar puniku karemanira, sirahipun pinundhi, sikil sinereda,
sadaya kapethukan, anulya dipun lampahi, sirah ing ngangkat, sukune dipun irit.
Aningali sang nata kalangkung suka, sampun prapta ing ngarsi, sang nata ngandika,
lah padha adegena, iku jisime si adhi, wus jinaganan, ngandika sribupati. Tatabana
apa gagamaning aprang, nulya dipun tatabi, pan ora gagawa, katur mring srinaradra,
angandika sribpati adhi Santenan, pan ora sedya mulih. Lah piyaken lathine adhi
Bragola, apa bayabaresih, sampun pinariksa, katur reget kang waja, angandika
sribupati, tan kobar ika, asusurtasi adhing. Angandika sang nata mring wadyabala,
sapa ingkang mateni, wadya atur sembah, sami arerembatan, angandika sribupati, lah
Nayadarma, retaken tumbak mami. PInariksa ki Baru metu ludira, sang nata
ngandika ris, lah siradarma,kang mateni Bragola, kawarnaha Sawunggaling, sampun
binesta, endranata ningali.Endranata ngiwi-iwi asru ngucap, gene tan ora luwih,
sawunggathel sira, mengko uwis binonda, angamuka sun taboki, langkung
bramantya, Sawunggaling sru angling. Ora isin sira Endranata, mau malik kulambi,
arep ingsun tumbak, umpetan amor kompra dene ta delape urip, eman sang nata,
maringi tunggak semi. Eman-eman alinggih lampit si edan, jejerih wedi mati,
durakaneng dunya, endranata apirang, mundur alinggih neng wuri, sarwi angucap,
ngadhep wong kena sarik. Sampun katur Sawunggaling wus kabesta, wus kinen
amejahi, sampun pinejahan, Sawunggaling karenan kalamun awrta urip wiring neng
dunya, warnanen sribupati.
Ongka 30 Kemis 25 Juli 1872
Kulawisudhan para Upsir Memuri
Kanjeng Gusti Pangeran AdipatiAnom amengkunagara, ingkang Sudibya Raja Putra
Narendra Mataram ing Ngayogyakarta,kaangkat jumeneng colonel Ajidanipun Kajeng
Tuwan ingkang wicaksana Guprenur Jendral ing Indiya Nederlan.
Kanjeng Pangeran Ariya Adikusuma, kaangkat dados litnan colonel Infantri
Kanjeng Pangeran Ariya Tejakusuma tuwin Kanjeng Pangeran ARiya Adiwinata, sami
kaangkat dados mayor Infantri
Kanjeng Pangeran Ariya Adiwijaya, kaangkat dados Kaptin Ajidan dalem Kanjeng
Sultan ing Ngayogyakarta

Serat telegram saking Batawi, amratelakaken manawi tuwan Ponranso, Asisten Residhen
ing Ngayogyakarta, awit saking gerah sariranipun apikantuk pamit dhateng nagari
walandi, laminipun kalih taun, dene tuwan Yekel ingkang kapiji anggentosi dados
Asisten Residhen ing Ngayogyakarta.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Ingkang kawartos ing serat pakabaran Salompret Malayu, kanjeng Raden Adipati
Sasranagara, ing Surakarta, badhe karsa amranata dhateng sakathahing kabupaten ing
dhusun, badhe kawijang kadamel padhistrikan, dene satunggal-tunggaling dhistrik badhe
kataneman panewu I, mantra 2, rongga 2, tuwin langsir pulisi kathahipun 6 dene panewu
sakarerehanipun wau sami kabawah ing bupati pulisi, pranatan ingkang makatenpunika
ingkang dadospangajeng-ajeng tumuntena saged kalampahan, awit badhe andadosaken
indhakipun tentreming nagari.
Tuwan Gregori, ingkang ngerehaken kumidhi kethek tuwinsagawon, ing sapunika taksih
wontening Surakarta, sarta sampun angadegaken tarup wonten ing ngalun-alun, supados
para tiyang alit sami saged aningali, menggah bayaranipun mirah sanget satunggal tiyang
naming bayar,50 sen, ingkang sampun katamtokaken anggenipun badhe wiwit main ing
ngalun-alun nalika tanggal kaping 22 tuwin tanggal kaping 23, wulan punika, ananging
boten kalampahanawit jawah sakalangkung deres, nalika main ing kumidhen ingkang
wekasan wonten sawijining tiyang neneman ingkang mancik ing ngebal lajeng lumampah
manginggil urut papan wiyaripun naming 1 kaki, sareng mengandhap lumampah
mungkur ugi taksih mancik ing ngebal wau, punika andadosaken eramipun ingkang sami
aningali sadaya.

Prang ing Dheli


Serat telegram saking Dheli, anyariyosaken manawi reresahing Dhelipunika katingal
amutawatosi, para militer ingkang kinepang ing mengsah, ing samangke sampun
kaluwaran dening militer babantu saking Batawi, ing waktu wau sami paprangan dene
militer ingkang katiwasan, kathahipun 9, sami anemahi pejah ingkang anandhang tatu
kathahipun 32 punapa malih tuwan Dhelange Upsir lautan kataton kenging mimis kalih
lajeng andadosaken pejahipun. Raja Atsin ing sapunika balila dhateng kanjeng gupremen
ambalik tumut ing mengsah, punapa malih sakathahing margi sami dipun pepeti utawi
kapasangan borangtosan. Ingkang kawartos kanjeng gupremen badhe karsa akintun
babantu malih kathahipun 2 bataliuyun mawi titindhih Jendral Mayor Witon samanten
wau manawi raja Atsin sayaktos anggenipun balila ing kanjeng gupremen.

Banyumas
Serat panjurung saking Purwakerta, katandhan Raden Arsa Atmaja, anyariyosaken nalika
ing dinten Jumungah tangal kaping 13 Juli 1872 buh karetek lepen ing Banjiran,
Purwakerta, wiwitipun garap Raden Tumenggung Bupati, utawi Raden Sastradiwirya
patih, Raden Ngabei Surawijaya, wadana, utawi tuwan Asisten Residhen sarta para tuwan
Amtenar utawi sanesipun sami anjenengi wonten ing lepen Banjaran wau, malah Raden
Tumenggung Bupati, Raden Sastrawirya, tuwin Raden ngabei Surawijaya, sami karsa
awiwit pasang banon mawi kaurmatan drel rambah kaping tiga, sareng dalunipun tuwan
upsir Derwatestat ingknag anguwasani pandamelanipun buh wau, adamel rame-rame,
ananggap ringgit purwa, utawi nayuban dene para priyantun ageng alit akathah ingkang
sami dhateng ing ngriku, punapa malih Raden Tumenggung Buati ugi rawuh sarta
ambekta tamu mas ngabei Atmadipura patih ing Purwareja, Bagelen.

Priyangan
Serat kikintunan ingkang katandhan Suramartan, kapacak ing serat pakabaran Bintang
Barat, anyariyosaken manawi Raden aji Muhammat Mus, pangulu ageng ing
Nglimbangan tanah ing Priyangan tampi ganjaran saking kanjeng gupremen awarni
bintang mas katrimah anggenipun tumemen pangabdinipun dhateng kanjeng gupremen,
sarta katingal mungkul anetepi ing kawajibanipun, dene anggenipun anampeni ganjaran
bintang wau nalika ing dinten kemis tanggal kaping 18 wulan Juni ingkang mentas
kapengker, kanjeng tuwan residhen ing Priyangan, ingkang tedhak piyambak dhateng ing
Limbangan, sarta ambekta bintng wau, sasampuning rampung pamaosipun serat
kakancinganing kanjeng gupremen tuwan asisten residhen ingkang amasang bintang wau
wonten ing dhadhanipun raden aji Muhammat Mus, salajengipun kaurmatan ungeling
mariyem rambah kaping 7, ing wektu wau para priyantun ageng ngalit ing ngriku kathah
ingkang sami anjenengi, sareng dalu dipun ing dalem kabupaten mawi pista ageng.

Pratingkah Maha
Nalika ing dintenMalem Akad Legi tanggal kaping 23 wulan Rabingulakir taun Wawu
punika, kadugi wanci jam 11 dalu Raden Riya Natadipa, Bupati Lebet, anemahi sangsara
sami malocot sariranipun sawetawis jalaran kenging brama lantera lisah petroliyum
nalaripun kados ing ngandhap punika.
Salebeting karaton ing Ngayogyakarta, ingkang sinuhun animbali tamu para tuwan kirang
langkung 80 para pangeran kirang langkung 24 abdi dalem bupati, 40 dene abdi dalem
bupati lebet ugi, 40 menggah karsa dalem mau endrawina bujana yub sasampunipun
bibar dhahar pista, kirang langkung wanci jam 9 lajeng patedhan dalem sekar onceyan
melathi kabage pradin anggitan mawarni ingkang nampani lajeng sami kaagem pasangan
utawi slempang kadya rante erloi sawneh memper kuwas upsir, lajengipun abdi dalem
taledhek kadhawahan kebar buka rebab kagungan dalem gongsa mungel suwuk gongsa
lajeng gendhing srebegan ing ngriku raden tumenggung Danukusuma medali, pengangge
cara bongsa Turki, mawi brengosan utawi godhek tiron sarta ngampil talam pethakan
inggih punika wadhah agem dalem sondher cindhe puspita, sinongga ing ngasta kalih
Raden raden tumenggung anglangkungi cucudipun kadya Marmaya megol-megol,
jengklak-jengklek anjondhil sarta macucu, janggirat milar angiwi-iwi sigeg samanten
kimawon. Kocapa kanglagya beksa tuwin litnan colonel kumendhan nunten kawistara ing
ngakathah yen lantera panjeran murub prenah sakidul wetan bangsal kencana,
andadosakensumelang ing kathah amargi celak kaliyan tratak utawi los, ing ngriku Raden
Riya Natadipa , saking banteringbudi bering manah cancut ataliwonda sarta mateg aji
jaya mneeng sanget ranginas cagak ing lantera dipun penek minggah dumugi panggenan
brama murub wau gumrageh sumedya mejahi sarana karemed ananging brama boten
ajrih lajeng ngruket ambyuk dhateng badanipun raden riya kaget anjingkat temah an uwal
anggenipun ngrangkul cagak lantera lajeng dhawah ing siti sarikutan, gathi ta enget
janggirat mubeng lumba-lumba sarta asesambat adhuh bilahi aku mati, brama sangsaya
mubyar saenggga sekar latu andadosaken eraming kathah raden Riya Winulat kadya
dasamuka tiwikrama mawradi kampuh sirna carma malocot muka bingus bingus kiswa
markitik yen ta sampuna enggal dipun tulungi ngakathah sarta brekah ing gusti tamtu
katiwasan, raden tiya ambruk wonten ing siti ngandhap tratag brama sirep jalaran dipun
byaki wedi utawi siti, sawentawis lajeng dipun rerompa dhateng sawetan plataran ing
gedhong gapura, raden riya nedha ngunjuk sarta pitaken yatranipun ingkang dipun
kandhut wadhah slepa kathahipun 10 rupiyah, nunten kamireng ing kathah wonten
pawestri udrasa inggih punika semahipun Raden Riya kapareng ningali tayub wau, sareng
sampun ngaso lajeng dipun bekta mantuk badhe kapulasara sakitipun ing wasana perlu
anggen kula anglebetaken bramartani supados andadosna tuladha ban jalaranipun
kasangsaran tetela sangkin gmaha pratingkahipun piyambak nerak ingkang pancen boten
dipun wajibaken sarta lisah petroliyum mila saestu amutawatosi yen kirang prayogi
pangreksanipun rumiyin kula sampun mirteng bramartani bab sumelangipun lisah
petroliyum ananging kula dereng patos ngandel ananging sapunika kula priksa piyambak
pikuwatipun lisah petroliyum wau.
Katandhan Asungwarti.

Pambatang Cangkriman
Bramartani ongka 29 tanggal 18 Juli 1872 wonten panjurung cangkriman paksi gareja
sangking mitra kula pun Sujarwa, ingknag punika menawi kapareng rujuk wedharing
cangkriman wau kados ing ngandhap punika pratelanipun.
Cacah kang warni paksi gareja nalika umabur 36iji, kawewahan samanten malih,
36+36=72 iji, lajeng kawewahan sapalihipun ingknag umabur 36:2=18 iji, lajeng
kawewahan saprapating malih, 36:4=9 iji, gunggung, 72+18+9=99, iji, saha ingkang
pitaken nami sinjang laga kawewahaken cacahing paksi, dados gunggung cacah jiwa
raga, 72+18+9+1=100 iji. Ing wusana pambadhe kula ing nginggilpunika,manawi leres
sokur bage sewu, dene yen dereng patitis mugi sampun andadosaken renguning driya.
Kedhu kaping 23 Juli 1872
Katandhan Ra, Ba, Sa

Sinaroja sagunging kaurmatan ingkang winantu-wantu katur panjenenganipun tuwan


F.L.Winter ingkang pilenggah redhakturing Bramartani, manawi areng sarta sela
ingpapan, serat kula punika mugi wontena karsanipun saudara ngarang ing Koran
Bramartani ing dinten Kemis ngajeng punika: Saking teksihkirang ing saserepan tuwin
sanget ing bodho balilu kula, mila sakin gadrenging cipta kumedah sanget kapengin kula
kasruwe ing para pujongga utawi ingkang sampun ambek sarjana, boten kadosa sangking
panuwun kula dugi-dugi, karsa aparing saserepan menggah awitipun wonten sasebutan 1
pangeran, 2 raden mas, punika saweg jamanipun panjenengan ratu sinten angadhaton ing
pundit, ingkang ngagem sasebutan 2 wau sinten.
Ing Sonyawuri, 8 Jumadilawal Wawu, 1801
Bagus Bekel, angron Pengasih.

Manawipareng karsanipun tuwan redhaktur, atur panjurung kula punika mugi kapacaka
ing kabar Bramartani
Nalika ing dinten Saptu tanggalkaping 20 wulan Juli taun 1872 kula anyumerepi saosan
dhahar dalem pisang ingkang nunggil ladosan dhaharan padintenan punika, dene pisang
wau kathahipun kalih lirang, naming ingkang salirangkalebet aneh, awit wujudipun
awarni kakalih ingkang sapalih tetela yen raja kusta, dene ingkang sapalih , wujud ambon
dados katingal moncol panjangipun kaot 5 dim, utawi ambetipun mawi tungtung wangi
saengga pisang garaita, kula pitangled dhateng abdi dalem tukang dhaharan pisang wau
inggih tumbasan ing peken kemawon nalika samanten ngantos dangu anggen kula
namataken wujudipun saestu anggumunaken salamini kula gesang saweg punika uninga
pisang makaten warninipun anaming sarehning pisang tumbasan ing peken sakng
watawis kula tanemanipun tiyang dhusun kaleres radi busuk dados boten patos dipun
manah, yen ta saupami angsala tanemanipun tukang kebon ing gendhingan tamtu dados
pangidhanganing para bakul, nalika taksih katingal wonten ing nguwit paraos kula
angungkuli anehipun kalayan ingkang sampun kasebut ing kabar: tuntut medal ing
bongggol ngandhap punika.
Katandhan KRidhamardhawa.

Punika sambetanpanjrung wangsulan dhateng ingkang sisilih nama Ka, Wa.


Ebam, Wahama, baem, gusi, goswa, brima, podata, ilat lidhah jiwa, irsta, cethak ludhaka,
pakima, gorokan gurung, tengkeran padinan gong ludha, luwidha, janggarma.
Kalamenjing Pangula, kalmasu, kalanjura, janggut, dhagu, ardhuta, tuwang, wegang
wehang, panggita, gulu, tenggak tenggek jongga, lungaya, lungkeya. Tenggok janggata,
githok prastha, griwa, pundhak pamidhangan luwisa, bujanggsa, salang, sale-sale
salasalika. Bau buja, wawa, sikara, bahawa, bahyi, pujang, tangan asta, kasta, asma, nglan
rutya, ludun lungiyan. Cangklakan kelek goswa, sikut siku, lunggiya, lunggana, ugel ugel
jurung, pagri, sudipa, epek-epek tepaswa: gumpita, tepa. Dariji, asman amlita, jempol
tuita, empol-empolan,panuduh tuding, panedah, tamu duhan, panunggul panika, panalika,
ulujari, driji manis jari madu, namika, jenthik endhikan klingkingan, kuku, kenaka,
tulangsa,makri, umit, toh sepahan, careman. Brengos rawis kumbala, komis, godheg
jambag,. Janggot bris jebres, simbarjaja, jagamaa, dhadha jaja,pranaja, jangsa, susu,
prembayun payudara, pauyudhara, saridha, tetya,lemak anten. Pulungati, kukulung,
lembana, weteng, padharan dhara, udara, wandhut bandhut, wudel puser, tuntunan nabi,
umadyua, lambung ep,udaya, iri. Iga, rusuk urjingan, tepak sanggat griha, adandha, ula-
ula tanggola adodaya wlangkang, wadida, turwaka, bokong, bongcong, wangkang,
wangku, etsiki, prasila pasmika. Jubur, purisaja, palunturan medi,mela, pajalerean Dakar,
pasta, lada, purus purusa, linggana, sursmara, wirasmara, semaradana, Plandhungan,
gintungan sirswa,, landhuka, pawestren, preji, as es baga, turka, sarija, bleki, pasthi
badhong, I, krentika, semaracatra, wagaprana, purana, kapantya. Pupu, paha,pagang,
wentis supt tur dhengkul jengku, drakuka, gares jungkala, jungkalika, sikil suku,
sampeyan nila, pada, paduka simawaran jeng, larisan ju, jengga. Polok pdaksa, padarana,
padaraksa. Tungkak jungkare, sangkila, dlamakan pacakan talapada, apnagkaja, padaka,
talajung, kati, manah, galih praya wardaya, dirya tyas haswas prana, ambek sota, cita,
erdaya. Jantung, tuntut, atnyana, remperu, paru-paru, ampadu, parwadha, usus isma,
pusdhara, otot bukara, parandha, anggota, bayu, wahjhuya, sadi, balung, tosan, tulang,
dalengka, sandhiha. Sungsum, saswama, sadisma, gagala, daging, palmaka, srada, gajih,
walam, lemak, pinyaka, getih, erah, marus rudhira. Kulit walulang, cucal carma, turila,
wulu, bulu, alla, krima. Badan aak, hyangga, sarira, ongga, angga, lingga, ligana, wonda,
tubuh, sulaksana, raga, pasikepan, nyawa, atma,jiwa,jiwita, atma, suksma. Mani, rahsa,
reta, manimaya, sutpah, sinduretna, eluh, waspa, armata, matiswaya, kringet, riwe,
aringet arimut smanika, karwaya, erangga, idu, kecoh, lundha, sriwaya, ambekan uswasa,
wayuwiya, napas,wayangan graya, aryana, mayangna, luyana, andheng-andheng,
karandheng, wantingga. Namung punika seserepankula, naming ugi boten kangge
tatakrami padintenan sadaya wondene yen wonten gesehipun kaliyan kagungan
sampeyan buk mugi ambarkahana dhateng kikiranganipun atur kula punika.
Katandhan Open

Punika candhakipun cariyos Pangadilanipun tiyang kecalan pendheman Kancana


Patih Wasita andadosaken sukaning galih lajeng angandika srwi gumujeng, epalasma,
yen dhasar mangkana karepira, ingsun iya angapura marang sutanira si Jaka Bodho,
karana kang dadi sudarsanane saka ujaring salika, iku nahan uwong aran ki Ina, darbe
kebo sawiji, seka ing sumelange Manawa pinundhut maring lulurahe ing nagara, dadi
siningidake kacancang satengahing ngalas iku kawruhan denign wong amek kayu, , aran
ki Satya, den lih maring pinggir kali,awit agawe sumelang sarta angewuh-ewuhi
margining ngambil kayu mau, nuli kawruhan maring wong mamancing mina, aran Ki
SAtuhu, iku den lih cinancang ing pategalan, awit sumelang Manawa sinarabat ing
buwaya tan wurung dadi prakara, ing kono kawruhan maring bocah aben aran Jaka
Tanbuh, iya iku sutane Ki Ina, kebo mau banjur pinurak ing bocah akeh, bareng ki Ina
anggugat ilanging kebo ana ing ngalas muluringprakara dadi Jaka Tanbuh kang
kajedhegan iku kabener winisesa ing nagara, bareng ki ina wruh marnag anake banjur
anuwunake pangapura, sarta anarima ilanging kebo mau, kang anyekel pangadilan iya
angapura, awit dening kalebu ing babasan kebo mulih maring kandhange, iku papadhane
kaya sira palaswa wus anarima ilanging masti nemuhi sutanira dhewe, umbul palaswa
wotsari andheku. Nunten patih Wasita adhadhaah dhateng arya Mudhadarma,kinen
andhawahaken dhateng tiyang titiga wau, ki Sukarta, l;an Ki Kartana, sami kinasakaken
dados umbuling dhusunipun piyambak piyambak sarta kalilan manjing pasamuwan
pancaniti, awit kaebab kalih pisanpunika tiyang temen budinipun, dene pun Jaka bodho
kaleres angopeni sarta rumeksadhateng rajadarbeking tiyang sepuhipun amargi sampun
anampeni warisan mas ingkang jalaran saking paparinging dewa. Arya Mudhadarma
lajeng andhawahaken, aturipun sami nuhun sandika. Nunten patih Wasita atur uninga ing
Prabu Basukeswara, saliring prakawis punika saking wiwitan dumugi ing wekasan,
sampun katur sadaya, Prabu Basukeswara langkugn suka, sarta alembana dhateng patih
Wasita kaliyan arya Mudhadarma, ing wekasanipun sadaya sami ginanjar wastra
warastra andadosaken suka sukur.
Serat Babad Pajajaran angka 1 regi f 2
Serat Babad Demak angka 2 regi f 2
Serat Babad Pajang regi f 2,50
Serat Babad Mataram angka 1 regi f 2,50
Manawi tumbas sakawan bk pisan bayar kenceng naming regi f 7,50 prangko pos
Jonas porter enko

Kauningana para priyantuun manawi, tuwan Sirfan ek enko ing Surakarta, ments
anampeni dagangan sutra warni-warni mawi sekaran benang jene punapa malih kaca
ageng alit mawi lis parade, sakalangkung endah sarta pantes kagem para ageng.
Katandhan tuwan Sllirfanek enko

Tuwan Gregori ingkang ngerehakenkumidhi kethek tuwin sagawon, asu kauninga


manawi mangke sonten tuwin enjing-enjing soten badhe main wonten ing kumidhen ing
SUrakarta ingkang pancen katontonaken para tiyang alit menggah bayaripun kados ing
ngandhap punika:
Manawi lengggah bangku utawi kursi wonten ing nginggil bayar 1 rupiyah
Manawi lenggah bangku utawi kursi wonten ing ngandha bayar 50 sen
Katandhan tuwan Gregori

Toya Cacap rema, tumunten saged thukul punapa malih angicalaken lingsa, utawi sindep
1 gebyas regi 2 rupiyah, kenceng, kenging pikantuk saking tuwan Jonasportir enko

Kula Surawijaya tukang Blodir ing Surakarta, kamipurun angunjuki uninga, bab
pangaosipun barang pangagemipun para amtenar jwi, bawah gupremenan
Kadosta regi rupiyah sen
Sabuk cindhe bara buliyun regi 80
Sabuk putra wungu tuwin abrit mawi bara sekar sedhah 50
Sabuk ukuk renda barabuliyun 50
Sabuk ukub renda bara sekar sedhah 35
Sabuk ukuk pita wungu tuwin abrit barakar sedhah 19
Clana bupti pangkat adipati senuran 44
Clana bupati pangkat tumenggung senuran 40
Clana patih wates wadana senuran 34
Clana para mantra sanesipun senuran 30
Kuluk Berji 1 75
KUluk Mathak 1 50
Para priyantun menawi karsa tumbas kuluk kedah 10, minggah sabab kula mirantosi
wadhahipunmrakas. Sakathahing barang punika, parapriyantun Amtenar sadaya wau
kula aturi bayar kenceng sarta amitungkasa dhumateng tuwan F.L.Winter
ingSurakarta,kados dene ingkang sampun kalampahan.
Para priyantun jawi ing Ngayogyakarta,ingkang taksih kawaledan
pambayaringpatumbasipun Jurumartani, ing kala rumiyin ing samangke kula aturi bayar
dhumateng mas Atmajawirya ing Ngayogyakarta, ingkang kula pitados anagih tuwin
anampeni arta wau.
F.H.Jaspres

Para priyantun bawah Mangkunagaran surakarta, utawi paresidhenan sanesipun kang


sampun kula aturi serat bab sambutanipun ing samangke kula nyuwun serat wangsulan
utawi arta pambayaripun sambutan wau, supados sampun ngantos kalampahan
asmanipun para priyantun wau kula pratelakakening Bramartani
F.H. Jaspres

Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun
1872 sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
Raden Mas Tumenggung Ariya Sumanngrat Bupati ing Ngawi
Raden Tumenggung Cakrajaya, ing Klathen Surakarta
Raden Tumenggung Jayadipura, ing Ngayogyakarta
Raden Tumenggung Mangunagara
Mas Atmareja, ing Pasuruwan
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

Punika cariyos Babad Mataram


Angandika sang nata mring alap-alap sira mentara aglis, lan sir Jagabaya, lan ARya
Panularan, Singabei Wirapati, lan wong Mataram, miluwa urun mantra. Baboonga maang
nagara Santenan, poma sira den becik, yen ana kang bongga, annuli patenana, yen wus
mati kang prajurit, den boyongana deen enting aja kari. Sarupane wong wadone ing
Santenan, yen bojoning priyayi,lah sira tandhuwa, aja jongsi lumampah, lawan anggawa
ajoli, bok ipe benjang, sira tunggana joli. Alap-alap lan tumenggung jagabaya, panular
wirapati,wus amit tur semah, nulya bubar sadaya, datan kawarnaing margi, warnanen
sira, Mangunjaya kang prapti. Wus malebu jronig pura tur uninga, mring garwane dipati,
yen kang raka seda, tumpesan ingkang bala, yata kang garwa samya jrib, wong
dalempura, gumuruh samya nangis. Sasambate pan sami kawelas arsa, umyung
swaraniong tangis, lir pendah ampuhan, sakehing para garwa sasambate melas asih,
aniba-niba, ana gumuling siti. Putranira kanga ran rahaden Rongga, samya dipun tangisi,
adhuh putraningwang, endita ramanira, sapa wlasa ing sira gusti,dhuh putraningwang,
kakang emas dipati. Jengandika tilar putra maksih jabang, durung wruh ing ngamukti,
adhuh putraningwang, an gusti sira lola,kang putra barebes mili, sajroning pura, gumerah
ponang tangis. Para garwaprasami agugulungan ana kang sambat mati, ana sambat bapa,
weneh sambat lakinya, pun di ujarira asih, dhateng kawula, pundit tandhaning mangkin.
Pan kawula teka tuwan tega tilar, andika seda dhingin dhuh kakang dipatya, kawula dika
bekta, datan sage dingsun kari, sang adipatya, gawanen ingsun mati. Kapanggiya dika ing
ngakerat benjang, tulus sadika asih, dhumateng kawula, enengena jropura, ingkang
gumeder anangis, yata kocapa, wadya bala Matawis. Sampun prapta malebet sajroning
kitha, aneng pasar abaris, yata kawarnaha, wadya bala santenan, ingkang tinanggenah
wingking, kang tenggapura, sami sumedya mati. Mantri papat prasamya anedya
bela,dhateng sang adipati, pun Suraprameya, lan pun Ronggajaladra, Surataka
tiganeki,lan Pangalasan, apan trah ing prajurit. Wong sakawan sampun prauyitna sadaya,
warnanen kang wus prapti, wadya ing Mataram sampun wikan sadaya, yen ana kang
bongga wingking, sami prayitna, ngalun-alun wus prapti. Wong Santenan watara ing
kathahira, wong kalih atus nenggih, sigra atengara, demang Suraprameya, sareng
mangkat kang prajurit, angamuk rampak, sadaya ambek pati. Kinarutug mimis wadya ng
santenan, nanging tan kena gingsir, pan kathah kang pejah, pan den iles kewala, datan
wonten sedya urip, wadya Mataram, iya tan nedya gingsir. Pangamuke wong Pathi lir
singa lodra, galak tan olih bukti, pan kakeyan lawan, wong Pathi telas pejah, prajurite
angawaki, sigra narajang, ngamuk angobat-abit. Wong Mataram prasami sudiranira, pan
sampun anginembi, ki Suraprameya, angamuka diyaksa, Singa katerajang ngisis,ki Alap-
alap, kudane den cemethi. Wus anempuh kuda lan Surpameya, rame ungkih ing
ngungkih, ki Suraprameya, asru panumbakira, ki alap-alapatangkis, watangnya
kontal,nulya tinumbak aglis. Wus ginebang putung watange kasingsal, alap-alap nglarihi,
jajanira pasha, ludiranya daladag, suraprameya wus miris, angabencana, mundur
adedagangi. Kyai Ronggajaladra pangamukira, dahat angobat-abit, Ki Aryapanular, sigra
nuli nerajang, sampun tempuh ing ngajurit, tumbak tinumbak, sami sudi rng kalih.
KiPanular anumbak, Ronggajaladra asru denira tangkis, nanging kaberabat, kena gulu
iringnya, watara pasha sanyari, Ronggajaladra, mundur amemecati. Surantaka angamuk
siya manengah, sigra kiwirapati, nyandhak pangawinan, mamprung nuli narajang,
tumbake dhaten ngudhili, mudhun sing kuda, sami dharat kang jurit. Wirapati anyendhal
mring Surantaka, dinosog pan kualik, surantaka tiba, dhedhangkak tibeng lemah, anulya
sinuduk aglis, ki Surantaka, mnundur annuli mati. Jagabaya aprang lawan Pangalasan,
rame ungkih ing ngungih, tan ana kasoran, sami sudiranira, ki Alap-Alap nulungi,
ngembat watangnya, anumbak sangking kering. Pengalasan kena pepilinganira, mundura
nora eling anulya aniba, aneng tengae lawang, sasendhen pipining kori, sampun pralaya,
pan nanging maksih linggih. Sira demang Suraprameya matinya, kandhaga den liyangi, ki
Wirajaladra, mati ngurebi lawang, mangunjaya aningali, prajurit telas,lumayu mring
jropuri. Sampun prapta ing pura ki mangunjaya, gumrah swaraning tangis, sigra
mangunjaya, ngulati raden Rongga, saksana sira kapanggih, nulya binakta medal sakin
gjropuri. Masngunjaya medal saking babutulan, nedya angungsi wukir, ing gunung
Prawata, enengena saksana, ucapen wadya Matawis, salebeng pura, gumrah swearaning
tangis. Alap-Alap lan Tumenggung Jagabaya, sampun denya niteni, sakeh raja brana,
lawan wong dalem pisan, Alap-alap amarani, marang sang retkna, wuwusira loir gendhis.
Sang Juwita alara anangis, alap-alap tan wani tmaregna, pan maksih tebihprenahe, sakeh
wong dalemipun, samya nangis pating jalerit, ana kang niba-niba, sinjang nya kagulung,
tan etang supe kagungan, weneh nglingkab tapih nya dumugi kuoping, pijer supe karuna.
Kang sawneh nangis niba tangi, gundam-gundam sambat rama biyang, nggene sun lagi
antuk she, tinilar marang kakung, ana ingkang nangisi nyai, cinethot satwi ngucap, sira
durung tutug, lagya olih sih sadhela, wekasane sira tinilar ngemasi, dhapure acilaka.
Ongka 31, 1Agustus 1872
Kulawisudhan tuwin sanesipun
Barisan Bangkalan Madura
Radren Demang Wiratruna, Mayor Infantri, awit sampun sepuh, ingkang samangke sampun
kendel anggenipun anglampahi pandamelan ananging kaparingan pangkat Litnan Colonel Titeler.
Raden Macankara, Kaptin Infantri, kakulawisudha dados Mayor

Pekalongan
1. Raden Suryakusuma, mantra tebu, ing dhistrik Sragi, awit saking sakit ing mangke sampun
atilar dunya.
2. Raden Suradiputra, mantra tebui, ing dhistrik Masin, kabupaten Batang, kapindhah dados
manri tebu ing dhisrik, Sragi.
3. Raden Mas Suryaatmaja, juru serat kantor Karisidhenan Pekalongan, kakula wisudha dados
mantra tebu, ing dhistrik Masin
4. Raden Ngabei Suryadiningrat, kakulawisudha dados juru serat kantor karisidhenan kapatedhan
balonja 50 rupiyah ing sawulan.

Raden Panji Cakradibrata, putranipun bendara Kanjeng Raden Adipati Cakrawadana, bupati
Cilacap, ingkang dados mantra pulisi ing PUrwakerta, awit saking gerah sarta panuwunipun
pyambak ing sapunika kaundur saking pandamelanipun, ingkang klayan urmat.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten Jumungah tanggal kaping 26 wulan Juli ing taun punika sampeyan dalem
ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan, saha garwa putra kakung putrid, utawi parakanjeng ratu ibu
dalem pnapa dene putra dalem kanjeng gusti pangeran adipati anem, karsa tedhak ing
Malangjiwan, amirsani pabrik Calamadu, kagunganipun kanjeng gsuti pangeran adipati arya
Mangkunagara, wiyos dalem saking kadhaton ing wanci enjang jam ½ wolu,anitih kareta
ginarebek para putra Santana tuwin abdi dalem jawi lebet ingkang sami anumpak kapal
sakalangkung kathah, rawuh ing Malangjiwan, wanci jam 9 kanjeng gusti pangeran adipati arya
mangkunagara saha garwa putra sampun amirantos wonten ingpasanggrahan, amethukaken rawuh
dalem ingkang sinuhun, lajeng kaaturan tedhak ing pabrik sareng sampun antawis anggenipun
mariksani pabrik tumunten tindak dhateng ing dalem pasanggrahan menggah rengganing
paurmatan utawi atur pasugatan utawi atur pasugatanipun anglangkungi semuwa, dene kondur
dalem saking Malangjiwan ing wanci jam 1 siyang, rawuh ing kadhaton jam 2 sarta wilujeng
boten wonten satunggal punapa.

Banyumas
Serat kakintunan mawi tondha Wigyasastra, anyariyosaken manawi wonten rare estri awasta
Ralem watawis umur 14 taun anakipun Kertawongsa ing dhusun lepen Kapal, adireja, nalika
tnggal kaping 20 Juli taun punika, kakesahan dhateng griyaning pamanipun sareng saantukipun
rare wau kasangsaran kablabag ing lepen Sirayu.

Prang Dheli
Pakabaran saking Dheli, anyariyosaken manawi, nalika tanggal kaping 9 wlan Juli ingkang
mentas kapengker punika, paa militer titindhih Twedhelitnan Wonstin ingkang manggen wonten
dhusun bawahipun tuwan Panderslis ing nalika wau kadhatengan mengsah titiyang ing Batak
salajengipun katulak kalampahan tiyang ing Batak wau sami mundur sarta wonten ingkang
kacepeng satunggal dene para militer sami wilujeng boten wonten ingkang anemahi sangsara.
Nalika tanggalkaping 9 anunggil wulan Juli wau, ing dhusun bawahipun Tuwan Peyer, kaprenah
ing sunggal ugi kadhatengan mengsah lajeng kapethukaken dening tiyang bawahipun tuwan
Peyer wau, sanadyan boten mawi babantu para militer, ananging sakathahing mengsah
kalampahan sami mundur, enjingipun tanggalkaping 10 dhatengipun para militer ingkang
katindhihan tuwanLitnan KOlonelOmbrah, ing labuhan Dheli, ing ngriku boten wonten reresah
katingal sami tentrem sadaya. Serat partikelir,ingkang katampen saking Dheli, anyariyosaken
manawi tuwan Dhelinge, upsir lautan ingkang kawartos sampun pejah kenging mimis kakalih,
ingkang punika saestunipun tuwanDhelinge wau naming kataton kemawon sarta boten
amutawatosi, punapa malih ingkang sampun kasebut ing pakabaran, raja Atsin abalila dhateng
kanjeng gupremen punika dereng wonten kayaktosanipun utawi ing ngatasing reresah punika
titiyang ing Batak sapanunggilanipun wau, boten sumedya yen badhe amengsah ing kanjeng
gupreme naming balila dhateng rajanipun piyambak inggihpunika sultan ing Dheli.

Bab kareta latu ing tanah Jawi


Kanjeng gupremen sampun karsa angundhangaken dhateng para upsir seni utawi Insinyir, ing
ngatasing padamelan waterstat sinten ingkang kadugi anjanggi pandamelan sepur weh bawahipun
kanjeng gupremen ingkang badhe katamtokaken balanjanipuning dalem sawulan kadosta:
Ingkang pangkat Malor pikantuk 1000 rupiyah
Ingkang pangkat kaptin pikantuk 750 rupiyah
Ingkang pangkat Litnan pikantuk 500 rupiyah
Anjawi balonja punika, badhe kaparingan arta pasangon kathahipun 200 ing saben wulan
ananging samanten punika dereng kenging katamtokaken anjawi ingkang kapatah anyanggi
padamelan dene benjing sarampungipun para upsir wau badhe kawangsulaken ing pangkatipun
lami.

Ingkang kacariyos ing srat pakabaran Walandi, tuwan Eler, tuwin sadherekipun estri, ingkang
sampun kawartos anglangkungi kasagedanipun sulapan sapanunggilanipun nalika tanggal kapng
30 Juli sampun mangkat dhateng ing Bahrawa, dene benjing tangggalkaping 2 wulan Agustus
punika badhe dhateng ing Surakarta, ing salajengipun dhateng ing ngayoja,
Menawi saudara tuwan Redhaktur anggalih pantees serat kula punika,mugi kapacaka ing
Bramartani, ingkang medal kemis caket punika.
Nalika tanggal 2 Juli 1872 ing dhusun Glempang dhistrik tuwin kabupatosan purwakerta,
banymas, wonten satunggal lare jaler sapiyan, wektu siyang kinten jam 1 wau lare bilahi pejah,
amergi katlorong ing sengget ubun-ubunipun, wondening jalaranipun kados ing ngandhap punika.
Lare sapiyan wau sawek dipun emong dhateng sadherekipun estri wonten ngandhep wit
manggis,nunten wonten satunggal lare dhateng kinten umur 6 ungsum lare jaler ingkang mentas
dhateng wau, lajeng menek ing uwit manggis, mawi ambekta sigaran pring kadamel senggett
sareng sampundumugi ing nginggil lare kang menek wau weya, sinambi mendheti pang kajeng
ingkang garing, badhe kadamel suluh, dumadakan sengget wau mrucut, andhawahi ubun-
ubunipun lare sapiyan lajeng pejah sanalika boten mosik boten nangis.

Bramartani ongka 28 ingkang medal kemis kaping 11 Juli 1872 wonten panjurungipun mitra kula,
ingkang silih nama Mudhapunggung, kasebut yen mas Wiryasentana gadhah 1, lembu jaler wulu
jragem sarta buntutipun kalih, ingkang satungggal wontening nginggil, satunggal wonten
ngandhap sarta janggeling buntut ingkang ngandhap, mawi bubat, punika ing saestunipun kirang
patitis,menggahkatranganipun lembu wau wulu pethk mulus sarta ingkang gadhah sanes mas
Wirya Sentana, ingkang gadhah mas Sayadi, punapa malih wau lembu saderengipun wulan Juli,
sampun pejah, murus.
Sinerat ing Kandhang Kebo ping Jugadasa astha, Juli, warsa Sewu Astha tus sapta dasa dwi.
Katandhan Raden Argaatmaja.

Panjurung Bramartani
Kula nyariyosi panjurung kabar, katur panjenenganipun tuan redhaktur, supados kapacak ing
Bramartani.
Nalika dinten Saptu legi, salebetipun wulanJumadilawal punika, bekel jati, Ngajal, jalaranipun
anglaras dhuwung, sampun dados wonten dalemipun Raden Riya sindupati, Ngayogya. Ing
sadangunipun ngikiri, bekel jati wau, wacanten badhe sumaput, lajeng dipun ken aso, kalayan
dipun lus-lus, padharanipun, boten antawis dangu laen gdados lanpejahipun punika.
Kaserat kaping 24 Jmadilawal Warsa Wawu, sinangkalan. Jalma, Musna, wisaning, Bumi. Kula
pun P W J.

Ing sarehning dahat kodhenging manah kula, mugi para sarjana ingkang sami sarawungan wonten
ing salebeting serat Bramartani, paringa tedah kula miring paribasan kadosta 1 kumeleming prau
gabus timbuling watu item 2 candhuk lawung, 3 gong magurugongsa, kranten punika dadosaken
kodhengin gmanah, mila sanget anggenkula, kasmaralaga dhumateng manah kula piyambak,
teksa tansah boten mangretos awit saking punggung kula, menawi para sarjana karsa ambabar na
paribasan tigang prekawis wau, sampun tamtu kimawon dadosaken marwata suta ing pamanah
kula, boten langkung, kula naming ngajeng-ajeng sih palimarmanipun para sarjana. Menggah
batangipun paribasan ingkang kawrat punika. Sinerat ing kampong Kranji 23 Juli 1872.
Katandhan kawula pun Mudha Punggung

Bab gong maguru gongsa, punika sampun wonten katranganipun kaebut ing seratipun
Kidhamardhawa, kawrat ing Bramartani punika.

Ingkang manawi andadosaken dhangan ing panggalih panjenenganipun tuwan redhaktur ignkang
anguwasani ing pangecapan Bramartani, ing nagari Surakarta, saking panjurung kula unge-
ungelan sakedhik kados ing ngandhap punika, panjenenganipun tuwan redhaktur kula aturi macak
ing serat Bramartani.
Saking pakabaran ingkang sampun kasebut ing serat Bramartani ongka 30 kemis kaping 25 Juli
1872, yen srat pakabaran salompret Malayu, amratelakaken manawipanjenengan dalem kanjeng
raden adipati Sasranagara, ing nagari Surakarta, badhe karsa anmrenatadhateng sakathahing
kabupaten ing dhusun badhe kawijang-wijang kadamel kadhistrikan, wondening satunggaling
dhistrik mawi kaparingan priyantun pulisi 6 iji, pangkat kalenggahan panewu mantra rongga,
utawi langsir, saking pangaturan punika, sampun saestu badhe adamel rejaning nagari tuwin
tentreming padhusunan punapa dene adamel kabingahanipun priyantun ingkang ageng utawi alit.
Ing wusana andadosna kauninganipun kanjeng parentah ageng ing nagari surakarta, ingkang
sarehning ing tembe badhe kathah wewahan priyantun pulisi dhistrik, saking panuwun kula mugi
wonten a ing karsanipun kanjeng parentah ageng wau anggalih saking kaindhakanipun
kalenggahan, dhateng para priyantun pulisi ingkang sami kabawah dhumateng para tuwan
ingkang sami amaosi siti dhusun, pramila kula anggadhahi atur ingkang sumanten wau, awit para
priyantun ingkang sami kabawah dhumateng panjenenganipun para tuwan tuwan, persil sadaya,
kados boten sanes pamarsudnipun ing karaharjan utawi sirnanipun ing reresah, punapa dene
anggenipun anglampahi, ignkang dados karsanipun nagari, kalayan para priyantun pulisi
sanesipun ing Presil. Ingkang punika sanget sanget ing pangajeng-ajeng kula tumuntenipun
kaleksanan, saking prakawis ingkang sampun kasebut ing nginggil wau sadaya, amungpunika
panjurung kula, ananging manawi saestu kagalih, ingkang mesthi andadosaken pethelipun para
priyantun presil, tuwin para magang magang sadaya, ingkang awit ing tembe wonten ingkang
dipun ajeng-ajeng.
Sinerat kaping 28 Juli taun 1872.

Bramartani ongka 28 ingakng medal Kemis kaping 11 wulan Juli punika, wonten panjurungipun
mitra kula mintajarwa, ksasampunipun asuka panarimah dhateng anggara kanthil saking
panjarwanipun gongsa salendro, salajengipun mitra kula mintajarwa, amundhut urun
dhatengseserepan kula, ingkang punika sarehning kla sampeyan tuju ing karrsa, ugi lajeng gupuh
angaturaken saking pamireng kula ingkang wonten ing serat pustakaraja kados ing ngandhap
punika.Gongsa salendro wau inggih leres yasanipun Bathara Endra ricikanipun naming 5 nama
gendhing sauran pamatut kala songka , dene tegesipun rebab kenong kelek kendhang, gong, ing
nalika yasa nuju wulan Kartika, taun Surya 211 etanging taun rembulan 287. wondenten gong
magurugongsa, punika raja kano ingkang yasa tauhaning paprangan winastan pradongga,
ricikanipun 9, awasta, kala, songka gubar, bairi, puksur gurna thongthonggrit teteg,
magurugongsa, aing nalika yasa nuju wulan Manggyakala, etanging taun surya, 328 ing tau
rembulan 338 menggah ing jaman mangke kados dening wonten ingkang sumerep ing wujudipun
naming punika ingkang dados urun kula. Utawi kula anambahi malih batanganipun bab dhuku,
pamanggih kula ugi sami witipun 31 naming pambagenipun para tiga, 27, 27 kapendhet sak
duman kantun 54 kapara tiga 18 18 kawpendhet sak duman kantun 36kapara tiga malih 12, 12,
12, jangkep 31.Katandhan Open Muridipun Kridhamardhawa.

Panjurung wangsulan
Ing Bramartani ongka 26 wonten panjurungipun mitra kula pun Jaspres, siswa ing
Mangkunagaran ingkang saweg kasengsem dhateng etang, apitangled pinten kathahipun arta
ingakng kadamel sangu dhateng tiyang jaler ingakng kesah dhateng Samaraang, ing mangke
manawi kapareng rujuk kula ngaturi panjawab, awit bab punika saemper kados dening ingakng
sampun kasebut ing buk etang regel pandriyen, wulang kaping gangsal welas, upami trocoban,
dumados atur anjawab kula inggih wawaton buk etang regel andriyen, menggah sangunipun
tiyang jaler wau 15 rupiyah naming kasipeng wonten ing Bayalali anelasaken sapalih ing
sangunipun, punika 7 ½ rupiuyah punjul ½ rupiyah dados 8 rupiyah kantun 7 rupiyah wonten
ing ngapel ugi nelasaken sapalihipun kantuning sangu, punika 3 ½ rupiyah, punjul ½ rupiyah
dados 4 rupiyah kantun 3 rupiyah tumunten woten ing salatiga nelasaken sapalih punika 1 ½
rupiyah punjul ½ rupiyah dados 2 rupiyah kantun 1 rupiyah sareng wonten ing ngunaran
anelasaken sapalihipun kantuning sangu kados ing ngajeng wau, punika ½ rupiyah punjul ½
rupiyah dados 1 rupiyah, sampun telas. Ingkang punika atur panjawab kula ing ngajeng wau,
manawi kagalih leres inggih sokur alkamdulillah, dene manawi kagalih lepat mugi sampun dados
rentenging panggalihipun mitra kula pun Jaspren awit pamanggih kula kados makaten muhung
tekad gugujengan, kangge lantaran rukuning mimitran wonten ing Bramartani.
Sinerat tanggal kaping 7 Juli 1872 katandhan Wartatama.

Sarehning sanget kapengin kula, badhe sasrawungan klayan para sarjana ing Bramartani dados
kula, sumla-sela, nyaosi jawak pabatang, cangkrimanipun mitra kula, wartatama, bab aturipun
kyai pangulu kadangu miring lan botenipun uwelipun gongsa munggang, awanci luhur, punika
sangking pandugi kula, aturipun kyai Pangulu inggih boten miring, sabab sawek pinuju
sembayang luhur minggah miringa dados boten tumemen anggenipun anglampahi sembayang
among punika pabatang kula, dene yen taksih nalisir mugi sampun dados panggalihipun mitra
kula wartatama saehning kula boten gadhah wawaton, boten langkung kula nuwun sih
pangagsama kanga gung, ing wusana kula nyaosi taklim saha karaharjan.
Kasrat ing kamulyan kaping 8 Jumadilawan Wawu, sinengkalan “Jalma, Ngalih, Ngesthi, Bumi”.
Katndhan mitran ta ingakng lagya manuh, Rajinem.

Punika cariyos Patrapanipun pandunga guna mimindha tiyang estri ingkang sampun pejah ,
angaken gesang malih.
Jaman ing nagari Wirataha, kala panjenenganipun Prabu Basukesthi, inggih punika ingkang rama
Prabu Basukeswara, papatih ing Wirata awasta patih janaloka, Arya Mudhadarma dereng gados
punggawa, taksih rare wasta pun Mudha, kapratelakaken ing ngandhap punika.
Salebeting ing nagari Wirata wonten wadya tampingan awasta sang Sudhana, kasusra ing
kasugihanipun ing nalika punika pun Sudhana saweg anandhang sungkawa, dening kapegatan
trsna semahipun awasta Darmi pejah, pan Sudhana tansah tajin tadhah nendra. Yata kacariyos
wonten pandung sakti wasta pun Daruna, ing salaminipun tansah darbe pangangkah sedya
mamandung dhateng griyanipun punSudhana, ananging kaweken dening kasipun pun Sudhana,
yen dalu boten tilem tilem, ing satunggal dinten pandung pun daruna antuk pambudi,lajeng
mimindha wwarni estri kados warninipun pun Darmi semahipun sundhana ingkang sampun
pejah wau, ing sanalika kapanggih kaliyan pun Sundhana, sareng pun Sundhana uninga yen
ingkang estri gesang malih, lajeng anjrit karuna sarwi angrangkul wuwusipun dhuh darmi bagya
kamayangan temen ingsun dene pira teka urip mane, pandung maliyan inggih animbangi anangis
sarya muwus, inggih dewa kang welas dhateng andika, kula kawangsulaken punika ambekta
dhawahing dewa kalih prakawis ingkang kapisan saleebtng kawandasa dinten kula boten kaliyan
tunggil tilem kaliyan andika, kaping kalihipun, ing dalem kawandasa dinten punika ing saben
tengah dalu kula kinen kesah dhateng astana sampun ngantos kauningan ing tiyang sarta boten
kalilan mawi rowang, bangun enjing inggih mantuk mariki, dhawahing dewa dhateng kla yen
kalampahan makaten,ing sapanginggilipun lulus wilujeng.
Wangsulanipun Sundhana,elah iya yen mangke na kewala, sanadyan satusa dina ora dadi apa,
anger padha rahayu.
Saampunipun makaten sanak kadangipun sadaya sami suka bingah lajeng tutuwi kala samanten
lestantun pandanung maliyan ing saben tedhah dalu mantuk dhateng griyanin piyambak ambekta
raja brana warni-warni, bangun enjing wangsul dados estri malih, ananging pamendhetipun raja
brana wau, pun sundhana boten sumerep amargi ingkang kapendhet raja brana ing pasimpenan
sarta ambekta pirantos piyambak. Sareng antawis tigang dinten saking karsaning dewa pun Darmi
ingkang satuhu pejah ing mangke gesang malih antukipun boten manganggeya pethak kados
panganggening layon, malah mangangge sarwa adi, pun Sundhana uninga boten patos gita,
among kataken makaten, apa wus sampata enggonira angraratengi.
Wangsulanipun Darmi, sarehning kula saweg dhateng saeking suwarga dados dereng ngantos
angratengi. PunSundhana muwus malih, lah dene mau sira mentas saking sendhang ambanjur
maring pawon, sun watara angraratengi sega. Pun Darmi amangsuli, kula boten rumaos dhateng
sendhang, tuhu-tuhu saking swarga kaantukaken mariki sakin gkarsaning dewa, amargi kula
wonten ing ngriku anggung karuna, sang bathara sang bari ingkang kula ngengeri sami
kamiwelasen kula sinen mantuk sarta dipun bektani karikil sakojong ing mangke taksih kula
kandhut. Nunten pun Darmi mendhet kandhutanipun, sareng dipun katingalaken dados sosot
sadaya wuwusipun pun Darmi,lah puniki punapa warnine karikil ing swarga. Pun Sundhana
sareng sumerep makaten punika ngungun anjol blong, sapandurat boten saged wicanten. Nunten
pun Darmi lamiyan medal saking griya, sumerep manawi ing jawi wonten tiyang estri angaken
semahipun punSundhana,panggraitanipun punDarmi maliyan boten anyana yenpun Dari ingkang
satuhu gesang malih, among kakinten manawi wonten dhustha ingkang amomor samu kados
sedyanipun pun Darmi maliyan, sareng pun Darmi maliyan anguwuh ngajak nedha pu Sundhana
kaget sawi muwus lah iki saa,lah iku sapa, iki si Darmi, iku iya si Darmi.
Punika taksih wonten sambetipun malih.
Pen mas mawi isi potlot tuwin gagang pen 1 regi 3 rupiyah sakalangkung prayogi kangge
para priyantun ingkang sami kakesahan, kengin gpikantuk saking tuwanJOnasportir enko

Kula tuwan slirfanek enko ing Surakarta, angaturiuninga dhumateng para priyantun sadaya,
manawi kula sagah adamel lelang, anyadekaken barang kagunganipun para priyantun
samanten punika mawi bayar persen ing ngatasing papajenganipun barang wau ing dalem
satusipun naming 2 rupiyah langkung 50 sen.

Kauningana para priyantuun manawi, tuwan Sirfan ek enko ing Surakarta, mentas anampeni
dagangan sutra warni-warni mawi sekaran benang jene punapa malih kaca ageng alit mawi lis
parade, sakalangkung endah sarta pantes kagem para ageng.
Katandhan tuwan Sllirfanek enko

Kula Surawijaya tukang Blodir ing Surakarta, kamipurun angunjuki uninga, bab pangaosipun
barang pangagemipun para amtenar jwi, bawah gupremenan
Kadosta regi rupiyah sen
Sabuk cindhe bara buliyun regi 80
Sabuk putra wungu tuwin abrit mawi bara sekar sedhah 50
Sabuk ukuk renda barabuliyun 50
Sabuk ukub renda bara sekar sedhah 35
Sabuk ukuk pita wungu tuwin abrit barakar sedhah 19
Clana bupti pangkat adipati senuran 44
Clana bupati pangkat tumenggung senuran 40
Clana patih wates wadana senuran 34
Clana para mantra sanesipun senuran 30
Kuluk Berji 1 75
KUluk Mathak 1 50
Para priyantun menawi karsa tumbas kuluk kedah 10, minggah sabab kula mirantosi
wadhahipunmrakas. Sakathahing barang punika, parapriyantun Amtenar sadaya wau kula
aturi bayar kenceng sarta amitungkasa dhumateng tuwan F.L.Winter ingSurakarta,kados dene
ingkang sampun kalampahan.

Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun 1872
sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
Raden Tumenggung Purbaatmaja, bupati ing Kithaarja
Mas Kartamarma, Ciringin Banten
Raden Mas Samasi, Mantri Kabupaten ing Ciringin.
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

Punika Cariyos Babad Mataram


Para selir sanget denya nangis, gubulungan ing saparanira, kagulung sumur sirahe, nuju sat
sumuripun, pan kajungkel sirah neng siti, brahalane anglela, gumebyar lir beruk, wong Mataram
kang tumingal, amancereng ir kucing mulat cicindhil, annuli tinulungan. Wonten inya wau kang
satunggil, angangenangen sajroning nala, kaya priye wekasane, agung sami anuhun, mongsa iki
kandhega tangis,ingsun mangsi wurunga, binoyong ing besuk, nihinya aris angucap, mring
tumenggung Alap-Alap ing matawis, nihinya matur nembah. Ki Tumenggung mangke kadipundi,
renan dika gusti ing santenan,lah kadipundi ing mangke, alap-alap amuwus, allah nyai kadi
punapi, irena jengandika, kawula tan purun, yen kawula masesaha, yakti kajrih kawula dhateng
sangaji, pamongah ratu emas. Kiken Inya wuwuse amanis, lah kiyai joli pekenira, linebokna pan
den age, manggke kawula matur sun ririhe snag raja putrid, manawikenging lejar, dening aturing
sun, sigra ni amben lumampah sampun prapta ngarsane sang raja putrid, rada kapara ngarsa.
Solahira alap-alap kapati, niken inya andheprok neng lemah, melas asih ing ature, dhuh nyawa
gustiningsun, lah kendela gusti kariyin, punapa ing awekas, tansah agung wuyung,daweg gusti
linampahan, wus wiyahe wong lanang mati ngajurit, wong wadon dadi tawan. Sang putri tan
kandhega nangis, lara lagenira karuna,wong jro puta nangis kabeh, inya tan kandheg matur,
senggruk-senggruk bari anangis, dhuh gusti ku mas nyawa, mindela karuhun, inggih manut ta
priyongga, sampun kongsi ginepok wadya Matawis, gusti dadospunapa. Kiken inya asru jelah-
jelih, lah menenga wong sadalem pura, pan aja ngrundhah atine, pan gusti lagi liwung, teka padha
anjurung tangis, balik padha dandana, lango-langa sangu, lah sira mongsa wurunga, dipunbedhol
binoyong wadya matawis, payo panlinampahan. Sang Juwita manahe wus gigrig, pan lagi misek
misek kewala,ni embank tumulya age, pinondhong sang dyah ayu, nuli munggah dhumateng joli,
para garwa sadaya,jinoli tinandhu, wong dalem prasami medal, cinawisan tandhu wus sami anitih,
wenehnunggang tetundhan. Sakathahe rabining priyayi, sampun sami tinandhu sadaya, wus babar
sinagarane, sadalan angina umyung, lare alit sating jalerit, ana kang jaluk sega, weneh jaluk
banyu, jaluk susumyang dodolan, apankathah baboyongan sangking pPathi, lir pendah wong
angarak. Tandhu joli pan dulur pan asri, jajarane asri tiningalan, tumbak benang neng
ngarsane,langkung pangreksanipun, mager saripara parjuit, kocapa srinarendra, wus bubar
karuhun, apan wus prapteng Mataram, srinarendra anggeganjar sakeh mantra, miwah para
Santana. Duk Bedhahe nagara ing Pathi, sinengkalan sirnaning pandhita, tinata raytu babade,
1570, samana sang aprabu, pan andangu sang raja putrid, purwane lakinira, ing pambalikipun,
katur yen pun Endranata, kang ngadoni kang boten agawe becik, sang nata asru duk. Duk semana
sira sribupati, sampun miyos wau siniwaka, pan kandheg satinggil bae, pinarak siti luhur,
martalulut kang den timbale, lan ki singanagara, ngandika sang prabu,Martalulut singapraja,
suduk ana si Endranata den mati, ana ing pagelran. Wadya mataram pan sami ajrih, aningali
dukanira sultan, pan sami konjem mukane, Endranata wus lampus, pan binedhel usus den ambil,
wus kinarya balabar, aneng pasar agung. Wus mangkana ing alami-lami, srinarendrta,
miyosinewaka, pepak wadya bala kabeh, miwah santenanipun, panembahanpurubayeki, kang
tansah munggying ngarsa, punika tinantun kanjeng sultan angandika, lah ta uwa Purubaya kadi
pundit, prakawis Surapringga. Ingkang rama Partane wus lalis, ingkang kari among anakira, ki
Mas Pekik Paparabe, punika karsaningsun, sun boyongi marangMatawis, pan arsa uningaha,
panembahan matur, punapa ing karsa nata, uluning gih umiring sakarsa aji, apenet katimbalan.
Tan kawarna sorlahireng margi, Surabaya pangeran Kapidhak, aneng ing padhukuhane, ngrerep
peh wastanipun, Alap-alap annuli prapti andhawuhken timbalan, kawula ing ngutus, dening raka
jeng ngandika, ing Mantaram punika karsa kapanggih, kalawan jengandika. Pan andika
tinimbalan agls, mring Mataram lawan ingkang garwa, kinen bekta sagarwane, sawiji sampun
kantun, tan lenggana raden mas Pekik, sigra anulya dandan, sanak putunipun, ki alap-alap
utusan,mring tumenggung sapanjang annuli prapti, sami kinen andandan. Angiringna mring raden
Mas Pekik, den kareksa aneng ing dadalan, anuluya adandan kabeh, sigra wus dandan sampun,
alap-alap raden mas Pekik, miwah wong Surabaya, rumeksa ing pungkur, datan kawarna ing
marga sampun prapta ing desa butuh Sira glis, angujung mring ngastana. Pan asare ngastana
sawengi, ki mas Pekik asare neng dagan, tengah dalu ing wayahe, ana swara karungu, asung
pemut dhateng mas Pekik, allah ki Surabaya, wruhanira besuk ing pajang ana narendra, putunira
asetya dadi narpati, ana ing Wanakarta. Kang ing ngarani ya ratu kuning, iya iku kaki putunira,
kilen ing kitha purune, kagyat sira awungu, wus raina anulya angling, mring kang tunggu
ngastana, lah sira angrungu ing swara tan katingalan, ajang kene cinetha ana narpati, anenggih
putuningwang. Ingkang ngaranta sang ratu Kuning kadhatone nenggih wanakarta,ki Kunci aris
ature, Raden Mas Pekik muwus, lah kariya kang tunggu kunci, sigra anulya bubar, tan
kawarnengenu, ki tumenggung alap-alap, angaturi wuninga dhateng matawis, matur mring
srinarendra.


Ongka 31 Kemis kaping 8 Agustus 1872
Kulawisudhan utawi sanesipun.
Samarang

Mas Ngabei Wongsanagara, Onder Kolektur ing Demak awit saking sampun sepuh
kaparingan Onderstan kathahipun 62 rupiyah langkung 50 ing dalem sawulan.
Mas Gondawirya Oonderkolektur ing Bahrawa, anggentosi dados Kolektur ingDemak.
Mas Tirtadiwirya, kaliwon ing Salatiga, kakulawisudha dados Onderkolektur ing
Bahrawa
Swiryadikrama, mantra pulisi ing Manggar, kakulawisudha dados Kaliwon ing Salahtiga.
Raden Panji sumapraja juru serat Kontrolir ing Grobogan kakulawisudha dados Mantri
PUlisi ing Manggar.
Mas Wiryaleksana, asisten wadana ing Manggar, awit saking sampun sepuh kaundur
palenggahanipun kalayan paurmatan.
Mas Prawiradiwirya Demang Kana ling Gelapan kakulawisudha dados asisten wadana
ing Manggar.
Mas Wiradimeja Mantri Kana ling Sambiraja bawah Manggar kakulawisudha dados
Demang kana ling Gelapan.
Raden mas Adisurya Juru sera ting Kantor Paresidhenan Samarang, kakulawisudha dados
mantra Kanaling Sambiraja.
Raden Sumawinata Mantri Pulisi ing Jati, kaundur saking pangkatipun dene Raden
Mangun Kusuma, ingkang wau sampun kendel dados Mantra Ukur ing Jati, punika
kakulawisudha dados mantri Pulisi ing Jati.

PASURUWAN
Raden Martawijaya Bekel ing Grati, kakulawisudha dados wadana ing kitha Pasuruwan
Kretasetra Bekel ing Bangil kakulawisudha dados wadana ing Gempi.

Cariyos tuin pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten Akad tanggal kaping 4 wulan Agustus punika, tuwan Eler kaliyan
sadherkipun estri, sampun wiwit main wonten ing griya kumidhen , anggelaraken
kasagedanipun sulapan awit pukul 8 sonten dumugi pukul ½ 12 rambah kaping, 11 bab,
menggah sadaya kasagedanipun saestu angeramaken ingkang medal rumiyin, walandi
anyepeng kajeng alit kados jidharan sareng dipun elus medal tigan salajengipun dados
peksi, nomer 2,walandi angusapi rai medal sabun wangi, utawi angrisak srebet lajeng
angumbulaken jambu dresana, dipun pestul srebet wau wonten salebeting jambu sarta
wetah malih. Nomer 3 main setoter pratingkahipun sami anggumunaken sadaya. Nomer 4
wonten kothak saged menga minep piyambak sarana dipun abani, salajengipun isi
bonekah saged udud srutu kados tiyang sayaktos. Nomer warni supe dipun lebetaken topi
kaliyan tigan sarta dipun latoni sareng katumplak dados sekaran warni-warni utawipita
ugi awarni-warni. Nomer 6, walandi anyepeng topi kothong, sarta tanganipun anyathok
mangginggil angsal arta salaka sakalangkung kathah tumunten topi kairingaken wonten
arta ingkang lumebet ing topi tanpa sangkan utawi angelus brengos ugi medal arta,
salajengipun para tuwan ingakng ningali sami dipun dumuk sariranipun inggih medal
arta salaka, tumunten dhateng ngarsanipun kanjeng gusti pangeran Adipati Arya
mangkunagara, sariranipun dipun usap medal arta kathah. Nomer 7 wonten satunggal
nyonyah ingkang dipun tutupi maripatipun kaliyan sinjang anglangkungi rapet
salajengipun para tuwan utawi nyonyah ingkang anyepeng barang tuwin ingkang dipun
angge, pundit ingkang dipun ken batang boten wonten ingkang lepat saestu leres sadaya
dalah wonten seratanipun sumerep saungeling sastra wau. Nomer 8 walandi tanganipun
dipun tangsuli kekah saged ucul boten rekaos. Nomer 9, walandi nabuh piyano saged
mungel warni-warnoi. Nomer 10 walandi nyepeng kajeng bunder ing tengah mawi
tamper punika dipun gantung saged minggah medhun piyambak. NOmer 11 arta doipun
buntel ing sinjang lajeng dipun rajang rajang sarta kabasmi sareng dipun tekem lajeng
pulih malih. Menggah pamainipun 11 bab wau ingkang sakalangkung anggumunaken
utawi boten wonten ingkang saged andugi dugi patrap pratikelipun naming 2 bab 1
walandi ingkang saged anyathok arta 2 bab nyonyah ingkang sakelangkung awas wau.

DHELI
Tuwin Litnan Kolonel Ombrah, amartelakaken ing serat lapuran sarta mangalembana bab
kawanteranipun tuwan Sonstin Twedhelitnan infantry nalika tempuh ing perng kaliyan
tiyang Batak punapa malih ing Samangke, tuwan Ombrah wau sampun amarnata para
militer kabage-bage sarta anglampahaken rundha,utawi sampun manggen badhe
anglawan mengsah dumunung tigang panggenan.

MADIYUN
Serat pakabaran Salompret Malayu, anyariyosaken nalika tanggal kaping 15 wulan Juni
ingkang mentas kapengker, Raden Bei Mangunreja wadana ing PUlung Afdeling
Panarga, sampun katetepaken dados patih ing Samarata, nalika tetepipun para priyantun
ing ngriku sadaya sami angurmati mangagem pameran utawi dipun jenengi tuwan
Asisten REsidhen ing salajengipun angandika manawi tuwan asisten residhen wau
amakili ing kanjeng tuwan residhen madiyun andhawahaken serat kakancinganipun
kanjeng gupremen manawi raden Bei mangunreja wau katetepaken dados papatih ing
Samarta, sampungipun Raden Bei mangunreja lajeng angabekti dhateng tuwan Aisten
residhen utawi dhateng kanjeng bupati ing Samarata, ing sasampunipun lajeng sami
bojana wonten ing pandhapi kabupaten.

Panjurung saking Bagelen


Ing padhusunan W, wonten satunggal tiyang nama Wirawongsa, katedhanan tulung
dhateng tangganipun kapurih anegor galugu, ugi lajeng dipun lampahi, sareng watawis
badhe rebah tiyang wau kirang prayitna rebahing galugu bongkotiun mumbul anyampluk
janggutipun kalampahan pejdhot jangganipun wiwit gorokan mengiring sirah naming
kantun wulu kalong kruwis-kruwis, dene sirah lestantun ical kadugi ajur dhawah ing siti
pating saleba, sakathahing tiyang sami welas arawat waspa. Mekaten ugi wonten malih
lelampahan sakiten anggumunaken nalika malem senen tanggal kaping 1 juli 1872
wonten tiyang estri nama Bok Patrawongsa, dhusun ing Duren Omba, padhestrikan
Cangkrep wanci jam 3 dalu anggenipun tilem kaget dipun dumuk ing tiyang sareng tangi
tiyang lajeng lumajar medal dipun bujeng dhateng bok Patrawongsa wau dene tiyang
ingkang lumajeng kathahipun tiga lajeng gembor-gembor nedha tulung watawis, 75 cekal
tebihipun bok Patra wau sirtahipun kapenthung ing pandung, anangin gpenthungipun
kenging karebat sarehning tiyang estri satunggal sarta nandhang tatu lajeng dhawah
kalenger, dursila lajeng kesah, sareng ingkang jaler dhateng boten unia satunggal punapa
naming angragadi ingkang estri udheng penthung, wasana bok patra wong salajeng
kapulasara ing griya pasakitan. Ti ti,ping 13 Juli 1872.,
Saking Karang Kabuyutan

Raden Darmaswissesa murid pamulangan jawi ing Purwakerta, akintun serat ingkang
suraos anywun berkah ing para srjana, bab teges katranganipun tetembungan ing
ngandhap punika.
1. Ya rupane ya jenenge
2. Bisa nyandhang ora bisa nganggo
3. Bisa nganggo ora bisa deleng
4. Bisa calathu ora bisa muni’
5. Yen momoran rukun, posah kukaran
6. Teja ngungkang kali, an aula ngempit walang
7. Jawa sonten, miyosi ratu, sang patih kadangu unjukipun, cetha wahyaning mong
sakala Ingkang punika para sarjana mugi karsa anjarwani bados dene ingkang
sampun kalampahan. Katandhan Radne Darma wisesa

Ingkang rinengga sagunging urmatan kanthi tabe, akathah=-kathah mugi katur


panjenenganipun ingkang saudara tuwan F.L.Winter redhakturing Bramartani, ing
nagari Surakarta manawi panjenenganipun sauara anyondhongi, tuwin sela ing papan,
bab panjrurung kula punika mugi karsa amacak wonten ing kabar Bramartani,
kawdalna ing kang tumunten sakalangkung pangajeng-ajeng kula, supados
tumanduka para mitra kula ingkang sami serju ing panggalih, atepang embag
gegujengan wonten samadyaning pasamahan bramartani. Wiyosipun kula samapun
maos seratpanjurungngipun mitra kula, ingkang sisilih nami jasman siswa ing
mangkunagaran tumrap ing Bramartani ongka 26 Kemis kaping 27 Juni taun punika,
ingkang suraos aparing barkah pabatangipun cangkriman kula bab dhuku, kados
ingkang kasebut ing Bramartani ongka 24. Makaten ugi nugil sanoran, wonten
panjurung minongka pratelan, ingkang tanpa tondha asma, mawi rinengga ing sekar
kinanthi, 13 pada, ingkang suraos amedharaken pambatangipun mitra kula 1
Trusdhasastra, 2 Kartabrata, 3 Sujarwa, wosipun ing pambatang si manunggal raos
kaliyan pambatangipun Jasman. Punapa dene serat Bramartani ongka 28 Kemis
kaping 11 Juli ugi taun punika, wonten panjurungipun mitra kula Purwatmaja, ugi
karsa paring batangan, nunggil raos kados ingkang kasebut ing nginggil wau,
katranganipun pambatangipun mitra kula sadaya ingkang tumrab ing nginggil wau,
kula sampun anyondhongi. Naming pambatangipun mitra kula ingkang jujuluk Ra Ba
Sa punika sangking pangetang kula teksih kalisir, ananging boten andadosaken
punapa, naming ramen-ramenipun saking gugujengan wonten ing Bramartani, mila
saklangkung panuwun kula saha narimah sanget, dhateng para mitra kula, ingkang
serju ing panggalih paring batangan kados ingkang sampun kawedhar ing ngajeng
wau sadaya, wasana manawi wonten kasar ngokonipun ing tembugn, kirang
langkunging sastra lepatipun nyerat ingkang mugi para mitra kula paring ngaksama
kanga gung, saha atur kaurmatan acanthi taklim, tumanduka para mitra kula ing
samudayanipun.
Balesamun kaping 23 Juli 1872 Mitra Paduka pun Wongsamanggala, Tanjungarsa.

Kirang marem
Bramartani ongka 29 kalih ongka 30 wonten panjurungipun mitra kula Open
minongka wangsulan dhateng kula, sanadyan kula boten minta katranganipun bab
tembung kawining sarira sadaya, ewadene mitra kula kedah anggelaraken. Wondene
wangsulan kula langkung jumurung, amargi sampun dipun watoni ing serat
dasanama, ananging manah kula kirang marem awit sangking paminta kula ngajeng
ingkang dipun wastani sipaing pepasu, dereng kadunungaken prenahipun pramila
kula minta saserepan dhateng para sarjana, amargi kula teksih kodheng dene
tembungipun kawi, dados araning pepasu ingkang pundit, Ing wasana seratanipun
mitra kula, Open mratelakaken saupami wonten gesehipun ing teges saking buk kula
sageda mewah I kakiranganipun saking bab punika prayogi kula boten ngaturi
wewah, amargi yen boten cundhuk minandhak sulaya, sumelang ingpanah menawi
andadosaken rengat saestu kira rukun ing ngatasipun bongsa mamitran mugi sampun
mesguling panggalih.
Ka Wa

Bramartani ongka 30 wonten pitakenipun ingkang sasilih nama Sadi, awit saking
kodhenging galih sarehnipun sampun lami asring miring paribasan kadosta: 1 Kontol
kaunekaken dhandhang; 2,kageblog ing ngawang-awang, anyandhura rattan, 3 sarah
munggeng jeladri, punika sadi kapingin menggah panjarwanipun. Ingkang punika
menawi kapareng rujuk sarehning para mitra dereng woten ingkang karsa negesi, kula
urun anjarwani ananging wonten ingkang kula lintu tembungipun supados gampil
anggenipun negesi, awit desa mawacara, nagara mawa tata, miturut tembung limrah
ipun nagari ingkang kula dunungi, kadi ing ngandhap punika.
1. Kontul bunekake dhandhang, litonipun kuntul dipun nungelaken dhandhang,
punika tiyang wicanten molah malih, kuntul pethak dhandhang cemeng, kadamel
ngibarat tiyang goroh, tumrapipun tiyang remena dul-adul utawi ngaben-aben
amrih sulayanipun pawong mitra ingkang satya tuhu.
2. Kageblog ing ngawang-aang, lintonipun kabentusing tawang, anuyandhung
raratan litonipun kasandhu ing rata, punika tiyang kenging sambekala ingkang
epen sangking panginten-kinten aang padhang utawi nglangut ing rata, resik
utawi radin kadamel ibarat tiyang ingkang boten gadhah niyat maha kalepatan
utawi gadhah cipta mokalaken yen badhe dipun pitenah dhumatengkadang
warganipun ananging dumadakan kapaeka ing sanak prasanakipun tumrapipun
tiyang panggih kasusahan jalaran kaget utawi kadamel sanjan tiyang pesakitan
sanadyan boten nemahi cilaka nanging kedah karibedaning manah.
3. Sarah munggeng jeladri,punika tiyang narimah sapanduming ngagesang, sarah
barangendeng utawi kumambang, jeladritoya saganten kadamel ngibarat tiyang
ingkang bebudenipun alus sarta wigya anawang wahyaning mongsa kala,
tumrapipun tiyang suwita ing sang ratu, angesthiya manah sabar wekel sarta
miturut piwulang sae, lami-lami adhe manggih kamirahan. Ing wasana anggen
kula negesi sangking pamintanipun mitra kula Sadi saupami dipun neges
condhong langkung jumurung, dene yen boten rujuk mugi sampun pisan
mesguling driya, awit anggen kula jarwanipung punika naming saking dugi dugi
kimawon anangin gpanglaras kula wewaton saking tembung paribasa ingkang
saking mitra kula Sadi wau sematen punika kula kedah sumarah dhumateng para
sarjana ing Bramartani: ti ti Ka wa Ngayujakarta.

Panjurung winantu-wantu pakurmatan katur panjenenganiun tuwan redhaktur ingkang


nguwasani Bramartani,manawi kepareng maringi papan panjurung kula punika
kapacaka wonten ing kabar Bramartani. Ing nalika tanggal kaping 20 wulan Juli
punika 1872 tiyang nama Singawongsa ing dhusun Jana, dhistrik Miwah kabupaten
Purwareja,ngladosakenprakawis pun tiyang nama Nurja, utgi ing dhusun jana, sareng
wonten margi nurja wau angrebat dhuwung ingkang dipun angge singawongsa,
lajeng kadamel nydyk dhateng Singawongsa, tatu gegeripun ingkang sisih tengen,
punujunipun naming wiyar, 1 dim lebet 1 dim, singawongsa wau kadugi teksih
kenging kaajeng-ajeng wilujengipun, wondene nurja ing sapunika sampun kakunjara
mila yen sami ngiringaken pasakitan sampun ngantos sepi ing pangatos-atos wonten
ing margi, menggah lalampah punika kenging kategesaken jalaran tiyang lena.
Katandhan Kesdu

Serat telegram amratelakaken manawi kanjeng tuwan Bos Residhen ing Krawang, ing
samangke pikantuk pensiyun, awit saking pamintanipun piyambak.

Kauningana para priyantun ingkang ngemin serat Bramartani manawi candhakipun


cariyos pandung aguna mimindha tiyagnestri, badhe kapacak ing Bramartani, ingkang
medal kemis ngajeng punika
Redhaktur F.L.Winter.

Serat saha winantu sagunging kaurmatan mugi katur panjenenganipun saudara tuwan
F.L.Winter redhakturing Bramartani ing nagartiSurakarta, manawi sela ing papan
serat kula panjurung punika mugi wonten a karsanipun saudara ngarang ing Koran
Bramartani ing dinten Kemis ngajeng punika sakelangkung panuwun kula. Sampun
lami anggen kula gadhah karenteg badhe nyuwun barkah satunggal kalih tegesing
babasan ingkang kula dereng mirsa tuwin mangretos tegesipun dhumateng para
sarjana ingkang sami karsa anggelaraken kawruhing bramartani, amila samangke
manawi andadosaken kapareng sakin gatur panyuwun kula sadaya wau mugi mugi
paringa sih kawelasan anegesi ing sanadyan panyuwun kula barkah dhumateng para
sarjananing bramartani babasan ingkang kasebut ing ngandhap punika, sampun kerep
kangge ing nagari Surakarta ngriki tuwin terkadhang sampun nate sumrambah
dhateng sane sing naari, anangin gandadosaken kodhenging manah kula jalaran ngati-
ati kang wicantenan kawontenaning babasan wau boten wonten ingkang karsa paring
wedharing tegesipun ewdene sakig adrenging manah kula kandhek denign
kaduungpanggayuh awit saking bodho, amila dados kula panjurungaken tumrap
wonten pasamuwan Bramartani, supados para sarjana kaparenga paring berkah
tegespun, saestu andadosaken suka bingah kula temahan dadosa pangasahing manah
siswa ingkang teksih mudha punggung, menggah pratelanipun kados ngandhap punia
1. Sasorebendhe
2. Sakesukjepluk
3. Sadina Dhedheg
4. Sawengi muput (sawengi keceput).
Namung punika ingkang kula aturaken, 6 kasupen, dereng antawis lami kula maos
serat dongeng, punika wonten babasanipun anunggeng taya, ingkang punika ugi para
sarajana kaparenga aparing barkah tegesipun, tuwin ungel-ungelan anunggeng taya,
wau punapa maribasan, punapa wangsalan, saestu andadosaken tambaing suka bingah
ing manah kula, manawi amarengaken saking atur panyuwun kula sadaya wau.
Ing Gedhong tengen kaping 5-8-1872 Siswa Taruna.

Lelang AGeng
Benjing ing dinten Salasa tanggal kaping 27 wulan Agustus punika ing griyanipun
swargi Raden Ngabei Mangunagara ing mangunjayan badhe wonten lelang ingkang
kasade barang warisipun Raden Ngabei wau kados dene ingkang kasebut ing serat
pratelan ingkang sampun kawradinaken.

Kareta latu ing Indiya Nederlan


Saking Samarang dhateng Surakarta, tuwin dhateng ing Ngayogyakarta, utawi
kokokwangsul. Para tuwan ingkang sami anguwasani lampahing kareta latu ing
Indiya Nederlan sami asuka uninga, manawi awit tanggal kaping 1 wulan Agustus
punika, para tiyang kenginig angintunaken sawarnining barang dhateng ing kalasan
utawi saking ing Kasalan dhateng sanesing panggenan.
Katandhan Para tuwan ingkang anguwasani kareta latu., R.F.Dheseif, Oledman.

Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni kareta waja ingkang saged
munten angicalaken tinjanipun sawarnining dadamel kados ta sanjata pistul, pedhang,
lading gapit utawi barang tosan sapanunggilanipun 1 iji 1 rupiyah, dadamel ingkang
karesikan lajeng katingal saes malih kados dene kala taksih inggal mila kareta punika
sakalangkung prayogi kangge paa militer.
Jonasportir enko
===========================

Tuwan L.NLangkring ingSurakarta, kadugi anglelang barang warisipun para


priyantun utawi sanesipun ing salebet utawi sajawining nagari Surakarta

Pen mas mawi isi potlot tuwin gagang pen 1 regi 3 rupiyah sakalangkung prayogi
kangge para priyantun ingkang sami kakesahan, kengin gpikantuk saking
tuwanJOnasportir enko

Kauningana para priyantuun manawi, tuwan Sirfan ek enko ing Surakarta, mentas
anampeni dagangan sutra warni-warni mawi sekaran benang jene punapa malih kaca
ageng alit mawi lis parade, sakalangkung endah sarta pantes kagem para ageng.
Katandhan tuwan Sllirfanek enko
Kula Surawijaya tukang Blodir ing Surakarta, kamipurun angunjuki uninga, bab
pangaosipun barang pangagemipun para amtenar jwi, bawah gupremenan
Kadosta regi rupiyah sen
Sabuk cindhe bara buliyun regi 80
Sabuk putra wungu tuwin abrit mawi bara sekar sedhah 50
Sabuk ukuk renda barabuliyun 50
Sabuk ukub renda bara sekar sedhah 35
Sabuk ukuk pita wungu tuwin abrit barakar sedhah 19
Clana bupti pangkat adipati senuran 44
Clana bupati pangkat tumenggung senuran 40
Clana patih wates wadana senuran 34
Clana para mantra sanesipun senuran 30
Kuluk Berji 1 75
KUluk Mathak 1 50
Para priyantun menawi karsa tumbas kuluk kedah 10, minggah sabab kula mirantosi
wadhahipunmrakas. Sakathahing barang punika, parapriyantun Amtenar sadaya wau
kula aturi bayar kenceng sarta amitungkasa dhumateng tuwan F.L.Winter
ingSurakarta,kados dene ingkang sampun kalampahan.

Serat Babad Pajajaran angka 1 regi f 2


Serat Babad Demak angka 2 regi f 2
Serat Babad Pajang regi f 2,50
Serat Babad Mataram angka 1 regi f 2,50
Manawi tumbas sakawan bk pisan bayar kenceng naming regi f 7,50 prangko pos
Jonas porter enko

Kula tuwan slirfanek enko ing Surakarta, angaturiuninga dhumateng para priyantun
sadaya, manawi kula sagah adamel lelang, anyadekaken barang kagunganipun para
priyantun samanten punika mawi bayar persen ing ngatasing papajenganipun barang
wau ing dalem satusipun naming 2 rupiyah langkung 50 sen.Katandhan tuwan
Slirfanek enko

Para priyantun jawi ing Ngayogyakarta,ingkang taksih kawaledan


pambayaringpatumbasipun Jurumartani, ing kala rumiyin ing samangke kula aturi bayar
dhumateng mas Atmajawirya ing Ngayogyakarta, ingkang kula pitados anagih tuwin
anampeni arta wau.
F.H.Jaspres

Para priyantun bawah Mangkunagaran surakarta, utawi paresidhenan sanesipun kang


sampun kula aturi serat bab sambutanipun ing samangke kula nyuwun serat wangsulan
utawi arta pambayaripun sambutan wau, supados sampun ngantos kalampahan
asmanipun para priyantun wau kula pratelakakening Bramartani
F.H. Jaspres
Serat papethikan bab pratelanipun anumpak kareta latu, mawi amratelakaken sakathahing
paukuman ingkang tumrp dhateng sakathahing bongsa.
Para priyantun ageng alit utawi sanesipun kedah nyumerepi ungeling pranantan punika
supados sampun ngantos anerak wawaleran ingkang kasebut ing serat wau.
Jonasportir enko. … …

Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun
1872 sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
Raden Tumenggung Ariya Sastra Adiningrat ing Krawang
Tuwan P.Bihker ing Tegal
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

Punika cariyos Babad Mataram


Lamun Raden Mas Pekik wus prapti, srinarendra miyos siniwaka, pepak wadya bala
andher, miwah sak nananipun pepak kabeh sami tinari, sultan aris ngandika, mring kang
pinisepuh, lah ta uwa {urubaya, kadi pundit ing mangke raden Mas Pekik dhumateng
ngarsaning wang. Inggih sinten kang yoga ngabekti,lamun prapta punapa manira,
ngabektiya sapatute, punapa awakingsun, ingkang patut den kabekteni, pakanira rasakna,
ing prayoginipun, panembahan sigra mojar, yen kawula inggiha raden mas ekik, kang
pantes ngabektiya. Inggih sampun kungkulan narpati, boten wonten kawula kang
nistha,pan sampun kawon kawruhe, ing mangke yektenipun, tinimbalan dhateng ing
ngarsa, tan kuwasa lenggana, milane sang prabu, pantes punika kang nembah, srinarendra
suka angandika aris, leres uwa andika, Andika sang srinarapati, ta wong gandhek sira
timabalana, raden mas Pekik marene, wong gandhek awotsantun, tan adang wus den
timbale, sigra ki Alap-Alap lampahira laju, ing ngalun-alun wus prapta, sigra pepe aneng
sakidul waringin, kurung samya agelar. Sarayatira raden mas Pekik, pan binekta apepe
sadaya, wus katur sang nata age,pan tinimbalan sampun, yataprapta ngarsa narpati,
pangeran Surapringgga, umareg tumungkul, dhuwung sumeleh ing kisma, sakalangkung
ajrihira ing narpati,muka konjem pratala. Dhasar sanget ajrih raden Pekik, katunggung
dening sih ing narendra, datan tumenga mukane, lir surya kembar iku,. Senengira sultan
matawis, sakehing wong pan merang, magrepa tumungkul, adipati Surapringga, sigra
matur mring jeng sultan ing Matawis, pejah gesang kawula. Pan sumongga katur padu
kaji, mila boten asowan jeng sultan, tan montra wadi gatine, dadya sawab mring ulun,
dening wareg boga pengasih, mudha dimudha dama, tan montra ing semu, myang paduka
naradipa, pan sinektine saniwi wong sabumi, anyakrawati ingrate. Lwir katurunan lela
tulkadri, kadhawuhan adika sang nata, animbali gegebale, lir malekat tumurun, mring
kawula dhawah sejati, padhange tyas kawula, midhanget pukulun, sahandika srinarendra,
langkung manis kawula dahat agipih, mareg dhaeng paduka. Kanjeng sultan suka ing
jrogalih, amiyarsa aturing dipaty, ing Surabaya sumeleh, jeng sultan ngandika rum, mring
dipati ing Surabanggi, mila ngong sira undang, papanggih lan ingsun, wus pinasthi ing
hyang suksma, patemone lir suryakalawan sasi, sedhenge sasadara. Wus raina sang hyang
Surya mijil, sapandulonprakkalawan condra,iya iku patemone, sakedhap sasi surupl,
timbangane surya lan sasi, salah siji ilanga, pesthi jagad suwung, upama manira
surya,ratu pekik upama ta sira sasi, pesthi timabganing wang. Tanah Jawa iya ing
samawis, pakenira yenora nanaha, yekti rusak puwarane, jeneng mataram puput, yen tan
temulan sira malih, sira pam sagara, pancurane ingsun, pesthi sira nadhahana, toya agung
talaga yen tan nadhahi, yekti puwara asat. Para ingsun tresna ingkang ati, yayi surabayalir
embanan, yen tan ana sesotyane, dadya embanan suwung, paman merang myang
aningali, ucula ing ngembanan, sirna tan kadulu sesotya tuwin embanan, cahya mancur
akeh kang wong aningali, pan arsa ngembanan. Lah dipati Surabaya iki,sira wismaha
aneng mataram, maksiya ing kadipaten, nagaranira iku, sun wehaken mring sira maning,
wadya ing Surabaya, ja owah ing laku, kang linggih lampit kendhaga, apa niya maksiya
linggihe lami, away owah kang saban. Surabaya kalawan Matawis, apan tunggal ratu
pekik ika,darbe nagara kekaleh, lamine tan winuwus, adipati ing Surabanggi, pan
samppun tinariman, kang rayi sang prabu, ratu wandhan wastanira, kang kagarwa ya
marang sang ratu Pekik, sampuna wor asmara. Wu salami denira wor resmi, ratu Pekik
kalawan kang garwa, lan ratu Wandhansarine, sultan aneng kadhatun, angadika marnag
ing cethi, timbalana riningwang, ratu wandhansantun, matura yen ingsun gerah, yen den
wehi nuli mentar Raden aglis, matura marang ingwang. Sigra mentar punang cethi prapti,
tan asuwe ing kasurabayan, sigraprapta ing ngarsane, ratu Pekik taw au, ponang cethi
umatur raris, kawula pan dinuta, inggih dipun nutus, dhateng raka jeng ngandika, kanjeng
sultan nenggih kinen animbali, dhateng rayi sampeyan. Kanjeng Sultan lagya gerah
nengih, ingkang weling raka jengandika,lamun si aweh lakine, lumebu mring kadhatun,
den tinjowa gerah ku iki, yen lakine tan suka, away ta lumebu adipati Surayabaya, tebah
jaja sumongga ing ngastakalih, tan kenging lengganaha.Sigramangkat ratu wandhansira,
wus lumebu sajroning kadhatyan,s igra prapta ing ngarsane, kanjeng sultan awungu, sigra
ratu ing wandhansari, ngabekti mring kang raka, angusapi lebu,ratu wandhan atur
sembah, kakang aji punapa sampeyan sakit, manah kula kapita. Kanjeng Sultan
angandika aris, arining sul luwih sangking lara, pan ana ngati enggone, sun rasa saya
ngranuh, ing larane kang nganeng ati, dene ana panhita, giri durung nungkul, durung
aseba maring wang, iku kang dadi laraning ati, tan ana tetambanya. Tanah jawa ing sun
kangresiki, wus sarata para ratu kalah, ingsun perangi kalahe, mulane giri iku, tan sun
rusakna garenbg giri, sun kalahaken ing prang, durung pesthinipun, wus pinesthi giri ika,
mreing pandhita kang mesthi jayaning jurit, ngalahaken pandhita.
Ongka 33, Kemis 15 Agustus 1872

Kulawisudhan utawi sanesipun


Ngayogyakarta

Dereng antawis lami ingkang awit sakin gkarsa dalem ingkang sinuhun Sultan ing
Ngayogyakarta sampun karsa angulawisudha dhateng para putra putrid kados kasebut ing
ngandhap punika.
1. Raden Ayu Angger, kaangkat nama Kanjeng Ratu Angger
2. Raden Ayu Danu Adiningrat kaangkat nama Kanjeng Ratu Pambayun
3. Raden Ayu Danuningrat kaangkat nama Kanjeng Ratu anem
4. Raden Ajeng Mustakinah, kaangkat nama Raden Ayu Sasi
5. Raden Ajeng Mustasiyah, kaangkat nama Raden Ayu Sekartaji

Banyumas
1. Raden Ranuwijaya, Mantri Kabupaten Purwakerta, kunulawisudha, agentosi
kalenggahanipun Raden Panji Cakradibrata, mantra pulisi Purwakerta
2. Mas Dipareja, juru serat kabupaten PUrwakerta, kajunjung dados mantra
kabupaten PUrwakerta.
3. Raden Bratacdimeja, putranipun Bendara Raden Tumenggung mertadireja,
bupati ing Purwakerta kinulawisudha dados Juru serat kabupaten PUrwakerta,
kapatedhan balonja saking kanjeng gupremen sawulan wulanipun 30 rupiyah.

Tuwan Nolteniyus Asisten REsidhening Surabaya, ampun kalilan pamit dhateg


nagari Walandi, dene ingkang anggentosi tuwan Pansraten sekretaris ing
Surabaya.
Tuwan Riter,kakulawisudha dados Skretaris ingSurabaya.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Nalika ing dintenSaptu tanggal kaping 10 wulan Agustus ing taun punika, tuwan
Eler kaliyan sadherekipun estri ing wanci jam 8 sonten dipun timbale ingkang
sinuhun kanjeng Susuhunan , dhateng ing lebet karaton kakasrakaken main
sulapan wonten ing dalem panepen, ingkang ngirid lebetipun, tuwan litnan
Setribel akaliyan tuwan Jurubasa, anggenipun wiwit anggelaraken kasagedanipun
wanci satengah sanga, bibaripun kendel jam 11 menggah ingkang kagelaraken
rambah kaping 12 awarni warni sarta sadaya ugi angeram-eramaken utawa saestu
boten wonten ingkang saged andugi ing pratikel utawa saestu boten wonten
ingakng saged andugi ing pratikelipun wau sadaya kalebet alus tuwin resik. Ing
sabibaripun main wau, tuwan Eler kalayan sadherekipun estri kaparingan tondha
katresnan saking ingkang sinuhun awarni paniti tuwin kalung mawi sela barliyan.

Nalika ing dinten Salasa tanggal kaping 13 wulan punika kanjeng tuwanJendral
Mayor Pesepik sampun rawuh ing Surakarta, sareng ing dinten rebo sonten
amartamu dhateng ing lebet karaton.
Pasuruwan
Ingkang kawartos ing nalika tanggal kaping 23 wulan Juli ingkang mentas
kapengker, kanjeng tuwan residhen ing Pasuruwan sampun tindak dhateng ing
Malang sarta saking karsaning paentah ageng sampun amaringaken ganajran
awarni songsong jene, dhumateng bupati ing Malang, tuwin Baki salaka, dhateng
wadana kakalih ugi ing Malang, sami katrimah anggenipun angudi tataneman
kopi, dene nalika amaringaken ganjaran wau mawi paurmatan sarta para
priyantun amtenar jawi utawi Walandi, sami mangagem pameran angalempak
wonten ing pasamuwan ngriku. Menggah ing Malang wau pamedaling kopi ing
taun punika, kateksir kathahipun 220000 dhacin.

Enggelan
Kanjeng Raja putrid Piktoriya ing nagari Enggelan sampun karsa amaringi tondha
bintang, ingakng winastan Ordhe saking kausenban dhumateng putranipun
kanjeng raja Napoliyun III, ingkang sampun kendel dene ingkang kautus
amaringaken bintang wau Prines Van Wales.

BAGELEN
Ing nalika tanggal kaping 31 Juli 1872 lare nama Paminam umur 3 taun, anakipun
tiyang nama Tarmadi tukang damel gendhis ing dhusun Sembir dhistrik Cangkrep
kabupaten Purwareja, antawis jam ½ 7 sonten lare wau manggih sangsara dumugi
ing pejah, jalaran ing ngajeng biyungipun godhok legen klapa ingkang bade
kadamel gendhis, sareng sampun umop panggodhogipun tumunten dipun entas
lajeng katilar kesah dhateng sumber anggojogi lodhong, sareng biyungipun
wangsul saking sumber lumebet ing griya pawon sumerep yen pu paminam wau
katingal sawek kungkum wonten pengaron ingkang isi legen teksih panas,
tumunten lare wau kajunjung, ananging sampun pinanggih pejah.

DHELI
Serat pakabaran Walandi, anyariyosaken reresah ing Dheli utawi lalampahanipun
para militer wontening ngriku, nalika tanggal kaping 26 wulan Mei ingkang
mentas kapengker tuwan asisten residhen ing Siyak tuwin-tuwin militer
Komendhan ing Riyu, sampun atepang pirembagan kaliyan sultan Dheli, sadaya
militer sami kadhawahan amanggen wonten ing Sunggal sarta anyarantosaken
telukipun dhatu kakalih ingkang sami angraman, salajengipun tuwan Asisten
Angumpulaken para lurahing tiyang Batak sareng dhateng sadaya
sakarerehenipun sami kapurih kasukan sarta dhawahan sami rurukunan, ing waktu
punika para lurah wau samui anyagahi angladosaken dhateuk kakalih wau ing
dalem 9 dinten, ananging sareng dumugi ing janji sawatawis lurah ing tiyang
Batak sami wangsul angaturi uninga manawi boten saged kalamapahan
anggenipun badhe angladosaken dhatuk kalih wau, awit dhatu punika sampun
amratelakaken dhaeng sultan ing Dheli manawi iyambakipun boten purun teluk,
wondening ing salaminipun para militer boten ngupaya mengsah, dhatuk kalih
sami angupados bala tiyang Bata king pareden, sareng wonten pakabaran kang
makaten punika, sultan ing Dheli,lajeng anglampahaken prajurit dhateng ing
pareden ing tondha-binoha supados angreksa ing ngriku,l ananging kapethukaken
ing mengsah kalampahan prajuritipun sultan ing Dheli kalindhih, kathahingakng
anemahi pejah utawi anandhang tatu, dene sanesipun sami lumajeng atilar barang
utawi arta tuwin kapalipun para prajurit wau pinuju kapethuk militer 30 titindhih
tuwan Ponslin ingkang lumamapah rondha badhe anyepeng dhatu kakalih,
ingkangkawartos dipun tilar balanipun para militer sami kalampahaken randha
sareng dumugi ing radinanlajeng dipun sanjata ing mengsah saking salebeting
griya ingkang cake ting margi kalampahan militer wau ingkang kakalih anemahi
pejah, ingkang 9 sami kataton sanget saantukipun dhaten ging sunggal para
militer taksih asring asring kadhatengan mengsah sareng satunggal dinten anuju
perang, tiyang kuli ingkang sami andherekaken bekta barang sami ajrih lumajeng
anilar barang babektanipun utawi para militer ingakng nandhang tatu, tuwin sakit
ugi sami kaselehaken wopnten ing ngalang-alang, salajengipun megsah wau
kapethukaken ing tuwan Ponsetin ingkang wonten ing wingking, sarta anindhi
militer 30 sareng antawis 10 tindak tebihipun para mengsah wau lajeng kasenjata,
kalampahan tiyang 25 tiyang ingkang anemahi pejah, dene sanesipun sami
wilujeng, dene para militer sami anglajengaken lampahipun dhateng ing Sunggal,
saeng dumugi ing ngriku lajeng anyuwun Bantu saking batawi, dene kmiliter
babantu ingkang katindhihan tuwan litnan colonel Pon Obrah, dhatengipun ing
Sunggal nalika tanggal kaping 12 wulan Juli ingkang sampun kapengker tuwan
Obrah wau lajeng amranata amrih tata tentremipun ing tanah ngriku, sarta ing
samangke sampun ateprayogi badhe adegan beteng, punapa malih beteng wau
sampun kawiwitan ing panggarapipun.

Menawi saudara tuwan redhaktur anggalih pantes serat kula punika mugi kapacaa
ing Bramartani,lingkang medal kemis caket punika, Ing nalika dinten Akat
kaping 4 wulan punika Agustus, 1872 ing dhusun Pardikan Pasir Kidul wonten
satunggal tiyang jaler wasta Nursangidin, aliyas kang Karim, udakawis umur 65
ungsum pinanggih gantung dhiri wonten ing kajeng reman dene jalaranipun
kendhat kinursangidin wau, pancen sakit engetan, sampun angsal 10 dinten
laminipun.

Ing kampong Pakauman (Batur) wonten satunggal tiyang wasta Setra Sapi,
gadhah satunggal anak jaler wujudipun aneh sanget, sanes kaliyan tiyang kathah,
uyeng0-yenganipung sirahipun 5 ingkang 1 wonten ngajeng, kados dening
kuncung, ingkang 1 wonten wingking kados dening kucir, ingkang 2 wonten kiwa
tengen sanginggiling kuping, kados dening pathek, ingkang 1 limrah kados tiyang
kathah, dene warni wangun sarta ulatipun lae wau, sampun jibles munyuk,
naming kaot lare wau, boten gadhah wulu, menawi ningali mecucu cangkemipun,
sarta dakaripun sampunkados dakaring tiyang sepuh. Ing Sokanegara, kaping 1
Jumadilakir Wawu, sinengkalan Jalma Ngalih Ngesthi Bumi.
Katandhan Raden Arsaatmaja.
Kairing sakathahing tabe, winantu sagungipun pakurmatan,mugikatur ing
panjenenganipun tuwan Ridhaktur sangkng serat kabar Bramartani, pilenggah ing
nagari Surakarta Adiningrat, menawi selaning papan sarta kagalih pantes
panjurung kawula punika,mugi karsaha ca king serat kabar Bramartani. Ingkang
kedah adamel sukur bingahipun para abdi alit kados pun Kula punika. Kala dinten
Rebo legi kaleres kaping 21 Pebruwari, 1872 kanjeng bendara Raden
Tumenggung Bupati PUrwakerta (Banyumas) sampun angulawisudha dhumateng
mas mangkuwireja, kapatah dados Guru Pamulangan Jawi ing dhusun Perdikan
Pasir,kapitedhan balonja 3 para 5 saking wedaling arta bayaran lare, iwah mas
Karsa Kapatah dados kuweklingipun kapitedhan balonja 1 para 3 sakingarta
bayaran wau, priyantun kakalih punika ami ugi griya ing dhusun ngriku,sarta asli
sangkin gpamulangan jawi purwakerta, dene langkunganipun arta bayaran
kasimpen dening satunggal demang badhe kangge anyawisi tumbas bekakas
pamulangan, kawontenanipun murid, 95 lare samanten wau kaetang lare ing
dhusun ngriku kimawon, sabab lare saking kliya dhusun boten jangkep 10 sareh
dentten punika paguron taksih mirunggan mila panjenengan dalem kanjeng
bendara ingkang amaringi sumakais pirantos memulang, kados ta lrei, Grip,
kertas, mangs, pen punapa dene gambar pulo-pulo tuwin buku buku
sapanunggilanipun, bilih kula manah-manah, yasan dalem punika sawas tukang
abendara kathah pituna tombokipun, malah malah sangsaya angakathahi
pandamelan, ing saben wulan kaping 4 terkadhang kaping 3, kanjeng bendara
tertamtu tindak amriksani dhateng para murid ing ngatasing kasagedanipun,
mongka dhusun Pasir sangking kabupatosan tebihipun tiga tengah pal, griya
pamulangan kadamel dening pengagengipun ngriku, sakawan demang Perdikan
tur acanthi lila suka bingah rena ing Manah ingkang sukci. Saking Perlunipun
amerdining kasagedan punapa malih tiyang alitipun panic kathah ingkang sampun
sami mangertos dhateng perlonipun tiyang saged, makaten ugi kathah titiyang alit,
ingkang sampun anyirnakaken ujar makaten, bingah, sakolaha wong kuli mongsa
wurunga iya macul, ora asakolah iya memikul mila samangke iing reh
kabupatosan Purwakerta ketawis sanget Indhikipun rare puruita. Sinerat kampong
Paguwon ping 10 Agustus 1872 Katandhan kawula pun Warnasaputra.

Serat kikintunan mawi tondha wigyasastra ingkang sampun kapacak ing


Bramartani ongka 31 anyariyosaken bab kaangsaranipun lare estri wasta Ralem,
ingkang pejah kablabag inglepen Sirayu, punika sulaya, ingkang leres wastanipun
lare estri wau pun adrem, anakipun Kertawongsa, griya ing dhukuh tigar wuluh
dherek dhusun karang tengah, dhistrik adireja, pinuju tumunt dhateng Bapanipun
Konjara lan ing dhusun Jurangmangu (Banyumas), sareng adus ing lepen sirayu,,
awu sadrema lajeng pejah kablabag. 3/8,72 katandhan H,N,

Panjurung minongka wangsulan tumuduk ing mitra kula ingkang lagya manuh,
sisilih nama Rajinem ing dhusun Kamulyan ingkang sampun kabatang panjurung
kula cangkriman bab atur panjawabipun pangulu nalika doinangu Isang ratu
miring lan botenipun ungelng gongsa munggang, saking atur kula pambatang
sampeyan manawi pangulu anjawab boten miring, punika inggih dereng
condhong kaliyan pamanggih kulapiyambak awit manawi matur makaten saestu
dipun pejahi, karanten sang ratu sampun andhawahaken miring utawi boten
miring inggih badhe dipunpejahi, mila sanadyan saweg semayang banawi boten
miring inggih dipun pejahi. Ingkang punika mugi sampun dados penggalih
sampeyan, rehning kula dereng anyondhongi pambatang sampeyan saking atur
panyuwun kula inggih dipun upadosi8 malih kemawon wasana sampeyan maringi
taklim saha karaharjan inggih sawek panuwun kula, sarta kulaugi mangsulaken
ngaturi taklim saha kawilujengan
Sinerat tanggal kaping 3 Agustus 1872
Katandhan mitranta, WArtatama

Sanaroja saguinging kaurmatan winantu-antu, mugi kaatur panjenenganipun


ingkang saudara tuwan f.L.Winter, saha ridhaktur ingkang anguwasani serat
Bramartani, ing negari Surakarta Adiningrat. Manawi amarengaken saking
panggalih panjenengan sampeyan ingkang sarta wonten selaning papan serat
Bramartani, ingkang medal ing dinten Kemis ngajen gpunika, kula angaturi
panjurung kabar sakedhik sakin gpamireng kula klayan mupakatipun konca
kathah, benjang tanggal kaping 20 wulan September 1872 punika bendara
rahaden Mas tumenggung Bupati ing Madiyun badhe kersa mangun buja wiwaha,
mantu , putranipun kakalih ingkang sepuh dhaup slayan klayan putranipun
kanjeng rahaden Mas Adipati Bupati Pranaraga, wasta Rahaden Mas
Cakraamijaya, ingkang sapunika dados mantra ing Dhistrik Kutu, Pranaraga,
putra ingknag nem dhaupklayan putranipun rahaden Yumenggung Kaptin
danuprawira, ing lesiyunipun suwargi kanjeng gusti Panmgeran Litnan Kolonel
Alibasah Ngabdul Mustapa, prawiradireja, ing negari Bangkahulu (Sumatra)
wasta putra kapenakanipun piyambak klayan Kanjeng Rahaden Mas Tumenggung
Madiyun. Pramila ingkang samanten wau, saking pamuhi kula dhateng ing gusti
ingkang sipat Ngalimunbai, mugi anggenipun badhe kagungan damel mantu
kanjeng rahaden Mas tumenggung, bupati Madiyun wau, sageda kalampahan
ingkang klayan saking wargi gampil tuwin kawilujengan ing salajengipun sampun
kirang satunggal punapa.
Kawula pun Ciptanugraha.

Candhakipun Cariyos Pandung Aguna Mimindha Tiyang Estri ingkang sampun


pejah, angaken gesang malih
Pun Darmi kalih misan sumaur sareng, sami angaken wast pun Darmi, pun
Sudhana lajeng kengkenan angundangi sanak sdherekipun pun Darmi boten
antawis dangu dhateng sami kinen amastani pun dipun Darmi minangsa tuhu,
sanak sadhrekipun pun Darmi smi bingung ing pamilihipun, awit kembar warni
boten wonten ingkang siwah, ing ngriku wonten kaprenah uwa dening pun Darmi,
wastanipun boen kacariyos, punika darbe rembag prayogi sami kaaturaken
dhateng nagari, pundit ingkang dipun paringaken sakin gparentah inggih dipun
tampenanana, sadaya sami golong ing rembag lajeng mangkat,dumuginipun ing
kapatiyan anuju patih Janaloka paepatan akaliyan para punggawa, pun Sudhana
dinangu matur saking wiwitan dumugi ing wekasan andadosaken pangunguning
patih tuwin para punggawa sadaya, sami rumaos kewran ing panggalih
karampunganiing prakawis punika, dangu dangu patih Janalika angandika,puluh-
puluh wus begyanira pun Sudhana, Ing nguni somahira sawiji mangkya dadi roro,
iya iku ambilen somah karo pisan. Aturipun Sundhana pukulun inggih sandika
manawi sampuna kembar warni sami nama, sarehning makaten punika boten
wande dados para paben rebat leresing namanipun,kados pundit kadadosanipun
ing wekasan. Patih janaloka kendel ing sanalika lajeng animbali rare panakawan
awasta pun Mudha, sareng prapta sampun binisikan saliring lalampahanipun pun
Sundhana sadaya, ing wekasan pun Mudha tinaringan pirembag ingkang dados
prayogining karampungan. Nunten pun Mudha angundang pun Darmi
satunggilipun malih, sareng prapta tinakenan namanipun inggih angaken wasta
pun Damri, tinakenan wedalanipun aganaken ing dinten Soma Pait, sasampunipun
makaten lajeng kinen mundur sarta kabektanan janur, kasingkiraken dhateng
panggenan sanes malih. Nunten pun Mudha angundang sanak sadherekipun pun
Damri satunggal satunggal, tinakenan manawi sumerep wedalanipun pun Darmi,
saben ingkang prapta wangsulanipun sami sanjang manawi wedalanipun pun
Darmi punika ing dinten Soma Paing.
Cariyos punika taksih wonten candhakipun

Tuwan B.A. Van Der Eidhe benjing ing dinten Saptu tanggal kaping 17 wulan
Agustus punika, dhateng ing Ngayogyakarta, sarta amondhok wonten ing losemen
winastan Hotel Mataram, dene dhatengipun tuwan Van Dher Eidhe wau mawi
ambekta barang dagangan awarni: Kalung Barleyan, ageng-ageng; Anting-Anting
barli-barliyan, tanpa caca; sengkan Inten; Susuk kondhe barliyan ageng sarta
mulus; gesper tangsul kaus barliyan agemipun para ageng, utawi sanesipun.
Katandhan tuwan B.A. Van Dher Eidhe

Lelang AGeng
Benjing ing dinten Salasa tanggal kaping 27 wulan Agustus punika ing griyanipun
swargi Raden Ngabei Mangunagara ing mangunjayan badhe wonten lelang ingkang
kasade barang warisipun Raden Ngabei wau kados dene ingkang kasebut ing serat
pratelan ingkang sampun kawradinaken.

Kareta latu ing Indiya Nederlan


Saking Samarang dhateng Surakarta, tuwin dhateng ing Ngayogyakarta, utawi
kokokwangsul. Para tuwan ingkang sami anguwasani lampahing kareta latu ing
Indiya Nederlan sami asuka uninga, manawi awit tanggal kaping 1 wulan Agustus
punika, para tiyang kenginig angintunaken sawarnining barang dhateng ing kalasan
utawi saking ing Kasalan dhateng sanesing panggenan.
Katandhan Para tuwan ingkang anguwasani kareta latu., R.F.Dheseif, Oledman.

Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni kareta waja ingkang saged
munten angicalaken tinjanipun sawarnining dadamel kados ta sanjata pistul, pedhang,
lading gapit utawi barang tosan sapanunggilanipun 1 iji 1 rupiyah, dadamel ingkang
karesikan lajeng katingal saes malih kados dene kala taksih inggal mila kareta punika
sakalangkung prayogi kangge para militer.
Jonasportir enko
===========================
Tuwan L.N. Langkring ingSurakarta, kadugi anglelang barang warisipun para
priyantun utawi sanesipun ing salebet utawi sajawining nagari Surakarta

Pen mas mawi isi potlot tuwin gagang pen 1 regi 3 rupiyah sakalangkung prayogi
kangge para priyantun ingkang sami kakesahan, kengin gpikantuk saking
tuwanJOnasportir enko

Kauningana para priyantuun manawi, tuwan Sirfan ek enko ing Surakarta, mentas
anampeni dagangan sutra warni-warni mawi sekaran benang jene punapa malih kaca
ageng alit mawi lis parade, sakalangkung endah sarta pantes kagem para ageng.
Katandhan tuwan Sllirfanek enko

Kula tuwan slirfanek enko ing Surakarta, angaturiuninga dhumateng para priyantun
sadaya, manawi kula sagah adamel lelang, anyadekaken barang kagunganipun para
priyantun samanten punika mawi bayar persen ing ngatasing papajenganipun barang
wau ing dalem satusipun naming 2 rupiyah langkung 50 sen.Katandhan tuwan
Slirfanek enko

Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta paparing dalem Kanjeng
Panemabahan ing Sumenep patumbasipun serat Bramartani taun 1872 punapa
mali saking para priyantun ingkang kasebut ing ngandhap punika.
Ingkang punika sanget panuwun kula dhuamteng para priyantun wau.
Jonas Portir enko

Serat papethikan bab pratelanipun anumpak kareta latu, mawi amratelakaken sakathahing
paukuman ingkang tumrp dhateng sakathahing bongsa.
Para priyantun ageng alit utawi sanesipun kedah nyumerepi ungeling pranantan punika
supados sampun ngantos anerak wawaleran ingkang kasebut ing serat wau.
Jonasportir enko. … …

Kula Surawijaya tukang Blodir ing Surakarta, kamipurun angunjuki uninga, bab
pangaosipun barang pangagemipun para amtenar jwi, bawah gupremenan
Kadosta regi rupiyah sen
Sabuk cindhe bara buliyun regi 80
Sabuk putra wungu tuwin abrit mawi bara sekar sedhah 50
Sabuk ukuk renda barabuliyun 50
Sabuk ukub renda bara sekar sedhah 35
Sabuk ukuk pita wungu tuwin abrit barakar sedhah 19
Clana bupti pangkat adipati senuran 44
Clana bupati pangkat tumenggung senuran 40
Clana patih wates wadana senuran 34
Clana para mantra sanesipun senuran 30
Kuluk Berji 1 75
KUluk Mathak 1 50
Para priyantun menawi karsa tumbas kuluk kedah 10, minggah sabab kula mirantosi
wadhahipunmrakas. Sakathahing barang punika, parapriyantun Amtenar sadaya wau
kula aturi bayar kenceng sarta amitungkasa dhumateng tuwan F.L.Winter
ingSurakarta,kados dene ingkang sampun kalampahan.

Serat Babad Pajajaran angka 1 regi f 2


Serat Babad Demak angka 2 regi f 2
Serat Babad Pajang regi f 2,50
Serat Babad Mataram angka 1 regi f 2,50
Manawi tumbas sakawan bk pisan bayar kenceng naming regi f 7,50 prangko pos
Jonas porter enko

Punika Cariyos Babad Mataram


Sakathahe kang ngadohi jawi, pasthi kalah marang lakinira, wus kasoran luluhure,
susunan Giri dangu, pan guguru mring sang ngayogi, susunan Rampeldenta, iku
purwanipun, atapa kathah yuwana, tanah jawa sadaya sami lumiring, angalahaken
ing prang. Sigra mulih ratu Wandhansari, sampun prapta aneneng Surabayan, wus
panggih lawan lakine, manembah ngaras suku, ing pratala sang ratu Pekik, garjita
ing jro nala, prapta garwanipun, anarka yen ana karya, adipati Surabaya wruh ing
wangsit,meneng esmu sasmita. Tan winarna lami nya ing Mangkin, ratu
wandhansari sinarenan sampun denya mongka resmen, sasampune pulang
hannyun, ratu wndhan angling bebisik, karsane kanjeng sultan, wus babar maring
sun, adipati surbaya, sigra mojar sun sengguh nora kadyaki, kang karsakanjeng
sultan. Yen weruh akang karsa narpati, amrih rusake giri pandhita, pinrah ngidhep
pawujude, wus kagem ngastaning sun, pan wun aneng selaning driji, pandhita ing
ngaldaka, ing saestunipun, watara mongsa sakalahe, upamane lir amithes who ing
ranti, pesthi kalamun bedhah. Ratu Pekik asru dening rangling, mring sang retna
manira nenedha, ratu mas iku jatine, lah aturena sun, saosena sowa narpati, apan
ta ing sun arsa, pamit ing sang prabu, kang garwa datan lenggana, sigra mangkat t
wus prapta ing dalem puri, sarimbit tinimbalan. Sapraptaning kalih ngarsa aji,
adipati lawan ratu wandhan, wus ngabekti sakalihye, sumungkem aneng lebu,
dalamakan srinarapati, sang prabu ngandika, kaya pasireku, pandhita ing Giripura,
sayektine sun tempuhaken sireki, nungkule si pandhita. Ratu Pekik umatur
wotsari, paduka nata datan lenggana, nenggih atur kawula ngger, Surabaya sang
prabu, andhatengna mengsah kang sakti, anenggih rajeng cina, miranti neng
gunung, wong Surabaya tan ebah, pan suwawi kalawan paduka aji, kawula
amityuda. Wonten dene rayi paduka ji, inggih boten pan kawula bekta, katura
dhateng sang angreh, wontena ing kadhatun, pan wong ngestri pan angribedi,
boten dados dandanan, prakawis prang pupuh, boten wande dados bondha,
tempuh ing prang satemah tan kober jurit, pijer ngrawati garwa. Sri narendra
gumujeng sarya ngling, karsaning sun yayi garwanira, para garwa iya mangke,
mapan sasedyanisun, rabenira sadulur mami, barenga kalawan rabimu, wus
wiyahe ing wanodya, pan kanglanang kalah ajurit ngmasi, bojo dadya boyongan.
Ratu Pekik umatur wotsari inggih nuwun, inggih nuwun sih aduka nata, tan
lenggana ing karsane, anuluya sami kondur, ratu pekik lawankang rayi, maembah
mring sukusang, mangusapi lebu,kanjeng sultan angandika, alah lara ta sira aja
gumingsir,barenga pejah gesang. Adipati Surabaya aglis, sinangonan emas
myuang slaka, arta lawan busanane, ratu mas sinu sangu, panganggone kang
luwih adi, retna lawan kancana, artanipun agung, jeng sultan nulya andonga,
salameta yayi denira ajurit, menanga yudanira. Atur sembah sira sang
dipati,lankang garwa anulya lumampah, sampun prapta ing daleme, wong
Surabaya kumpul, ing wartane wus oleh mulih, sigra amya adandan, sawadyane
kebut, sang dipati sampun bubar, ing Mataram kaliyanlawan kang rayi, tan
kawarna ing marga. Sampun prapta nagaranireki, Surabaya sigra atengara,
amepak wadya balane, saadyanira rawuh, nulya marek mring sang dipati, ratu
Pekik ngandika, sagung mantrinipun, eh sakehe wdyaningwang, mulaning sun
niki dikakake mulih, ing ngutus ngadoning prang. Kinen gepuk nagara ing Giri,
para mantra tur sembah sadaya, angaturaken sanggupe, yen sampeyan anggepuk,
dhateng Giri mapan kacangking, gondra pinten ing warga, pan karonban duduh,
wadya surabayakathah, wadya Giri punika among sakedhik, pun di margane
menang. Karep ingsun anak mas ing Giri, nanging ingsun pan ora sun nambah,
ingsun prih idhepe bae, nungkula krana patut,wonten mantra tuwa
sawiji,paninggih kula myarsa, wartime sang wiku, pan darbe anak-anakan,
Endrasena punika digdaya sekti,, arsa magut ing aprang. Panggawene sang raja
ing Giri, angrujuki sang tatu ing Cina, amapaga akarsane, wadya punggawanipun,
ngandelaken lamun patitis juritipun ki Cuina, bedhil agemipun, singa kang den
benerana, pan wus [ada wadya cina ambebedhil, rajeng Giri pracaya. Angandika
sira sang dipati, Surabaya sokur yen pracina, amapaga ing yudane, mongsa
mundura ingsun, mara uwis bendheya aglis, sigra nembang tengara, gagaman wus
kumpul,prajurite samiprapta,sampun pepak neng ngalun-alun abaris, ginelar
salobogan.
Aleler-leler waradin, praurit lawan prawira, anulya kinen ambendhe, ambubarena
gagaman,anulya tiningalan,gagaman bubar gumuruh, kadi pungkir kawelagar.
Sigra budhal sang dipati, sakaliyan ingkang garwa, anitih joli garwane,kiang raka
lumakweng wuntat, nitihi kudanira, ginarebeg wadyanipun, prajurit lumampah
ngarsa. Solahe lir bantheng kanin, lir singalodra mamongsa, anggegilani
tandange, gagamanira balabar, lir tasikan pawekas, datankawarna ingngenu, wus
prapta ing ngargapura. Enengena ta rumiyin, adipati Surayabaya, rajeng giri
winiraos, wus ing ngaturan uninga, yen arsa ing ngunggahan, mring wong
Surabaya rawuh,praptane saglar sepapan. Angandika nateng Giri, yen mangkana
wartanira, yekti saoleh-olehe, alah payo winetonan, prange wong Surabaya,
dadiya tetindhihipun, putraningsu rajeng Cina.
Ongka 34, Kemis kaping 22 Agustus 1872

Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani,mongka ngantos sapriki dereng
bayar punika sami kaaturan ambayar ingkang tumunten supados sampunngantos
andadosaken jalaran rengating panggalihipunpara priyantun wau.
JOnasportir enko

Kulawisudhan tawi sanesipun


Samarang
Raden Danukusuma, wadana ing Grogol 2 Mas Sastra Adiwiduna, wadana ing Genuh
awit saking sampun sepuh, ing samangke kapatedhan pensiyun
Mas Yudakusuma, Ajung Jaksa ing Samarang, kakulawisudha dados wadanaing Grogol
Mas Reksa Sasmita, Asisten wadana ing Samarang, kakula wisudha dados wadana ing
Genuh

Banyumas
Mas Prawira diwirya Juru seratpiskal kaundur saking pandamelanipun amargi kalepatan
Ingkang gentosi dados Juru serat piskal, raden Arjadiputra, Maganganing Kantor
REsidhenan.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten Saptu tanggalkaping 17 wulan Agustus punika, wancijam 4 sonten ing
ngalun-alun woten baris paradhe, prajurit jawi kaliyanpara militer,menggah
pratingkahipun angirib paprangan, anglangkungi rame swaranipun ungeling mariyem
tuwin sanjata arambah-ramabh, sampeyan dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan,
karsa mariksani magangem busana Jendral Mayor,anitih titiyan dene garwa dalem
kanjeng ratu Pakubuwana, anitih kareta kaliyan para putra putrid kendel saelering
pagelaran ingkang sinuhun lajeng anunggil tuwan Jendral Mayor Persepik punapa malih
kanjeng gusti pangeran Adipati Arya Mangkunagara sami amriksani wonten
sangajengipun mariyem ageng, dene bibaripun ingkang sami baris wau wanci
ngajengaken pukul, 6 ingkang sinuhun kanjeng susuhunan kaliyan tuwan jendrallajeng
tedhak ing residhenan konduripun angubengi loji beteng tuwan jendral saha tuwan
kumendhan andherekaken dumugi ing pagerlaran kendel atata beyan kaliyan ingkang
sinuhun utawi kaliyan garwa dalem kanjeng ratu, sasampunipun tuwan jendral lajeng
kondur dhateng loji, ingkang sinuhun kondur angadhaton. Antawis ngajengaken ½ 7 ing
kampugn Mandura rejan prenah sakilening dalem kapatiyan wonten griya
kabesmen,ingkang dados wiwitan griyanipun tiyang gadhah damel mantu, saking
pakabaran jalaran latunipun tiyang anggegoreng watawis radi sembrana
wajanipuningkang murub, kathah ing griya ingkang kabesmi cacah wuwung 36 iji.

Anunggil dinten Saptu ing ngajeng wau,kanjeng tuwan Jendral Mayor Persepik
amartamu dhateng ing dalem Mangkunagaran kaliyan Kanjeng tuwan Residhen utawi
para tuwan tuwan sahapara nyonyah menggah rerengggan paurmatan tuwin sugatanipun
anglangkungi semuwa utawi mawi kasukan dhansah bibaranipun wanci jam 3 dalu.
Ing dinten Akad sonten kanjeng Pangeran Arya Adiwijaya, andhaupaken putranipun
putrid angsal putranipun raden Tumenggung Jaksanagara, dene rerenggan bawahanipun
ugi anglangkungi semuwa sarta kathah para priyantun ingkang sami rawuh amartamu.

Banyumas
Serat kakintunan saking purwakerta katandhan Mas SAdi, anyariyosaken masigid enggal
kados ing ngandhap punika,
Ingkang karsa yasa wau masigid kanjeng Raden Tumenggung Bupati ing
PUrwakerta,menggahpanggarapipun kalih tengah taun laminipun sabab tiyang ingkang
nyambut damel naming sakedhik ngemungaken para ketip kimawon, sarta tiyang ugi sok
wonten ingkang sami ngrencangi anaming boten kalayan kaprentahing nagari, awit sami
kasdunipun piyambak kalebet wakab, saking pamanggih kula kalebet enggal
panggarapipun ing ngatasipun tiyang sakedhik ingkang nyambut damel sarana boten
sepen pamarsudinipun amurih enggala dados menggaha gengih puna naming cekap
kimawon denera renggan saestu bagus boten wonten kuciwanipun sae sadaya,
bekakasipun kanjeng jati sadaya, kori miwah saka mawi praos jendhela mawi kaca
sadaya gumebyar sanget ujalaka sorot ing prabangkara saengga ambalerengi, tuwin
palataran kathah pethetanipun kados ta pacar cinten puspawinata sapanunggilanipun
gandanipun kasilir ing samirana angambar nyarambahi ing kanankering tur asri yen
dinulu, anjawi saking punika sakalangkung andadosaken suka bigahipun para ketip
sadaya miwah para tiyang tiyang sarta andarbeni pnuwun ing gusti Allah mugi-mugi
pryagung angsala supangat tuwin karaharjan ing samudayanipun dene sampun karsa ya
sa masigid ingkang saklangkung prayogi minongka kadamel pepundhening para Oliya,
punapa malih manawi waktu dintenjumuwah para ibadah tumerab awurahan ingkang
sami salat ing masigid wau, minongka pratondha asih tuwin rmaketipun dhumateng
riyagung sami sami nagari alit ingPUrwakerta kenging kawastanan gemah raharja awit
begena awis wonten bab kadursilan miwah reresah para tiyang alit boten wonten ingkang
andarbeni manah mutawatos awit sangking tata tentremipun sababpara priyantun
kapulisen sami kenceng miwah ambudi sadaya amurih raharjaning nagari.…

Dheli
Serat kikintunan sakingDheli ingkang kapacak serat pakabaran Walandi anyariyosaken,
nalika tanggalkaping 26 wulan Juli ingkang mentas kapengker titiyang Batak sami
anempuh dhaeng ing beteng Dheliingkang mentas dados enggal, anaming lajeng
katadhahan para militer ing ngriku, kalampahan tiyang Batak wau kathahipun 67
ingkang sami anemahi pejah, sakantunipun sami lumajeng, dene para militer sadaya sami
wilujeng, naming tiyang kuli satunggal ingkang kataton lajeng pejah, tiyang Batak
ingakng lumajeng wau sami angungsi dhateng ing pareden sarta katututan dening para
militer, utawi kathah griya pakampungan ingkang karisak tuwin kabesmi, dene para
militer samangke sampun sami ngumpul sumedya badhe angupaya tiyang Batak ingkang
angungsi dhateng pareden wau, utawi malih wonten ingkang kapatah angreksa siti
bawahipun para tuwan ing ngriku.pakabran sanesipun malih, amratelakaken manawi
tiyanging Batak samangke sampun sulaya kaliyan pangajenging kraman dhatu kakalih,
menggah ingkang dados jalaran sasampunipun perang wonten ing tandhu banowa, dhatu
kakalih wau sagah badhe bayar arta dhateng tiyang Batak kathahipun 500 ponsterling,
wasana dumugining janji naming kabayar 300 ponsterling naming punika ingkang
andadosakensulayanipun wau, ingknag punika saantawis kanjeng parentah ageng badhe
saged anindakaken karampungan kalayan rurukun ing ngaktasing prakawis punika
kaliyan para lurahipun tiyang Batak ingkang boten tumut angraman utawi ingkang
katingal rumaket dhateng paprentahan, punapa malih paprenthaaning ngriku sampun
andhawahaken badhe amaringi ganjaran dhateng ingkang saged anyepeng dhatu kakalih
wau, ingkang kacariyos ing salamenipun para tiyang Batak wau ingkang kathah boten
anggadhahi cipta awon dhateng bongsa Walandi edene ingkang sami ngraman punika ugi
tiyang Batak anaming ingkang sampun kasebut tiyang awon sartaboten gadhah
pangupajiwa, dene anggenipun purun tumut angraman naming badhe melik ganjaran arta
ing wasana dipun apusi dhateng dhatu kakalih kados ingkang kasebut ing ngajeng wau.

Bab Isarat Hama Pantun


Serat pakabaran Batawi amratelakaken bab amapan tun ingkang winastan Bubuk Bang
utawi Bubuk Tlale,menggah cekaking katerangan kapratelakaken kados ing ngandhap
punika.
Bawahing Panaraga kathah pantun ingkang wonten ing lumbung sami karisakanjalaran
katedha ing nngama kados ingkang kasebut ing ngajeng wau, dene samangke ama
sampun ical awit saking pratikelipun raden Mas Cakradipura, papatih ing Panaraga,
menggah isaratipun kapratelakaken kados ing ngandhap punika.
Sakathahing pantun ingakng wonten ing gudhang kawedalna sarta kaepe sadinten,
gudhang wau karesikan ingkang baresih dalah sagalaripun manawi sampun resik
kalebeting gudhang wau gedheg utawi galar sadaya dipunusapana ing lisah petroliyum ,
sarampungipun pantun wau kenging karumatan ing gudhang malih, ing sanalka
pantunkalebetaken ing gudhang (h)ama bubuk kakalih wau kathah ingkang sami pejah
utai miber swaranipun saengga lemut, lajeng sirna awit saking ambeting lisah petroliyum.

Manawi saudara tuwan redhaktur anyondhongi, kula ngaturi kabar sakedhik mugi
kapacaka ingbramartani,kados ing ngandhap punika. Nalika dinten Slasa tanggal kaping 7
wulan Agustus 1872 antawis jam a5 sonten ing dhusun Gondasuli, wonten satunggal lare
jaler umur 16 wulan antawis saweg kagendhong ing kakangipun estri wasta
Lasemlangkung ing ngandhap witkrambil gadhahanipun tiyang nama Mertawecana, ugi
ing gandasuli kadhawahankrambil rentah kajengipun pryambak anaming lare wau boten
ngantos pejah naming ketemper kimawon ing sapunika taksih wilujeng.
Ing nalika dinten saptu tanggalkaping 10 Agustus punika, ing Kampung PUrwakerta Ler,
wonten satunggal tiyagnjaler wasta munada, sakinten umur 55 ungsum ing wanci jam 3
siyang, wau mudana bilahi anemahi pejah dhawah sangking penekan wit So.
Ig kampong Kranji ing wektu punika wonten satunggal tiyang estri nami bok
Wongsadrana umur 20 ungsum kenigng sakit cacar setan. Ing kang sampun kasebut ing
nginggil punika sedaya bawah dhistrik tuwin Afdheling Purwakerta residhensi
Banyumas. Titi kaserat ing Pakarteman kaping 8 Jumadilakir wawu sinengkalan Jalma
ngalih ngesthi bumi. Katandhan siswa ing pamulangan Raden Arsaatmaja.
Ingkang kalayan urmat winantu-wantu katur ingkang saudara tuwan F.L.Winter, saha
ridhakturing Bramartani ing nagari Surakarta. Manawi pareng atur panjurung kula punika
mugi kapacaka ing Koran Bramartani, awit saking anggumunaken kasangsarannipun
tiyang estri wasta bok Dipajaya, ing dhusun Besol dhistrik Purwareja, jalaran nalika
dinten akat tangal kaping 4 wulan Punika, bok Dipajaya wau sumea dhateng peken, ing
kuthaarja ing waktu wau wonten kapal ingkang nuju kagulang ing lepen ngriku, 1 jaler,
kagunganipun priyantun bongsa ageng, 1 estri gadhahanipun tiyang dhusun, sareng kapal
sami lumajeng anunjang bok dipajaya wau lajeng rebahan dadosaken pejahipun dene
ingkang tatu naming janggtipun malecet kadugi kasepak bok Dipajaya wau umuripun
sampun 75 taun.
Kaping 5 Agustus 1872
Saking karang Kabuyutan.

Serat Bramartani ongka 31 wonten panjurungipun mitra kula ingkang sisilih nama,
Mudha Punggung, ing ngriku mangrasehaken babasan kumeleming prau gabus,
tumimbuling watu item, candhuk lawung, gong magurugongsa, ingkang punika sarehning
dereng wonten para sujana ingkang apari jarwa, manawi pareng kula anyaosi tegesipun
ugi medal saking kinten-kinten kemawon, kados ta babasan keleming prau gabus tuwin
timbuling watu item wau manawi panunggilanipun babasan kamokalan kemawon
panunggilanipun tiyang wicanten cocak anguntalo cebol anggayuh langit katepang
ngrangsang gunung, punika sami babasanipun tiyang soraken badan amendhet suraos
ingkang elok, utawi tiyang wicanten durung candhuk lawung, punika kakados tiyang
ingkang dereng nate kapanggih, tuwin dereng nate atepang wiraos naming punika
pamanggih kula, dene gong magurugongsa, kula dereng sumerep utawi sampun wonten
ing seratipun open ingkang sareng wedalipun nnggil bramartani ongka 31 waana kula
anymanggakaken dhateng para sarjana menggah teranging teges wau sadaya.
Katandhan pun Dugi Prayogi.

Wangsulan nyuwun pinacak ing Bramartani


Pun kula cumandhak sumalonong adreng ing manah, ngaturi wangsulan paringipun
cangkriman raden Darmawisesa, murid pamulangan Jawi ing Purwakerta, ingkang
kasebut ing Bramartani ongka 32 kaping 8 Agustus 1872 inggih among saking kep8ingin
kula tambah ing kawagedan pambatang kula medal saking dugi dugi kimawon mila
ingkang mesthi taksih nalisir.
Paring sampeyan cangkriman kadosa
1. Ya rupane jenenge, upami kula batang wowohan susun
2. Bisa nyandhang ora bisa nganggo, upami ula batang tiyang pejah dipun ulesi
3. Bisa nganggo ora bisa deleng upami kula batang punapa tumrap dhateng
pengangge
4. Bisa calathu ora bisa muni upami kula batang peksi menco ingkang saben
wicantenan
Wondenten ingkang 3 bab ing wingking ugi kula budi sarana pitaken dhateng konca
kula sekolah, sebab punika dereng temtu yen patitis, ing wusana leres lepat kula
sumongga para sarjana.
Saking kula, Tember Yuda, Murid Sekolah Purwareja.
Bramatani ongka 28 kula sampun tampi saseratanipun mitra kula, ingkang sasilih
Wartatama., suraosipun kula sampun mangretos sadaya, bab panrimahipun awit
saking panjarwa kula, tuwin panjarwanipun mitra kula Wityaradya, wangsulan kula
andadosaken suka sokur ing manah, amargi mitra kula jangkepa wicara.Wondening
bab panjarwanipun cangkriman ingkang ongka 1 kula dereng manggih saserepan
menawi mitra paduka wityaradya samun nyumerepi kula sumongga, sarehning
ngajeng kula sampun pratela yennamung punika sasrepan kula. Mekaten malih
cangkriman paduka ongka 1 tuwin 2 sampun sami dipun tegesi kalih mitra paduka ing
Pruwagupita, sasilih Tilam leres utawi dereng kula sumonga mitra kula Wartatama.
Ing wasana menawi mitra kula Wartatama serju, kula urun panjarwa sangking
pamanggulipun cangkrtiman ing mitra paduka, sasilih barukaton rinengga sekar
Megatruh Bramartani ongka 26. Jinggamudha ing Siptaning antuk marga, sarehning
mitra mami, radyamartatama, soal nyuwun jinarwa barukaton mitra mami, wusnya
abating, lajeng gentya nguculi. Kan gpigunan sarana gelar cangkriman ing dalem
badan ugi, ana tulis den ta ,lamun tan kinawruhan mesthi rusak gamaneki, mongka
agama, tamtu lakuning urip. Wus pratela kelamun rujuking driya , ulun urun
ngucupi,yen pmanggih ingwang, ika tembung wancahan len cangkriman kang
nyamari nanging ta poma sampun bela tampi. Ana watu mandhelis munggeng
babadan kalamun tan ing ngeksi, lebur gegamanya, kuwi pacule romping , mongka
gegaman sayekti, lantaranira, ngupaya sandhang bukti. Mung punika kang dadi
pabatang ingwang, leres punapa sisip sampun bucal cara, carane pawong mitra
upamenipun prakawis gugatan jawab tamtu dipun wonteni, Leres lepat nanging kedah
katrrangan boya nyidhem prakawis sampune lat kadya funane Trusdhasastra,aring
anyidhem pambudi, kridha kawigyan angkriman langkung edi. Yen jinarwa
mitrengwang abucal cara artine tan mangsuli tuwin yen tinaya ing tembung myang
jarwannya Trusdhasastra di tambuhi, katungkul denya mentaraken pambudi.
Dayaadheane pawangsalan ingkang kinarya gelar luwih, punika kang danya
ngunguyni driya amba, sumongga ta kadi pundit, para sarjana, genipun mupakati.
Boya lamune nacat pigunanira, tuwin lantiping karsi, nanging bucal cara, carane
pawong mitra, pirukun lantaran piker, pramila amba, eram dahat tan dugi. Ing
wasana sampun pisan pisan bela tompa ulun prasaja yekti, sangking ribet manah, mila
amba sumonta, sinten pantes ajegsani, supaya lejar, bebeging driya mami. Wus
katiten negari Ngayujakarta, Jumadilawal tongsi, leking kaping Sapta, Wawu
sangkala rupa, Muksya Sarira Sawiji, olun Kusuma, Wicitra kang nandhani.

Batang Pitakenan
Bramartani ongka 28 mitra kula ingkang sasilih nama Mintajarwa, teksih ngajeng-
ajeng panjarwanipun Anggara Kanthil bab tegesipun gong magurugongsa, sanadyan
mitra kula anggara kanthil wau dereng suka panjarwa, ewadenekula sumedya
urunpanjarwa menawi kaleresan dene yen nalisir mugi sampun pisan andadosaken
aruning panggalih.Sangking pamanggih kula awit ungeling gong, kedah manut
laguning gendhing, gong anggadhahi teges swara aeng anteb gamelan kawenipun
gongsa, punika anggcahi teges, swara rame mawarni-warni, utawi wujud warganipun
sarancak garbanipun swara tamtu manut laguning gendhing, lagu anggadhahi tege
mileting swara enges gendhing anggadhahi teges pigunan pangrekadaya tuwin
manganggit-anggit. Pramila sampunleres komrap ming tembung kabasakaken gong
magurugongsa, awit gong yen mungel boten abukani swara, ananging ingkang bukani
swara sangkingpanggendhinging rebab utawi gender,lajeng dipun barungi beming
kendhang, gong sarta rericik sapanuinggilanipun lajengnutui,dumadya sasarengan
mungel nanging kedah maguru dhumateng wileting gendhing, kados ta gendhing
galagothang,ungeling gong kedah lokang sawetawis dene yen gendhing senggrang,
ungeling gong kedah krerep saingga nitir, pramila sampuntetela ungeling gong kedah
manut laguning gendhing. Ing wasana katenta kula badhe ngebaraken pigunan boten
pisan ananging kula naming sumedya nuruti pitakenipun mityra kula, rehning teksih
wonten kawruh ingkang dipun kodhengi, aupami rujuk sokur bage sewu,dene yen
sulaya sampun pitaken malih katranganipun amargi namungpunika saserepan kula,
boten sangking wewaton serat ananging medal saking dugi prayogi kimawon. Titi
Katandhan Siswanipun Open Ka Wa ing Ngayugyakarta.

Candhakipun cariyos pandung ngaguna mimindha tiyang estri ingkang sampun pejah,
angaken gesang malih.
Nunten pun Mudha angundang pun Sudhana malih, winatosan manawi ingkang
anyepeng janur punika semahipun satuhu, lajeng kinen medal sarta winaleran sampun
enggal-enggal angaken semah salah satunggal, manawi angatawisi sisip sembir
wewah bilahi. Nunten pun Mudha angundang pun Darmi ingkang anyepeng benang,
sareng prapta tinakenan sarta kagiri-giri kinen angaken sajati, punapa lelembat
punapa manungsa, manawi angaken badhe angsal pangapunten, manawi kumbi badhe
amanggih bilahi, pun Mudha sengadi sampun sumerep ing lalampahanipun pun
Darmi maliyan sadaya, sarta saged ambadharaken para mamaliyan, sabab raden ARya
manungkara darbe lisah Muksala, manawi kausapaken ing sarwa mamaliyan yekti
kababaran. Yata pun Darmi maliyan sanget ajrihipun, dinalih pun mudha langkung
waspada, ing wekasan waleh manawi sajatosipun manungsa, ananging boten mekca
ing nama wismanipun. Pun Mudha tataken jalu estrinipun sarta nama akaliyan
ingkang dipun griyani, Pun ?Darmi maliyan angaken manawi tiyang jaler sajati
awasta pun DAruna, wismanipun ing Sambalan. Pun Mudha tataken malihing
wadosipun deninra malih estri,pun Darmi maliyan sajarwa yen durjana. Pun Mudha
tataken barang raja darbekipun Sudhana ingkang sampun kenging kadhusta, pun
Darmi maliyan angaken sadaya, ananging mawi amratelakaken ingakng sampun
kalong ing sawatawis.Pun Mudha tataken rajabrana ingkang taksih punika
kadekekaken ing pundit, punDarmi maliyan angaken manawi kapendhem wonten
pardoning wismanipun kang kidul wetan, pun Mudha muwus malih,lah andika
wonten ing ngriki sakedhap kewala. Nunten pun Mudha medal, matr dhateng patih
Janaloka, dipun aturi utusan amendhet rajabrana ingang kapendhem wonten
padosning wismanipun punDaruna ing sambalan, kaleresa padoni kidul wetan. Patih
Janaloka amituhu lajeng utusan, boten antawis dangu ingkang dinuta prapta sart
ambekta rajabrana lajeng tinampen dhatengpun Mudha kabekta ing panggenanipun
pun Darmi maliyan wau, ananwekaken rajabrana punika, Wuwusipun pun Mudha lah
punapa puniki arniing rajabrana kang andika dhustha, wangsulanipunDarmi maliyan,
lah inggih puniki sakantuniipun kang sampun kalong, kula angge tambal kabetahan.
Pun mudha tataken ingkang sampu kalong warni punapa. Pun Darmi maliyan
sanjang, yen among awarni kalung satunggal, sampun dipun wade katumbas dhateng
punCakethi, kaurupaan tetedhan ingkang dados pakaremanipun anama Pesthi,
warninipun kados obat anget, wonten pakantukipun anguwataken badan, akaliyan
wedang sarjih ingkang mawi bumbu arum, pakantukipun ambetahaken wungu, jangji
ing dalem sawulan pun dhatipun ing sapangaosing kalung satunggal wau, ing mangke
saweg kalampaha tiyang dinten, dados kirang pitulikur dinten pundhatipun. Nunten
pun Mudha medalmalih, matur dhateng patihJanaloka, dipun aturi utusan animbali
pun Cakethi sarta ambektaha kalung saking pun Dauna ing Sambalan. Patih Janalika
amituhu lajeng utusan, boten dangu pun Cakethi prapta, nunten pun Mudha angatag
dhateng pun Darmi maliyan kinen wangsulan dados pun daruna. PunDarmi maliyan
sampun awarni punDaruna malih lajeng kabekta sowan dhateng ngarsaning patih
Janaloka. Pun Mudha matur ingpratingkahipun saking wiwitan dumugi ing wekasan,
patih Janaloka akaliyan para punggawa sami angungun,s adaya angalembana dhateng
pun Mudha, tuhu yen undhagi ing ngaguna, pangandikanipun patih Janaloka, yen
mangkana si Daruna iku wus tetela Manawa durjana, sayekti bakal kapatrapa
sapidananing durjana.
Cariyos punika taksih wonten candhakipun.

Lelang Ageng
Sarehning Nyonyah Pansanten badhe angalih saking Surakarta, mila ing salebeting
wulan September ing ngajeng punika, benjing ing dinten ingkang badhe
katamtokaken badhe wonten lelang ing griyanipunNyonyah Pansanten wau, menggah
ingkang kasade barang warni-warni, kados kang kasebut ing ngandhap punika.
Bekakasipun griya, kapal, kareta, pakeyan kareta kangge rakitan sakawan mawi
karengga seplok berlin utawi dusdusan saingga taksih inggal lemari wadhah prabotan
kapal tuwin sanesipun lemari kajeng tatahan utawi lemari gelas, punapa malih
sasekaran tuwin wiwitan aneh aneh wonten ing ngepot pandamelan saking ing nagari
Cina, saking Jepan utawi saking nagari sanesipun. Asareng lelang punika, ugi badhe
anglelang barnagipun swargi tuwan Eibaker,kadosta: bekakasing griya, kapal
tumpakan utawi sanesipun barang warni-warni, kakathahenkasebutna sadaya
Katandhan tuwan B.A. Pandhereidhe

Lelang AGeng
Benjing ing dinten Salasa tanggal kaping 27 wulan Agustus punika ing griyanipun
swargi Raden Ngabei Mangunagara ing mangunjayan badhe wonten lelang ingkang
kasade barang warisipun Raden Ngabei wau kados dene ingkang kasebut ing serat
pratelan ingkang sampun kawradinaken.

Tuwan Slirpanek enko mentas anampeni dagangan piring ceper utawi jegong,
menggah reginipun sakalangkungmirah, tuwan Sirpanek enko ing Surakarta

Serat Babad Pajajaran angka 1 regi f 2


Serat Babad Demak angka 2 regi f 2
Serat Babad Pajang regi f 2,50
Serat Babad Mataram angka 1 regi f 2,50
Manawi tumbas sakawan bk pisan bayar kenceng naming regi f 7,50 prangko pos
Jonas porter enko

Pen mas mawi isi potlot tuwin gagang pen 1 regi 3 rupiyah sakalangkung prayogi
kangge para priyantun ingkang sami kakesahan, kenging pikantuk saking
tuwanJOnasportir enko

Tuwan L.N Langkring ingSurakarta, kadugi anglelang barang warisipun para


priyantun utawi sanesipun ing salebet utawi sajawining nagari Surakarta

Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun
1872 sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
Kanjeng Raden Adipati Ariya Sura Adiningrat ing Magetan
Raden Tumenggung sumadiningrat ign Ngayogyakarta
Raden Atmawijaya, Jasa ingBangil Pasuruwan
Mas Ngabei Karya dipa ing Surakarta
Mas ngabei Jayadipura, ing majakerta, Surabaya
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

Punika Cariyos Babad Mataram


Kawula anuwun idi, alami kularsa-arsa, damel dalem salamine, sampeyan dipun pracaya,
dhumatenging kawula,paninggih kawula purun, mungsuh ing wong Surabaya. Anulya
tengara aglis, pepak ingkang wadya bala, wong Giri wus pepak kabeh, sarta gagamaning
yuda, marbot modin sadaya, santrine wus samya kumpul, ladi kontul areratyan. Ketib
pangulu dhingini, pranatn kalawan Santana, ki Cina senpatine, samya wong cina
balannya, kathahe wonatara, pan ana wong kalih atus, wus maning islam sadaya. Para
Santana ing Giri, sampun apepak sadaya, anindhihi gagamane, pan nulya sigra tengara,
mangsah ing ranagana, sedyane bareng angamuk, sigra anulya umangkat. Bendhe
bedhugnya tinitir, wong Surabaya uninga, anulya nata braise, putra cina wus amapan,
sami ngagem sanjata, kang binedhil nora luput, wong Surabaya keh pejah. Karsanya
angideg wani, anulya kinariyinan, wong giri angamuka keh wong Surabaya tumandang,
sampun campuh ing yuda, suraknya lir gunung rubuh, santrine sami babegsan. Sakathahe
wdya Giri, prasami ambek palastra, saha bala ngamuk kabeh, sinosog ing ganjuratab,
binedhil ninangkolang, tankandheg pangamukipun, wong Surabaya keh pejah. Wus
bubrah tataning baris, wong Giri wus aneng tengah, pangamukira wus amor, braise pating
sulayah, gustine tan karuwan,wong Surabaya katawur, prajurite keh palastra. Wong
Surabaya angisis wong cilik kathah lumayu, kang prajurit bubar kabeh, ulate wus pan
dirangan, datan mongga puliya, yata kasaput ing dalu, kang amburu sampun bubar. Wong
Giri wus samya bali, wangsul marang prenahira, wadya Surabayakabeh,kang prajurit
samya sowan, dhumateng gustinira, sadaya sareng umatur,ngaturakenpejah gesang.
Kawula tiwas ing kardi, wadya tuwan kathah kang pejah, kang gesang samya kaponte,
kaburu kaponthal-ponthal, inggih tiyang Ngaldaka, sadaya pan samya teguh, sedyane
malebu pejah. Putra cina kang nindhihi, tuhu kalamun waspada, datan luput pambedhile,
wadya tuwan kathah pejah, adipati miyarsa, ing nature abdinipun, yata angers ang
dipatya. Manahe sampun amiring, angraos datan kawawa tan anedya puleh geteh, ratu
wandhan wus uninga, yen kang raka kewedan aris ingpamuwusipun, umatur dhateng
kang raka. Yen makaten kang ajurit, kawula anedha lila, perange sun tandangane,kang
raka gupuh ngandika, dhuh gustining sun nyawa, retune saliring santun, kaya
parankarsanira. Wadyanira mas kauri, balane akeh kang pejah, kang garwa aris ature,
sok uga dika lilawa,manawi ta kawula, saged mulhaken purun, kang raka asru ngandika.
Sakarsanira mas yayi, ingsun pan ora suwala, dhaeng andherek kimawon, sigra anulya
rahina, ratu wandhan wus medal,pinarak neng tarub agung, akaliyan ing kang garwa.
Sineba dene ing mantra, ratu wandhan angandika, marang wadyabala kabeh, keh
wadyane lainingwang, iki darbe manirareyal naming wolungewu, dumen lan wong
wawingkingan. Sakathahe wadyaningwang, pan sadaya wus lineler waradin, arta lan
busana agung, sakeh prajuritra, kabeh sampun tampi anjaranjeng ratu,pan dinum
kakadiranjapan, sadaya sampun waradin. SSawiji datan glis watan,sakathahe prajurit
surabanggi, ratu wandhan ngandika rum, lah kabeh wdyaningwang, yasa kehe
gaganjaraning sun punika, lah padha sira gaweya, angingoni anak rabi. Ing besuk yen
mulih sira,prapteng ngomah away sira kuwatir, pan ingsun mulih ing besuk, iya maring
Mataram sami ngaturaken pejah gesangipun, yen wus karuwan prangira, angrasa tan
angundhili. Sun maur ingkang jeng sultan, lamunkalah enggonira ajurit, yen kajodi yekti
iku, iya ing Perangira, pan akabeh prangira padha kaburu,pramantri kathah kang pejah,
sumawana wadya alit. Sakehing wadya prawira, apan sami tur sarwi anangis,miwah
praparajurit wau,kabeh sami karuna, saha bekti ature mring raden ayu, dhuh gusti kang
mangkaranya., paduka pan darbe kardi. Kawula natan pangrasa, yen taksiya karya jurit
puniki, kawula gusti anuhun, ing raka jengandika, kenging botenkenging ngapan lalu
lebur,mongsa kawula gingsira,kabeh matur kang prajurit. Kawula ing benjang-enjang,
tandhing aprang lan putra ing cineki, inggih kawulane reng wruh, tetire pangagengnya,
wonging Giri ing perange kang ginunggung, ingkang aran Endrasena, pan ingkang wasis
ambedhil. Datan nedya pan gingganga, angandhenga konca tandhing kuwanin, saweneh
ana amuwus, sikep kawraan dona, pan gumuruh samya angajak prang pupuh, lah payo
padha aperang, mumpung ingsun sugih wani. Pasthi sewu sisih ingwang, lamunya dhang
ing pipikulan mami, saweneh pan ana muwus, saleksa sisih ingwang, yen wus ngangkat
karanjang embataning sun, raytu Wandhan angandika, yen sira amangun jurit. Pan ingsun
karsa uninga, iya polah ing wong arebut jodhi, kalangkung kapengin ingsun, ayun wruing
ngayuda,kang prajurit manembah sami umatur, dhuh gusti atur kawula, sampun pan duk
ningali. Prajurit kadi Gupala, tanpa ngraos yen gusti kongsi uning, ratu wandhan aris
muwus, eh prajurit sadaya, wruhanira ujare luluhuring sun, prajurit langkung digdaya, ing
jawa tan ana tanding. Sangking rama ji ing kuna, pan linewih marmane ing sun iki,
anjaluk tingkah prang pupuh, prajurite sadaya, saha bekti ature mring gustinipun, pan
kula maksih neng dunya, kenging tan kenginga gusti. Allah iya sun tarima, muga
winalesa dening hyang Widhi, ratu Wandhan malih muwus, mring prajurit sadaya, iya
padha asingedana puniku, Manawa campuh ing yuda, dene ingsun tengarani. Yen bedhil
muni ping sapta, allah poma iya wawekas mami, sakehe prajurit ingsun, yen wus
kuwuring yuda, aglis anempuh andon ngantep prang pupuh, ratu Wandhan wus
lumampah, ing ngiring para prajurit.…
Ongka 35 Kemis kaping 29Agustus 1872

Cariyos tuwi pawartos warni-warni


Awit karsa dalem kanjeng raja ing nagariWalandi kanjeng raenAdipati Danureja, papatih
dalem kangjeng Sultan ing Ngayogyakarta, kaparingan ganjaran arni Bintang Ordhe
Nederlan Seleyo,
Kanjeng Gusti Pangeran Adiapti Ariya Surya Sasraningrat ing
Ngayogyakarta,anggenipun karsa karma angsal putra dalem kanjeng sultan ing
Ngayogyakarta, panggihipun benjing tanggal kaping17 wulan September ing
ngajengpunika, dene benjing tangggalkaping 19 ugi wulan September wauign dalem
Pakualaman badhe wonten pista ageng mawi dhansah.

Nalika ing dinten Senen tanggal kaping 19 wulan punika, Kanjeng Pangeran Grotpores
Alises putra dalem Kanjeng Raja Algesanter ingkang kaping 2,ing nagari Rus ing
ssamangke sampun rawuh ing palabuhan Btawi anitih kagunganipun baita kapal latu,
ingkang tinindhiyan dening kanjeng tuwan ingkang wicaksana, Vice Admiral Kramer ing
dinten Rebo tanggal kaping 25 wulan punika wanci enjing kanjeng tuwan ingkang
wicaksana guprenur jendral LOdhon, sampun tindak saking ing Bogor dhateng Batawi,
karsa amethukaken rawuhipun Kanjeng Pangeran Alises wau,. Dene tindakipun acanthi
para lid ing Indiya Nederlan, tuwin kanjeng tuwan komedhaning wadya bala dharatan
utawi ing lautan sareng kanjengpangeran Alises, sampun tumedhak ing dharatan lajeng
rindhak dhaeng hotel ing Riswig sarawuhipun ing ngriku menggah rerenggan paurmatan
tuwin sugatanipun anglangkungi semuwa, sarta para priyantun ingkang wonten ing
pasamuwan sadaya sami kasowanaken dhateng ngarsanipun Kanjeng Pangeran ing
Ngerus wau, sareng ing wanci jam 9 kanjeng pangeran Alises karsa tindak dhateng ing
Bogor asareng kaliyan kanjeng tuwaningkang wicaksana guprenur jendral enjingipun
malih lajeng wangsul dhateng ing Batawi, ugi asarengan kaliyan kanjeng tuwan ingkang
wicaksana guprenur jendral sarawuhipun ing Batawi lajeng karsa amariksani sadaya
wawengkon ing ngriku dene sontenipun lajeng aningali para militer ingkang sami baris
wonten ing ngalun-alun menggah bidhalipun dhateng lautan kanjeng pangeran Alises
wau, ing dinten Jumungah enjing, ugi kaurmatan kados dene kala rawuhipun, kanjeng
pangeran Alises wau, yuswanipun saweg 23 taun menggah pasariranipun agenging inggil
sarta gagah prakosa, dene kanjeng pangeran Alises punika ugi taksih kalebet akrabipun
kaliyan kanjeng raja ing nagari Walandi, awit nalika sawargi kanejng ratu Anapolon
Grutportin ing Ngerus kagarwa kaliyan Kanjeng Raja Walandi Willem oingkang kaping
II.

DHELI
Ing serat pakabaran Walandi anyariyosaken bab paprangan ing Dheli samangkie saweg
sami kalerebaken dene serat telegram saking Kanjeng tuwan REsidhen ing Riyu (Riau),
ingkang katitimangsan tanggal kaping 16 wualn punika, amratelakaken manawi kapal
latu ingkang winastan Dhebril sampun dhateng ing ngriku ambekta para militer saking
Dheli kathahipun 20 ingkang sami sakit utawi kasangsaran nalika wontening paprangan
punapa malih para tiyang ing Batak samangke sampun katingal manawi badhe enget
manahipun ingkang sae, sarta anyagahi badhe angladosaken dhatuk kalih ingakng sami
angraman punika.

Enggelan
Dereng antawis lami, ing nagari Enggalan anyoba mariyem kangge ing lautan menggah
isinipun sandawa 100 pon mimisipun wawrat 700 pon mariyemw au kaelesaken ing tosan
balabagan kasungsun gangsal pamasangipun tosan ingkang ngajeng piyambak kandelipun
4 dim, lajeng kalungkangan 6 dim tosan ingkang kaping kalih kandelipun 8 dim sarta
kalapis kalayan kajeng ingkang atos kandelipun 6 dim tosan ingkang kaping 3 kandelipun
5 dim ingkang kaping 4 kajeng kandelipun 5 dim ingkang kaping 5 tosan malih
kandelipun 1 ½ dim, gungung kandeling lesan wau ingkang warni tosan kandelipun 18 ½
dim ingkang warni kanjeng kandelipun 12 dim lesan wau mawi kapendhem ing siti
kalayan santosa, nalika kaelen kaping sapisan lesan ingkang ngajeng piyambak sarehning
mawi long kang boten saged butul mimis naming malebet 3 dim, sareng kaeles kaping
kalih lesan wau butul sadaya.

Serat pakabaran walandi, anyariyosaken manawi kanjeng raja putrid ing nagari Enggelan
sampun karsa angganjar dhateng tuwan Arbele, awarni arta kathahipun 500,000 prang,
tuwan Arbele wau katrimah anggenipun saged ambudi pirantosing kareta latu, ingkang
lumampah sakalangkung rikat ing sanalika saged amurih andhegipun.

Wonten satunggaling walandi bongsa Prangkrik amanggihi sarat ingkang angelokaken


dhateng bongsa Dalancang kretas sapanunggilanipun ingkang boten pasha kabesmi, dene
kretas ingkang makaten wau saupami sampuna waradin saestu langkung prayogi yen
kaanggeya serat serat ingkang parlu tuwin arta wang ketas awit boten gadhah mutawatos
dhateng ing latu.

Nalika ing dinten Kemis Pon tanggal kaping 1 wulan Agustus punika kula pinuju aningali
pekenan ing Bulu bawah gagatan iring ler, sanget ramenipun mengggahkaetang peken
padhusunan punika sedaya boten sanget anggumunaken angggen kula ningali menggah
tiyang wawadeyan ing peken sadayanipun, naming tiyang wade sarem anglangkungi
dening kathah, tuwin menggah mirahipun ing sarem kula ngantos boten amanah kathah-
kathah sangking etangan kula sapratigan argenipun sarem kagunganipun kajeng
gupremen anaming sarehning kula punika sanget anggen kula busuk tuwan redhaktur
punapa lampah bab kang kados makaten wau, punapa inggih sampun terang sangkin
gkanjeng tuwan residhening Surakarta sangking pandugi kula punika boten amartgi kados
ta kanjeng tuwan wau estunipun samubarnag pandamelan ingkang dipun tindakaken
amurih kauntunganipun kanjeng gupremen menggah lelampahan ing nginggil punika
sanget adamel rugi dhateng kanjeng gupremen sakathahing tiyang padhusunan sakiwa
tengenipun ing bulu tuwin bawah purwadadi utawi ing Demak sadaya sami tumbas sarem
saking bulu amargi sanget mirahipn dene pamurih kula angaturaken panjruung ing
Bramartani punika naming parapangagengipun pulisi sami sumerep pamenggah
lelampahaniupn sarem ingkang kawade ing ngriki dene pangraos kula lampah bosen
anggen kula suka kabar dhateng Demang ing Bulu ugi prakawis punika anaming bendara
demang wau boten mawi amraduli malah ingkang dgadhah sarem sami dipun pundhuti
satunggal tiyang saraub dhateng bojonipun demang ing Bulu wau minongka tutup kuping
mila ingkang kula puji para pangagengipun pulisi anuntena utusan mariksani lelampahan
ingkang anerak angger kados ingkang kasebut ing nginggil wau.
Katandhan Kula pun Kerta

Kula wisudhan utawi sanesipun.


Surabaya
Kanjeng parentah ageg sasampun karsa angganjar dhumateng kanjeng raden adipati ariya
Surya Adiningrat bupati ing Sidayu, kalilan angagem songsong jene.
Raden tumenggung Panji Cakranagara, bupati ing Surabaya, kaangkat nama Adipati
Raden tumenggung ariya Suryawinata
Gresik

Samarang
Serat pakabaran winastan Lokomotip anyariyosaken manawi raden tumenggung Marta
Adinagara, bupati ing Grobogan ingkang wau kaartos budhe karsa kendel ing samangke
kaangkat nama ing dipati.

Panjurung Bramartani
Saking dening rumaos cuntheling manah kula jalaran sanget balilu, dumados kula
anyuwun berkahipun para sarjananing bramartani,kala rumiyin kula miring pitakenan ing
tiyang makaten, bayi kang tasih inggal lir saking guwagarbaning renanipun, ko lajeng
pejah, punika kasesa dening punapa, sarta kaki-kaki ingkang sampun kampong perot, ko
dereng pejah,punika angentosi punapa, pitakenan ing ngajeng wau sakalangkung
andadosaken ribetding manah kula, kados pundit panjawabipun, malah ingkang wau
sampun kula wangsuli, awit saking takdiring gusti kangmaha kawasa, ananging tiyang
ingkang gadhah pitakenan punika meksa dereng narimah, mila samangke panyuwun kula
mugi para sarjana aparinga pitulungan, menggahpanjawabipun pitakenan wau, punapa
malih kula asring miring tiyang wicantenan,manawi angetang-etang mawi anyebutaken
kapat sasur,kapitusasur,punika tembung sasur kados pundit artosipun.
Sinerat tanggal kaping 18 Agustus 1872, katandhan Wartatama

Manawi kagalih pantesa asela ing papan, saseratankula punika mugi kapacaka ing
Bramartani.
Sadaya tutuwuhan sarana cukul ing buwana,naming kemladheyaningkang tar cukul ing
buwana, punika punapa ingknag dados sabab-sababipun dene kok teka beda kalawan
tutuwuhaningkang kathah-kathah. Ingkang punika sangking dahating paminta, mugi
wontena karsanipun para sarjana paring berkah amadhangaken emenging manah kula.
Kasrat Balearja kaping 18 Jumadilakir taun Wawu ongka 1801
Pun Susastra, Ngayugyakarta.

Manawi andadosaken parenging panggalihipun saudara tuwan redhaktur sarta manawi


anuju wonten selanipun ingpapan atu panjurung kula punika mugi kapacaka ing Koran
Bramartani. Boten saking punapa sarehning ing mangke para sarjana asring karsa aparing
barkah dhateng kodhenging manahingkang balilu kados pun kula punika dados kula
kamipurun anywyn pitangled tegesipun babasan ingkang dereng kula sumerepi kados
ingngandhappunika naming supados anambahana regenging serat Bramartani.
1. Babasan Poncawara
2. Poncabaya
3. Poncasuna
4. Poncabakah
5. Poncakara
Namung punika ingkanjg kula suwunaken wijanging teges tangsul bab wau kados
undi katernagnanipun mugi para sarjana karsahaaparing pitedah ingkang kalayan suka
pirenaning panggalih sarta andadosna jalaran indhaking pawong mitra ing
sapanginggilipun utawi malih kula nyuwun katerangan bab babasan remeh anaming
sampun kalantur lami anggen kula mieng ugi dereng uninga wetah ing tembung,
kadosta, tiyang wicanten ambarung sinang, utawi ora ngrungokake jaratan growing,
tiga, amadubalung gepesing, p[unika kados pundit genahipun, katandhan Mintajarwa.

Panjurung minongka wangsulan


Ing serat Bramartani katitimangsan tanggal kaping 25 Juli, 1872 ing ngriku wonten
seratanipun ingkang sesilih nama angsungwarti cekakipun anyariyosaken
kasangsaranipun raden Riya Natadipa, sawaatawis mawi anglepataken boten among
nyariyosaken bab lisah petroliyum, punika inggih sampun terang saserepan kula, yen
among warti boten gadhah seneng dhateng raden riya Natadipa, kula kedah cathok gawel
amangsuli, awit dene kula inggih sami mriksa jalaranipun raden riya natadipa ngantos
nandhang sangsara, ananging pamanggih kula boten kenging kabasakaken maha nerak
ingkang dede kuwajibanipun sabab nalika wektu wonten dilah lentera murup, para
priyantun utawi saampeyan dalem kanjeng gusti pangeran adipati anom ngantos
jumeenng anyelaki,pamireng kula dhawuh aken pangandika mekaten (bok dipenek
genine dipateni) dhawuh dalem mekaten wau ngantos mawi rambah mongka andi dalem
ingkang celak raden riya natadipa, wus kalajeng inggal menek sumeja mejahi urubing
pun brama, kalampahan ngantos kasangsaran lo punika kawontenanipun mila kula boten
rujuk kabasakaken wau, laku malih urutipun lentera wau sayektos ketingal adamel
sumelang mongka wonten salebetipun kedhaton,punika punapa deede kuwajibanipun
para abdi dalem,pramila kulak ok kedah crigis pamanggihipun angsu warta mekaten wau
prayogi kaanggeya piyambak, sampun ngantos kawulangaken dhateng para lare ingkang
gadhanganpriyantun renawi anyudakaken secatuhonipun pasuwitan amargipanjenengan
dalem ratu ingkang sampun tumindak kedah angabdekaken ingkang pambekanipun
awargi wargi kerana wonten damelipun pyambak-oyambak kilap ingkang dados
pemanggihipun priyantun kathah kula sumongga.
Kaserat ing kampong silira negari ngayogyakarta tangangalkaping 29 Jumadilawal Wawu
ongka 1801. Katandhan pun Secatuhu.

Mongka kanthining panjurung ulun atur salam taklim,winantu ing pakurmatan miil
sangking tyas kang suci, tumanduk kariming tramba, dyan mas Suajrwa wewangi.
IngKebon Dalem dudunung, liringpunika manawi, nuju kapareng ing karsa, amba
cumendhak apti, batang cangkriman paduka, kang tumrap ing Bramartani. Ari Kemis
wijilipun tanggal ping wolulas Juli, sajroning warsa punika,ongka sangalikut dening
suraosing kang cangkriman etanging garija paksi. Neng plataran samya matur kang
katarajang mring jalmi, wutanama sinjang laga, ing manggke pangetang mami, kathahing
paksi garija, tridasa nenem tan luwih. Awit garija puniku, kalamundipun wewahi, tigang
dasa nenem engkas, dadya pitatung dasa kalih, winewahan sapalihnya, yeku wolulas
noneki. Dadya gunggung sangangpuluh, nulya winewahan malih, saprapat nya mung
sesanga, lan tiya wuta satunggal, dadya sadasa wewanya, jangkep satus nehing paksi.
Mung semanten mitra ulun, kang dadya pamanggih mami, yen dereng condhong
karsanta, mugi sampun dados galih, den agung kang pangaksama, reh amba sru mudha
pengging. Wusnya kang kawrat ingluhur gantya ulun angaturi, cangkriman swaran ulung
manggya, wonten sajuganing jalmi, mentar mring peken ambekta, arta sarupyah tembagi.
Sapraptanira agupuh, tumbas mowohan triwarni, duku manggis lawan nanas dene
pangaosireki, nem dhuwit nanas satunggal, manggis juga tigang dhuwit. Kang dhuku
pangaosipun nenggih sadasa sadhuwit sareng mantuk ing wismanya, wau wowohan
triwarni, ginunggung sadaya dadya, satus iji datanluwih. PUnika pinten kalamun,
wowohan dipun prewinci, ing sawarni-warninira, pinten iji kehing mangkin myang pinten
kathahing nanas, miwah dhuku pinten iji. Titi sinerat ri MInggu tanggal wolulikur JUli
sewu wolungatus warsa, langkung pitungdasa kalih, katandhan pun Wartatama, ing
Dhukuh Karang Kumuning. I

Lir pinucung, ulun nganturi panjurung, minongka wangsulan tuwan duk mitra mami,
barukaton sisilihe ingkang nama. Wiyosipun kula mariksani sampunwangsulan tatumrap
barmartani tanggal kaping pitlikur Juni nemlikur kang ongka. Kang winawun rarenggan
semekar gatruh dene surasanya ambatang cangkriman mami, bab durjana lili maka
mamrih mongsa. Atur ulun inggih kaleresan sampun pambatang sapeyan, sareng antuk
yen jalma dhidhis, tuhu condhong kalawan pamanggih kula. Sunggu betul tradhak
bohong batang itu, tai adha sayang, sedhikit saya punyati, sebab batang cangkrimanya
anak-anak. Mangka itu lekas sunggu gugur gunung, jadhi tradhak timbang, taksiran hdi
dhalem ati saya rasa misih bayak ketinggalan. Semunipun sampu kawistareng tembung,
yen rpuagung wgguya wasis ing barnag sakalir, tan andipepun kerigan tek sadaya. L:iya
kang wus kawuwus ngarsa mitreng sun, aparing cangkriman jroning badan anatulis
lamun datan kawruhan rusak gamanya. Kang puniku, kalamun panuju sarju, ngong atur
wasbatng, makaten yen ta kasisip yektinipun sajroning babadan wana, Ana watu
mandhelis punika lamun datan kawlengan, pasthi karya rusakneki,gegamane ingkang
minongka ababad. Mung punika kang dadya pamanggih ulun, sokur yen tan lepat, dene
yen tan pethuk mugi, dipun agung pangaksama ring mitranta. Sarta sampun dadya
sakserik ing kalbu, mung tekad kinarya, gujenganeng bramartani, sampun titi sinerat
ditya rinaujwa. Tanggal wolu jumadilawal ing Wawu ongka sinengkalan jalma ing
langesthi bumi, katandhaning pamitran Wartatama. Tumunten sangandhap ing sekar
megatruh wau, wonten malih panjurung dipun mitra kula pun Tilam ugi ambatang
cangkriman kula kalih warni, punika tansah andadosaken gumun kula, katawis yen
priyantun wigya ing pitembungan dene anggenipun manjurung wau pitembunganipun
langkung kathah tur pating plathit, pating tlethik, sarta pating krepyek dangudangu
sangsaya sumenteg ing manah kula awit semunipun kadi anggunggung, lo sampun
makaten ki sanak ana kok darung angumapak, bab anggen sampeyan mastani kula tiyang
wasis sanget, O sestu lepat ki sanak tebih sanget kaliyan kawontenanipun kula punika
tiyang bodho, sarta taksih kirang waspada, pramila boten nyana pisan-pisan , yen
cangkriman kula badhe kabatang dhateng pun tilam, yen ta nyanaha sampun tamtu
kula boten badhe manjurung cangkriman , awit kaniyatan kula ingkang wau anggen kula
manjurung cangkriman, among badhe kula aturaken dhateng para sarjananing bramartani
ingkang ambekta arja, boten liya minongka lantaraning rurukunan pawong mitra, boten
nyopta badhe ngaturaken cangkriman dhateng pun tilam, awit sampun tetela yen kirang
remen mitran, dumados anggen kula manjurung cangkriman wau temah ngajog ngulu
endhog. Wasana ing mangke pangajeng-ajeng kula, pitermbungan sampeyan ingkang
kathah kathah wau mugi sampun pinanjang, mindhak ngombra-ombra angebaki papaning
bramartani, dene pambatang sampeyan cangkriman kula bab atur panjawabipun pangulu
miring lan botenipun sang ratu ngungelaken gongsa munggang, punika dereng condhong
saking pamanggih kula, makaten malih bab tunggak kajeng ingkang kadamel golek,
mranggi dadi bapa sudagar dadi bojo, punika kaleresan, ananging kemasan dadi gusti,
dewa dadi guru, punika ugi dereng condhong kaliyan pamanggih kula.
Sineat tanggal kaping 14 Juli 1872 katandhan Wartatama.

Candhakipun cariyos pandung ngaguna mimindha tiyang estri ingkang sampun pejah,
angaken gesangmalih.
Aturipun pun Mudha, punika dereng ktrapan manawi boten tumindak akaliyan gugagat,
deskun amuka dhendha kemawon, amargi pun sundhana boten angayturaken durjana,
among angaturaken pawestri kakalih anuwunpamilih salah satunggal ingkang amasthi
dados semahipun luhung manawi kapareng saking karsanipun srinarendra, punDaruna
punika prayogi kadadosaken madya juru unjueman panglanglang praja, ing mangke
panjenengan paduka among anggaliya prakawis kalung kapundhuta saking pun Camethi,
kaparinena wangsul dhateng pun Sudhana sarta kaliyan rajabrana ingkang sami
kapanggih wonten ing pependheman wau,pun sudhana kaleres bayar dhateng punCakethi
ing saparadasanpun saking pangaosing kalu, amargi pun cakethi sampun anyanggemi
nganggep ing dalem sawulan saweg kalampahan tigang dinten. Patih Janaloka
amituhu,lajeng kadhawahaken dhaten gpun Cakethi, akaliyan pun Sundhana, pun Cakethi
sampun angaturaken kalung, pun Sundhana sampun angaturaken jene saparadasaning
kalung lajeng kaparingaken dhateng pun Cakethi, kalih pisan sampun sami tirma
tinarima, dene pun daruna among kapidana kungkung ing dalem tigang dinten, kala
samanten kaaputing dalu, pun
Sundhana sasemahipun kaliyan pun Cakethi sami kalilan mantuk dowang-sowang,
dumugininipun ing wisma kacariyos pun Sudhana taksih sumelang ing manah dhateng
semahipun, bokmanawi kaping kalihan malih dening semahipun sampu npejah, dados
badhe ayektosaken dhateng astana andhudhuk layonipun ingkang estri, pun Sudhana
signet angungun, dangu-dangu sumerep sandhinging garathul punika wonten
mancorong, lajeng kapendhet tiningalan awarni puputhon kancana kathahipun titiga, pun
Sudhana langkung suka lajeng kabekta mantuk enjing katur dhateng kapatiyan lajeng
kasaosaken ing ngarsa nata, pun Mudha pun Sudhana sami jinunjung dados punggawa
pun DAruna dados kajineman panglanglang praja, sadaya sami suka sukur.

Benjing ing dinten Rebo tanggal kaping 11 tuwin ing dinten Kemis tanggal kaping 12
wulan September punika. Ing griyanipun Nyonyah Pansanten ing Surakarta, ingkang
kasade sakathahing barang gadhahanipun Nyonya Pansanten tuwin barang warisipun
tuwan Neibaker. Kadosta:
Barang bekakasing griya warni-warni, lampu, kaca, pigura, lemari kajeng mawi sekaran
utawi lemari gelas gelas inuman warni-warni, barang pecah, porselin tuwin kristal
sapanunggilanipun, barang slaka, wadhah ulam jene, keker ageng pancen kangge aningali
srengenge utawi rembulan gambaring donya, pakeyan kareta, mawi ceplik berlin tuwin
dusdusan, ssasekaran aneh aneh, pethetan warni-warni, sadaya katanem in gngepot asli
saking nagari Jepan utawi saking nagari Cina, tuwin saking nagari Sanesipun (sasekaran
punika wonten ing griyanipun nyonya Pansanten ing Surakarta tuwin ing dhusun Paras
dene ingkang tumbas lajeng kenging anampeni wnten ing panggenanipun).

Punapa malih
Gongsa pelok ageng, kareta, kapal tumpakan kapal rakitan lembu peresan peksi dara,
gondhok tuwin sanesipun
Katandhan
Tuwan B.A. Pandhereidhe.

Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni kareta waja ingkang saged
munten angicalaken tinjanipun sawarnining dadamel kados ta sanjata pistul, pedhang,
lading gapit utawi barang tosan sapanunggilanipun 1 iji 1 rupiyah, dadamel ingkang
karesikan lajeng katingal saes malih kados dene kala taksih inggal mila kareta punika
sakalangkung prayogi kangge para militer.
Jonasportir enko
===============================================

Kauningana para priyantuun manawi, tuwan Sirfan ek enko ing Surakarta, mentas
anampeni dagangan sutra warni-warni mawi sekaran benang jene punapa malih kaca
ageng alit mawi lis parade, sakalangkung endah sarta pantes kagem para ageng.
Katandhan tuwan Sllirfanek enko

Kula tuwan slirfanek enko ing Surakarta, angaturiuninga dhumateng para priyantun
sadaya, manawi kula sagah adamel lelang, anyadekaken barang kagunganipun para
priyantun samanten punika mawi bayar persen ing ngatasing papajenganipun barang
wau ing dalem satusipun naming 2 rupiyah langkung 50 sen.Katandhan tuwan
Slirfanek enko

Tuwan Slirpanek enko mentas anampeni dagangan piring ceper utawi jegong,
menggah reginipun sakalangkungmirah, tuwan Sirpanek enko ing Surakarta

Serat Babad Pajajaran angka 1 regi f 2


Serat Babad Demak angka 2 regi f 2
Serat Babad Pajang regi f 2,50
Serat Babad Mataram angka 1 regi f 2,50
Manawi tumbas sakawan bk pisan bayar kenceng naming regi f 7,50 prangko pos
Jonas porter enko

Pen mas mawi isi potlot tuwin gagang pen 1 regi 3 rupiyah sakalangkung prayogi
kangge para priyantun ingkang sami kakesahan, kenging pikantuk saking tuwan
JOnasportir enko

Tuwan L.N Langkring ingSurakarta, kadugi anglelang barang warisipun para


priyantun utawi sanesipun ing salebet utawi sajawining nagari Surakarta

Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun
1872 sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
Raden Tumenggung Suradireja, ing Bayalali
Raden Ngabei Reksakusuma, wadana selakaton Samarang
Raden Atmareja Banyumas
Raden Wriyadireja, patih ing Banjarnagara, Banyumas.
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

Punika cariyos Babad Mataram


Neng ngiringan rada tebah, prajurite anulya den undhangi, ratu Wandhan sikepipun,
sadaya sareng prapta, nulya binusanan punang sikep sampun, panganggo kang murub
muncar, didulu kadya prajurit. Kabeh sikkep Surapringga, kulambine abra sangkelat
abrit, ana ijo kuning wungu, kang kulambi sangkelat, kang saweneh sorasari
klambinipun, sami trenggos kulukira, sarta sinondheran sami. Ngajrihi yen tininggalan,
ratuWandhan nulya siyaga aglis, saksana umangkat sampun, wau sang ratu Wandhan,
ingkang tansah kalawan ing kakungipun, adipati Surabaya,lir grah swaraning wadyalit.
Sang prabu ing Giripura, apan sampun miyos ing ngajurit, bala Surabaya wau, sami awas
tumingal, datan nganti tinaerajang tandangipun, wong sikep ing Surabaya, anulya pating
barekik. Surak ing bala lir gerah, wong ing Surabaya malatar sami, wuninga sang natong
gunung, sigra medal inggal, sakaliyan lawan putra cina iku, ingkang aran Endrasena, pan
sampun angagem bedhil. Saksana wong Surabaya, singa ingkang binedhil apan keni,
nanging wong Surabayeku, datan arsa mundura, tan tinolih kang pejah ing ngidak purun
tandange wong Surabaya, datan nedya angunduri.
Pan karasa paparinge ratu Wandhan, anedya males becik,pan pating gulibrah, sikep ing
Surabaya, kang ngamuk saya nengahi, sikep prakosa, lir ombaking jaladri. Sampun ruket
kang ngaprang tumbak tinumbak, rame agenti keris, apedhang-pinedhang ana kekanthen
asta saweneh bithi-binithi, putra ing Cina, ngamuk amobat-mabit. Putra Cina pangamuke
saya nengah, kadi bantheng akanin, angler sima mongsa, sing katarajang bubar, wong
Surabaya tan pulih, bubar lumajar, wong Surabaya ngisis. Ratu Wandhan ningali balane
rusak, sigra nulya nudingi, marang bala kusya, kinen metu sadaya, bedhil sampun den
suledi, muni ping sapta, prajurit angawaki. Dipun lambung wong giri sangking ngiringan,
nanging datan udani, bubar ting sulayah papati ting jalempah, wong Giri bubar angisis,
putra ing Cina, kinepung ing prajurit. Putra Cina angamuk sabalanira, tandangegigilani,
apankatadhan, Cina ngamuk sadaya, pan samya anereg sami, pating sulayah,prajurit akeh
mati. Geger samya wong Cina giris sadaya, arsa ngamuka wedi, saksana lumajar sami
angungsi ngarga, kang kari padha akanin, pating sulayah, sadaya sasingungsi. Ana
ingkang angungsi raja pandhita, saweneh ngrebut rabi, weneh ngungsi jurang, lumayu
mring sagara, ing giri wus den ubengi, braise kapang, ing Giri samya gusis. Kawarnaha
adipati Surabaya,minggah dhateng ing Giri, lawan ingkang garwa, prajurit aneng ngarsa,
pinag aneng ing panti, dening wanodya, garwane sang ngayogi. Sami nangis garwane raja
juwita, sadyaangabekti, dhuh karsapunapa, angger nedha kawula, ngapurane sang
ngayogi, 2 engges sanga, yen kening kula gusti.angandika dipati ing Surabaya, eh
wanodya ing Giri, datan sedya paran, yen nenaki pandhita, mulane sun teka ngriki arsa
panggiya, kalawan sang ngayogi. Sedyaningsun iman tumrap lakinira, nora ingsun pateni,
yen kena elinga, dungkula mring Mataram, ngaturena opati urip, panora nyana, kalamun
mapag jurit. Laminira yen pikire gatiningwang, teko angarsa mami, away salah cipta,la
mara timbalana, lan aja anggawa keris, lah ta deninenggal tekaha ing ngarsa mami.
Ingkang garwa sami nimbali sadaya, umareg m,arang laki,prsami anembah,gusti atur
kawula, andika dipun timbale, mring sang dipatya, prabu ing Surabanggi. Pan agemah
saure raja pandhita, anulya dandana glis, tan mawi curiga, sampun prapta ing ngarsa sang
pandhita atur bekti, mring sang dipatya, pandhita langkung ajrih. Angandika sang prabu
ing Surabaya, mring pandhita sireki, paran karsanira, sirapan ingsun gawa, marang
Surabaya mangkin, sira ngidhepa, marang sultan matawis. Sang pandhita ing Giri pan
aturira, datan lenggana gusti, wus ing karsaningyang,pak sa ing kina-kina, inggih bumi
langit iki, singa gethanga, dados asma rengati. Angers manahe dipati, ningali ing
mantunira, pan sarwi ngandika alon, away maras atinira, sun gawa mring Mataram, aseba
marang sang prabu, sarwi sira tinakonan. Kawula dhateng nglampahi, sang dipati
angandika, mring wadya balane kabeh, ah ta sira jaganana, wadya matur sadaya, yen
suwawi ta sang prabu, sang diati pinejahan. Milanya temah ajurit, abdi dalem kathah
pejah, sangking pandhita angsale, sang dipati angandika, ing sun nora winenang, amejahi
sang awiku, pan dudu bibuhaningwang. Lah ta benjang putu mami, ingkang numpes giri
ika, lah ta uwis dipun age, anulya sira tandhuwa, pan nuli sang pandhita, binakta sarwi
tinandhu, miwah sakeh para garwa. Wong cilik wus den boyongi, sang dipati sigra bubar,
datan kawarna lampahe, wus prapta ing Surabaya, watara laminira, asare mung gangsal
dalu, arsa seba mring Mataram. SAdaya dandan sami, sang pandhita wus binekta,
pawongan ginawa kabeh, miwah ingkang raja brana, sigra anulya bibar, datan kawarna ig
ngenu, wus prapta nagri Mataram. Asowan wau sarimbit, malebet sajroning pura, kang
raka kantheging regol, ratu wandhan sampun prapta, neng ngarsane jeng sultan, saksana
pan sampun tumdhuk, sumungkem neng padanira. Sri bupati ngandika ris, lah ta endi
lakinira, kang rayi atur sembahe, inggih wonten paregolan, sang nata angandika,lah
timbalan den gupuh, malebu mring ngarsaningwang.
Ongka 36 Kemis kaping 5 September 1872

Para priyantun ingkang sami ngemin serat Bramartani, mongka ngantos sapriki dereng bayar
punika sami kaaturan ambayar ingkang tumunten supados sampun ngantos andadosaken jalaran
rengating panggalihipun para priyantun wau.
Jonasportir

Kulawisudhan utawi sanesipun


Ngayogyakarta
Serat pakabaran Salompret Malayu anyariyosaken manawi ingkang sinuhun Kanjeng Sultan karsa
angelih namanipun ingkang putra kadosta:
1. Kanjeng pnageran Arya Adikusuma, kaelih nama Kanjeng Pangeran Aryua mangkubumi,
sarta mawi kaparingan indhakingbalonja tuwin lenggah ing siti.
2. Kanjeng Pangeran Arya Tejakusuma, kaelih nama kangjeng PangeranArya BUminata,
ugi mawi kaparingan indhaking balonja utawi lenggah ing siti.

Banyumas
Mas Dipatilaga Mantri Dherdheklas ing dhistrik PUrbalingga kakulawisudha dados Mantri
PUlisi ing Pepedan Afdheling PUrbalingga
Raden Wongsadimeja, mantra ukur, kakulawisudha anggentosi dados mantra dherdheklas ing
Purbalingga.

Cirebon
Raden Bagus Adam Wriyadiputra mantra Ukur ing Steklas ing Cirebon kakulawisudha dados
wadana ing Karangampel AFdheling Indramayu
Raden Mertawilaya Mantri Twedheklas kakulawisudha dados Mantri ing Steklas
Mas Atmadipraja Mantri Dherdheklas kakulawisudha dados Mantri Twedheklas
Mas Argadusastra kakulawisudha dados Mantri Dherdheklas.

Cariyos tuwin paawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten akad tanggalkaping 27, wulan Jumadilakir ingkang mentas kapengker punika,
inglebt karaton wonten pista ageng, minongka urmatan jumenengan dalem nata, ingkang
sinuhunkanjeng susuhunan ingkang jumeneng sapunika, menggah rerenggan utawi para tamu ugi
bote ewah kados ing ngadat, sarta andadosaken suka pirenanipun para tamu sadaya, dene
bibaranipun wanci jam 4 sonten, utawi ing wekdal punika karsa dalem angiras ngenggali
kagungan dalem pandhapi kidul ingkang samangke mawi karengga ing kaca saubenging pandhapi
wau sarta kawangun ing necet wungu linudingparada, punapa dene kaparingan paparab, ing
sasana Ondrawina.
Kagungan dalem pandhapi ageng, ing Sasana swaka
Kagungan dalem pringgitan, ing Sasana Parasdya
Kagungan dalem bangsal panjang, ing Balebojana

Nalika ing dinten rebo tanggal kaping 4 ing wulan punika, wanci enjing, para sekiter militer
tuwin para prajurit ing Leiyun Mangkunagaran, sami baris paradhe, wonten ing ngalun-alun,
inggih punika dinten paurmatan wiyosanipun kanjengpangeran adipati Anom Priges Endrak putra
dalem kanjeng raja ing nagari Walandi, sareng sotenipun ing dalem residhensi wonten pista
winastan REsepsi mawi dhansah.
Surabaya
Serat kikintunan saking Nglamongan, anyariyosaken nalika ing dinten Jumungah tanggal kaping
23 wulan Agustus ingkang mentas kapengker wadana ing tengahan atampilapuran manawi tiyang
ing kampong Groyok kaecalan anakipun sampun sawatawis dinten laminipun menggah
sakingpangintening bapakipun rare wau kabekta ing tiyang, dene sakin gpanimbangipun bupati
nglamongan sarehning rare wau anuju mangangge sae awit badhe dhateng ing griyanipun tiyang
gadhah damel ingkang punika kateksir manawi kaaniaya dipun pejahi kapendhet barang
panganggenipun bupati wau lajeng andhawahakenparentah angupados katerangan awit saking
taberi tuwin tumemen ing pamardinipun wadana ing nglamongan wau utawijuru sera ting dhistrik
ngriku, boten ngantos lami jisiming rare ingkang ical wau kapanggih wontening pakampungan
menggah wujuding bangke boten wonten ingkang katingal tatu waking dadamel naming gosong
kados labeting kajiret dene sawijining tiyang ing kampong ngriku ingkang kadakwa amejahi rare
wau lajeng kacepeng sarta kakunjara,menggah barang panganggeing rarte ingkang pejah ugi
kapanggih awit saking aturipun tiauyng ingkang kacepeng wau anaming sareng kadangu amukir
boten rumaos anganiaya, ewadene sareng kadangu wonten ngarsaning parentah tiyang wau lajeng
ngakeni punapa sasolahipun anggenipun anganiaya, rare wau dipun apusi kabekta dhateng
griyanipun sareng wonten ing ngriku rarte dipun tutupi cangkemipun lajeng kajiret sasampunipun
pejah kabucal ing ngoren dene semahipun tiyang ingkang nganiaya wau ugi kakunjara,naming
sadherekipun ingkang jaler igkang kadakwa sabiyantu tuut anganiaya, punika minggat taksih
kaupadosan.
Ing ngatasing prakawis punika, anggenipun angsal titik katerangan ing nginggil wau
namungkalampahan ing dalem 24 jam amila buati tuwin sakarerehanipun wadana utawi juru serat
wau kenging kaalembana awit saking santosaning manah arta tumemen anggenipun anglampahi
dhateng kawajianipun sanes kaliyan pulisi ingkang pancen sembrana angupadosi dusila
tuwintiyang minggat boten saged kapanggih, malah asring-asring tiyang durjana ingkang
kacepeng lajeng saged minggat malih awit saking kirang santosa ingpangreksanipun utawi
prakawis ugi kathah ingkang gumantung lami sanget kalampahan saweneh tiyagn ingkang
gadhah prakawis ngantos dumugi ing pejah, dereng wonten karampunganipun.

Dheli
Awit saking pakabaran ing Dheli sak punika sampun tata tentrem malih kados ingkang wau,
kacariyos nalika paprangan ingkang wekasan punika wonten ing ujung barat tiyang Batak
kathahipun 77, ingkang sami anemahi pejah wonten ing ngriku, sultan ing Dheli sampun karsa
andhawahaken dhateng sadaya tiyang, sinten ingkang saged anyepeng dhat kakalih ingkang sami
angraman punika badhe kaparingan ganjaran, saweneh militer sami kadhawahan rundha dhateng
ing padhusunan sarta pinurih angreksa ing padhusunan ngriku, pan apa malih kadhawahan
anelik ing sasolah tingkahipun titiyang Batak

Samarang
Wonten satunggaling tiyang Benggala, ingakng sakalangkung saged anampeni tiyang sakit
maripat dene tiyang benggala wau ing mangke wonten ing Samarang, sarta kathah tiyang ingkang
sami anedha jampi, ingknag sampun kalampahan sanadyan tiyagn sampun wuta, dipunjampeni
ugi saged saras sartapulihkados ingkang wau, dene tiyang Benggala wau dhatengipun mawi
ambekta satunggal tiyagn bongsa Malayu, mila tiyang wau kalampahan angetutaken sapurugipun
tiyang benggala punika awit saking kapotangan sae, ingkang wau sakit maripatipun sakalangkung
sanget sareng dipun usadani, boten antawis lami lajeng sars pulih kados ingkang wau wa amila
tiyang Malayu punika sakalangkung sanget sanget panarimahipun kalampahan angetuaken ing
sapurugipun dhateng ing pundit-pundi.
Bab Sarat Uler
Ingkang kacariyos wonten ing serat pakabaran Walandi, menggah pratingkahipun amendheta
angus wawrat 4 pon dipun kum ing toya kalih timba sarta kaudheg ingkang waradin manawi
sampun katambahan toya malih kathahipun 4 timba, toya angus punika lajeng kasemprotna ing
wit-witan ingkang kathah uleripun, ingknag sampun kalampahan sareng enjingipun uler wau sami
pejah dhawah ing siti dene godhonging wit-witan katingal seger pulih kados ingkang wau. Dene
angus wau ingkang prayogi angus ing sekor setin punika angus ingkang wonten brumbungan
pabrik, dene angus waja sapanunggilanipun sakinten ugi kenging kaangge.

Pulisi ing Nagari Turki


Kitha ing Bahdad ing saben dalu kathah titiyang awon ingkang adamel reresah, sawatawis
priyantun ing kitha ngriku sami kamipurun angunjuki uninga kawrat ing serat dhumateng kanjeng
sultan ing KOnstantinopel, ingkang suraos mugi Kanjeng Sultan karsaha andhawahaken parentah
supados anyirnakna lalampahan ingkang makaten punika, kanjeng sultan wau sareng midhanget
kabar makatenlajeng utusan satunggaling priyantun ingkang sinebut Paseha (inggih punika
titindhih prajurit mawi ambekta prajurit kathah sadhatengipun paseha wau woten ing kitha
Bahdad, lajeng andhawahaken serat undhang-undhang suraosipun manawi paprentahan ageng,
ing saben dalu badhe karsa anglampahaken undha ing salebeting kitha, dene saben tiyang ingkang
pinanggih wonten ing margi wanci jam 10 dalu,. Punika badhe dipun kethog gulunipun titiyang
awon ing ngriku sami boten preduli dhatengundhang-undhang wau, ananging parentah punika ugi
anindakaken sayaktos kalayan kenceng, sareng enjingipun ing margi wontenjisim ingkang
pinanggih sampun sampi tanpa sirah, kathahipun 150 ing dalu nipun malih, paseha ugi
anglampahaken rundha malih, kalampahan enjingipun ing margi wonten bangke ingkang
kapanggih kados wau kathahipun 25 sareng ing tigang dinten ipun wanci dalu ing margi boten
wonten satunggaling manungsa ingkang katingal ttetela ityang durjana wau sami ajrih sanget
dhateng parentah ingkang kalayan kenceng kados akaten punika,ing waktu wau kitha badan
sampun sami tentrem malih kados ingkang wau wau, sadaya tiyanging badan sami angalembana
dhumateng sultan Ikonstin kopel anggenipun karsa andhawahaken parentah sakalangkung
kenceng sanget sarta dereng nate katindakaken makaten salaminipun.

Cariyos Elok
Serat tbe rinampatan paurmatat ingkang kathah-kathah, katur panjenenganiun tuwan ingkang
ngarang srat Brmartani, manawi condhong ing penggalih tuwin wonten selaning papan serat kula
punika mugi kapacaka wonten ing Bramartani.
Surakarta
Nalika tanggal kaping 5 Agustus 1872
Ing kampong Mesen Bawah Purwadiningratan wonten konca Ngindhung, wasta Setradikrama,
padamelanipun dados tukang kajeng, dene rayatipun Setradikrama wau gadhah lae alit umur 5
wulan, Setradikrama estri wau kesah tanpa sanjang ing kang jaler, anankipun dipun tinggal
wonten griya, kesahipun boten wonten ingkang sumerep dene ingkang jaler angupadosi dhateng
tongga perpatipun boten wonten titikipun, tuwin dhateng dhusun dhusun ugi sepen, sampun dipun
misuwuraken yen minggat, dene anakipun wau boten dipun susuni among dipun tulang kimawon
dening griyanipun Setradikrama wau, yen dalu kados wonten, swaraning tiyang mlebet griya
lajeng ambenipun mungel gerot lare alit wau kados dipun susuni biyungipun antawis wonten
satengah wulan Setradikrama estri wau, katingal jajan wonten warung Mesen ing margi ageng
ingkang dipun tumbas jenang ing ngriku wonten lare jajan jenang ugi tangganipun
Setradikrama,lajeng lare jajan wau mungel mekaten lo bok cilik Setradikrama kowe di goleki
karo pan cilik kowe ora mulih-mulih lunga menyang ngendi,bok Setradikrama sumaur, aku wong
ora lunga-lunga, ana ngomah bae, sareng sampun dipun wadeni lajeng sareng mantuk, sareng
dumugi wonten wingking babrik e sing Mesen wonten witipun preh ageng lajeng monggok
dumepel wit preh lajeng ngical,lare wau lajeng bengok kalih mlajeng sanjang kalih Setradikrama
jaler, yen kalawau kepanggih bok cilik, Setradikrama wonten warung jajan jenang, salajengipun
kula tangledi kesahipun dhateng pundit, sanjangipun boten kekesahan, wonten ing griya
kemawon salajengipun mantuk kalih kula sareng lumampah ing mriki, bok cilik koklajeng
dhateng ngandhap ngepreh lajeng ngical dados kula ajrih, mlajeng mriki, setrikrama wau,lajeng
kaget medal sarta tanglet kalih kang wade jenang sayektosipun inggih wonten jajan ing
ngriki,lajeng Setradikrama wau jajabang awi-ngawi dalunipun yasani ngobong menyan, woten
ngandhap preh antawis sakawanjam katingal ingkang estri ngadeg wnten ngajengipun lajeng
katubruk kalih Setradikrama, kang estri lajeng ngical ing samangke sampun misuruw yen wit
preh ngriku angker, sampun tetela yen bok SEtra Dikrama wau dados dhemit wonten wit ngepreh
ing Mesen.
Sinerat pacinan Wande Pelem Tondha S:T:S.

Panjurungkawula ing Koran Bramartani, kawangsulan ing mitra kawula ingkang jejuluk
Temberyuda,murid ing sekolahan Jawi ing nagari PUrwareja, ingkang sampun kersa paring sih
batang, ingkang dados sasebutan pakewed ing manah kawula ingkang teksih kasilib, banjar
winipun, ya rupane ya jenenge, sapanunggilanipun sadaya ingkang kawrat ing serat kula mitra
kawula Temberyuda, mongka dsmpun wonten ingkang kaparingan jarwa saengga dhateng
sakawanprakawis ingkang tigang bab sawek kagalih, wau ingkang sampu kajarwen,
sakelangkung kasuwun kapundhi, ing manah karaos wonten dhanganipun sakedhik, anaming ugi
teksih ing manah badra, rumaos dereng amandami sera ting syangyang rawi, tansah ing manah
teksih nyuwun usada, mugi lulusa paring tedah, ingkang klayan iklas pangggalih sukarena.
Samantenpunika sampun pisan kagalih, kawula kirang ing panarimah sakin gdenten sepen dereng
manggih pawitan mila sakalangkung kumresek ingpangajeng-ajeng kawula lan wonten atur
kawula malih, mawi sekar dhandhanggendhis,. Putri Cina utusan ing Langit, angupaya bango
anak-anak, gegere pasar palered, perange sang raja namrut, myang Sugriwa banting-binanting,
matur guru bethara, aja seru seru, kacipir awoh dalima, ing pacinan, gugundhule den kakuciri, ing
loi akeh walonda.
Saha babasan ingngandhap punika, ugi kula nyuwun jarwa bocah angon peneken balimbingira,
lunyu-lunyu, panakna kanggo masuh dodotika, dodotira, kumlitir bedhah ing pinggir,kango seba
mengko sora, domana jrumatana.
Saking parikedah kula nyuwun brekah.
Sinerat ing Kampung Kalibener 27 AGustus 1872, katandhan Mitran ta murid sekolah
Purwakerta Raden Darmawisesa Awiguna

Cariyos pambengkasing nistha akaliyan dhustha ingkang anyunyukeri nagari, kala jaman ing
Wiratha, panjenenganipun nata prabu Basuketi karsa ambangun tapa, ingkang dados wakil
angasta kaprabon arina saraden arya Basuketu akaliyan patih Wasita. Salebetipun ing warsa
wikari, etanging taun suryasangkala, 587 kaetang ing taun Candrasangkala 605 amarengi masama
nggasri, mangkya prabu wakil Arya Basuketu apirembagan kaliyan patih Wasita, kinen amarsudi
icalipun ingkang dados susukering praja kadosta tiyangnistha akaliyan dhustha, ing
sapanunggilanipun punika sageda sirna ingkang boten kalayan wisesa. Wangsulanipun ptih
Wasita, inggihprayogi manawi kapariksa ingkang dados bubukaning lalampahan, makten liripun
witing nistha saking bodho kaliyan sungkanan witing dhustha saking susah kaliyan kabetah
sadaya punika dados gagadhanganipun badhe anepahi kasakitan. Menggah sagedipun tiyang
bodho dening pinrdi ing wuwulang ingkang andadosaken kasenengan akaliyankabingahan.
Tengerinipun tiyang sungkanan dening pinardi sabarang padamelan ingkang pantes sarta
andadosaken karemenan kadosta: ingkang remen padamelan agal akaliyan lembat, punika sami
kapantes kuwawinipun anglampahi piyambak piyambak. Menggah lipuripun tioyang susah
dening parimirma akaliyan sih kawelasaningkang pantes angsal pitulung utawi pangeman sageda
angicalaken kasusahanipun. Tutut titiyang kabetah, denign pitulungan ingkang andadosaken ulur-
uluring kacekapan. Menggah waluyanipun ingkang anandhang sakit, dening usada kaliyan
pamulasara. Samanten punika pamariksaning pun kena dipun lampahi piyambak saking taberi
Wisata anamur kula, dados saged amamangkat patraping eh ingang boten kalayan wisesa, prabu
Wakil Arya Basuketu anayogyani wangsulaning patih Wasita makaten punika, mila kalampahan
asring Wisata anamur kula among kaliyan patih Wasita sarta punggawa ingang sepuh-sepuh
kemawon antawis ing dalem pendhak dinten kaping kalih. Amarengi masasitra taksih tugil warsa
sami salebeting taun wikari, kacariyos prabu Wakil Arya Basuketu, mangkya nuju Wisata anamur
kula kapethuk kaliyan tiyang bagus anem nanging panganggenipun sarwa gogombalan
tembungipun anedha papariman awit saking kaluwen winangsulankinen dhateng kapatiyansaestu
kaparingan tedha tiyang bagus anem lajeng lampahipun sumedya sowan dhateng patih Wasita.
Ingnalikapunika ingkang sami anamurkula angrumiyini medal margi sisimpangan, dumugi ing
kaptiyan boten antawis dangu tiyang bagus anem katingal lajeng dipu awe marek ingngarsa,
kadangu matur manawi tiyang anuwun papariman tedha. Dinangu malih ing nama sarta
wismanipun, utawi kagunan akaliyan pangaotanipun ingkang dipun lampahi. Tiyang baugs anem
matur sajarwa, kawula wasta pun Sarwana, wisma bawah aning kampugn Koripan, boten darbe
kagunan punapa-punapa panggaotan kawula among papariman,Patih Wasita abibisik dhateng
Prabu Wakil Arya Basuketu, inggih punika warninipun tiyang bodho, manawi darbeya kasagedan
mongsa makatena. Prabu Wakil Artya Basuketu amangsuli,manawi makaten dununging kesed
punika wonten ing tiyang bodho. Wangulanipun patih Wasita inggih makaten ananging samanten
punika trekadang an, wonten tiyangkesed saking bodhonipun trekadhang asring wonten tiyang
sarwa saged ingkang sungkanan ing tembe kados mangggih tiyang darbe kagunan kangg kesed
ing sabarang damel. Nunten patih Wsita anantun dhateng pun Sarwana,manawi badhe pinardi ing
kasagedan, aturipun inggih sandika anglampahi, enggaling cariyos kala samanten pun Sarwana
pinardi ing wuwulang sampun sarwa widagda, lajeng pinatah ing karya sarta inanci ingkang
dados tedhanipun

Lelang Ageng
Benjing ing dinten Rebo tanggal kaping 11 tuwin ing dinten Kemis tanggal kaping 12 wulan
September punika. Ing griyanipun Nyonyah Pansanten ing Surakarta, ingkang kasade sakathahing
barang gadhahanipun Nyonya Pansanten tuwin barang warisipun tuwan Neibaker. Kadosta:
Barang bekakasing griya warni-warni, lampu, kaca, pigura, lemari kajeng mawi sekaran utawi
lemari gelas gelas inuman warni-warni, barang pecah, porselin tuwin kristal sapanunggilanipun,
barang slaka, wadhah ulam jene, keker ageng pancen kangge aningali srengenge utawi rembulan
gambaring donya, pakeyan kareta, mawi ceplik berlin tuwin dusdusan, ssasekaran aneh aneh,
pethetan warni-warni, sadaya katanem in gngepot asli saking nagari Jepan utawi saking nagari
Cina, tuwin saking nagari Sanesipun (sasekaran punika wonten ing griyanipun nyonya Pansanten
ing Surakarta tuwin ing dhusun Paras dene ingkang tumbas lajeng kenging anampeni wnten ing
panggenanipun).

Punapa malih
Gongsa pelok ageng, kareta, kapal tumpakan kapal rakitan lembu peresan peksi dara, gondhok
tuwin sanesipun
Katandhan
Tuwan B.A. Pandhereidhe.
Kauningana para priyantuun manawi, tuwan Sirfan ek enko ing Surakarta, mentas anampeni
dagangan sutra warni-warni mawi sekaran benang jene punapa malih kaca ageng alit mawi lis
parade, sakalangkung endah sarta pantes kagem para ageng.
Katandhan tuwan Sllirfanek enko

Kula tuwan slirfanek enko ing Surakarta, angaturiuninga dhumateng para priyantun sadaya,
manawi kula sagah adamel lelang, anyadekaken barang kagunganipun para priyantun
samanten punika mawi bayar persen ing ngatasing papajenganipun barang wau ing dalem
satusipun naming 2 rupiyah langkung 50 sen.Katandhan tuwan Slirfanek enko

Tuwan Slirpanek enko mentas anampeni dagangan piring ceper utawi jegong, menggah
reginipun sakalangkungmirah, tuwan Sirpanek enko ing Surakarta

Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni kareta waja ingkang saged munten
angicalaken tinjanipun sawarnining dadamel kados ta sanjata pistul, pedhang, lading gapit
utawi barang tosan sapanunggilanipun 1 iji 1 rupiyah, dadamel ingkang karesikan lajeng
katingal saes malih kados dene kala taksih inggal mila kareta punika sakalangkung prayogi
kangge para militer.
Jonasportir enko
===========================
Pen mas mawi isi potlot tuwin gagang pen 1 regi 3 rupiyah sakalangkung prayogi kangge
para priyantun ingkang sami kakesahan, kenging pikantuk saking tuwan JOnasportir enko

Tuwan L.N Langkring ingSurakarta, kadugi anglelang barang warisipun para priyantun utawi
sanesipun ing salebet utawi sajawining nagari Surakarta

Serat Babad Pajajaran angka 1 regi f 2


Serat Babad Demak angka 2 regi f 2
Serat Babad Pajang regi f 2,50
Serat Babad Mataram angka 1 regi f 2,50
Manawi tumbas sakawan bk pisan bayar kenceng naming regi f 7,50 prangko pos
Jonas porter enko
==============================================
Kula tuwan Jonasportir enko sampun nampeni arta patumbasipun serat Bramartani, taun 1872
sakingpara priyantun ingkang kasebut ing ngandhappunika
Kanjeng Pangeran Ariya natapura ingSurakarta
Raden mangku Atmaja ing Bogor
Ingkang puinika sanget panuwun kula dhumateng Para priyantun wau
Jonasportir enko.

Punika cariyos Babad Mataram


Sampun tinimbalan aglis, tan adangu sigra prapta, sumungkem pada sang katong, ing ngandikan
sigra nembah, matur saha wotsekar, kawula paduka utus, agecek ing Giripura. Raja pandhita
kalindhih punika kawula bekta, saha garwanipun kabeh, myang sarajabrananira, mangke atur
kawula, katura dhatengsang prabu, srinarendra angandika. Ya banget tarima mami, sangking
karya pakenira, raja pandhita ing Mengko ngong paringaken ing sira, miwah rajaberana, lawan
saisining gunung, sira ingkang aduweya. Anuhun sang adipati, sigra sinungan barana, miwah
taraja kaputren, dhumateng kang rayi ika, sang nata angandika, lah wis muliya sireku, marang
padalemanira. Kang rayi sareng wotsari, medal saking jroning pura, anjujug marang daleme,
sampun prapta dalemira,miwah sakeh boyongan, lawan rajabrananingsun, wus sami dinum
sadaya. Sakeh ingkang para mantra, ing Surabaya sadaya, wus sami dunuman kabeh, prajurit
lawan satriya, lulurah lan kabayan, warata dhateng pepikul, kukucah lir guladrawa.
Kawarnaha laminya ing mangkin, kang kocapa sang prabu Mataram daweg siniweng wadyane,
pepak mantra tumenggung, jajarane apan arakit, tumbak lembing myang panah, bedhil jajaripun,
priyantaka pan ajajar,lan wong nyutra wong nulup ing kanankering, pepak aneng ing ngarsa.
Wong Jagabaya jajare sami, Angkraknyana sami aneng ngarsa, wong priyantaka sambunge, wong
wisamarta iku, Kartiyasa sisihireki, wirabraja ajajar, lan Brajanaleku, wong kapilih aneng ngarsa,
lan Nirbaya patrayuda jajarneki, kalawan wong Kanoman. Wong anggandhek mantra anom
nangkil lawas malih wong singanagara, wong martalulut jajare, kabayan prenahipun, rada kiwa
niyaga wingking, wong kidul kabeh seba, jajare wong mandhung, winastan wong astanongga,
mau dara Jagasura Jodhipati, gowong lawan margongsa. Pepak kabeh sadaya tinangkil, para
bupati miwah Santana, mungguhing ngarsa prenahe, kalawan malihipun, pini sepuh wus samya
nangkil, wong pasisir kalawan,moncanagareku, pepakan samya aseba, sri narendra semana
ngandika aris, dhateng madurareja. Uwa Madura reja ing mangkin, kita lumampaha ing ngayuda,
pan dadiya titindhihe, wong pasisir sadarum, pan adunen iku ing jurit, nagara ing Jakarta, uwa
wartanipun, pan kancikkining walonda, bupati ne ing mengko uwis kalindhih, nagara ing Jakarta.
Kang puniku rebuten ing jurit, allah kenging marang wong walonda, lah wadya pasisir kabeh,
nuli apranga cucuh, adipati madura aglis, mundur sangking ing ngarsa, nuwun pamit sampun,
sribupati angandika, pakenira anggawa mriyemi, kakalih kang prayoga. Pan metuha ing lautan
benjing, anggawaha wong pasisir ika, adipati nembah lengkser bubar sangking lun-alun.
Sapraptane wismanireki, pra mantra lan Santana, anom tuwa rawuh, dipati Madura mojar, mring
santanaira ingkang alit-alit lahpadha pradandana. Iya ingsun kinen anindhi, ing perange wong
pasisir ika, kanjeng sultanparentahe, Jakarta kinen gepuk, anundhung a mring wong Walandi,
sakeh santanaingwang, miwah anak putu, sira kabeh pradandana, nanging pangrasaning sun ora
umulih nadyan ingong menanga. Pasthi lamun ingsun datan mulih, yata garwane sang adipatuya,
myarsa wuwuse lakine, sami anangis umung, sasambate amelas asih, myang anak putu samya,
sadaya amuwun, kiyai kados punapa, ngandikane teka mamarasi ati, kang raka lon ngandika.
Apan uwis karsaning hyang widhi, lah ta uwis ya padha kariya, den padha abecik kabeh, sira
sapungkuring sun, mongsa sira wurunga benjing, anusula maring wang, ing pangrasaning sun,
sigra pangeran Madura, wus angrekitata gagaman kang baris sampun pepak sadaya. Miwah para
mantra ing pasisir, apan sampun pepakan sadaya, wus miranti gagamane, bedhil ageng wus metu,
sigra sampun nutusan mulih, wau ki baureksa aecawis sampun sadandananing ngayuda, kidipati
Mataram kabeh wus cawis,miwah dipati Sampang. Surabaya kalawan Garesik, ing Nglamongan
Lasem Sedayunya, tuban demak Jeparane, Juwana lan Kudus, ing Samarang wus sami mulih,
marang nagaranira, sowing-sowang sampun, mariyem kakalih ika, wus binakta. Dhateng ing
Sampang nagari, jagametu nglautan. Pan samana wusa myang ajangji, laning sampang miwah
Surabaya, kang metuing dharatane, ngastina nggen ta temu, atempukan sakehing baris, ki Madura
lampahnya, tan kawarneng ngenu, wus prapteng nagri ngastina, sakathahe samana wong ing
pasisir, wus sami ing ngutusan. Ingkang kilen wus sami acawis, miwah wetan kang wus sami
prapta, apan sampun kumpul kabeh sampundandan parahu, tan antara bubar tumuli, sigra anulya
mancal babar layaripun, wus sami silem dharatan,kang saweneh ana angangkat kumudhi,
Kaliwungu ing Kendhal. Batang wira desa ing Samawis ing Barebes kalawan ing Tegal,
Pamalang kumpulan gedhe, tinata layar sampun, ting galebyar dinulu asri, tan kawarna samana,
carebon wus rawuh, denira atata-tata, sigra mangkat sangking Carebon nagari, tan kawarneng
nglautan, ng Jakarta apan sampu prapti, anulya nata ing barisira, Pangran Madura pondhoke, ki
dul wertan kutheku, kinepung ing pondhok pasisir, wus misuwur samana, pan arsa ginepuk, iya
marang wong walonda, pong Jakarta obeh wong Jawa wus balik, seba mring Ki Madura. Apan
ingkang kari mung kumpeni, prasami ngati-ati sadaya, among gul balowartine, amapan
maryemipun myang gurnadalan gutuk api, walonda pan andina, apuyenganiku, panggedhene
wong walonda, kang parentah wong sakathahing kumpeni, kapitan namanira.
Ongka 37, Kemis kaping 12 September 1872

Para priyantun ingkang sampun anampeni sert kula, arambaharambah kang mongka
dereng karsa amangsuli utawi kintun arta patumbasipun serat bramartani, punika badhe
kula tagih kawrat ing serat bramartani. Ingkang punika pangajeng-ajeng kula ampun
ngantos kalampahan mindhak andadosaken kalingsemanipun para priyantun wau.
Jonasportir enko

Kulawisudhan utawi sanesipun


Tuwan Y.E. Pandherbor, Asisten Residyhen ing Lamongan Surabaya,kaelih dhateng ing
Malang
Tuwan Y.W. Setatmler, sekretaris ing Prabalingga kakulawisudha dados Asisten
REsidhen ing lamongan Surabaya.

Samarang
Mas Mangunkusuma, Kliwon Kabupaten kakulawisduha dados Asisten Wadana
Raden Mas Panji Suryadiputra, Mantri kabupaten kakulawisudha dados Kaliwon
kabupaten
Raden patraatmaja, kakulawisudha dados Juru serat kabupaten

Barisan Pamakasan, Madura


Kyai Kertitruna, Irstelitnan, 2 Patrabudhing Twedhelitnan sami kaundur saking
kalenggahanipun
Kalatruna, kakulawisuda dados Irstelitnan
Wongsakerta, kakulawisudha dados Twedhelitnan
Raden Panji Kertakusuma kakulawisudha dados Twedelitnan

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten Salasa tanggal kaping 10 wulan September punika, anuju wiyosan
dalem ingkang sinuhun kanjeng susuhunan ing Surakarta, anaming boten mawi
paurmatan pista kados ingkang sampun kalampahan amargi wonten gerahipun sarira
dalem sawatawis dene abdi dalem prajurit ingkang baris sajawining karaton sami
angurmati drel sanjata tuwin mariyem.

Ngayogyakarta
Nalika tanggal kaping 3 wulan September punika ing wanci enjing jam ½ 10 ing
Ngayogyakarta wonten lindhu, dangunipun naming 2 sekondhe dene ebahing siti awit
saking ler mangidul

Kanjeng Pangeran Adipati Ariya Suryasasraningrat anggenipun karsa amangun karma,


pakantuk putra dalem ingkang sinuhun sultan ing Ngayogyakarta, awasta Gusti Kanjeng
RAden Ayu Sasi, menggah dhaupipun benjing ing dinten Salasa tanggal kaping 17 wulan
punika ing wanci jam 5 sonten wonten salebeting karaton ing dalunipun mawi paurmatan
pista ageng ing dalem kapatiyan. Saking pakanbaran kanjeng gusti pangeran Adipati
Arya Mangkunagara ing Surakarta, kaaturan anjenengi dhauping panganten wau, dene
tindakipun dhateng Ngayogyakarta kadherekaken para putra Santana , tuwin wadyabala
ing Mangkunagaran

Samarang
Awit ingkang kawartos benjing tanggalkaping 24 September punika, titiyang Japan badhe
wiwit main kumidhi ing Samarang, punapa malih tuwan Eler ugi badhe main sapisan
malih wonten ing Samarang

Tiyang Benggala ingkang sampun misuwur sakalangkung saged anjampeni tiyang sakit
maripat punika badhe dhateng ing Surakarta ing salajengipun dhateng ing
Ngayogyakarta.

Dheli
Pakabaran saking Dheli ingkang mentas katampen anyariyosaken nalika tanggal kaping
21 wulan Juli ingkang sampun kapengker, para militer, 1 kumpeni, titindhih kapitan
Grusbig sami perangan kaliyan tiyang Batak para militer wau unggul yudanipun sarta
wilujeng boten wonten ingkang nandhang tatu, salajengipun angejegi pakampungan
kakalih panggenanipun tiyang Batak Kala tanggal kaping 24 ugi wulan Juli wau, para
militer kathahipun 200 katindhiyan lintnnKolonel mawi ambekta mariyem, sami
umangsah dhateng ing ngujung Barat ananging panggenanpunika pinanggih suweng,
dene sakathahing griya ing ngrikul lajeng sami kabesmi, nalika wonten ing margi titiyang
ing batak samipruun purun amethukaken dhatng paa militer wau ananging sami
kalindhih sarta tiyang Batak 30: ingang anemahi pejah, sareng tanggal kaping 29
anunggil wulan Juli para militer wau sami wangsul dhateng ing pamondhokan. Ing
samangke para tiyang ing Batak sami mundur dhateng pareden sawtawis boten purun
andugekaken anggenipun ambiyantoni dhateng dhatu kakalih, awit sampun betah ing
ngarta boten saged amragadi prang utawi boten gadhah dadamel sapanunggilanipun mila
ing padhusunan ngriku katingal badhe tata tentrem malih. Dene sanesing pakabaran
anyariyosaken manawi para militer nalika umangsah dhateng pareden kadingkik titiyang
Batak ingkang andhelik wonten ing grumbul kalampahan milityer kathahipun 21 ingkang
sami kataton tuwin upsir, 1 ingkang anemahi pejah, para militer wau anglajengaken
lampahipun sarta ambesmi griya pakampungan ingkang celak ing ngriku, salajengipun
sami wangsul dhateng ing Sunggal, dene ingkang kawartos malih,pangulu ing sapuluh
sagah angladosaken dhatu kakalih, manawi kaparingan arta kathahipun, 2000 dholar,
punapa malih para militer kapurih anampeni dhatu wau wonten ing pareden. Wasana
ingkang kawartos malih tuwan Litnan Kolonel Ombrah, nalika samanten kenging boring
sukonipun menggah boring wau pinastan ranju, kadamel saking delingingkang
sakalangkung lincip tumama dhateng ing sepatu.

Serat telegram saking Batawi, katitimangsankaping 9 wulanpunika, amartelakaken


manawi kanjeng gupremen karsa amiji Kanjeng tuwanREsidhen Snep badhe kautus
dhateng ing Ngacin angrembag prakawis reresah ing Dheli, dene tindakipun mawi
acanthi Amtenar tuwan Pondhewal ingkang badhe dados juru basa ing ngatasing
prakawis punika.

Bab Jampining sakit Kadhas


Godhong utawi oyotipun sekaran winastan, Kembang Burung kagilinga ingkang alus
kaworan cokak sarta parusi sakedhik, punika lajeng kausapna ing kadhas wau, ing
sadinten kaambalan kapiiing 3, menggah ingkang sampun kalampahan sasakit wau ing
dalem kalih dinten lajeng saras. Dene ingkang nama sekar burung punika panggenanipun
ing Batawi warninipun pethak utawi wangunipun kados peksi ingkang megar
suwiwenipun.

BATAWI
Kanjeng Pangeran ing Ngrus sakonduripun saking batawi,karsalerep wonten ing baita
kapal, nalika tanggal ka 23 wulan Agustus ingkang mentas kapengker, kanjeng tuwan
ingkang wicaksana guprenur Jendral saha garwanipun utawi para priyantun ageng
sarimbit ing nagari Batawi sami kaaturan bojana dhateng ing baita kapal, titiyanipun
kanjeng pangeran ing Ngerus wau, ing wekdal wau sami angunjuk wilujengipun kanjeng
raja ing Ngerus tuwin kanjeng rtaja ing nagari Walandi, mawi kaurmatan uwngeling
mariyem bibaripun jam 10 dalu, dene kanjeng rowan ingkang wicaksana guprenur jendral
tindak utawi konduripun kadherekaken para tamu sadaya anitih baita kapallatu ingkang
winastan Citarum.

Panjurung nyuwun kapacak ing Bramartani


Nalika tanggal kaping 23 wulan Agustus ingkang sampun kapengker punika, ing dhusun
Bara: dhistrik Cangkrep ingang kaleres jagi ing panggenanipun mas Mantri guru
PUrwareja, dhawah anggenipun menek wit kalapa, jalaran anggenipun mendhet tapas
saking kajengipun piyambak tatu pilinganipun utawi badan ingakng sisih tengen sangking
watawis kasrempet ing aritipuningkang dipun cepengi, ing saknalika wau inggih badhe
kapulasaraing griya pasakitan anaming ahli warisipun boten suka lajeng kabekta mantuk,
sareng ing dinten saptu enjing tiyang wau kalajeng pejah, mas mantra guru ugi amaringi
wargad dhateng ahli warisipun tiyang wau. Utawi nalika tangal kaping 1 ing wulan
September punika, wonten walandi saradhadhu ing Kedhung Kebo, anemahi pejah
jalaran kacemplung ing kedhung Plagesan uruting lepen Pagawonta, saking watawis
saehning anuju dinten minggu saradhadhu wau sami amalancong mampir tumbas ciyu
pangombenipun mawi singedan supados sampun kauningan ing kancanipun ingkang
patroli, sareng sampunmendem lajeng supe ingpakewed sanadyan ambekta konca, 3
bangsanipun saradhadhu inggih boten saged atutulung, dene kapanggihipun bangke wau
wonten ing panambangan utawi radi tebih kaliyan panggenan anggenipun kaceplung.
Titi. Katandhan pun Jangkung.

Manawi saudara tuwan redhaktur anyondhongi, kula ngaturi kabar sakedhik, mugi
kapacaka ingBramartani, kados ing ngandhap punika. Ing nalika malem dinten
Jumungah tanggalkaping 16 Agustus 1872 wancijam sekawan enjing ing dhusun
Pekasiran, dhistrik Batur, kabupaten Banjarnegari, wonten bencana latu telas griya 113
kala semant4en pinuju mongsa trangan, titiyang samilumajeng, angungskaken anak
bojonipun, wonten ugi barang-barng ingkang sampun kawedalaken sangking griya,
naming lajeng tumut kabesmi, telasipun griya samanten wau naming kalih tengah jam
wonten denten karugiyanipun tiyang alit ngriku, kirang langkung boten kathah kateksir
wonten saking 10.000 rupiyah, ingkang dados wiwiting brama, satunggal tiyang nami
Dipamenggala, angakenawit sangkign latu dilah, kasandhing tilem kapernah caket pager,
sareng nglilir sumerap latu sampun mraman pager trus ngemper, boten saged mejahi, ugi
nedha tulung, sarta kathah tiuyang dhateng badhe tetulung, anaming rehning anginipun
ageng sanget, mongka ing dhusun ngriku boten wonten kekajenganipun, kaetang isi griya
kemawo,mila lampahing brama anglangkungi rikat, dumados boten kenging dipun sayuti,
griyanipun dipamenggala sawek pasha sepalih, brama sampun tummbal dhateng griya
sanes, para tiyang ingkang dhusun ngriku sami wilujeng sadaya, kapal naming satunggal
ingkang pejah salebeting gedhogan, inggih meh kemawon griya sadhusun telas babar
pisan mongka ing dhusunwau kalebet ragi kathah tiyang sugih,Kaping 20 Agutus 1872,
sangking dhukuh si Jenggul.

Panjurung
Serat Bramartani ongka 35 ingkang medal kemis kaping 20 wulan Agustus ingkang
mentas kapengker punika, wonten panjurungipun mitra kula pun mintajarwa, suraosipun
anyuwun barkah dhateng para sarjana, tegesipun babasan 5 bab 1 poncawara, 2
poncabaya, 3 poncasuna, 4 poncabakah, 5 poncakara, utawi tembung kalantur, 3 bab, 1
ambarungsinang, 2 amadubalung kepesing, 3 ora ngrungokake jaratan growing. Ingkang
punika sarehning para sarjana dereng wonten ingkang karsa paring pitedah, manawi
pareng kula angaturi urun tegesipun pandangu sampeyan wau kados ing ngandhappunika.
Tembung poncawara punika saking pamanggih kula tumrap pigunanipun tiyang ingkang
nglampahaken ngelmi padhukunan dayanipun gangsal bab, 1 sarana, kados ta pisang ayu
tuwin sedhah sasamanipun.
2. Jampi kadosta brambang lempuyang sapanunggilanipun
3. Adat tiyang jawi mawi japa barnag ingkang kajampekaken wau
4. Damu saweneh dhukun asring ngandelaken damu manawi anjampeni
5. Idu, adapt dhukun jawi jam si wau asring dipun idoni
Denten tembung poncabaya tegesipun bilahining tiyang ingkang andadosaken sangsara
punika 5 bab
1. Bongsa siyung kados ta sawer sapanunggilanipun
2. Wisa, upas sapanunggilanipun
3. Dadamel kados ta waos duwung sasaminipun
4. Beka, kados tiyang dhawah menek utawi karebahan kajeng ageng
5. Rencana, kados ta tiyang kalap utawi dipun ganggu sasaminipun
Denten poncacuna punika kasektening aji poncasuna ing jaman kina dayanipun
ingkang adamel gesang 5 bab.
1. Sanadyan pejah yen ngambahing siti saget gesang malih
2. Yen kambon toya ugi saged waluya
3. Yen kambetan latu ugi saged gesang
4. Rebat kawruh ngelmi sasaminipun
5. Rebat ulul utawi kaluhuran
Dene tembung poncakara pratingkahing tiyang tutukaran awarni gangsal pralawis.
1. Sarana uni kadospipisahan sasaminipun
2. ngaben badan gelut sapanunggilanipun
3. Mawi dademil dhuwung sapanunggilanipun
4. Kaliyan penthung gada gitik sasaminipun
5. Kaliyan bandhem baling watu sapanunggilanipun
Namung punika ingkang dados pamanggih kula leres lepat kula sumongga, denten
basan kalantur punika naming kalintu kecapanipun kemawon anaming kalajeng
kangge.
1. Amadubalung kepesing, leresipun madubalung tanpa daging
2. Ora ngrungokake jaratan growing, ora ngrungokake ujaring uwong
3. Ambarung sinang kados ta tiyang asring anerambul wonten tiyang paben lajeng
tumut paben wonten tiyang bingah lajeng tumut bingah mekaten sasaminipu
inggih punika tiyang ambarusa pratingkahing tiyang sanes.
Titi katandhan Kridhamadhawa

Ing bramartani ongka 32 mitra kula ingkang seseilihnama Bawa aparing saserepan
menggah jarwanipun pitakenan kula paribasan ingkang tigang bab sanadyan kula
boten saged anjarwani piyambak anaming sareng kula mupakataken dhateng konca
konca kula panakawan wekasan pinanggih conthong kados dening pambartang
sampeyan ingkang sampun tumunduk dhumateng pun kula, ingkang punika kula
angtaturaken sakathah-kathah ing panarimah kula derne sampeyan karsa
anglaksanani paring pitulung ingkang dados panuwun kula wau, ing wasana
ngaturaken taklim kula kalayan urmat
Sinerat ing wismasunya, 27 Agustus 1872, katandhan Mas Sadi.

Punika serat kairing sakathahing tabe mawanti-wanti, winasntu ing paurmatan, mugi
katur panjenenganipun saudara tuwan F.L.Winter, , saha redhakturing Bramartani,
ingkang pilegah ing nagariSurakarta adiningrat.
Manawi pareng saha sela ingpapan sarta panjenenganipun tuwan redhaktur anggalih
pantes atur panjurung kula punika mugi kapacaka ing serat Bramartani, wedalipun ing
dinten Kemis ngajeng punika. Ing taun 1870 jaksa ing paresidhenan Banyumas pinuju
lowong dumados prakawis ingkang pinten-pinten naruh sanget kathah ing prakawis,
wasana ing taun 1871 mas ngabei Ranadirja, kakula wisudha dados jaksa ageng ing
paresidhenan Banyumas ing ngriku wau Mas Ngabei Jaksa Ageng Ranadirja,
ingkang anyirnakaken sagunging prakawis awit saking cakep ingpadamelanipun
utawi rahayu ing panggalih, meila adamel tata tentreming nagari Tulus ngantos
dumugi ing sak punika, salebeting taun 1872 kantor paresidhenan Banyumas
kalebetaken duratmaka ambandrek kuncining kantor amendhet arta sawetawis ragi
kathah, ugi mas angabei Jaksa Ageng Ranadirja, ingkang pikantuk katrangan sarta
ambesta ing duratmaka wau salajengipun kalebetaken ing kunjara dene namaning
pandung pun Kramaseta, upas ing residhenan Banyumas aliyas ing punika wau Mas
Ngabei Jaksa ageng Ranadirja sampun kathah kalotahanipun anggenipun adamel
arjaning nagari.
Kasrat ing Sudagaran 31 Agustus 1872
Katag kula pun Wartajatisupna
Saupami para jaksa ing pangadilan sadaya cakep sarta taberi kados ingkang cariyos
ing nginggil punika, saestu boten kathah prakaws ingakng gumantung ngantos lami,
sarta andadosaken kamayaranipun tiyang alit.

Pitangledan
Benjing punapa paprentahan karsa ambayar sambutanipun swargi Raden
Tumenggung Suradirja, tilas bupati pulisi ing Surakarta, kang mongka barang
warisaipun den tumenggng wau sampun kalelang, arta papajenganipun sampun
tampen, wondene prakawis pootang punika tansah gumantung ngantos sataun
laminipun, menggah ingkang dados sababipun punika saestu saking pethel sarta
taberining para amtenar jawi ingkang kawajiban.
Pun Sabar.

Amareng masa palguna, taksih tunggil warsa sami salebeting taun wikari, kacariyos
malih Prabu Wakil arya Basuketu, mangya nuju wisata anamur kula kaliyan patih
Wasita, ing nalika punika amiyarsa satawising pangestri mawi katurut swarning
rebab, lajeng sami tedhak dhateng pagriyan ingkang wonten swara makaten wau,
andangu ingkang dados karana, dereng amangsuli among wiccanten dhateng pawesti
ingkang anangis, lah ta menenga tangismu dhingin lagi ana dhayoh priyayi.
Sasampunipun muwus makaten lajeng amangsuli, kauningana ingkang anangis
punika semah kula wasta pun Sri, panangisipun awit saking boten nedha, rebab kula
kedah badhe dipun wade ing sapajengipun ananging kula boten suka, awit ujaring
petangan enggen kula sesemahan kaliyan pun sri punika pasatuwanipun kapanggih
sami kabegjan kabrayan kula wsta pun sadana, semah kula pun sri leresipun boten
kikirangan sandhang tedha, parandosaipun teka tansah sami kawudan kaliren
kemawon, ngantos anddosaken kejuning manah, mila panangisipun pun sri dalah
sasambatipun mawi kula turuti ing rebab supados kendela mindhak amimirang, .
Patih Wasita andadngu ingkang dados panggaotanipun, pinangsulan makaten tiyang
sampun sae petananing pasatuwan, leresipun boten susah mawi anggaota, ingkang
amasthi kabegjan punika dhateng piyambak. Patih Wasita gumujeng sarya ngandika,
gugon tuhoning iku amarakake kabesturon pun sadana lajeng tinantun badhe
kadadosaken niyaga, wangsulanipun sarwi gummuyu latah,lah suwawi kagaliya,
saking saening pasatuwan boten pilih margi sangkanipun ing kabegjan, dumadakan
kula badhe kakarsakaken dados niyaga, saestunipun sakalangkung suka pirenaning
manah kula. Prabu Wakil Arya Basuketu akaliyan patih Wasita lajeng sami kondur,
enggaling cariyos pun sadana sampun kapacak dados niyaga daleman, pinancing
tedhaninipun sarta kapatah ing damel. Sareng antawis dinten kasariyosipun sadana
nuju ing wanci dalu mantuk saking sowan sumerep andaru cumalorot saking gagana,
dhawah wonten ing ngajengipun kawawas dngu dangu kawistara manawi curiga,
lajeng sinandhak sarwi sinuhun suhun, enjingipun kasaosaken dhateng kapatiyan sarta
angaturaken bubukanipun angsalk curiga punika. Patih Wasita andangu ingkang
dados pangsthining sedyanipun pun sadana, aturipun among kasaosaken kemawon
awit saking ajrih kanggenan, bokmanawi andadosaken boten prayogi. Patih wasita
anampeni lajeng katur ing prabu Wakil Arya Basuketu, sakaliyan sami anggalih
pangelpasaning kasujanan, ing ngantawis dinten pun sadana jinunjung dados
punggawa, nunten juriga kaparingaken wangsul malih sampun saput amirantos,
sareng mantuk dumugi ing wisma kapethuakaken dhateng semahipun Arya muwus
makaten, ing saiki wus mari sukanan mulane oleh kabegjan ingkang jaler amangsuli,
iya iku saka beciking pasatuwan.

Punika Cariyos Babad Mataram


Jakup wis peh katinameki, ageng inggil apan tur prawira, ing sarbagn pilih tandhinge,
apan pilih kang mungsuh, ya kapitan Lamun ajurit malih wasta kapitan, Belem
wastanipun, Andrus namaning kapitan kang satunggal Sitoyenmanyan anenggih,
satunggil jodo ika. Lan malih ye wastaning kumpeni, kapitan Kareng ingkang satunggal,
Kapitan Gebyuk wolune, sakawan petoripun, panembelas litnan Walandi, lo parestan
winarna, wong walonda wau, andina-dina melatar tamburipun pantansah brangbrangan
muni, wus samya nedya pejah. Wong walonda ingkang alit-alit,langkung sami tintrim
manahira, tansah neng jro kitha bae, tan ana wani metu, enengena ing wong walandi,
ucapen wong Mataram, ki madura wau, braise sampun tinata, pradipati sadaya wus den
utusi, sampun pepak sadaya. Anrangbaya kang sampun aprapti, Barebes Tegal Roban
Samedhang, Pamalang sapraptane, miwah wira desaku, Batang Kendhel lan Lepen Tangi,
Samarang lan Jepara, ing Tuban sidayu, ing Kudus lawan Juwana, ing Garesik Surabaya
lan ing Bangil, Gembong Nglasem Lamongan.Lan ing Sampang kinen muyos warih, jaga
mungsuh kang metu lautan, ki dipati Madurane, sigra denira muwus, mring sakehe para
dipati, sakehe sanaka ingwang, sing singan ngong tantun, yen rembag sanak manira, ing
Jakarta dawek ginepuk ing mangkin, inggih wong jawa telas. Inggih samya aseba mariki,
jroning kitha mung kari walonda, ki Baureksa ature, kula ngaturi rembuk, dening wadya
kang medal warih, punika dereng prapta, ing ngantos karuhun, kang dhingin wus
prajangjeyan, ing ngayuda sareng lebur tan gumingsir, gepuk kutha Walonda. Lah punika
kalamun suwawi, yen tan prapta leheng ing ngantosan, sadina kalih dinane, ki Madura
pan rembug, anuruti ature sami, tumenggung baureksa, ing sahaturipun, miwah pasisir
sadaya, angrembagi kendela ing kalih wengi, sigeg gentan winarna. Kang kocapa sang
nateng Matawis, aneng puru kalane pinarak, kaliyan kang uwa bae, sang prabu ngandika
rum, inggih uwa purubayeki, andi asumuwula, miyangana iku, kang jurit marang Jakarta,
inggih uwa puniku dika tuwani, kang metu ing lautan. Nanging uwa ing wawekas mami,
panandika tuwaning piyambak, kinarya praptondha bae, tandhaning aprang pupuh,
panembahan purbaya aglis, sigra pamitan mentar, medal sing kadhatun, panembahan
lampahira, tan ambekta gagaman kang mawi baris, mung kapedhak lulurah. Tan kawarna
ing marga wus prapti, ing jepara wau panembahan, apan darbe palwa dhewe, wastane
kangparahu, kala duta warnanya asri, pan sampun tinitiyan, babar layar sampun, prapta
tengah ing lautan,nengena panembahan ingkang lumaris, warnanen ki Madura. Apan
sampun amiyarsa warti, panembahan anusul punika, ki Madura ing jro tyase, angraos
isinipun, dening lampah dipun tumpangi, sigra sami tangara, wau ki tumenggung,
baureksa wus satata, barisira kalawan baris pasisir, apan sampun kumerab. Miwah
ingkang medal laut nenggih, wong ing sampang wus medal ing yuda, gumer sauran
surake, wong walonda wus weruh lamun arsa dipun inggahi, sigra nulya tangara, gumer
swareng tambur, kumpeni wus amalatar, mariyem ing gurnada gurnat miranti, gutuk
apiwus mara. Wus satata satabel ngadhepi, saradhadhune ababregadan, walonda bedhil
sikepe, ing sakumpeninipun, wong walonda ingkang nindhi, kopralipun titiga, pan
aleperesipun satunggil sampun tinata, sabregada iya kapitan satunggil, litnan kalih kang
nata. Aleperes sampuna ngideri, kang aneeng lor kulon kidul wetan,pans ampun
tataberise, dene ta kathahipun, pan kumpeni ingkang winilis, among kawan bregada, wau
kang winuwus, kapitanipun kang nama, Jakup Wespah jaga ngideri kumpeni pan sami
prajangjeyan. Kang prajangji apan bareng mati, aja ana gumingsiring yuda, wong
walonda rembug kabeh, ajangji bareng lebur, ya kapitan Wespeh nulya ngling, sapa sudi
ing sira, yen sira tan pruun, wus ala ajejeriha, wong walonda wus bubuh-bubuhan jangji,
sami ungkur-ungkuran. Walonda sampun atata, kidul wetan wau kang den kendeli,
warnanira kadi mendhung, bedhilira tinata mariyem megurnadagurnatlanebum, gutuk
apilawanlela, kalanta angideri. Sunapan patigalebyar, pan tambure brangbrangan mlingi
kuping, kaptin Jakup Wespeh kidul, lawan kapitan papat, kang anama Kapitan
Belemwissenkrus, Tobyas wastane satunggal kalawan kapitan wali. Ki Madura atengara,
wong pasisir kang kilen mengsah jurit sigra atengara sampun, suraknya asauran,
karsanira angrangsang kutha anggepuk, prasami pabebedhilan, sedyane angantep jurit.
Wong pasisir sami rampak, wong kumpeni pan sampun nganti-ati, mariyem sinulet
sampun swarane kadi gelap, mungsuh rong wang bedhile lir gunung rubuh, wong pasisir
kathah pejah, pan misih sudi reng jurit. Nanging maksih binedhilan, mariyeme sadaya
tansih muni, anggegilani karungu, kadiprawatabentar, mimisipun dinulu pan kadi daru,
wong pasisir sami mendhek, kang katrajang datan urip. Tanmongga mongga puliya,
wong pasisir pan sampun kathah mati, ingkang mundhun nandhang tatu, gagaman wus
arusak, duksamana sampun kasaputing dalu, wong jawa mundur sadaya,manahe
kalangkung giris. Enjang wau ki Madura, karsanira umangsah jurit malih, wadya kang
ana ing laut, pan sampuning ngutusan, kinen sareng mara ingpanggepukipun, wadya
pasisir sadaya, mariyeme wus miranti.

Lelang Ageng
Tuwan Slirpaneke enko,benjing ing dinten REbo tanggal 18 wulan September punika,
badhe anglelang barang toko warni-warni.

Tuwan Singsisnem ingkang nyepeng took ing Surakarta


Angaturi uninga dhumateng para pangeran utawi para priyantun sanesipun ing
Ngayogyakarta, manawi piyambakipun benjing ing dinten kemis tanggal kaping 16
wulan Rejeb punika wonten ing losemenipun tuwan Perklip, ing Ngayogyakarta, badhe
anglelang barang took warni-warni, sae-sae sarta aneh-aneh.

Lelang Ageng
Sarehning tuwan Asisten REsidhen BosOwer, abdhe kakesahan saking Surakarta, benjing
tanggalkpaping 24 wulan September punika barnag kagunganipun tuwan
Asisiten wau, badhe kalelang, menggah pratelanipun kados ing ngandhappunika:
Bakakasing griya, warni meja,kursi, bangku sapanunggilanipun, piyanu, biyolah,lonceng,
bakakas angar, kareta tendha, milor, kapal rakitan sampun sae lampahipun kapal tunggan,
rare, lembu peresan utawi sanesipun, menda gedhogan tuwin bekakakasipun utawi
sanesiing barang warni-warni. Barang gadhanipun tiyang sanes boten kenging
kanunutaken ing nglelang wau. Dene barang kasebut ing nginggil punika kenging
kapriksanan sadinten ngajenging lelang.
Tuwan B.A.Pandhereidhe.
Buk Olah-olah basa Malayu, sakalangkung prayogi, isi wuwulang olah-olah cara
walandi, warni-warni, panganan acar, mnisan sesambelan sayur sapanunggilanipun. Buk
punika sakalangkung kathah ingkang sampun pajeng, ing samangke kawdalaken ingkang
kaping nem. 1 iji, regi 3 rupiyah 50 sen.
JOnasportir enko.

Kauningana para priyantun manawi kula mentas anampeni kareta maja ingkang saged
tumunten angicalaken tinjanipun sawarnining dadamel kados ta sanjata pistul, pedhang,
lading gapit utawi barang tosan sapanunggilanipun 1 iji regi 1 rupiyah dadamel ingkang
karesikan lajeng katingal sae malih kados dene kala taksih inggal mila karetapunika
sakalangkung prayogi kangge para militer.
Jonasportir enko.
Ongka 38, Kemis kaping 19 September 1872

Para priyantun ingkang sampun anampeni serat kula, arambah-rambah kang mongka
eereng karsa amangsuli utawi kintun arta patumbasipun serat bramartani, punika badhe
kula tagih kawrat ing serat Bramartani. Ingkang punika pangajeng-ajeng kula sampun
ngantos kalampahan mindhak andadosaken kalingsemanipun para priyantun wau.
Jonasportir enko

Para priyantun ing ngandhap punika, kula aturi bayar patumbasipun serat bramartani ing
taun punika.
Mas Ngabei Surawastra, mesthi bayar 12 rupiyah
Demang Nayadipura ing Krawang, mesthi bayar 4 rupiyah
Mas Ngabei Sastradipura, ing Kedhiri, mesthi bayar 4 rupiyah
Wadana ing Rembang mesthi bayar 4 rupiyah

Kulawisudhan
Serat pakabaran Salompret Malayu anyariyosaken manawi raden Tumenggung Wira
Adegdaha, Bupati ing Sukapura, Priyangan, kaangkat nama Adipati.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika tanggal kaping 14 wulan punika, ing wanci jam 4 enjing ing kampong Bthangan
wonten griya kabesmen, anaming lajeng katulungan ing tiyangkathah boten ngantos
amremen dhateng griya sanesipun.

Ingkang kawartos para tuwan ingkang anguwasani kantor Bank, ing samangke sampun
karsa anamtokaken manawi arta wang kertas ingkang naming sapalih punika badhe boten
karsa ambayar kados ingkang sampun kalampahan. Nalika ing dinten Akad tanggal
kaping 15 ugi ing wulan September punika, Gusti Kanjeng Ratu kadhaton, akaliyan
ingkang rayi kanjeng ratu bendara kadherekaken ingkang putra kanjeng pangeran Arya
Adisurya, karsa tindak dhateng ing Ngayogyakarta anitih kareta latu, bidhalipun saking
stasiyun Surakarta ing wanci jam 7 enjing, menggah tindakipun dhateng ing
Ngayogyakarta wau badhe anjenengi dhauping panganten Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Arya Suryasasraningrat ing Ngayogyakarta.

Ngayogyakarta
Nalika tanggal kaping 10 wulan September punika ing karaton Ngayogyakarta wonten
pasamuwan ageng, inggih punika minongka paurmatanipun Raden AdipatiDanureja,
anggenipun anampeni ganjaran bintang Nederlan Seleyo, dene ingkang amaringaken
Kanjeng Tuwan REsidhen wonten ing ngarsa dalem ingkang sinuhun sultan sampuning
katampen salajengipun Kanjeng tuwan residhen aparing wilujeng dhumateng kanjeng
raden adipati Danureja wau.
DHELI
Serat kikintunan partikelir saking Dheli katitimangsan kaping 28 wulan Agustus ingkang
sampun kapengker anyariyosaken kados ing ngandhap punika. Bab reresah ing Dheli ing
mangke taksih andadosaken sumelanging manah, para militer babantu saking Batawi
sadhatengipun ing Dehli lajeng umangsah dhateng ing Tandha Benuwa, wonten
satengahing margi kapethuk ing mengsah lajeng campuh perang sarta militer wau unggul
juritipun ananging lajeng wangsul dhateng sunggal boten anglajengaken ing lampahipun
dhateng ing Tandha Benuwa, inggih punika panggenanipun dhatu kalih ingkang
ngraman. Nalika tanggal kaping 20 wulan Agustus ing ngajeng wau, para militer sami
umangsah malih dhateng ing tandha Benuwa sawatawis tebihipun saking ing Sunggal
para militer amanggih betengipun tiyang Bata king ngriku lajeng sami paprangan
alampahan para militer kathah ingkang sami kataton utawi anemahi pejah, punapa malih
tuwan Litnan Luhgeman ing wegdal wau ugi anandhang tatu kalajeng dumugi ing pejah,
ewadene para tiyang Batak boten wonten ingkang kasangsaran, sarehning para militer
kathah ingkang kasangsaran utawi anandhang tatu lajeng sami wangsul dhateng ing
Sunggal malih, wonten ing ngriku sami angentosi dhatengipun kuli tiyang pasakitan
saking Ngriyu (Riau) awit ing wekdal wau kikirangan bau ingkang badhe ambekta
tetedhan utawi prabotan ing perang. Ing Dheli samangke sampun wiwit kathah jawah,
mila ing sapunika badhe amek wed lampahipun para militer dhateng ing pareden,.
Ingkang kacariyos nalika tanggal kaping 1 wulan September punika para militer
kathahipun kirang langkung, 125 ingkang sami sakit utawi nandhang tatu, kawangsulaken
dhateng Batawi, para militer wau kalebet kapitan kalih 1 anama Kaptin Irsel ingkang
kenging mimis tanganipun 2 kaptin LIher, tuwin Litnan kakalih, anama tuwanWiarret
kaliyan tuwan God tuwin titiga wau wangsulipun jalaran saking sakit. Para tuwan
partikelir ing ngriku sami tintrim ing manahipun utawi nalika tiyang Batak sami ambesmi
tatanemanipun tuwan Peyer, punika sangsaya sanet miris manahipun awit para militer ing
mangke sadaya sami dumunung wonten ing Sunggal saweneh wontenpara tuwan ingkang
badhe angungsi dhateng ing ngriyu saha anak rakyatipun amargi kakinten manawi
reresah wau badhe angombra-ombra sarta taksih lami ing tntremipun manawi boten
tumunten angsal babantu para militer saking Batawi ingkang tikel kathahipun kaliyan
ingkang sampun wonten ing Dheli, wasana inking kang wartos kapitan dhomsler, tuwin
kapitan Weltres ingkang kapiji dhateng ingDheli dados susulihipun kapitan Kup utawi
kapitan Irsel ingkang sami anandhang tatu, dene babantu saking Batawi dereng wonten
pakabaranipun.

Panjurung wangsulan
Serat Bramartani ongka 35 ingkang medal Kemis kaping 29 AGustus taun punika,
wontenpanjurungipun mitra kula ingkang sisilih nama, wartatama, angrasehaken
pitangledaning tiyang ingkang andadosaken kodhengingpanggalih ipun, kados ta rare
bayi ingkang lajeng pejah, kasesa saking punapa, tuwin tiyang ingkang ngantos pikun
dereng pejah angentosi punapa, ingkangpunika leres panggalihipun mitra kula
anggenipun kodheng awit wiraos makaten punika tanpa saksi utawi tanpa waton sabab
sadaya wau dereng wonten ingkang anglampahi pejah, ingkang kathah tiyang punika
naming tiru-tiru ujaripun tiyang sepuh kados babasan tutur nempil in gang dipun engkoki
pigunanipun piyambak, ewadene kalih bab wau naming kenging dipun jarwani saking
dugidugi kemawon, tuwin kapendhet suraosing ngelminipun tiyang jawi. Saking watawis
bayi ingkang kasesa pejah wau, naming medlang manawi kakathahen duraka anggenipun
gesang wonten ing donya, dene tiyang ingkang ngantos sepuh sanget dereng pejah
punika, manawi saking rumaos kathah dosanipun wontening donya, dados anggenipun
lami wau ngentosi angsalipun pangapunten dhateng ingkang maha kawasa, ananging
samantenpunika inggih saking dugi praogi boten kenging katemtokaken awit sadaya
tiyagnw au ingkang mesthi yen ta dipun tantuna, pejah punika saestu boten purun
kemawon tur pandamel boten wande tamtu kalampahan nanging limrahing tiyang wau
sampun ingkang dipun kenpejah, yen kenginga sepuh kemawon keduwung sanget
makaten sayaktosipun, punapa malih pitangletan sampeyan tembung kapat sasur tuwin
pitu sasur, punaika ugi tan pawaton ing ngebuk saking watawis kula babasaning dhusun
ingkang sampun kalantur awit ing kina dumugi samangke panuinggilanipun kadosta,
satus skeet katembungaken karo belah, utawi tiga belah, belah wau mendhet saking
tembung punapa, tuwin arta suwang kabasakaken sewidyos, makaten sasaminipunpunika
kula ugi dereng angsal karangan waana sadaya atur kula ingkang kaswebuta ing ngajeng
wau boten langkung naming nyumanggakaken dhateng para sarja, menggah wijanging
jarwanipun kula nanmung amucuki kemawon. Katandhan pun Dugi Prayogi

Panjurung minongka wangsulan dhumateng mitrakula ingkang sisilih nama


Kridhamardhawa, wiyosipun kula sampun anampeni paparing sampeyan barkah
wjarwanipun ingkang dados kodhenging manah kula tembung pincakara
sapanunggilanipun punika sakalangkung andadosaken suka bangahing manahkula, sarta
mugi tulusa dados pawong mitra ing sapanginggilipun pinten banggi manawi ing tembe
wonten pandangu sampeyan kula saged amales ngaturi saserepan ingakng dados
kodhengin gpanggalih ingkang saged saged kula tiyang bodho, wasana kula angaturi
pamuhi karaharjan dhumateng panjenengan sampeyan saha tulus miyos saking iklasing
manah sukci. Katandhan Mintajarwa

Kedah Sasrawungan
Cangkrimanipun mitra kula wartatama ongka 1 ratu ngungelaken gongsa munggang
wanci luhur, punika sangking pabatang kula boten swantahipun ananging kula samara
sarta tembugn andhe sanepa.
Ratu sanepanipun: ingkang maha kawasa
Gongsamunggang sanepanipun: Caraning Jagadraya
Wanci luhur sanepanipun Dirgantara Awang-awang
Punika ytegesipun kumandhanging Bawana, ingkang mlingi gumawang swaranipun
wanci dalu, dene yen wanci siyang katawur denign swara kang maneka warni, sangking
bab pabatang kula punika anggen kula manggih saserepan anyar, leres utawi lepat kula
sumongga, ingkang sarta kula prasaben yen badhe boten kadugi batang malih. Ing wasana
menawi mitra kula wartatama dhangan bab cangkriman wau prayogi dipun babaraken,
supados sampun ngantos kawlamen katranganipun, dene yen dereng karsa nuruti
sangking pamrayogi kula wau, punapa pareng kula tebus kados caranipun lare jedheng
cecangkriman ing ngandhap punika soalipun. Rasa kang ora dirasa kake, sarta ora
disengaja, ananging ngluwihi rasane, punika kula sumongga ing penggalih, mengkaten
malih kula boten sumedya bebantahan naming badhe ngrujukaken kawruhing pambudi.
Katandhan Ka:Wa: ng Ngayugyakarta.
Urun panjarwa dhateng Tembaryuda:
Sangking kusujawicitra ing Ngayugyakarta Adiningrat bab pitakenipun raden
Darmawisesa, tetesipun ing tembung kadi ing ngandhap punika:
1. Ya rupane, ya jeenge, punika sangking pamanggih kula areng
2. Bisa nyandhang, ora bisa nganggo punika sangking pamanggih kula wayang Cina,
golek,
3. Bisa nganggo ora bisa deleng, punika sangking pamanggih kula tiyang
mengangge kuluk.
4. Bisa clathu ora bisa muni, punka sangking pamanggih kula tiyang tilem ananging
nglindur
5. Momoran rukun pisah tukaran punika sangking pamanggih kula ndhog, netes
ayam
6. Teja ngukang kali, ula ngempit walang, punika sangking pamanggih kula tiyang
ngantih kapuk mawi jontra.
7. Jawah sonten miyos siratu papatih punika sangking pamanggih kula punika jam
ing kanangu ojukipun cetha wahyaning mongsa kala,kang mungel piyambak.
Ingkang punika yen urun kula pandharwa dereng leres mugi kula nedha babaripun
sangking pitembungipun raden Darmawisesa, dene yen dereng karsa babaraken, kula
suka panebus mawi sinawung ingk kidung mijil 4 pada.
Pupuh Mijil. Ardi alit tembul munggeng panti, nusabang yen tinon, jroning gunung
ana srengguwane, jroning guwa kukus anglimputi, yen menga korining, gandanya
mrik arum. Mingsek-mingsek si jabang kawingkis, rongeh ing paturon, lir walang
krek sang dyah panggraute, nyangah jaja sarwi angesohi, adhuh sambat mati,kakang
nedha sampun. Suka lila badanen ing kendhit, kungkungen paturon, kujaranen ni mas
jroning langse, akuweken ana kakang lungit, tempelna ing pipi, sangganen pembayun.
Lare jedheng ingkang among guling, sareya mas ingong, yen anendra aneng
dhukutne, lare jedheng alon marepeki, cinandhak sang dewi, gumetre retnayu. i.
Punika kidungipun lare jedheng jaman kina ing Ngayugyakarta
Katandhan Ka:Wa”

Serat sarta ingkang badhe kaurmatan, akathah-kathah, mugi katur ingkang saudara
tuwan redhaktur sangking Bramartani, ingkang pilenggah ing Surakarta. Ri sampun
ing kadya punika, wiyosipun ingkang mugi sampun pisan andadosaken rentenging
galih, manawi pareng saha kaoberaning papan, kula ngaturi panjurung, mugi
kapacaka ing serat Bramartani,. Sarehning kanjeng gupernemen ing sapunika
katingal sangert anggenipun anyentosani dhateng pamulangan, utawi
panguparengganing griya sakolahan sakalangkung kadamel sae, bekakas ingkang
kanggo mulang, kados ta buku buku miwah sanesipun cekakas, katingal prayogi
sanget boten wonten pakiranganipun sartunggal punapa, mengkatn malih, mpara
murid sadaya ugi katingalo sengkun maheng anggenipun amarsudi kawagedan, ing
salebetipun pamulangan, anaming, tansah kula manah, andadosna telangsaning batos
dene para wikeling, manawi kula raos ingkang saestu, sakelangkung perlu, kangge
sosoranipun mantra guru, sangking pangraos kula, sami sami pangkat alit
mempenging damel dados kwikeling wau, kalebet damelipun wonten salebeting
sakolahan, sampun kados dening pandamelan juru serat, dene ingkang wonten
nginggil katingal boten patos anggalih, bab kasushanipun inggih kasinggihan
manawi ingkang cumepeng dados kwikeling wau, taksih jaka, taksih kawengku
tiyang sepuhipun dereng wonten ingkaang karaosaken anjawi sangking
penganggenipun piyabak wangsul ta kados parak wikelingingkang sampun semah
pethal kaliyan tiyang sepuhipun tur amancadhistrik punika supami lulus boten
kaparingan sih peparingipun tiyang ageng, pinaringan janggo nyatunggal kimawon,o
andadosaken saklangkung ing susahipun pinten banggi kaparing wan songsong,
among cakepa ingkang nyanggi tedhanipun toya, utawi kajeng baker (suluh) kangge
adamel matengi tedhinipun sabab ing wektu mangke saklangkugn susah, bab tiyang
sambat sarwa dhateng para sanak persanakan manawi boten dhangan dhangan
sanget o ewed manawi boten acanthi kabayar, mongka kwikeling punika, tiyang
keanggelan badhe nindhakaken kados para priyantun mantra, boten badhe kiyat awit
tedhanipun sakedhik botena dherek krubyuging kathah, rumaos piyambakipun
kaketang dhateng wiwicalaning priyantun pramila saklangkung muskilpamanggih
kula. Ingkang punika, manawi pinuju lega dhangan suka pirena ing galih,kula
nyuwun pamrayoginipun saudara, ingakng supami saking atur kula ing nginggil wau
wonten ingkang badhe rekes nyuwun supadosa kaparingan ajanggol para wikeling
sekolah, punapa kinten-kinten badhe pikantuk saudara, Sinerat tanggal kaping 12
September 1872, Tandha Asta kawula ingkang saudara pun Sokaarja, ing kampong
Dunya Mengaos.

Taksih sami salebeting masapalguna, kacariyos Prabu Wakil Arya Basuketu, nuju
wisata anamur kula kaliyan patih Wasita, mangkya sumerep wonten wisma ropok-
rompok badhe rebah boten kajejegaken, tiningalan tatanemanipun karangkirna sami
anggagrag dening kamladheyan, kapiyarsa salebeting wisma wonten swaraning
tiyang ura-ura angrerepi sekar prawiralalita. Dewa dinomragad swarwam, mantra
Dinam tat dewa tatangmartambraha manadinam, bramanamama dewata, ritat sawi
tuwarinyam, swarga diwasa dewata dima idiyono dinam, pracodhayit dewata. Kala
samanten wonten tiyang medal saking pemahan wuwus makaten, wus mengkono
kewala karyane, anggung ura-ura kelingan yen sangsara. Patih Wasita andadngu
dhateng ingkang muwus makaten punika, namanipun akaliyan ingkang sinedya
aturipun kula wasta pun Saksa, kalebet wong sakaliyan ingkang ura punika, lampah
kula badhe anuweni pategilan ingkang sawek kataneman enggal. Sang anamur kula
andangu malih, namanipun ingkang ura-ura punika. Pun Saksa matur, ingkang ura-
ura punika awasta pun Kaskaya, kaletet tiyang sugih kasagedan ananging sungkanan.
Sang anamur kula andadngu ingknag dados sababing sungkanan pun Kaskaya punika,
dene tiyang sarwa sumerep. Pun saksa matur malih, among awit saking doyan nedha
karesti tilem, manawi mentas tangi tilem lajeng anedha, manawi sampun tuwuk
lajeng ura-ura, ing salaminipun tansah makaten kemawon, boten purun ambabaraken
kasagedan, boten nate ulah pangupajiwa, mila kalampahan anemahi papa sangsara,
greiyanipun ngantos bibrah kitrinipun sami risak para pawong sanak ingkng anguluri
tedha, saking rimarmanipun sami ambobolehi boten wonten ingkang kagega, babasan
anurut entut ujar kasebar, manawi pamanah kula, pun Kaskaya punika kalebet tiyang
atilar nama, leresipun nama Kaskaya makaten ingkang sarwa akas dhangan,
kayektosanipun teka sungkanan punapa kaskaya punika tegesipun kesed. Ingkang
anamur kula gumujeng sarya ngandika,lah tutugen lalakunira aniliki pategalan
tenyasesran mas iki ingsun paringake minongka pituwas enggonira sajarwa. Pun
saksa anampeni sesrandahat sukaning manah, lajeng andumugekaken lampahipun
anuweni pategilan. Ingkang anamur kula sami kondur sosowangan enjingipun patih
Wasita utusan animbali pun saksa boten antawis dangu sowan. Patih Wasita andangu,
wingi apa ana wong tatakon maring sira, pun Saksa angaturaken saking wiwitan
dumugi ing wekasan, ngantos asal pituwas awarna sesran mars. Pangandikanipun
patih wasita, iya sajatine ingsun kang atata kon maring sira wingi, ing mengko sira
sun kongkonan awawarah maring si Kaskaya Manawa mari sungkanan bakal oleh
kabegjan, Manawa maksih kesedan bakal anglesed karana undhanging nagara karsa
amariksani warupaning wong kurang taberen, Manawa ora bisa ana anake arip luwe
sarta durung kawasa anangggulangi rosining budi, iku amasthi kena kalpak sanata
tanpa dosa awit dening wong sungkanan ing karya iku gagadhangan bakal anglakoni
duryasa, telas pangandikaning patih Wasita. Cariyos punika taksih wonten
candhakipun.

Kauningan sampeyan mas Open, manawi serat sampeyan bab pangkat tuwin
pamadenipun sarem, badhe kula pacak ing Bramartani, bilih sampeyan karsa asuka
katrangan dhumateng kula ingkang patitis,sanajan sampeyan sisilih nama, kula kedah
anyerepi nama sampeyan ingkang satuhu.

Punika cariyos Babad Mataram


Walonda sampun atata babedhilan ingkang aneng pasisir, mariyeme neng parau, muni
ngungkuli kitha, sinuledan swarane lir gunung rubuh, kadi gelap asauran, peteng dhedhet
angler wengi. Wong jawa akathah pejah, pan kumpeni keh tatu akeh mati, saradhadhu
akeh lampus, kopral lawan sareyan, wong kumpeni samana perange bingung, dening
kukusing sundawa, pati-pati, den gagapi. Dadya kang medal lautan, pan akathah
angsalipun pepati, mariyeme pan pakantuk, kumpeni kathah pejah, titindhihe kapitan
Drus sampun lampus, litnan kakalih wus pejah, sareyan titiga mati. Nanging sampun
ginentenan, kapitane litnan, wus den suluri, apan maasih perang pupuh, gumuruh
babedhilan, duk samana sampun kasaputing dalu,prasami arerembagan, kumpeni pan
sampun tintrim. Enengena an samana,kawarnaha panembahan wus prapti, angambang
anaing ngalut, nitih pun kaladuta, kapalira ageng apanjang abagus, nenggih kocaping
carita, wonten palwa ageng prapti. Nenggih kapaling walonda, karsanira wau ayun
miyangi, gagaman kang aneng laut, punika dados semang, kapalira pan titiga kathahipun,
panembahan Purubaya, pan nuli amarepeki. Kumpeni kang aneneng palwa, sadayane pan
sampunngati-yati. Mriyeme sinulet sampun, ngajenge panembahan, datan kandheg
palwane anander asru, ngadeg lir taksaka lanang, warnane agegilani. Baita nulya
angrunjang, angina sanget suranya kadi bedhil, sangking barat sanget nempuh, palwa
tarunglir gelap, palwanira baita walonda lebur, kerem aneng ing samodra, kang kari
prasammya lari. Sampun misuwur kang warta, panembahan PUrbaya sampun prapti,
aprang neng luhuring laut,palwane londa pecah, apan kerem palwa kakalih lumayu,
kumpeni sampun miyarsa, manahe pan sampun giris. Wus kaloka mring walonda, yen
pangeran PUrubaya sinekti, kaloka yen bisa mabur, iya kala semana, wong kumpeni
atintrim sadalu dalu, ngawang-awang binedhilan, saksana obate tipis. Enjing malih
kawarnaha, panembahan Purbaya sampun minggir, wong pasisir sami dulu, kang ana ing
lautan, saeng mangkat sedyanira perang pupuh, sampuna minggir sadaya, kumpeni
sampuna rakit. Rembagira prakapitan, bedhit gedhe aneng pinggir pasisir, tinutup
ingkarsanipun, sampuning ngarah-arah,ingkang yogya mimis bisa amalebu, anulya
bedhiling sigra, kumpeni pangrahnya sisip. Ngeneni lambe kewala, malah gempal lambe
mriyem matawis, ambedhil binedhil dangu, parau kathah pecah, wdya alit akerem kathah
kang lampus, kumpenipan kathah pejah kapitanya roro mati. Panembahan Purubaya,
sigra tedhak sangking palwanira glis, panakawane tatelu, punika kang binekta, kang
ambekta lantaran lawan takuthuk, lan kang ngampil pakinangan, kumpeni sampun udani.
Nulya sigra binedhilan, mariyeme sadaya den suledi,swarne lir gunung rubuh, gurnat
lawan gurnada, guruk api swarane kadi galuddhug, tambure gumerling bedhah, salompret
pating jalerit. Panembahan angandika siwalonda dening kapati-pati, ambedhili marang
ingsun,lah iya entekna, tandangira kumpeni sangsaya gugup,lir ambedhil wewayangan,
nbedhil buntet tanpa mimis. Saweneh bedhila sempal, panembahan sangsaya marepeki,
walonda sangsaya gugup, gegere apuyengan, kang saweneh bedhile marep mendhuwur,
manahira buta repan, Manawa ana ing langit. Panembahan angandika, eh kumpeni dening
kapati-pati, apangandelken kuthamu., dumeh kandel awiyar, apan kinen nemeni masthi
yen lebur, sigra nulya tidu dingan, kutha Bengkah sedheng jalmi. Panembahan Purubaya,
nulya kondur pan maksih den bedhili, pan eca ses lampahipun, lir bedhil wawayangan,
panakawan titiga sami rahayu, pans ampun minggah mring palwa, yata kasaputing wengi.
Panemabahan angandika, sakathahe wau wong ing pasisir,lah wis kaya sadarum, ing sun
layar manengah sun jagani mungsuh kang metu ing laut, anulya sigra alayar, sakedhap
datan kaeksi. Panembahan purubaya, pan aanjur sedya marang Matawis, ri sampun
akarya tatu, akarya gara-gara, wng kumpeni manahe sangsaya kukut, saksana mendhung
katingal, gumuruh dipun bedhili. Dandananira meh telas, obat mimis semana sampun
tipis, warnanen kang aneng kidul, tumenggung Baureksa, anrangbaya padha sangking
bitingipun, sakathahe wong ngastina, prasami anglanggar biting. Walonda mimise telas,
apantelas salir praboting jurit, mimisnya diku ing uyah, ki nuthah lawan berak, kang
saeneh gajih celeng wedhakipun,kumpeni sampun uninga, wong jawa angider biting.
Anulya dandan sadaya, wus malatar mring yeme den suledi, gurna dargunat myang
ngebum swaranira lir gelap, ywa wong jawa kang katiban kabur kabur, ki tumenggung
Baureksa, samana sampun akanin. Katiban mimis sasawat, puipunira tugel manguwir-
uwir, wong pasisir kathah lampus, mimis pan kadi jawah, wong kumpeni mimise kedhik
kang kantun, watara kari sadina, datan duwe malih-malih. Bitingira sampun buar, wong
pasisir manah nya ketir-ketir, yata kasaputing dalu, wong cilik kathah minggat, samya
mulih akeh amora ing dalu, wau dipati Madura, arsa ngawaki pribadi. Kadang kadeyan
sadaya, wus pinepak sasadaya pantinari pan ingsun arsa angamuk kuthane siwalonda,
ngong unggahi pan arsa sun amuk prun,lah padha asusuciya, payo padha mati sabil.
Prasamya matur sandika, kang Santana lawankang bala mantra, asanggup barenga lebur
enjange kawarnaha, ki Madura samana pan sampun metu, sigra tengarakang bala,
bendhene bungkung tinitir.
Ongka 39, Kemis kaping 26 September 1872

Para priyantun ingkang sampun anampeni serat kula, arambah-rambah kang mongka
dereng karsa amangsuli utawi kintun arta patumbasipun serat bramartani, punika badhe
kula tagih kawrat ing serat Bramartani. Ingkang punika pangjaneg-ajeng kula sampun
ngantos kalampahan mindhak andadosaken kalingsemanipun para priyantun wau.
JOnasportir enko.

Para priyantun ing ngandhap punika, kula aturi bayar patumbasipun serat bramartani ing
taun punika.
Mas NGabei Surawastra, ing Surakarta mesthi bayar 12 rupiyah
Demang Nayadipura ing Krawang mesthi bayar 4 rupiyah
Mas Ngabei Sastradipura, ing Kedhiri mesthi bayar 4 rupiyah
Wadana ing Rembang mesthi bayar 4 rupiyah

Kulawisudhan
Cilacap
Kawrat ing serat kikintunan
Mas Ngabei Kramareja, wadana dhistrik ing Majenang kakulawisudha dados patih ing
Kabupaten Cilacap.
Mas Ngabei Kramasentika, mantra pulisi dhistrik ing Pegadhingan, kakulawisudha dados
wadana ing dhistrik Majenang.
Raden PUrwasupana mantra PUlisi dhistrik ing Majenang, kakulawisudha dados Jaksa
ing Cilacap.
Raden Sastra Amijaya, mantra gudhang kopi plabuwan kakulawisudha dados mantra
pulisi ing Majenang.

Prabalingga
Tuwan Fandhinge, amtenar wahel kakulawisudha dados Sekretaris ing Prabalingga.

Criyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten Salasa tanggal kaping 21 wulan Rejep ing taun wawu punika, ing lebet
karaton wontenpista minongka paurmatan wiyosan dalem kanjeng gusti pangeran adipati
anom amengkunagara sudibya raja putra narendra mataram, ing Surakarta,menggah
renggan paurmatanipun ugi kados ingkang sampun kalampahan kanjeng gusti pangeran
adipati Arya Mangkunagara, saha putra santananipun sami sowan malebet utawi ambekta
pirengbondabaya, bindi tuwin karma tinandhing, sami kabeksakaken wontening pandhapi
sasana sewaka, dene beksanipun agegentosankaliyan kalangenan dalem badhaya srimpi,
awit jam 10 enjing bibaranipun jam 5 sonten wilujeng boten wonten satunggal punapa,
sarta andadosaken suka pirenaning galihipun para tamu sadaya.

Nalika ing dinten saptu tanggal kaping 21 wulan punika, wonten satunggaling tiyang
bongsa Arab akesahan dhateng Samarang numpak kareta latu Dherdheklas sareng
dumugi, stasiuyn ing gundhi, tiyang arab wau sampun pinanggih pejah, para tiyang
sanesipun ingkang sami anumpak kareta latu sadaya boten wonten ingkang sumerep
jalaraning pejahipun wau, dene jisim lajeng kaprenahaken ing kareta ingkang pancen
momotan barang kabekta dhateng ing Samarang.

Ngayogyakarta
Serat Salompret Malayu, anyariyosaken manawi bawah kabupaten ing Suleman awit
tanggal kaping 7 wulan Agustus ingakng mentas kapengker, pasabinan ing Klegung
tuwin ing Jumeneng gunggung 62 padhusunan punika sami kaparag ing ngama tikus,
dene sabin ingkang karisakankathahipun 387 ¾ kothak paprentahan nagari sampun
andhawahaken dhateng reh bawahipun sadaya, sami kapurih ambudi sagedipun ical ama
tikus wau, punapa malih parentah anggantungi ganjaran, sinten ingkang amejahi tikus
satunggal kaparingan arta, 10 sen, bupati ing Suleman samangke sampun angintunaken
buntut tikus, 360 iji, ananging ingkang kawartos ing padhusunan wau taksih
anglangkungi kathah ing tikus ingkang taksih angrisak pasabinan, malah malah ing
wekdal punika tiyang padhusunan kathah ingkang boten saged panen awit pantunipun
sami telas katedha ing tikus dalasan tanem ugi risak babar pisan

Klathen
Ingkang kawartos serat pakabaran Walandi, Kanjeng Gupremen badhe karsa anumbas
griya losemen ing Klathah, manawi saestu badhe kaangge kantor pos utawi kantor
telegram.

Dheli
Serat Telegram saking Dheli, ingkang katampen ing Batawi, amratelakaken manawi
tuwan Litnan Kolonel Ombrah ingkang dados titindhihing para militer ing Dheli,
anggadhahi panuwun mugi kalilana wangsul (punika saantawis awit jalaran saking sakit)
punapa malih tuwan Ombrah anyuwun bantu militer malih kathahipun 2 kumpeni. Nalika
tanggal kaping 19 wulanpunika, kanjeng gupremen ugi sampun karsa utusan akintun
babantu, Artileri, 20 saradhadhu jagi griya pasakitan 12 militer infantry walandi 2
kumpeni,militer jawi1 kumpeni, sadaya punika saking bataliyon 9 katindhiyan kapitan
titiga 1 tuwan Poh 2 tuwanLoheman 3 tuwan Esahel Dheseeper, mawi kakanthenan
tuwan dhokter Adriyana tuwin Irstelitnan, setal ignkang dados wakil pangagenging
setyap utawi malih tiyang pasakitan kathahipun 100 kakintunaken dhateng ing Dheli
asareng para militer wau supados anglampahana pandamelan dados kuli, sakathahing
para militer wau angkatipun dhateng Dheli anumpak baita kapal latu winastan Willem III
sarta kadhawahaken kendel ing Mentok angampiri tuwan Panstiwe ingkang dados
susulihipun tuwan Ombrah anindhihi para militer ing Dheli.

Batawi
Awit saking pakabaran kanjeng gupremen Badhe karsa angewahi ing
ngatasingpangkatipun para Amtenar Binenlanbestir, inggih punika pangkatr Asisten
Residhen, kalorotaken sangandhaping pangkat Sekretaris dene pangkating Sekrtaris
kadamel sosoraning pangkat residhen menggah balanjaning Sekretaris wau kathahipun
750 ing dalem sawulan.
Kanjeng Tuwan Residhen Titke, samangke sampun pakantuk pensiyun,.

Samarang
Serat pakabaran Walandi, anyariyosaken manawi papatih ing Kendhal, sampun atilar
donya, nalika tanggal kaping 22 wulan punika. Punapa malih nalika tanggal kaping 23
anunggila wulanpunika, mas Kertadipura, Asisten Wadana ing Dhistrik Srondhol ugi
atilar donya, mas kaertadipura wau anggenipun angabdi kanjeng gupremen sampun
langkung 30 taun, utawi sampun misuwur yen sae pambekanipun kalayan manah temen
tuwin adil ing samubarang, ananging mas Kertadipura punika dereng saged minggah ing
pangkatipun.

Putranipun Kanjeng Raden Adipati, ing Samarang ingkang dados Mantri pulisi ing
Kendhal dereng antawis lami anemahi sangsra, putung tanganipun jalaran anggenipun
dhawah saking bendi, nalika nuju kekesahan badhe titi pariksa prakawis dhateng
Agdheling bawahipun.

Titiyang Japan ingkang sami main kumedhi, sapunika sampun dhateng ing samarang,
dene anggenipun wiwit main nalika tanggal kaping 24 wulan September punika.

Cariyos Aneh
Satunggaling tiyang bongsa Amerikah sampun angajar kodhok kathahipun 10.000 iji,
punika sami mungel kalayan dipun abani tiyang Amerikah wau badhe dhateng ing Boston
sumedya katontonaken ing ngakathah sarta ing Boston wau badhe kadamelaken kalen
panggenan sakathahing kodhok punika supados sampun ngantos pejah.

Ing nalika dinten Setu dalu wanci jam ½ 2 angrintenaken tangggal kaping 19 wulan rejep
punika, ing kampong Kapara Tengen bawah Purwadiningratan, wonten griya kabesmen,
kaleres griyanipun Mangunwijaya, abdi dalem Jajar tukan gBatu, ingkang kabesmen
rumiyin pandhapi ingkang kidul kilen, lajeng nyandhak griya, sarta mraman griyanipun
sadherekipun jaler, nami Mangunkara, ugi Abdi dalem jajar tukang batu, cacah griya
telas 3 iji, katrangnipun latu pandung. Wondene tangganipun ingkang caket, ingkang
kaprenah wetan tebihipun kirang langkung 18 kaki, ingkang kaprenah ler, tebihipun
antawis kirang langkung 25 kaki griya sirap utawi welit, nalika ubaling bgrama rah
ajengipun sami rana boten lumamapah, dados lampahing brama nenggel manginggil
kemawon boten waget nyalat dhateng kanan kering, makaten ugi, kapinujon bendara
Raden Ayu Purwadiningrat sepuh ingkang kaprenah caket dalemipun kalih ingkang
kabesmen wau sawek katamuwan panganten, sumedya nyepeng sadalu mawi jagongan
para kadang warga sawontenipun, ugi lajeng sami bibar sadaya panganten lajeng mantuk
sanalika, ing wasana sangking pagestonipun ingkang agung-agung, tangganipun ingkang
sami kaprenah caket kalih ingkang kabesmen wau, sadaya wilujeng boten kirang
satunggal punapa. Kaserat tanggal kaping 20 wulan Rejep, warsa Wawu, ongka 1801
Atandhan pun Barja.
Ingkang mugi serat kula punika, panjenenganipun tuwan Redhaktur karsa amacak
bramartani wedalipun kemis ngajeng punika. Bramartani ongka 36 Kemis kaping 5 wulan
September punika wonten panjurungipun STV ing wande pelem Surakarta
Punika nyariyosaken Setradikrama estri ing Mesen dados dhemit jalaran rencang lare
angsal 5 wulan lajeng ngical wonten ngeprah, punika kula yektosaken criyosipun tiyang
Mesen inggih kados serat sampeyan ingkang kapacak Bramartani ognka 36 punika ing
wusana Setradikrama estri sapunika sampun kapanggih sampun sadasa dinten wulan
punika. Kapanggihipun wau anggumunaken icalipun wonten ngeprah, kapanggih wonten
tempuran kidul bawah Mangkunagaran Setradikrama wau serepipun ingkang estri wonten
puran saking sadherekipun pinuju wonten gnriku kapanggih setradikrama estri, dipun
tangledi wangsulanipun naming mesem kaliyan malajeng tiyang ingang tangled wau
lajeng mantuk sanjang kaliyan kang jaler kathah-kathah wicantenipun sadherek wau
lajeng gita ayektosaken ing waktu wau kapangih wonten margi ageng ngriku
Setradikrama estri lajeng kabekta mantuk kang jaler, dene kang estri setradikrama wau
ingkang dipun gonhong sinjang amoh sarta panganggenipun setradikrama wau pat-tipat
luwir, kados dipun suweki, ing wusana dumugi griyanipun tangga tepalih sami kawetos
Setradikrama estri mantuk mila lajeng sami dhateng sarta tanglet kathah-kathah
wangsulanipun Setradikrama esti eh ambak uwong pating tritip padha takon wong aku
ora lunga-lunga, lajeng bengok ura-ura prenesan lakar waged seratan jawi Setradikrama
wau sampun kados dene tiyang ewah. Purwadiningrat kaping 6 September 1872
katandhan Krapyak.

Menawi saudara tuwan redhaktur anggalih pantes sarta wonten selaning papan, kula
ngaturi panjurung sakedhik, mugi kapacaka ing Koran Bramartani, ingkang medal kemis
ngajeng punika. Kala dinten Jumungah tanggal 11 Jumadilakir Wawu warsa 1801
Bendara kawula raden tumenggung Purwakerta (Banyumas) kagungankajat anyelamaken
ingkangputra,1 raden Sulman ingkang putra pyambak 2 Raden Sujalma puta kapenakan
anggening dandosi putra selam wonten masigit anggenipun ngarak ing kabupaten mawi
nitih rata, sarta mawi jajaran, sangajenging rata, para putra sentana nitih kuda, kadosta
1. Raden Angkuk putranipun Raden Ranadireja, Mantri Ajibarang
2. Raden Muga putra kapenakanipun ingkang bupati Kanejng Bendara
3. Raden Amur putranipun Mertasura, Gudhang Jambu
4. Raden Kardiman, putranipun Ngabei ing Surawijaya, wedana PUrwakreta
5. Raden Kusman, putranipun Wirya Atmaja, wedana Batung
6. Raden Gobang putranipun Kliwon Purwakerta
7. Wau putra sentana 6 prabotipun kados ing ngandhappunika caping paculan
Banyumasan ngangge bulu-bulu, dhesdhar wulung catheman, mawi srempang
paamen kuning, rasukanipun cemeng kadekek salebeting paningset, paningset
sutra dhungu mawi bara, epek pamen kuning, nyamping latar cemeng kapancas
cara Madura, clana pethak panji panji, nitih kuda dhawuk, sangjanegipun putra
nitih kuda, mawi kalangenan warni ayam, 2 iji, 1 jaler 1 estri, segawon wana,
sima, gajah, wau rerupen sadaya, ing ngelbetipun isi tiyang, yen lumampah angler
pendah lumampah pyambak, sarta gajahipun mawi srati, busana cara palembang
utawi ing samargi margi mawi anbuh gongsa, sakalangkung ramenipun, Sinerat
Tridhasajuga, Agustus warsa Sewu Astha tus sapta dasa dwi siswa pawiyatan
Jawi pun Sukarja.

Rehning kula midhanget bebasan, 14 bab kang mongka kula dereng mangertos
menggah tegesipun kadosta
1. kalebon Cina gegundhulan
2. Endhas gundhul diiliri
3. Grogol mangan pari
4. Geni pinanggang
5. angintip pager arang
6. gong mlaku tinnabuh
7. uyah kacemplung ing segara
8. tunggak kalingan ing rone
9. giri lusi jalma tak kena ing ngina
10. anuduhake kebo nang pangonan
11. kang kalen mengsah benawi
12. cebol anggayuh lintang
13. ngenteni tibaning lintang kartika
14. angadhang tetesing bun
Ingkang punika bebasan ingkang kasebut ing nginggil wau, sangkingpanyuwun kula
dhumateng para mitra ing bramartani,mugi wontena ingkang karsa paring pitedah
dumateng pun kula, sarta kawijang wijanakeningkang supados kula sampun samara
Wonten malih tembung ingkang dereng kula mangertosi tegesipun, kados tembung
pari punapa anggadhahi teges pantun, yen anggadhahana teges pantun dene kocok
wonten tembung, paripurna,pariwara, parimana,punapa malih tembung pati,punapa
anggadhahi teges pejah,yen tembung senapati, respati, wijayanti, arjanti, punika
punapa anggadhai teges senapejah, resapejah, wijayapejah, arja pejah, Sinerat ing
wisma sunya 18September 1872
Kaandhan mas Sadi lare Kembar.

Ingkang tabe saha kaurmatan mugi kaatur ingpanjenenganipun tuwan F.L.Winter


saha ingkang angrenggani Bramartani nagari Surakarta.
Satlasning kadya punika, wiyosipun botk bilih andadosaken parenging panggalih saha
wonten selaning papan miwah kagalih mantes, atur kula punika nyuwun mugi
kapacaka ing pasamuwan Bramartani. E sanadyan kula tiyang estri amulang sarak
cumandhak giyaraken atur ing pasamuwan inggih boten kok sangking kewek
mandreng kula boten sareh ning kula nuwun sangking cubluk balilu kula, supados
para sarjanamustining bramartani paringa barkah dhateng pun kula tegesing kados
ingkang kasebut ing ngandhappunika.
1. bilih siyang kon mripat punika boten waget tilem
2. bilih dalu kon mripat dipun lek elekna punika kedah gandhul badhe tilem mawon,
senadyan kula lintuwa siyang tilem ingkang ngantos sayahing dalu, kedah kedah
inggih clongoban aris kelangkung, punka sabab punapa
3. warni wujud punapa ingkang suci, dados munjrung, boten lana
4. Dumunung punapa, rame, singkedan sepi, sababpunapa o atur panuwun kula,
sakawan babau, asanget sangking pangjaneg-ajeng kula wontena ingkang kersa
paring jarwa ingkang patitis, sanadyan samantara tebih sangkaning sarawungan
ing Bramartani ingggih kula anggep manjinga dados sadherek, ing wusana bilih
kersa sami paring usada mugi kapacaka wonten ing Bramartani. Sinerat ing
kampong ARja ping 18 September 1872 katandhan bok Rumisalamah

“Sekar pucung” kanthi tabe urmat ulun, kaswaring paduka, anenggih tuwan redhaktir,
Bramartani ing Radya gung Surakarta, yen panuju, wonten panggenan kang
suwung,pambatang kawula, punacak respati ngarsa, karya nemben sinambi mardiko
taman,ulun kudu, peksa medharaken kayun, kalamun sembada, cangkrimane mtira
mami,yun ngongcupi manawi ta kaleresan, eledipun, wonten janma mentar warrung
maartasrupiyah gobang inggih satus dhuwit, kang tinumbas wonwohan, pan tri prakara,
gih puniku, nanas manggis tuwin dhuku, sajuganing nanas, pinesthi regimen
dhiuwit,punang manggis tigang dhuwit kang sajuga, dene dhuku, sadhuwit angsal
sapuluh, nanging kedah kedah, pakangsale sampun ganil, kedah boten angsal satus kang
wowohan, wus ngong etung mung satunggal nanasipun, punang manggis angsal,
sangalikur datan luwih, dhukuhipun wastu angsal pitungdasa, jangkep satus, sumongga
dhuh mitra ulun, kawula sumongga, yen sisip pmbatang mami, langkung bingah yen
sinaringa wariwara, malihipun lamun ta nuju ing kayun, mrih ramening kabar, ulun
gantya angaturi, ceangkeiman sumongga dipun pardiya, wonten tutur kojae jaan
rumuhun, apan wonten toya, ananging ajrih ing wariyh, dhek kodanan akekuwung
punang toya, awit sampun prasetya tan arsa kumpul, tur asline padha, nging prapta ing
jaman akhir, pepisahan lahpunapa namanira, titi rampung ing barebes kaping catur,
September kang warsa, netra pitu murtyeng aji, ingkang sudi mastani pun Kretabrata.

Pun Saksama tur nembah, dhuh punkulun, saestunipun kawula inggih sandika
anglampahi ing dhawah pduka punika, ananging kaliyana saos unjuk rumiyin, tiyang
boten sumerep ing sastra punika punapa kaewokaken sungkanan, Paih wasita amangsuli,
iya mengkono. Pun Saksama tur malih,manawi makaten kawula punika punapa badhe
kaplaksa na tanpa dosa, amargi kawula boten sumerep ing sastra alit mila, awit saking
sepen ingkang amardi mumulang dening kawula lela, kalaka tilar ing yayah rena taksih
rare. Patih wasita gumujeng sarya ngandika, ing ya puwungane sanadyan ora sumurup
ing ngaksara anggere bisa patitis ing wicara, sanadyan kurang patitis ing wiwara anggere
maju ing karya sayekti ora kasangsaya. Pun Saksa andheku, patur sembah pamit sampun
kalilan lajeng mangkat, dumugi ing wismanipun pun Kaskaya amarengi saweg tilem, pun
Saksa angantosaken ing satanginingpun saking pamanggih ing manah upami kagugah
bokmanawi andadosaken salah ing seserepan mila pun Saksa mantuk dhateng
wismanipun piyambak angrukti sekul alum. Sareng sampun ing wantawis wanci, pun
Saksa wangsul mawi ambekta tetedhan, pun Kaskaya kapanggih mentas tangi tilem tau
lungan sekul lajeng anedha, ing sawatawis sampu sareh, punapa Saksa andhawahaken
timbalanipun patih wasita sadaya. Wangsulanipun pun Kaskaya, kandi pundit paman,
enggonkula saged anglampahi taberi, tiyang sepen sarana miwah tanpa saraya, babasan
boten kontha-kanthi inggih ingkang kadi kula puniki, upami darbeya sarana utawi
wontena saayanipun amesthi mantuk sungkanan. punSaksa amuwus aris, yen mangkana
kulup aku kang aweh sarana,munguh saraya gampang anggere wus katondha, pun Saksa
lajeng mantuk, wangulipun ambekta sandhang pangangge akaliyan benho pacul,
kaulungaken dhateng pun Kaskaya sampun katampenan sadaya, wuwusipun pun Saksa,
lah ta mara kulup aku arep weruh ing tondha kayektosanmu ketringkang padha rusak
dening kamladheyan lawanjamur upas iku ttutuhana, ing ngisore padha brah sikana
kabeh,mungguh panganmuiya aku kang ngamanci ing saben dina, pun Kaskaya lajeng les
tumandang anedhahi kakajengan sarta ing ngandhap sami kabrecikan sadaya,pun Saksa
muwus malih,lah tutugena kulup, aku angaturi uninga marang kapatiyan yen saiki kowe
wus mari sungkanan, supaya ora kapleksana, sasampunipun muwus makatenlajeng
mangat marek ingngarsanipun patih wasita, angaturaken sasolahin gdinuta, patih wasita
langkung suka anarima, dhawahipun ing samongsa mongsa badhe tedhak amariksani, pun
Saksana kalilan mundurt lajeng mantuk, dumugi ing griya aningali anggenipun babrasik
pun Kaskaya sangsaya sengkud, ngantos palataranipun katingal resik sadaya, pun Saksa
lajeng awawarti manawi pun Kaskaya badhe antuk pangapunten, pun Kaskaya langkung
suka lajeng anedha saraya badhe andadosi griya, enjingipun malih pun Saksa amet saraya
dhateng tongga tepalih sami kasambat andadosi wismanipun pun Kaskaya, boten ngantos
antawis dinten malih sampund ados sarwa santosa,nunten pun Kaskaya sinungan mijil
krowodan dhateng pun Saksa, kinen ananem ing kebon kebon miwah ingpategilan,
sareng kalamapahan boten saged tuwuh, wonteningkang tuwuh lajeng puret ludhes sami
kaparag ing ama, mila sun Kaskaya winarah dening pun Saksa kinen taberi angideri
kebon miwah pategilanipun, isaben dalu sageda kaping tiga pun Kaskaya amituhu lajeng
ananemi malih, tansah kaideran kaping tiga sadalu, ing ngriku pun Kaskaya antuk
parmaning dewa, sakathahing wiji sami tuwuh tulus genjah angrembaga, pun Kaskaya
karemenen aningali tatanemanipun sami ledhung-ledhung, sangsaya taberi andhadhangir
sarta tulaten angideri ing saben dalu, sareng pun Saksa sumerep manawi pun Kaskaya
sampun katarima ing dewanipun, lajeng pendhet mantu antuk anakipunpun Saksa
ingkang pambujeng estri awasta pun Wardi, analika punika pun Kaskaya awit angangkat
ragi kacepkapan, kauningan dhatengpatih wasita pun dahat angalembana, aturipun
dhateng prabu wakil Arya Basuketu, pun Kaskaya punika warninipun tiyang sarwa saged
ananging sungkanan, pun Saksa punika tiyang bodho ananging akas dhangan,
wekasanipun ingkang saged katindhi deningkang bodho, babasan balilu tau saged
deereng anglampahi mila prayogininpun sami kinulawisudha dados mantra punggawa
kalihpisan, prabu Wakil anembadani lajeng kadhawahaken punSaksa ing ngalih nama
Sang Mantri Saksana, pun Kaskaya taksih namanipun lami kasebut sang mantriKaskaya.

Punika cariyso Babad Mataram


Walonda sampun malatar, bedhilirapan sampun den iseni, berak den wor mimisipun, ki
Madura wus manggsah,prasantana balanira sareng nempuh,kumpeni pan kagegeran,
bedhilipun denamedi. Swarane bedhil lir gelap, kang prata lalindhu bah gonjang-ganjing.
Wong Mataranm akeh lampus, kang saweneh aniba, nulya tangi kang tiba banjur lumayu,
saweneh ana kang sempal, baune manguwir-uwir. Kang saeneh kaprawasa, janggut
sempal baune rontang ranting, saeneh pupunya putung, ingkang kena sasawat, kang
saweneh ana tugel gulonipun, sirahe pan galundhungan, tan ana tawa ing mimis.
Saweneh bedhile kontal,nulya tangi umangsah ngamuk malih, ki Maduraperangipun, miis
kadi parade, yen aleren nulya ingus sapapan sampun, anulya mangsah ing rana, wus
parek kalawan biting. Wong walonda kagegeran, mimis entek tinja kinarya mimis, genya
ngiseni kasusu, tan anganti wawadhah, tepiyone kinarya cicidhuk kablum, saweneh
sinendhok tangan, weneh cinorok kulambi. Apan sampun binedhilan, Ki Madura sampun
caketan biting, swaraning bedhil gumrudug, tambure abrangbrangan, pan senapan kadi
Grojogan Sewu, peteng kukusing sundawa, salompret pating jalerit. Wong Madura akeh
pejah, ingkang teguh prasamya puruita, saweneh awak galuprut, sawneh gulagepan,
prajurite sadaya akathah wuru, weneh mutah belaeran, tan kobner among sah jurit.
Pangeran Madura sayah, undurira prasami wuru tai, ki Madura mungur-mungur, sadaya
mutah mutah, prasantana watara kari rong puluh, wadya cilik sampun telas, kang urip tan
bisa tangi. Samya banjur mring bengawan, samya adus busana den kumbahi, prasamya
asalin sampun,mulih mring pasanggrahan, ki Madura balanipun kathah rempu, pan maksi
samya sudira, pan asedya ngrangsang malih. Walonda wus kagegeran, panggedhene akeh
kang padha mati, kapitan papat kang lampus, kumpenine sabregada, kang kari sami
atintrim. Dandananira wus telas, mimise obat apan ora nakari, manahira eyang-eyung,
nedya pejah kewala, mung taine kang kinarya mimisipun, sumedya lebur sadaya, nora
nedya den unduri. Punika taksih wonten candhakipun.
Ongka 40 Kemis kaping 3 Oktober 1872

Kulawisudhan
Surakarta
1. mas Ngabei karyasuarja,Mantri ngajeng ing kapatiyan, kakula wisudha dados Panewu
Kaparak, mawi kaelih nama Mas Ngabei Sudirapraja.
2. Sarustam Lurah Gedhong wedang ing Kapatiyan kulawisudha agentosi dados mantra
ngajeng, mawi kaparingan nama Raden Ngabei Wiraatmaja
3. Raden Mas Panjiwiyasaputra, Magangan kantor Wang ing Kapatiyan kakulawisudha
dados Panwu Gladhak kapatedhan nama Raden Mas Ngabei Prajadipura
4. Lurah Singayuda kakulawisudha dados Panewu gandhek, kaparingannama Mas Ngabei
Kramaduta
5. Lurah Wiradiwriya, kakulawisudha dados mantra kaparak tengen kapatedhan nama Mas
Ngabei Jaya Mentataka
6. Raden Citradiarja, magangan Kantor Kapatiyan kakulawisudha dados Juru serat Jaksa
Pradata kaparingan nama Raden Ronggasastra purwita

7. Mas Arjasentana, Magangan kantor Kapatiyan kakulawisudha dados Juru serat kantor
kapatiyan kapatedhan nama Ronggasastra Rujita

Kawrat ing serat kikitunan


Kapacak ing serat Selompret Malayu Madiyun
Mas Atmawijaya, Mantri Cengkal twedheklas kakulawisudha dados Mantri Tekenar,
(Gambar)
Mas Wiryadimeja, mantra ?Cengkal Twedheklas kakulawisudha dados mantra Slatistik
Dherdheklas
Mas Mangundirana, Mantri Cengkal Twedheklas kakulawisudha dados mantri Statistik
Dherdheklas, ing Keniten, bawah magetan
Mas Manngku Atmaja mantra Cengkal Dherdheklas, kakula wisudha dados mantra Statistik
Dherdheklas ing dhistrik Bagi madiyun
Dene ingkang anggentosi dados Mantgri Cengkal ing samangke dereng tartamtu.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten Jumungah tanggal kaping 27 wulan September ingkang mentas kapengker
punika, wanci jam 8 sonten ing kampong Lumbung kilen griyanipun bok Mas Atmaprawira,
kalebetan durjana pandung, anaming dereng ngantos malebet griya saweg wonten ing
pandhapi lajeng konangan rarejaka, anama pun Nasdu, sareng sumerep kalebeting tiyang
lajeng dipun lokaken pandung, saknalika tongga tepalih ing ngriku sami dhateng tandang
tulung ambekta dadamel kalayan obor, durjana kasompok ingpapan lajeng bingung
palajengipun dhateng sawingking griya menek banon anjog ing griyanipun mas Suldah abdi
dalem panewu punakawan ing Nglebet karaton anaming ingkang gadhah griya sampun
tandang mangaler, durjana lajeng malebet ing longan amben pandhapi, sarehning sadaya
griya dipun galedhah boten antawis dangu ignakng tandang sumerep manawi longan wonten
suku katingal acongat-congat lajeng dipun geret kaliyan mas Dunung, ugi abdi
dalempunakawan ing Nglebeyt sareng tangi dipun sikep saking wingking anaming drujana
boten bongga, malah wicanten makaten sing sareh bae engger aku bapakmu ngabei
Resapradata, sareng dipun padhangi sayektos yen mas Ngabei Resapradata, abdi dalem
panewu jaksa ing Gedhong Tengen, sanadyan para priyantun ingkang sami tandang sampun
sumerep sarta atepang wanuh dhateng MasBei wau, ewadene ing wekdal punika Asmanipun
mas Ngabei sampun sirna asantun nama tiyang durjana, salajengipun ugi kaladosaken ing
parentah kalayan punapa sasaraning durjana jalaran lepating praingkahipun piyambak naming
ingkang sami dipun gumuni ing tiyangkathah wau, dene ta priyantunjaksa punika pancen
damelipun angleresi prakawis samubarnag, mongka ing mangke gentosipun prakawis dados
saengga paksiulung dipun gondhol ing ngayam anaming saestu sampun uninga saungeling
angger sapanunggilanipun amilasanes kaliyan manawi anggarap prakawising tiyang ingkang
kathah kathah tamtu kadamel sarehn ing karampunganipun, saking pakabaran anggenipun
malebet ing pakampyungan wau badhe amanggihi tilas rayatipun ingkang sampun kapegat
manawi purun badhe dipun antuki malih, inggih punika anakipun bok Mas Atmaprawira,
sarehning kirang prasaja ing lampah dados amanggih kasangsaran ingkang adamel tiwasing
badanipun.

NGAYOGYAKARTA
Nalika ingdinten Senen tanggal kaping 16 wulan September ingkang mentas kapengker,
kanejeng gusti pangeran adipatiArya Suryasasraningrat angunjukaken sasrahan dumateng ing
nglebet karaton m menggah rerengganing sasrahan wau kados ing ngandhap punika
pratelanipun.:
1 awarni lopak lopak jene, tuwin kecowan ugi jene
1 awarni dhakon suwasa mawi kecik jene
1 kaca tolet tuwin kelut garanipun ing ngecet abrit
1 kasur kajanag sirah utawi guling
1 kendhi mawi ceep tuwin tutup jene bokoripun kuningan
1 pethetan lombok utawi terong wohipun sami jene
1 pethetan cikal tuwin kalapa ing ngecetpethak mawi pinarada
1 babon angrem sajodho
babak sajodho, sekaeran kakalih sami ing ngecet
kendhi lan dandang kenceng sami tembagi, utawi ceret
anglo kuningan tepasipun ing ngecet abrit
uwos satunggal karung tuwin kukusan kaliyan kalo
uleg uleg jene irus cowek utawi layah
Wondene lebetipun sasrahan wau lampahipun wonten ing margi mawi kajajaran musik
sartapara prajurit Infantri, kadherekaken prajurit kapaleri tuwin abdi dalem ing Pakualaman
sami anumpak kapal sadaya.

BOGOR
Ingkang kawartos margining kareta latu ingkang saking batawi dhateng Bogor, ing samangke
meh rampung panggarapipun anaming sampun kacobi kareta latu wau meh dugi ing Bogor

Dheli
Serat Telegram saking Batawi, amratelakaken manawi para militer ingkang kabantokaken
dhateng ing Dheli, anumpak baita kapal latu tuwin nastan Wilem III nalika tanggal kaping 23
wulan September sampun dumugi ing Dheli, enjingipun samimudhun dhateng ing dharatan
sareng tanggal kaping 25 lajeng sami kaangsahaken dhateng Klumpang, dene saking
pakabaranipun para militer ing Dheli sawatawis wonten ingkang ambalik tuut ing mengsah,
punapa malihpara militer bataliyon, 12 ing samangke badhe kabidhalaken dhateng ing Dheli.

SELEBES
Ingkang kawartos ingserat pakabaran wlandi, ing Mandar tuwin Balangnipa, sami tanah ing
Selebes ing mangke ugi wonten reresah, dene kanjeng gupremensampun anglampahakenpara
militer dhatenging panggenan wau supados anelukna pangageng ngreikuingkang sami balila
boten anetepi prajanjeyanipun dhatengkanjeng gupremen.

Wulan ingkang kapengkerpunika ing pamulanganjawi magetan wonten siswa sawatawis


ingkang tampi ganjaran saking kanjeng gupremen awarni serat waosan utawi gambaran, ing
tapih utawi samakipun serat serat wau mawi kaserat ing kanjeng presidhen saha sekretaris
pawiyatan amratelakaken ing pangalemba,menggahkataberenutawi kasagedanipun para siswa
wau, dene siswa ingkang tampi ganjaran wau kados ing ngandhap punika:
1. Raden Mas Panji Sasrakusuma
2. Raden Mas SAyit
3. Mas Sakiya
4. Mas Sasiyar
5. Mas Samingun
6. Mas Krebet
7. Mas Ramelan
8. Mas Songet
9. Mas Yahiya
10. Mas Suyut
11. Mas Subadi
12. Raden Patar
13. Midin
14. Babah Tik Ca I, Bongsa tiyang Cina
Siswa smanten wau ingkang saged piyambak, 1 raden mas Panji Sasrakusuma, putranipun
kanjeng bupati 2 Mas Sakiya.
Raden Mas Panji Sasrakusuma asring kabantokaken ing padamelanipun juru serat kabupaten
samangsanipun kakirangan babau
Kula sanget sukur saha angajeng-ajeng siswa ingkang sami tampi ganjaran wau, lulus saka
dunungan manah bening, taberi angudi ing kasagedan, sampun kendel anggenipun murugi
kautaman tuwin kadlajatan,ing tembe sageda tampi kanugrahanipun kanjeng gupremen
lengkung ingkang sampun katampen wau.

Nalika tanggal kaping 20 September 1872 kanjeng bupati ing Madiyun karsa
amikramakakenputranipun putrid kakalih, ingkang sepuh pikantuk Raden Mas Cakraamijaya
mantra dhistrik Panaraga putranipun Kanjeng Bupati ing Panaraga, sanesipun pikantuk, raden
mas Danuwinata juru serat kabupaten Madiyun. Menggah pakurmatan saha rarengganipun
kalebet samuwa, tur wilujeng sadaya.

Nalika dinten tanggalkaping 25 ngajengaken tangal kaping 26 wulan punika ing wancijam 9 dalu
ing dhusun Pilang kaleres wontening kitha Magetan saha tebihipun saking kitha watawis kalih pal
wonten griya kabesmen, kanjeng bupati ugi tedhak badhe karsa angrigenaken kasangsaran wau
supados sampun kakathahen pituna, anamung tindakipun kanjeng buapti sawek dumugi sajatining
dhusun latu sampun sirep. Kaserat ing kampong Sumber Kemasan kaping 27 September 1872
Katandhan Puspataluki.

Manawi kepareng kersanipun tuwan redhaktur panjurung kula punika wontena karsanipun macak
ing Bramartani. Nalika dinten Rebo tanggal kaping 28 wulan September punika, 1872 tiyang
nama Wongsdapermana dhusun Clapar, kaehdistrikan ing Cangkrep, kadugi pukul 7 enjing
pinanggih sampun pejah kajiret gulunipun mawi setagen sabukipun gumantung wonten pengeret
ing griyanipun pyambak, tiyangpulisi ngupados katrangan jalaran pejahipun Wongsapermana wu
botenpikantuk, amergi pun wongsapermana mila sampun lami anggadhahi sakit abuh awakipun
sadaya, ing ngirung kerep medalaken rah nglangkungi kathah, sarta kang estri nembe kapegat
wah malih mentas kapejahan anakipun jaler, mila kadugi pejahipun wongsapermana wau saking
sanget bebeging manahipun lajeng thukul engetanipun Wongsapermana ingkang boten boten.

Kiriman
Ing nalika dinten Jumungah tanggal 30 Agustus 1872 ng dhusun Beji Kidul, dhistrik tuwin
kbaupaten PUrwakerta, REsidheni Banyumas,wonten satunggal tiyang jaler nami somadirana,
sahantawis umur 75 ungsum kinten wanci pukul 5 sonten puyambakipun sampun cilaka dhawah
saking wit gelapa, ngantos dumugi ingpejah. Panatemenping 24 Aseptember 1872 Saking kawula
ingkang nandhani Raden Darmakusmara.

Serat saha riengga binusanan pinaesan sinuji ing tabe kaurmatan ignkang mijil saking eklasing
wardaya, eneing saking kawula pun Cin, mugi katur ing panjenenganipun saudara kawula tuwan
F.L.Winter REdhakturing Bramartani, ingkang pilenggah ing negari Surakarta, Adiningrat.
Sasampunipung kadya sak punika, wiyosipun menawi ugi saudara anyonehontgi waarta selaning
papan, sangkingpanjurung kula punika mugi tumuntena kapacak ing serat bramartani ingkang
badhe medal ing dinten Kemis ngajeng punika, kula sampun nupiksani serat bramartani ongka 38
ingkang medal kaing 19 september 1872 iung ngriku wonten panjurungipun mitra kula kawa ing
Ngayugyakarta, cangrkiman amemanis yen gumonda kados ngambar kasturi, jebad rinatus, boten
weneh anggen kula umiyat amawas-mawas tansah malongon jegle melejop blong dongong kethir
pothar-pathir katheetheran,ngupadosi pitembungan ingkang mrih saged ananduki, maksa boten
saged angudhoni, ewa semanten roning mitra kula kawa wau nyuwun berkah dhateng para
sarjana, gleyek gleyek kula dherek ambiyantu ngaturi pambatang, anaming rehning kula tiyang
bodho aming bujeng sekap kimawon, kacriyosaken boten mawi nuding sekar macapat semanten
wau dereng temtu leresipunlepat ingkang sampun tartamtu, awit pambencah kula wau medal
saking dugi-duhgi kimawon. Kados ta uruting pada amingmiwino kimawon, menawi boten lepat
kados dening ngandhap punika, pada ingkang
I. Bilih menawi boten lepat tiyang dang (bethak sekul)_
II. Bilih menawi boten lepat tiyang dang (bethak sekul)_jemparing (inggih memanah)
III. Bilih menawi boten lepat tiyang dang (bethak sekul) nyenjata (bedhil
IV. Bilih menawi boten lepat tiyang dang (bethak sekul)_tiyang ngrebab
Sangking perkawis ing ngginggil wau leres lepat sumongga, sampun pisan dados puguting
penggalih, sarta nyuwun sewu-sewu gunging pangaksama, titi sinerat ing andong cina wika ping
24_September 1872. Katandhan pun Cin.

Wangsulan Bramartani
Mitra kula Kawa, ing Ngayugyakarta, aparing batangan cangkriman kula bab ratu ngungelaken
gongsa munggang, saking pamanggihkula piyambak pambatang sampeyan punika inggih sampun
leres, miwah condhong kalih karenteging manah kula, ananging pamitran kula ingkang yasa
cangkriman wau, ko tansah dereng narimah, ing mangke sangking deing kumedah kula mimitran
kalih para sarjana sarana sasrawangan sabda utawi gugujengan wonten ing Bramartani, mongka
mitra kula,kawa, aparing pirembag supados cangkriman wau kababaraken, saestu badhekula
turuti, wondene atur panjawabipun pangulu among makaten kemawon, kilap punapa panjenengan
dalem gusti punika saestu boten dipun pejahi, awit boten matur miring utawi boten miring,
makatenpunika inggih saking wicantenipun mitra kula ingkang gadhah cangkriman anggenipun
babaraken pramila kula sumongga ing mitra kula Ka:Wa anggenipun karsa anggalih, pundit
ingkang leres utawi lepat, awit angkriman punika sanes gadhahan kula piyambak dumados kula
boten saged angrampungi leres lepatipun. Dene cangkriman samepeyan bab rasa samangke saweg
kula budi, ing tembe manawi sampun pinanggih tumunten angaturi wangsulan malih, inggih
punika saking kadugi kula sasrawungan kalih sampeyan, pinten banggi kula saged anglegani
saking pandangu sampeyan, muhung tekad minongka gugujengan. Kaping 22 September 1872
Katandhan Wartatama.

Antawis wulan kacariyos Prabu Wakil Arya Basuketu, mangkya nuju wisara anamur kula kaliyan
Patih Wasita, ngantos dumugi paminggiring nagari, ing nalika punika aningali wonten rare jalu
kapiyungyung dening titiyang kathah, dinangu ingkang dados karana, titiyang kathah wonten
ingkang matur manawi rare puniia dados weweri asring ambedhog ayam, kala wau mentas
anayab kawenanganlajeng kacepeng punika badhe katur ing parentah, nunten kadhawahan
anglajengaken dhateng kapatiyan, Prabu Wakil akaliyan patih Wasita, angrumiyini sami medal
ing margi simpangan, dumugi ing kapatiyan katunggka dhatengipun ingkang sami amiyungyun
rare jalu, lajeng kadhawahan animbali mangarsa, ingkang amiyungyung kadangu aturipun kados
ingngajeng wau, rare jalu kadangunama akaliyan wismanipun utawi ingkang dados karana
anglampahi dhushta, aturipun makaten, kawula punika wasta pun Jakalana, adi kawula estri wasta
pun rara lani, sami sutaning rondha kasiyan ing parembesan, mila ngantos anglampahi dados
duratmaka, saking susahipun ing manah, pun bilung rondha kasiyan sampunjompo, adhi kawula
estri pun Lani sakit labet saking enggal –enggal luwen, sarehning kabetah tamahan medal tekad
kawula ingkang resah, anuruti ambek sudira anrangbaya, ing sadinten dinten tansah angrebat
ananayab, pinten saangsalipun kawula anggen angingoni biyung kaliyan sadhereke estri, nunten
wonten benggoling durjana wasta pun Wreka, kaliyan pun Daraka, punika kawula dipun sedhahi
tumut ambarak wae sadhateng dhusun ing Samaita, kalampahan angsal maesa kathah, kawula
sinung panduman satunggal, kaurupan wos dhateng pun Saradha, ing samurwatipun maesa
satunggal ananging among kapanci saben dinten saliwetan sakep sabunipunpisan kawangenan ing
dalem satengah warsa pundhat, punika dumugi ing sapariki taksih lestantun, mila pendha anggen
kawula anglampahi dados duratmaka, saweg ing mangke kawula kumat malih amargi pun biyung
sakit panastis anedha kemul, saking kawekening manah dados anayab sinjang ing wekasan
kawula kawiyungyung makaten, saweg kendel aturipun Jakalana nunten wontentiyang jaluk kalih
jojogedan sati wuwuda, patih wasita kagyat lajeng dhawah anyepeng, sareng sumaos ing ngarsa
kawistara saking wangunaning nityanipun manawi tiyang ewah kalih pisan, dereng ngantos
dangu, pan Jakalana matur.

Punika cariyos Babad Mataram


“Durma” Enengana kang tugur aneng Jakarta, kocap sultan Matawis,lagya siniwaka, pepak
kang wadya bala, para Santana wus nangkil, pangeran Purbaya, samana lagya prapti. Sampun
seba dhumateng srinaranata, anulya matur aris, kawula sang nata andika ken lumampah,
anjangkungi ing ngajurit, dhateng Jakarta, sampun ulun lampahi. Sampun karya tilar tilas
garagara, pun kumpeni atintrim, wadya jengandika, wong pasisir sadaya,kathah rusak kathah
mati, pun baureksa, wartanipun akanin. Pan madura sampun ngawaki priyongga, tumpes
balanireki, anak putunira, sampun akathah pejah, pun Madura ngrangsang biting, kya ki
Madura, kondure dening tai. Pun walonda obat mimise sawus telas, tinja kinarya mimis, telas
kedahira, asedya tutumpesan, manahira sampun grigih, yen bontonan, baris sangking
Matawis. Pesthi bedhahipun nagari Jakarta, ing mangke kados pundit, ing karsa sang
nata,boten siyen awona, apenet lan wong walandi, grinaranat, nulya ngandika aris. Inggih
uwa purubaya karsaningwang, sun ken mundur kang jurit lah ta wong Mataram, ing benjang
wruhanira, ing sapungkur pungkur mami nak putuningwang, yen lunga sing Matawis. Wong
kumpeni ingkang tetulung ing benjang, eh wong gandhek den aglis,lan Singanagara, lah sira
timbalana, kang aneng Jakarta jurit,ki Baureksa, uwis na padha mangkin. Si Madura aja
mulih mring Mataram, prenahna aneng kali, wungu den gonana, uwis sira mangkata, utusan
wus nembah pamit, nuluya lumampah, tan karwarna ing margi. Wus alayar sampun teka ing
Jakarta,nulya sira kapanggih, lawan ki Madura, anulya tinimbalan, kinen mundura kang jurit,
gih jengandika, wontena lepen tangi. Ki Madura garjita ing manahira, angrasalamun sisip
sigra nulya bubar, sampun anintih palwa, baureksa den suduki, kala samana, wong pasisir
atintrim. Sampun bubar wadya pasisir sadaya, walonda aningali,langkung sukanira, sampun
angrasa gesang, wus angrasa wong kumpeni, yenkanjeng sultan, kang asru angalimi. Pira pira
sukanira wong walonda, wus olih rembug becik, tan anyana menang, dandanane wus telas,
marmane sira nusuli, marang mataram, ngaturi bulu bekti, Kaarnaha ki Madura sampun
prapta, wontening lepen tangi, sanak putunira,langkung awelas arsa, saundurira ing jurit,
sangking Jakarta, samana den babadi. Wong aperang anatasi butatala 1571 iku sangkalaneki,
pangeran Madura, pan sampun pinejahan nenggih wonten lepen tangi, wusing ngastana, neng
kali wungu nengih. Tan winarna duk samana laminira, sang nata ing Matawis, enjang
sinewaka, pepak kang wadya bala, mantra gung agung sumiwi, para Santana, kabeh samya
anangkil. Angandika sang nata ing ariira, pangeran adipati, Salarong namanya, lah sira
amintara, anindhiana prajurit, wadya Mataram, adunen ing ngajurit. Ing BLamabgnan paniku
sira bedhaha, lawan pringgalayeki,paniku ngiringa, marang ing kakangira, wadya Bal;a ing
Matawis, sira aduwayen ana wong Malangi, Patenana sira gaweya tontonan, paningsun
anggawani, ejejnenge yuda, gandhek pan sanakira, Paduregsa wastaneki anake
paman,pringgalaya sumenthi. Iku iya ing Ngongkarya angganingwang, kalawan ya si adhi,
basanana kakang,lawan sipaduregsa, paniku susulih mami, sun karya tingal, sisipe wong
matawis. Apan uwis padha sira pradanana, sisikep ing prajurit, lawan wekasaingwang, yen
menang yudanira, balambangan yen kalindhih, kaboyongana, aja na kari siji. Dionasoma adhi
lah sira mangkata, kang rayi awotsai, sang nata gya jengkar, sangking ing panangkilan,
malebet ing kenyapuri, ngiring badhaya, selir pan para cethi. Ingkang sowan prasami bubar
sadaya, sampun arakit baris, wong moncanagara, pan sampun ing ngutusan, lan kinen saosa
sami,gagamanira, saka praboning jurit. Tan kawarna laminya teka sadaya, sigra miyos
tinangkil l pepak kang punggawa,mantra lan sinatriya, miwah pangerandipati, Salarong
prapta, kaliyan ingkang rayi. Kang awasta adipati Pringgalaya, putranipun kakalih kang
ngamilu yuda, sampun pepak sadaya,miwah ingkang para mantra, gagamanira, ngaylun-alun
abaris. Angandika srinarendra ing Mataram, bubar na kang ngabaris, lah ta adhipoma, sira
pan denprayitna, kang rayi matur wontsari, anulya budhal, miwahkang para mantra wus
lumampah gagaman ageng gumerah, prapta jabaning taji, andher ambelabar, tan lawarna ing
marga, pan sampun prapteng kadhiri,monca nagara, wau ingkang den anti. Jagaraga
kaduwang lawan magetan, madiyun sampun prapti, miwah Pranarga, Caruban Kertasana,
kalangbrenta lawan ing Rawi, Srangat Balitar, sadaya sampunprapti. Garobogan Balora lawan
ing Jipang, sesela lagya prapti, wong Pasisir kiwa, kang milu angluruga, ing Lasem
lawaningPathi, Sidayu Tuban, nglamongan lan Garesik. Surabaya kalawaning wong madura,
sadaya samya kerig, miwah Wirasaba, Pasuruwan ing Malang, punika sampun prajangji, ing
pasedhahan,pakumpulaning baris. Sampun bubar sangking nagari ing Daha, wong psisir
sampun prapti, moncanagara, sami amepak baris. Sampun bubar gagaman prapta lumajang,
nanging maksih lumaris, wau sampun prpata, watesing balambangan, arereb anata baris,
sampun kawarta, misuwur ing wong Bali, Belambangan andina geger puyengan, wus
putusanlumaris, maring bali ika, pan sampun binantonan, wong Bali kang becik becik, kang
tau tatag, angalahken nagari.
Ongka 41 kemis kaping 10 Oktober 1872

Kulawisudhan tuwin sanesipun

Kanjeng tuwan Jendral mayor P.L.dhebraban ing samangke sampun pikantuk pensiyun
Tuwan Ranso tilas Asisten REsidhen ing Ngayogyakarta, anggenipun pamit kakesahan
dhateng nagariWalandi punika kasagekaken
Raden Mas Tumenggung Sasranagara, bupati ing Madiyun kaangkat nama Adipati

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten Saptu tanggalkaping 5 wulan Oktober punika, wanci jam 10 dalu, ing
kampong Selakreten, wonten griya kabesmen griyanipun mas Ngabei Kartapireja, abdi
dalem mantra gedhong kiwa, anaming sarehning ing wekdal punika awit sonten
jawahipun kalebet deres sanget nagntos dumugi ubalinglatu wau taksih jawah, utawi
lajeng katututan priyantun tandang tulung, dalahkanjeng tuwanREsidhen tuwin kanjeng
Raden Adipati, sakarerehanipun kalayan ambekta pirantos mila boten mraman dhateng
tongga tepalih naming telasgriya cacah wuwung 4 iji, ugi salebeting cepuri kartawirejan
kemawon ingkang telas, sawatawis lampahan punika radi aneh dene tiyang tandang griya
kabesmensami ambekta songsong titiyang alit ingkang boten mawi paying ugi teles
sadaya, amargi urubing latu anyarengi dereing jawah, sakingpakabaran punika jalaran
latu dilahipun piyambak ingkang dipun panjer wontening lebet griya, kalayan kirang
prayitna.

Nalika ing dintenSenen tanggalkaping 7 titiyang Jepan sampun miwit main wonten ing
Rarub kaprenah satwetaning loji beteng, menggah wiwitipun main wanci jam 8 sonten
bibaripunjam 11 dee ingkang dipun gelaraken sadaya anglangkungi saes sarta angungkuli
kumidhi jepaningkang kala rumiyin utawi solah pratingkahipun saestu angeram0-
eramaken menggah titiyang ningali sakalangkungkathah ngantos kirang papan ing
salebeting tarub wau.

Ngayogyakarta
Punika candhaipun cariyos lampahing sasrahan panganten ing Sasraningratan pangajeng
lampah priyantun putrid awasta Bendara Raden Ayu Juminah pawingkingipun para raden
ayu, 12 kadherekaken Raden Tumenggung Patih Sasrapranata, saha karerehanipun
anjujug ing danurejan, dados lebetipun dhateng karaton ingkang anglarapaken
pitadosipun kanjeng raden adipati Danureja, sareng samupn konjuk ingkang sinuhun
sadaya ingkang dherekaken wau sami kalilanmantuk namungparaputrituwin abdi kaparak
sawatawis kadhawahan kantun atengga badhe pondhokan panganten wonten ing
Gedhong Sigir. Sareng wancijam 4 sonten, kanjeng Gusti Pangeran Adipati ARya
Suryasasraningrat sowan malebet ing karaton anitih kareta: kadherekaken para Santana
utawi prajurit ing Pakualaman sarta ampilan kaprabon ing kadipaten anglangkungi
semuwa, dumugi sawetan sitinggil tedhak saking kareta lajeng kendel wonten ing
sripanganti ingkang kilen, pangeran sepuh ingkang sowan ing ngriku tumunten acanthel
atur dhateng bupati nayaka ingkang saos sareng sampun konjuk lajeng kadhaahan ngirid
malebet ingkang sinuhun sampun lenggah wonten ing bangsal kencana, kanjeng pangeran
Suryasasraningrat majeng dhateng ngarsa dalem anunggil lenggah para pangeran sepuh
sepuh sahantawis lajeng kadhawahan ngaso dhateng ing kamar gedhong silir. Ing dinten
Salasa tanggal kaping 17 wulan September ing wanci jam 8 enjing ijabipun kanjeng gusti
pangeran adipati Suryasasraningrat wonten ing bangsal kencana, mawi dipun jenengi
kanjeng tuwan residhen saha para tuwan tuwan amtenar tuwin militer, kanjeng gusti
pangeran adipati anom saha pangeran putra Santana, kanjeng raden adipati sakancanipun
bupati, kanjeng kuai pangulu Brahim Kamalodiningrat sakancanipun para kaji
sapanunggilanipun pepak, kanjeng gusti panganten anggenipun dandos wonten ing
gedhong silir, agem-agemanipun nyamping bathik truntum paningset pethak rasukan
jubah cekak dhsaripun rangrangan ijem dhesthar latar pethak sarta ngagem dulban ijem
susum ing sekar melathi, sasampunipun busana, lajeng katimbalan majeng dhateng
ngarsa dalem ingkang sinuhun lajeng angijabaken paningkahipun ingkang putra,
rampungipun para tamu sami kalilanmundur. Wanci jam 3 siyang kanjeng gusti
panganten badhe dhaupipun, nyamping cindhe ijem paningserr cindhe baran arasukan
sikepan ageng dhasar murjene ngagem kelat bau jene asusumping, songkok baludru
cemeng. Wanci jam 5 ingkang sinuhun sultan sampun lenggah ingg bangsal kencana,
kaliyan kangjeng tuwan residhen sarta para tamu ingkang sowan nalika paningkahipun
wau sadaya sampun manggen ing palenggahanipun kados ngadat sareng sampun antawis
ingkang sinuhun tedhak saking palenggahan kaliyan kanjeng tuwan residhen saha para
tamu sadaya kondur dhumateng ing dalem Prabayasa, sasampunipun tumunten ingkang
sinuhun andhawahi ingkang garwa kanjeng ratu kancana, andikakaken nimbali panganten
kakung, panganten putrid medal saking kadhaton kilen panganten kakung medal saking
gedhong jene, salajengipun kapanggihaken wonten ing kori Prabayasa, sasampuning
panggih, panganten kakung putrid lajeng katitihaken jampena, kabekta medal dhateng
kapatiyan kadherekaken para tuamu sadaya, renggan paurmatanipun ing margi tuwin
ingkang kadanurejan badhe kacariyosaken ing Bramartani wedalipun benjing kemis
ngaajeng punika.

Criyos lalampahanipu perang ing Dheli nalika tuwan Litnan Luheman Kataton dumugi
ing pejahipun.
Ing salebetipun wulan agustus ingkang sampun kapengker punika para militer sami
atepang rembag rurukunan amrih kendeling reresah utawi para tiyang Batak sami
anyagahi angladosaken dhatukakalih ingkang dados pangajenging warakraman mawi
anedha ganjaran 2000 dholar, anaming samantenpunika boten wonten ingkang
kalampahan wondene ing sak punika sampun teetela tiyang Batak wau, anggenipun
anggadhahi kasagahan makatenpunika naming supados sageda ngempakaken bala tuwin
adamel beteng utawi telikipun para militer sampun angaturaken katrangan manawi tiyang
Batak sampun angadegaken beteng wonten ing Lombarga sarta badhe anadhahi
dhatengipun para militer wonten ing ngriku. Nalika tanggal kaping 20 anunggil wulan
Agustus wau para militer kathahipun 200 utawipara artileri ingkang kaangsahaken
dhateng Lombarga, salajengipun dhateng ujubarat tuwin tandhabenu, supados angrisaka
beteng ing mengsah, dene lampahing para militer ngantos anglangkungi ing lombarga
boten wonten punapa-punapa, anaming dereng antawis tebih sakin ging ngriku, para
militer ingkang wonten ngajeng titindhih litnan Luheman punika sami anyumerepi
betenging mengsah ingkang wonten ing grumbul saknalika para militer sasi mundur
sawatawis jangkah, anaming tuwan Luheman, ingkang boten mundur sarta lajeng anarik
pedhangipun sarwi angatag prajuritipun anempuha beteng ing mengsah, sarehning
prajurit wau bongsa tiyang jawi, angsahipun icir satunggalkalih sarta kathahingkang
kenging boring sukonipun ngantos dhawah ing siti, mila naming prajurit 2 utawi 3
ingkang saged dumugi ing panggenanipun tuwan luheman wasana ing wekdal wau
tuwanLuheman kataton kenging mimis ing gulunipun lajeng dumugi ing pejah, ing
salajengipun para militer bongsa Walonda, kathahipun 1 seksi, katindhihan tuwin litnan
Suterig tuwinkapitan pan Irsel sami angangsek beteng ing mengsah, ing wektu wau
kapitan pan IRsel kakaton tanganipun dene tuwan LItnan Suterig topinipun kenging
mimis ngantos dhawah ing siti, para militer boten kendhat pangansegipun gnatos malebet
ing btetng kalampahan para mengsah sami lumajeng lumebet ing jurang anaming boten
wonten ingkang kacandhak utawi ingkang anemahipejah, dene para militer satunggal
dhetasemen, ingkang kadhawahan angrisak utawi ambesmi sakathahing beteng ingngriku,
nalika angkatipunpara militer sareng dumugi celak ing jurang lajeng dipun drel sanjata
dhateng mengsah ingkang wonten ing ngriku ngantos paperangan dangunipun 2 jam
sareng mengsah kalindhih beteng ing ngriku lajeng sami dipun jagi, para militer upsir
utawi saradhadhu ingkang pejah utawi kataton kathahipun 32 sareng dalunipun para
militer sami amanggen wonten salebeting betenging mengsah ingkang wontenoing
panggenan winastan Luwapota ing sadulu wau jawahipun sakalangkung deres ing
panggenan ngriku anglangkungikathah kalajenging tuwin kalabangsa panuggilanipun
sami marambat dhateng badaning paramiliter, sarehing para militer kathah ingakng
nandhang tatu mila enjingipun badhe sami wangsul dhateng ing sunggal ananging dereng
gnantos mangkat para militer wau sami dipun drel dhateng mengsah ingkang sami
andhelik wongtening wiwitan sanadyan kathah ing mimis kados jawah, ewadene para
militer sami wilujeng boten wonten ingkang nandhang tatu, salajengipun para militer
males angedrel sakathahing mengsah sami lumajeng,tumunten para militer anglajengaken
lampahipun dumugi ing sunggal wilujeng boten kirang satunggal punapa anjawi ingkang
kataton para militer kathahipun 4 ingkang anemahi pejah awit sakit pawaranipun utawi
para prajurit jawi kathah ingkang kataton sukonipun sami kenging ing boring dene
kathahipun para prajurit 60 utawi tiyang kuli, 52 ingkang sampun jompo boten saged
anglampahi pandamelan.

Jampi sakit Mataiwaken


Lisah wijen kawowora toya apu ingkang sami kathahipun kadekekaken isinja lajeng
kadeteplokaken pundit ingkang sakit wau.

Jampi Sakit untu


Amewndheta jae dipun parut ingkang alus lajeng kawoworancokak tumunten
kawadhahana ing kretas kandel ignkang klawu warnaneipun lajeng kapupuhnapundi
panggenan ingakng sakit wau, manawi badhe tilem kajampenan rambah kaping 2 utawi
kaping 3.

Saratipun angicalaken tabekenging lisah utawi gemuk gajih


Amendhetakuning tigan kausapna ing sinjang pundit ignkang belentong, manawi
sampun kaepe ingkang garing, salajengipun kakucek kalayan wedang ingkang magnet-
manget.

Nalika dinten Senen tanggal kaping 19 AGustus 1872 ing kampugn PUrwakreta Ler
dhistrik PUrwakreta wonten satunggal lare jaler wasta Ratan,. Umur 3 ungsum, anakipun
tiyang kuli nami Tabangsa, ing wancijam 2 siyang bilahi pejah kadhahwan cumplung
sirahipun. Tanggal 20 anunggil wulan ing dhusun Tanjung dhistrik Purweakerta, wonten
satunggal lare jaler wasta Kasa, umur 15 ungsum, anakipun tiyang nami Prayatruna,
wau Kasa dalu, malkem Slasa cilaka dhawah saking wit Krambil amergi saeg mendhet
dawegan, wondening sapunika wau lare taksih wilujeng, among suku pupu ingkang kiwa
balungipun tugel.
Raden Darmakusmara

Bramartani ogka 38 mitra kula gudiprayogi, sampu anjarwani saking kodhengin


manahkula bab pitakenan bayi ingkang tembe lair lajeng pejah, sarta kaki kaki ingkang
sampun sepuh sawek dereng pejah, punika andadosaken suka bingahing manah kula,
boten apejawi kula angaturi panarimah akathah-kathah, dene sampun paring barkah
panjarwa ing ngajeng wau, sanadyan wau panjarwa mendhet saking dugi dugi kemawon
ananging raosing manah kula lajeng sumemplong padhang aneranwang anyarambahi ing
badan sakojur, sarta sampun kula jarwakaken dhateng ingkang gadhah pitaken angsulan
wong inggih sampun anyondhongi. Sinerat kaping 28 September 1872 Katandhan mitran
ta Wartatama

Punika serat kula ingkang kalayan urmat kaiiring tabe ignkang mawantu wedal saking
nala sukti, mugi katur ing panjenengan sampeyan tuwan ridhaktur ingkang ngarang serat
Bramartani ing nagari Surakarta Adiningrat
Sangking cumandhakaning manah, ing cipta kumedah badhe angibeti isen isen ing serat
Bramartani, sumanten wau manawi kados leganipun ing penggalih tuwan ridhaktur sarta
nuju lega kalangkungan papan ing salebetipun nuwala bramartani, serat kula panjurung
punika,mugi kawrata ing pamacak.
Sarta pangripta kula pawartos boten saking punapa, muhung sangking suka bingah rena
ing manah kimawon, ingkang karanten sukur ing gusti allah hutaala, kaping kalih
ingkang kanjeng Nabi Molana kang te mUhammadi munabiyisalalaungalaihiwasalam,
saksah kang baktipun pisan. Punapa malih sukur kula ingkang jeng Hupernemen
ingkangnguwasani dhumateng tanah Indhiya Nederlan sak kawulanipun ingkang tinitah
sami angebetaken ing anakipun dhumateng pamulangan igkang supados benjing akiripun
wau lare lare, sami mangretosa ing kasusastran utawi etang, punika ignkang mongka
badhe andadosaken parengipun Kanjeng Gupermen, sarta andamel bingahing tiyang
sepuhipun, kila inggih leres sanget ingakng kadamel liding pamarsuden wau para
priyagung, kados ta kangjeng tuwan Asisten residhen utawi bendra kanjeng raden
tumenggung BUpati, saha tuwan amtenar tertesking, ing apdheling PUrwakerta, punika
tripriyagung wau, kageleng dados presidhen tuwin liding kumisi ing Pamulangan ing
wawengkonipun piyambak, kados dening ingkang sampun kapacak ing buslitipun
kanjeng tuwan ingkang wisaksana srimaha gupernur jendral. Kala tanggal kaping 23
wulan punika September opera priyangung tiga wau, ignkang sampun kasebut ing
ngajeng tindaking dhistrik Ajibarang Purwakerta ugi karsa amriksani pamulangan tuwin
mariksa ing kabudayaning para murid ing pamulanganpara murid sareng kapriksa ing
kasagedan, boten wonten ignkang kuciwan ing para geng wau, katingal andadosaken
parengipun, o inggih sakalangkung titi menggah pamriksanipun para ri priyagung wau,
sami wisaksanaipun tur sami sumeh ing semu, manis ing sabda, tebihing deduka, saged
mendhet manah ing para murid, mila inggih lare lare ingakng kapriksa ing
kabudayanipun, nemahi badhe majeng menggah kasagedanipun. Kala tanggal kaping 24
ugi wulanpunika, sarehninging dhistrik ngiku, wonten sekolahan malih ananging wonten
ing dhusun Merdika, nama dhusun Pasiraman wau pamulangan wonten griyanipun Mas
Demang Merdika, para ageng tiga ugi karsa tindak ing pamuylangan wau, wonten ing
ngriku sawatawis dangu, amrgi para lare ingkang sami malebet ing pamulangan sadya
bebadhe, wah kathah ingkang masih alit, tinimbang kaliyan ingkang sampun ragi ageng,
mongka dereng sapinten lamenipun ign dhuisun ngriku wonten pamulangan para lare
sareng kapriksa ing kasagedanipun dhaten gpara agung ingkang rawuh ko sageda
melbungah ing penggalihipun para ageng ingkang karsa priksa wau. Sareng
konduripunpara tiga bendara ageng sangking dhusun pasiraman, kaormatan ing rerepen
sekar ageng labda jiwa o inggih saestu nun angresepaken sanget. Saiba ing benjing
,menawi sampun 30-40 tahun malih kula ektingalan rare lare ingkang sekolah sami,
menggah kasagedanipun tamtu punika badhe andadosaken parengipun kangjeng
gupermen, awit ing tembe badhe mangertos punapa karsanipun kanjeng parentah ageng
mongka ing mongsa punika menggah lurah dhusun ingkang nama Bekel patinggi,
menatus tingalipun malih kathah ingkang dereng patos mangertos dhateng karsanipun
parentah ageng. Ingkang punika sukur sewu sakethi jumurung saleksa datan kangelan
pamuhi kula ing Kanjeng Gupermen, anenggenipun karsa anindhakaken pamulangan
dhumateng para kawulanipun. Sinerat ing dhusun Gancanggirang, tanggal 27 September
1872. Katandhan pun Mitrasastra.

Lah inggih punika bonggoling durjana ingkang awasta Wreca kaliyan pun Daraka
ingkang kawula cariyosaken wau, ananging kawula katambetan ingkang dados
sangkaning ewahipun prabu Wakil akaliyan Patih Masita samya ngungun, paranggihing
galih anginten bok manawi tiyang ewah kalih pisan punika sami kenging
pandamelipuningkang darbe maesa kabarak mila lajeng utusan animbali buyut
anaswanaisamai, sareng sowan kadangu denira raka barakan maesa, aturipun sampun
kala masawisaka gadhahan kawula maesa sadsa gudel kabaraha ing durjana, ananging
sarehning kawula katambetan titiyangipun ingkang ambarak maesa punika dados kawula
pandamelan kemawon tapakipun kawula pendhemi oyot mimaha kaliyan balarak sung
saka serat rajah Mayangkara, ingakng sampun kalampahan asring angewahaken pangraos
telas aturipun buyut Agwana, patih Wasita angandika, baya katarima wisayanira, tanane
ing kene ora ana wong ngubengake jontra, temah katekan wong edan loro padha wuda
jojogedan, kayekten saka aturing bocah Jaka kang kawiyungyung iku.

Punika cariyos Babad Mataram


Panggedhene kakalih ingkang winarna, wastane kang sawiji, Dewajalengkara, wastane
kang satunggal pun DEwagung wastaneki, sami prakoswa dedegya ageng
inggil.Prajuritepanji Baleleng wastanya kiPanji Macan Kuning, pamukya akathah, wau
datan kawarna, ing Balambangan wus prapti, atatan-tatan, sami anata baris. Ki diapti
Balambangankawarnaha,putranipun kakalih, wasta ki Mas Kembar,kinen atunggupura,
wus babar sangking nagari pan sampun prapta, tapel wates ingpinggir, sampun pethuk
sami anawang wina, kalawan wong Matawis, pan sami prayitna, sami nata gagaman
prajurite amiranti, bedhil panasang, obat kalawan mimis. Ingkang dadi gugunungan
miwah dhadha, pangeran adipati, salarong punika, kang kinarya pangrsa sewu numbak
anyar nenggih,s ami prakosa, wong Bagelen prajurit. Wong Bumija kang nganeng
pangawat kiwa,ingkang daos titindhih, pangram Pringgalaya,miwah wadya Mataram
kang baris sampu pinilih, samya atata miwah wadya pasisir. Aneng kiwa kang tengen
moncanagara, wong Bali sampun prapti, wong ing Balambangan sampun ayun-ayunan,
wong Mataram lan wong Bali, tengara gumrah, rame bedhil binedhil. Wong Mataram
ataratab samya amapan, angantepi ngajurit, dangubabedhilan, wong Bali kathah pejah,
prajurite angawaki, sigra narajang sakathahe wong Bali. Tiba rekine wong Bali sami
rumangka, anut kukusing bedhil, wongnging Balambangan, tulup pangantep upas,
prasamya anaker wani, empuing yuda,lir ombak nempuh ardi. Lindhu awot kang yuda
wus salong pejah, pangamuke wong Bali, lir bantheng kabranan, kadi sima ababal,
kalangkung anginggit-ingit, wadya Mataram, rpayitna anadhahi. Lembing pusur paser
tiba kadi udan wong Mataram keh mati, sigra anarajang, angawakipriyongga, pangamuke
wuru getih, para Santana, sadaya aningali, Adipati Priyanggalaya wus uninga, yen kang
raka ajurit raden Padureksa, annuli tinulungan sigra mangsah tan asari para Santana,
sadaya angawaki. Wong Mataram tandange angamuk rampak, bandhenira tinitir, gong
magurugongsa, teteg kaya butula, gumrudug swaraning bedhil swaraning surak, kadi
rubuh kang langit. Wus atempuh wong Balambangankeh pejah, wong bali akeh mati,
miwah wong Mataram, akeh keni ing ngupas, pasere kadya gurimis, wadya Mataram keh
bingung nora eling. Pangamuke wong Bagelen kadi setan, wong Bali kadi belis, wong
Bali keh pejah, kari panjang tumbaknya, gagaman ganjur pakulih, putung watang nya
pinancesaken malih, Pan wong Balambangan akeh ing kangpejah, perangira kalindhih,
pan sami lumajar angungsi pamondhokan, sampun sinawih ing wengi, wadya Mataram.
Kang buru samya baling. Jeng ngeran Salarong ingkang tumingal balane akeh mati, kena
dening ngupas, nulya sira tumedhak kang matinipun sepaki, waras waluya, kang kena
tumbak mimis. Enengena wonten ta ingkang kocapa, Santana ing Matawis, anenggih
kang putra pangeran Pringgalaya, kalangkung dados waweri, ananeg Mataram, lampahe
amemaling Wastanipun rahaden Wongsakatika, pan dados maling yekti, karyane
ajinah,lan mateni titiyang, kalangkung dadya waweri, wadya mataram tan ana ingkang
wani. Milanipun binucal mring pasuruwan, dyan wongsakarti keki, ana ing Mataram
angrurusuhi jaman pan sampu miarsa warti, yen arinira, kalih tumut ajurit. Nulya
mangkat anusul mring Pabarisan, anjujug mring kang rayi, pinanggih rinira, rahaden
Padureksa, uninga nulya ngabekti, datan anyana, kakang pinanggih ngriki. Ingkang raka
aris denira ngandika, paningsun takon yayi, paran juritira, kang rayi aturira,
kuwalahningngajurit, ing sanakingwang, Santana ing Matawis, angur ingsun matiya
aneng paprangan sun anuke ingwengi, yayi mungsuhira, balilanBalambangan, denign sira
sun bubuhi, lamun rahina, sira ngamuka yayi. Sampun rem,bug kang rayi lawan kang
raka, ingkang raka apamit, kang ray I tur sembah kula botentumuta, kangraka ngandika
aris, lah yayi aja, dudu sabanya yayi. P[anwus mangkat rahadyan Wongsakartika,
sampun prapta ing Biting, nulya lalumpatan, wus malebet samana, anulya den amuk
wani, wong banthengan gegeripun sawengi. Apuyeng ngan wong Biting asalin tumbak,
lawan batur pribadi, wong Bali keh pejah, miwah wong Balambangan, kang ngamuk
datan kaeksi, bangun rahina, anulya denunduri. Nanging maksih gegere taha tinata, malah
tumekeng enjing pan sampun raina, nulya nata gagaman, akarsa awulih getih
lenguninging nala, bature akeh mati. Sigra mangsah wong Mataram wus uninga, apan
sampun miranti, nulya tempuh ing prang, wong Bali lan wong Jawa, bedhilira sareng
muni, lir pendah gelap, bedhal geng ageng muni, Gumletuk maledug wanara galak, bumi
agonjang-ganjing, raden Padureksa, angamuk mring payudan, pangamuke mobat-mabit,
dnumbak anigas, mangke susu atindhih. Mayit Bali lan mayit Balambangan,lan mayit ing
Matawis, pan tunmpang tinumpang, wong aprang kathah pejah, wong Balambangan keh
miris, tatane rusak, wus bubrah bosah-basih. Raden Paduregsa tandange lir sima,
sinosoging wong Bali, pan ora rinasa, lir pendah panjang putra, sinosoging roning pari,
wong Balambangan perange wus kalindhih. Lir andaka tandange ki Paduregsa, sarira
kuthah getih ngapanggone basah, wong Bali sampun bubar, yata kasaput ing wengi,
mundur kang yuda, sakehing wong Matawis.
Kulawisudhan
Kanjeng Tuwan N.D.Newen Heisen saha tuwan Pranggenbisekob sami kaangkat dados
Komandhuring Bintang Ordhenederlan Sen leyo.

Cariyos tuwin Pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten Salasa tanggal kaping 15 wulan punika, titiyang ing Jepan sami dipun
timbale dhateng ing dalem Mangkunagaran kakersakaken main wonten satengahing
pandhapi, awit jam 8 sonten biabripun jam 11, menggah kasagedanipunpara tiyang ing
Jepan wau saestu angeram-eramaken.

Awit saking pakabaranipun para tiyang Jepan ingkang kasebut ing nginggil wau badhe
tumunten mangkat dhateng Ngayogyakarta, sarta ing ngriku sampun kaadegan tarub
badhe panggenan pamainipun kumidhi wau.

Ing dinten punika, wanci jam 11 siyang ing kampong Warung Miri wonten griya
kabesmen sahantawis cacah wuwung 100 iji, dene para tiyang atandang sakalangkung
kathah, sanadyan makaten bilih para militer boten ambekta pupa sarta tumemen
anggenipun tumandang ing damel, saestu boten lajeng tumunten sirep.

Ambahrawa
Nalika tanggal kaping 10 wulan punika, ing Bahrawa wonten lindhu sanget ngantos
adamel risaking beteng tuwin griya gedhong-gedhong sanesipun kalampahan para militer
sami medal saking gedhong anyingkiraken barang prabotipun sadaya utawi kadahawahan
sampun ngantos wonten ingkang purun purun lumebet ing beteng malih awit ebahing siti
sakalangkung amutowatosi, ing wedal wau wonten swara ingkang angigirisi ngungkuli
ungeling galudhug, dene titiyang estri saanakipun sami angungsi ing sapurug-purug
anaming dumugi sak punika dereng wonten pakabaranipun tiyang ingkang kasangsaran
ngantos anemahi pejah. Ing Ngasinan ugi wontenlindhu sanget ngantos wonten
satunggaling griya tembok ingkang risak kados boten kenging dipun enggeni malih
punapa malih ig salatiga ugi wonten lindhu naming ebahing siti sawatawis boten ngantos
adamel karisakan.

Punika candhakipun cariyos panganten panganten ing Ngayogyakarta, wedalipun saking


kadhaton panganten anitih jempana sakaliyan para putrid ingkang sami andherek ugi
sami nitih joli pelangki, panitihipun wonten ing regol danapratata, dene abdi dalem
prajurit kapalan bandera sami baris wonten ing pamengkang wetan lajeng anggarebeg
titiyan jempana, abdi ing Sasraningratan utawi upacaranipun sampun tata wonten
saelering bakung anunggil para prajurit inpantri, sareng titiyan panganten katingal
prajurit wau sami urmat drel sanjata munget sapisan dene lampahing jajaran urutipun
kados ing ngandhappunika.
1. Abdi Dalem Bupati Kaliwon, tuwin ampilan boyonganipun panganten putrid.
2. Tumpakanipun Nyai Riya, tuwin Nyai Tumenggung.
3. Para putrid anitih Plangki mawi songsong ijem
4. Para putrid malih anitih joli mawi songsong pethak
5. Ampilan panganten kakung tindhih dragunder 7 tuwin titiyan pandengan
6. ampilan punakawan sapanunggilanipun pamaos utawi ganten
7. Ampilan panten putrid, tuwin prajurit infantry, sarta kapaleri, tumunten jempana
titiyan panganten sareng dumugi ing rpapatan ngajeng kamar bolah, ampilan
kembar mayang lajeng kabucal ing tengah margi, ingkang wonten sawingkinging
jempana panganten, para upsir kapalan Ordhenas utawi Dragunder, gongsa kyai
maesa gora abdi ingkang nunmpak kapal tumunten abdi ddalem para bupati jawi
lebet dumugi sangajenging liji ageng, kaurmatan ungeling mariyem rambah
kaping 9 saluwihipun ing danurejan, prajurit dragunder ingkang wonten ngajeng
lajeng sami baris wontening kiteran ampilan upacara malebet ing plataran, prajurit
infantry sami baris wonten ing kiteran anisihi braising dragunder sareng titiyan
panganten katingal kaurmatan drel sanjata rambahkaping 3 kanjeng susti
pangeran tedhakipun saking jempana, lajeng malebet ing dalem kadanurejan
punapa adating panganten, dene sadaya para tamu sami mapan lenggah ing
pandhapi, sareng wanci jam 7 kanjeng tuwan residhen tuwan kumedhan sarta
sawatawis para tuwantuwan tindak dhumateng ing Danurejan lajeng malebet ing
dalem angaturi wilujeng dhateng panganten sakaliyan sasampunipun
atabeyan,kanjeng tuwan residhen lajeng tedhak ingpandhapi alenggah an
kaliyanpara tamu, sarng wanci jam 8 sonten kanjeng tuwan residhen dhahar pista
kaliyanpara tamu sadaya,bibaring dhahar sami lenggahan malih kaliyan aningali
kalagenan trunajaya sarta beksan wiring wonten ing pandhapi, dene kangjeng
gusti panganten anggenipun wonten ing danurejan among sadalu, enjing wanci
jam 8 kanjeng gusti pangeran Bidhal saking danurejan kondur dhateng ing
Sasraningratan menggah paurmatanipun utawi ingkang sami andherek ugi boten
ewah kados nalika wedalipun saking lebet kadhaton, samanten malih nalika ing
dinten akad kaliwon punika sapekenipun panganten menggah renggan
paurmatanipun utawi ingkang andherekaken sowanipun malebet karaton ugi boten
sanes kaliyankonduripun saking Kadanurejan naming tedhakipun mawi mampir
sowan ing dalem paresidhenan, anyaosi wilujeng sapeeknipun kaliyan kanjeng
tuwan residhen saha kanjeng nyonyah residhen utawi kathah para tuwan ingkang
sami amangggihi rarimbit wonten ing residhenan sasampunipun antawis lajeng
bidhal sowan malebet ing karaton ingkang sinuhun sultan sampun lenggah wonten
ing bangsal kencana kaliyan garwa dalem sakaliyan kanjeng gusti pangeran
kendel ing regol danapratapa,angunjuki uninga manawi badhe sowan ngabekti,
sareng sampun konjuk lajeng katimbalan malebet, panganten kakung putrid lajeng
angabekti ingkang rama, tuwin ingkang ibu kanjeng ratu sakaliyan sahantawis
kanjeng gusti panganten kalilan mundur saking ngarsa dalemlajeng kondur
dhateng ing Sasraningratan dene pranataing lampah tuwin paurmatan ugi kados
nalika angkatipun.

Panjurung minongka panjawab

Serat Bramartani ongka 39 wonten panjurungipun bok Rumi Salamah, angrasehaken


osiking manahipun, sababpunapa tiyangpunika yen siyang boten saget tilem manawi dalu
kedah tilem punika sakingpamanggih kula anjawi sampun kalimrah ing kathah tuwin
kalebet meh kodrat, pan dugi kula ing wanci siyang wau jalaran saking kathah
sarawunganing swara tuwinkathah ingkang katingal saking padhanging surya punapa
malih wajibing ngaesang siyang punika sami angupados sandhang tedha, denewanci dalu
mila kedah tilem anjawi sayah ing ing badan nalika siyang wau mawi kaoncatan soroting
surya utawi nuju masa kendel punapa malih badan kadamel tileman dados lesu sanadyan
ing wanci siyang wau mawikaoncatan soroting surya utawi nuju masa kendel punapa
malih badan kadamel tileman dados lesu sanadyan ing wanci siyang mawi tileman dangu
dangu inggih asring dados kalajeng tilem samanten wau naming rancagan saking dugi
dugi kemawon manawi badhe uninga katranganipun kula aturi maos kitab palak utawi
kitab ngelmi kodrat, kados wonten katranganipun pandangu sampeyanpunika, dene
wujud ingkang suci, pand dugi kula inggih namung ignakng wonten ngarsa sampeyan
punika, utawi malih ingkang rame singedan sepi, kados punika lampahipun,
anglocita,awit wedalipun rame yen wonten ing sepi, ewadene manawi dereng condhong
raos ing panggalih atur kula sadaya wau mugi sampun andadosaken cuwaning panggalih,
kaanggepa lowung kemawon rumiyin katimbang dereng wongten ingakng amangsuli.
Pundugi prayogi Kwekeling mardhawan.

Serat saha tabe kula, ingkang sayogi kaatur ing panjenenganipun tuwan REdhaktir,
ingkang nguwasani seat Bramartaniing Surakarta Adiningrat.
Kula nyuwun papan, saha wonten apitulung dhateng pajenengan sampeyan, amacak
utawi anglebetaken ing seat Bramartani atur cariyos kula ing ngandhap punika. Ing
salebetipun kabupaten M, G, bawah NG, tyang Cina utawi Mlayu ingkang sami angadhah
aturan prakawising pil, punika saklangkung susah, margi boten dipun preduli, ananging
saben saben wonten tiyang gadhah aturan, sartta sampun bayar arta ongkos, prakawisipun
boten dipun rampungi, tandhanipun, wonten tiyang nami wong sawijaya, gadhah gugat
mawiserat aturan, ongkosip[uin sampun bayar, ingkang dados presidhen sampun gantos
kaping 3 prakawis dereng kapriksa. Mila kula nuwun tulung bab punika supados kapacak
ing serat kabar Bramartani, amrih kapriksanipun, para parentah ageng ing sanes
afdheling.
Sangking ingkang Sobat Raden Panji Pondhamrejaya.

Ingkang tabe kathah-kathah, winantu ing pakurmatan murih katur ing panjenenganipun
ingkang saudara tuwanF.L.winter, saha redhaktur ing kang ngarangi serat kabar
Bramartani ingakng pilenggah ing nagari Surakarta adiningrat manawi pareng sarta
kagalih pantes, atur panjurung kula punika mugi karsa amacak ing serat kabar, kadi ing
ngandhap punika. Nembe sapunika, wonten reresah, ingkang klayan anandhang tatu,.
Ingnalika tanggal 15 wulan September 1872 ing dhusun Kedhung Bantheng, Dhistrik
PUrwakerta wonten tiyang jaler pun nama Wiracondra, dipun kaniaya ing
dursila,menggah kathahing tatu sangalas panggenan anaming boten amutawatosi, sabab
labeting tatu pamerangipun mawi arit, dene Wiracondra sak punikanipun taksih wilujeng
sarta kaladosaken ing nagari ugi lajeng kapulasara kadhokteraken. Anjawi saking punika,
saking rumentahipun dahat kawelasan dhateng sesamining tumining bumi tah manusa,
pamuji kula ing gusti allah, mugi mugi tiyang ingkang sangsaran pinaringana ing
kamulyan salajengipun sarta nagari anggaliya, kados ta para lurah ing dhusun ing pundi
kang caket kamergen lampahipun dursila pulisi paringa pamacak kaprediya ingkang
kalayan sanget sami ngupadosana titik katranganipun dursila wau. Ingkang punika kula
nyumanggakaken ing para priyantun ingkang kajibah ngasta kapulisen menggah
santosanipun atur kula wau, lulusipun ing karaharjan saha kamulyan kartanipun nagari
PUrwakerta, pikantuka berkah, supangatipun para wali ingang sumare ing tanah jawi. Titi
Sinerat ing wisma Sunya ping 24 September 1872. Katandhan Mas Sadi

Suka Panarimah
Bramartani ongka 40 kula sampun tampi wangsulanipun mitra kula WArtatama, bab
anggenipun nuruti sangking paminta kula babaripun cangkriman ingakng nomer 1 Ratu
ngungelaken gongsa munggang, sanadyan pambatang kula boten nymleng kaliyan
wijenipun ewadene andadosaken suka pirenanipun ing manah kula, amargi mitr a kula
wartatama katingal seneng sarta prasaja, sapa wingkingipun boten sumedya pedhot
tansah kukla canthelaken ing wardaya. Wasana ing tembe mitra kla badhe batang, bab
sual kula ingkang minongka panebus sanadyan botena badhe kabatang sual kula wau,
tamtu kula babaraken piyambak awit sangking paminta kula sampun dipun turuti,
ananging sak punika prayogi kula ngentosi rumiyin menawi andadosaken cuwaning
panggalih.
Katandhan Mitra ingkang Asih Tresna KUsumawicitra, ing Ngayujakarta.

Gancang amangsuli
Dhumateng saseratanipun ingkang sasilih Cin ing Ngandong Cinawi, bab sangking
anggenipun Batang cangkriman kula 4 padasinawung sekar mijil, ananging pancenipun
cangkriman kula punika leresipun minongka panebus dhumateng sualipun raden
Farmawisesa 4 bab ingkang saupamipanjarwa kula teksih nalasir. Wasana sarehning
sampun kalajeng inggih boten dados punapa, bab pambatnagipun mitra kula, Cin wau sak
punika kedah kula anggep punika anedahaken yen seneng sarta sumedya sasrwungan,
katranganipun sangking pambatnag ingkang nomer 3 sampun kabadhe leres tiyang
senjata, dene ingkang nome 1, 2, 4, teksih nalisir. Katandhan Mitranta, Kusumawicitra,
ing Ngayujakarta.

“Maskumambang” Ulun atur salam taklim, sarta lawan urmat, tumanduk ingmitra mami,
wartatama kang pilenggah. Aneng wukuh, anenggih karang kumunig, sampuning taklim
wang, wartatama wiyosneki,lamun sarju ingkang manah. Ulun dherek, jarwaning
cangkrimaneki, nenggih ingkeng tumrap, Bramartani medal kemis, tanggal dwidasanawa.
Ogustus, warsa pitung dasa kalih, dene cangkrimanya, wartatama mitra mami, kasbut ana
janma juga. Mentar marang, pasar sarwi bekta dhuwit, sarupyuah tembaga, tumbnas who
nenggih triwardi, dhuku manggis lan ananas. Reginipun nem dhuwit nanas satunggil,
dene manggisira, tri dhuwit dalem satunggil, dhuku sadhuwit sadasa. Lamun
condhong,kalawanpanggalih neki, pambatang kawula, nanasipun pan sadesi, manggisira
pan sawelap. Dukunira, sapta dasa nawa iji, nenggih mung punika, wartatama jarwa
mami,manawi dereng kleres. Lawan pangga, lih nya nenggih mitra mami, den agung
puranya, rehning ambadhuwa pinging, Milan dherek anjarwa. Pan supados, mindhak
kaengetan mami, karya sinaunan, tiniti ing kampong Kranji,nenggih tanggal kaping lima.
Pan September warsa puitungdasa kalih siswa pawiyatan, purwakreta gung nagari,
Radne Darmakuswara.
Punika candhakipun cariyos durjana kakalih.
Yen wong edan karo pisan padha benggoling durjana,kang sawiji aran Siwreka, sawinine
aran Si Daraka, wus tau ambarak kebo marang desa ing Samaita, mungguh katerangane
amasthi sira bakal oleh susurupan, ing mengo Manawa sira bisa maluyakake wong edan
iku sayekti andadekake panarimaningsun, buyut Aswana matur sandika lajeng matak
mantrawikrama, anypta nirla waluyajati, ing sanalika titiyang ewah sampun sami enget
kalih pian lajeng kapringan sandhang pangangge samurwatipun, ing ngriku kadangu
karananira sami anglampahi durjan, aturipun, saking kabetah boten saked anglampahi
padamelan ingakng makantuki, gagramen tuna tatanen boten kawedalan, dalah beberah
kemawon asring towang ituwasipun, mila anglalu pilalah anglampahi dados durjana,
tansah madung ambragandang ngalap gang, trekadahgn asring purun ambebegal
ambabarak ing wekasan sareng ambarak maesa dhateng samaita anemahi liwung kados
tiyang amendem gadhung, katambetan dumugi kawula ing ngriki punika, telas aturipun
tiyang ingakng mentas ewah kalih pisan, lajeng kadangu malih, apa sumurup bocah kang
winiyungyung iku, pun WReka matur inggihj sumerep,punikapun Jakalakna ingkang
misuwur kakendelanipun, mila asring kawula damel andel-andel anglampahi kadurjanan,
ananging rare punika ambek melas as, boten nate purun amemejahi samining
manungsa,malkah manawi angsal panduman asring salong kadanakaken dhateng tiyang
kawlas asih, yata patih Wasita sareng amiyarsa ing ngatur makatenpunikalajeng dhawah
kinen anguculi wiyungyunganipun Punjakalana, ing ngriku matur abibisik dhateng Prabu
Wakil Arya Basuketu, punika warninipun tiyang dhustha awit saking susah akaliyan
kabetah, menggah ingakng kaleres amanggihpratrapan makaten punika inggih amung
dumunung wonten pun Jalakna, amargi kayekten saing lumana kasad mata,dados
miyngyungan ananging pidos ingkang boten kaliyan wisesa punika katurba wonten ing
pangawasa, patrapipun mawi kaprayogi saking sambawa kaliyan sambaeda, prabu Wakil
Amborongaken ing kalampahanipun, nunten patih Wasita andhawahaken dhateng Arya
Mudadarma, kinen amratyogi panimbanging prakawis punika, aturipun menggah pun
Jakalalana punika pan nimbangipun dhawah sambada, kaleres angaturaken arinipun estri
pun Rara Lani manawi kapundhut dados pararaning nata, kaliyan anglilakaken
sakantuning panampi urup-urupan uwos saking pun saradha dhateng kang kasayaban.

Punika Cariyos Babad Mataram


Wong Kabalen Balambangan sampun susah, manahira atintrim, mranahina kalah, kathah
longe kang pejah, yen wengi dipun amuki, akathah pejah, geger sawengi-wengi. Kang
anama rahadyan Wongsakartika, pangmuke ing wengi, raden Paduregsa, pangamuke
rahina, milawong Bali atintrim, Wong Balambangan, pan sami alolosi. Prajurite samana
akathah pejah, gagedhene wus mati, iya kalah pisan, wong Bali sampun telas, kang urip
pan samya mulih, wong Balambangan, bubarrira ing wengi. Wus raiuna wong mataram
pan tuminggal yen wus bubar kabaris, nulya atengara, angajak ngrangsang kitha, karsane
ambeboyongi, sampun lumampah, wong cilik jejarahi. Ki Mas Kembar samana sampun
kapedhak, anulya den cekeli, pan sampun binasta, wong cilik binedholan, wong dalem
wus de boyongi, yen ana bonggga, wasisen den pateni. Balambangan sadaya angungsi
ngarga, ajar kang dipun ungsi, wastane kang ajar, ajar salokantara, wong Mataram kang
nutui, akathah pejah, dene amuk tan pulih. Pan wus katur mring pangeran Seloarongan,
sigra kinen ngunggahi, kang para prawira, anulya ing ngunggahan, samya marambat
marnginggil, wong Balambangan, pan sampun den tumbaki. Kyai Ajar Salokatara
kapedhak, nulya cinekel wani, pan sampun binekta, marang ing pasangggrahan, ing
ngaturaken ing gusti, Ajar Saloka jejer tan arsa linggih. Adipati Pringgalaya pan asbaran,
ki Ajar den parani, jinegling arebah, ajar sampun asila, ki Pringgalaya linirik, yen
angucapa, wong iki liwat luwih. Jeng Pangeran Salarong asru ngandika, lah sira ki
wawasi, dahwen lakunira, angukuhi mengsah, mengko sira sun pateni, ajar angucap, pan
ora sun gingsiri. Taha ingsun atapa salah waweka, apan ingsun den ungsi, amapaging
perang, pan karsane priyongga, dening sun tumekeng pati, mongsa bakala, wus karsa
hyang Pramesthi. Apan ingsun binjang amalesing sira, yen nama ratu lewih, gethek bau
kiwa, iku sira antiya, adipati asru angling, kacarewetan, anulya den pateni. Kae ajar
Salokantara wus pejah, binuncingingkang jisim, sami kagawokan, sakehe wong Mataram,
dipati Salarong angling aken tengara, bubar rena kang baris. Balambangan lanang wadon
bonoyongan, siji tan ana kari, miwah ki mas Kembar, binakta mring Mataram, saksana
bubar kang baris, wong beboyongan, linampahaken dhingin. Tan tinutur lelampahaning
carita, sammpun prapteng Matawis, prasami aseba, dhateng ing pagelaran sribupati
sampun mijil prapta sadaya,kang rayi awotsari. Ulihena mring nagara Balambangan,
ngayumana kang kari, nandhanga upata, yen balila maring wang, iya aja nemuwa becik,
wus ing ngupatan, ing ngateraken mulih, sigra bubar srinarendra sinwiwaka,kandheging
srimanganti, gandhek saradula, tiningmbalan wus prapta, anulya dipun takeni, solahing
yuda, sadaya dipun titi. Saradula umatur sarwi anembah, kawula nuwun gusti, pan rayi
paduka, tangkepipun awigya, sareng rusaking ajurit, ki Padureksa, angawaki pribadi.
Pangamuke angler mong tanan tuk mongsa, braja anaendhasi, wong Bali Kapedhak,
wonten sadulurira, kang mangsah ngamuk ing wengi, wong Sakartika, wastanipun
anenggih. Pan karuhun putranipun pringgalaya, ingkang dados waweri,gih paduka bucal,
dhateng ing pasedhahan, punika ingkang ngajurit, wong Balamabangan, kawonipun ing
wengi. Saradula telas ature sadaya, jengkar srinarapati, kundur angandhayan, tan winarna
samana, sampuning ngalami-lami, ing dina soma,sang nata sigra mijil.
Wus angrasuk kaprabon narpati, abusana kaot, wus sap eslir hyang baguse, singamulat
padha lengleng brantgti, duk miyos tinangkil, upacaramethuk. Wus lumampah ngarsaning
narpati, cara tanpa idon, prang medani panjrah pawohane, who ingjenggi wuri saeung
galling, banyat dhalang kari,kandhaga anusul. Oreg kabeh sagung ingkang nangkil,
sadaya samya non, srinarendra adibusanane, angluwihi sagung ingkang nangkil, sakehing
pramantri, jrih mulat tumungkul. Yen anaha wadya kang nyameni,busananing katong,
gya kinen ngunduraken kancana, sarya liningan tanwruh prayogi, undur nya aririh,
prasami lumayu. Wusnya salin nulya angsul nangkil, warnanen sang katong, wus pinarek
ing singasanane, asung cipta mring sakehing mantra, sakeh wadya ajrih, lungguhe
tumungkul. Data nana swarane kumrisik miwah kang kayon, data nana obah sakathahe,
sangking paksi tan ana kumlisik, kemasanlan gendhing, myang kang manuk engkuk.
Among punika kang pirsa muni, pinirsa dening wong, langkung resmi kapirsa swartane,
wus adangu sira sribupati, denira tinangkil, ngandika sang prabu, Amariksa
kathaheprajurit,belambangan katong, sapa ingakng amojok jurite, sami matur sakathahing
mantra, anenggih rumiyin, kang rosa pranging pun. Anadhahi pamuk itng Bali, jajenang
sang katong Padureksa punika kawastane, wonten sadherekipun satunggil, angamuk ing
wengi, langkung sektinipun. Pun Wongsakarti kawastaneki,ngandika sang katong, iku
sapa mangkono arane, dene ingsun durung wruh ing nguni, sigra awotsari,kang dinangu
matur. Nenggih nakipun paman sang aji, Pringgalaya kawong, ingkang dumadya
waweirajeng, nenggih ngriki ingkang anglampahi, maligning sang aji,
karuhuntinundhung. Angandika wau sribupati,s akehing sanakngong, lamun nora
pakewuhe, nglakonana laralawan pati, yen ana kang jurit, iku kang angamuk.
Ongka 43 Kemis kaping 24 Oktober 1872

KUlawisudhan
Raden Kusumadiputra, Ajung Jaksa ing Kedhungjati, kakulawisudha dados Ajung
UPjaksa Landrat ing Samarang
Mas Wirya dimeja mantra ULu-Ulu ing Demak kakulawisudha anggentosi dados Ajung
Jaksa ing Kedhungjati.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten Saptu tanggalkaping 19 wulan punika, ingkang sinuhun Kanjeng
Susuhunan Karsa tedhak ing pasanggrahan Langen Arja, saha garwa saputra tuwin pra
ratu ibu, punapa malih kanjeng gsuti pangeran adipati anom, sadaya sami anitih kareta
ginarebeg wadyabala ingkang anumpak kapal sakelangkung kathah, wiyos dalem enjing
wanci jam 7 rawuh ing langenarja jam ½ 8 lajeng dhawuh nata paurmatan utawi
mirantosi rumponing Kedhungingas,amargi bdhekatamuwankanjeng tuwan residhen
kaliyan tuwan dhirektur ing Batawi, sareng jam 5 sonten kanjeng tuwan residhen saha
garwa putra rawuh asarengan kaliyan tuwan dhirektur, punapa malih tuwan kunmedhan
ing LOji Beteng sarta para tuwan para nyonyah ing sawatawis kanjeng gusti pangeran
adipati ARya mangkunagara, saha putra Santana, sarawuhing pasangggrahan kaurmatan
ungeling gongsa carabalen utawi tambur mukg anglangkungi rame, saaya para tamu
lajeng sami tata lenggah ing pandhapi akaliyan ingkang sinuhun Kanjeng Susuhunan saha
garwa putra,sampuning kasugata wedang tuwin minuman,lajeng tedhak ing lepen anitih
baita, dhumateng ing Kedhung Ingas karsa mariksani abdi ingkang misaya ulam ing
rumpon ugi mawi urmatangongsa tuwin musik an wonten ing pinggir lepen sanadyan ing
nalika badhe tedhak dalem dhateng ing lepen wau wonten jawah sakelangkugn deres
ewadene sakingkeka pirantosing rumpon menggah angsalipunulam anglangkungikathah
sarta ageng-ageng, andadosaken suka pirenaning galihipun para tuwan-tuwan tamu
sadaya,s areng wanci jam 6 karsa kondur dhumateng pasanggrahan tatalenggah malih
wonten ingpandhapi,kaliyan amariksani beksaning wiring bondabaya, abdi dalem ing
Mangkunagaran jam 8 sami dhahar pista wontening pandhapi ingkang sisih kidul
kali8yanamirengaken gongsa mawi dipun sindheni, sarta saben kunthisimawi kaurmatan
musik kaliyanungelinglongmarecon sekar api, sabibaring dhahar para nbonah sami
kasukan dhansah,kendeling dhansah tumunten abdi dalem srimpi beksa wontening ngarsa
dalem bibaring sarimpi, wiring mangkunagargan beksa karnatinandhing, dene tiyang
padhusunan ingkang aningali sakelangkungkathah boten etang peteng tuwin jebloking
siti,saaareng jam 12 dalu para tamu sami pamit kondur dhateng nagari, ingkang sinuhun
kanjeng susuhunan saha putra Santana andugekaken kasukan sasenenging galih ngantos
dumugi enjingipun ing dinten Akad kondur dalem dhateng karaton wancijam 4 sonten
wilujeng boten wonten satunggal punapa.

Tiyang estri rondha anama bok Martasemita, rencangipun Ngabei Wiradipraja abdi dalem
panewu kadipatenAnom ing Gigriya ing kampong Sayangan Gedhong Kiwa, pejah
gantung kala kaping 18 wulan Oktober punika, ingkang kadamel sarana gantung namung
kalayan kembenipun piyambak kapuntir katangsulaken ing gulunipun puukipun
katangsulaken angsal pangereting griya, anggenipun anangsulaken kembenipun
ingpangeret wau, emperipun mawi anik-ancik pager sacelakipun panggenan punika, sarta
lajeng angandhul sakin ging mriku kemawon dene jalaraning panglalunipun bok
Martasemita, titiyang ing ngriku boyten wonten ingkang sumerep amargi bok
Martasemita wau kala gesangipun kenging winastan boten nate tukar paben. Titiyang
sepuhipun bok Martasemita wonten ingkang pejah anglalu nyegur sumur, punapa bok
Martasemita punika turun cugetan aten kados tiyang sepuhipun.

Kala kaping 14 wulan Oktober punika wanci sonten jam 3 langkung 24 menut lampahing
kareteyta latu ingkang kaping pitu inggih punika saking Surakarta dhateng
Ngayogyakarta, dumugi sacelakipun griya angkatan sarta pakendelanipun ing Delanggu,
kareta titiga ingkang katumpakan tiyang numpang, rodhanipun anjlog saking tosan
ambah-ambahranipun ingakng winastan sepur utawi ril andadosaken kaget sarta
bungunging titiyang ingakng sami numpang wau, o awit polahipun para tiyang estri
pnika mesakaken sanget tujunipun lampahing kareta latu wau sampun radi alon tuwinjuru
anglampahaken kareta latu sampun sumerep badhe kasangsaran punika, kalamapah ing
kareta latu lajeng kaandhegaken sanadyana kareta latu punika watekipun boten saged
mandheg sak kal inggih ugi wonten mayaripun awit kocaking kareta anrajang jejeran
kajeng gebingan lambaran ril radi wonten awis-awisipun suprandosipun para tiyang jaler
kathah ingakng sami anjlik saking kareta tumpakanipun piyambak-piyambak medal ing
konten sarta jandhelaning kareta, bokmanawi titiyangpunika gadhah sumelang bilih
kareta sampakanipun saeda anglimpang, rahajengipun boten wonten ingkang kongsul
tuwin kasliyo sukunipun. Dene jalaranipun kasangsaran punika boten lepat saking juru
anglampahaken kareta latu, ananging saking juru angengak sarta angingkupaken ril
sampangan ingkang winastan wisel amargi kala angengakaken wisel ingkang
sumimpang mangetan saweg karetanipun latu kemawon ingkang langkung lajeng
wangsulaken malih, dados karetatumpakanipun titiyang numpang, boten saged katut
mangetan rodhanipun lajeng anjlog mangetan sasampunipun angsal tigang kareta rante
cancanganing kareta wau sami pedhot punika saweg kendelinglampahipun dene juru
wisel lajeng miruda sakal kaupadosan dereng pinanggih.

Nalika tanggal kaping 19 wulan punika, wanci sonten jam 6 ing dhusun Pancaran ing
Trayon tuwin ing ngaban sakiwatengenipun ing ngriku, wonten jawah uwoh, agengipun
ngantos satigan paksi dara, ing wekdal wau mawi acanthi angina prahara.

Ing serat Bramartani, ongka 42 sampun anyariyosaken bab griya kabesmen ing warung
Kemiri tuwin ing Gandhekan menggah kateranganipun griya ingkang kabesmen 220
cacah wuwung, utawi pitunan sadaya 14538 rupiyah, langkung 50 sen arta samanten
punika, kalebet panganosing griya kathahipun 9112, rupiyah ing wekdal wau raden
ngabei wus papradata angatingalaken kawelasanipun dhateng para tiyang ingkang sami
kasangsaran kabesmen griyanipun raden ngabei wau amitulungi tetedhan warni uwos 8
dhacin menggah patrap ingkang makaten punika, kalebet prayogi sarta kenging
kaalemban tuwin pantes kadamel tuladha ing wingking. Antawis tigang dinten punika,
kanjeng tuwan residhen ing Surakarta, sampun karsa andhawahaken sera ideran dhateng
para tuwan sadaya, dene suraosing serat para tuwan wau sami kapurih amanjurung arta
saminatipun dhatengpara tiyang ingkang kasangsaran kasebut ing nginggil wau ingkang
dados pangjaneg-ajeng mugi kanjeng parentah ageng karsaha aparing dhawah serat
ideran dhatengpara priyantun jawi sapanunggilanipun sadaya, dene para tuwan sadaya
ingkang sampun asuka panjurung samangke sampun angsal kirang langkung, 500
rupiyah.

Pakurmatan jumenengipun Kanjeng Sultan ing Cirebon


Sobat kawula tuwan Redhaktir ing sabakdanipun tabe urmat kula yen pinareng ing
panggalih sarta wonten selaning papan atur pakabaran kawula mugi kapacak a ing
Bramartani, paurmatn jumenenginipun kanjeng sultan ing Cirebon. Nalika tanggalkaping
16 Juli 1872 Kanjeng Pangeran Raja Adiwirya , Polmak Sultan Sepuh (Cerbon) nembe
yuswa 38 taun punika atilar donya mantuk dhateng kalanggenganlajeng kasarekaken ing
Ngardi amparan sasedanipun kanjeng pangeran wau ing kraton kaetang sepen margi
salaminipun kraton kasepuhan boten wonten igngkang jumeneng sultan inggih punika
kanjeng pangeran ingkang nguwasani, sareng tanggal kaping 15 maret 1872 putra dalem
kanjeng gusti sultan sepuh kaping 9 ingkang pambajeng nama Kanjeng pangeran Raja
Adipati Satriya saweg yuswa 28 taun wikantuk ing di dalem kanjeng raja Wlandi
jumeneng sultan ing Kraton kasepuhan anaming waktu punika dereng tampi akte namung
kadhawuhan sediya bekakas Karajan ingkang sami risak utawi sanesipun, ingkang parlu
kadandosan saen gtanggalkaping 12 April kanjeng tuwan residhen karsa angesyteni wau
kanjeng gusti was pindha nampikaken aktenipun wonten ing dalem kabupaten aturanipun
boten ewah sangking adapt kina kina ngesterni kalenggahan jumeneng sultan ing wanci
jam 10 enjing pethuk ingpaa priyantun nagari sangking kraton dhateng kabupaten
menggah krajan saha upacaranipun sakelangkung endah kathah manawi kacariyosna
dumuginipun ing kabupaten wanci jam 11 klayan kaurmatan monggang sarta para
santana pangeran tuwin para sentana raden sampun pepak wonten ing dalem kabupaten
klayan maglaran kimawon perlunipun minongka saksi ijabipun utusan kanjeng gupremen
kanjeng tuwan residhen lajeng angandika dhateng tuwan sekretaris kangge ngemin wau
putusan kalayan tembung walandi unjuk saha ageng ing Crebon andhawuhaken putusan
tembung jawi sarampungipun kanjeng tuwan residhen saha para pangageng walandi
sadaya sami angaturi wiluejgn dhumateng kanjeng gusti sultan wau sareng wanci jam 1
lajeng sami bibaan utawi kanjeng sultan ugi kondur dhateng kraton kadherekaken para
sentana ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau, sarawuhipun ing kraton kanjeng
gusti sultan alenggah ing panyasa jinem ing ngadhep ingkang rayi 2 ingkang nama
Kanjeng Pangeran Jajayawikarta saweg yuswa 23 taun saha kajeng pangeran
Rajanadiningrat saweg yuswa 20 taun punapa malih para sentana pinangeran raden raden
utawi para abndi punggawa sarta pengulu kasultanan sakaumipun ugi mas pengulu ageng
mas patih Crebon, sami wontening ngarsa dalem kanjeng gusti wau, lajeng pengulu
ageng (landrat maos donga sarampunging donga sadaya sami angujung dhateng kanjeng
gusti sultan sasampuning ngujung sami kadhawuhan ngaso dhateng pasowan
kamandhungan ingakng para pangeran para raden dhateng pasowan kepel para kaum
sami dhateng langgar, punggawa dhateng pasowan pangadha, sasampunipun tata lajegn
medal pupundhutan sangking paring dalem minongka sasegahipun sadaya wau, sareng
tanggal kaping 20 anunggul wulan April pista para tuwan wonten ing bangsal pangagneg
kanejng tuwan residhen dhaharipun jam 12 jam 3 bibaran sarta boten kirang satunggal
punapa, ing dalunipun malih, pista para pangeran tuwin para ageng jawi dalah para
mantra juru serat dumugi magang,ngantos 5 dalu anggenipun kasukan saha pista,
andadosaken suka pirenanipun para abdi dadaya, tuwin tiyang ningali ngantos angebeki
kitha Crebon utawi tiyang amonca sami dhateng aningali, kula ugi miring kabar mila
tiyang parlu aningali margi salaminipun gesang dereng nate sumerep warninipun rata
singa, tuwin jimat-jimat, bekakas pusaka kina sampun ingkang tiyang tebih sanes nagari
tiyang kitha Crebon awis ingkang uninga dhateng wau ratasira, saha kula anyariyosaken
telasipun waragad saking kanjeng gusti wau kirang langkung 5000 rupiyah ingkang
kapitados nguwasani kadadel aturan sadaya punika prenahingkang paman kanjeng gusti
ingkang nama kanjeng pangeran arya dhendhadiningrat sawegyuswa 33 taun utawi
satunggal juru serat dalem wasta Mas Bratawireja, priyantun kakalih wau sampun
kasebut telatos utawi temen anggenipun anglampahaken prentah ing gustinipun ngantos
sak punika ugi taksih wonten ing ngayunan dalem sakingpunika atur kawula dhateng
sadaya ingkang karsa ngemin serat Bramartani mugi dipun agung pangapuntenipun
rehning ragi kasep anggen kula anglebetaken kabar awit saking kathahipun damelan
kawula, ing wingking wonten kabar ingkang aneneg prayogil inggih tamtu kula ayturaken
ing Bramartani malih. Sinerat ing Crebon kaping 20 Oktober 1872

Dherek gugat nagih


Banyumas kaping 20 OKtober 1872
Saben kula maos serat Koran Bramartani wonten priyantun anama
1. Mas Bei DUrawarastra, Surakarta
2. Demang Nayadipura ing Krawang
3. Mas Bei Sastradipura Kedhiri
4. Wedana ing Rembang
Para priyantun ingkang kasebut nginggil wau kados pundit dene sampeyan dereng bayar
sambutan patumbasipun serat bramartani, punapa boten anggadhahi lingsem sambutan
sampeyan wau katedahaken ing kathah, sarta kawentar satanah Indhiya Nederlan tur
punika arta namung sakedhik.
Katandhan pun Jengkel

Wangsulan
Bramartani ongka 39 mitra kula Kretabrata ing Barebes, sampun manjurung sinawung
ing sekar pucung, suraosipun ambatang cangkriman kula etang-etangan, bab satunggil
tiyang ingkang dhateng peken ambekta arta sarupiyah gobang kangge tumbas wowohan
tigang warni, inggih punika nanas manggis tuwin dhuku menggah atur kula
pangetangipun mitra kula kretabrata punika inggih sampun lepat dados sampun cocog
sami kathahipun arta kalayan wowohan. Wasana mitra kula Kretabrata gantos paring
cangkriman bab toya ajrih ing warih, ing mangke sasaged saged kjula kumedah angaturi
batangan,nanging dereng tamtu leresipun, bawinipun saking cupeting nalar kula, manawi
pamanggih kula punika boten angejawi bongsa lisah awit lisah wau manawi
kakembalaken kalayan toya estu katingal misah kemawon, sarta manawi jawah sampun
tamtu mawi dipun kudhngi utawi dipun tutupi,karantenan manawi kawoworan toya,
dumados boten kenging kaangge, sanadyan kanggeya dilah inggih tansah baleret
kemawon malahan dilahipun pejah, among samanten atur pamangih kula, leres lepat
sumonga, sarta manawi pambatang kula wau dereng patitis, mugi sampun pisan dados
rentenging panggalihipun mitra kula kretabrata, among tekad lumayan kemawon
minongka kalanturan wong mitra sarana srawungan sabda wonten ing Bramartani.
Sinerat tanggal kaping 6 Oktober 1872 Katandhan Wartatama

Kasuwun sangert, tumanem ing werdaya lumuket ing jejantung, panjenenganipun saudara
kawula tuwan redhaktur sampun karsa macak panjurungipun mitra kula pun Cin bab
pambatangipun cangkriman 4, warni ingakng dhateng mitra kula, sesilih nama Kawa, ing
Ngayujakarta, ewa semanten ing sarehning pambatangipun wau maksih lepat dumados
pun kula dereng suraosing manah, bakunipun ingkang leres kados dening ngandhap
punika, pada ingkang kaping sapisan Gunung alit tibul munggeng panti, nusa
bangyentinon, jroning gunung ana srenguwane, jroning guwa kukuse nglimputi, binuka
korining, ganda nymret arum. Punika sangking pamanggih kula, tiyang ngraytus sinjang.
Suka lila bandanen ing kendhit, kungkungen paturon, kunjaranen nimis jroning langse,
atuweken kena kakang lungit, tempelna ing pipu, sang geen prembayu. Punika menawi
boten lepat tiyang nyenjata, inggih bedhil. Lare jdoheng ingkang among guli, sareya
masing ong, yen anendra neng dhukut gyane, lare jedheng alon marespeki, cinandhak
sang dewi, gumeter retnayu. PUnika manawi boten lepat tiyang ngincup kinjeng. PUnika
ingkang kula batang sawek 3 warni, wondenten pada ingkang nomer II, dereng kula
encah awit saking kuwuring manah, ngupadosi dumugi ipun dipun di dereng manggih
ingkangdados canthenging wedaya o saweg ingakng sampun kula aturaken kados dening
ing nginggil wau nunten dereng tartamtu leres lepat ingkang sampun mesthi, ewa
semanten saking paring kedah kula srawungan kaliyan para mitra kula sarjananing
bramartani, dumados kula urun-urun satemplik. Titi. Sinerat ing Jodhipati kaping 7
Oktober 1872. Katandhan mitranipun pun Cin Tukut.

Pinandara mring Srinata, Bubukanireng kintaki, tur taklim kang sanityasa, mudya
amudha tumrap mring, mitra mba kang wawangi, Kawa, nagri Ngayogyaku, saklahaning
prajengwang, wahyan ta sunggyan marengi, sarjuning tyas ulun ngaturi cangkriman.
Samatrare meh kalawan pigunanireng raryalit, namung sesemben kinarya, lantaran
awawan nangling, mrih rumaketing galih, widadaning kadang karuh, reseping pawong
mitra, kemayangan tembe wuri, pinareng kendeningkang maha kawasa. Ulun saged
apapanggya,lawanpaduka pribadi, saiba leganing driya, inggih manawamanawi,paduka
amarengi,nuju kasasaring lakul mringnagri Surakarta sun cacadhang ingkang mugi,
titinowa dhateng ing sudhung kawula. Samanten ugi Manawa, ulunmring Ngayogyanagri,
ing saestu kajat amba, umarek paduka yakti, sanadyan dereng uning, tan wande uun
tarutus ngupaya mring kapanggya, suyasa paduka nenggih, datan samudana tuhu tur
kawula. Dene ta cangkriman amba, namung sajuga kadyeki, panwonten wujud satunggal
warna lan wastanireki, jumbuhkalawan malih raos selankaryanipun, paninggih sami uga,
mungpunika atur mami, kaping kalihipun ing nguni ulun miyarsa. Soale klrodjardhawa,
nalikanipun mangsuli, dhateng pun kartasudama, anaming ngantos samangkin ulun
mangarsi arsi, inggih ing panjawabipun Kartasudama miwah, sagung para sarjanadi,
dereng wonten ingakng karsa medharena. Sanget kapencut kawula, ulun pribadi tan
bangkit mila tansah ngarsa-arsa, panjarwaning para luwih, tur tanamung sakedhik
makaten pitakenipun tiyang nadhah punika, ingkang tinedha punapi, wastanira utawi
ingkang anedha. Inggih winastan punapa, lan asmaning manungseki, sinten ing
sayaktinira, namung kalih bab puniki, yen pijaenging kapti,mugi paringa pituduh, titi
tamat katandhan pun Open Surakarteki, ingkang dahat minta sih saking punggungnya.

Punika candhakipun cariyos DUrjana kakalih


Sanadyan pun Jakalana dereng angsal angsalan ing panayabipun sabab kayektosan saking
yumana kasatmata dene pun Jaka kaliyan pun Daraka, punika panimbangipun dhawah
sambawa, among kaleres a sami amedalaken prasetya kemawon , manawi ngantos purun
anglampahi kadurjanan malih kenging ing laila, sabab boten kalacak anggenipun
ambebegal ambabara maesa, kalampahanipun sumongga ing karsa, prabu Wakil akaliyan
patih Sawista sami mangayubagya, nunten pun Lana kadhawhan manawi arinipun estri
pun Rara Lani kapundhut dados sarararara, utawi panampunipun urup-uruan uwos saking
pun Sarandha, pinten sakantunipun badhe kaparingaken dhateng ingkang kasayaban,
aturipun anygakaken lajeng kaparingan wilasa awarni busana ingknang pancen kaangge
piyabak kaliyan pangaggening biyung miwah arinipun. Nunten buyut Aswana ing
Samaita aparingan maesa sadasa, sumerep dados lilintu darbekipun ingkang kabarak
dhateng pun wrekasa sakancanipun, sarta kadawahan kinen angusadani sakitipun nYai
Rondha Kasiyan, aturipun inggih nuwan sandika, sasampunipun makaten, buyut Aswana
kadadosaken mantra Juru Martani, kadhawan amariksani manawi wonten tiyang
anandhang sakit kinen angusadani amulasara. Jakalana kadadosaken mantra Juru
unjeman, kaparingaken minongka kondhangipun sang mantra Daruna, sami dados
kajineman panglalang praja, pun Wreka kaliayn pun Daraka dadosaken mantra Juru
Panalika, jagi anenelik lampahing kadurjanan sadaya, ing nalika punika sareng sang
mantra Kasnaya kajungjung dados punggawa juru pamardi kabebahan amumulang
kawruh dhateng tiyang ingkang kirang kagunan, sang mantra saksana jungjung dados
punggawa juru pamidih, kabebeahan anuntun padamelan djhateng titiyang sungkanan
sadaya sami karingan ingkang dados pancening pamedal sonwang-sowang mendhet
saking indhakaning kagungan nata, enggaling cariyos kala smanten nagari ing Wirata
sangsaya geman aripah kartaraharja. Salebetipun ing warsa sawari, etang dit taun sruya
sangkala 788 tinengeran Brahmana angesthi tata, kaetanging taun Candra sangkala 606
tinengeran obah barakaning rasa

Punika cariyos Babad Mataram


Mara timbalana dipun aglis, seba amaringong, lawan sira Padureksamangke,
ingsunjunjung kaki adipati, tepasana adi, iku llunggihipun. Ajajar lan Santana mami, seu
kang llulunggoh,prasantana angestrni kabeh, sigra jengkarsa nata tinangkil malebet jro
puri, pra garwa amethuk, tan kawarna laminya ing mangkin, midhanget sang katong, ing
sumendhang ngukur pambalike,langkung duka wau sribupati,wus mijil tinangkil,w adya
gung suenuh. Para mantra wus angudaneni, yen duka sang katong, mukanira konjem
sitikabeh, langkung ajrih mulat ing narpati, tan nana kumlisik, prasami tumungkul. Esmu
duka sang nata dereng ngling, dhumateng punang wong, ing sumendhang angungkur
wartime, kang katur mring sun mengko ambalik, gecekan tumuli, lan nagara ngukur. Si
tumenggung Singaranu aglis, lan sabalanya wong lurugana ing Ngukur denage,lan
tumpesen sakathahing jalmi, sok lananga ugi, aywana kang kantun wong Bumija
iridenden aglis, numbak anyar kang wong, lan wong sewu iku sakancane, iya adunen
kabeh ajurit,lawan wong pasisir, miluywa anglurug. Para mantra kang kinon wotsari,
ngandika sang katong, lamunkalah wong Ngukur jurite,lah tumpesen kabeh ywana
kari,kang kinen tur pait lengser nembah mundur. Wus lumampah sakathahing mantra,
wong Bagelen kulon, wong Bumija mijil gagamane, wong pasisir sampun den utusi,
prasami ajangji, banyumas akumpul. Tan kawarna sampun apanggih, gagaman agolong,
ing Banyumas gone kumpul kabeh, wus arembag bubar para mantra, tan kawarneng
margi, wus prapta ing ngungkur. Wong bagelen kidul ing braise,wong bumija wetan
denya baris, wus ametu jurit, kuthane kinepung. Wong desane sami den bonyongi, kang
lanang ponang wong, pinatenan kabeh lan bocahe, arsa angamuk datan kuwawi, wong jro
kitha tintrim, tan sami akuru. Wus agilig sagung wong Matawis, ngrangsang kutha kang
wong, miwahpara bupatine kabeh, sigra kinen tengaraning jurit, gagaman wus mijil,
sareng angkatipun. Wong jropura kabeh sami nangis, geger jaba awor, bupatine wus cilik
atine, prajurite tan keneng tinari, uwus ngrasa mati, budine angglundhung. Wong
mataram samya anglabekti,wong jro kutha rayon,ingkang wani arempeg ature,sigra
mangsah anempuh ing jurit, nulya anglebeti, wong kutha tinempuh. Adipati sumendhi
wus keni, binesta binonyong, wong wadone wus tinawan kabeh, gedhe cilik data nana
kari, wus binekta mijil, tangisira umyung. Wong ing ngungkur ingkang den gegendholi,
cacah sewu kang wong, sampun bubar kabeh ing braise, tan kawarna lampahireng margi,
wus prapteng Matawis, katur ing sang prabu. Yen ing ngungkur sampun kawon jurt,
wongipun kaboyong, sampun tapis kabeh wong lanange, langkung suka wau sribupati,
tan winarneng kawi,. Anenggih winuwus. Kala kang jeng sultan acangkrami, mider mider
kebon, saampilan tlempak landheyane, kanjeng Wregu kampil ing wadyestri, neng kebon
panasri,buron wana agung. Sapraptane kakebonan nagri,jeng sultan
amanggoh,kidangjaler kalangkung galake,iku kalangenaning narpati,kidang umulat ing
sultan tinempuh,Kanjeng Sultan wus prayitneng westhi, ampila kaos, wus ing ngagem
talempak ngastane, kidang nander sultan anagahi, andheman ngeneni, rahirasumembur.
Nanging kidang asru pambantering, anempuh sang katong, tlempak wregu sanget
mantelunge, krana kidang prapta aneng ngarsi, malah sultan kongsi, kagayorkang pupu.
Nanging datan karaos kang wentis, panggayoring buron, saking jeng sultan dahat teguhe,
dadya tan pasha wentis tan busik, wus ing kidang mati, sultan ngandika rum. IYa sakehe
nak putu mami, ing sawurining ngong, away ana nganggo landheyane, wregu apan iku
niniwasi, sigegen sang aji, dyan malih winuwus. Kanjeng sultan jenengira aji, kadhatone
roro,ing sanagara kidul satunggile,nyai kidul kagarwa narpati,mila sribupati, kalih
puranipun. Nyai kidul mapa iku peri, parayangan katong, nora suka pandudu jatine
mapan mijil saking manungseki, putraning narpati, ingkang asusunu. Duk kapanggih
putra ingkang branti, sareng mulat kang wong, sareng korut putra lanputrine, saking
karsaning hyang kalinuwih, rasanya anunggil, dadyanya kidul. Kanjeng Sultan ARsa
acangkrami, bubar ing kadhaton, pamancingan samana jujuge, sampun prapta tepining
jaladri, sakathahing peri,prasami amethuk. Nyai Rara pan sampun lumaris, amethuk sang
katong, ejim peri padha ngiring kabeh.anampani pacara narpati, sang nata kinenthi,
dening Nyai Kidul. Upacara sang aprabuy, tinampanan dening peri, sawarnane upacara,
perang ingkang anampani, manungsa datan uninga, gagawane den genteni. Sadaya sami
gagetun, kawarnaha sribupati, lumampah kakanthen asta, sampun angambah jaladri, kadi
ngambah ing dharatan, sakedhap datan kaeksi. Dening wadya bala agung, atembek aneng
pasisir, pan psisir pamancingan, prasamya angati-ati,kawarnaha srinarendra, wus
mungging madyeng jaladri. Prapta ing kadhaton sampun, alun-alune aresmi, pacak sujine
tembaga, gagledheganipun wesi, botrawi angapit lawang, binatur sela centhani.
Papethetan pinggiripun, sekare asriha ngrawit, sekare awarna-warna, pala gumantung
andadi, samya ngemohi sadaya, saweneh kembang apentil.
Kulawisudhan utawi sanesipun
Samarang
Mas Sumawijaya, Mantri PUlisi ing Singen Lor, kakulawisudha dados Asisten Wadana
ing Sondhol.
Mas Surawijaya Mantri Ulu-Ulu ing Samarang, kaulawisudha dados mantra PUlisi ing
Singen Lor
Mas Surya Atmaja, tilas mantra PUlisi ing Grogol kakulawisudha dados Mantri Ulu-Ulu
ing Samarang.

Demak
Mas mangun Arja, wadana ing Demak kaelih dados wadana ing Manggar (Demak)
Mas Rana adikusuma wadana ing Manggar kaelih dados wadana ing Demak

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Sarehning ing Dheli ing Sapunika sampun kathahing jawah mila para militer anggenipun
umangsah dhateng ing Tandha Benuwah boten saged tumunten wondening sakathahing
betenging mengsah, pundit ingkang sampun kagejegan punika lajeng sami kaebrogan
dening para militer, punapa malih kanjeng gupremen sampun karsa amaringi ganjaran
warni bintang militer Willem Ordhe, dhateng kapitan KUp 2 Litnan POnsstin tuwin
sersan TEssres, awit anggenipun sami angatingalaken kawanteraniupun ing salebeting
paprangan ing Dheli.

Serat telegram saking Batawi, amratelakaken manawi dhatuk kalih anama Jalil tuwin
Kecil, ingang sami angraman, ing samangke sampuna anungkul, ing salajengipun sami
kacepeng sarta badhe kakintunaken dhateng ing Batawi.

Samarang
Nalika ing dinten Saptu tangal kaping 26 wulan punika, ing PUrwadadi bawah Grobogan
wonten pasamuwan ageng, inggih punika minongka paurmatanipun bupati ing ngriku
wau, kaangkat nama kanjeng raden adipati Mertaadinagara, ing dinten saptu wau wanci
jam 9 enjing, kanjeng tuwan residhen Samarang karsa tindak dhateng ing dalem
kabupaten saha para amtenar tuwin para tuwan sanesipun sami kaaturan anjenengi ing
pasamuwan punika, ing waktu wau kanjeng tuwan reesidhen anuduh dhateng tuwan
kontelir, andikakaken maos serat kakancinganipun kanjeng gupremen ingakng suraos
bupati ing Grobogan wau, ing mangke kaangkat nama adipati, ing salajengipun priyantun
jaksa ingkang angundhangaken ing tembung Jawi, sasampunipun tamat lajeng kaurmatan
ungeling mariyem rambah kaping, 4 enjingipun ing ngalun-alun wonten titingalan aarni-
warni, sareng ing wanci sonten ing dalem kabupatn mawi paurmatan pista ingakng
sakalangkung semuwa ing reganipun sarta kathah para tuwan utawi para nyonyah
ingkang sami dhateng, punapa malih bupati ing Demak saha garwanipun ugi karsa
anjenengi dhateng pasamuwan ing kabupaten wau

Banyumas
Nalika dinten Kemis tanggal kaping 7 wulan Saban punika, watawis wanci pukul 1
siyang, wonten satunggil tiyang wasta ki Sakir, griyaing kampong Sukaraja WEtan,
sampun karebahan griyanipun tiyang wasta Wongsadiwirya ugi ing kampong ngriku,
ananging wau ki Sakir taksih ginanjar basuki boten kataton, among ngeyekanipun
ingkang karaos sakit, awit katindhihan pangeret, ing mangke ki Sakir kapulasara ing
tuwan dhokter wonteninggriya sakit Banyumas.

Ing nalika dinten Akad Pon tanggal kaping 20 wulan punika, ing dhusun Kedhung
Bantheng, PUrwakerta, wonten satunggal rare jaka anama Radan umur 20 taun ing wanci
jam 5 sonten raden kesah mendhet ulam ing lepen Logawa, sarta ambekta rencang tiyang
tiga, boten antawis dangu Radan kablabag ing toya awit lepenipun pinuju banjir, dene
jisimipun Radan boten pinanggih.

Kebumen
Nalika ing dinten Senen tanggal kaping 23 Oktober punka, wancijam 9 dalu wonten
jawah deres sanget boten antawis dangu lepen Luk Ula banjir nglangkungi ageng,
akathah griya sauruting lepen ing ngriku rebah sarta kewankathah ingkang pejah,
wondening para tiyang wilujeng sadaya.

Pasuruwan
Nalika tanggal kaping 23 wulan Ojtober punika,kanjeng Raden AdipatiArya
Suryaadiingrat bupati ing Bangil atilar donya, jalaran gerah sarira namung sawetawis
dinten enjingipun ewanci jam 9 kasarekaken wonten sawingkingipun masjid Pasuruwan
anunggil kaliyan luluhuripun ingkang sampun sumare ing ngriku, kanjeng Raden Adipati
Surya Adiningrat wau, anggenipun angabdi ing kanjeng gupremen laminipun sampun 32
taun dene nalika sasampuning kapetak wonten ing kubur, kanjeng tuwan residhen
angandika manawi kanjeng raden adipati wau anggenipun ngabdi kanjeng gupremen awit
dados juru tulis ngantos kakulawisudha jumeneng kanjeng raden adipati angsal 18 taun
laminipun, sarehning kanjeng radn adipati Surya Adiningrat wau boten atilar putra
kakung, mila para amtenar jawi kathah ingkang angajeng-ajeng dhateng kalenggahan
adipati, wondene pakabaranipun namung wadana dhistrik ing Gendhangan punika
ingkang kateksir badhe anggentosi dados adipati wau, awit sampun lami anggenipun
angabdi kanjeng gupremen sartacakep dhateng ing kawajibanipun.

Surakarta
Wit-witan ingkang gampil rebahipun katrajang ing ngangin punika boten prayogi
kaawetaken gesangipun sanadyana wonten ing pundit-pundi tuwuhipun anggeripun
panggenanpunika asring kambah titiyang inggih boten prayogi, lepiyanipun kula
cariosaken kados ing ngandhap punika. Lare estri saweg umur 4 taun anakipun Bekel ing
Nglarangan Sragen kala kaping 12 wulan Oktober punika wanci enjing jam 8 pejah
karebajhan wit katela gantung ingkang tuwuh wonten sacelaking panggenanipun pasaran
saibata sangeting pangonggo-onggonipun bekel punika, dene rebahipun uwit katela
gantungpunika dhasar sampun sepuh sarta oyotipuningkang sami kalocor sampun sami
bosok mongka katrajang ing nangin sanadyana anginipun boten patos ageng.
Katandhan Canggeh.

Panjurung saking dhukuh Kebutuh.


Ing nalika malem dinten Senen tanggal kaping 14 wulanpunika Oktober 1872 ing dhusun
Tonjong dhistrik Sukaraja, Banymas, wonten satunggil lare wasta Ki Sar, kadugi umur
10 taun sampun kataton gigiripun amargi kasrempet ing dhuwung dening kakinipun
piyambak wastaCondrabongsa, awiting dalu punika pun Ki Sar wau panuju medal sakin
ggriya seni wontening latar, sarehning kaleres petengan dumados kakinipun boten
sumerep yen putunipun, nanging kanyana yen dursila pandung, mila kalampahan dipun
suduk sakin gwingking, pun KI Sar lajeng nywara sasasambat kaliyan anangis ing ngriku
Condrabongsa lajeng sumerap yen putunipun piyambak, ananging tatunipun waulare
botenpatos sanget kaetang namung cecel kulit kemawon,ing samangke lare wau ugi
taksih wilujeng. Ing nalika dinten Jumungah tanggal kaping 18 ugi wulan punika
Oktober, watawis wanci pukul satengah tiga siyang, ing dhusun Kaliakum, tunggil
bawahipun dhistrik Sukaraja ing ngajeng wau, wonten satunggil tiyang wasta Wiradipa,
kadugi umur 49 taun,sampun cilaka dhawah saking uwit kalapa salebeting pasitenipun
piyambak, amargi wiradipa punika panuju saweg angresiki uwit kalapa wau, wasana
ingkang kadamel cacepengan blu kang garing lajeng sempal, ananging wiradipa wau ing
samangke wilujeng boten kataton satunggil punapa, among beyekanipun katingal
geseng, sarta ing tukak suku tengen abuh, dene inggilipun uwit kalapa wau watawis 18
kaki.Sinerat kaping 20 Oktober 1872. Katandhan Kula pun Prawiralalita.

Wangsulan saha jarwaning soal


Lir Madura, ring sabda soaling, mita ulun kang tresna sanjata, open surakarta prajeng,
pranjana jayeng luhung, ulun sampun tampi kinteki, sangking pakintunira, bramartani
patut, ongka kawandasa tiga, suraose susastra sampun kadugi, lamun kapareng driya.
Cipta wang inggih amethuki, kadidene panedya paduka, kadang karuh sadangune, ulun
langkung jumurung, nanging dereng kaparengmargi, dening lajuning awan wrat singking
laku, lamun kantramintalilah, ewadene yen pinuju aparengi, ulun gatekena. Andhatengi
ring paduka yakin pun diprenahkanan kiringira, pra agung Surakarta jeng, supaya ywa
katawur, ngapursagar susuring panti, muga pada jarwaha, ecaning tyas ulun, sampun
ngantya walang driya, wus sirasah. Mumuji gantya ngucupi, nenggih soal paduka.
Sasaged-saged ulun presudi, mugi sampun rudah ing wardaya, menawi salah
lekase,kuningan tegesipun ingkang jumbuh wasta lan warni, sepet jarwa kadwinyan, rasa
karya jumbuh, upet wujud pigunannya,mung punika, lenipun boten nyurupi, lire
kridhamardawa. Lumrap karta, sudama ing nguni, leresipuun jinarwan pribadya,
kartasudama kawite, ingkang awawan patut de paduka wus buya bangkit, ulun
malihwigyaha, siswanta ing dangu, katiten kiduling kitha, yujakarta, punggung mudha
perkir miskin dyan kusumawicitra.
Mangsuli sakedhik
Sarehning dede ingkang kula peleng ing driya, ananging inggih kedah kula suka
panarimah, dhateng mitra kula ingkang sasilih Tukut anggenipun
angleresakenpanjarwanipun mitra kula Cin kadosta 1 Angratus sinjang 3 Nyanjata, 4
Ngincup kinjeng, punika sampun leres sadaya, namung pada 2 ingkang dereng sarta kula
sampun boten ngudi katranganipun

Ngungun ing pangangen-angen


Mitr akula 1 Temberyuda, 2 Raden Darmawisesa, anggen kula urun panjarwa, 7 warni
bab cangkrimanbipun raden Darmawisea, kawrat Bramartani ongkang 38 ngantos dumugi
ing dinten punika mitra kula 2 wau dereng mangsuli punika ingkang dadosaken eraming
manah kula, nanging dipun selani panjarwa dening mtira kula, 2 Cin Tukut, sami nunggil
suraos

Pangalembana
Mekaten malih lajeng dipun nungkuli, sangking panrimahipun mita kula, wartatama,
sanadyan antkrimanipun boten kabadhe, ewadene mitra kula wartatama, ababaraken
piyambak leres sakin gpaminta kula, pramila kenging kula wastani prasaja, ing
ngatasipun bongsa mamitran sarta ambek utami.

Sambetaipun ngungun wau


Ing wasana Raden Darmawisesa, bab cangkriman paduka 7 warni wau, sangking
pabatang kula leres punapa teksih nalisir, dene ngantos kasep sanget raden kok dereng
karsa mangsuli punapa-punapa, pancenipun rak inggih mangsuli dados boten ngicalaken
sih katresnan sarta nyirnakaken cara, caranipun lanaran serat Bramartani titi.
Katandhan Kusumawicitra.

Manawi wonten karsanipun tuwan redhaktur saha wonten selaning papan aturpanjurung
kula mugi kapacaka ing Bramartani, sarehning samangke kanjeng gupremen, sampun
maringi pasiyan dhateng abdi-abdinipun priyantun ageng alit kang sampun pikantuk
kalenggahan sarta sampun karsa amranata babpanganggenipun kustim dalah priyantun
ageng alit sadaya sami suka bingah amangangge manut ing pranatan dados katingal
badanipun satunggalin gpangkat, wusana punika kula gumun sanget aningali dhateng
bawah kabupaten I.M.J. kados dene magang-magang ingakng dereng pikantuk
kalenggahan kosami purun purun amangangge panganggenipun para mantra ingkang
sampun katamtokaken wau kadosta kancing Lt.W. utawi songkokmawi krun Lt.W.
iongkang namung kula raos punika panggangge leresipun boten kenging kaangge dhateng
satiyanga sanesipun ingkang sampun katamtokaken dhateng masing-masingipun
kalenggahan dados katingal peksan ing bawah ngriku kang dados pangageng kirang
nastiti utawi ngagengaken manahipun dhateng kancanipun ingkang sampun pikantuk
kalenggahan punapa malih sangkin gpngraos kula yenpangagengipun boten preduli
sampun tamtu ing tembe sadaya tiyang sami mangangge kustim dados aturanipun
kanjeng gupremen wau boten wonten gunanipun.
Tondha asta kula ingkang saudara pun SOkasari.

Serat saha ingkang pamuji kalayan urmat karaharjan sarta suka senenging manah trusing
sanetyasa, sayugi kaatur saudara kula, tuwan Jonasportir enko,ing nagari dalem Surakarta
adiningrat menawi kepareng dhangan karsanipun saudara, sangking panuwun kula
ingkang klayan adrenging manah kula ingkang mugi serat kula punika kapacaka ing
dalem serat kabar bramartani, ingkang badhe medal ing dinten Kemis ngajeng punika.
Ing serat Kabar bramartani ongka 40 ing ngriku wonten labet sasratan ingkang medal
saking nagari dalem Ngayogyakarta, anglairaken kala kanjeng pangeran adipati arya
suryasastraningrart angunjukaken sasrahan dhumateng salebeting karaton menggah
lampahing pranatan sarta rasangganipun ingkan gdherekaken wonten ing margi, sadaya
ugi sampun leres sarta anglangkungi semuwa, namung sakedhik sarehning mitra kula
wau anggenipun asung pawarti, radi keladuk langjkung sangking mesthi, dados kula
kedah mitra ngaken ing sak wantahipun saha boten nalisir ing kayektosan, kados dene ing
ngandhap punika pratelanipun.
Losaklopajene pakecohan jene, punika yakinipun boten mawi dhakon suwasa kecik jene,
kawwontenanipun dhakon kajeng ing ngecet abrit langkugn prayogi
Kaca tolet boten mawi’
Kelut garanipun ingecet abrit kasurkajeng sirah guling, boten mawi
Kendhi cecep tuwin catupipun mawi jene bokor kuningan boten mawi
Pethean lombok terong wohipun sami jene, kawontenanipun lombok terong pethehtan
woh kimawon
Pethetan cikal utawi kalapa ing ngecvet pethak sarta pinarada, punika leres
Babon angrem sajodho leres
Kendhi dandang kenceng ceret tembagi, leres
Banyak sajodho mawi pranjen ing ngeet ijempunika leres
Kendhil dandang kenceng ceret tembagi , leres
Wondene wewahan kula puyambak jangkepipun sesaosan sasrahan wau
Wohan jene mas mayangipun salaka sarta mawi ing ngecet ijem dipun wadhahi bokor
kuningan
Sawong sajodho sami wulu abrit ing ngemban cindhe, tuwin sak sekranipun ing ngecet
ijem
Namung punika sakwantahipun warnining sesaosan sasrahan ingkang kaunjuk dhateng
saklebeting karaton
Sinerat ing dinten
Setu tanggal kaping 9 wulan Sabab ing taun
Wawu ongka 1801
Katandhan dening Ngabei Karsaprawira, prkonca embank abdi dalem ing nagari
Ngayogyakarta Adiningrat.
Minongka sambunganipun wangsulan kula dhumateng mitra kula ka:pa ing
Ngyogyakarta, ingkang sampun kapacak ing Bramartani omgka 40. Bab kagungan
sakpeyan cangkriman rasa kang ora dirasakake, sarta ora disengaja, nanging ngluwihi
rasane punika pamanggihkula manawi boten lepat tiyang tilem nyupena sahwat. Ingkang
punika panywun kula manawi atur kula dereng patitis, mugi sampun dados seriking
panggalih sampeyan awit pamanggih kula namung samanten sampun boten saged ambudi
malih, sarta manawi dereng leres prayogi sampeyan babaraken kemawon samantenpunika
manawi boten wonten para sarjana ingkang karsa batang, luhung inggih kacobi
kasrantosaken sawatawis dinten engkas, manawi wonten para mtira ingakng saged
ambudi sanes saking pamangih kula ing ngajeng wau.
Sinerat kaping 13 Oktober 1872
Katandhan WArtatama.

Sinaroja sagunging kurmat mawantu-antu, kaatur panjenenganipun ingkang saduara


tuwan redhakturing serat Bramartani, inmg nagari Surakarta Adiningrat. Menawi
anddosaken adhanganing panggalihipun saudara sarta selaning papan serat kula punika,
mugi wontena karsanipun saduara ngarang ing serat kabar Bramartani, ing dinten Kemis
ngajeng punika. Sarehning sampun sawatawis lami kkula dipun supriha batang
cangkrimanipun sadherekan kula tiyang Purwareja ngantos sapriki kula dereng saged
suka katerangan ingkang awit saking teksih kirang ing saserepan kula mila ing mangke
kla dahat kapengin sinaruwe para sarjana , mugi karsa aparing panjarwaning
cangkrimankados dene ing ngandhap punika. “Asmaradana” wonten cangkriman kinapti,
kapasa durunging awal miwah sawuse akire, suwung nalikane ana tatkala tunggal sirna
titi wasita ing ngapus sinrat nagari Ngayogyakarta. Kaserat ing Ngayogyakarta kaping 19
Oktober taun 1872. Katandhan Abdul Supi

Undang-Undhang
Panjenenganingsun Willem III kanga wit saksih ing Gusti allah jumeneng nata ing
Nederlan prines ing Oranyenassao Gruteartoh ing Luksembureh.
Wus anguningani unjuke minister ngsunpan Koloni kamota ing laying katitimangsan
ping 31 Januwari taun 1871 aksara AAZ ongka 7
Wus amiyasakake rembuge radpansetate kamoting laying katitimangsan kaping 21 Maret
taun 1871 ongka 16
Wus anupiksani unjuke Minister ingsunmau kamotinglayangkatitimangan ping 27 April
taun 1871 ongka 7
Wus anupiksani unine bab ping 125 lan 128 ing laying pranatan bab panyekeling
paprenthan ing Indiya Nederlan
Ing samengko karsaningsun anywak layangkakancinganingsun kang katitimangsanping
30 Mei taun 1868 ongka 37 lan anamtokake kaya kang kasebut ing ngisor iki.
Babping 1
Ing sawatara panggonan ing tanah Indiya Nederlan kaadegan pamulangan calon guru,
kang ing tembe pancen kudu amuruk anak kang panggedhe lan anake wong cilik padha
bongsa Indiya Nederlan sadhengaha agama.
Mungguh cacahing guru murid apa dene kangkawurukake ing sawiji-wijining
pamulangan wulen guru mau katamtokake dening guprenur Jendral
Kawruhing tembung walonda, pesthi kudu kawurukake ana ingpamulangan iku.

Bab ping 2
Para murid kang wus tutugkawuruk sakehing kawruh kang kudu di surpi, bakal kapriksa
kapinterane ing ngatase kawruh mau,kang amariksani inspektur utawa ajung inspektur
ing ngatase pamuruke wong bongsa tanah indiya nederlantuwin Manawa priyayi loro
mau kapalangan karo pisan karpriksa dening priyayi pamacake guprenur Jendral kang
bisa animbang ing bngatase prakara mangkono, pamriksa mau saben kabyantonan dening
komisi kang kapacak ana sawiji-wjining panggonan supaya arumeksa amarang lakuning
wuruk sapanunggalane, muerid kang tinemu wus cukup kapinterane, anampani
layangpratondha surasane, yen wus melu muruk ana sawijining pamulangan ora kurang
saka sataunlawase, kena kaangkat ddi guru Bantu. Para guru Bantu kenane katangkat dadi
guru, Manawa sawuse anglakoni pagaweyane sajroning rong taun katimbang makolahi
kaangkat dadi guru, dene kang animbang inspektur utawa salah sijining ajung inspektur
tuwin priyayi kang akpacak dening guprenur jendral amariksani kabiane guru Bantu yen
inspektur tuwin priyayi kang pacak dening guprenur jendral amariksani kabisane guru
Bantu yen inmspektur utawa ajung inpekstur panuju ora bisaamariksani dhewe, sabene
kabeyantonan dening komesi kang kabener arumeksa marang lakuning wuruk
sapanunggalane. Guprenur Jendral kang anamtokake panggonane ing sawijiwijining
nagatra, ing ngendi kadokokan pamulangan anyar, samono iku katimbangna karo
cacahing guru kang kena kalakokake ingpanggaweyan, dene yen kakurangan guru, kena
amacak guru Bantu supaya amakilanapagaweyane guru ing sawatara lawase. Mungguh
pamacak kang kasbeut ing bab ping 2 iki ora tumrap marang kang wus padha dadi murid
ana ingpamulangan calon guru nalika tuma[ake laying undhang-undhang iki, para murid
iki kena kaangkat dadi guru manut adapt kang wus kalakon.
Punika taksih wonten candhakipun

Tuwan Tim enko, ing Surabaya, sampun angintunaken serat pranataningkang mentas
kawedalaken bab angger-angger ing ngtasingprakawis utawipaukuman ingkang tumrap
dhateng bongsa jawi sapanunggilanipun ing tanah Indiya Nederlan ingkang badhe
katindakaken dening kanjeng gupremen awit benjing ing taun ngajeng punika, serat
pranatan wau sampun katedhak ing tembung Malayu dening tuwan Pandhenbereh,
menggah suraosing serat tuwin tetembugnanipun sadaya, saking panimbang kula sampun
jangkep sarta terang, punapa malih serat anggerpunika kula ugi sampun wiwit anedhak
ing tembung jawi, utawi saking pangangkah kula badhe tumunten ecap sahalajeng
kawedalaken, ing ngatasing para priyantun ingkang anglampahi pandamelan pulisi utawi
ing pangadilan Landrad ingakng mesthi kedah andarbei serat prantan enggal punika,
supados sumerepa ing kawahibanipun sadaya. Redhaktur F.L.Winter

Punika cariyos Babad Mataram


Srinarendra nulya laju, kandheging wiatana asri, siniwi ing parayangan, bangsal
pangrawitnya adi, sakanya sami tembaga, sirape selakaputih. Bababurira perunggu, ing
luhur salaka putih, witananya palenggahan, sami kancana kinardi, pinantek ing
Nawaretna, palingsire sutra putih. Ceploknya kancana wungu, pinanteking retna adi, kadi
thahtit aliweran, dinulu lir lintang ngalih, palataran sinebaran, sesotya kang alit alit. Nyai
Rara aris matur, dhumateng raka narpati, Sultan panduka katuran, pinarak sajroning puri,
srinarendra sigra bubar, sampun mungging nging sitiggil. Sri narendra sigra laju, wus
rawuyh mring dalem puri, sampun prapta ing kadhatyan, sinarak neng kanthil rukmi, nyai
rara tan atebah, denira lenggah sumandhing. Pan asri tumendhung kendhung, palisir ing
racaweni, cineploking nawaretna, pinggir kinarya kikitir, renyep-renyep kadi lintang,
pinalisiran caweni. Rinarengga abramurub, isen-isen dalem puri, sosotya diabramuncar,
pinatik nila widuri, ting celeret kadya kilat, angler kaswargan angali. Sultan minggah
jiem arum, ni raratan sah kinanthi, sampun prapta pasareyan, saksana samya aguling,
tutug denya sacumbana, wus bedhah kutha ing Mesir. Nyai kidul sigra matur, dhateng
kang raka narpati, kawula atur uninga, ing mangke paduka gusti,meh puput ing jenengira,
inggih karsaning yang Widhi. Amung kantun kalih taun, jenfgandika yen marengi,
ngaliya sangking Mataram, atilara bala mantra, putra kalawan Santana, inggih wau
sribupati. Pasthi inggih ta pukulun, boten mawi mati-mati, tumeka angakir jaman,
gumujeng srinarpati, ywa mangkono sira mirah, dening sira sih ing mati. Kaya ngamirah
ingsun yen kelakona angalih, dening sangking marmanira, alah iya ingsun yayi, kaya
ngapa yen ngeliha sangking nagara Matawis. Sakehe luluhuringsun, pinetak aneng
matawis, wong Jawa yutan awendran, sebute duk maksih urip, ingsun sajatining jalmi,
pasthine kalamun mati. Sakathahe ingkang tuwuh, iku mijil sangking jalmi, ejim peri
parayangan, miwah setan lawan iblis, tan padha lawan manungsa, sakathahe kang
kumelip. Amiyarsa Nyai Kidul, ing pangandika narpati, akeh karasa ing nala,
sumungkem sarwi anangis, angrasa yen kaluputan, datan bisa anauri. Sang Dyah nangis
pangkonipun sasambate ngasih-asih, matur dhumateng kang raka, dhuh kang mas Prabu
Matawis, kawula gusti nanedha, dadosena jalma malih. Jengandika ratu agung, trusing
tingal tur ra sekti, kasusra ing tanah jawa, yen andika ratu adil, angruwat salir tumitah,
tan ana angker asingit. Panjenengan sang aprabu, apan sampun den lilani, sangking
nagara ing Mekah, ing Jawa tan ana tandhing, jumeneng sultan Mataram, para ratu sami
ngabdi. Dika ruwat awakingsun, pan kula asale jalmi, srinarendra angandika, dhuh yayi
pan ora keni, wus pesthi karsaning suksma, datan kena obah gingsir. Dene sira lamun
tuhu, asale sujalma dhingin, ing benjang ari kiyamat,sira anunggalan jalmi, sang dyah
anangis kewala, sesambate amlas asih. Sang dyah asru tangisipun, sumungkem
pangkonarpati,s arwi anyekeli asta, dhuh kakang sultan denaglis., ruwaten badan kawula,
kapengin dadiya jalmi. Sang nata sigra anulung, anyendhal cindhe sumampir, sang
dyahpan sampun ing ngemban, rinungrum ingngarih-arih, binakta marang papreman,
ngideraken sarwasari. Pratamanan sriianglingut, babatur sala kaputih, binacingah ing
kancana,jembangan gedhah ngideri, binatur salaka mulya, gedhah biru gedhah putih. Lir
kaswargan yen dinulu, warnane kang tamansari, warnanen srinaranata, kang tansah
angasih-asih, dhateng sang dyah ayurara, kang tansah den pituturi. Sang dyah ayu
sampun lipur, anulya kondur sang aji, punarak bale kancana, tinatrapan ing retnadi,
tinaretes nawa retna, pinggirerina jawrdi. Warnanya pating palancur, sampun pinarak
sarimbit, sang retna pan lininyangan, mring raka sultan matawis, sang rara ayu
amuncung, karng raka angarang sapipi.
Ongka 45 Kemis kaping 7 Nopember 1872

Kulawisudhan
Samarang
Raden Jayawipura Mantri PUlisi ing Brahrawa, kakulawisudha dados asisten Wadana ing
Banyubiru
Mas PUspadiwirya, Mantri Kopi ing Bahrawa, kakulawisudha anggentosi dados Mantri
PUlisi ing ngriku
Mas Sastradirja Juru serat kantor asisten REsidhen ing Bahrawa, kakulawisudha dados
mantra Kopi ing ngriku.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Awit ingkang kasebut ing serat pakabaran walandi, kanjeng parentah ageng anggalih
parlu ing Surakarta benjing ing taun ngajeng punika kadekekan asisten residhen pulisi
kathahipun 4 menggah manawi saestu kalampahan panggenanipun ingkang katamtokaken
ing Sragen ing Klathen ing Krangpandhan tuwin ing Bayalali.

Batawi
Awit ingkang kawartos sawatawis bongsa tiyang jawi badhe dipun wulang anumpak
kareta ingkang saged lumampah piyambak winastan Pilosipede ingkang samanten punika
supados sageda enggal angintunaken serat telegram.

Pakasar
Nalika tanggal kaping 17 wulanOktober ingkang mentas kapengker, tuwan Lihput
ingkang kapatah angrembag rurukunan kaliyan pangagenging mandar, bab reresah ing
ngrikul, ing samangke sampun wangsul dhateng Makasar, menggah ingkang ddos
rembagipun boten ngantos kalampahan mila para militer badhe tumunten kaangsahaken
dhateng ing Mandar, mawi titindhih Mayor, A.F.Meyer, ing dinten wau wanci jam 5
sonten para militer sami kaklempakaken sasasampunipun baris kepung, tuwan Mayor
Meyer wau,angandika cekak anaming anyekapi curaosipun angatag dhateng para militer,
anggenipun umangsah perang andadosna kaurmatanipun dhateng kanjeng raja sarta
angatingalna ing kawanteranipun punapa malih kawaleran manawi sampun wonten ing
paprangan sampun ngantos anganiaya tuwin mejahi tiyang estri sarta rare alit utawi
tiyang jompo punapa malih ambesmi griya sapanunggilanipuningkang datan
mawikadhawahan tuwan mayor wau sasampunipun angandika makaten para militer sami
asareng surak sarta anyebut ing kawilujenganipun kanjeng raja ing nagari Walandi, dene
angkadipun para militer wau sami anitih baita kapal latu kathahipun 3 sarta mawi
kaurmatan ungeling mariyem.

Selebes
Ing salebetipun wulan agustus ingkang mentas kapengker kadhatonipun kanjeng
sultaning Sumbawa, ing wekdal waukabesmen ngantos telas barangipun sadaya ingkang
wonten salebeting kadhaton punapa malih putanipun kanjeng sultan 1 utawi wayahipun 1
sami aemahi sangsara pejah kabesmi.

Dheli
Serat telegram saking Batawi, amratelakaken manawi reresahingDheliing sapunika
sampun sirep tuwan kuamdhan titindhih ipun para militer ing paprangan wau sampun
kondur dhateng ing Mentok dene para militer bataliyon 11 sampun sami kawangsulaken
dhateng ing Batawi.

Serat kikintunan ingkang kapacak ing srat pakabaran lokomotip amangalembana dhateng
mas Danawadiwijaya mantra wates ing dhistrik Temayang Bojanagara, anggenipun cakep
dhateng ingpandamelan sarta amitulungi dhatengpaprentahanpulisi, mas
Danawadiwijaya wau,nalika wulan Oktober, anyepeng bonggoling kecu, nama pun
suratika,aliyas patut ingkang angecu bawah ing Caruban sarta sampun 6 taun laminipun
kaupadosan boten pinanggih, dene mas Danawadiwijaya wau sampun arambah rambah
angsal pangalembana sakingkanjeng parentah, utawi bupati ing Bojanagara,
sampunkarsa amaringi ganjaran panganggening mantra sapangadeg dereng antawis lami
kaganjar malih awarni arta kathahipun 100 rupiyah, dene arta samanten wau lajeng
kabage dhateng titiyang ingkang sami ambiyantoni dhateng pyambakipun mas
Danawadiwijaya asrin gwicanten makaten yen aku dhewe ing dalem sadina olah sak
rupiyah uwis cukup,luwihe saka semono becik kanggo panggaweyan pulisi, menggah
kayektosaning wicantenipun mas Danawadiwijaya wau, balanjanipun ing saben wulan
kathah ingkang kangge kadamel waragad anitik durjana sapanunggilanipun mila ingkang
dados pangajeng-ajeng, kangjeng parentah ageng mugi karsaha anganjar tetenger
dhumateng mas Danawadiwijaya wau, supados andadosna tuladhan dhateng ing
sanesipun,

Grahanan ingkang katingal ing tanah jawi tuwin ing Pulau Madura ing tahun 1873
Kaping 12 Mei Grahana rembulan awit jam 5 dumugijam 8 langkung 30 menit ing wanci
sonten telas sadaya

Kaping 4 Nopember graana rembulan awit ing wanci sonten jam 7 langkung 30 menit
dumugijkam 1 dalu telas sadaya.

Surakarta
Jaka anam Bencok taksih tumut sadherekipun sepuh nama REsawijaya ing dhusun
Kaliwurung Sragen punika sasring gadhah sakit nretab kala kaping 45 wulan Oktober
kapengker wauangot sakitipun ulatipun pun Dirangan sarta lajeng angrebat dhuwungipun
Patra Menggala ugi dhusun kaliwurung ingkang panuju mertami ng griyaning
sadherekipun sepuh wau, dhuwung punika boten lajeng kadamel ngamuk ananging lajeng
kasudhetaken ing wadhukipunpiyambak tuwin kaekek-ekekaken ing gulunipun kaliyan
mlajeng –mlajeng tujunipun boten patos lebet tatunipun bokmanawi tumancebing
dhuwung ing badan punika saged angendhokaken panyepengipun dhuwung pun Bencok
sanadyana pun Bencokpunika anandhang tatu inggih ugi anama begja, dene anggenipun
karanjingan kapangjingan namung anguring-uring dhateng badanipun piyambak saupami
pamuring-muringipun wau dhmawah ing sanes, pun Bencok punapa saged gesang,
bokmanawi lajeng angulu sosot dikrocok nguwong utawi dipun les ingklepon timbel
sanadyana saged amanggih gesang, inggih badhe dados tedhanipun Bathara Kala ingkang
cangkemipun tansah mangap mangap nedha until untalan tiyang ingkang kenging
kalepatan bathara Kala punika dalemipun sakilen beteng ageng ing
Surakarta, ingngriku wonten margi simpangan mangilen rak lajeng mak jug kemawon.
Katandhan Canggeh.

Surabaya
Nalika tanggal kaping 14 Ruwah ing wanci sontenantawis jam 7 kula aningali gumebyar
g ngawang-awang, bunder saengga rembulan boten antawis dangu lajeng ngungel kados
mariyem ageng kaping 3 ing waktu punika ing Surabaya kathah tiyang ingkang sumaput
rata sami ambedhal ing margi kathah tiyang kasangsaran katunjang kapal rakitan.
Antawis tigang dinten, raden tumenggung iing Bangil atilar donya, punapa malih ingkang
kawartos ing Lamongan ing waktu wau ugi wonten satunggaling juragan sugih ingkang
pejah
Katandhan Ra Unggaran.

Tansah ngajeng-ajeng menggah atur pitaken an kula, bebasan ingkang 14 bab karat ing
serat Bramartani ongka 39 dene sampun lami dereng wonten ingakng karsa anjarwani.
Ingkang punika saking panyuwun kula dhumateng para mitra, mugi karsa aparing
pitedah anjarwani 14 bab inggih salah satunggal kimawon supados adamel gamblanging
manah kula, sanget sanget saking panyuwun kula, menggah ingakng sampun kasebut ing
nginggil wau. Sinerat ing wisma sunya ping 24 Oktober 1872 katnadhan Mas Sadi, lare
kembar.

Wangsulan minongka panjurung


Serat kabar Bramartani ongka 43 wedalipun kemis kaping 24 Oktober 1872
Punika kula aningali saseratan ingakng mawi rinengga dening sekar sinom tumrap
dhumateng Kawa ing Ngayogyakarta, ingkang mawi tinengeran tondha asma Open,
mangko suraosipun karsa ambangun pandangu, dhumateng para sarjana, bab ing soalipun
kridhamardhawa, ingkang sampun antawis lami, inandukaken dumateng Kartasudama,
wasana ngantos samangke dereng karsa aparing panjawab punapa dene para lukitaning
basa, inggih dereng wonten ingakng karsa ambabaraken dumados pun kula alak
lumancang angruru miyini angaturi pamedhar, anamungkadamel rarimah lowung,
tinimbang dereng wonten ingkang paring panjarwa. Inggih ta sanadyan kula boten
katujuwa, larap ing sabda pandangu, ingkang mesthi dhumateng pun kula rehning
andadosaken galihpangajeng-ajeng, kula anamung kedah kedah anglegani karanipun
ingkang sisilih nama Open ing sasaged-saged kula cumandhak angturi panjarwa kados
ing ngandhap punika.
1. Bab tiyang nanedha, ingkang mesthi dipun tedha, punika menawi pamanggih kula
(rasa:senenging manah) punika namung kula raos saking tiyang nanedha
samukawis, tatedhan ingkang badhe dipunt edha wau, ecaha kados punapa
menawi raosipun boten andadosaken senenging manah, kados kados batal boten
saestu dipun nedha.
2. Bab asmanipun Manungsa, punika saestu angodhengaken ing manah, awit
sampun dipun sebutaken manungsa, kok taksih wonten raganipun malih.
Samanten ugi kula sasaged saged inggih angaturi pambiyak, kilap leres tuwin
lepat, namanipun manungsa ingkang mesthi,punika pamiyak saking (Owong)
menawi katembangkaen wot, (wong) lingganipun tembung (uwong) samanten
punika namnung kula tempelaken tiyang raraosan ingkang dereng sumerep
namanipun enggal, cekakipun ing basa kados ta wong, walonda, wong, jawa,
wong cina, wong ngendi, wong are papa, wong melek, wong turu, wong linggih,
wong laku, wong gombal,wong sugih, wong teja, wong cilaka, wong ngala, wong
becik, wong orip wong mati,ing sapanunggilanipun. Atur kula pambiyak
sumanten wau boten pisan menawi kula anggadhahana cipta angingisaken
lalandheping manah, boten langkung menawi saged anglegani pangggalihipun ing
sasami, sawatawis andadosna pambirat rerenteng. Utawi rehning pun kula punika
boten ahli pambudi, atur pamudhar kula punika tanpa mawi papathokan, dados
namung kula awur sangking dudugi kimawon, mila menawi taksih nalisip tuwi
menawi wonten tembungan kula ingkang kataragal mugi sampun andadosaken
ing duduka, jinembar sagantenipun inggalih,
Tondha dyan Ngasma Pangrekadaya ing Bale Tasik Awa.

Ingkang tabe rinengga ing katur mantun mugi katur ing panjenenganipun tuwan
redhaktur Bramartani ing negari Surakarta, sasampuning kadya sapunika awiyosipun
menawi amarengi ing pangggalihipun panjenenganipun tuwan sarta sela ingpapan
serat kawula punika, nuwun kapacak ing Bramartani, suapdos samiya katimbang
dhuamteng para uhami ingkang embak adil palamarta sampun nate angrampungi bab
waris, 1 kados ta saksi, waktu kapriksa pitakenipun rat ingga mako kowe nekseni apa,
jawabipun saksi, kawula nakeseni punika, barang estu gadhahanipun ki anu, waktu
taun anuk sambut dhateng pun wangsa, sareng kabalik basa mlajeng (saya
mengangaku tau itu barang rupa anu, punya kyai anu, kutika taun anu, dhi pinjem
sama ki Wangsa) punika saksi , kenging kaanggep terang, punapa katolak, sabab
nalika dipun tangledi bajawingaken nekseni, sareng kabalik basa melayu, mungel
mengetahui punapa lepatipun tiyang ingkang balik baa, 2 kalayan punapa sampun
mupakat dhateng sanesing nagari, waktu bagi waris mendhet usur, ingkang 10 sen
kedah angsal 1 sen sakingpanuwun kula saserepan punika saestu sanget pangajeng-
ajeng kawula, barkahipun para ulami ingkang sami anyepeng pangadilan ingkang
boten ilon-ilonen.
Tajuk Agung 25 Saban Hijrah 1281 kawula pun Kasan Bandri.
Panjurung minongka angsulan dhumateng mitra kula ingkang mawi sesilih nama
Kusumawicitra ing Ngayugyakarta.
O Allah saklangkung kumepyur ing tyas, lir panjang putra dhumawahing selarempu
kawenyet tab-taban ing driya sungkawa, sareng kula maos sserat tipun mitra kula
raden Kusumawicitra wau, dene punapa kawula, Ko kamipurun sumalonong
gumaluweh, dherek nyela-nyela mimitran utawi atur wangsulandhateng raden
kusumawicitra wau, O
Allah inggih boten angejawireni sampu ketrucut inggih aming nyuwun, sewu sewu
gunging pangaksama sampun pisan kawula kagalih tiyang cumendhaka, ing tembe
wingking kimawon kawula damel tepa tuladha bab lelam,pahan ingkang mekaten
wau. Ewa samanten sanadyan nak kawula rumaos kalepatan tiyang panjenenganipun
raden kusumawicitra maksih angajeng-ajeng, kawula inggih niyat nyenyambiti,
anaaming samanten punika sampun pisan dados puguting penggalih. Pada ingkang
kaping sapisan menawi boten lepati tiyang ngratus sinjang, pada ingknag kaping
sekawan menawi boten lepat tiyang ngincup kinjeng, wondening pada ingkang
kaping kalih kula rumaos boten saged amedharaken, inggih sumongga sakarsanipun
raden kusumawicitra wau. Titi.
Sinerat ing Kampung pacinan, kaping 21 Oktober 1872.
Katnadhan Mitra Panduka pun Cin Amongdyasih.

Punika candhakipun serat Undang-Undang

Bab 3.
Tembung kang angomuruk ana para pamulangan tembunging bongsa kang pancen
asli ana ing panggonan dununge pamulangan wau, kaya ta ing panggonan ngendi
tembung jawa dadi basane wongkang asli ing kono kang di anggo muruk iya basa
jawa, ing panggonan ngendi tembung sundha, dadi basane wongkang pancen asli ing
kono kang di anggomuruk iya tembugn sundha, dene ing ngendi basane wng kang
pancen asli ing kono ora makolehi kaanggeo muruk awit saka kuranging pitembungan
utawa awit saka kuranging prabote amuruk pamuruke kudu nganggo tembung
Malayu. Kang kapesthi di wurukana sawiji-wijining pamulangan, amaca lan anulis
tembunge dhewe, utaa tembugn malayu, apa maneh kawruh pathokane elmu etung
(anggunggung, anyengklong, ana karakelan amara), anjaba saka iku ing pamulangan
kena kawurukake prakara kang kasebut ing ngisor iki kawruh tembunge bongsa kang
[ancen asli ing tanah Indiya nederlan sija utawa luwih kawruh tembung walonda.
Elmu etung, sadhuwure kawruh pathokan elmu etung. Elmu bumi Indhiya nederlan
babade nagara Nederlan apa dene babade bumi sajagad. Bubukane elmu kodrat,
Bubukane elmu Katanen. Anggambar. Anembang. Kawruh sadhuwure kang kasebut
ing ngarep iki kena kawurukake ing pamulangan kang pancen panggonane
amurukake kawruh mau, utawa ana ing pamulangan gagolongane pamulangan calon
guru.
Bab ping 4
Agama ora kena kawuwukake ana ing pamulangan kang kasebut ing bab 3 ing ngarep
iki la nana ing ngamulangan calon guru.
Mung Manawa seje wayahe amurukake kawruh kang kasebut ing dhuwur mau anake
wong bongsa kang pancen asli ing tanah indiya nederlan kena kawuruk agamane
dhewe kana ing pamulangan kang kocap ing bab ping 3 ing ngarep iki la nana ing
pamulangan calon guru, samono iku ing ngatase pamulangan kang kasebut ing bab
ping 3, kudu teang saka inspektur lan ing ngatase pamulangan calon guru kudu
terang saka insektur karo terang saka panggedhenin ggurune pamulangan iku.

Bab ping 5
Ing sawiji wijining panggonan kang ana pamulangan siji utawa luwih saka siji,
kapacakan komisi arupa priyuayi utawa mardaka walonda karo priyayi jawa sawatara,
kang padha kabubuhan arumeksa marang lakuning wuruk sapanungalane. Ing negndi
kang ora bisa kapacakan komisi kaya mangkono, guprenur jendral kang bakal
amratikelake rumesane lakuning wuruk sapanunggalane ana ing panggonan kono,
nganti bisane amacak komisi mau.
Inspektur siji lan ajung Isnpektur siji utawa luwih kabawahing dhirektur pan
Onderweis Eredines Eneipereid kang padha kangulatulatake marang lakuning wuruk
ana sakehing pamulangan sapanunggalane ing tanah indiya nederlan kabeh.
Guprewnur jendral amranata kuwajibane lan pagaweyane para komisi kang
kabutuhan arumeksa marang lakuning wuruk sapanunggalane.
Bab ping 6
Mungguh wragade wuruk kang kasebut ing laying, undhang-undhang iki kasongga
dening gupremen, amurih pulihing wragad iku gupremen amupu prabeya bayaraaning
wuruk ana sakehing pamulangan liyane pamulangan calon guru, mung para
pamulangan ing tanah indiya nederlan ngendi nganti sakiki wuruke ora nganggo
kabayar dening kang padha diwuruk adapt iku iya kalestatekake, anggere bongsa
kang pancen asli ing nagara kono lestari nyongga panggawene, pamuylang sarane lan
panyaline gehong pamulangan nganggo kabiyantonan kapitulungan dening gupremen
amnawa ana prelune. Punika taksih wonten candhakipun.

Punika cariyos Babad Mataram

Ing ngaras-aras lumintu, sang dyah ayu kongah kangih, mesem sarwi angandika, mring
raka sultan Matawis, kawula matur sangnata, angaturi pamrayogi. Inggih dhuwung sang
aprabu, wasiyat inggih kakalih,punika atur kawula, kabucala salah siji, kawula kang
rumeksaha, sampun angewedee-wedi. Yen paduka sampun surud, pasthi punika
winasris,temah dados rerebatan, wonten narendra kakalih, dadya ewet wong Mataram,
wekasan atemah jurit. Angandika sang ngaulun, sira bener iku yayi, pemutira marnag ing
wang, besuk sun buwang satunggil, yayi mas kang nampanana, si sangkelat keris mami.
Lah kariya jiwaning sun, manira arsa umulih, pan ing nganti wadyaningwang, aneng
pinggiring pasisir, sang dyah rara awotsekar, kawula tumut sang aji. Yen paduka sampun
rawuh, ing kadhatonnya Matawis, kawula inggih mantuka, ing samadyaning jaladri,sang
nata ngaras kang grwa, lah ta payo nimas yayi. Sang dyah kakanthenan sampun, asta
kalawans ang aji, jimperi lanparayangan, sadaya samya angering, sarwi ambekta ampilan,
yen tinon kalangkung asri. Sang nata nulya lumaju, angambah sireng jaladri, angler
ngambah ing dhartan, ombak ageng aneng ngarsi, lesus agung poncvwora, samya
lumampah ing ngarsi. Wong Mataram sampun wruh, lan wonten ingkang kariyin, barat
ageng poncawora, pasthi rawuh sribupati pan samun saos sadaya, miwah wadya kang
angampil. Sang nata sampun kadulu, miwah upacara adi,kang bekta datan katingal, spans
ampun prapta ing pinggir, sampun sami tinampanan, kadya lumampahpribadi. Anulya
sira sang prabu, garbonge kang den nitihi, kaliyan nyaine rara, nanging tan ana udani,
lampahira rereyongan, dinulu langkung aresmi. Datan kawarna ingngenu, sampun rawuh
sribupati, sangdyah rara apamitan, kakang kawulayun mulih, sang nata angaras kiswa,
ing sun tilarana yayi. Tanenira ni mas ingsun, sun karya panamur singit, sang dyah jiwit
sarya ngucap, dhuh lamis temen wong iki, sasampunira amuncang, gantena tur saking
lathi. Tinampan waja sang prabu, ing ngaras awanti-wanti, sang ngayu nulya lumampah,
mesem sarwi nolih-nolih, sang nata anuting tingal, wus lepas denya lumaris.Sigra
ngadhaton sang prabu, pinethuk ingp ara rabi, samun prapteng dalem pura, wonging jro
samya angampil, sang nata sampun pinarak, dening sakeh para rabi. Tan kawarna
lamenipun mangkana srinarapati, apan sampun apuputra, paninggih jalu kakalih, ingkang
sepuh raja putra, pan sampun amawi krami. Surabaya putrinipun, kang nganama Ratu
Pekik, ingkang anom raja putra anama Radyan Mas Alit, datan kawrna
laminya,mangkana srinarapati.Wus tutug samayanipun, sampun jangkep kalih warsi,
anulya gerah sang nata, ingngadheping para rabi, sang nata aris ngandika, aken nimbali
ing mantra.Tumenggung Wiraguneku,m tibimbalan prapteng ngarsi sang nata aris
ngandika, lah ta keris ingsun iki, buwangen marang sagara, aja angerwuh-ewuhi,
Lamuning sun tekeng surud, aja na ratu kakalih, yen maksih roro masiyat pesthi iku
dipun waris, dhuwung ingsun si sangkelat,labuhen aneng jaladri. Wiraguna tampi
dhuwung, anulya sira lumaris, datan kawarna ing marga, prapta tepining jaladri, wonten
alun agneg prapta, punika kang anampani. Dhuwung pan sampun linabuh, ki Wirguna
wus mulih, sampunprapta ing kadhatyan, wus katur dhateng sang aji, sang nata aris
ngandika,lah undangen putra mami. Lawan sanak sanak ingsun, kang kinon nembah
lumaris ingkang putra tinimbalan, pangeran purubayeki, wus prapta ngarsa sang nata,
denawe dening sang aji. Angandika sang ngaulun,lah kakang manira iki, prapta ing
dinawekasan sih ing hyang marang sun iki,lah kakang wekas manira, dene enet penet
kari. Pangran purubaya matur sinten kang yogya gumanti,kanjeng sultan aris mojar,
kakang karsaning sun mangkin,putraningsun kae arya,Mataram ingkang genteni. Dening
putraningsun sepuh, klayan jumeneng narpati, dening arine ki Jaka, puniku miluwa
mukti, sang nata sampun mamekas, gurnita suwara nauri. Gunung Marapi
gu,udhug,miwah swaraning jaladri,s arta barat lan ampuhwan, saha udan riwis-riwis,
sangnata sampun sinundhang, sigra mapan sribupati. Kang tangis umyung gumuruh,
garwa lawanpara selir, wong dalem sami karuna, sasambate melas asih, kang putra kalih
karuna, asarwi samuya nungkemi. Jropura swaranya umung, geger wadya ing Matawis,
wong cilik samya puyengan, kawarnaha sribupati,kang layon wus siniraman, anulya
dipun ulesi. Nulya sinalatken sampun, layon wus munggwinging kanthil sampurna nulya
binekta, pinikuling para modin, kang garwa samya karuna, miwah ingkang para selir.
Samun miyosing kadhatun, binakta dhateng Magiri, pan sampun prapta ing ngarga,
layone sultan wus manjing, mring kaluwat lelandhakan, apan sampun den urugi. Kaum
maca donga sampun, anulya prasami mulih, garwa kalawan Santana, miwahingkang para
mantra, prasami kawelas arsa, sinamberan dhadhang muni. Kala samana den sangkalani,
bujongga manggih wisiking nata, poma enget enaka kabeh,wadya pans ampun rawuh, ing
pasowan atata linggih, pepak wdya Mataram, aneng ngalun-alun, pan samya
rerembagan,kang jumeneng narendra aneng Matawis, mantra pepak sadaya. Kawarnaha
wau sribupati, Purubaya wus aneng paseban, alinggih neng paglarane, pangandikanya
sru, wong mataram wruh anireki, nagara ing Mataram, ingsunkang jujuluk, ora anane
sang nata, iyaingsun kang parentah ing Matawis, sapa ingkang malanga. Tekakena ing
karosaneki, sakathahe Santana Mataram, ingsun mungsuh ira mangke,prasantana
tumungkul, praadipati samya ajrih, mantra wedi sadaya, tan ana kang purun,
mringpangeran PUrubaya, sami anut tan ana suwaleng budi, datan lengganeng karsa.
Adipati Purubayaangling, ingkang putra anuywa ing ngankat, pangram Arya
Matarame,linenggahaken sampun, ing dhadhampar gdhing rinukmi kasur babut
sinulam,linenggahan sampun,jeng pangeran Purubaya, sigra lengser pinarakan pradipati,
kagyat para Santana. Sakathahe mantra ing Matawis, nora nyana yen pangram Purbaya,
mengko karsane samene, dadya sangsaya takut, sakathahe mantra matawis, sami ngakat
sadaya, tan anakang nyandhung, geng alit para Santana, tuwa an0m sadaya sami
ngestreni, dhateng srinaranata. Dhatuk Sarip miwah para alim,myang pandhita ngestreni
sadaya, pagulu lawan ketibe donganipun jumurung, yen pangeran arya Matawis,
jumeneng ing Mataram, amengku kadhatun,jumeneng kanjeng susunan amangkurat
sanapati tanah Jawi, jejuluk Ngabdurahman.
Ongka 46 Kemis kaping 14 NOpember 1872

KUlawisudhan
Kanjeng Tuwan Mister, T.H. Dher Kindheren dhirektur Pangadilan kaangkat jumeneng Lid ing
Indiya Nederlan.

Banyumas
Awit saking panyuwunipun piyambak raden mas Cakradireja, Mantri PUlisiing dhsitrik Banjar
(Banjarnegara) kaelih dados Mantri gudhang kopi ing Banyumas.
Raden Mas Jayadipura, Mantri gudhang kopi ing Banyumas angentosi dados Mantri pulisi ing
dhistrik Banjar, (Banjarnegara)
Wau Raden Mas Cakradireja ingkang rayinipun kanjeng Benfaraingkang Bupatiign Banyumas.

Cariyos tuwin pawartos warni-arni.


Cariyos paurmatan nalika dhaupipun Kanjeng Raja Cina
Para pangageng ing kadhestrikan ing nagari Cina, sadaya sami kadhawahan angurmati dhaupipun
kanjeng raja, menggah paurmatan wau salamenipun wonten pasamuwaning kadhaton para tiyang
sadaya bawah ing nagari Cina samikadhawahan amasang dilah wontening griyanipunpiyambak-
piyambak punapa malih ing dalem tiygang dinten ing salebetipun wonten damel wau, boten
kalilan andhawahaken serat karampungan utawi anindakaken paukuman punapa malih
sakathahing tetenger: Monimen, salebeting kitha Peking, sami karenggaing burdiran sima, beanng
slaka utawi benang sutra sapanunggilanipun ing ngalun-alun sangajenging kadhaton, kapasangan
tarub sakalangkung kathah, sarta mawi dipun langse ing sutra,inggih punika panggenanipun
titiyang cina ingkang sami anabuh gamelan dene nalika dhaupipun kanjeng raja Cina pinarak
wontening panggungan ngetrun makaten punika manut adat kina, kanjeng raja wau sasampunipun
lenggah wonten ing ngriku, para pangageng sadaya sami angurmati tataning nagari Cina,
ajengkeng kaping 3 sarta anyembah kaping 9 sareng enjing wancijam 10 titiyanipun kanjeng raja
awarni grebong, kaunjukaken menggah grebong wau ing lebet tuwin jawi sami karengga ing sutra
sakalangkung endah, utawi pojoking grebong sakawan pisan sami karengga ing burdiran sima
benang jene, dene ingkang mikul grebong wau tiyang 8, sami mangangge rasukan wacucal sima
kaliyan sutra ijem menggah caranipun ing nagari Cina, panganten estri ingkang dhateng ing
griyanipun ingkang jaler, anaming dhaupipun kanjeng raja wau wonten sanesipun kanjeng raja
utawi garwa dalem sami tindakan apepethukan sarta kadherekaken para abdi jaler estri
sakalangkung kathah sami ambekta eting dalancang awarni-warni, dene konduripun dhateng
kadhaton kanjeng raja sagarwanipun wau lajeng tindak dhateng ing bangsal ageng ingkang mawi
kalemekan babut ninaludir ing benang jene tuwin ijemkapetha gambar sima, satengahing bangsal
wau wonten mejanipun satunggal kapasangan dilah lilin abrit wonten ing kandelar jene ugi
kapetha sima, punapa malih ing meja wau wonten satunggaling wadhah awangun gelas ageng
kadamel saking jene ing nglebet mawi kaisenan wedhi kaliyan lantakan dusdusan kathahipun 3,
ingkang sami karatus winastan lunsiyan sangajengipun wadhah wedhi wau kadekekan
pangunjukan winastan beker, sadaya wau ingkang pinetha dhaupipun kanjeng raja. Saderengipun
dhaup kanjeng raja Cina lenggah ing kursi jene wonten ing Ngetrun sawatawis menit dangunipun
dene prenah sisih ing ngetrun wontensatunggal gajah pethak tuwin singa barong satunggal sami
kacancang rante wonten ing ngriku, ing samongsa sampun wonten tetenger para priyantun
sapanunggilanipun ingakng wonten ing ngriku sadaya sami anymed dilah ting dalancang warni-
warni, kathahipun 1500, para priyantun wau sadaya lajeng sami ajengkeng, inggih punika tondha
pakurmatanipun bilih kanjeng raja sampun dhaup sasampunipun kanjeng raja tuwin kanjeng raja
putrid titiga, winastan mandarin kanjeng raja Cina tuwin kanjeng raja putrid titiga lajeng sami
ngunjuk toya tajin ingang minongka sarat sarta sampun kadonganan wonten ing Beker, wasana
kanjeng raja putrid titiga wau sami angabekti dhumateng ingkang garwa.
Serat telegram saking nagari Walandi, anyariyosaken manawi PRines Hendrik rayi dalem
Kanjeng Raja Willem kaping III, ingkang jumeneg sapunika, benjing ing salebetipun wulan
Dhesember ing ngajeng punika, karsa tindakan dhateng ing nagari Jawi, anitih baita kapal latu
winastan kuning dhernederlandhen ingkang mentas rampung ing pagarapipun.

Serat kabar saking Surabaya ingakngwinastan bintang timur anyariyosakenlalapahan rumiyin


pratelanipun kadosing ngandhap punika.
Ngabei Sura
Adiwijaya ing nagari Bangil kala alamipun kanjeng tuwan ingkang wicaksana guprenur Jendral
Rimesdheik sampun kakulawisudha dados bupati ing ngriku anama raden tumengung Sura
Adinagara, katrimahipun saged adamel tata-tentrem sarta gemahipun nagari ing Bangil, sareng
alamipun kanjeng tuwaningkang wicaksana guprenur jendral W.A.Alter, Raden Tumenggung
wau kapatah angereh sarta ambawahaken natgari ing Malang tuwin ing ngantang, sareng ing taun
1795 anampeni serat pangalembana saki gkanjeng tuwan igkang wicaksana guprenur jendral
mister F.G. Van Oversetraten sagedipun anindakaken pangerehing praja ing nginggil wau, taksih
tunggil taun kaangkat nama adipati dening kanjeng tuwan ingakng wicaksana guprenur jendral
W.A.alter wau sarta kapatedhan ganjaran bintang rider saking kanjeng tuwaningkang wicaksana
guprenur jendral Mareskalek Dandeles. Kula tugel samanten kemawon pamendhet kula
gancaripun cariyos ing nginggil punika, dene sangandhapipun boten susah kula lebetaken wonten
ngriki, amargi rosing pikajenganipun namung pangancabipun patih ing lumajang kaleres
buyutipun kanjeng raden adipati wau anggege mongsa sageda dados bupati ing Bangil kados
eyangipun buyut sanadyana patih wau mawi anyethakaken kabanteranipun anggarap damel:
Lalabuhanipun Kanjeng Raden ADipati Sura Adinagara wau pantes kacangkok dening priyantun
calon ageng kados patih ing Lumajang, makaten ugi priyantun ageng sanesipun.
Kanjeng Raden Adipati Kagugnan patilasan wonten ing Bangil gedhong-gedhong tembok sata
masigid sapriki taksih.

Surakarta
Bok Reso Wijaya tiyang alit ing dhusun Tangkisan Krapyak (Kartasura) kala kapig 2 Oktober
kapingker wau pejah jalaran anggenipun menek wit so, rak mokalipun bot resawijaya piyambak
tiyang estri ko purun pethakilan anggarap damelipun tiyang jaler amemenek criyosipun pang so
punika semplak sanadyana anggenipun ngenciki kaanggang-anggang, inggih gampil sempalipun.
Kaki kaki anama Jagadrana sampun ngumur 90 taun sampun jompo sarta tuna mripat tumut
anakipun jaler wontening dhusun Kranon (Kartasura) kala kaping 2 Oktober kapengker wau pejah
kasegur sumur sumerep ing anak putunipun sampun pinanggih pejah, O mesakaken temen kaki-
kaki punika dene pejahipun kadadak sanadyana wewahing ngumuripun boten sapintena, sumur
punika punapa dereng dipun pageri kados dhawuhing nagara ingkang sampun kalimrahaken bok
manawi pulisinipun ing ngriku dereng kober andhawuhaken. Lare estri anama sadiyem ing
kampong Nagabandan (Surakarta) kala kaping 1 Nopemberpunika kascegur sumur, jalaran
anggenipun nimba kapleset sukunipun rah ajengipun konangan sakkal lare punika lajeng kenging
kaentas kala lare punika taksih kampul-kampul saiba gugupipun titiyang ingkang sami tutulung
mangkaten ugi titiyang sepuhipun, sumur punika sampun kapageran inggih punika pulisi ingakng
ngemen-emenaken dhawuhing nagari, sampun mongkok ta den rongga. Katandhan Canggeh.

Ing Pamulangan Jawi ing Surakarta.


Awit saking panuwun kula saha sinantosan dening panjenenganipun para guru, ing mangke
pamulangan jawi ing Surakarta ambucal pangrangkeping aksara, Na, ingkang botenwonten
prelunipun jalaran among katelahing limrah kemawon, dados wiwit sapunika tanggenipun
pasangan Na, kados dene pasanganing aksara sanes-sanesipun. O, O, memelas temen pasangan
Na, dene teka kasuda pangawasanipun boten kenging gadhah pratingkah sawenang-wenang
malih, ananging ingkang makaten mai aking kalepatanipun pasangan Na, piyambak,nalika jagad
teksih peteng, piyambakipun remen anggendhola adamel kasusahan ananging ing mangke
dumugining jagad wiwit katrontongan dening soroting surya, pun pasangan Na, atampi
kawirangan minongka patuwas anggenipun agandhul, pangajeng-ajeng kula saderengipun wonten
parama sastra enggal ingakng badhe sangsaya anyelaki resiking anyerat miwah basa jawi, serat
kula punika kemawon sageda sumebar rumiyin ing pamulangan jawi sadaya.
Sinengkalan hyang suyksma anggung kaesthi, ing driya katandhan Gunawan.

Wangsulan kalayan suka pirenaning manah ingknag terus ing batos sarta atur panarimah
dhumateng mitra radyan darma pangrekadaya, dene karsa ana yogyaningparingpanjarwa dhateng
kedhenging manah kula, babasan kalih bab ingaskng sampun kula aturaken ing mitra kula raden
kusumawicitra, ingkang punika sampun kula raosaken paring sampeyanjarwa sadaya wau sakin
gpanimbang kula sampun kathah leresipun, ewadene sareng kula tawekaken dhateng
kridhamardhawa, ingkang gadhah cangkriman sadaya punika saweg radi memper kemawon kula
dipun purih ambudi malih utawi dipun wewahing cangkriman malih, ingkang winastan (Uwong)
punika dumukanipun ingkang pundit, mila dados sangsaya kodhenging manah kula, nanging
ngantos samangke inggih taksih kula budi, awon nganggur kadamelna mur cagak lenggah
salebetipun siyam tuwin andadosna tambah pepaking cariyos bramartani.
Sapta kaping 9 wulan punika, katandhan Open.

Manawi kepareng karsanipun tuwan redhaktur panjurung kula punika mugi kapacaka ing Koran
Bramartani.
Nalika dintenAkat wanci jam 12 dalu wulan siyam kaping 2 ing taun wawu ongka 1801 ingkang
rayi Raden Tumenggung sonta Atmaja, wasta Raden Mas Sungkana, dados abdi dalem
panakawan putra, saweg umur 28 taun putranipun suwargi kanjeng pangeran ARya riya Juminah,
atilar donya mantuk dhateng kalanggengan ingakng andadosaken gumuning kathah boten mawi
sakit, wancijam 7 taksih tumut traweh, lajeng maos serat semarasupi wonten ing nglatar mawi
masang dilah utawi gelaran tajang sirah boten tebih kalih gedhong dalemipun rudene ingakng
sami dherek maos wau, 3 ingkang 2 teksih alit umur 15 taun ingkang 1 sampun sepuh, sareng
wanci jam 10 abdi kalih wau dikakaken sami maos raden mas Sungkana kersa nganglang
dhateng jawi, kadherekakenputra kapenakanipun piyambak saweg umur 12 taun abdi tiga teksih
maos, sareng pukul 11 wangsul agentosi maos sawetawis dangu anggenipun maos dikakaken
gentosing abdinipun lajeng nganglang malihdhateng jawi kadherekaken abdi satunggal, ingkang
kalih sami maos putra kapenakanipun ingakng tilem dhateng pringgitan, sareng wangsul
anggenipun nganglang wau lajeng maos malih sarta gegujengan langkung rame, ngendika
dhaeng abdi ingkang maos bokya uwis gonmu maca, maripatku banget baliyut arep turu bae,
sareng kendel maos seratdipun singahaken gedhonglajeng sami ura-ura, radne mas sungkana
anyendhoni, sareng jam 12 ngendika dhateng abdi uwis bedhur punika lajeng mungel ngek-ngek
kaping 3 sarwa galebak mangetan anggenipun sare, lajeng wungu acandhak abdi ingkang sepuh
sarwi kapulasara kabekta lumebet ing gedhong dipun sarompa ing sedherek kathah ananging
napas sampun ical kawestanan teksih saget mulya sabab seliranipun taksih anget saha keteging
bay wonten, sareng tuwan dhokter rawuh ngendika yen sampun ical, kathah sami gumun dene
boten mawi sesambat yen mekaten nalika kabekta lumebet dhateng gedhong sampun ajal saweg
ing wulan ruwah kaping 22 dumuginipun wulan siyamkaping 1 lelageyanipun raden mas
Sungkana wau kersa sisig adatipun boten nate sisig yen dalu nganglang dhateng jawi sare-sare
yen pukul, 4 punapa malih anggenipun siram jamas kaping 5 sarta resikan sanget kula ngaturaken
mekaten wau adatipun boten resik punapa malih boten nate lathi.
Katandhan Raden Mas Dipataruna

Panjurung wangsulan
Serat Bramartani ognka 44 wulan Oktober taun punika, wonten panjurungipun mitra kula ingakng
paparab abdul Supi ing Ngayogyakarta, karsa mangrasehaken cangkriman saking mitranipuning
Purwareja, suraosipun namung 4 bab 1 kawit sadurunge awal 2 sauwising ngakir 3 suwung
nalikane ana 4 tatkala atunggal alas sirna, ingkang punika sanadyana kula boten katuju ing karsa,
ewadene mugi sampun andadosaken cuwaningpanggalih manawi pareng kula dcumandhak
anyelani atur sakedhik, saestu cangkriman sakawan bab maha nglangkungi angel anawi kula
boten paja-paja saged anggayuh, dene para sujana ingkang sampun putus pandugi kula pakewed
anggenipun badhe anjarwani wonten ing Bramartani, margipunika surayosipun suluking ngelmi
gaib yen sarengatipun agami jawi kadamel wados,panunggilanipun kados ta babasan adhining
wragil kakangne pambarep utawi dhalang amayang, sampun bibar dereng mucuki lekas dereng
bedhol kayon,makaten sasaminipun, dene wadhaganipun saking pamanggih kula punika
manggenipun dhateng isbat pepesthening manungsa sakingingkang maha kawasa mired
cariyosing serat Tajusalatin, manawi manungsa awit taksih wonten salebeting guwagarbaning
tiyang sampun anggadhahi pepesthen andhap luhur begja cilaka sapanunggalanipun salamine
agesang, utawi malih sanepaning wayang ugi makaten awit taksih wonten ing kothak sampun
dipun pesthi badhe lampahanipun sanadyan ki dhalang inggih boten saged angewahi, namung
anyondhongi karsanipun ingakng kagungan pawasa, tuwin kidhalang wau taksih tarik tinarik
kaliyan wayang, wayang kapurba ing dhalang,ki dhalanag kawisesa ing wayang pratandhanipun
upami ki dhalang anyepeng janaka, saestu boten yen kadamela swara kados petruk makaten
upamenipun wasana leres lepat kula sumongga namung punika pamanggih kula, menggah
katranganipun kagaliya piyambak.
Katandhan Open muridipunKridhamardhawa

Serat rinengga binusanan pianos sinuji, saha kanthi tabe pakurmatan kula mugi katur ing saudara
kula tuwan F.L.Winter redhaktir ingkang ngasta pawasa serat kabar Bramartani ing Surakarta,
manawi dhangan ing panggalih sarka sela ingpapan kula atur panjurung cangkriman boten kathah
naming VI iji mugi katur ing mitra kula para sarjana ingkang sampun sami kapacak ing serat
Bramartani, kados ing ngandhap punika.
I. Bisa lumaku ora bisa tumindak kados pundit menggah wijangipun
II. Bisa ngising ora bisa ngentut
III. Ngrungu swara ora denger ing rupa
IV. Bisa weruh ora dhenger
V. Yen molah kur sedhela nanging ora duwe japa
VI. Ana kacang nanging mangan nongka kados pundit wijangipun naming gsepen tan
minggah cangkriman kula wau, ingkang punika para sarja mugi gula aturing sami
amijane menggah cangkrinman kula punika tuwin ingkang sami dereng nate atur atur
pikabar inggih kenging usul, menggah panjurung pikabar cangkriman kula punika
mugi mugi wontena karsa panjenenganing amacak ing dinten repati ngajengpunika.
Siinerat ing Sukaraja 1 Nopember 1872 Katandhan Mitranta kula pun Wigyasastra
Mamanising wangsulan kairing salam taklim sarta binusanan, ingpaurmatan kangmiyos, saking
tyas sukci luhung, tumanduk kari mitra sami, siswaning pawiyatan, ingkang ajujuluk Rahaden
Darmakusmawa, nenggih ingkang pilenggah ing kampong Kranji, prajagung PUrwakreta.
Wiyosing pun ulun sampun tampi, wangsulan tumrap ing srat kabar, Bramartani duk mijile, ri
respati ing dangu, kanangoka catur dasadmi, OKtober pipitulas desuraosipun, ambatang
cangkriman amba,jalma ingkang tus bas wowohan triwarni, dhuku manggis lan nanas. Mawa arta
sru piyah tembagi, katranganing pambatang paduka, taksih nalisir yaktine,karantene punika,
lamun kula gunggung, thehing, wowohan tigang warna, leres jangkep satus, nanging etanganing
arta, dereng condhong mangke ta kula wiwiji, upami manggis sawlas. ARtanipun satangsul
tridhuwit,nanas sadasa tumbas nem uwang, etanging arta gungge, sang wang tri dhuwit wus, nuli
dhuku pikantuk neki, pan sapta dasnawa, dadya artanipun, pitung dhuwit taksih malang, kang
casanga sapinten pangaosneki, wit sadhuwit sadasa, Yen tinumbas wonglung dhuwit yakti, taksih
kirang kang dhuku satunggal, temah langkung etangane, ing tatelasanipun, saking atur paminta
mami, kang mugi sampun pisan, dadya saking kalbu, dene pambatang paduga, ngarsa wau kula
dereng anyondhongi tan dados punapaha. Awit wau cacangkriman mami, nguni sampun wonten
ingkang batang, kretabrata mitraningong, ing barebes prajagung, kapacaking srat Bramartani,
ongka tridasanawa, rinenggeng skar pucung, punika pambatnagira, sampunleres jangkep satus
neki, arta lawan wowohan. Marma atur ngong sanadyan mangkin, mitra mbarad dyan
darmakuswara, deng leres pambatange, wastu bingayah kyasa ulun, kraten mitraning ngong
kaeksi seneng sarta prasaja, kawistateng semu, pratondha karsa met mitra,mring pun kula ki kang
dahat mudha pinging, lan taran gegujengan. Amung sadaya atur wong nginggil manawi wonten
kang kalepatan, saruning parikramane, nyuwun aksaman tanggung, titi sinrat karang kumuning,
ribud pitri dasa, Oktober lekipun, warsa Sewu astha tusnya, langkung sata dasa kalih
katandhaning Mitranta Wartatama.

Punika candhakipun serat undhang-undang


Papacak kang pungkasan
Guprenur Jendral anindakna pratikel kangkatimbang prelu amurih kalakone laying udnhang-
undhang iki
Para guru lan para guru baantu apadene prara murid kang kalatumapake laying udnhang-
undhang iki wus padha lumaku ing gawe ana ing para pamulangan lan makoleh ikng
panggaweyane,kalestarekake ing kalungguhane.
Para murid kenane kadadekake guru Bantu lan para guru tantu kenane kadadekake guru yen wis
padha anetepi papacak kang bakal katamtokake dening guprenur jendral
Minister ingksun pan koloni amurih akala kone laya kakancingan iki, mungguh turunane bakal
kakirim mangke marnag rad pansate supaya sumurupa ing unine,
Dhawuh ingkang kancingan iki ana ing Lo tanggal ping 3 sasi Mei taun 1871 .
Wilkes
Minister Pankoloni
Pan Bose

Wus cocok kambi babone


Sekretaris Jendral ing Ministering pan Koloni
Dheit

Lan supayane aja ana kang ngarani ora sumurup ing unine kanjeng tuwan ingkang wicaksana
guprenur jendral ing Indiya Nederlan sawuse saha miyarsaakake ature rad Indiya Nederlan
adhawuh laying undhang-undang ikikapacaka ana ing laying Statblade tanah Indiya Nederlan lan
ing saprelune katuruna ing tembung jawa mal;ayu lan cina banjur katemplekna ing agonan
salumrahe
Sarupaning npriyayi kang lumaku ing gawe gedhe cilik padha kadhawuhan sapira kang dadi
bubuhane dhewe-dhewe amurih kalakone laying kakancingan dalem sirmaharaja kang kasebut
ingdhuwur iki, aja ngango mawang wonge.
Dhawuhing parentah ing Batawi ping 22 sasi Juli taun 1871
P.Meiyer
Algemen Sekretaris an Arenkarsepel.

Punika cariyos Babad Mataram


Sayidinanata ing Ngagami, wong Mataram pan oter sadaya, miwah pradipati kabeh,moncanagara
takut, wong pasisir prsamya ajrih, tan winarna laminya, denya madeg ratu, ing Mataram bangun
karta, wus kasusra ing tanah sabrang narpati, ratu tanpa sisiyan. Tan winarna laminya ing
mangkin,srinarendra arsa siniwaka, ing dina soma mangsane, uypacara wus metu, sribupati
anulya mijil, ginarbeg ing badhaya, kwehnyapitungpuluh, sami lumampah neng ngarsa,
samingampil upacaranira sring, banyak mas lan menthok mas. Kakacu mas lawan sawunggaling,
kang cepuri gandhek aneng ngarsa, ardawalika jajare, waos ampilanipun, samya ngapit ing kanan
kering, pedhang lawan sarampang, parekan sang prabu, mager sarine akapang, towok tulup panah
pedhang tamsir, amyang kang tumbak sulam. Priyantaka munggeng ngarsa tebih, sarageni ajajar
atarap,kekondha ngapit margane, sang prabu wus tumurun, ing sitinggil lampahnya aris, dhateng
bangsal witana, pagelaranipun wus pinarak neng dhadhampar, srinarendra cintanya tuhu apekik,
watek prabu taruna. Ahyanira sang nata nelahi, warnanira lir pendah sasongka, mentas kagrahan
atrange, riyem riyema semu, cahya wening lir mas inangling, lir hyanghyang kamajaya, sehdenge
tumurun, sangking swarga marang dunya, wong mataram sadaya awedi asih, mring Prabu
Amangkurat. Kang aseba ngapit kanan kering,wong kapedhak in gwuri sang nata, gedhonglan
pamajengane, lir naka pedhak tanggung, Jagabaya ing kanan kering, sisih wong Cangkraknyana,
pinilih sumambaung, kartiyasa wisamarta, lan wong manggangyuda manggala anankil,
katanggung jajarira. Wirabraa aseba asisih, brajanala lawan patrayuda, kanomanika jajare,
gandhek saba ing ngayun, mantra anom rada kapering, lawan wong sanagara, sisih martalulut,
margongsa wong ajajar, Suranata kapering rada kawuri, niyaga wingking wetan. Myang wong
game ling ngarsa kapering, pan punika anangkil sadaya, pra bupati ngarsa kabeh, Santana sepuh-
sepuh, jeng pangeran purubayeki, pangram silarong ika, jajare alungguh, lan pangeran
Pringgalaya, tepeng saraprawiratruna anangkil,pangeran Martapura. Adipati Puger pan anangkil,
jajarira pangeran Balitar, dipati Mangkubumine, lan Wiramanggaleku, tepaana seba jayeki, lawan
kusumayuda, demang Malangipun, lan radian wiranagara, wirsari kalawan dyan Wiramantri,
radian Wiradipura. Pan punika Santana narpati, pan akathah ingkang kalangkungan, sangking
cupete budine,tumenggung Singaranu, kang sumambung Santana aji, sadaya pan jajarnya,
pepakan supenuh, numbak anyar sinambungan, wong pasisir sadaya samya anangkil, miwah
moncanagara. Ingkang sedherek srinarapati, jeng pangeran arya wastnira, Danupaya pamomonge,
ajujuluk tumenggung, jeng pangeran Arya anenggih, dawek kumalakala, ika wayahipun,nanging
dereng mawi karma, pan wus nangkil munggwing ngarsaning narpati,jajar lawan Santana.
Angandika sang srinarapati, eh sakehe wong ingsun Mataram, padha anyandhaka kabeh, ing
mangke karsaningsun, kitha arta ing sun alihi, akarya kitha bata, palereta ingsun, satilase kanjeng
rama, datan purun ingsun arsa suning seri, karya yasa priyongga. Lan maninge ingsun mirsa
warti,Balambangan ingmengko korinebat, marang wong Bali wartane, iya si Tawangalun, wus
angidheb marang wong Bali,lah uwa purubaya, dika kula tantun, kadipundi solahdika, boten
sagedt yen lampahana tumuli, uwadika pikira. Jeng pangeran PUrubaya angling, yen suwawi
daweg linanpahan, kinawonaken jurite, lamun kawon kinelun, binoyongan aja nakari, mongsa
wande punika, angger dados mungsuh, srinarendra angandika, sapa sinten uwayogyane tinuding,
anglurug mring Balambangan. ADipati Purubaya angling, botenkenging yenkula matura,
langkung karsane ing angger, angandika snagprabu,lah ta wiraguna sireki, sira pan adandana, sira
sun konnglurug, situmenggung Danupaya, rowanira angirida wong matawis,lan wong
moncanagara. Lah tumenggung Mataram sireki, angirida pasisir sadaya, metuwa laut
jurite,nanging ta putraningsun,kidipati Sampang sireki, aja miluwa yuda, iku karsaningsun,
anging ta sira tuduha, paa mantra sapa ta ingkang prayogi,matur dipati Sampang. Sampun jengkar
sangnata tinangkil wus malebet aneng dhatulaya,warnanen para mantrine, tumenggung
singaranu,angundhangi mring wong Matawis, padha sira bithaka, palerete genipun, pan sampun
nyithak sadaya, kawarnaha tumenggung Wiraguneki, sampun sami adandan. Miwah pasisir
moncanagari, ing ngutusan kinen asaosa, wusajangji patemonem ki Wiraguna sampun, sakancane
anuhun pamit, nanging tan winiyosan,dening sang aprabu akinen bubar kewala, sigra bubar
tumenggung Wiraguneki, tumenggung danupaya. Sakancane pan sampun lumaris,kitumengung
wau wiraguna, ki danupaya rongwange, dening kyai tumenggung, ing Mataram marang pasisir,
kinen anjenengana, kang ajaga laut wadya pasisir sadaya,nanging adipatisampang tan umiring,
maksih aneng Mataram. Tan winarna laminya ing mangkin, ingkang nglurug datan
cinarita,akarya pan sampun akeh, kinarya bata sampun, wong Mataram anambut kardi, engena
samana, agantya winuwus, pangeran Arya winenang, duk pinaraking dalemira siniwi,tumenggung
pasisingan. Mareg dhateng pangeran ARyadi, anakira aran Agrayuda, among punika rowange,kya
pasisingan matur,kadi pundit paduka gusti, dening kendel kewala,kawula anuhun,ingmangke
punapa karsa, raka dika sampun jumeneng narpati, sampeyan teka eca. Jeng pangeran arya
ngandika ris, apan ingsun tan sedya mangkana, mringkang ngemas jenenge, pan sanakingsun
sepuh, kang prayoga jumernrng aji, genteni kanjeng rama, wong Mataram rembug, denya genteni
jeng rama,neng Mataram payogya sun abekteni, ingsun ngaubing kakang
Ongka 47 Kemis kaping 21 Nopember 1872

Cariyos tuwin pawartos warni-wani

Surakarta
Kertayuda ing dhusun Mangunan (Ngampel) pejahipun kaniaya wonten ing lepen Kenanga
(Ngampel) kadhelikaken wonten ing gampeng, kapanggih ing bangke kala kaping 9 Oktober
kapengker wau, dene labeting taunipun sampun boten katingal babar pisan amargi bangke punika
sampun lonyoh sarta sampun ical sipatipun bokmanawi sampun kalamen tuwin kapep
inggampeng wau,suprandosipun pulisi saged angsale sarta lajeng saged nyepeng tiyangipun
ingkang kakiten anganiaya wau. Kala kaping 10 Oktober kapengker wau wanci siyang jam 11
bok setradongsa ing dhusun Sembung (sragen) wonten tegil andhudhuk kacang cina, mripatipun
ingkang satunggil kacipratan gotri satunggil dados sami ijen dene tiyangipun ingkang
angungelaken sanjata bok Setradongsa boten sumerep ilah saiba anggenipun anjepluk bok SEtra
dongsanalika kakoser mripatipun sanadyana agengipun gotripunika inggih sagotri. Kala kaping 1-
Nopember punika wanci sontenjam 4 ing Baki (Kartsura) wonten angina ageng, griya-griya ing
ngriku kathah ingkang mowat-mawut payonipun malah wonten griya 10 ingkang kalajeng
ambruk tuwin wit-witan ageng-ageng, 15 ingkang rebah sol rahajengipun boten wonten
tiyangingkang nemahi sangsara, angina ingkang sawenang-wenang anggepipun punika punapa
boten ajrih dhateng pulisi sarta pulisi punapa boten sage nyepeng ingkang badhe amanggih
gobog.

Ing samangke paprentahan nagari sampun karsa andhawahaken serat ideran dhateng para
priyantunpangagenging nagari, bab panumbasipun serat pananggalan taun punika, damelan ing
Samarang, serat ideranpunika saestu kalangkugn kathah pakantukipun awit kaanggep punika
dhawah saking kanjeng parentah ageng, saupami parentah nagari anglastantunaken karsa
amitulungi dhateng para sudagar sadaya,ingkang tamtu andadosaken kamayaranipun,ananging
lalampahan makatenpunika kalebet wawaleripunkanjeng gupremen ing ngatasing para amternar
ingakng ngasta panguwasa ingnagari, boten kapareng ambiyantoni dhateng panyadenipun barang
dadagangan,kados denign ingkang kasebut ing seratpranatanipun kanjeng gupremen awit barnag
dadagangan wau saestu badhe tumuntenpajeng, amargi ingkang tumbas rumaos kaduwung boten
kalayan kasenenganipunpiyambak.,

KADHIRI
Serat kikintunan ingakng pinacak ing seratpakabaran winastan Bintang Timur anyariyosaken
manawi,kanjeng raden mas Adipati Arya Suaningrat Bupatiing Kadhiri, nalika ing dinten Salasa
tangal kaping 13 wulan punika, ing wanci siyang pukul 3 sampun atilar donya mantuk dhateng
kalanggengan jalaran sakit wudunen ing geger satunggal maripat sanga, enjingipun layon kabekta
dhateng ing Tulungagung,kapetak ing mejan dene parapriyantun ageng alit bawah ingKadhiri
sami andherekaken dumugi ing Tulungagung, kanjeng Raden Mas adipatiSum,aningrat wau,
titilaranipun putra jaler estri taksih sami alit-alit.
Serat pekabaran Walandi saking batawi anyariyosaken kala kanjeng gupremen walandi utusan
kanjeng tuwan Ogefin amisungsungi bintang ingkang winastan Grutkrisvan de Nederlan Senleyo
dhumateng kanjeng raja Siyam menggah lampah-lampahipun kados ing ngandhap punika:
Kanjeng tuwan Ogefin anitih baita kapallatu Piser Admiral, kala tanggal kaping 2 wulan Oktober
taun punika rawuhing saganten talatah ing Siyam sarta baita kapal latu ing Siyam winastan
Inperatriseeseniingkang kabawah dening tuwan kapitan Pole, sarta ingkang isi para ageng ing
Siyam tuwin tuwan PIkensak, konsul walandi ingkang wonten ing nagari Siyam kalampahaken
dhumateng ing saganten wau, kaangge methuk tindakipun kanjeng tuwan Ogefin dhumateng ing
dharatan.
Dalemipun tuwan Pikenpak ingkang kajujug rawuhipun kanjeng tuwan Ogefin punika rinengga
adi, dene ingkang amanggihi wonten ingngriku sekretarising Departemen Panbiten lan Sesaken
tuwin para Amtenar ageng sanesipun sami angaturi wilujeng rawuh, sarta anyuaosi kamar kamar
panggenan angleremaken sarira. Kalih dintenipun kanjeng tuwan Ogefin tindak ing dalemipun
minister Panbiten lan Sesaken minister wau lajeng anglairaken pamuhi panarimahipun kanjeng
raja Siyam sarta angaturi sumerep cuwaning panggalihipun dene kala samanten boten sumerep
dhateng kanjeng tuwan Ogefin jalaran kanjeng tuwan wau pinuju gerah sariranipun sarta lajeng
rumaos bingah dene saged sumerep malih kaliyan tuwan Kapinponse. Ing wanci jam gangsal
sonten kanjeng tuwan Ogefin katamuan sadherekipun kanjeng raja nama Pgpangeran Praonon
Giyato, kanthi sekretaris POrtikulir, kautus dening kanjeng raja Siyam ingkang kapisan
amaringaken wilujeng rawuh. Tigang dintenipun tanggal kaping 4 kanjeng tuwan Ogefin
katamuan minister panOloh akaliyan minister panbiten lan Sesaken salajengipun ing wanci
sonten kanjeng tuwan Ogefin aningali patamananipun minister Panbiten lan Sesaken ingkang
sakalangkung sae.
Punika taksih wonten candhakipun.

Nalika tanggal kaping 2 wulan Oktober 1872 wancijam satunggal dalu mas BeiKusumaarja
Mantri dhistrik magetan tampi srat saking wadana dhistrik Balkepanjang (Magetan) suraosing
srat anedha kacepengipun tiyangkakalih satunggal nami Samsi sanesipun nami Kriyadrana, awit
kakalihipun katarka lampah kadurjanan tiyang wau wonten ing dhusun Waru kalerehanipun mas
Bei Kusumaarja, ng waktu punika ugi mas Bei Kusumaarja boten talendho, inggal dhateng ing
dhusun waru ambekta tiyangpulisi sawatawis sarta mirantosa dadamelipun, sadhatenging
panggenanipun kriyadrana, para pulisi lajeng angepang griya, sarta amratelakaken dhaeng tiyang
ingkang gadhah griya yen dhaengipunpara pulisi anglampahi ayahanipun nagari badhe anyepeng
dhateng pun kriyadrana tuwin Sambi, Kriyadrana ingakng ambeg pugal sareng pirsa yen badhe
kacepeng, lajeng anarik pedhang sarta susumbar tembungipun aku ora gelem di cekel merang
temen jagan kriyadrana wus misuwur wong banter kena di gedheng tangane, anggenipun
wicanten makatenpunika kaliyan amuter pedhangipun sarta anrajang dhateng para pulisi, sareng
para pulisi pirsa Kriyadrana nrajang angikal pedhang,lajeng sami bibar lumajeng ngungsi dhateng
Mas Bei Kusumaarja. Mas Bei Kusumaarja, kengetan kaabdekakaken ing kanjeng Gupremen
rumaos sampun kawisudha, jinunjung saking ngandhap sinenegkakaken ing luhur, tuwuk dana
penuh sihing gusti, katrajang kriya drana ingakng anginih pejah, boten pisan murud ing cipta
sumeja angoncati, sukalila dumugi pejah, sukur manggih rahayu, yen ngantos boten saged
nyepeng kriyadrana, sareng kriya drana sampun celak Mas Bei Kusumaarja angengetaken
tembungipun Kriyadrana kowe nututa,lah delengan aku anggawa bedhil, yen kowe ora nutut
Manawa tumeka ing tiwas, kriyadrana mangsuli, kula boten gelem anutut kados lare kula
sampeyan ajrih-ajrihibedhil, kaliyan wicanten makaten anjangkah badhe amedhang dhateng Mas
bei Kusumaarja,nanging dipun rumiyini dhateng Mas Bei Kusumaarja Kriadrana kasanjata
kenging ambruk ing siti tangi lajeng lumajeng, dene ingakng kadamel nyanjata gotri, pamrihipun
kenginga kacepeng sampun ngantos pejah, sarehning ingwedal punika dalu, mila pulisi katilapan
dhateng pun Kriyadrana ananging anggenipun angupadosi boten mawi kendel, Mas Bei
Kusumaarja ugi lajeng lapur dhateng dhistrik, sareng raden Mas Sagradimrja wadana Magetan
tampi plapuran makaten sakal lajeng mangakt dhateng dhusun maru, sarta anindakaken rarigen
pamrih sagedipun tumunten kacepeng sadhatengipun raden mas Sasradimeja kriyadrana ssampun
kapanggih sarta nutut, salajengipun kaladosaken ing nagari.
Kajawi cariyos kula ing ngajeng, kula anyariyosaken malih kasaenanipun mas Bei kusumaarja
ingkang pantes kadamel tuladan para priyantun pulisi, sampun sawatawis ing lamenipun ing
dhusun Kledhokan (Magetan) wonten kecu, dene ingkang kaecu, tiyang nami Kramaniti, sakal
kecu boten kacepeng, saking pamarsudinipun mas Bei Kusumaarja, namung let 4 dinten kecu
sampu kacepeng, panyepengipun kalebet anggumunaken awit kecu 5 namung kacepeng sarta
katangsuli piyambak dhateng mas Bei Kusumaarja, inggih leres bekta rencang 1 nanging rencang
wau lare saweg umur 10 taun kecu 5 wau lajeng kaladosaken ing nagari sarta sami tampi
paukuman kabucal sadaya. Ingkang punika kula dherek sukur, pamuhi kula supados mas ngabei
Kusumaarja lulus ing kateberen saha temen temen anglampahi dhaten gkuwajibanipun wilujenga
sapangginggil tampiya sihipun tiyang ageng saged minggah pangkat.

Nalika tanggal kaping 29 wulan Oktober 1872 para siswa ing pawiyatan kitha Magetan sampun
dipun eksamen wonten pandhapi kabupaten, kathahipun siswa sadaya 71 ingkang dados eksamin
katur kanjeng tuwan asisten rendhes kanjeng bupatos, tuwan amtenar terbeskekeng, patih,
Onderkulektur saha kathah para priyantun jawi ingkang sami angetebi papriksan wau. Satelasing
papriksan para eksaminatur animbali siswa kathahipun 17 sareng para siswa sampun majeng sarta
rarap lenggah wonten ing ngarsanipun para lid satunggal-tunggaling siswa kaparingan ganjaran
saking kanjeng gupremen awarni,buk,gambar-gambar, samaking buk mawi kaserat dhateng
kanjeng presidhen pawiyatan, suraosipun sampun angalembana, dhateng kataberen kasagedan
kawekelan tuwin alusing budinipun para siswa ingkang kaganjar ing buk punika, Kanjeng
bupatos lajeng andhawuhaken timbalanipun para eksaminatur, sabdanipun ingakng dhmatwuh,
amanis arum tumandukipun dhateng mantra guru,kwekeling tuwin dhateng siswa sadaya,prasasat
kaebenan kilang, kaleban tasik madu, kajungkrugan prabatasari, sumriksumarambah ing dhiri,
upami magis dhimi cinenceming gula drawa, lemes mamanisinipun amranani, angganuga manah,
temahan adamel panggreguting para siswa agurenda manah ameres budi anesep ing
gunapangawikan lare ingkang boten tampi ganjaran boten pisan katingal suwa, nedya murut
saking pawiyatan malah sami anggreged angancam ancam ing tembe manawi kapisamalih
sumedya badhe angatingalaken indhaking kataberen tuwin gunapangawikanipun dene siswa
ingkang tampi ganjaran sakalangkung bingahipun katawis saking liriken nyaring netra, pamulad
mulading polatan sampun amratandhani manawi badhe lumestantun amamalad kaotaman,mila
para siswa sami bingah utawi remen angindhakaken kataberen tuwin guna pangawikan inggih
saking sagedipun ingkang bupatos anggenipun anglaipur sarta ngarem-aremi, dhateng siswa
ingkang boten tampi ganjaran sarta botenkirang anggeniipun ambebingah utawi ngagengaken
manahipun dhateng siswa ingkang tampi ganjaran. Sontenipun tanggal kaping 29, 30 Oktober
1872 para siswa uka paringan babingah sami dikakaken aningali ringgit purwa, wragadipun
saking panginten kula medal saking ingkangbupatosan.

Manawi boten lepat anggen kula amengeti ing serat kula cathetan nalika wulan Januwari 1872 ,
kanjeng bupatos Madiyus, sampun anindakaken rarigen bab indhaking gunapangawikanipun para
tiyang jawi, sarana rarukunan kliyan para priyantun sawatawis angadegaken pamulangan
partikelir, wonten ing dhistrik Caruban, ugi sampun angsal idinipunkanjeng tuwan resdhen dene
wragaipun ugi medal saking rarukunan wau, gurunipun mendhet siswa Madiyun ingkang sampun
cekap. Ing samangke kula miring pawartos bilih pamulangan partikelir ing Caruban wau sampun
reja, kathah lare ingkang lumebet ing sakolahan kirang langkung sampun wonten 70. Saha kula
miring pawartos malih manawi Kanjeng Raden Mas Adipati ing Madiyun badhe angadegaken
pamulangan partikelir malihwonten ing dhistrik ngutran, kados ing Caruban ingkang sampun kula
cariyosaken ingkang punika pangajeng-ajeng saha panuwun kula, supados ing Nguteran sageda
tumunten wonten pamulangan, inggih boten punapa, namung dherek sukur, saha mikantukaken
sahanak sadherek kula ing Nguteran sageda lumebet ing pamulangan.
Nalika tanggal kaping 10 wulan Nopember ing dhistrik Magetan wonten tiyang kasebrotan,
kenging babekanipun awarni arta 100 rupiyah, ingnalika punika tiyang ingkang nyebrot boten
kacepeng sakal, ananging saking tari utawi cakeping para pulisi, tanggal kaping 12 ugi nunggil
wulan tiyang durjana sampunkacepeng, dene arta ingakng dipun sebrot ugi kapanggih nanging
sampun kelong. Dados panyebrot kaliyan kacepengipun durjana namung elet 2 dinten.
Sinerat ing Sumber 14 Nopember 1872
Puspataluki

Ing dhusun Karangtengah kidul bawah dhistrik Sukaraja, (Banyumas) wonten satunggiling tiyang
kaji wasta Mukamad RAis kadugi umur 22 taun, sampun pinanggih pejah kendhat gantung mawi
serbanipun piyambak kasambung ing setagen katranganipun kados ing ngandhap punika.
Wau kaji Mukammad Rais tembe pikantuk sawatawis dinten anggenipun wangsul sakin gMekah,
panggenanipun taksih mondhok ing griyanipun uwanipun estri wasta Bok SEtrawecana, ing
dhusun karang tengah kidul wau, wiwit sadhatengipun saking Mekah piyambakipun lajeng
kenging sakit panas, nalika ing dinten septum tanggal kaping 26 wulan Oktober 1872 wanci
enjing bok Setra wecana tangi tilem lajeng murugi ing patilemanipun kaji wau sumedya kagugah,
ananging sampun pinanggih sepen, dumados bok Setrawecana anginten manawi wau kaji sampun
kesah dhatenglepen mendhet toya wulu, wasana boten antawis dangu anakipun estri bok
Setrawedana mantuk saking lepen, sumerep yenkaji mukamad Rais punika sampunpejah
gumantung wonten ing ngepang kajeng nongka ingakng wonten sawingkinging griyanipun bok
Setrawecana wau. Wondene pejahipunkaji mukamad Raispunika boten wonten tiyang ingkang
sumerep menggah sababing panglalunipun wonten ugi ingkang anganken anjawi sakin gkabekta
dhateng sakitipun panas, bilih manawi kagagas dhaeng bapakipun, awit ingkang sawau nalika
mangkat minggahkaji sareng akaliyan bapakipun wasana wau bapakipun lajeng ginanjar sakit
saengga anemahi pejah wonten ing Mekah, ananging panginten makaten punika kirang
yakinipun.
Katandhan Prawiralalita.

Ing serat Bramartani, titi kaping 22 Agustus 1872 utawi kaping 25 ugi wulan Agustus 1872 ing
ngriku wonten seratanipun mitra kula priyantun kekalih, 1 asma Kawa 2 Wartatama.
Ingkang suraos sekaliyan wau, sabiyantu karsa ambatang cangkriman kula, tur rinengga sekar
durma, tuwin sekar pucung, sakelangkugns uka bingah kula. Anamung sampun pisan
andadosaken rengating penggalih, sakaliyan rehne cangkriman, dede pethikan kula piyambak,
batang panduka sekaliyan wau lajeng kula criyosaken dhateng ingakng gadhah, wangsulanipun
dereng cecek kaliyan pemanggihipun margi pebatang sampeyan sakaliyankarembag kirata
sangking panuwunipun ingkang darbe, sampun dipun kirata. Ingkang punika mugi kagaliya malih
mila kula boten nyaosi wangsulan temunten, margi ingkang gadhah soal sawek kesahan, ing
wusana sakelangkung pengajeng-ajeng kula, lepat kula nyuwun pangapunten tititi.
Katandhan mitra panduka, pun Baru.
Pitangledan dening kapanjurung, mugi katur panjenenganipun para sarjana, ingkang sami karsa
sagelaraken kawikyan, sarana gegujengan, wonten pasamuwan kuran Bramartani, sampuning
kadyasak punika. Wiyosiun tarmuhung punapa, sarehning sakelangkung kuweling manah
kula,jalaran asring-asring dipun pitakeni, dhatengpamitran kula, saengga semangke kula budi,
meksa dereng sagednglesanani, wondene kang dipun takekaken ing ngandhap punika
pratelanipun: 1. kados ta dene penganten,nalika dipun panggihaken, punika temtu mawi serana,
balangan, punika kados pundit mangertosipun. 2.bayi nalika lair, sangking biyangipun, punika
temtu dereng suka kabikak, yen bayi dereng anngis, punika sabab sangking punapa, kalayan
malih, dhumugenipun punput puser, bayi wau mawi dipun pangku, ngantos sedalu muput, punika
kados pundit, sarta patilemaning bayi, mawi dipun salini gandhig griya mawi kaubengan lawe
wenang, padon utawi pipi kari, mawi gegodhongan warni 3 nanas, widara, girang, utawi malih
mawi genderan, payungan tumbakan kerisan, sangugerang, mawi kasukanan pon-empon saka
panunggilanipun aterkadhang mawi mercon tuwin gombal tamparan isi obatr, punika kados
pundit mangertosipun. Sangking dahat ginubenling manah adreng, mugi-mugi panuwun kula,
ingkang kasebut nginggil punika, wonten a sih pitlungipun para sarjana, madhangaken ingkang
dados kuweling manah, sanget sanget panuwun kula. Kaserat kabopaten Maosewu, kaping 18
Ruwah warsa Wawy ibgja 1801 Katandhan Raden Sastrautama.

Wangsulan kalayan dahat makirtyani tyas ingkang terus pitados dumadya antya ing panuwun ring
mtiramba kang apaparab Open siswaning kridhamardhawa dene karsa anayogyani paring
panjarwa dhateng kodhenging manah cangkriman ingkang sangking pamitran kula tiyang
sangking PUrwareja, suraosipun kadi dene ingkang sampun kasebut ing serat Bramartani onga 44
wulan Oktober ing taun punika, ingkang punika paring sampeyan panjarwa sadaya wau, ugi
lajeng kula artekaken dhateng ingkang gadhah cangkriman sangking panimbangipun mitra kula
inggih sampun kathah leresipun anamung sadaya punika saweg ragi memper kemawon, Ewa
samanten sareng sampeyan anggalih yen cangkriman wau langkung saking angel sanadyan para
sarjana ingkang sampu putus pakewed anggenipun abdhe karsa paring panjarwa tumrap ing serat
Bramartani, ingkang awit suraosipun dhateng suluking ngelmi gaib mila sampeyanboten karsa
aparing katranganipun. Makaten ugi sampeyan sampun karsa aparing panjarwa mekaten punika,
saklangkung sangking panuwunkula sarta kula anggep mitra kang susadya dene akarsa paring
wasita tama.
Sinerat ing Ngayogyakarta kaping 16 Nopember taun 1872
Katandhan Ngabdul Sufi.

Panjenenganipunkanjeng raja Willem III ing nagari Nederlan sampun karsa andhawuhaken serat
undhang-undang kados ing ngandhap punika.
Undang-Undang
Bab ping 1
Sawijiwining wong jawa kang duwe palemahan sabab wawenane nganggo dhewe palemahan iku
dumunung ana dheweke ngantgi turun –tumurun, mongka duwe karep palemahan mau dadiya
Eigendhome manut kang kasebut ing bab ping 4, ing laying angger katiti mangsan ping 9 april
1870 kapacak ing laying setablade tanah Indiya ongka 55 iku anduwenana panuwun kamot ing
laying marang panggedhening landrad kang ambawahake palemahane, supaya anamtokna
wawenange nganggo palemahan mai,panuwune iku kakanthenana laying ukurane palemahan,lan
Manawa palemahane ora kena ing pajeg bumi utawa sasanggan papadhane pajeg bumiuga
kakanthenan laying pamurwating palemahan iku.
Bab ping 2
Mungguh laying panuwun iku kudu katandhan dening kang anduweni panyuwun utawa dening
wong kan gdicekeli laying panguwasa angaturake layangpanuwun iku lan kudu isi kaya kang
kasebut ing ngisor iki.
1. Jenenge kang anduweni panuwun,nalikane anduweni panuwun lannalika isih bocah
omahe lanpanggaotane.
2. Aturan yen palemahane dadi duweke lan enggone duwe palemahan iku wus sabebere,
awit wawenange nganggo palemahan mai dumunung ana dheweke nganti turun-tumurun.
3. Kateranganing kawujudane, prenahe lan cacahe palemahane, sarta jenenge palemahan
iku Manawa duwe jeneng kang wus lumrah kanggo ana ingpanggonan gagolongane
palemahan mau.
4. Pratelan bab nalare lan wiwite palemahan iku dadi duweke
5. Karepe palemahan iku dadiya Eigendhome
6. Panuwune supaya katamtokna wawenange anganggo palemahan mai

Bab ping 3 saupama kang anduweni panuwun utawa kang kinuwasakake anduweni panuwun, ora
bisa anulis utawa ora bisa anandhani jenenge, iku kena angaturake utawa akon angarturake
panuwune ijowan marang panggedhening landrad kang bakal anyatheti utawa akon anyatheti
panuwun mau, samono iku kang anduweni panuwun utawa kang kinuwasakake anduweni
panuwun kudu angaturake pratelan kang kasebut ing bab ping 2 lan laying ukuran sarta laying
pamurwaing palemahan kang kasebut ing bab ping 1 ing ngarep mau.
Bab ping 4
Grimpiring landrad anuloisana unine laying panuwun utawa cathetane panggedheninglandrad
kaya kangkasebut ing bab ping 3 ing dhuwur iki, ana ing laying register kang ginawe manut pola
paringane panggedhening dhepartemen Pan Algeminbestir kang nguwasaniprakara mangkono.
Punika taksih wonten candhakipun.

Punika Cariyos Babad Mataram


Aling, adhuh gusti angger tanmangkana, jengandika pangandele, nanging pangraos ulun, datan
eca tuwn lamahi, denig tingal kawula, paduka pukulun, sami sami lan kawula, dede pantes
sadhereke sribupati, taksih nglampahi papa.Pankawula amiyarsa warti,sawelinge ramajeng
paduka, ing Mataram sapungkure, kinen sami apatut, gih paduka kinen amukti, sosoraning
narendra, ing mangke pukulun, jengandika maksih nistha, taksih samikalawan mantra matawis,
punika tur kawula. Raka dalem yensumja becik yen paduka sinung
kabawan,linuhurakenlenggahe, inggih pangrayos ulun, dipun raos ngewedi-wedi, mila atur
kawula gusti mangke muwung, wong Mataram kathah kesah,ingkangkantun pan sami anambut
kardi,kathah wong angresul. Lanmalihe kawula akait,lawan mantra Mataram sasigar, inggih kang
sami kajenge, samasane pukulun, jeng pangeran nindaki jurit, pasthi tumut sadaya, rencang sami
rembug,kemanisen pangram arya, pasisingan aja tari mring mami,ingsun darma punapa. Anariya
mring lelurah mami, panjalukenlilahe sadaya, wong akeh apa karepe, pasisingan amudhus mring
lelurah kang ageng alit, kadi pundit sadaya, para lulurahmuwus, inggih leres jengandika, sampun
titipa ngareparep kang asih, susunan ing Mataram.Jeng pangeran angandika aris, yen mangkono
iku karsaningwang, nanging padha den rereh, sun raose rumuhun pan maninge ana ngong anti,
sibapa Danupaya,kang lunga anglurug, umatur ki Pasingsingan, kadar pinten angantosi wong
satunggil, ing mangke kalamongsa. Pan kawula inggih sapunikil, apan sampun dipun kira-kira,
dening wong Mataram kabeh, winastanan anjunjung mring paduka madeg narpati, yen boten
tumuntena, pan kawula lampuys, susunan sampun miyarsa, pan uninga yen kawula salah apa,
angankat mring paduka. Inggih kanjeng kawula ta gusti, yen ala wan mila karsa tuwan, kawula
prih silib bae, samasa mangsanipun, katungkula wadya Matawis, kula amuk kewala, sangking
seban kidul,nanging gusti jengandika, lamun wonten geger kabeh wong Matawis tuwan sampun
sulaya. Jeng pangeran angandika aris, pasisingan apa karepira, ingsun teka dhewek bae,
pasingsingan umatur, adhuh gusti sampun kuwatir, inggih dipun pracaya, kawula anuhun, ayun
mantuk rerembagan, pasisingan anembah gya mundur aglis, mantuk mring wismanira. Tan
kocapa pasisingan ta iki,kawarnaha Pangeran Purbaya,lumebet kadhaton age,seba marang sang
prabu, sampun prapta sajroningpuri, angaturi uninga, ingandikan laju, sapraptanira ngajengan,
wus alenggah ing ngarsanira narpati, sangprabu angandika. Inggih uwapunapa takardi,
kadingaren malebt ing pura, pangeran alon ature kawula angsung weruh, rayi tuwan raden mas
alit, samangke ing ngandonan,kalih pun tumenggung, pasisingan ingkang ala, rayi dika pinrih
puruning narpati, angrebat palenggahan. Yen tan unten pinapas tumuli, rayi dalem pesthi
kababaran, punika ing satemahe, pun pasisingan baud, pasthi rayi paduka aji, dereng wruh ing
wiweka, watek maksih timur, ginuntur aning wong ala, pisthinipun punika teka nuruti, amengsah
srinarendra. Srinarendra kumejot kanglathi, amyarsa aturing kang uwa, duka sajroning driyane,
denya ngandika asru,lah uwa ing karsa mami, yen temen ingkang warta, iku karsaningsun,
situmenggugng Pasisingan, pinatenan wiyahen datan mati, pesthine dadi gendra. Jengandika uwa
benjing-enjing, medalana karya abatanan, pasisingan bubuhane, pan wus sami anambut
pasisingan yen sampun prapti, annuli sudukana, dening sirahipun uwa katura marang wang, jeng
pangeran Purubaya sigra amit, dhateng srinaranata. Pangeran Purubaya wus mijil, sangking Pura
gyamantri Mataram, sampun winangsitan kabeh, sami prayitneng kewuh, tan kawarna mantra
Matawis, enjinge kang kocapa,pangeran wus metu, jenenging mring pabatan, wong Mataram eca
denya nambut kardi, saprenahprenahira. Enengena wau kang winarni, tumenggung pasisingan
winarna, wus rembug lawanputrane, kang nama grayudeku,apan sampun wineling-weling,lah
poma kulupsira,ngariya karuhun,lan sakulawarganira, iya padha apradandana tumuli, saka
praboningyuda. Deneing ingsun kulupkang rumiyin, ingsun anambut karya babata, ana paseban
tindule, yen wong babata iku, wawanane yen uwus mulih, dene ing mengko sira, sun utusi iku,
annuli sira praptaha,lan sagagamanira aja na kari, sasampuning mamekas. Tumenggung
Pasisingan sira aglis, sampun mangkat sangking wismanira, prapta paseban kidule, praptane ki
tumenggung, lampahira dingkik-dingkik, ngulap-ulap amadhang, wong nambut karyeku, jeng
pangeran Purubaya, wus uninga pasisingan lagi prapti, pan sampun rinakitan. Pan wus celak
cineluk amanis, kitumenggung Sisingan deninggal, lah ta linggiha ing kene, sigra mlampah
agupuh, pasisingan prapta ing ngarsi, lampahe sigra-sigra, prapteng ngarsa lungguh, mantra
sampun kinejepan,sakathahe wus sami uninge wangsit, nuli sami narajang. Pasisingan sampun
den suduki, datan kongsi saged amalesa, tan kongsi ngunus dhueunge, pasisingan wus lampus,
ingkang ngiring ebat ningali, gya lumayu sadya, wahu murdanipun, Pasisingan wus tinigs, gya
jinembak kangmurdaampun cinangking, pan sampun tinadhahan,. Wusa katur dhateng sribupati,
purubaya saksana binakta, mareking sang prabu age,kang purakata iku,enengena ingkang
rumiyin, warnanen agrayuda, aneng wismanipun,pan wus sinungan wruh ika, yen kang rama
sampu nanemahi pati, mastaka wus tinigas.
Ongka 48 Kemis kaping 28 Nopember 1872

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Surakarta
Nalika tanggalkaping 8 wulan April ing taun punika tiyang Cina ingkang wade tike ing dhusun
Banydana griyanipun kalebetan durjana kecu, punika ngantos antawis lami paprentahan dereng
angsal titik ing kateranganipun sareng nuju satunggaling dinten kanjeng raden Adiapti
Sasranagara, karsa tindak an dhateng ing Bayalali, atitipariksa radinan ngantos dumugi ing
ngampel ing wekdal wau kanjeng raden adipati andhawahaken dhateng para tiyang ing ngriku
sadaya sinten ingkang saged angsal titik katerangan bab kecu ing Banydana wau,
badhekapaaringan ganjaran siti ing Banyudana kathahipun 3 jung, sarta kaparinganpangkatr
panewu patuh, kagadhuhan siti lenggah 5 jung, balonja 15 rupiyah, sasampunipun kanjeng
parentah andhawahaken ingkang makaten wau boten antawis lami wonten ingkang angsal titik
katernangan bab kecu wau, tiyang ing Bayalali anama Citradimeja, slajengipun katur ing kanjeng
parentah, citradimeja wau kaangkat dados mantra pulisi ing dhusun Talawong bawah Ngampel
kapangingan nama Mas Ronggajaya SUmengka, ingkang punika sakalangkung andadosaken suka
bingahipun ingkang tampi ganjaran wau, sanadyan ing mangke kanjeng parentah dereng karsa
anetepi paringipun ganjaran kados inking sampun kadhawahaken ing ngajeng, ewadene saking
panimbang kula bokmanawi kanjeng parentah badhe angektosaken padamelanipuncitra dimeja
anggenipun dados pulisi, manawi sampun katingal anyekapi ing kawajibanipun saestu kanjeng
parentah anetepi punapa ing pangandikanipun ingkang sampun kadhawahaken ing ngajeng, mugi
pn Citradimeja sampun pisan anggadhahana manauh sumelang dhateng ing parentah, awit
kanjeng raden adipati Sasranagara wau sampun kawntar manawi ambeg paramarta alus ing budi
tuwin kenceng lere pangadilanipun. F.L.W.

Candhakipun cariyos Bab BItang Pisungsungipun Kanjeng Gupremen dhumateng Kanjeng Raja
Siyam

Tanggalkaping 5 Oktober wanci siyang jam tiga, kanjeng tuwanOgefin dipun pethuk ing sekoci
tatiga, sareng jam saha wan lajeng tindak dhateng ing Santang Pratete, inggih punika
panggenanipun Rad AGeng, sarta para tiyang sampun sami kalempakan ing ngriku, para prajurit
ing Siyam sami abaris wonten ingkang ngungelakenmusik minongka angaturi wilujeng
rawuhipun kanjeng tuwan Ogepin wonten ing panggenan Rad Ageng, kanjeng tuwan Ogefin
lajeng kapanggiyan dening pangulu agenging rad wau, sasampunipun kasaosan sugata
dhadhaharan lajeng kaurmatan ugneling mariyem rambahkaping 19, kanjeng tuwan Ogefin lajeng
sowan dhumateng kadhaton tindakipun anitih kareta sarta mawi kaurmatan ugneling mariyem
rambah kaping 19, kanjeng tuwan Ogefin lajeng sowan dhumateng kadhaton tindakipun anitih
kareta sarta mawikaurmatan dening para prajurit ingkang sami baris wonten ing margi,
sadumuginipun kamar ing kadhaton kapangiyan dening Poraosukowanti, tuwinpara ageng
sanesipun sami angacaranipalenggahan sarta sami anyaosi pamrayogi mugi kanjeng tuwan Ogefin
angentosana dhawuhipun kanjeng raja ingkang anglilani sowanipun kanjeng tuwan Ogefin
malebet ing kamar Aodhiensi kagunganipun kanjeng raja wau. Lumebetipun kanjeng tuwan
Ogefin ing kamar Aodhienmsi wau mawi kaurmatan ungeling musik tuwin sanjata,kanjeng tuwan
Ogepin jumeneng sangajenging palenggahanipun kanjeng raja sarta angaturi tabe rambah kaping
tiga, lajeng kadhawuha nyeket ing ngarsanipun kanjeng raja mawi kairid dening para amtenar
sawatwis, sasampunipun anyaosaken bintang Grutkris pandhenederlan senleyo ingkang
kadhawahan ing talam jene lajeng amaos serat ingakng suraosipun kanjeng gupremen ing
nederlan amisungsungi bintang wau dhumateng kanjeng raja Siyam sarampunging pamaosipun
lajeng jumeneng ing panggenanipun kala wau, sasampunipun kanjeng raja amaringaken serat
wangsulan sarta andhawuhaken pangandika dhumateng kanjeng tuwan Ogepin lajeng kondur
angadhaton. Kanjeng tuwan Ogepin lajeng kairid dhateng ing kamar ngajeng, sara angentosi
dhawuh kalilanipun adamel Ausdiensi partikulir, kanjeng tuwan Ogepin tuwin ingkang sami
andherekaken sami kasadhiyanan kursi palenggahan wonten ing kamar wau, sarta sami
angalembana bab kautamenipun kanjeng raja siyamlajeng amaringaken bintang malih dhumateng
tuwan Kapitan Ponse agengipun angungkuli ingkang sampun kaparingaken.
Punika taksih wonten candhakipun.

Serat telegram parikulir ingakng katampen ing Samarang anyariyosaken manawi para tiyang
kraman ing Mandhar dereng wonten ingkang kacepeng, tuwan Steples kapitin Infantri ing
samangke sampun ngajal wontening Mandhar, jalaran awit saking sanget sayahipun.

Manawi andadosaken parengipu saudara kula tuwan redhaktir,mugi panjurung kula serat punika
kapacaka ing pakabaran Bramartani, ing dinten Respati ing ngajeng punika,kados ta ingngandhap
punika.
Kula asring amaos serat pakabaran Bramartani, punapa malih bosen amidhangetaken saudara kula
tuwan redhaktir, ing Bramartani pananglidipun dhateng priyantun 4 wau, kados 1 mas Angabei
Surawarastra ign Surakarta, 2 Demang Nayadipura ing Krawang, 3 mas ngabei Sastradipura ing
Kedhiri, 4 Wadana ing Rembang, sangking pamanggih kula priyantun sakawan wau punapa bten
kagungan lingsem, kados panjenenganipun wadana ing Krawang, kirnagpunapa pikantuk balonja
200 perak, mongka kanggenan arta samanaten kemawon boten saged angaturi, bakuhipun
priyantun 4 wau, sami mencil sadaya, boten sertep dhateng lelingsem ing kala rumiyin saudara
kula ingkang sesilih nama Jengkel, ugi sampun autr serat,kados ingnginggilpunika, ananging
priyantun 4, wau tingalipun sami ayem kimawon sarta betah ing kalingseman, ah: kados kula
gadhah asambutan saupami ngantos ta ing ingis-ingis ing bramartani, ingakng sametar sarta
kawentar ing tanah pundit-pundi saestu sade sirah kula tekading dening manawi boten badhe
bayar inggihprayogi suka kabar dhateng saudara kula tuwan redhaktir supados sampun kapacak
ing Bramartani malih. Sinerat ing Ngandongcinawi, sinengkal kaping 23 NOpember tahun 1872
Katandhan ingkang sesilih nama pun Sata Urengu.

Kula prelu mangsuli carios bintang timur, ingkang kapacak serat Bramartani ongka 46, wulan
NOpember 1872, buuyutipun bupati bangil inggih punika papatih ing Lumajang, punika kedah
anggege mongsa, anelad kados ngabei Suraadiwijaya Bupati Bangil,inggih punika ingkang
sampun sesilih ami Raden Adipati suraadinagara, mawi bintang rider ongka 11, kula langkung
jumurung anggenipun ngancas anggegemongsa, ananging kula ngaturi enget kados pundit kang
mongka saben badaning manungsa wau sampun sami kaparingan pepasthen piyambak upami
saged aniru kados pundit, ingkang sampun kula paham perbeda piyambak-piyambak upami para
nabi kadosa nabi Adam sadaya punika mokal, lo kula cekak samanten kemawon gancaripun
anggen kula badhe asuka nalirah awit rosipun pangenget kula upami kalajeng angajeng angancas
mongsa kalamapahana inggih ugi mokal patih Lumajang kadosa buyutipun angangge nami
bintang rider. Namung kula pratikelakensakedhik manawi paramitra para wigya ing ngatsipun
Bramartani aniyogyanil rehning ing Koran sampun kasebut ing sawatawis wulan
kanjengpangeran rayi dalem kanjeng raja ing nagari Walandi badhe rawuh ing tanahjawi,punapa
ta kang badhe kadamel caosan ingkang andadosaken pareng sukanipun panggalih dalem kanejng
pangeran manawi kadugi wonteningkang badhe andadosakenkarajianipun salira,lahpunika
kemawon kenging kaajeng-ajeng anamung saderengipun kasaosaken wuinga, sae sawatawis
kalebetna ing korab badhe unjukan wau punapa kadugi sampun nyamleng punapa taksih saenca o
punika sanadyan boten susah kaege terkadhang lajeng dhumawah sih paring dalem kanugrahan,
anaming punapa sampeyan sami anginten manawi kanjeng pangeran karsa dipun sowani saben
tiyang,kula badhe boten andherek sumeja ngadhep saestu benjing kula niyart sowan
sanadyankula boten gadhahpangancas anggege mongsa, anaming mongsa badheya knatun anggen
kula badhe anelakaken tondha kayaktosan karajinankula, ananging boten pisan-pisan kula
angakena kados patih, ugi ing lumajang sampun kasebut punjuliing papak, naming kula rumaos
beda –beda, klayan satengah lan satengahe, mila kula inggih badhe animbangi rumaos dados
tatimbanganipun ingkang sami kados kaniyatanipun papatih, awit boten papatih kemawoningkang
kadunungan karadinan dening gusti Allah, ingkang sampun angodrat kamulyan kaluhuran
dhateng srimaharaja Walandi ingkang samangke katetepaken dados wakil Olullami, ugi kaniyatan
kula boten badhe kula pratelakaken wonten ing Koran. Katandhan Ibenu Sura.

Panjurung nyuwunkaoacak ing Koran Bromartani wedalipun Kemis ngajengpunika, ing nalika
dinten Saptu tanggal kaping 19 wulanOktober 1872 wanci jam 3 wonten satunggal tiyang Cina
anama Like, griya ing kampung Cina Purwareja, Bagelen (saking bagelen sumeja dhaeng
Banyumas ambekta barang dagangan warni-warni wah yatra kawrat ing Grobag satunggal
kasurung tiyang kuli 5, sareng dumugi ing nganjatan radinan ageng dhusun Pager Alang dhistrik
Kalireja (Banyuas) wau barang kabegal ing dursila tiyang 2 kenging barnagipun kados ing
ngandhap punika.
20 iji ukon jene regi 260 rupiyah
arta perak awarni-warni 200 rupiay
7 Odhiplangi 490 rupiyah
12 lirang saputangan sutra abrit 18 rupiyah
2 rasukan cina mori wulung 3 rupiyah
3 clana wulung 6 rupiyah
Gunggung 977 rupiyah slaka wah serat serat pas utawi buku-buku seratan Cina ing salajengipun
prakawis punika pulisi angupados katranganipun Duyrsila ingakng ambegal wau aaming dereng
angsal titik ingkang terang.
Kegudhanges 23 Oktober 1872
Setyabrata

Dherek gugat wangsulan


Saestu kula boten maiben dhateng wanguning angen-angenipun mitra kula Kusumawicitra, awit
angenipun urun panjarwa cangkrimanipun raden Darmawisesa, dene saengga samangke ingkang
kagungan cangkriman wau dereng amangsuli, yen menggah atumraping salira kula punika saestu
adamel petenging manah karantenan lajeng boten sumerep menggah leres utawi lepatipun
panjarwanipun wau, terkadhang manawi tiyang ingkang salah mangertos lajeng angecrahaken
dhateng bongsa sami mitran, amargi panyiptanipun sampun boten dipun seengi dhumateng
ingkang kagungan cangkriman, dene panjarwanipun boten dipun wangsuli, kados dening nalika
kula urun panjarwa etanging peksi garija dhateng ingkang sisilih nama
Sujarwa ingang kebon dalem , sarta kula gantos ngaturi cangkriman bab tiyang tumbas wowohan
tigang warni, punika inggih sapriki kula dereng tampi wangsulanipun, ananging pramila kula
lajeng kendel kemawon inggih pnika panyipta kula kados ing ngajeng wau, bilih manawi sujarwa
kirang sarju utawi boten dados condhonging panggalihipun dhateng panjarwa kula, mila kula
mengsahi narimah kemawon saengga cangkriman kula wau kabatang dhateng sanes ingkang kla
uruni, inggih punika mitra kula kretabrata ing Barebes, nanging boten daos punapaha, sanadyan
sanes ingakng kula uruni inggih andadosake suka renaniing manah kula awit pamangih kula
piyambak, saupami kula ngaturi panjurung cangkrimaning Bramartani, pundit ingkang karsa
maringi btanganipun inggihpunika ingkang tetela seneng sarta prasaja karsa pawong mitra
akaliyan kula. Mila pangajeng-ajeng kula mugi raden darmawisesa wau tumunten maringi
karangan panjarwanipun mitrakula kusumawicitra supados sumerep lesres-lepating panjarwa
boten andadosaken cuwaningpanggalih, Katandhan WArtatama.

Batang angkriman
Punggungmudha arsa batang, soalipun mitra mami,kang sasilih gyasastra, nanging ta sumelang
kedhik lamun den pitambuhi, dumadya kanag manah rempu mindhak tanpa paedaha, ggen ulun
wus sudi mikir, yen manggunga yen manggunga den bonggan kering pramitra. Pramila ulun
meminta, dhumateng paduka yekti, saderenge ambabatang, punapa sreju penggalih, nyruwe
marang gang kadi,punapa badhe mitambuh, kanji ing driyaniwang, para itra yen ngeberi,
pigunanya kelamun manira batang. Tan mraduli pisan-pisan tandhane datan mangsuli,
lereslepatan prasaja, makaten kuwatir kadi, mindhak wraran tan piker, rangu-rangu mameng
mundur, anging meksa ngongcacak, sakedhik supaya dadi, katingala seneng mitran mring
pranjangka. Yen lepat nyuwun aksama, sasaged ambjar wani, kang bisa lumaku ika, tan bangkit
tumindak yekti,punika ulun cap inggih mega utawi mendhung,bisa bising tan wigya, ngentut oler
tuwin gangsir, sasaminya dene ingkang ngrungu swara. Nanging ora dhenger rupa, kumandhang
sasamineki, bisa wruh tan dhenger ika, jalma tan ngerti ing tulis meh lah sadhela yekti, tan darbe
japa satuhu, wayangan sasaminya, ana kacang mangan pesthi, nongka tikus kucing
kacangpanjarwanya. Yen dereng subak ing karsa, ulun tebus soal kadhik supayane sasrawungan
aneng jroning bramatani, wonten wujud satunggil, yen suwung menga satuhu, yen isi minep
nyata, lawan nini-nini mungging pinggir kali, tan kenging yen kabanjiran. Ana gudhe who
kalapa,jeruk nedha karayekti, pare nedha jagung ika, sura mongga ta kadi pundit, pambencahe
kang titi, rarwa lit kang karya kidung, nagri Ngayujakarta, jaman kina prapteng mangkin,
sampun tamat. Tondha kusumawicitra.

Babaraken
Kinanthi supatrakatur, mring paduka mita mami, rum-arum duyan wartatama, karang kumuning
kang panti, prajajaring pawong mitra, sapamita den turuti. Sawusnya nuruti kayun,kancit tumutr
kang tulis, sasambung lyan asungjarwa, sangking soal ambanguni, paduka batang jan nendra,
supena sanggama yekti. Kalamun pamanggih ulun wus condhong boten nalisir, nanging sareng
katur marang, mitra ngong kang nganttir ugi, dereng pareng yen mangkana, wasana
panjarwaneki. Jalma ngantuk babaripun, pramila ulun mintasih,mring paduka lyan praigya,
sampun ngnatya cuweng ggalih, wit kirang adi babarnya, Ngayuja Ka:wa Nandhani.

Agung Pirukun
Kasmaran ulun nupeksi, sastra sangking mitra amba, kang sasilih Cin tandhane, suraose kang
nawala,mitreng wang esmu rudah, sarta kaduwunging kalbu, denira batang cangrkiman. Paminna
kamba yen marengi, sampun kalajeng sungkawa, wit ulun tan lepatake, mung matur leresing
lampah, pancen ingkang batanga, soaa kang amba tebus,paduka ywa bela tompa. Wasana ywa
walanggalih, margi sanes nalirahnya,prayogi ginem liyane, kan gpanters kawrat ing Koran
lantaran pawong mitra, anggregre ayu ingkalbu, tondha ka, wa, ing Ngayuja.

Punika candhakipun serat undhang-undhang


Bab ping 5 sak tampane laying panuwun utawa sawise kaugeran atur panuwun ijowankaya
kangsebut ing ngarep panggedhene landrad tumuli amacaka parentah ana ing laying panuwun
utawa laying ugeran anglumrahake panuwune ana ing desa gagolongane palemahan kang
disuwun dadi eigendhom ijowan lan sarana layangkang katempekake ing basane wog desa kono,
enggone anglumrahake iku rambah ping pindho ngangkeh let nem sasi.
Bab ping 6, laying undhang-undhang iku kudu ngamot kang kasebut ing ngisor iki
1. jenenge kang anduweni panuwun nalika ngturake panuwune lan nalika isih bocah omahe
tuwin panggaotane
2. Raringkesaning panuwune
3. Kawujudane, prenahe lanjembare palemahane dene watese sangang go kapratelakna
tatengere kang terang mangkono maneh Manawa palemahan mau ing panggonan
gagolongane diwenehi jeneng dhewe, jeneng iku uga kudu kapratelakake.
4. Aturane kang anyuwun yen enggone andarbeni palemahaniku ing sabenere awit
wawenange nganggo dhewe palemahan mau dumunung ana dheweke nganti turun-
tumurun.
5. Nalare lan wiwite enggone palemahan ing kudu diduweke
6. Sajroning sangangsasi sawise sakalakon kaundhangake ping sapisan utawa sajroning
telung sasi awise sakalakon kaundhangake rambah ping pindho sok monga wenang
amadoni panuwun mau. Mungguh laying undhang-undhang kang kasebut ing ngarep
kudu katiti mangsan dina wiwite angundhangake, sarta kudu katandhanan dening priayi
kang anundhangake.
Bab ping 7 Manawa laying panuwun lan laying parentahkang kapacak ana ing laying
panuwun iku wus katampan dening panggedhening landrad, apes-apese salet patbelas dina
gripiring pangadilan mau angirimna turunane laying mauy kang kaagem esah,marang kang
bekel panguwasa ana ing gelengan kang ambaahake palemahan kang disuwun, iku nuli
anamtokna priyayi kang kudu angalumrahake panuwune ana ing desa lan kudu arumeksa
kalakone layange undhang-undhang katemplekake ana ing kono. Enggone anemplekake
laying undhang-undhang lan anglumrahake panuwun iku, kudu kalakon apese let sasassi karo
enggone kang nyekel panguwasa ing kelengan anamtokake priyayine kang kudu
anglumrahake,lan patrape anglumrahake amurih a wong sadesa kabeh padha sumurupa.
Bab ping 8 priyayi kabubuhan angundhangake panuwun mau tumuliya ngladekna laying
pilapuran bab kalakonan anglumrahake marang kang bekel panguwasa ing Gengalen iku
banjur angirima laying pilapuran mau marang panggedhening landrad.
GripiringLandrad anyathetana unine laying pilapuran iku ana ing laying register kang kasebut
ing bab ping 4 ing dhuwur. Punika taksih wonten candhakipun.

Punika cariyos Babad Mataram


Apan pejahe dipun suduki, Agrayuda anulya karuna, abela ngamuk karsane, gya ngrasuk busana
wus anyariga keris cinangking, sigra anitih kuda, banter lampahipun, sarwi ngagem waosira,kula
owng sabinekta ngicaling margi, grayuda kadhewekan. Sapraptane wau pincaniti, agrayuda
sampun rinakitan, agrayuda pangamuke, pan kadhewekan iku, pira kuwatira wongsiji, agrayuda
wus pejah, wau patinipun, apan aneng pamanggahan, wus tinigas murdane agrayudeki, kocapa
srinarendra. Apan sampun ing ngaturan uning pun Singsingan apan sampun pejah, agrayuda
pnusule, mati neng ngalun-alun, murdanira tinigas malih,sigra sirnaranata, nulya miyos gupuh,
siniwi neng pagelaran, wus pinarek bangsal witana ing nginggil,yarapangran Purbaya. Sampun
mareg mring srinarapati, sarwi nyanking pan ingkang nawala, wus ing ngaturaken age, angandika
sang prabu, marang wari-waraning ngestri,lah ta jem timbalana,iya arening sun , adhimas sira
waraha,lamuningsun sangkinglami tan pinanggih,kangen mringkang sarira. Iya lawan sapindhahe
malih, dening goning sun madeg narendra, durung duwe kadhatone, pan lagi karsaning sun, pan si
adhi sun konjenengi, ingsun den kayanana, kadhaton kang luhung, nyai tajem sigra mentar, tan
auwe lampahe pan nulya prapti, dalem kadanupayan. Apan pangeran sampuna panggih, sigra
dhawuhaken katimbalan, kawula ing ngutus angger, mring raka dalemprabu, nggih paduka dipun
timbale, deninggal lampah tuwan, lah dandana gupuh, mila tuwan tinimbalan, saestune paduka
kinen jenengi, denira karya kitha. Wong mataram kang anambut kardi, kitha punika mila
pangeran kinen jenengi wiyose, sigra pangeran gupuh, sigra dandos anulya mijil, kapal wus aneng
ngarsa tinitiyan sampun, turongg sogra kinetab, nander nongklang lampahira sang apekik, tan
mawi upacara. Tan asuwe lampahira prapti, ngalun-alun pangram wus tumedhak, gya minggah
sitinggil age, prapta ngarsa sang prabu, jeng pangeran sampun alinggih, sang nata sigra nyandhak,
mastaka ginantung, den uncalaken arinira, ing ngarsane lah iku rupane adhi, kang asa junjung
sira. Pangran kebat denya ngunus keris, agya mastaka kang tinadhahan, cinacah cacah murdane,
sarwi ngandika asru, dening teka ngembet-embeti, pasingsingan patinya,nora teka lampus,
mundura nilar pocapan, apan ingsun ora sedya nora ngimpi, amungsuh kakang nata. Mati teka
nora tulus mati, teka sira gagawa maringwang, angrerendeng ig becike, sang nata ngandika rum,
lah ta kaya apa ta adhi, iku ing ngujarira, kang rayi wotsantun, ature dhateng kang raka,
srinarendra kawula datan angimpi, inggih nedya punika. Inggih boten nedya esir lair,pan kawula
lila ing paduka, reh tuwan umadeg rajeng, gentosi rama prabu, pansinembah uwong
sabumi,myang dunung sembah amba, mungpaduka prabu, sang nata ngresmanahira, amiyarsa
ature airnireki,sang nata angandika. Allah uwis adhi ma sing mangkin, among ketigen lelurahira,
lan adhi mas pan sakehe, ujarira karungu, akeh akeh karasa ati, kang rayi awotsekar, ingihkakang
prabu, polahipun pasingsingan, pan kawula saestu boten udani pankajeng e priyongga.
Durakapunapa kang pinanggih, pan kawula purun mring paduka,kang rayi atur sembahe,
sangking ngarsa wus mundur,lampahira datan asari, wus rawuh dalemira, tinimbalan sampun,
sadaya lelurahira, sampun prapta wong wolukathahe nenggih,wastane kang lulurah. Kang atuwa
wastane anenggih, Ongga patra Onggapati ika, lan Onggayuda malihye, patrayuda
puniku,Onggabaya astra Onggaki, Astrapatikawan, pan sastrapadeku, wiralodra amamekas, gih
punika ingkang angaben-abeni, anenggih lenggahira. Sosorane ki tumengung nenggih, wus
pepakan timbalan sadaya, pangeran aris wuwuse, kabeh lulurahing sun, wruh anira mengko
sireki, kabeh sira sun bondha, dhewe karsaningsun, padha sun gawa babandan, mringpaseban sun
aturken kakang aaji, dene ing mengko sira. Kabeh padha pinundhut sang aji,yekti mengko pun
turaken sira, sadaya atur sembahe, gusti kawula nuhun,pasthilamun dipun pejahi, dhateng
srinaranata, gusti awak ulun,jeng pangeran angandika, apan ingsun tan wruh karsane sang aji,
embuh mati uripe. Nanging datan kuwasa wak mami,lenggana akarsane sang nata, marmane sira
ing mangke, sun atur ken sireku, sakarsane srinarapati, lelurah kabeh samya, asanget turipun,s
adaya sami karuna, sarwi matur dhuh pangeran kadipundi, boten wande kawula. Anemahi pejah
ingkang ngabdi, yen katura dhumateng sang nata, amesthi pan boten wande, kawula temah
lampus,. Pan saaya pan boten urip, kados pundit paduka, gusti wingkingipun, kadipundi solah
tuwan, ingkang abdi yen sampun sami nemahi, lurah nanging sadaya. Ingkang jawi samya mirsa
warti,yen ing jro gumras wareng karuna,prasami malebukabeh, prapteng jro milu umyung, inggih
sami maturing gusti, dhuh gusti sammpun suka, abdine pinundhut, Onggapatra onggayuda,
Onggapati sakancanira pans ami, matur mring gustinira. Inggih mongsa wandeya nemahi,
yatapangeran aryamiyarsa,mring nature lelurahe, jengeretan bisa muwus, pan kewedan sajroning
galih, sigra kanjeng pangeran, aris denya muwus, lah kaya pamengkosira, ing budi mu ing
mengko padha sun tari, lelurah atur sembah.
Ongka 49, Kemis kaping 5 Dhesember 1872

Kulawisudhan tuwin sanesipun


Samarang
Mas Ngabei Cakrasanjaya, tilas patih ing Ngambal Bagelen kaangkat dados patih ing
Kendhal

Kedhu
Raden Mangkudilaga demang Petter ing Temanggung, kakulawisudha dados wadana ing
Balak Magelang, kapatehan balonja 200 rupiyah.
Raden Danukusuma mantra gudhang Kopi ing Kayupuring PUcang, dhistrik ing
Ngasinan kakulawisudha daddos demang Petter ing dhistrik Kedhu, mawi kapatedhan
balonja 100 rupiyah
Raden Jayaatmaha Juru nyerat kabupaten ing Maelang, kakulawisudha dados Mantri
gudhang kopi ing Kayupuring, PUcang, dhistrik ing Ngasinan mawikapatedhan balonja
45 rupiyah
Raden Sumawijaya juru serat kantor residheni No.2 kakulawisudha dados juru serat
kabupaten ing Magelang, mawikapatedhan balonja 30 rupiyah
Raden Danu Adisurya kakulawisudha dados juru serat kantor residheni No 2 kaparingan
balonja 20 rupiyah
Raden Sumaprawira,mantra Bendung ing Temanggung, kakulawisudha dados mantra
gudhangkopi ing MIngit, Temanggung, mawi balonja 50 rupiyah
Mas Ranudipura, tilas demang ing Bulu, Jethis, Temanggung, kakulawisudha dados
Mantri Bendung
Mas Jayadiputra,juru serat wadana ing Lempuyang kaundur saking pandamelanipun awit
kenging prakawisnani kadados juru serat upjaksa ingMagelang.

Raden Ngabei Arjakusuma, wadana ing Samarang, sampun atilar donya nalika tanggal
kaping 28 NOpember ingkang mentaskapengker punika

Pangenget-enget
Para priyantun ingkang karsa kintun serat panjurung ing serat Bramartani, sami kaaturan
bayar prangko, bilih boten makaten serat wau badhe katampik,kawangsulaken dhateng
ing pos.
Jonasportir.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Panjurung kabar sangking Ngayogyakarta
Nalika ing dinten Jumungahkaping 29 Nopember 1872 panjenenganipun Kanjeng Gusti
Pangeran Adipati LItnan KOlonel KOmandhan Suryasosroningrat, sampun
angulawisudha santananipun kakalih.
1. Seren nami raden Mas Nataatmaja
2. Seren nami Raden Mas Sumaatmaja, sami dados Twedhelitnan ingLeyun
Pakualaman
Ngayogyakarta kaping 30 NOpember 1872
Katandhan dening Kaptin Ajudan, ARjakusuma.

Kanjeng Radendipati Cakrawedana, BUpatiing Cilacap sampuntindak minggahing ngardi


Sirah Galuh tanah Prayangan, wawatesan ingkang andherek putra kakung, 4 saweg
yuswa 13, 12, 10, 8, taun sarta satunggal mantra wasta Mas Nayapraja, ardi wau
kaubengan ing saganten, utawi marinipun dharatan boten patos wiyar, kanjeng raden
adipati karsa aningali candhi sapucaking ngardi sirah galuh wau, sabab punika sampun
kawartos manawi anglangkungi singit tuwin tilasing sima katawis celak kaliyan candhi
punika kesah dhaeng kemawon juru kunci matur yen anggenipun nuweni saungsum
sapisan, amargi ajrih sakonduripun kanjeng bupati saking ngardi wau dumugi ing
sapunika sadaya sami wilujeng sarta sampun antawis lami bawah ing cilacap ngriku
saben wana ageng badhe akbubak kadamel sabin utawi margi, dene kajengipun ageng
ingkang pancen kenging kangge dadosan kaariyos manawi panggenanipun wonten
prenahingkang singit wau, para tiyang dhusun sami ajrih mendhet manawi dereng rawuh
kanjeng raden adipati.

Cariyso peranging Mandar, tanah Selebes


Nalika tanggal kaping 18 wulan Oktober ing wanci enjing para militer sami
kaangsahaken dhateng Balangnipa, utawi kanjeng tuwan guprenur ing Selebes ugi
anyarengi tindak dhateng ing Balangnipa wau, sadhatengipun ing ngriku sadaya
pakampungan sampun sami kapanggih suweng, sareng para militer anitipariksa ing tanah
ngriku, raja Marapiyakape, inggih punika ingkang balila dhaeng kanjeng gupremen
pinanggih wonten griyanipun ing lekapadhisi, ing ngriku lajeng sami apaprangan boten
antawis dangu raja marapiyakape, kasoran prangipun sami lumajeng sabalanipun, dene
ingkangpejah wonten ing paprangan kathahipun 9, ewa dene para miyiter sadaya sami
wilujeng boten kirang satunggal punapa, sakathahing mengsah ingkang lumajeng wau
sami kaungsir anaming boten katututan dene pakabaranipun sami angungsir saanak
rayatipun dhateng ing tarapamu nalika samanten ing panggenan ngriku saweg pinuju
banjir mila para militer sami kandheg ing lampahipun punapa malih awit saking banjir
punika para kiliter ing Balangnipa ugi boten saged umangsah dhateng ing Tarapamu,
kalampahan anggenipun anglari mengsah wau ngantos angupados margi ing sanesipun
para tiyang ing Balangnipa ingkang kathah-kathah sampun sami mantuk dhateng
pakampunganipun piyabak-piyambak sarta sampun sami suyut tuwin kadugi
ambiuyantoni dhateng para militer sarta sampun sami tentrem manahipun awiwit
ngupados pangupajiwa asideyan tetetedhan malih. Nalika tanggal kaping 21 wulan
Oktober ingkang mentas kapengker, ing Lebak kang wiwit dipun reesahi malih dening
Karaeng Bonta-Bonta, ingkang andudunung wonten ing Barabutuwa, tuwin ing
Turenkapaya, mila para militer ingkang sabageyan sami kapatah anjageni wonten ing
Pangkajene, dene saradhadhu kathahipun 25 kaangkataken dhateng ing Maros punapa
malih baitakapal prang ingkang winastan Sumatra ing samangke kadunungaken wonten
ing lepen Pangkajene. Ing Tanate ugi wonten reresah jalaran saking pratingkahipun tilas
swamining Datubaka, ingkang samangke sampun kesah saking ngriku.

Serat telegram ingkang katampen ing Samarang katitimangsan kaping 26 wulan


Nopember anyariyosaken manawi betengipun Maradhiyakape, ing Taparang, samangke
sampun kaejegan dening para militer, kanjeng tuwan guprenur sampun kondur dhateng
ing Makasar,dene karaeng Bonta-Bonta, ingkang kawartos andhelik ing Lebakang

Dhali

Sasampuning tundhuk dhatu kakalih ing tanah ngriku sampun boten wonten reresah
malih, sadaya tiyang sampun pulih manahipun kados ingkang wau-wau.

Nalika kaping 5 Nopember punika wanci dalu griyanipun Martadimeja bekel ing dhusun
Samber, kalebetan durjana pandung, lebetipun babah, sumerepipun sampun wonten
salebeting griya, martadimea lajeng medal alon-alonan angengakaken kontenipun
ngajeng dingkik dumugi ing jawi kapranggul durjana kancanipun ingkang sampun
wonten salebeting griya wau, durjana lajeng kabujung sarta kalokaken durjana ingankg
wonten salebeting griya lajeng medal murinani kancanipun ingkang kabujung wau,
martadimeja lajeng dipun ancab kaperang sirahipun kalayan dadamel selok, tiyang
tandang sampun kathah ingkang sami dhateng, durjana lajeng kakepang sarta
katandangan kabut ing kathah, kawusananipun durjana anemahi pejah, anandhang tatu
kados ing ngandhap punika: 1. sirak remuk, 2, gulu putung, 3 janggut nglinyam, 4 untu
rampal, 5 gares sami mlicet labet kagedhig arit. Dene durjana satunggilipun boten saged
kacepeng, jalaran keron angepang kalih pisan.
Nalika kaping 9 NOpember punika, lare jaler umur 4 taun anakipun Iraprana tiyang alit
ing dhusun Bangkekan (Larangan) Pejah kabalabak wonten ing lepen Banawi,
Kedhugngudel sacelakipun dhusun Bangkekan wau. Sampun saestu kemawon lare lare
punika botenprayogi kakeceh wontenpinggiring banawi, lepen sasaminipun sanadyana
wonten pamongipun. Nalika kaping 9 Nopember punika ninekipun Kusman ing dhusun
Plakaran (Ngampel), pejah ngendhat wontening lepen Karanglo (Getas) gulunipun
katangsulan ing kendhitanipun piyambak nini-nini punika pancen gadhah sakit ewah,
sarta sampun kerep anggenipun boten tansah anjagi sarta anjampekaken. Nalika kaping 9
NOpember punika mandhor kopi Bakalan (Bayalali) jagi wonten ing KOpen, sumerep
durjana nyolong who kopi, durjana punika lajeng dipun oyak katututan lajeng dipun
pedhangi anandhang tatu ajur ramoh, punapaha boten dipun babaraken pisan utawi
namung dipun cepeng kemawon. Nalika kaping 20 NOpember punika wanci dalu Cina
anama Ti Yang Ok saking Kali Cacing (Salatiga) kajunglup saking Kreteg dhawahing
lepen ingkang kathah selanipun kreteg punika nama Nyonyah Bawah Ngampel Ti Yang
Ok wau. Anemahi sangsara ageng, sukunipun tengen putung sarta tanganipun kiwa pepes
suprandosipun kala samanten nyawanipun taksih peret boten kaplesert ing sela Allah
saiba anggenipun ringak-ringik cina punika dene nyawanipun boten kentas sak kal
punapa cina punika kasesa anagih potang katandhan Canggeh.
Atur sagotrah
Kawulapun Darma, sampun rujuk sakonca, ing tanah Bgelen, ngunjuki uninga ing
ngarsanipun kanjeng parentah ageng, bab ingkang kasebut ing salebetipun srat
kakancingannipun Kanjeng Gupermen, titimongsa, 2 April, 1870 pmgla 9 sarta
toto,pmgsa 7 Nupember 1870 ongka 2, bab kustampeng nganggenipunj para priyantun
jawi, ingkang kapratelakaken ing salebetipun gambar, wonten 4 prakawis sulayanipun
klayan kawontenanipun bang ingkang sampun kawula tampeni, (katumbas) saking
panjenenganipun tuwan Blapet ing Surabaya.

Bab 1
Ing gambar jagan (Krah) ing nginggil kasulam unta wayang, ing ngandhap kaseretan
tamper.
Wusana sadeyanipun tuwan Blapet Surabaya wau, sadaya Krah (Jagan) kang ngandhap
tanpa kaseretan tamper.

Bab 2
Ing gambar pucuk asta (lengenan pucuk) kang rupi sulam untu walang utawi tamper seret
mesthi wonten pinggir (pucuk pisan). Wusana sadeyanipun tuwan Blapet, Surabaya wau,
sadaya pucuk asta, sanadyan weniya sulam untu walang utawi seret tamper,
pamasangipun kedah mantengah, sakin gpinggiring pucuk, kadugi wonten, 5 dim
Nederlan.

Bab 3
Ing gambar sadaya seret tamper kang kapasang turut pinggiring rasukan, pamasangipun
kedah ragi mantengah sakedhik, dados ing pinggir pisan, mesthi katingal sakelatipun
watawis sasada. Wusana sadeyanipun tuwan Blapet ing Surabaya wau, sadaya pinggiran
rasukan pamasangipun kang rupi seret tamper, wonten pinggir sanget, katutupaken
wontenpanggenan, sambungan tepangipun sangkelat kalayan lapis.

Bab 4
Ing gambar penganggenipun para mantra tuwin para jurusrat, pasangipun sekar gundha
(seret tamper kang wonten sangandhaping mata itik miwah sangandhaping kancing)
botenkatepangaken, klayanseret pinggir ing dhadha.
Wusana sadeyaniun tuwan Blapet ing Surabaya awau, paangipun sadaya sekar gundha,
katepangaken kalayan Seret pinggir ing dhadha. Sadaya prakawis ingkang kasebut ing
bab 1,2,3, lan 4, wau sarehning ing ngajeng perjanjiyan kawula, nyuwun numbas barang
pengangge mesthi sae sarta leres (rujuk kalayan dhawuhipun kanjeng gupermen)wusana
ragi wonten gesehipun. Ingkang punika bokmanawi ing tembe kagalih dening parin wuh
mengangge nglengkar ing papesthen, mugi ingkang ngasta pangadilan karsaha paring
pamengku (ngapunten) sampun ngantos ingkang ngangge kasalahaken, sabab pancen
boten pisan pisan rumaos nyukani cuntonipun sasekaran nalika badhe kadamel.
Ewadenten menawi gesehipun sasekaran, kagalih anerak waleran, inggih mugi kanjeng
parintah karsaha atiti pariksa dhateng tuwan Blapet ing Surabaya, Kaserat ping 9
Nupember 1872. Katnadhan Darma
Dherek Mamuji
Aturanipun Sang Sokasari kawula pujekaken sanget mugi pangagenging nagari karsaha
ngopeni kados dening aturanipun sokasari kang kamot bramartani No.44 sabab
pamanggih kula putraning para ageng bupati kang kamot buslit gupermen kaping 2 april
1870 No.9 ing bab 2 letter H, punika paraputra boten kenging ngagem kancing kang
mawi leter W. Katandhan Cocog.

Wangsulan
Serat panjurungipun mas Wantah ingkang amratelakaken boten purun angrujuki dhaten
gpangalembananipun kanjeng raden Adipati Sasranagara, ingkang kasebut ing
Bramartani ongka 48 awit saking pamanggihipun mas Wantah namung tumrap ing
ngatasing prakawisipun mas Ronggajaya sumengka, ingkang tampi ganajaran, ingkang
punika kauningana mas Wantah manawi serat panjurung punika boten badhe kula pacak
ing Bramartani, awit prakawis dipun pakewed kalayan siksa, punika ingkangmesthi
wonten jalaranipun, dene manawi mas Wantah anemahi pakewed kalayan kasiksa,
mongka rumaos boten kalepatan, punika pamrayogi kula mas wantah angintunake serat
katernagan ingkang patitis, dene manawi mas wantah namung sumedya meri dhateng
kanugrahan punika kedah angatingalna ing taberenipun ingkang supados katrimah lajeng
kaganjar kados mas Rongggajaya Mengka, sanadyan ganjaran punika dereng
kaparingaken sadaya ananging pangenging nagari, ingkang tamtu kedah angleksanani
punapa ingkang dados pangandikanipun F.L.W.

Punika candhakipun serat undhang-undang


Bab ping 9 ingngatase laying panyuwun iu lagi kena kadhawuhake karampungan let
telung sasi karo enggone kaundhangake kapindhone. Nganti patine telung sasi iku sok
wong ngawenang amadoni panuwun mau. Babping
10 kang amadoni panuwun kaya mangkono kudu anduweni atur kamot ing laying utawa
ijowan marang priyayi kang kabubuhan angundhangake panuwun mau satekane ing desa
utawa marang grippirtring landrad nganggo amratelakake kang dadi wawatone amadeni.
Priyayi kang bubuhan angundhangake agawe ya laying proses perbal ing ngatase ature
kang amadoni mau lan laying iku tumuli kakirimna marang grippiring landrad. Gripppir
iku anyathetana saunine laying proses perbal iku lan Manawa kang madoni anduweni atur
marang gripper dhewe, anyathetana ature kang madoni mau, ana ing register kakasebut
ing babping 4 ing dhuwur.
Bab ping 11 manawa ana kang amadoni panuwune sawijining wong supaya landrad
anamtokna yen wawenange nganggo sawijining palemahan dumunung ana d dheweke,
panggedhene landrad banjur anamtokna dinane prakara iku bakal kagarap dening
pangadilan,lan andhawuhna dinane iku kasurupna marang kang padha udur nganggo
parentah yen aseowan ing ngarsane landrad, padha anggawa asakine kang sakakarepe
kapariksaha denign pangadilan apa dene angawaha laying-layang kanga rep di aturake
minongka anelakake wawenange marang palemahan kang dadi udur.
Ing sabanjure prakarane kalakokake manut unine laying pranatan bab pabekele pulisi, lan
bab laku lakuning babeneran ingprakara para padu, apa dene bab laku lakune anjaluk
paukumaning wong, ing ngatase wong jawa sapapadhane ing tanah jawa lan madura. Yen
ana atur amadoni luwih saka siji, pangadilan landrad kang anglumpukake sarta anggarap
sakehing aturan iku dadi prakara siji.
Punika taksih wonten candhakipun.
Punika cariyos babad Mataram
Apan mangke ing paduka gusti, sampungumrah en arsa balela, pan suwawi nak ing
ngangger, sinabilan satuhu, sakarsane srinarapati, inggihwus kula pastha, yen tuwan
prang pupuh, amengsah raka paduka, srinarendra wadya Mataram sapalih, ingkang
sampun karembag. Samongsa tuwan estu nindaki, mangsah jurit mapan wong Mataram,
sadaya minger braise, jeng pangeran amuwus, yen mangkono uwus sabecik, lah uwis
pradandana, kaprabonprang puppuh, anengena jeng pangeran,kawarnaha srinarapati
tinangkil, dangu nganti rinira. Ingkang rayi adangu tan prapti, srinarendra andikanya,
mring mantri jero kekaleh, daka wanaranipun, kang sawiji aran sumengit,aglis sira
mintara, inggal nari ingsun, lah payo sira nusula, pan adangu ngonganti dyan ki
sumengit,lawan andakawana. Kalih sampun sami awotsari, gya tumundhuk malayuning
kuda, wus sami nitih kalihe, anyander kalihipun, tan asuwe anulya prapti, dalem
kadanupayan, kalihwus tumurun, ki sumengit angucap,maring wong cekelana kuda
mami, sun dhawuhken timbalan.Wus amedhun sangking kudaneki, ki sumengity prapta
ing paseban, kinen nimbali lakune, wah usira andulu, kang gaaman jejel meuhi,
memiringi manahnya, sumengit denya wruh, iki babayaning uga, yen mangkono
angererestu ambalik mangkana ciptanira. Kaya apa mengko ingsun iki, yen matura
marang srinarendra, ngaturna pangram alane, pan ingsun iki durung, babak bunyak sarira
mami, sapa ngandel maringwang, katon uga ingsun angadon-adoni rasa, pasthi ingsun
pinaten dening narpati, sanadyan sun matiya. Anglakoni parentah narpati, apan iya iki
lakuningwang, wau lumebu sirage, sumengit lakunipun, sigra nulya amiyak baris, ing
nandheg lampahira, mring kang tunggu pintu, ki sumengit sru angucap, lah ta engko aja
sira angadhangi, ingsun niki dinuta. Iya marang kanjeng srinbupati, animbali gusti
jengpangeran, kang tunggu lawang saure, ya mandhega karuhun,ingsun atur uninga
dhingin, annuli matur sigra,marang gustinipun, matur yen wonten timbalan, srinarendra
anginggalaken jeng gusti, kawula ndheging lawang. Jeng pangeran arya sitra angling, lah
ta priye karsa pe sadaya, lelurah tur sembah kabeh, sadaya sareng matur, pan suwawi
lawan jeng gusti, punika pinejahan, pan sampun sung weruh, amrih kawula sadaya,
sampun kongsi katur dhumateng narpati, wus mupakat sadaya. Jeng pangeran nulya sigra
mijil, apan sampun angrasuk busana, sapraptane jawi age, sumengit wus kadulu,
wadyanira pan den kejepi, sumengit lagya ngucap, timalan sang prabu, tinarajang ing
ngiringan, pan sinuduk kagyat anjola sumengit, sedhet narik curiga. Kinarubut sigra ki
sumengit,ing ngakathah tan olih malesa, sumengit wus pejah age, Andakawana ngrungu,
rame iing jro paseban nenggih, sumengit pinejahan, dakawana gupuh, kudane pan wus
cinengklak, gya kinetab anyander lampahireki,prapteng ngarsa sang nata. Pan umatur
sarwi kempis-kemis pan kawula ing ngutus punika, rayi paduka ing mangke, estu
ingngawonipun, inggih sampun amepak baris, pun sumengit punika, pinejahan sampun,
wau sawingking kawula, rayi dalem lumampah nindhihi baris, angamuk karsanira. Samya
ngantep ngamuk ing narpati, kagyat tuyase sang nata miyarsa, sakalangkung panjengere,
myarsa ing ngaturipun, ing ngutusan mantuk satunggil, sang nata angandika, mring kang
nguwa wau, ingggih uwa Purubaya, kadi pundit putra andika si adhi, ngamuk datan
mundura.
Jeng Pangeran Purubaya atur sira, sampun karsaning widhi, rayi jengandika, tan kena
sinuwalan, sangkingtiwas kawuleki, tan kedheping wang, pitutur angaturi.
Ongka 50 Kemis kaping 12 Dhesember 1872

Cariyos tuwin pawartos warni-warni

Surakarta
Awit saking pakabaran ingakng sinuhun Kanjeng Susuhunan saha garwa putra kakung
putrid, benjing ing dinten jumungah tanggal kaping 2 wulan Sawal punika badhe karsa
tedhak ing pasanggrahan langen arja mawi paurmatan kaleres wiyosan dalem ignang
ngubu gusti kanjeng ratu ageng, utawi angaturi kanejgn tuwan REsidhen saha para tuwan
para nyonyah sawatawis mawi pista utwin dhansah punapa malih badhe karsa nyare kalih
dalu.

Ingkang awit sakin gdhawuh ing kanjeng parentah ageng nagari, ing mangke titiyang alit
sami kaawisan angangge sinjang tuwin iket ingkang seratanipun mawi lar, dene yen
wonten ingkang purun purun anerak wawaler wau badhe idpun suwek suwek wonten ing
panggenan ingkang sampun kadhawahaken awit priyantun panewu mantra sapangandhap
amila priyantun ingkang pancen dede Santana dalemprayogi sampun ngantos purun
anerak wawalerpunika, sabab manawi kauningan ing parentah saupami wonten ing margi
kalampahan dipun suwek suwek sijangipun kados pundit saiba kalingsemanipun utawi
ingkang nuju boten mawi saruwal tamtu dados gugujenganing tiyang kathah.

Nalika dinten akad tanggal kaping 7 ugiwulan Sawal punika dhusun ing Prambonan
sapanunggilanipun sami katrajang banjir ladhu, andadosaken karisakaning griya griya
tuwin pasabinan menggah kateranganipun bahde kapratelakaken benjing kemis ngajeng
punika.

Banjarmasing
Pakabaran saking Banjarmasin, amrtelakaken manawi pangeran Suryawinata, Buaptiing
martapura, tampi ganajaran sakingkanjeng raja ing nagari Walandi, awarni Bintang
winastan Bruder pan dhe Nederlan Senleyo katrimah anggenipun anglabeti dhateng
kanjeng gupremen nalika mas Wankang Benggoling kraman ingkang adamel reresahing
Banjarmasing.

Pasuruwan
Sarehning ing samangke dereng wonteningkang kapiji anggentosi dados adipatiing
Bangil awit ingkangpunika kalenggahan wau saengga dadosprebatan dene serat
pakabaran walandi anyariyosaken akathah-kathah ananging cekakipun kados ing
ngandhap punika. Awit saking pakabaranipun raden Natanagara, papatih ing Malang
tuwin raden Cakrakusuma, Patih ing Pasuruwan priyantun kakalih wau
sampunkasaosaken ingkangjeng gupremen sami kasuwunaken anggentosi dados adipati
ing Bangil menggah sinten ingkang kapiji dereng tartamtu, punapa malih kanjeng
gupremen kedah angunia putranipun pendhadha kanjeng raden adipati ing Pasuruwan
ingkang sapunika dados papatih ing Bangil anama Raden Aruya Suryaadinagara,
menggah sabarang kasagedanipun sampun anyekapim sarta sampun kalian dhateng
bawahipun ing Bangil ngriku anjawi ingkang punika papatih ing Bangil wau katingal
tumemen anggenipunanglampahi kawajiban, wondene raden Andrakusuma, papatih ing
lumajeng punika putranipun Raden Adipati ing Prabalingga, dados kalere wayahipun
Kanjeng Raden Adipati ing Bangil ingkang punika andadosaken pangajeng-ajeng, sageda
anggentosi dados adipati ing Bangil dene manawi kalampahan saestu adamel suka
bingahipun tiyang kathah, awit raden Endrakusuma wau, sampun kawentar manawi sae
pambekanipun sarta remen atetepangan kaliyan para tuwan mila sami kateksir manawi
saget kalampahan dados adipati badhe damel karaharjanipun ing tanah ngriku anjawi
ingkang punika raden endrakusuma wau anggenipun dados papatih sampun 16 taun
lamenipun boten kiang satunggal punapa, bab prakawis ingkang kasebut ing nginggil
punika, ingkang dados pangajeng-ajeng mugi kanjeng gupremen kaleresan angenipun
karsa miji angulawisudha, salah satunggal priyantun ingkang sampun kasebut ing
ngajeng wau anggentosi dados adipati ing Bangil.

BATAWI
Serat telegram saking Batawi anyariyosaken manawi kanjeng tuwan Ape, Liding RAd
Indiya Nederlan Jendral Mayor Tituler saha ajudan dalem mirunggan kanjeng raja ing
Nederlan nalika tanggal kaping 8 wulan Dhesember punika, sampun atilar donya kondur
dhateng kalanggengan dene esnjingipun lajeng kapetak sarta mawi kaurmatan para
militer.

Banyumas
Nalika ing dintenAkad Pon tanggal kaping 24 wulan Nopember ingkang kapengker
punika, wonten satunggil tiyang jaler wasta Wiradipra griya ing lebt tengah dhistrik
PUrwareja,punuju enbret (beburuh) ator uwit jati ing pinggir radinan ageng
pandamelanipun tuwan Insinyir Waterstat badhe kadamel Kreteg, sareng kadugi wanci
jam 3 siyang piyambakipun atoruwit jati satunggil, anging pucukipun uwit jati wau boten
saged dhawah ing siti awit kasangsarang ing pang jati sanesipun, bongkotipun ugi taksih
tumumpang wonten ing tunggakipun, piyambakipun wiradipa tansah nenggani kemawon
kados dening anjageni, wasana boten antawis dangu pang jati ingkang kasangsang wau
sempal, pucuk ingkang kasangsang lajeng dhawah ing siti, ananging dhawahipun uwit
jati wau bongkotipun mumbul sarta mundur nyryng dhateng plakanganipun Wiradiwa,
saking rikating unduripun kalampahan Wiradipa dhawah kuwalik, ing wekdal punika
taksih gesan saha enget, ananging sareng kabekta mantuk ing griyanipun lajeng anemahi
pejah. Nalika ing dinten Kemis Paing tanggal kaping 28 ugi wulan NOpember ing
ngajeng wau, kadugi wanci jam 12 siyang, wonten satunggil lare estri wasta sSakem
umur 7 taun anakipun tiyang wasta Wongsacitra griya ing dhusun Karangintung dhistrik
Sukaraja, wau lare sampun anemahi sansara kadhawahan krambil kang panuju kapendhet
ing tiyang, ananging wilujeng boten mawi kataton, namung mripatipun ingkang katingal
nglemeng tuwin abuh, tatandhan Prawira Lalita.
Banyumas 15 NOpember 1872
Katur dhuumateng tuwan F.L.Winter, redhakturing Bramartani. Manawi wonten selaning
papan aturpanjruung kula punika mugi apacaka ing serat Bramartani. Nalika tanggal 16
wulan punika, Mas REksadika, Mantri PUlisi ing Afdheling Purwakerta, Banyumas
anggenipun dados mantra pulisi ng sapunika sampun nyuwun seleh dhateng ing kanjeng
gupremen ugi kawaringan awit saking sampun sepuh saha angsal pansiyun, ing dalem
sawulan f.16,25, wondening ingkang badhe anggentosi dados mantra pulisi PUrewakerta
ing sapunika dereng tartamtu. Katandhan Carik.

Kodhenging manah
Dereng antawis lami paprentahan ing Surakarta, sampu karsa andhawahaken parentah
dhateng para tiyang ing pakampungan tuwin ing padhusunan saurutipun mraga ageng
kadhawahan andikakaken dekeke kranjang mawi kaisenan krikil ing ngatasing wadhah
ingkang makaten punika saestu sakalangkung prayogi ananging ing samangke dereng
wnten kayektosanipun bab endahipun kranjang mawi isi krikil wau, punika punapa badhe
kangge ngurug radinan punapa namung kadamel mirunggan celengan kemawon awit
margi ing Pacinan dhateng ing PUrwadiningratan ing sapunika kathah ingkang risak
kaambah dening grobag ananging ngantos sapriki margipunika boten dipun dandosi
punika punapa ingkang dadosaken sabab krikil mirunggan wau boten kangge angurug.
Pun Titipariksa

Mas Suradimenggala Jaksa ing Bogor amratelakaken ing serat pakabaran saking Samrng,
ingkang winastan Selompret Malayu bab kadaodsaning anggenipun ananem pantun
miturut pratikelipun tuwan K.F. Holle ing garut kados ing ngandhap punika.
A. Nalika ing dinten Jumungah tanggal kaping 20 September taun punika kula
anyebar wiji miturut buk ingkang winastan ampah sebar, saking kanjeng tuwan
Asisten residhen ing Bogor, kathahing pangangge kula pantun 33 songga,
dadosipun gabah 74 gantang, lajengkula tapeni. Ingkang gabug kula bucal
ingkang aos sarta sae kantun 69 gantang, punika ingkang lajeng kula sebar
miturut ingkang kasebut ign buk wau, dene wiji samantenpunika badhe katanem
ing sabin 6 bau. Sasampuning umur 35 utawi 40 dinten lajeng kadhaut
kataneming sabin 6 bau wau,wiji punika boten telas taksih kathah
langkunganipun, salangkungipun wau lajeng kula tanem ing sabin kula sanes sarta
kula dhum dhateng tiyangkampung ingkang kakirangan wiji ngantos cekap 2 ½
bau.
B. Wiji gabah ingkang kula sebart wau saesning wijinipun angungkli ingkang
kasebar mawi urit dene saening warninipun wit pantun wau ingakng sapisan
ageng sarta rentet kaping kalihipun santosa sarta godhongipun ijem kaping tiga
inggilipun angungkuli ingkang sampun kalamapahan, kaping sakawanipun wiji
punika boten kenging sasakit ingkang winastan ama bang.
C. Ingkang anyebar wiji wau kula piyambakaken dhirencang kukla tiyang sakawan
sarta salebetipun sadinten boten mawi waragad punapa punapa. Nalika kula
anyebar wiji wau kanjeng tuwan Asisten REsidhen ing Bogor mampir ing sabin
karsa anyoba tumut anyeba wiji.
D. Kula punika kala rumiyin mila pancen tiyang tani,sarta saben taun ngangge kula
wiji ingkang panyebaripun mawi urit punika ing dalem saben 6 bau 33 songga,
ananging wiji samanten wau asring kirang dados amewahi malih, sarta ignkang
angrencangi nybar ngantos tiyang 5 , trekadang langkung waradipun ngantos telas
17 utawi 18 rupiyah, sarengkla anyebar wiji gabah punika botenmawi waragad
punapa-punapa, sarta boten prelu angangge tiyangkathahkathah, tiyang satunggal
kalih kemawon sampun cekap.
E. Anyebar wiji gabah punika sampun kanyatahan sapisan boten susah angangge
wiji kathah-kathah kapingkalih tanpa waragad kaping tiganipun gampil
panggarapipun.
F. Ing afdheling Bogor saweg kula piyambak ingkang wiwit anyoba miturut inking
kasebut buk sakng kanjeng tuwan Asisten residhen ign Bogor wau, saupami
samipurun anelad prtikel punika kdos kathah bathinipun kenging winastan boten
lepatipun, kulapunika kulina dados tukang tani, ananging saeg sapnika kula
angraosaken bingahing manahing ngatasipun wiji pantun. Bilih tiyang ingkang
karem among tani purun miturut pratikel punika saestu andadosaken
kauntunganipun acanthi seneng, Pawartosipun bab pratikelipun ananem pantun
miturut buk wau makaten:
1. panganggenipun wiji tanpa kaurit
2. Dipun kum rumiyin 2 utawi 3 dalu
3. Kasebar awis-awis kemawon ing dalem ipukan salandheyan pasagi wijinipun
gabah 2 kati
4. Panggenan ipukan kadekekan awu sakedhik.
Tiyang jawi punika panyebar sarta pananemipun pantunkakathahen tuwin kakerepen
saya lami saya sesak witipun ingkang ngandhap ngantos alit kuning, sarta bilih
kadhaut kerep malethek, tiyang tanipunika boten kaengetan bilih badhe angsal
kakuwatan tuwin kasegeran. Pagnajeng-ajeng kula sageda kathah tiyangingkang
miturut pratikel punika.

Punika candhakipun serat undhang-undhang.


Manawa pamadone kaanggep bener lan layange karampungan kang anetepake benere
kang amadoni wus kadhawuhake mong ka wus tutug mangsane,laying karampungan
kena katindakake ature kang duwe panuwun supauya katamtokna wenange anganggo
palemahan kang dadi udur banjur katulak suprandene durungpundhat wawangen kang
kasebut ing bab ping 9, ing dhuwur.
Bab ping 12 manawa sapundhating wawangen kang kasebut ing bab ping 9, ana
wongkang amadoni panuwun iku, utawa ature wong kaamadoni kaanggep ora terang,
lan layange karampugnan kang anetepake lupute ature kang amadoni wus
kadhawuhake mongka wus tutuk mangsane karampungan iku kena katindakake
panggedhene pangadilan Landrad banur amupakatake atur panuwun mau ana ing
pasamuwane pangadilan iku, dene yen sakehing laying kan gmagepokan prakara iki
wus tinemu ganep sarta pangadilan Landrad banjur andhawuhna karampungan ana
ing pasamuwan katoningngakeh e panuwun iku kapakolehake.
Bab ping 13 layang karampungan kanga wit saka unine bab ping 12 ing dhuwur iki,
ambatalake utawa anetepake atur panuwune sawijining wong supaya katamtokna
wenange nganggeh palemahan panti turun tumurun ing kudu kaborongake ing
panimbange pangadilan dhudhuwure Landrad.
Bab ping 14 sajroning pambegas dina sawise kadhawuhake laying karampungan
kaangoleh ake atur panuwun mau, grippiring pangadilan Landrad angirim waturunane
laying karampungan iku kang kaanggep esah sapa kang nyekel panguwasa ing
gelengan iku banjuur anindakna kng prelu linakonan ing ngatase amaringi apita
ingkang asma guprenur jendral palemahan kang disuwun dadi Eigendhom marang
kang nyuwun.
Bab ping 15 kang nyekel panguwasa ing gelengan, angirimna sakehing laying kang
manggepikan prakara iki marang priyayi kang sajroning gelengan bawahe kabubuhan
amemuti prakara iku supaya banjur kagawekna laying ingaranan eigendhom akte,
sarta anduweni atur panuwun kasurupna dina lan wayahe bakale kaparingan laying
eigendhom akte iku nganggo kadhawuhan teka dhewe utawa anguwasakake wong
liya anampani eigendhom akte mau.
Punika taksih wonten candhakipun.

Punika cariyos Babad Mataram


Lah tauwa mangke yen si adhi sida, pan inggih ngantep jurit, ing karsamanira,
saprayoganing lampah, ing aja tumekeng pati, oleya pira, papati ing Matawis. Atusan
ewon aleksan kethene, den amuk mring si adha, ajana anglawan den kepung kewala, sun
pri teka amariki,Manawa kena, sun pituturi ririh. Sampun mijil jeng pangeran purubaya,
undhang wadya matawis, miarsa sadaya, lengena samana, warnanen radyan mas alit
sampun lumampah, sawadyanya angering. Jeng pangeran warnanira kadi bambang,
mudhun sangking ing ngardi, anyamping samboja, pan ing set cindhe kembang rasukan
baludru wilis, murub binenda, lancingan panji-panji. Aja mangmas kinati pati kapatrapan,
semaile rinakit, dhuwung anyuriga, Setan Kober wastanya, grumudug wadyanireki,
prapta ing ngasa, gegere tan sinipi. Jeng pangeran aris denira ngandika, eh sakehing
wawestri, aja na kang obah, teka apa pasara,mong sangaraha pawestri, pan
karsaningwang, sira kang sun kukuhi. Jeng pangeran wus prapta ing pangurakan, dangu
denya anganti, mantra ing Mataram, kang sami asemaya, pangeran ngandika aris, eh
wong Mataram padha angairani. Ing sanggupe samongsa ingsun ngamuka, minger milu
ing kami, mengo padha cidra, yata wong pangeranan, uninga yen wong Matawis, cidra
ngubaya, prasamya anglolosi. Winantara mung kari wong kawandasa, pangera sigra
angling, lah ta kayangapa, pasthi sun undurana, panwus tarsaning hyang widhi, sigra
umangsah, arsa angamuk wani. Wong Mataram baris ngalun-alun aglar, nulya tinempuh
wani, sing pinarak bubar, pan ora linawanan,mung bature kang kapencil, wong
danupayan, punika den pateni. Lelurahe sami adarbe pangarsa, inggih sampun ngladosi,
kocaping carita, pangeran ing matarm, Pangeran den palayoni ing ngarsanira, angaturi
prakawis. Wus aprapta ngarsaning kangjeng pangeran, sampeyan den sungkemi aris
aturira, adhuh gusti pangeran, ing mangke ta kadi pundit, karsa paduka, inggih makaten
gusti. Ingpaduka dene pan salah balela, mungsuh mring raka aji, Mataram punika,
kagungan ing paduka, kang jumeneng ing Matawis, raka andika, sampeyan tumut mukti.
Raka dalem gegentine rama tuwan kawula angaturi, sampeyan kondura, sampun kados
punika, punapa temahan gusti, awon kapirsa, ing lyaning kanan kering. Jeng pangeran
aris denira ngandika Sampang aja baribin, ingsun kapakena, pan wus karsaning suksma,
paningsun ora gumingsir, talitiningwang, yen babeting Matawis. Nora nana lokane cidra
wacana, yen wus ujare uwis, tan wedi ing pejah, Sampang lah wis mundura, aja ta
amemalangi, pangeran Sampang, ature ngasih-asoih. Jengpangeran sampu nliwung
manahira sigra anarik keris, eh Sampang ta sira, dening paksa kehdepa, annuli dipun
larihi, cacengelira, dipati Sampang mati. Prasantana Mataram geger sadaya, neng
ngandhap ing waringin, leringpagelaran pangeran Selarongan, awas denira ningali, dipati
Sampang, lamun sampun ngemasi. Angandika mring sakehe wong madura, gustinira
ngemasi, gumulinging lemah, ika sira rebuta, wong sampng sira ningali, santanira,
mangsah sarwi anangis. Wong Madura kumerab sabalanira, arsa angrebut gusti, paren
uninga,yen wogn sampng narajang, pan sampun angatiya-ati, lelurahira, kathah ingkang
akari.
Ongka 51, Kemis kaping 19 Dhesember 1872

Kulawisudhan
Samarang
Raden Ngabei Sumadipura, Onder Kolektur ing Salatiga, kaelih dhateng ing Dhemak
Raden Citradireja, tilas Onderkolektur ing Ngambal kakulawisudha dados Onderkolektur
ingSalatiga.

Cariyos tuwin pawartos warni-warni


Surakarta
Nalika ing dinten Akad tanggal kaping 29 wulan Siyam ing taun Wawu punika, awit
wanci dalu lepen ing Wara urutipun lepen Deleran wonten banjir ladhu anglangkungi
ageng sarta ilining ladhu mawi sela ageng alit sakalangkung kathah, denten siti
dhusuningkang dipun paosi tuwan B.A. andhereidhe ing Prambanan ingkang sami
katrajang ladhu ing ngandhap punika pratelanipun.
1. dhusun ing Kluwih, 2 ing Karang, 3, Sutamenggalan, 4 Junut sisih kilen 5,
Tanjungan, 6 Mranggen, 7 Barukan, 8 Barukan Bekel Jawi, 9 Wijilan, sangang
dhusun wau griya tuwin barngipun sami katut ilining ladhu sadaya, tuwin ing
dhusun Karang, wonten tiyang estri kakalih ingkang sami keli, anaming katututan
boten anemahi pejah, among badanipun sami abuh babak labet kenging ing sela.
Denten palapuranipun abdi dalem wadana pulisi ing Klathen anggenipun titi
pariksa dumugi dhusun ing Ngagrong, sabin utawi tegalan saurutipun ing ngriku
ingkang sami kaladhon gungunggung, 270 bau sami baonan 500 cengkal kubuk,
padhusunan ingkang risak 21 iji, griya cacah wuwung, 250 iji rajakaya sami
wilujeng namung menda wonten ingkang pejah,2 iji, utawi tiyang estri 1 ingkang
nemahi pejah, dene pitik iwen sami pejah sadaya, tuwin barnag darbekipun tiyang
padhusunan wau kathah ingkang boten kacandhak ananging dereng saged aneksir
kathah kedhikipun awit sadaya tiyang sami angili dhaeng padhusunan sanesipun
margi ajrih aningali jurang ing Ngagrong isinipun ladhu taksih kathah, mongka
jurang punika ingkang sawau lebetipun 300 kaki, samangke kantun 12 kaki, tuwin
ladhu ingkang wonten jurang ing nginggil piyambak taksih katingal kathah sanget
kateksir sapalihipun ingkang sampun mili wau, sarta saben wonten jawah deres
ladhu punika lajeng luntur narajang dhusun tuwin pasabinan ingkang katrajang
rumiyin wiwit dhusun ing pacitan saurutipun denten sela ingkang sami keli
anglangkungi kathah sarta ageng-ageng ingkang katingal ageng piyambak
panjangipun 22 ½ kaki, kandel 5 ½ wiyarngipun 10 kaki, amila manawi kanjeng
tuwan residhen badhe karsa mariksani, raden tumenggung pulisi anggadhahi
sumelang amargi dhaeng ing ladhu boten kantenan wancinipun tuwin tilasing
ladhu wau manawi kambahing kapal lajeng ambles sawatawis lebet. Utawi
malihlepen ing Gondhang, ugi banjir ageng dumugi saurutipun ing wedhi tuwin
ing gumul naming kmargi ageng saha kreteg-kreteg sami wilujeng naung kreteg
ing Nglusah wonten risakipun sawatawis cagak tuwin saka sami keli boten tebih
dhawahipun utawi wonten satunggal tiyang estri ingkang keli ngantos anemahi
pejah.
Kasebut ing serat Statblad katitimangsankaping 8 wulan Taun punika, ongka 215 kanjeng
gupremen angundhangaken benjing wekasanipun taun 1877, sawatawis loji utawi
pakampungan kaprenah ing kitha Kupang bawah ing Timur, para tiyang sami boten
kalilan agrigriya sanesipun tembok ingkang mawi payon gedheng tuwin sing
sapanunggalanipun.

Kedhu
Serat kakancinganipun kajeng gupremen katitimangsan kaping 9 nunggil wulan punika,
ongka 5 anamtokaken manawi ing Kedhu kawewahan Litnan Cina satunggal ingkang
kapatah wonten ing Parakan Afdheling ing Temanggung.

Banyuwangi
Nalika ing dinten Bakda Siyam taun Wawu punika, ing wanci sonten ing dalem
kabupaten wontenpasamuwan ageng, Raden Tumengung Pringgakusuma sampun karsa
angaturi para tuwan tuwan sarta nyonyah-nyonyah dhatenging dalemipun sami kasukan
dhansah,punapa malih para priyantun amtenar jawi sami sowan sadaya, ing dalem
kabupaten wau mawi karengga ing sasekaran anglangkungi semuwa, sarta andadosaken
suka pirenaning panggalihipun para tamu sadaya, dene bibaripun ngantos wanci enjing
boten kirang satunggal punapa.

Pakurmatan nalika Bakda wulan Siyam ing Banyumas.


Ingnalika dintenSenen Legi tanggal kaping 2 wulan Dhesember punika, angleresi bakda
riyadi tangalkaping 1 Sawal Wawu ongka 1801, wanci pukul sanga enjing, parapriyantun
jawi ing salebetipun agdheling Banyumas, sampun sami kumpul mara sowan ing
pandhapi kabupaten, sarta sami mangangge basahan kulukan kalayan mawi rasukan
kustim, among ar amantri jalan mantra dhistik setattistik tuwin juru serat wadana kota
ingkang boten ngangge rasukan kustim awit dereng gadhah, boten antawis dangu kanjeng
raden tumenggung bupati miyos ingpandhapi pinarak ing kursi, ugi mawi ngagem
basahan kulukan tuwin rasukan kustim. Sareng wanci pukul sadasa raden Tumenggung
tedhak sowan ing residhenan nitih kareta dipun songsongi, kadherekaken ing para
priyantun jawi sadaya sami anumpak kareta bendhi tuwin glindhing ugi mawi dipun
songsongi, saha para lurah dhusun kalih welas sami mangangge basahan kulukan numpak
kapal wonten ing ngarsa tuwin pungkuring karetanipun raden tumenggung,
sapangkatipun saking pandhapi kaurmatan ungelig gongsa kakalih pelog kaliyan
salendro, sarawuhipun ing dalem residhenan para priyantun jawi wau sami tarap ngadhep
ing ngarsanipun kanjeng tuwan residhen tumunten raden tumenggung matur ngaturi
uninga yen ing dinten punika angleresi bakda siyam sasampunipun mautur
makatenlajeng kondur ing kabupaten, lampahipun ugi sami kados denign nalika
pangkatipun kasebut ing ngajeng, boten antawis dangu kanjeng tuwan residhen nbitih
kareta tedhak ingkabupaten kadherekaken ingpara tuwan tuwan walandi sanesipun ugi
sami numpak kareta utawi bendhi sarta sami mangangge pakeyan ageng, saha
kadherekaken ing Jayeng sekar kalih dasa wonten ing ngarsa pungkuring
karetanipunkanjeng tuwan reidhen, sarawuhipun mawi kaurmatan ngelipun gongsa
kakalih wau sarta ungeling mariyem rambah kaping nem, sarengdumugi ing pandhapi
lajeng maringi wilujeng bakda kados dening adat, lajeng kasegah ngunjuk wedang tuwin
unjukan sanesipun, pukul kalih welas siyang bibaran kondur, lampahing pakurmatanipun
kados kala rawuhipun, dalumalem salasa ing pandhapi kabupaten pista nayuban.

Panjurung
Panjurungipun mitra kula ingkang sisilih nama Setyabrata, kapacak ing Bramatani ongka
38, anyariyosaken manawi wonten satunggili tiyang Cina wasta Like, sampun kabegal
kasebrot nalika lumampah ing marti ageng dhusun pager alang dhistrik Kalireja, punika
pawartos sadaya leres, condhong kaliyan pamireng kula, ananging sarehning
panjurungipun setyabrata taksih kasebut pulisi saweg ngupados katrangan dereng
manggih,mila ing mangke kula sumambung ngaturi panjurung pawartos, awit pamireng
kula boten antawis lami saking Sebrotan, pulisi dhistrik Kalireja sampun pikantuk titik
tiyang ingkang kagrayang nyebrot, sartapinanggih buktinipun awarni sinjang plangi
tuwin saputangan sutra abrit, ananging kula boten sumerep kathah kedhikipun barang
ingkang pinangggih wau, saking cariyosipn tiyang ingkang kagrayang nyebrot dados
tiyang titiga, anangingkapariksa taksih mungkir, mila sakingprakawis punika pulisi ugi
dereng kendel anggenipunngupados katerangan malih, Katandhan Wa:ta

Nyuwun pinacak ing Bramartani


Sanadyan botena badhe dados kuwajiban, ing ngatasipun tyang kados kula, ewasamanten
ingkang pinanggih manah teka badhe suka bungah, awit ing pamulangan jawi Surakarta
badhe angrimbak serat paramasastra amurih sirnaning nari keeping Na, O kasinggiyan
sanet menggah pangandikanipun gunawan, pun Na, ing samangke badhe manggih
kawirangan suda ing pangawasanipun, toh boten saged angempakaken sawenang-
wenang. Sangking panganten kula, mila, Na sok boten dherek uger, andupating sastra
murda, katala wacah kangge ing tembung jawi, sanadyana, dados wanda ngajeng naming
teka bade anggendhol kimawon kados katarik saking tinanipun saengga andadosaken ing
katiwasan. Anjawi intgkang kasebut ing nginggil punika, sakalangkung pangajeng-ajeng
kula, menggah sumebaripun serat paramasastra enggal.
Sinerat ping 20 Nopember 1872
Pun Kembar.

Panjurung saking pangunguning manah.


Nalika tanggal kaping 20 wulan Siyam taun Wawu punika, kula nuju martuwi sadherek
dhateng Surakarta, sareng dalunipun anuju malem salikur, ingknag punika sakelangkung
gumun ngunguniing manah kula, ningali kathahing tiyang jaler estri sami lumampahing
radinan rehning pondhok kula cedlak radinan ageng dados katingal kemawon lampahing
tiyang ngantos jam tiga dereng mendha ingkang sami mubeng wau, wicantenipun
ingkang kula pondhoki punika sampun saben nuju maleman wulan siyam inggih makaten
kajatipun ingkang mubeng-mubeng punika sami anyadhang wahyu Laetulkadar, dasar
kaleresan malem Jumuwah, utawi malemipun salangkung punika ngleresi anggarakasih,
sawawratipun jawah awit siyang titiyang ingkang tirakat ugi anglangkungi kathah boten
etang teles utawi jemek saking adrenging anah kapengin angsal wahyu leulkadar wau,
saestonipun ingkang sami kaulyuran makaten punika inggih dede priyantun tamtu tiyang
alit sak kula tuwin ingkang sakedhik mangretosi pun kados taingkang sami tirakat
dhateng ngastana tuwin patilasan sapanunggilanipun kula nymerepi ugi makaten sareng
duugi ing panggenan mung ngepeng anggenipun jajan utawi gugujengan
sawangsinawang kaliyan tiyang estri, tiyangipun estri samanten malih inggih sami
andanakaken badan wasana dados badhar tirakatipun namungparlu sawanginarawang
kemawon tiyang ingkang mubeng wau inggih makaten kabigahanipun, ingkang punika
manawi panimbang kula kadosa sakedhik timen pamrihipun awon kaloyongan ngupados
wahyu tur boten wonten kanyatahanipun langkung prayogi anyambuta damel wonten ing
griya ingkang wonten kasilipun utawi amarsudiya barang kasagedan ingkang makantuki
dhateng badan tuwin pamireng kula dereng wonten katatalanipun ingkang sami
kaloyongan punika angsal wahyu lajeng tampi kanugrahan manawi pamanggih kula
makaten wau kados prayogi dipun jangkah saking wekel teberi angatiati sarta anetepi ing
kawajiban sanadyana tiyang suwita ing ratu ugi boten tebih makaten pratingkahipun,
dene tirakatanipun inggih wonten pasowanan sarta kedah mung kul temen temen ing labir
batos sungkemipun dhateng gusti namung manawi anglampahi padamelan anggadhahana
tekat kados yen tirakat punika sanmpun etang dalu tuwin jemek saha sayahing badan
inggih punika tapanipun tiyang ngawula trakadang manawi mantep tumunten angsal
wahyu, wontdene yen mired cariyos jaman kina ugi leres tiyang jawi punika punpa
kajatipun menawi boten dipun lanrai tapa bote dados dene ing mangke tiyang sampun
santaun jaman tapanipun tiyang sak punika inggih jarwa suta kemawon anata uma,
sawawratipun siyan wulan ramelan punika sampun wajibing sarengat pirukuning ngislam
gangsal prakawis utawi awis ingkang anetepi, anjawi namung saur kaliyan ngepung
maleman ingakng dipun parelokaken, dene siyamipun boten dipun preduli,malah malah
dipun damel pameran anggenipun nyulayani rukuning Islam wau, prangraosipun makaten
punika sampun gegedhuk sanget kados dipun anggenipun saged mirib jaman kina, kang
mongka nalika semanten tiyang tapa wau kadamel lantaran panggayuh ing kasekten
sapanunggilanipun amargi taksih jaman perang, sareng samangke jamanipun namung
ngupados pangupajiwa sarta kaluhuran, punapa malih barnag kasagedan ingkang
makantuki dhateng oing badan dhasar ing sak punika kanjeng gupremen sampun karsa
amirahaken sabarang kasagedan ingkang adamel a raharjan dhateng sadaya bongsa sami
katumrapaken wonten ing pamulangan saking asih palimarsmanipun dhateng sadaya
tiyang sami kapurih sampun ngantos wonten ingakng botdho tuwin kikirangan sandhang
tedha, punapa boten prayogi anggayuh ingkang punika, wasana mugi sampun
andadosaken rengating panggalihipun ingkang sami remen kubeng-mubeng wau boten
lankgung kula anyumangggakaken leres lepatipung atur kula ing nginggil punika.
Katandhan Kudaangunangun.

Punika candhakipun serat Undhang-Undhang


Bab ping 16, Ing dina lan wayah kang tinamtokake mau dadiya kang kabeber anampani
utawa kang kinuwasakake anampani egendhom akte seba utawa ora, kang nyekel
panguwasa ing gelenganandhawuhna ana ing ngarepane priyayi kang kabubuhan anulisi
pranara iku, awit ingkang asma guprenur jendral kang aduweni panuwun kaparingan
palemahan kang kasebut ing laying karampungan dapi egendhome, nganggo prajanjiyan
kang pinacak ing bab ping 18 lan 19 ing ngisor iki. Mungguh laying egendhom akte iku
katulis anaing laying register kang pancen kanggo anulis laying mangkono, dene salinane
saturune ing basane wong ing desa gagolongane palemahan kang kaparingake dadi
egendhom, kaparingake marang kang aduweni panuwun utawa kuwasane, dene yen karo
pisan padha ora seba, laying mau kaki…ke marang kang anduweni panuwun dene
wragade kang kudu ambayar uga kang aduweni panuwun mau.
Bab ping 17 guprenur jendral amranataha kamot ing laying undhang-undhang pratikele
pamemuti palemahan dadi egedhome sawijining wong utawa palemahan kang wus dadi
egeindhom kaliyer ing liyane.
Bab ping 18 wong jawa kanga wit saka unine laying kakancingan iki oleh egendhom
palemahan kang biyen dadi duweke nganti turun-tumurun isih lestari kena wajib lan
sasanggan kang katamtokake ing layan gpranatan dhewe-dhewe, kaya ta kena kapundhut
palemahane sarana kaparingan pituwas ing sapantese Manawa kanggoya yasan kang
mangkolehi ing akeh, kudu ambayar pajeg bumi sapanunggalane, apadene kena prabeya
kang kasebut ing bab ing 21 ing ngisor iki, liyane iku wong mau jalaran saka wawenange
marang palemahan kang dadi egendhome kena pagaweya nagara lan kena sasanggan
tanem tuwuh sapira gang pancen dadi wajibing palemahane, wah maneh kena sasanggan
tanem tuwuh sapira gang pancen dadi wajinbing palemahane, wah maneh kena sasanggan
marang desa gagolonganing palemahane, Manawa wawaton saka pranatan kang tumrap
marang desa mau, sasanggan iku dumunung ana palemahan kang dadi egendhome,
anjaba saka iku kanjeng gupremen isih wenang bacon ananduri palemahan iku utawa
amundhut pametune pakopen kang wus dadi egendhome wong jawa, sarana aparingi
pituwas kang pantes ing saka parenge kanjeng gupremehn dhewe, kabeh manut pranatan
kang tumrap marang prakara iku.
Bab ping 19 mungguh palemahan kanga wit saka unine laying kakancingan iki dadi
egendhom ora kena kaedol marangliyane bongsa jawa, salawase durung kapranata
maneh, dene yen nganti kalakon kaedol marang liyane bongsa jawa pangedole iku ebra,
dene kenane paleahan kang dadi egendhom kagadheake mung sarana prajanjiyan kamot
laying kang ginawe ana ing kantor lan ing ngaranan Imotik Akte. Ewa samono
palemahan kang dadi egendhom kena kapindhut ing kanjeng gupremen kanggoya yasan
kang makoleh I ing ngakeh sarana amaringi pituwas marang kang duwe ing sapantese.
Serat undhang punika taksih wonten candhakipun.

Punika Cariyos Babad Mataram


Wong sakawan kalih ta ing ngembanira, kanem ingkang kathah,lan taledhek lanang,
pangeran anarajang, wong Madura anadhahi sinosog tumbak, kinarutuging bedhil. Jeng
Pangeran pangamukira anengah,lir Bimanyu ajurit, rinebut ing rana, dening sata kurawa,
winaosing ngrsa wuri, lembing brengkolang salining amalihi. Wong Madura kathah longe
ingkang pejah, kaprwaa ing keris pan kakeyan lawan, pangeran karepotan, kena ing
pribadi, bucik satuma, pangeran wus ngemasi. Wong Mataram saparo ngrbut bandara,
pan sami tan ningali,kaketeg tan ana, katingalan, bucek sarira kaeksi, pangrasanira,
pangeran ora mati. Jeng pangeran binabayang mring panggonggan, sakehe wong
Matawis, ingkang angrarompa, sakathahe Santana, atebah jaja sarya ngling, dhuh
gustiningwang, wus karsaninghyang widhi. Jeng pangeran salarong sigra mariksa, apane
ingkang kanin, katur bucekira, pangeran angandika, pesthi iku lamun mandi, guwange
saban, sisetan tober dhimin. Sok tiba apucuke agawe rondha, enengena dipati, warnanen
pangeran, layone wus binakta, marang ing bangsal pangapit, katuring nata, duka yayah
sinipi. Nulya miyos kangibu lawan sang nata, kang rayi den tangisi, praemban karuna,
sasambate mlas arsa, dhh sultan dika tingali, titular dina, tan kena den tuturi. Lah ing
mengko sira nemahi pralaya, dhuh anak ingsun gusti, sira kaprawagsa, mengkolahkaya
ngapa, sira nemahi pribadi, pangran Purbaya, asru denira angling. Lah ta sampun punapa
kang rinasanan, wus karsaning hyang widhi, putra jengandika, umure mung sapala, pan
sampun dipun beciki, pangram layonya, wananen sribupati. Angandika sang nata
atungtung duka, sapa ingkang nangani, dene wong Mataram, teka ngliraked wekas, yayi
mas kongsi ngemasi, sigra pangram silarong atur bekti. Inggih dede wong Mataram kang
tumandang, wong Sampang kang mejahi,kang sami katresnan, ing gustine palastra,
marmane supe ing gusti, areng narajang, raden rinebut wani. Wong Madura kathah longe
ingkang pejah,pun adipati mati, yata srinarendra, suka sajroning nala, ariningsun maksih
cilik, bela dipatya, mendah yen wus saakir. Angandika sang nata ing wadyanira, adimas
sun belani nulya,pinerang, baunira sang nata,pasha ludira wus mijil, nata ngandika, pun
lega ati mami. Ingkanglayon jeng pangeran wus pinesta ing ngastanamagiri, dagane kang
rama, pan kocapa ing carita sang nata darbe cirri, gethek baunya, wawasi kang rumiyin.
Duka pangeran silarong mring Balambangan, amateni wawasi, adarbe pratiganya, asa
malea pejah, yen ana ratu matawis, gethek baune surup ingsun ing benjing. Enengena
Mataram ingkang kocapa, kang kesah aglurugi. Marang Balamabangan, tumenggung
Wiraguna, lampahira sassampun prapti, tapel watesnya, pasuruan abaris,. Kathahe
pramantri pepak sadaya, miwah moncanaari, kyana,kang dadi senapatya, asmaradana
panumping, ki Danupaya mas iman tripanumping. Linggihipun apan tunggalan Santana,
pan kinon angembani, mring pangeran arya, kinen milu ngluruga, pan sampun tata abaris,
dyan kawarnaha, ing Balambangan nenggih. Balambangan pan sampun obah sing daya,
wong Bali wus bantoni, pan sampun siayaga, sagamaning ngayuda, wus medal sangking
nagari, ayun-ayunan, kala wong Matawis,. Ki Tumenggung Wiraguna undhang-undhang,
arsa angantep jurit, ing dina jumungah, sampun yitna sadaya, sampun prapteng tepis
wiring, enjang kawarna, bendhe munya tinitir.wong mataram baris sampun tinata, miwah
nmonca nagari, sampun tata-tata, myang wong ing Balambangan, pan sampun atata baris,
kang dadi dhadha, tanggulangi wong Bali.
Ongka 52, Kenmis kaping 26 Dhesember 1872

Ariyos tuwin pawartos warni-warni


Ngayogyakarta
Nalika tanggal kaping 5 Dhesember wulan punika, ing wanci jam 11 siyang wonten lare
estri sampun pinanggih pejah wonten sawetanipun lepen Code, jisimipun rare wau
kataton gulunipun labet kenging dhuwung, dene pangintenipun para tiyang rare wau
pejahipun labet kenging dhuwung, dene pangintenipun para tiyang rare wau pejahipun
kaaniaya, punapa malih supe ingkang kaangge pangaos, 25 rupiyah, punika ical dipun
padosi boten kapanggih.

Perang ing Selebes


Kala kaping 12 Nopember taun punika wonten pawartos malih sakin gsalebes bilih
kadhistrikan ler boten wonten pawatos malih ingkang andadosaken kaussahan. Kraeng
Bonto-Bonto boten amanggen malih wonten pandhelikan ing Batuwa, akathah balanipun
ingkang mandung maesa ing kampung Lekacadhi ingkang tebihipun kawan pal saking
Pangkahjene, awit saking punika komandhan ing pangkahjene anglampahaken
saradhadhu kathahipun pitung dasa ingkang anentremaken pasiten sacelaking ngriku sarta
mendhet manahipun titiyang alit. Saking Balangnipah boten wonten pawartosipun dene
pakabaran ingkang katampen malih saking selebes kasebut ing ngandhap punika. Ingkang
sakawit para militer kaangsahaken perang dhateng Mandhar, sadhatengipun ing ngriku,
rja ing mandhar boten pinanggih, mila kenging kawastanan manawi raresah punika
sampun kendel, ananging kraeng Bonto-Bonto ingkang sampun lami bali dhateng
kanjeng gupremen ing samangke manggih jalaraning perang malih, mila para militer kala
tanggal kaping 25 NOpember ingkang mentas kapengker kadhawahan mangkat dhateng
Pangkahjene, inggih punika panggenanipun Kraeng Bonto-Bonto, ingkang la[remaj omg
mga[ot-apit redi sarta arangkep kalih, mila sanget santosanipun, dene para tiyang kraman
anggenipun anglawan sakalangkung tumemen, kalampahan para militer sami mundur,
dee ingkang kasangsran para saradhahu, 4 ingkang kataton 43 kalebet upsir 6 kdosta:
tuwan Komandhan Meiyer, Litnan Sekat, PInmurik, Tenta, Wagen tuwinLomeiyer,
ananging para Opsir punika anggenipun sami kataton boten nmutawatosi enjingipun
tanggal kaping 26 anungil wulan NOpember para kmiliter sami anempuh beteng malih,
ananging sampun pinanggih suweng, dene ingkang kawartos nalika paperangan ing
nginggil wau, para kraman ingkang pejah 1 ingkang nandhang tatu tiyang 30.

Pakabaran walandi nyariyosaken bilih pangeran Napoleyon inggih punika putra


kapenakaknipun Prabu Napoleyon ingkang kaping tiga (III), tilas susuhunan ing nagari
Pangkrik kapurih anilar nagari Pangkrik ananging Pangeran wau boten narimah,
milanipun lajeng anyaosaken serat gugat ing parentah ageng. Presidhen Trir anilar kith
Paris dhumateng ing kitha Perselye, marsekalek Basini ingkang kapriksa malih dening
Rad MIliter prakawis pamasrahipun kitha Met sapunika gerah sanget wondene bab
prakawisipun wau, marsekalek Basini asring anutuh para upsir sosoranipun sarta awit
awoning prabotipun anggenipun tuwan Trir anyepeng paprentahan punika boten
andadosaken panasipun para tiyang ageng ingkang nunggil salebeting paprenthan. Tiyang
bongsa Jepan ingkang saweg manggen ing kitha Paris kala samanten adamel pista ageng,
angurmati dinten wiyosaning rajanipun.

Ing bawah kabupaten ngampel wonten tiyang anami Mangun Surija, dumunung gagriya
ing wanalela, kapaak dados mandor siti pamaosipun tuwan Dherat ananging mangun
Sudirja wau ngangge nama Raden Ngabei, bilih ing bawahipun boten nyebut bendara
Raden ngabei, saestu lajeng kadhendha arta, utawi kadhendha pandamelan, anjawi saking
punika, patrap kala kuanipun sakalangkung resah, sabab nbilih wonten kalereyanipun
tukar paben lajeng katindakaken siasat, kadhendha utawi kaeres, panuju pulisinipun radi
mulat, asring kacegah dening pulisi wau, mila sakalangkung panas saha muring-muring
dhumateng pulisi, amargi boten kadugen ingkang dados pikajengipun, sarehning sampun
asring kadengangan anggenipun gadhah patrap mokal pulisinipun asring raraosan kaliyan
atminisetraturipun, kalampahan mangun sudirja wau kapocot saha katundhung saking
panggenanipun, sadaya kalereyanipun sami amumule dhateng luluhuripun, angaturi
pamuhi dhumateng Administraturipun, ananging saenggen-enggen angancam-ancam
dhateng pulisi badhe nglebetaken paskuwel, malah-malah angupados saserepan,
lalampahanipun ing kabupaten Ngampel bilih sampun angsal saserepan inggih badhe
katandukaken paskuwel sanadyan boten tumama, ananging andadosaken karenaning
manah, sabab ing parentah kangelan angupados katrangan kang kasebut ing paskuwel,
mila Mangun Sudirja wau, sampun kasuhur awon budinipun saben saben anglebetaken
paskuwel, sak dangonipun griya wonten ing getas saserepan kula sampun andukaken
paskuwel kaping tiga, bokmanawi kanjen gparentah badhe kersa anampeni paskuwel
O:Pa. Puji kula ingpangeran mugi-mugi kanjeng parentah ayektosana dhumateng
abdinipun amin. Serat paskuwel punika tegesipun serat tanpa nama utawi tondha asisilih
nama, sarta pangintunipun asidheman. Katandhan Tanpanyana.

Panjurung Wangsulan
Kula sampun anguningani panjurungipun Mitra kula, kusumawicitra ingkang tumrap
Bramartani ongka 44, wulan Oktober ing taun punika suraosipun aparing pambatnag
cangkriman kula ingkang satunggal bab saking pambatangipun mitra kula kuningan
tuwiin upet sepet punika taksih kalintu, manawi leresipun inggih punika pancuraning
Calajaja, ingkang jumbuh aran rasa karya tuwin warna, denten panjanengan sampeyan
mundhut katranganing pondhok kula, prayogi andanguwa dhateng mitra kula raden panji
Jayawilaya, punika ingkang sampun atitinjo dhateng panggenan kula, punapa malih
mugi sampun andadosaken cuwaning panggalih jalaran laminipun wangsulankula,
manawi sayaktosipun boten mawi gantalan dinten anggen kula ngaturi wangsulan
anaming sarehning kaselan selan cariyos ingkang parlu dados angentosi selanipun amila
samangke kula bangun malih supados sampun andadosaken seling serepingpanggaloih
sampeyan, utawi malih kula ugi sampunanguningani paringipun wangsulan mitra kula
ngadulsupi, bab anggen kula ngaturi jawab pandangunipun babasan ingkang
sakalangkung elok punika saking panimbangipun ingkang kagungan soal anggen kula
aturi rancagan panjarwa wau namung kagalih saweg radi memper kemawon ananging
punika ugi leres makaten, anaming pandugi kula sanadyan para putusing kawruh punapa
inggih karsa amedharaken dunungipun wnten ing Koran Bramartani, kados tamtu boten
karsa, mila pryongga santun kemawon ignkang kadamel lantaran gugujengan amurih
regenging Bramartani. Katandhan Open

Nalika tanggalkaping 1 wulan Sawal kula ningali garebeg Bakda siyam wonten ing kitha
magetan sayaktos booten sanget kula timbang kaliyan bakda ingkangsampunkalampahan,
sanadyan cacahing priyantun boten wewah ewadenten ta tingal kados mindhak sarta
sakalangkung samuwa, dene ingkang angindhakaken asri punika boten sanes saking
rsukan kustum, sareng priyantun mangkat sakingpaseban dhateng kabpatosan lampahipun
arak-arakan ksunaran sangya prateonggapati, kumenyar gumebya inggih saking abra
busananipun. Gumun kula boten sakedhik dene sawijining priyantun ing M G dereng
ngangge rasukan kustum leres manawi malarat la tiyang sugih, yatranipun mila ludipun
anakaken samanten punika inggih leres, sanadyan abra busananipun manawi tanpa arta
inggih iirdeya, ananging manawi pun kula dadosa priyantun inggihkula perlokaken awit
kajawi remen kabesusan inggih ngantokaken dhawah ing kanjeng gupremen sinten
ingkang pirsa kandhutanipun tiyang, sanadyan gadhahan ringgit sabodhag manawi
sandhangpanganepun kirang pantes punapa paedahipun arta, tur anetepi paribasan
pambekan asor tuman sinepak, pan ing ngemaksa samaning dumadi, sareng kalempakan
priyantun wau katingal malonga kados guwa, kancanipun patingprangangah kados puspa
nedheng babar rumisari.
Katandhan Pun Jail.

Wangsulan saking Puspa Taluki ing Magetan dhateng Gunawan


Durmanira gunawan medhar ken sabda, neng Koran Bramartani, nguculi kadibyan, ing
Guna Pangawikan, sinaidan maha muni, swa dwijawara, pamong siswa ing nagri.
Surkarta pawiyatan minulwa, tuking kawruh sajati, langkung sukur kula, jumurung
ngayubagya, gunawan antuk wawangsit sing nrugurida ing atma mamres budi.
Sinawurken karya papucuk wiyata, pnjrahing kawruh nidi, pangingkesing karya, labaning
pangawikan, sudacacahingkang tulis surasa tunggal gunawan yekti wasis. Nanging
wasisira derengkasunyata, kesisan tondha yakti, tigasing ngaguna, pagas atan pacihna,
nenggih sastraning pribadi, kang ngasung wikan gunawan cupet budi. Eh Gunawan
sampun naratag tyasira, kuwur bawur pangaksi, den tatalan away, kalimput ing tyas arda,
salah cipta belonga ati, nitrawangsulan kamoran muring muring. Dipun awas bok manawi
kaclakuthak kedetan ing nguni, mas canggeh pan arsa, mecuti mring andika.Lo lo
prempeng arsa bithi mongsa gelema kula Puspa Taluki.

Kula batang cangkriman kangmuni, jeruk mangan kara, ing ngaranan, jeruk macan kara
embek, punika kara wedhus, ingkang darbe cangkrimannami Ka, Wa, nagri ngayugya,
genahe jujuluk, rahadyan Ka, Wa, punika, gih kusuma, wicitra pan sampun titi, kuneng
ingkang jinarwa. Wektu mangkie ngleresi kang sasi, bakda wulan puwasa kawula,
ngaturisugeng wiyose, umareng mintreng ulun,ingkang agung apurengg galih, I
sasaniskara, kalepatan ulun, timbalane sang duteng rat, dosa patilebur denign apureki,
wektu dinariyaya. Sasampune punika manawi, ka, wa, wigya aulun minta barkah, ngiseni
bramartanine, kabar garebegipun, ing Ngayugja pan kados pundit, ing sapangkat
pangkatnya, tuwan jarweng tuhu, kadya tan kewran mangarang, dyan kusumawicitra ing
reh murwani, rena apa wong miran. Miwah ingkang sami wigyeng tulis, nganggit
cangkriman kang endah-endah, ing prajane dhewe-dhewe, barkah ana runurun,
karanganing garebeg sami, lawan asunga samya, pranataning ratu, sacara-caranign
pyamak, iang bupati moncanagari sabilik, bilik-bilik budinya. Agem-agemanipun setasi,
saupacara lajer bandera, daludag sapanunggile, tenger umbul-umbul, dhestrik dhestrik
kasukaneki, rameyan den jarwakna, kang ragi cucut, sedene mantra kepala, prapatingi,
babekel kuwa…desi, paran suka citanya. Kula ngaturi pamanggih kedhik, yen wong jawa
nganggowa gombalan, anger pinayungan serat, ageng ing sukeng kalvu, yen wong cilik
andulu dhuwit, nadyan dipun angkatna, rinawengi sekut, prasantri yen buntel berkat, nora
etung kali banjir den sabrangi, yen den undang kondangan. Sanese salanjalma sugih-
sugih, sukane atine yen ratunya, adil jejeg adilane, wong miskin sukanipun, thase ayem
yen mirah pari, ingkang dadi purasaka, nagara rahayu, lamun murah sahandhang pangan
lah kapriye bisane amurah pari,kula cupet sumongga. Kanjeng gupremen ing mangkin,
maringi buku pusaka, nyaritakaken tatanen, nanging dereng kalampahan, awit kathah
pikalpa, sagunging wong dhusun dhusun tasih bodho ing pamangya. Sagede wigya wong
desi, yen sinung guru kangmulang, bicara ukum pepadon, yekti uning leres lepat, tebih
sakin gpitenah, yen kathah kang kena bujuk, paran lamun raharjaha. Wonten bebasaning
desi, bebera tembunging basa, nadyan bongkong a yen kanthong, bakala kalamun ngakal,
jujura yen tan jangkah, nora wurung kajelungup, sumongga gen wicaraha, wonten ta
bebasan malih, inaha yen tan kainan, bisa anutup cacade, mongsa sageda
ambatang,liyane prasujana, cangkriman kalangkung ewuh, katndhan wadi wijaya. Ing
cekake kang dadi arjane praja, lamun wus kathah persil, sagung tanah tanah, sami mulya
sadaya, pulisi tulus sawiji, ukum kang lepat , tan kameron kangadil. Para guru tulus
amardi mumulang, tulaten anenangi, mring bodhone jalma, aja den arubeda, ang dadi
kasile sukci, tinebihena, poincabayaning maling. Lamun ana maling tan angsal katrangan,
dhinendha den papali, kang sami kwajiban, rumeksa kadurjanan,pulisi wus anyaguhi,
birat durjana,nanging datan nentepi. Tetep luput saka janjinene piyambak, punika rembag
mami, pagene wus sagah, dinadeken mangkana, sayekti sampun nguwisi, mila sun
ngarang, awit kara sasedhih. Saking anakuncara pirang nagarta, maling \e lir gurimis, lah
dipun badheya, apa kang diadi marga, margane kakeyan maling, tanpa katrangan, apa ta
buta tuli.

Panjurung minongka wangsulan


Mitra kula ingkang sisilih nama Kusumawicitra, ingkang sampun paring sabda gancaring
cangkriman kula pitung prakawis, sadaya kula ugi sampun anyondhongi, sarta
sakalangkung bingah renanging manah kula, dene karsa paring padhang ingkang
dumados kasangsaraning pamanggih, karanten panggraita kula ingkang munggung,
rumaos lejar, sarta mitra kula Wartatama, sampun karsa angengetaken ingkang meh
dados jalaraning sulaya pawong mitran,jalaran saking kula sampun lami boten amangsuli,
ugi sakalangkung kasuwun, ingpanyipta kula saking wit dening lepat kula pyambak, o
bok Sanirpin rawendran boten pisan kula anggadhahi cipta kirang seneng dhumateng
Kusumawicitra, ing ngats pawong pamitran , balik ta panggalihipunmitra kula
kusumawicitra, terkadhang sayektos punika andadosaken bendunipun, saestu kula boten
maiben, saupami ingkang jarwa cankriman kula wau, sanesipun kusumawicitra, bilih
manawi angevcrahakenpawong mamitran samanten wau mitrakula kusumawicitra,
sampun anggalih manawi atur kula punika kirang pasaja, kula matur ing sayaktosipun
kimawon, sasampunipun kula matur makaten sampun pisan dados puguting
panggalihipun kusumawicitra, dene sampun kagugat arambah-rambah,kula nembe
ngaturi wangsulan ingkang kula suwun suwun mugi lestantuna mimitran kaliyan pun
kula, manawi taksih sami denten pinaringan ing gusti allah yuswa panjang, kanggeya ing
salaminipun.
Katandhan mitranta pun Darmawisesa Awiguna.

Wangsulan
Ing Bramartani ongka 47 kula sampun maos wangsulanipun ingkang sisilih nama Baru,
suka katrangan yenkagnganipun cangkrimaningkang sampun kula batang utawi sampun
kabatang dhateng mitra kula Ka, Wa, (Kusumawicitra) punika batanganipun taksih nalisir
awit kapendhet kirata. Ing mangke atur kula manawi cangkriman punika boten pareng
kajarwanan mawi kirata inggih kula radi ewed mongka saged kula among samanten,
sanesipun mekaten dereng sa….gih saserean malih, wasamanten kula sumongga ing
mitrakula kusumawicitra, manawi na…ngan pamanggih malih sanesipun ingkang
sampun kajarwakaken. Ananging saking pangajeng-ajeng kula ing tembe manawi mitra
kula kusumawicitra sampun mangsuli pa…wamongka taksih nalisir malih, panedha kula
mugi mitra kula baru amedharaken pa…gah batangipun cangkriman wau, sampun
ngantos kalamen malih, karanten sampun dahatipun.
Sinerat tanggal kaping 25 NOpember 1872
Katandhan Wartatama

Asung Panarimah
Dadya mijil trusdhaning tyuas dening, dupi ulan maos, wangsulaning mtira mba sasilihe,
dyan kusumawicira ing nagri Ngayogyakartadi, denya asung weuh. Yenkagungan ta soal
ing nguni, bab rasa kinaot,mitra lun wus condhong karsane, nanging priyagung ingkang
darbeni, dereng amarengi, jinarwan kadyeku. Puwaranya mtra mba asung wrin, jarwane
kang yektos, sakamantyas ambabingah dede paduka sampun angecani, ring sakapti
mami, kamanyangan tuhu. Isthinin gtyas tangeh yen amanggih, yen ulun nguypados, mita
ingkang sae kakaptine, kadya paduka mbekdarmeng budi, prasaja sakalir, tu…sumeh ing
semu. Prapasat kadang ing lair batin, sotaning tyas ingwong, tan kadugi mangsulken ing
tembe, kadarmanta kang sampun kawijil, tan luyan mungaturi, srupanrimah ulun.anjawi
kang kasebut ingnginggil, kula tur pawartos, gyan paduka paring pirukune mring mitran
ta kang sisilih pun cin, denya bela tampi, siwahing pamangguh. Kados kados tan saged
mangsuli, karanya samangke, pun. Cinda tan wonten ing wismane, lagya mintar mring
tanah pasisir, sampun radi lami, nanging dereng mantuk. Marma ulun saged angaturi,
teranging pawartos, awit pun Cin punika wismane, tunggil prajalan ambasayekti,mung
lyan kampungneki, unggwanya dudunung. Titi tumutur ulun ngaturi, pupuji mring
manon, mugi pduka panjang yuswane, sinung mulya kadugen sakapti, telas katandhaning
Wartatama ulun I.
Punika andhakipun serat undhang-undang
Guprenur Jendral wenang angluputake saka papacak kang kasebut ing ada-ada kapisaning
dhusur iki, palemahan kang panen utawa kang prelu kudu kanggo ingpangupajiwa
taberen tuwin tatanen apa dene kang kanggo ngelar kampugne para bongsa walonda,lan
bongsa sabrang utawa kangge ingpanduk liyane kang prelu.
Bab ping 20 mungguh kang kasbeut ing bab ping 18 lan 19 ing dhuwur iki ora kena ora
kudu kalebokake ing laying eigendhom akte, sabab kanjeng gupremen ora amaringi
palemahan dadi egendo\hom Manawa ora nganggo prajanji kang muni ing rong bab iku.
Bab ping 21 palemahan kanga wit saka unine laying kakancingan iki dadi egendhom akte
mongka ora kena pajeg bumi utawa sapapadhane prabeya, kudu kasongga pajeg ing
Nga…perpondhing.
Bab 22 sarupaning layangkang kasebut inglayang kakancingan inki ora susah kapacaking
dluwang segel. Mungguh prakara para pduka kang linakokaake ingpangadilan landrad
ing ngatase palemahan kang suwun dadi eigendhom orakena ragad apa-apa
Bab ping 23 Wong bongsa Brangkang ing angger liya-liyane kapadhakake wong bongsa
Jawa…..iki ora kagolongake wong bongsa jaw
Bab ping 24 Layang kakancingan iki mung tumrap ing tanah jawa lan Madura, ewa
samono ing bab ping 27 pada ongka 2 layang pranatan bab panyekeling paprenthaan ing
indiya Nederlan ora owah kanggone.
Minister ingsun panKKoloni kadhawuhan amurih kalakone laying kakancingan iki. Kang
turunane bakal kakirim ake marang rad Pansetate.
Dhawuhing Segrapen Hage ping 16 April 1872
Katandhan Srimaharaja Willem
Katandhan Kanjeng tuwaningkang wicaksana Minister Pankoloni Panbose
Wus cocog kambi babone
Katandhan Kanjeng tuwan Sekretaris Jendral ing Minister Pankoloni Peit.

PUnika cariyos Babad Mataram


Pangiride awasta lurah Yabana, kalawan Panjipati, pan sampun tengara, tawangaluneng
kanan, Wiranagara neng wuri, wong Balambangan, ingkang dadya titindhih. Wus tengara
wong Bali lan Balambangan,miwah wadya matawis, pan sampun tengara, sigra tempu ing
yuda, pangawak kanan lan kering, aba bedhil lan wong Bali akeh mati. Panji Pating
kalawan lurah Yabana, pan arsa angawaki, anulya tengara, wau sigra narajang, wong Bali
wong ing Matawis, tempuing yuda, lir udan sinemeni. Sampun ilang tatane wong aprang
jajar, tumbak bedhil wus mati, aruket kang yuda, rame pedhang pinedhang, saweneh keris
kineris, sendhal sinendhal, anigas angakahi. Lindhu aworiwut prange wong Kabranan,
kang waras anggulungi, marang ingkang pejah, papati anggalasah,lir pendah babadan
pacing tiyang kang pejah, wangke sungsuna tindhih. Wong Mataram kalindhih ing
yudanira, den amuk ing wong Bali, angler singalodra, galak tan olih mongsa, lir pendah
bantheng akanin, kagila-gila, pangamuke wong Bali. Wong mataram tan mongga mongga
puliya, kang mara-mara mati, kang mundur kabranan, tatanira wus bubrah, monca nagara
wus ngisis, ki Wiraguna, awas denya ningali. Yen kanga prang angisis kathah kang pejah,
karsanira ngawaki, sigra atengara, teteg kaya butula, bendhene tinitir, para prawira,
sadaya angawaki. Sigra mangsahkitumenggung Wirakuna, wong Mataram awedi,
kalamun mundura, lir macan atenaya, sadaya samya abal, angantep yuda, ajrih mundur
sanyari. Sigra ngamuk wong Jawa kagila-gila, wong Bali akeh mati, kinathahan lawan,
dhasare sampun sayah, den amuk kapati-pati, para prawira, ing Mataram ngawaki.
Pangamuke para prawira lir yaksa,lidhung angobat-abit, anumbak anigas, anyuduk lan
amedhang, angideg sarwi ngakahi, wong Balambangan, akathah ingkang mati. Wus
kalindhih erange wong Balambangan, wong mataram nyuraki, pan kadi ampuhwan, lir
karengenga wiyat, kang bumi lir gonjang-ganjing, suraking bala, kadya rubuh kang
langit. Panji pati kalawan lurah Yabana, wau sampun gumingsir, amiarsa surak, kang
langkung wirangira, kuping nya kadya sinebit, umajeng sigra, pan arsa ngamuk malih.
Ing wong Bali watara ing kathahira, kalih belah kang kari, prasamya angucap, sedheng
payo linawan, payo aja na gumingsir, pan sarwi onclang, watange wus kumitir. Wong
mataram uninga yen embank pejah, sigra para prajurit, umangsah sadaya, iya
moncanagara prasamya arebut dhingin, anempuh yuda, kalawan ing wong Bali. Panji Pati
kalawan lurah Yabana, pangamuke lir belis, tiba rekik samya, watangira denikal, baledug
ingkang katangkis, putunga kathah, salinira wus prati. Panti rongga atempuh lawan wong
wetan, mungsuh lan Panjipati, agebag ginebang, ananging kantun olah wong Bali sampun
utami, ya ulah benthak, kirongga kaseliring. Linariyan kirongga jajane pasha, aniba nuli
mati, wong Mataram mulat, yen kirongga wus pejah, anuylya ki Panjipati, den bykai
kathah, rinampog tan wigati. Ginebuganing bedhil landheyan, garesese den penthungi,
den emtepi sela, pira ta kuwatira, wong siji dipun kathahi, remuk awaknya, Panjipati
ngemasi. Kyai lurah Yabana sigra narajang, panggih padha sawiji, lan wong pranaraga,
kang wasta citrayuda, adangu ungkih ing ungkih, lurah Yabana, rosa denira tangkis.
Citrayuda arosa paumbakira, watang putung atangkis, sigra linarahan, dening lurah
Yabana, jajanya trus marang gigir, ki Citrayuda, aniba nulya mati. Wiratanu uninga
adhine pejah, nrajang sarowangneki, kilurah Yabana, den byaki wong ngakathah,
rinampok pating saluwir, arang karanjang, lurah Yabaa mati. Sirna laruk wong Bali
akathah pejah, wong Balamabangan uning, yen wong Bali telas, nulya kabeh lumajar,
pati pati babentusi, pating balesar, rebut urip pribadi. Tawangalun lumayu amungkur
menda, anuling den tutui, tinrajangingkuda, nusup ing galagahan, katuju ngidak parecil,
gundam anjol, dubilah aku mati. Wong Mataram samana sampun kelangan, dipatine
satunggil, kiwiranagara, lumayu ngalor netan, palayune sipat tuping, mung bojonira,
pineleng ngarsa ngili. Wong Mataram prasami antuk bandhangan, panganggone kang
mati, keris tulup pedhang, prajurite kang pejah, prasamya dipun beciki, ingkang prayoga,
jisim binakta mulih. Pan wong Bali Balamabngan kinethokan, yata kasaput wengi, samya
masanggrahan sadalu parembagan, pan samya arsa angungsi, mring kithanira, sampun
lolosing wengi. Tawangalun kalawan wiranagara, samya ngungsi mring Bali, Kyai
Wiraguna, asru denya ngandika, angatag ing paramantri, amba boyonga, wong Mu aja
nagari. Wuslumampah sami baboyong sadaya, wong Balamabgan enting, sami
ni…narakat, cacahe kang ginawa, sewu limangatus nenggih, sarupanira, cacahen dhas
winilis. Ki Tumenggung Wiraguna wus miarsa, warta sang ing Matawis, yen pangeran
arya, sampun seda ing Nara, ….ngamuk ing sribupati, pun Pasisingan, kang dadi setan
belis. KI tumenggung Danupaya wus miarsa, langkung denira tintrim, pan sakaruna
sasambate mlas arsa, dhuh pangeran gusti mami, sampun salaya, ingsun na…panen gusti.
Ki Tumenggung wiraguna ciptanira, yen ingsun iki mulih mongsa ta uripi, susunan
kutanarsa, ngawulaken marang mami,nadyan matiya, angur matiya jurit. Ki Tumengung
Wiraguna rembugan lawan mantra matawis lan Moncanagara, karsane ambarnjang,
ambedhah nagara Bali, wong Balamabangan ing Bali kang den ungsi. Tawangalun
kalawan Wiranagara, pdha ngungsi mring gusti, ginecek wasisan, nagri ing Balamabgan
mongsa wande dados kardi, sampun mupakat sakeh para bupati,

You might also like