You are on page 1of 6

PENGURUS CABANG NAHDLATUL ULAMA

LEMBAGA DAKWAH NAHDLATUL ULAMA


LDNU KABUPATEN KEDIRI
Sekertariat: Jl. Imam Bonjol 38 Kediri 64122
==============================================================================

NGATOS-NGATOS MUNDHUT ILMU AGAMA DARI INTERNET

ُ ْ َْ َ
Khutbah I
ْ َ َ ْ َ َ ‫ َ َ َ ِآ‬،‫هلل‬ ْ ‫ال َ ُ َ َ َسيّ نَا ُ َ َّص َ ُس‬ ‫ال َ ُ َ َّص‬ ‫ َ َّص‬،‫هلل‬
ِِ ِ ِ ِ ٍ ِِ ِ
ُُ ْ ُ َ َ َ َ
ُ‫ َ ْ َ ُ َّص َسيّ َ نَا ُ َ َّص ً َ ْ ُ ه‬،‫هلل‬ ُ ‫َ ْ َل َآ َل‬
‫َّص‬ ‫َّص‬ ُ َ ْ َ َ ،‫َ ََل ُه‬
.‫س آ‬ ِ ِ ِ
ُ‫هلل َّص َّصا َ َ ن‬ َ َ َ َ ُْ َ ْ َْ ْ ََْ ْ ُ ْ ُْ ّ َ ُ ْ َ ‫َ َّص‬
ِ ُ ِ ْ : ِ ِ‫ِتاب‬ ِ ‫هلل اقااِ ِ يف‬ َ
ِ ‫ِ بِتق ى‬ ‫ِي‬ ِ ِ ، ‫ا بع‬
ٌ َ َ ُ َ ْ َ َ ‫َ ُ َّص‬ َ َ َ َْ ْ ُ ُ َ ‫ْ ُ ْ َ َّص‬
)11 :‫ملجا اة‬ ‫ِ (س‬ ‫اا هلل بِ ا ع‬ ٍ ‫ت ا ِع‬ ‫ا‬ِ ‫ِن‬

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Ngawiti khutbah ingkang singkat puniko, khotib paring wasiat dumateng kito
sedoyo, terutami dumateng pribadi khotib piyambak supados kito tansah
ningkataken katakwaan lan keimanan kito dumateng Allah subhanahu wa ta’ala
kanthi nglampahi sedoyo kewajiban lan nebihi saking sedoyo ingkang dipun
larang lan dipun haromaken.

Hadirin rahimakumullah,
Ing dalem Al-Qur’an Allah ta’ala mboten paring perintah dumateng Nabinipun
supados nuwun tambahanipun sawiji-wiji kejawi perintah dumateng Nabinipun
supados nuwun tambahing ilmu. Dhawuhipun Allah wonten Al-Qur’an Surat
Thohaa ayat 144 :
ْ ْ ُْ
)١١٤: ‫ط‬ ‫َ َ ِّب ِ ِ ِع ً ا (س‬

Artosipun kirang langkung mekaten : “lan ngucapo siro, duuh... pengeran kulo,
mugi panjenengan paring tambah ilmu dumateng kawulo”

1
wonten Al-Qur’an Surat at-Taubah ayat 122 Allah subhanahu wa ta’ala ugi
dhawuh :
‫نُ َ ِلَنْ ُ َ َّص ًة َ َ ْ ََل َ َ َ ْ ُ ِّب ْ َة نْ ُ ْ َطاا َ ٌة ِلَتَ َ َّصق ُ يف ِّب‬
‫ا‬
ْ ُْ َ َ َ َ
‫ا‬ ‫ا‬
ِ ِ ِ ِ ِ ٍ ِ ِ ِ ِ ِ
َ ُ َ ْ َ ْ ُ ‫ُ ْ َ َ َ ُ َ ْ ْ َ َ َّص‬ َ ْ َ ُ ‫َ ِلُنْذ‬
)١٢٢ : ‫(س تل بة‬ ‫ذ‬ ‫ِذ ع ِِل ِ اع‬ ِ ِ

maksudipun kirang langkung mekaten : “mboten patut kagem tiang-tiang


mukmin puniko lungo sedoyo (dateng panggenan perang), saking tiap-tiap
golongan mukminin meniko kedah wonten sekumpulan tiang ingkang lungo /
bidhal (Tholabul ‘ilmi) kagem menambah pengetahuan tentang agamanipun lan
supados saged paring peringatan dumateng kaumipun naliko sampun wangsul
dumateng piyambaipun, supados sedoyo saged njagi awakipun”

Ing dalem ayat puniko, Allah ndadosaken tiang-tiang mukmin dados kaleh
kelompok, setunggal kelompok kagungan tugas njagi kaum muslimin lan
setunggal kelompok ingkang lintu kagungan tugas njagi ajaran-ajaran islam,
inggih puniko poro ulama’.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:

)‫هلل َ َّص َ ْ ِ َ ( ه ارت ذي‬ ْ‫يف َس ي‬


ْ َ ُ َ ْ ‫َ ْ َ َ َ يف َط َ اْع‬
ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ

Artosipun kirang langkung mekaten : “sinten ke mawon ingkang medal saking


griyo saperlu pados ilmu, mongko dhewe’e ana ing jalan Allah, ngantos dhewe’e
wangsul” (H.R. at-Tirmidzi)

Hadirin rahimakumullah,
Ilmu agomo nuninggih dados senjata ingkang saged dipun damel kagem
nglawan setan saking bongso jin, nglawan setan saking bongso manungso,
nglawan hawa nafsunipun piyambak, mbedaaken antawis hal-hal ingkang
saged paring manfaat dateng piyambakipun lan perkawis-perkawis ingkang
saged paring bahaya dateng piyambakipun wonten akhirot. Sarto saged
mbedaaken antawis amal ingkang dipun ridhoi Allah lan amal ingkang ingkang
dipun sengiti (dipun benci ) dening Allah.

2
Kanthi ilmu agomo, kito saged mbedaaken antawis kufur lan iman, antawis
tauhid lan syirik, antawis tanzih (keyakinan ingkang nuciaken Allah saking sifat
serupo kalian makhluk ipun ) lan Tasybih (keyakinan ingkang nyerupaaken Allah
kalian makhlukipun). Kanthi ilmu agomo, kito saged mangertosi bilih Allah
mboten serupo (mboten sami) kalian punopo kemawon saking makhluk ipun,
Allah sanes benda ingkang saged dipun cekel tangan kados dene manungso,
lan Allah puniko ugi sanes benda ingkang mboten saged dipun cekel tangan
kados denen cahaya.

Kanthi ilmu agomo, kito saged mangertosi bilih Allah ta’ala puniko wujud,
ananging wujud ipun Allah mboten serupo kalian sedoyo ingkang wonten,
Allah wonten tanpo panggenan lan tanpo arah.
Kanthi ilmu agomo, kito saged mangertosi punopo ingkang angsal kito
aturaken lan kenging punopo kito kedah ngaturaken. Kito mangertosi kapan
kito kedah mendel (meneng) lan kenging nopo kito mendel (meneng).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Kito sedoyo mangertosi bilih manungso mboten lahir dados tiyang ingkang
berilmu, pramilo saking puniko pados ilmu dados kewajiban, kados dene ingkang
dipun dhawuhaken kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam:

‫َّص َ ْ ْ ُ َّص ُّل‬


)‫اتل َع ِ ( ه بلخا ي‬ ِ‫ِ ا ا ِع ب‬
Artosipun kirang langkung mekaten : “Ilmu namung saged diperoleh kanti
proses belajar” (HR. Al-Bukhari)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Salah setunggaling hikmah ingkang ageng saking mewabahipun covid 19 inggih
puniko raos gampil anggenipun belajar ilmu agomo, kanthi lenggah santai
wonten griyo, kito saged milih lan nyimak saking sekian kathah kajian online
ingkang dipun dhawuhaken poro kyai, ustadz, pakar, intelektual muslim,
mboten ketinggalan poro mahasiswa, santri lan macem-macem kalangan
lintunipun. Sedoyo kala wahu kados-kados saling berlomba ngawontenaken
kajian daring (online). Kajian-kajian online puniko mboten namung arupi
ceramah tematik, ananging ugi kathah ingkang ngawontenaken kajian kitab
kanthi serius. Mboten namung kajian kitab-kitab alit ananging ugi wonten
kajian kitab-kitab ageng. Materi ingkang ingkang dipun kaji ugi werni-werni,

3
milahi saking tafsir, ilmu tafsir, hadits, ilmu hadits, fikih, ushul fikih ngantos ilmu
tasawuf, nahwu, balaghah lan materi lintu-lintunipun.

Sak derengipun musim pandemi, kajian online ingkang arupi kajian kitab kanthi
serius tasih jarang kito panggihi, ingkang kathah nuninggih ceramah-ceramah
bebas tema saking poro penceramah ingkang ceramahipin dipun sisipi kalian
guyonan.

Raos gampil anggenipun pados ilmu mawi internet puniko mboten namung
dados hikmah kemawon, ananging ugi saged dados musibah kagem kito
sedoyo, dados hikmah menawi ingkang ngaturaken kajian puniko tiang ingkang
tepat lan layak. Lan dados musibah menawi ingkang ngaturaken kajian puniko
tiang ingkang mboten tepat lan mboten layak.

Tiyang ingkang tepat lan layak ngaturaken kajian nuninggih tiyang ingkang
leres-leres kagungan sanad keilmuan terkait ilmu ingkang dipun kaji puniko.
Tiyang kala wahu belajar ilmu agomo kanthi bimbingan guru, gurunipun
kagungan guru, lan guru saking gurunipun ugi kagungan guru, lan mekaten
selajengipun ngantos bersambung dumateng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa
sallam

Pramilo saking puniko, kito kedah ngatos-ngatos naliko nderek kajian online,
kito kedah teliti sanget, nopo to ingkang ngaturaken kajian kalawahu kagungan
sanad keilmuan punopo mboten, kito kedah mangertos, ingkang ngaturaken
kajian kalawahu, gurunipun sinten ?, belajaripun wonten pundi? Saking
kalangan nahdliyyin punopo mboten? Aqidahipun leres punopo mboten?
Pemahamanipun sesuai kalian poro ulama’ ahlussnnah ponopo mboten?.
Sampon ngantos kito nderek lan nyimak kajian online saking sembarang tiyang.
Ilmu agomo puniko bagian saking agomo niku piyambak. Pramilo saking puniko
kito kedah ngatos-ngatos saking pundi kito mundhut agomo kito. Ibnu Sirin

ْ ُ َ‫َّص َه َذ اْع ْ َ ْ ٌ َا ْ ُظ ُ ْ َ َّص ْ تَ ْ ُ ُذ ْ َ ْ ن‬


dhawuh:
ِ ِ ِ ِ

Maksudipun : “ sak temene ilmu agomo niku nuninggih agomo niku piyambak,
pramilo weruho siro kabeh saking pundhi siro mundhut agomo siro kabeh”.

4
Imam Nawawi ugi dhawuh:
َ ‫ِّب‬ َ ْ َ ُ َْ ْ ُ َُْ َ
‫س ِت تاا ِ اعاا ِ ِ اق ِة‬ ‫َل‬
Maknanipun : “mboten pareng nuwun fatwa (lan sinau ilmu agomo) dateng sak
liyane tiyang ingkang ilmunipun kuat”

Sebagian ulama salaf ugi dhawuh:

‫اق ْ َ َ َ ا ْ ُ ْل َ يِّب ْ َ َ ََل تَ ْ ُ ُذ ْ ْاع ْ َ َ ُّل‬


َ ْ ‫ال ُ يِّب‬ ُ ُْ ََْ َ
‫َل ق ؤ‬
ِ ِ ِ ِ

Artosipun : ”sampun ngantos siro kabeh belajar Al-Qur’an dumateng tiyang-


tiyang ingkang belajar Al-Qur’an kanthi otodidak, lan sampon ngantos siro kabeh
mundhut ilmu agomo saking tiyang-tiyang ingkang mboten kagungan guru lan
namung belajar kanthi otodidak”

Hadirin rahimakumullah,
Mekaten khutbah singkat puniko, mugi-mugi paring manfaat kagem kito
sedoyo.

ُ. ْ‫ نَّص ُ ُه َ اْ َ ُ ْ ُ ا َّص ِ ي‬،‫استَ ْ ُ ْ ُه‬ َ ُ ْ َ‫َ ُ ْ ُ َ ْ ْ ٰه َذ َ َ ْست‬


ْ َ ، ْ ُ َ‫هلل ْ َ ا‬
ِ ِ ِ ِ ِ

5
‫‪Khutbah II‬‬

‫ََ ْ َ َ ْ‬ ‫َ َ َ َ ُ َ ّ َ ُ َ ّ ُ َ َ َ ّ َ ُ َ َّص ْ ُ ْ َ َ َ َ َ‬
‫ْ‬ ‫َ َْ ْ ُ‬
‫ِ‬ ‫ه‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫اب‬ ‫آ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫‪،‬‬ ‫َف‬‫ط‬‫ل‬ ‫ا‬ ‫ٍ‬ ‫ا‬‫ن‬ ‫ِ‬ ‫ي‬
‫ِ‬ ‫س‬ ‫ِ‬ ‫س‬ ‫ِ‬ ‫‪،‬‬ ‫َف‬‫ك‬ ‫هلل‬
‫ِ‬
‫َْ َ‬
‫ا ا‪،‬‬
‫َ َّص ا َب ْع ُ ‪ َ ،‬يَا َأ ُّل َ ا ا ْ ُ ْل ُ ْ َ ‪ ْ ُ ،‬يْ ُ ْ َ َ ْ ْ بتَ ْق َ ى هلل اْ َع ّ اْ َعظيْ َ ْع َ ُ ْ‬
‫ِ ِ‬ ‫ِ ْ ِِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫ال َ ِ َ نَ يّ ا َ ْ َ َقا َ ‪َّ :‬ص هللَّصَ‬ ‫َ‬ ‫اال َ َ َّص‬ ‫هلل َ َ َ ُك ْ ب َ ْ َعظيْ ‪ُ َ َ َ ،‬ك ْ ب َّص‬ ‫َ َّص َ‬
‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِِِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ٍ ِ ٍ‬
‫َ َ ُ ُ َ ُّل َ َ َ َّص ِّب َ ُّل َ َّص َ َ ُ َ ُّل َ َ ْ َ َ ِّب ُ َ ْ ً َ ّٰل ُ َّص َ ّ‬ ‫َ‬ ‫َََ‬
‫ِ‬ ‫ا‬ ‫ا‪،‬‬ ‫ي‬ ‫ِ‬ ‫ل‬ ‫ت‬ ‫س‬ ‫ِ‬ ‫ي‬ ‫ع‬ ‫ن‬ ‫ا‬ ‫ِ‬ ‫ا‬ ‫أ‬ ‫ا‬ ‫‪،‬‬ ‫ِب‬
‫ِ‬ ‫نل‬ ‫ل‬ ‫ت‬ ‫ِ‬ ‫ا‬
‫َ‬ ‫َ ّ َ ُ َ َّص َ َ َ َّص ْ َ َ َ َ ّ َ ْ َ ْ َ َ َ َ‬ ‫َ َ َ ّ َ ُ َ َّص َ َ َ‬
‫ِ َس ِيّ ِ نا‬ ‫س ِي ِ نا ِب ِهي‬ ‫ٍ ا ي‬ ‫ِ س ِي ِ نا‬ ‫ٍ‬ ‫س ِي ِ نا‬
‫َ ّ َ ُ َ َّص َ َ َ َ ْ َ َ َ َ ّ َ ْ َ ْ َ َ َ َ‬ ‫ْ َ ْ َ َ َ ْ َ َ َ ّ َ ُ َ َّص َ َ َ‬
‫س ِي ِ نا ِب ِهي‬ ‫ٍ ا با ك‬ ‫ِ س ِي ِ نا‬ ‫ٍ‬ ‫س ِي ِ نا‬ ‫ِب ِهي با ِ‬
‫اا‬ ‫يف اْ َعاا َ ْ َ نَّص َ َ يْ ٌ َ يْ ٌ ‪َ .‬ا ّٰل ُ َّص ْا ْ ا ْ ُ ْل ْ َ َ ا ْ ُ ْل َ‬ ‫َسيّ ِ نَا بْ َ ِهيْ َ ‪ْ ِ ،‬‬
‫ِ ِ‬ ‫ِِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ا ْ ُ ْ ن ْ َ َ ا ُ ْ نَ‬
‫ْ‬
‫اا ا ْ يَا ِا ِ نْ ُ ْ َ ا ْ َ ِا‪ ،‬مهلل ْ َ ْ َ َّصنا َبل َ َا َ ا َ َ َا َ ا َ َبااَ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِِ‬
‫ْ‬ ‫ْ‬ ‫َّص‬ ‫َ ْ َ ْ َ َ َ ْ ُ ْ َ َ َ ْ َ ْ َ َ ُّل َ ْ ْ َ َ‬
‫اليُ ْ ا ُ ختَ ِ ة َ ا َ اِ َ َ ا ِ َ َ ‪ َ ،‬ا َ َ َ ِ ن َ ا َ َ ا‬ ‫بل‬ ‫اا ا ن‬ ‫ا‬
‫َلنَا َه َذ َ ا َّص ًة َ ِ ْ بُ ْ ََل ا ْ ُ ْل ْ َ ََع َّص ًة‪ ،‬نَّص َ َ َ ُ ّ َ ْ ٍا َ ِ ْ ٌ‬ ‫ِ‬
‫ََ َ ْ ََ‬
‫بط ‪ ِ ،‬ب‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬
‫َ ْ َ‬ ‫ُْ ْ َ َْ َ‬ ‫ْ‬ ‫ْ ْ‬ ‫ْ ْ‬ ‫ْ‬
‫ا ِا‬ ‫َع ِ ا‬ ‫ن‬ ‫هلل َ ُ ُ بِاا َع ِ َ ا َلا ِ َ ِ تَا ِا ِذي اق‬ ‫ِع َا َ هلل‪َّ ،‬ص َ‬
‫ِ‬
‫َ َْ َْ َْ ُْ ُ ْ ََ ْ‬ ‫َ ْ ُ ْ َ َ َ ْ َ ُ ُ ْ َ َ َّص ُ َ َ َّص َ َ ُ‬
‫ا ُ ِ‬
‫هلل‬ ‫ِ‬ ‫ْ تذ ُ ْ ‪ .‬اذ ُ هلل اع ِظي ذ‬ ‫اع‬ ‫ا ن ِ بل ِ ‪ِ ،‬عظ‬
‫َ ْ َ ‪ُ.‬‬

‫‪Ustadz Nur Rohmad, Pemateri/Peneliti di Aswaja NU Center PWNU Jawa Timur‬‬


‫‪dan Ketua Biro Peribadatan & Hukum, Dewan Masjid Indonesia Kab. Mojokerto‬‬

‫‪6‬‬

You might also like