You are on page 1of 9

SOAL PAS B.

JAWA KELAS XI TAHUN 2018-2019

Pilihen jawaban-jawaban sing wis sumadya kanggo jawab pitakon-pitakon ing ngisor iki !

Ngelmu iku kalakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyanto sani

Setya budya pangekese dur angkara

1. Tembang ing dhuwur yaiku ....


a. Pocung
b. Sinom
c. Pangkur
d. Gambuh
e. Durma
2. Ngelmu iku kalakone kanthi laku, ateges ....
a. Golek ngelmu iku kelakone kudu rekasa
b. Golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan
c. Bisa enthuk ngelmu yen bisa ngedohi sipat kang ala
d. Yen golek ngelmu iku kanthi tenan bakal bisa kagayuh
e. Golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil
3. Lekase lawan kas, ateges ....
a. Golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan
b. Golek ngelmu iku kelakone kudu rekasa
c. Bisa enthuk ngelmu yen bisa ngedohi sipat kang ala
d. Yen golek ngelmu iku kanthi tenan bakal bisa kagayuh
e. Golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil
4. Tegese kas nyantosani, ateges ....
a. Yen golek ngelmu iku kanthi tenan bakal bisa kagayuh
b. Golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil
c. Golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan
d. Golek ngelmu iku kelakone kudu rekasa
e. Bisa enthuk ngelmu yen bisa ngedohi sipat kang ala
5. Setya budya pangekese dur angkara, ateges ....
a. Bisa enthuk ngelmu yen bisa ngedohi sipat kang ala
b. Yen golek ngelmu iku kanthi tenan bakal bisa kagayuh
c. Golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil
d. Golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan
e. Golek ngelmu iku kelakone kudu rekasa
6. Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku ....
a. Golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil
b. Yen golek ngelmu iku kanthi tenan bakal bisa kagayuh
c. Bisa enthuk ngelmu yen bisa ngedohi sipat kang ala
d. Golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan
e. Golek ngelmu iku kelakone kudu rekasa

Angkara gung neng angga anggung gumulung

Gegolonganira

Triloka lekere kongsi

Yen den umbar ambabar dadi rubeda

7. Angkara gung neng angga anggung gumulung, ateges ....


a. Angkara murka kang dumunung ing awake dhewe
b. Manungsa iku bakal urip ing telung alam
c. Aja mihak marang wong kang tumindak culika
d. Yen tumindak ala ora dikendhaleni bakal nyilakani
e. Angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake prakara
8. Tri loka lekere kongsi, ateges ....
a. Manungsa iku bakal urip ing telung alam
b. Angkara murka kang dumunung ing awake dhewe
c. Aja mihak marang wong kang tumindhak culika
d. Yen tumindhak ala ora dikendhaleni bakal nyilakani
e. Angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake prakara
9. Yen den umbar ambabar dadi rubeda, ateges ....
a. Yen tumindak ala ora dikendhaleni bakal nyilakani
b. Angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake prakara
c. Manungsa iku bakal urip ing telung alam
d. Angkara murka kang dumunung ing awake dhewe
e. Aja mihak marang wong kang tumindak culika
10. Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku ....
a. Angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake prakara
b. Yen tumindak ala ora dikendhaleni bakal nyilakani
c. Manungsa iku bakal urip ing telung alam
d. Angkara murka kang dumunung ng awake dhewe
e. Aja mihak marang wong kang tumindak culika
11. Perangan kang ngemot ide pokok utawa prakara (permasalahan) utama kang ndhasari
lakuning crita novel yaiku ....
a. Tema
b. Setting
c. Punjering crita
d. Alur/plot
e. Penokohan
12. Perangan novel kang nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku yaiku ....
a. Penokohan
b. Tema
c. Setting
d. Alur/plot
e. Punjering crita
13. Perangan novel kang ngatur rerangkening/cengkoronganing prastawa/kedadeyan
yaiku ....
a. Alur/plot
b. Punjering crita
c. Setting
d. Tema
e. Penokohan
14. Perangan novel kang minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, bisa
ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya yaiku ....
a. Setting
b. Tema
c. Penokohan
d. Alur/plot
e. Punjering crita
15. Pardi entuk peran maragakake dadi anake wong mlarat, nanging duwe sikep kalem,
seneng tetulung, prasaja, yen guneman alus. Pratelan kasebut ing perangan novel kang
diarani ....
a. Penokohan
b. Tema
c. Setting
d. Alur/plot
e. Punjering crita
16. Nilai kang ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya yaiku ....
a. Nilai sosial
b. Nilai etik
c. Nilai spirit
d. Nilai koleksi
e. Nilai kultural
17. Nilai kang surasane bisa ngadhepi sikep urip lan kapitayane pamaca. Mula pamaca
duwe kapribaden kang pracaya marang dhiri pribadine dhewe, diarani ....
a. Nilai spirit
b. Nilai sosial
c. Nilai etik
d. Nilai koleksi
e. Nilai kultural
18. Novel kang uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masyarakat, tundhone
pamaca bisa ngerteni kabudayan ing papan/daerah liya, diarani ....
a. Nilai kultural
b. Nilai koleksi
c. Nilai spirit
d. Nilai etik
e. Nilai sosial
19. Novel kang bisa diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca kepingin nduweni
novel yaiku ....
a. Nilai koleksi
b. Nilai kultural
c. Nilai sosial
d. Nilai etik
e. Nilai spirit
20. Novel kang becik diwaca kanggo sampurnaning urip iku novel kang surasane bisa
ngewongke pamacane. Kanthi maca novel jinis iki bisa ngundhakake rasa sampurna
ing dhiri pribadine, yaiku ....
a. Nilai etik
b. Nilai spirit
c. Nilai koleksi
d. Nilai sosial
e. Nilai kultural
21. Khotbah iku sawijining jinis sesorah kang surasane ngenani kapitayan utawa agama,
kang dimirengake dening wong akeh. Kanggo kang ngrungokake ana bab-bab kang
isa dipahami, kajaba ....
a. Bayarane pira
b. Sapa sing ngendika
c. Apa sing dirembug
d. Ana ing ngendi
e. Kapan ditindakake
22. Nalika mirengake sesorah, pamedhar sabda ngandharake wigatining rembug kang
dadi wos ngendikane. Perangan mirengake iku diarani ....
a. Apa sing dirembug
b. Sapa sing ngendika
c. Ana ing ngendi
d. Bayarane pira
e. Kapan ditindakake
23. Palapuran mirengake sesorah biasane ana kolom utawa prentah ngenani papan
nindakake. Mula perangan kaprigelan mirengake kang kudu dicatet yaiku ....
a. Ana ing ngendi
b. Bayare pira
c. Kapan ditindakake
d. Apa sing dirembug
e. Sapa sing ngendika
24. Supaya bisa sesorah kanthi becik, para siswa perlu ngrancang sesorah kanthi
nggatekake bab-bab ing ngisor iki, kajaba ....
a. Nggunakake basa kang angel
b. Gawe kerangka sesorah
c. Mekarake kerangka sesorah iku kanthi milih tembung kang pener
d. Nggatekake unggah-ungguh
e. Maragakake utawa mratelakake kanthi kedal, wirama, wirasa, lan patrap
25. Isa dipahami lan orane sesorah iku yen sing ngandharake cetha dirungokake saka basa
lan swarane. Saliyane iku yen nindakake kanthi tata cara kang bener mesthi diajeni
dening pamirenge. Bab kasebut dadi salah sijining tata cara nalika sesorah kang
diarani ....
a. Maragakake utawa mratelakake kanthi kedal, wirama, wirasa, lan patrap
b. Nggunakake basa kang angel
c. Gawe kerangka sesorah
d. Mekarake kerangka sesorah iku kanthi milih tembung kang pener
e. Nggatekake unggah-ungguh
26. Perangan sesorah kang diandharake nalika mbuka pangandikan yaiku ....
a. Ngaturake panuwun
b. Pangarep-arep
c. Mungkasi kanthi ngaturake dudutan/kesimpulan
d. Ngaturake kaluputan anggone matur
e. Ngaturake panuwun
27. Andharan kang minangka wosing sesorah iku ing perangan surasa/isi. Mula kang
diandharake nalika perangan isi yaiku ....
a. Ngaturake wose pahargyan
b. Salam pambuka
c. Mbagekake para tamu
d. Ngucapake syukur
e. Ngaturake panuwun
28. Ing pahargyan apa wae, wong kang duwe gawe mesthi ora isa tumandhang dhewe
mbutuhake pambiyantuning liyan utawa gotong royong, mula nalika sesorah
pambagyaharja kang becik diandharake yaiku ....
a. Ngaturake panuwun
b. Pangarep-arep
c. Ngaturke kawilujengan
d. Mbagekake
e. Ngucapake syukur
29. Ngandharake sesorah iku becike nggatekake tamu kang rawuh, sabab status lan
kalungguhan tamu iku uga nyebabake pamilihe tembung lan basa. Perangan iki bab-
bab wigati amrih prayogane wedharan kang diarani ....
a. Ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana
b. Ngreteni wektu utawa durasi tanggap wacana kang diwenehake
c. Ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara
d. Nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana
e. Busana kang jumbuh karo swasana
30. Ing desaku bapak kulina kadhapuk dadi sesulih priyayi kang duwe gawe, pakaryan
iku atur pambagyaharja. Nalika pasamuwan ing desa bapak ngageme jas nasional,
nanging nalika ana ing kraton ngagem kejawen jangkep. Perangan iki bab-bab wigati
amrih prayogane wedharan kang diarani ....
a. Busana kang jumbuh karo swasana
b. Ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana
c. Ngreteni wektu utawa durasi tanggap wacana kang diwenehake
d. Ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara
e. Nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana
31. Tatacara mantu kang maknane supaya reresik awak, amarga awak kang resik
ndadekake uga sehat, lan adoh saka lelara, yaiku ....
a. Siraman
b. Midodareni
c. Kacar-kucur
d. Sungkeman
e. Upacara wiji dadi
32. Upacara kang minangka perlambang penganten kakung ngucurake dhuwit logam,
beras lan ubarampe liyane ing pangkone penganten putri minangka perlambang
paweh nafkah, yaiku ....
a. Kacar-kucur
b. Sungkeman
c. Upacara wiji dadi
d. Siraman
e. Midodareni
33. Tatacara mantu kang duwe makna yen penganten putri iku ora entuk metu saka
kamar, amarga ing acara utama penganten putrine bakal ayu kaya widodari yaiku ....
a. Midodareni
b. Kacar-kucur
c. Sungkeman
d. Upacara wiji dadi
e. Siraman
34. Ing tata cara iki penganten kakung ngidhak endog pitik nganti pecah, banjur
penganten putri ngumbah sikil penganten kakung nganggo banyu kembang, yaiku ....
a. Upacara wiji dadi
b. Sungkeman
c. Siraman
d. Midodareni
e. Kacar-kucur
35. Siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima donya iku sinandhi mung
Gusti Kang Maha Kawasa kang bakal peparing, nanging kabeh iku kudu dikantheni
bektine anak marang wong tuwa. Tatacara mantu kang maknane wujud bekti marang
wong tuwa yaiku ....
a. Sungkeman
b. Upacara wiji dadi
c. Siraman
d. Midodareni
e. Kacar-kucur
36. Kagunan basa kang negesi tembung kapirid saka wancahan wandane, utawa nguthak-
athik tembunge supaya mathuk yaiku ....
a. Kerata basa
b. Parikan
c. Dasanama
d. Wangsalan
e. Baliswara
37. Kagunan basa kang anggone negesi tembung kanthi diwalik, lan lumrahe dienggo ana
ing tembung kang dhuweni karep supaya bisa njumbuhake guru lagune (tembang
macapat) yaiku ....
a. Baliswara
b. Kerata basa
c. Parikan
d. Dasanama
e. Wangsalan
38. Kagungan basa kang werdine tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa
padha yaiku ....
a. Dasanama
b. Wangsalan
c. Baliswara
d. Kerata basa
e. Parikan
39. Dasanamane jeneng yaiku ....
a. Asma, tetenger, jejuluk
b. Atmaja, putra, sunu
c. Bapa, sudarma, yayah
d. Asti, dwipangga, liman
e. Yudha, pupuh, jurit
40. Dasanamane anak yaiku ....
a. Atmaja, putra, sunu
b. Asma, tetenger, jejuluk
c. Bapa, sudarma, yayah
d. Asti, dwipangga, liman
e. Yudha, pupuh, jurit
41. Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minangka perlambang pinanganten sak
kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan yaiku ....
a. Dahar klimah
b. Kacar-kucur
c. Wiji dadi
d. Sungkeman
e. Mertui
42. Tata cara iki dileksanani kanthi penganten sak kloron lungguh neng pangkone bapake
penganten putri, minangka pralambang bakal tumindak adil marang anak lan anak
mantu, yaiku ....
a. Bobot timbang
b. Dahar klimah
c. Kacar-kucur
d. Sungkeman
e. Balangan gantal
43. Wedang : ngawe kadang, kuping : kaku njepiping, tandur : nata karo mundur. Tuladha
kasebut diarani ....
a. Kerata basa
b. Dasanama
c. Parikan
d. Wangsalan
e. Baliswara
44. Putri Raja diwalik dadi Raja Putri, tegese Putrine Raja. Tuladha kasebut diarani ....
a. Baliswara
b. Kerata basa
c. Dasanama
d. Parikan
e. Wangsalan
45. Ibu : biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi. Wadon : dayinta, dyah,
estri, juwita, kusuma, retna, rini, wanodya, gini, putri. Tuladha kasebut diarani ....
a. Dasanama
b. Parikan
c. Wangsalan
d. Baliswara
e. Kerata basa
46. Kula nalika semanten nate matur wonten ing SMK Telekomunikasi Tunas Harapan
Kab. Semarang. Mula perangan kaprigelan mirengake kang kudu dicatet, yaiku ....
a. Apa sing dirembug
b. Sapa sing ngendika
c. Ana ing ngendi
d. Bayare pira
e. Kapan ditindakake
47. Sesorah iku ora kena nyenggol utawa gawe serik marang kang midhangetaken, mula
kudu nggegulang ing babagan ragam basa, luwih-luwih ragam krama alus. Kanthi
nggunakake basa krama alus wis bisa kaanggep ngurmati marang kang midhangetake.
Bab kasebut dadi salah sijining tatacara nalika sesorah kang diarani ....
a. Nggatekake unggah-ungguh
b. Maragakake utawa mratelakake kanthi kedal, wirama, wirasa, lan patrap
c. Nggunakake basa kang angel
d. Gawe cengkorongan/kerangka sesorah
e. Mekarake kerangka sesorah kanthi milih tembung kang pener
48. Assalaamu’alaikum Wr.Wb., Kawilujengan mugi katumrapan dhumateng
panjenengan sedaya saha kula, amit pasan kalimat tabik katebihna tulak manu, lsp.
Iku pratelan kang lumrah diucapake nalika sesorah ing perangan ....
a. Pambuka
b. Surasa
c. Dudutan
d. Pangajab
e. Panutup
49. Wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos, yaiku ....
a. Wacana eksposisi
b. Wacana narasi
c. Wacana diskripsi
d. Wacana persuasi
e. Wacana konjungsi
50. Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep
omah lan bebarengan tindhak neng acara resepi, diarani acara ....
a. Mertui
b. Pasrah manten
c. Nampa manten
d. Sungkeman
e. Atur pambagyaharja

You might also like