You are on page 1of 2

A. Pilihen jawaban sing bener bener !

1. Upacara adat sing diuri-uri masyarakat lan dilakoni terus diarani ….


a. Tradisi b. adat c. budaya d. pikulinan
2. Ngidak endhok, kucur-kucur iku salah sijine perangan kang kalebu ing upacara adat…
a. Sunatan b. Ningkahan c. Selapanan bayi d. Nyewu
3. Nyewu ana ing adat jawa yaiku kanggo mengeti …. Dinane wong sing wis mati.
a. 100 b. 200 c. 1000 d. 2000
4. Dongeng kewan diarani……
a. Mite b. Legenda c. Fabel d. Cerkak
5. Crita rawa pening kalebu………
a. Mite b. Legenda c. Fabel d. Cerkak
6. Tuladhane mite yaiku………
a. Tangkuban Prahu c. Kancil nyolong timun
b. Nyi Blorong d. Kidang lan baya
7. Tandang gawe sing muspra diparibasakake ………
a. Merangi tatal c. nyolong pethek
b. Ngantragage gunung d. nguyahi segara
8. Nabok nyilih tangan tegese…
a. Sarwa kecukupan
b. Nindakake tumindak ala sarana kongkonan
c. Ora manut pranatan Negara
d. Junjung drajate wong tuwo
9. Tembung megatruh sapada ana…gatra.
a. 3 b. 4 c. 5 d. 6
10.Ing ngisor iki sing kalebu ukara pangajak yoiku…..
a. Ayo padha sregep sinau kareben pinter
b. Aja udan-udan mengko mundhak lara
c. Aja turu terus
d. Aja penekan ing wayah awan
11.Aja dolanan terus RPmu ndang digarap…..
a. Pakon b. tanggap c. pangajak d. pamenging
12.Tembung kramakne turu yaiku….
a. Sare b. tilem c. bobok d. turu
13.Dhahar iku tembung karma. Tembung ngokone …..
a. Ngombe b. mangan c. turu d. tangi
14.Tradisi ritual sesaji Mahesa Lawung iku kanggo ….
a. Mbengkas pageblug c. seneng-seneng
b. Cirri kas d. duwen-duwen
15. Pundhake ………
perangan awak ing dhuwur yen di candrakake
a. Nawon kemid c. nraju mas
b. Miji timun d. ngundup turi
16. Singa ngembang bakung iku……
a.bathuke b. irunge c.rambute d. untune

17. Perang bratayudha iku perange…..lan…..


a. Pandawa lan kurawa c. raja lan satriya
b. Buta lan satriya d. kurawa lan sengkuni
18. Tulung aku bukakne lawang kuwi ukara iku kalebu ukura…….
a. Panjaluk b. pakon c. tanggap d. tanduk
19. Sing kalebu ukara crita yaiku …
a. “kuwe kudu sregep sinahu” dawuhe ibu
b. Kancaku takon, kena apa aku wingi ora mlebu sekolah
c. Ibu mundut jajan kanggo adik
d. Coba kuwe mrinio dakkandhani
20. Olah ragane banyu iku tuladhane ….
a. Catur
b. Badminton
c. Basket
d. renang

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanti bener!


1. Sebutno jenise dongeng 3 wae ?
2. Jenise ukoro ono piro sebutno ?
3. Gaweo ukura kanti tembung
a. Kabeh/jumlah
b. Tradisi
4. Apa tegese paribasan ing ngisor iki
a. Gupak pulut ora mangan nangkane
b. Belo melu seton
5. Apa kang diarani ukoro pamenging weono contone 2 wae ?

*******************

You might also like