You are on page 1of 3

BULAN ROMADHON

‫السال م عليكم ورحمة هللا وبر كا ته‬


Salam ِ ‫ضانَ َو ْس ْيلَةً فِى نَي ِْل ْال ُغ ْف َر‬
.‫ان‬ َ ‫اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ الَّ ِذيْ أَ ْن َع َمنَا بِ ِد ْي ِن ْا ِال ْسالَ ِم َو ْا ِال ْي َم ِن َو َج َع َل َشه َْر َر َم‬
‫أ‬.‫بالقَرآن‬ ْ َ‫ َو َعلَى اَلِ ِه َواَصْ َحابِ ِه ْال ُمتَ َم ِّس ِك ْين‬.‫ض ِل ْا ِال ْن َسان‬ َ ‫صالَةُ َوال َّسالَ ُم َعلَى َسيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد اَ ْف‬ َّ ‫َوال‬
‫ّما بعد‬

Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati ! Monggo wonten ing kesempatan
meniko kulo lan panjenengan sedoyo sami muji syukur dumateng ngarsonipun Alloh SWT.
Pepujen Kranten Alloh sampun paring Rohmat,Ni’mat dateng kito sedoyo ingkang arupi tetepipun
Iman lan Islam. Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam Bahagia Alloh selalu
dipun limpahaken kanjeng Nabi Muhammad SAW, poro ahli keluarga lan poro
sohabatipun.

Nyethakaken Alhamudillahirobbil’alamin ing dalu menika wonten ing Masjid At- Taqwa kita
Ancas Anggenipun sedaya saged nyambut Bulan Suci Ramdhan lan nglampahi awal sholat terawih nganthi
Atur manah ingkang seneng amargi Bulan Ramadhan inggih menika bulan ingkang kita tenga-
Pangendhikan tengga amargi bulan menika bulan sing katah berkah. Kula teng mriki bade atur
pangendhikan dhumateng panjenengan sedaya mengeti kewajiban poso ing Bulan
Ramdhan niki.

Nanging sederengipun kula atur pengendhikan dhumatheng panjengan sedaya


Nyethakaken
mengeti kewajiaban poso, keparenga ing mriki kula badhe matur wonten ngarsa
Jejer
panjenengan sami kula didhawuhi minangka ngisi ceramah ing dalu menika.

Sing badhe dibahas inggih menika :

 Dalil sing ngewajibake poso ing Bulan Romadhon.

 Amalan- amalan sing saged kita lampahi ing Romadhon.


Ngandharaken
Isi  Tindhak tandhuk ingkang awon sing kedhah kita jauhi.

 Maknanipun poso .

 Kaedah poso ing wulan romadhon.

Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo meniko samiyo ningkataken
anggenipun taqwa dumateng Alloh SWT. Tegesipun kito nindakkaken perintahipun, shoho
nebihi dateng laranganipun, dene termasuk perintahipun Alloh inggih meniko : Alloh
sampun majibaken dateng kito sedoyo inggih meniko nglampahi poso wonteng ing wulan
Romadhon, Alloh sampun dawuh wonteng Al-Qur’an :

Dudutan
Ingkang artosipun :
“Hei wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh nglakoni poso. Koyo
dene den wajibake maring wong-wong sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro podo taqwa”
(Al-Baqarah : 183).

Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan Romadhon meniko kito sambut kanti
gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-kegiatan, tadarrus Al-Qur’an, Shodaqoh dateng fakir
miskin, lan sanes-sanesipun.
Dene ingkang pokok inggih meniko, wonten ing wulan Ramadhan meniko kito tindakaken
poso kanti khusu’ khitmah, shoho nebihi larangan-larangan ingkang nimbulaken batalipun
poso. Kados dene guneman ingkang awon, ngrasani tiyang sanes, lan lintu-lintunipun.
Kranten menurut sebagian Ulama’, tembung poso meniko bahasa arabipun saking kata
‫صوْ ٌ@م‬
َ ingkang hurufipun wonten tigo. Inggih meniko huruf Shod, huruf Wawu lan huruf
Mim. Tigang huruf meniko anggadahei makna/arti piyambak-piyambak.

Dene ingkang No. 1 (huruf shod) meniko sangking kata Shumtum ( ‫ت‬ ٌ ‫ص ْم‬
ُ ) ingkang
artosipun meneng. Berarti tiyang poso, meniko kedah meneng lisanipun saking guneman
ingkang awon, utawi meneng saking ngrasani lan sanesipun. No. II (huruf Wawu) meniko

Dudutan saking kata Waro’un (‫ع‬ٌ ‫)و َر‬


َ utawi Wiro’i. Ingkang maksudipun bilih tiang poso meniko
kedah wira’i utawi nebihi sangking perkawis ingkang haram, utawi perkawis-perkawis
ingkang dipun cela/dipun wodho minggahipun syara’.
ٌ َ‫ ) َمل‬ingkang artosipun ngeker, utawi
No. III (huruf Mim) meniko saking kata Malakun (‫ك‬
mencegah, tegesipun bilih tiang poso meniko kedah saget ngeker lan nyegah perkawis-
perkawis ingkang ndadosaken batalipun poso.

Poro hadirin hadirot ingkang kulo hormati ! Sak derengipun kulo akhiri anggen
kulo matur, monggo sepindah malih, datengipun wulan Romadhon meniko kito isi kanti
amalan-amalan ingkang sahe. Supados mangke medal saking wulan Romadhon kito angsal
nilai-nilai ibadah ingkang sahe. Sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. Sehinggo
saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng Nabi dawuh :

‫ضانَ إِ ْي َمانًا َواحْ تِ َسا@ بًا ُغفِ َر لَهُ َما تَقَ َّد َم ِم ْن َذ ْنبِ ِه‬
َ ‫َم ْن قَا َم َر َم‬

Ingkang artosipun :
“Sopo wonge jumenengi wulan Romadhon kanti Iman lan nuprih krono Alloh. Mongko
den ngapuro duso-dusone kang wis kliwat”

Atur Agungung
Menika wau sing saged kula aturaken dhateng kita sedaya menawi wonten lupat
Panuwun lan
luputipun kula nyawun agungin pangapunten.
Pangapunten
pepujen Mugi-mugi sedaya ingkang sampun kula aturaken wau saged maringi manfaat kagem jita
sedaya, Aamiin.

salam ‫و باهلل التو فيق و الهداية‬


‫والسال م عليكم ورحمة هللا وبر كا ته‬

You might also like