You are on page 1of 14

PAKET 4 (K-13)

TRY OUT

I. Pilihen wangsulan iki kanthi bener !


1. Pawarta kang ditujokake kanggo umum, kang surasane menenhi pangerten tumrap
sawijing prastawa diarani . . ..
a. Layang
b. Wara-wara
c. kalawarti
d. Salebaran
e. Sedhahan

2. Lintang-lintang ing langit katon ambyor madhangi antariksa. Rembulan wis


gumilewang ing langit sisih kulon, mratandhani wengi saya mrambat parak esuk.
Langit katon padhang jingglang, parandene soroting rembulan lan lintang-lintang
mau isih kalah padhang yen tandhing karo soroting lampu-lampu merkuri ing
plataran stasiun Tawang. Pratelan iku tuladhane wacana . . ..
a. Narasi
b. Deskripsi
c. Eksposisi
d. Argumentasi
e. Persuasi

PETRUK DADI RATU


Nalika, petruk dadi ratu akeh wong kang gumuyu. Miturut wong-wong,
Petruk dadi ratu iku among lakon impen. Lakon impen wong cilik kang bisa
ngowahi kahanan. Apa ana rakyat kang mlarat lan bodho bisa dadi raja, kang
sugih lan wicaksana?. Ana uga kang kandha lakon iku mung pasemon babagan
kere munggah bale. Ana uga kang ngarani menawa Petruk dadi ratu kuwi among
lakon aji mumpung. Babagan kawula alit kang migunakake kesempatan sajrone
kesempitan. Petruk dadi ratu dudu lakon wong bodho kang dadi raja, utawa
lakone wong cilik kang aji munpung, ananging lakon mencoke wahyu marang
kawula.
Kapethik saka Wiyata Basa
Wacan mau kanggo mangsuli nomer 3-6!
3. Akeh wong-wong kang padha gumuyu nalika ana lakon Petruk dadi ratu
amarga . . ..
a. critane sing lucu
b. paragane lucu
c. critane lakon kang mokal
d. critane ora kena digugu
e. paragane becik sipate

4. Crita wayang Petruk dadi ratu nyritakake babagan . . ..


a. tumempele wahyu marang wong cilik
b. golek cara supaya bisa dadi raja
c. abimayu kang nandang lara
d. petruk sing kepengen lungguh dhampar kepragon
e. petruk sing tingkahe lucu

5. Ing wacan “Petruk dadi ratu” ana tembung pasemon, yaiku . . ..


a. tuladhah
b. guyonan
c. sindiran
d. unen-unen
e. cecaturan

6. Kere munggah bale. Tembung mau nduweni teges . . ..


a. Wong ora duwe unggah-ungguh
b. Wong ora nduwe tata krama
c. Wong kang ora nduwe isin
d. Wong sing uripe kepenak, ning lali asale
e. Wong mlarat kalunta-lunta

NIMAS
(Dening : Sumono Sandy Asmoro)

Wis jamak lumrahe, nimas


Puthihing janji njaluk sucining pakarti
Sawangen langit sing kebak cangkriman kae
Sajak menteyon nyangga tresna
Sing durung kober disuntak marang
Sang dewi pepujaning ati
Aja sangga runggi, nimas
Nembang kasmaran kalane bocah dolanan
Ngoyak rembulan ndadari
Wengi iki wancine ngudhal cakeping ati
Sawise mataun-taun kekancan paiting sepi
Janjiku dudu sanepan, nimas
Nanging kanyatan sing ora bakal kabusak jaman
Yen candhi sewu kae wujude tresna
Jaka Pangalasan marang Rara Jonggrang
Ing wengi iki bakal dakrakit sewu geguritan
Kanggo ngundang atimu
Sing wis saguh ngancani aku macaki
Dalan sudhetan kang kesisih saka jagad pasrawungan.
Geguritan ing mau kanggo mangsuli pitakon nomer 7-9!
7. Tema geguritan mau yaiku . . ..
a. Kekancan
b. Pasrawungan
c. Nimas
d. Katresnan
e. Nembang kasmaran

8. Wos surasane pada siji, ing geguritan mau yaiku . . ..


a. Kekarepan kang durung bisa kawetu
b. Kekarepan kang ora bisa kewetu
c. Rasa tresna kang ora sumimpen
d. Rasa trenyuh marang nimas
e. Susah merga ngrasakake rasa tresna

9. Amanat kang diandharake sajrone geguritan mau yaiku . . ..


a. Dadi manungsa kudu duwe rasa kaendahan
b. Yen duwe rasa pangrasa enggal diwedharake
c. Janji kang wis diucapake kudu disembadani
d. Jaman saiki saya suwi saya mundhak tuwa
e. Manungsa kudu tansah ngati-ati anggone golek katresnan

10. Sawangen langit sing kebak cangkriman kae. Tembung cangkriman tegese . . ..
a. Unen-unen sipate gegojegan
b. Unen-unen sipate kiyasan
c. Unen-unen sipate panglipur
d. Unen-unen sipate ngandharake rasa pangrasa
e. Unen-unen sipate guyonan

11. Panguneman lumantar telepon, sing ora nganggo tatanan lan subasita kang trep yaiku
. . ..
a. Watak wajar, ora jigang, kudu njaga pangrasane liyan
b. Panganggone basa kudu njumbuhake karo sing diajak ngomong
c. Nampa telpun karo guyon amarga bebas
d. Yen arep nelpun becike angon wayah, aja saksenenge
e. Nampa telpun ing sekolahan nganggo HP ora prayoga amarga ngganggu
anggone nampa elmu.
12. Wacana kang mbudidaya kanggo ngowahake panemune wong liya, supaya
percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang ditindakake panulis/kang
ngomong kalebu wacana . . ..
a. argumentasi
b. narasi
c. deskripsi
d. persuasi
e. persuasi argumentasi

13. Gagasan/wohing pamikir kang kanthi samudana (implisit/abstrak) dijlentrehake


dening penyair/panulis diarani …..
a. alur
b. tema
c. paraga
d. amanat
e. watak

14. Bisa mapanake dhiri pribadhi ing pasrawungan masyarakat, ngerti empan papan
lan nglenggana kawajibane iku diarani …..
a. tata krama
b. andhap asor
c. subasita
d. unggah-ungguh
e. pakurmatan

15. Pangerten babagan blegere, lumahing keris, kang arupa garis-garis, titik, nuktah,
belang, kang katon ana ing lumahing keres iku diarani …..
a. wadhah
b. dhapur
c. warangka
d. silsilah
e. pamor

16. ?[botenFipunGinkKken\.
Tulisan Jawa Kasebut yen ditulis latin dadi …..
a. Boten digunake
b. Boten dipunginakaken
c. Boten dipungunakaken
d. Boten digunakaken
e. Boten dipungunakake

17. Tatanan kang kudu dicakake empan papane. Yen ditulis nganggo aksara Jawa
yaiku …..
a. ?ttnnK=kufunickK[kaemPnPp[nN.
b. ?ttnnK=kufunicaK[kaemPnPp[nN.
c. ?ttnnK=kufunickK[kaemPnPpneN.
d. ?ttnnK=kufunickKekaemPnPp[nN.
e. ?ttnnK=kufunickK[kaempPnPp[nN.

18. Apa kang dikarepake lelagon campursari yaiku …..


a. lelagon kang lagune campur-campur
b. lelagon kang ditindakake luwih saka sepisan
c. lelagon kang diiringi gamelan tradisional lan modern
d. lelagon kang diiringi gamelan tradisional
e. lelagon kang diiringi gamelan modern

19. Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pitakon utawa
paugeran ajeg. Ing ngisor iki kang ora kalebu paugerane parikan yaiku …..
a. Cacahe wanda ukara sapisan, kudu padha karo ukara kapindo
b. Ukara kang ngarep mung kanggo pambuka, dene ukara saburine minangka isi
(wose)
c. Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha ukara kapindo
d. Parikan bisa kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa dadi patang ukara
e. Parikan kudu nduweni watak kang cetha.

Prajanjine abipraya,
saturun turuning wuri,
mengkono trahing ngawirya,
yen amasah mesu budi,
dumadya glis dumugi,
iya ing sakarsanipun,
wong agung ngeksiganda,
nugrahane prapteng mangkin,
trah tumerah dharahe padha wibawa

Tembang ing dhuwur kanggo pitakon nomer 22-24


20. Tembang ing dhuwur yaiku tembang . . . ana . . . gatra
a. mijil 7 gatra
b. sinom 9 gatra
c. kinanthi 6 gatra
d. megatruh 5 gatra
e. pangkur 9 gatra

21. Tembang ing ndhuwur yen dianalisis andhedhasar guru gatrs, guru wilangan, lan
guru lagune, yaiku …..
a. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
b. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8a, 12a
c. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7i, 8i, 12a
d. 8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 8u, 7a, 8i, 12a
e. 8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 8u, 7a, 8i, 12a

22. Yen amasah mesu budi. Tembung mesu budi tegese …..
a. napsu apik
b. napsu ala
c. nglungitake ati
d. nglungitake jiwa
e. nglungitake raga

23. Watak lan pangetrape tembung Gambuh yaiku ...


a. Watake medharake rasa lan pitutur, pangetrape kanggo mangayubagya utawa
bebukaning carita
b. Watake nelangsa lan susah, pangetrape kanggo medharake rasa prihatin
utawa keranta-ranta
c. Watake wani, raket lan kulina, pangetrape kanggo medharake piweling lan
pitutur
d. Watake grapyak, semananak lan renyah, pengetrape kanggo medharake
swasana seneng, parisuka
e. Watake susah, grapyak, lan kulina, kanggo medharake piweling lan prihatin

24. Mbok bilih boten kathah anggen kula matur. Wusana menawi wonten klenta-
klentuning atur, kula nyuwun agenging pangapunten. Pratelan mau kalebu
perangane tanggap wacana . . ..
a. purwaka basa
b. surasa basa
c. wasana basa
d. salam pambuka
e. pambagya harja

25. Golekana tembung padinane tembung-tembung ing ngisor iki!


No. Tembung Krama
1. Nyengkuyung
2. Minangka
3. Katalumpen
4. Murwakani
5. Madyaning
a. dadi, lali, miwiti, saengahe, ngewangi
b. lali, ngrewangi, satengahe dadi, miwiti
c. lali, satengahe, dadi, miwiti, ngrewangi
d. ngrewangi, lali, satengahe, miwiti, dadi
e. ngrewangi,, dadi, lali, miwiti, satengahe

26. Bapak, kula nyuwun pirsa, dalemipun Pakdhe dateng pundi?


Pretelan iku nggunakake basa …..
a. Ngoko lugu
b. Ngoko andhap
c. Krama inggil
d. Krama madya
e. Krama

27. Basa kang digunakake kanggo cecathuran wong luhur durung nate tepung lan
durung akrab, nggunakake basa . . . .
a. ngoko
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama inggil
e. krama madya

28. Bu Linda : Yen nggawe brownis iku bahane apa wae?


Bu Ana : Panjenengan apa arep . . . . brownis, bu?
Bu Linda : iya, Bu.
Tembung kang bener kanggo nangkepi pitakon Bu Ana, saengga dadi basa ngoko
alus yaiku . . ..
a. gawe
b. gawa
c. mundhut
d. ndamel
e. ngasta

29. Jenang gula, kowe aja lali


Ngajunur gunung, kadingaren kok wis rawuh
Jangan gori, nganti judheg anggonku ngrasakake
Pretelan mau kalebu ukara . . . .
a. cangkriman
b. wangsalan
c. parikan
d. geguritan
e. paribasan

30. Upacara adat siraman tegese . . ..


a. Wadha banyu saka bahan tembaga utawa perunggu
b. Adus nganggo banyu lan kembang pitung werna
c. Pralambang kanggo ngresikake jiwa calon panganten
d. Rantaman kanggo ngresiki jiwa
e. Rantaman kang ditindakake kanggo nolak balak

31. Wanita kang sing nampa paningset saka sawijine priya, wis ora kena nampa …
saka priya liya. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku
….
a. Sumbangan
b. Undhangan
c. Hadiyah
d. Lamaran
e. Welingan

32. Ing masarakat Jawa upacara paningset dikantheni upacara . . . .


a. Lamaran
b. Buwangan
c. Srah-srahan
d. Pasang tuwuhan
e. Midodareni
33. Ing ngisor iki kang ora kalebu jinising drama miturut isine, yaiku . . . .
a. Pantomim
b. Anekdot
c. Opera
d. Tablau
e. Pagelaran

34. Reroncening amanat utawa pesen kang didadekake siji dadi wujud tema, iku
perangane tanggep wacana kang diarani . . ..
a. sesirah (judhul)
b. tema
c. basa
d. surasa wedharan
e. paragraf

35. Minangka teks kang tujuwane kanggo nyemoni utawa nyindir, teks anekdot basa
Jawa nduweni titikan yaiku . . ..
a. migunakake basa baku utawa standar.
b. migunakake basa campuran lan ora baku.
c. migunakake basa kang trep trep kanggo unggah-ungguh basa.
d. migunakake paribasan, bebasan, lan saloka.
e. migunakake basa standar kaya jogja-solo.

36. “Bocah-bocah, aja mung nggetuni apa kang wis dumadi. Ora-orane kita bakal
mati mung krana kedadeyan iki. kae lo sawangen, langite isih jembar. Dik kira kit
isih bisa urip, kanthi ati kang sabar. Wis, kana apa-apa kang kena diringkes,
ringkesana! Ayo nyenyuwun ngarsaning Gusti muga-muga kita tansah diparingin
kakuwatan lair kalawan batin, saengga bisa nutugake urip ing antarane langit lan
bumi.” Pesan moral kang diandharake ing pethikan cerkak mau yaiku . . ..
a. Pendhidikan
b. Lingkungan
c. Religi
d. Sosial
e. Budaya

37. Sandiwara radhio yaiku jinise sandhiwara sing mung bisa kasemak kanthi
migunakake . . ..
a. Antawacana (dhialog)
b. Indra pangecap utawa pangrasa
c. Indra pangrungu (audio)
d. Audio visual elektronik
e. Perkakas kang canggih

38. Kethoprak wiwit kagelar kanthi jangkep minangka tontonan kang ditanggap
(profesional) wiwit taun 1909. Nalika semana kawiwitan dining sanggar
kethoprak Wreksatama. Pimpinan Ki Wisangkaata, kanthi sekabehe paragane
wong lanang. Crita kang kagelar, yaiku: Warsa-warsi, Kendana-kendini, Darma-
darmi, lsp.
Pada mau ngandharake yen crita kethoprak kajupuk ska crita babad, tegese . . ..
a. nggambarake panandhanging kawula alit
b. crita kang ngandhut unsur sejarah
c. crita bab asal-usul panggonan
d. crita saka manca negara
e. crita carangan

39. Ing ngisor iki kang ora kalebu aksara murda, yaiku . . ..
a. !
b. #
c. S
d. %
e. &

40. ?a-=[w=owijiaurip\. Yen ditulis nganggo aksara latin yaiku . . ..


a. Jagad nekung janma candra nata
b. Kartika bunder ratu
c. Otak badan ji srengenge
d. Angga lek rembulan sayekti
e. Hyang Wong Wiji urip

II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi jawaban premati!


1. Sebutna cengkorongane nulis pidhato!
2. Lamun sira anggeguru kaki,
Miliha manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabate,
Sarta kawruh ing hukum,
Kang ngibadah lan kang wirangi,
Sokur oleh wong tapa,
Ingkang wus amungkul,
Tan mikir pawehing liyan,
Iku pantes sira guronana kaki,
Sartane kawruhana.
A. Tulisen ciri-ciri tembang ing dhuwur andhedhasar guru gatra, guru wilangan,
lan guru lagune!
B. Yen dideleleng saka guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang mau
kasebut kalebu tembang apa?
3. Sebutna lan jlentrehna sandhangan swara ing aksara Jawa!
4. Kowe apa sida lunga menyang Malang?
Kepriye yen ukara mau kasalin nggunakake basa ngoko alus?
5. ?pese[nkeplse[kolhyenBudlSe[kolhajse[n=telt\.
Ukara ing nduwur salinen nganggo aksara latin!
Wangsulan
1. Salam pambuka, purwaka basa, surasa basa, pangarep-arep, wasana basa,
panutup
2. A. 10i, 9a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
B. Dhandhanggula
3. Sandhangan swara ana 5 yaiku Suku (….u ), wulu ( ...i..), pepet ( …e ), taling
([ - …), lan taling ([ - o)
4. Sampeyan apa sida tindak dhateng Malang?
5. Pesene Kepala Sekolah, yen budhal sekolah aja seneng telat

You might also like