You are on page 1of 8

E.

   Pariwara / Iklan

1.      Pengertene pariwara / iklan

Pariwara / iklan yaiku sawijining pesen babagan barang / jasa (poduk) kang digawe dening
produsen kang diandharake lumantar media (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan
umum kang ditujukake marang bebrayan agung. Ancase pariwara yaiku supaya masyarakat
kesengsem gelem tuku utawa nggunakake barang utawa jasa kasebut.

Ancas pariwara yaiku :

a.       Menehi ngerti masyarakat.

b.      Ngajak masyarakat supaya tuku utawa nggunakake produk kasebut.

2.      Perangan pariwara / iklan

Bab kang kudu digatekake nalika nggawe pariwara yaiku :

a.       Ukara cekak lan aos (singkat dan jelas).

b.      Basa kang digunakake bisa dingerteni utawa ora mbingungake (komunikatif).

c.       Tulisan lan gambare narik kawigaten.

3.      Unsur-unsur pariwara / iklan

Unsure iklan ing antarane kayata :

a.       Jeneng barang / jasa kang ditawakake.

b.      Alamat produsen.

c.       Kahanan barang / jasa kang ditawakake, lsp.

   Cerita Rakyat

1.      Pengertene cerita rakyat

Cerita rakyat yaiku cerita kang ngembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asli
karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku. Cerita rakyat ing tanah jawa iku akeh
wujude, ing antarane : legenda, dongeng, mite, lsp. Thuladha : Andhe – andhe Lumut, Nyai Rara
Jonggrang, Bandunng Bandawasa, lsp.

2.      Unsur cerita rakyat

a.       Tokoh

b.      Alur

c.       Setting

d.      Amanat / pesen

Pariwara (Bahasa Jawa)


Pangertosan Pariwara / Iklan yaiku wujud sesambungan kang nduweni teges kanggo menehi greget
tetuku, nawakake sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani panemune wong akeh, narik
payengkuyuning wong akeh amrih pikir lan tumindake laras karo kekarepe sing masang pariwara.

Iklan nduweni paugeran, yaiku:

1)   Iklan migunaake media massa kanggo masifikasi layang.

2)   Migunaake sponsor sing wes teridentifikasi.

3)   Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak.

4)   Nduweni tujuan kanggo ngentokno audiens seakeh-akehe


Jenis jenise pariwara:
A.      Iklan sing nganggo dasar tujuan
1.    Pariwara Informatif
Pariwara informatif yaiku, pariwara kang nduweni paugeran :
a)         Nduweni tujuan mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk
kang wes ana.
b)        Njelasno cara kerja produk.
c)         Menehi infrmasi harga lan kemasan produk
d)        Ngoreksi produk
2.   Pariwara Persuasif
Pariwara persuasif nduweni paugeran,yaiku :
a)         Nduweni tujuan nyiptakno kesenengan, preferensi lan keyakinan, sahinggo konsumen arep
tuku lan migunaake barang lan jasa.
 b)        Nganjurno khalayak milih merk tertentu.
c)         Nganjurno kalayak tuku.
d)        Ngubah persepsi konsumen.
e)         Mbujuk khalayak tuku saiki.
3.    Pariwara reminder
Pariwara reminder nduweni paugeran, yaiku :
a)         Nduweni tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.
b)        Ngilingno konsumen tuku produk iku.
c)         Njaga kesadaran produk.
d)        Njalin hubungan apik karo kosumen.

B.       Pariwara umum
1.    Pariwara Tanggung Jawab Sosial
Pariwara tanggung jawab sosial, yaiku pariwara kang nduweni tujuan nyebarno pesan kang nduweni
sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap warga, sahinggo nduweni tanggung
jawab marrang masalah sosial. Tuladha : pariwara anjuran, lan pariwara penggambaran sosial.
2.    Pariwara Bantahan
Pariwara bantahan yaiku Pariwara kang digunakake mbantah utawa nglawan isu kang nggawe rugi
dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener.
Ciri khas pariwara iki yaiku ndheleh komunikator  gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi
pihak liya. Tujuan pariwara bantahan yaiku: ngilimisi pariwara kang ora bener lan ora
nguntungno; nglurusno isu ing porsi kang bener, sesuai karo maksud perusahaan; mbangun simpati
khalayak; mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang bener.

3.    Pariwara Pembelaan
Pariwara pembelaan yaiku ‘lawan’ saka pariwara bantahan. Tujuan saka pariwara iki yaiku supaya
oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku
pariwara kang kaiket karo hak paten.
4.    Pariwara Perbaikan

Pariwara perbaikan yaiku pariwara kanggo mbenakno layang-layang  bab hal kang wes kahung keliru
lan disebarake nganggo media. Istilah lain pariwara iki yaiku pariwara ralat utawa
pariwara pembetulan. Pariwara iki nduweni tujuan kanggo ngralat informasi sing keliru, sahinggo
publik tetep oleh informasi kang bener.

5.    Pariwara Keluarga

Pariwara keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange  pemberitahuan saka pengiklan bab kedadiane
peristiwa kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Pariwara keluarga biasane luwih akeh rupa
pariwara kolom lan display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang
tulis. Tuladhane yaiku Pariwara bab kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane

C.       Pariwara khusus

1.    Pariwara kang nganggo dasar media kang digunakake :


   Pariwara Cetak yaiku pariwara kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak.
Tuladhane, yaiku: Pariwara cetak surat kabar, pariwara cetak baliho, pariwara cetak poster,
pariwara spanduk, lan liya-liyane.
   Pariwara Elektronik yaiku pariwara kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.

2.    Pariwara kang nganggo dasar tujuan iklan :


Pariwara Komersial yaiku pariwara bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan
ekonomi. Pariwara komersial dibagi dadi telung jenis pariwara, yaiku pariwara kanggo konsumen,
kanggo bisnis lan pariwara kanggo profesional.
Pariwara Non Komersial yaiku pariwara kang digunakake kanggo nyampekake informasi, ndidik
khalayak.

3.    Iklan kang nganggo dasar bidang isi layang :

o     Iklan Politik.

o     Iklan Pendidikan.

o     Iklan Kesehatan.

o     Iklan kecantikan lan perawatan tubuh.

o     Iklan Pariwisata.

o     Iklan hiburan.

o     Iklan Olah Raga.

o     Iklan Hukum.

o     Iklan Lowongan Pekerjaan / Recruitment.

o     Iklan Duka Cita.

o     Iklan Perkawinan.

o     Iklan panganan lan ombean.

o     Iklan Otomotif.

o     Iklan lingkungan Hidup.

o     Iklan Media.

4.    Iklan kang nganggo dasar komunikatore

o     Iklan Personal.

o     Iklan Keluarga.

o     Iklan Instusi.

5.    Iklan kang nganggo dasar cakupan

o     Iklan Lokal yaiku iklan kang cakupan khalayak sasaran kang dituju ana ing wilayah lokal, kayata
pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten.

o     Iklan Regional yaiku iklan kang cakupan khalayak luwih saka siji wilayah lokal.

o     Iklan Nasional yaiku iklan kang target konsumen ana ing kabeh wilayah negara.
o     Iklan Internasional yaiku iklan kang mbidik khalayak kang njangkau trans nasional utawa luwih
saka siji negara.
6.    Iklan kang nganggo dasar fungsi

a)         Iklan Informasi yaiku iklan kang nitik beratke isi kanggo  informasi kanggo khalayak.

b)        Iklan Persuasi yaiku iklan kang nitik beratke ing upaya ngaruhi khalayak kanggo nglakokake
penggawean.

c)         Iklan mendidik yaiku iklan kang nitik beratke ing tujuan ndidik khalayak, supaya khalayak
ngerti lan nduwe pengetahuan.

d)        Iklan Parodi/Hiburan yaiku iklan kang digawe kanggo keperluan guyonan.

 PARIWARA (Iklan Basa Jawa) : Pangertene, Ancase, Jinise lan Contoh


Bahasa Jawa
Pariwara utawa iklan mestine sampun kita mangertosi saben dinane. Ing artikel samenika
kita bakal nyinauni babagan pariwara utawa iklan basa jawa.

A. Pangertene Pariwara
Pariwara inggih menika sawijining pesen babagan barang/jasa kang digawe dening
produsen kang diandharake lumantar mediya (cetak, audio, elektronik) utawa papan
panggonan umum kang
ditujokake marang bebrayan agung.
B. Ancase Pariwara
 Ukara cekak aos.
 Basa prasaja, gampang ditampa lan dingerteni.
 Tulisan lan gambare narik kawigaten.
C. Jiniseng Pariwara
 Pariwara Audio : Pariwara kang disampekake kanti nganggo swara tuladhane
iklan radio.
 Pariwara Visual : Pariwara kang disampekake nggango tulisan utawa gambar
kang bisa diamati kanti mripat tuladhane baliho.
 Pariwara Audio Visual : Pariwara kang disampekake nggango tulisan/gambar uga
swara kang bisa di rungoake lan di deleng tuladhane iklan TV.
D. Contoh Pariwara
Ing ngisor iki conto-conto iklan basa jawa arupa visul arupa gambar/tulisan.
Cekap sementen pembahasan babagan Iklan Basa Jawa. Mugi-mugi artikel menika saget
manfaat kangge sobat Synaoo sedoyo.
Pangertene crita rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil
karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku. Crita rakyat ing tanah Jawa iki akeh
wewujudane, ing antarane legendha, dongeng, mite lan sapanunggalane. Tuladhane : Andhe-andhe
Lumut, Nyai Rara Jonggrang, Bandung Bandawasa, lan sapitirute. Manfaat kang isa dijupuk saka
ngrungokake crita rakyat iku yaiku ana pengalaman kang becik saka nulat para tokoh-tokohe.

Ing dhaerahmu mesthi uga ana cerita rakyat kang wis kumandhang. Sejatine ancas utawa
tujuwane crita rakyat iku ura mung kaya crita sanyatane, nanging ana pesen kang sinandi ing sajrone
crita. Tuladhane : ana crita babagan wit gedhe kang angker lan wingit, wos surasae crita iku ora
walaka babagan wit kang angker, nanging kepiye carane para leluhur biyen ben wit-wit gedhe kuwi
ora ditegor sasenenge dhewe utawa diregeti sakepenake dhewe. Upamane maneh ana crita yen
liwat prapatan kudu ngebel sebab akeh arwah gentayangan sing mapan ana kono. Iku mengku werdi
ora kaya sanyatane ana dhemit kang nglambrang, nanging welinge supaya ngati-ati yen liwat
prapatan, lan sapanunggalane.

Titikane cerita rakyat, kayata:

1.       Anonym, ora dingerteni sapa sejatine sing nganggit

2.       Minangka karya kolektif, dianggep duweke rakyat bareng-bareng

3.       Nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha

4.       Nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane (imajiner)

5.       Statis,tetep,ora anaowah-owahan sing wigati saka jaman menyang jaman.

2.       Unsur crita rakyat

Unsur-unsur kang kamot sajroning crita rakyat iku tokoh, alur, setting, amanat/pesen. Ing
wulangan iki para siswa bakal gladhen mirengake crita rakyat kang tundhone isa nyritakake maneh
marang kanca kanthi basa padinane lan uga isa aweh tanggapan tumrap surasane crita. Upamane
ngenani watak tokohe. Mula kang saka iku coba setitekna gladhen ing ngisor iki kang gegayutan karo
crita rakyat.

CRITA RAKYAT

1. Pengertene Crita Rakyat


Crita rakyat yaiku cerita kang ana ing swijining daerah lan kan
awujud karya kolektif(bebarengan) kang diwarisake kanti turun temurun .

2. Unsur Crita Rakyat


  Tema : Ide pokok utowo permasalahan utama kang ndhasari crita.
  Latar/setting: Panggonan, wektu , utawa suasana kang mbantu cethaning crita.

  Alur/plot : urut-urutaning kedadeane cerita. Alur kebagi dadi 2 yaiku alur


maju/progresif lan alur mundur/flash backprogresif.

  Sudut Pandang : Nyritakake tokoh, barang papan, kewan, lan sapiturute.

  Penokohan : Nggambarake karakter kanggo paraga.Paraga bisa dingerteni saka


tumindake, ciri fisike, utawa lingkungane.

  Konflik : Perkara kang dadipunjere crita.

3. Karakter Crita Rakyat


  Anonim : Crita ora kaweruhan      sapa kang nganggit.

  Kolektif : Duweke masyarakat bebarengan.

  Dicritakake kanti lesan.

  Dicritakake turun temurun.

4. Jenising Crita Rakyat


  Mitos : Crita kang dianggep bener-bener kedadeyan lan paragane arupa manungsa sekti,
dewa, kewan kang nduweni kesakten. Tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Sunan Lawu,
Saridin,  lan sapiturute.

  Legenda :Crita asal-usul sawijining panggonan lan biasane ana petilasane arupa watu,
wit, gunung, kali, lan sapiturutipun. Kedadeane kutha Rembang, Rawa Pening,
kedadeyane kutha Surabaya.

  Dongeng :Crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane crita Jaka Tarub, Keong
Emas, Timun Emas

You might also like