You are on page 1of 16

Nama kelompok

1. Maria carolina (9)


2. Maria Theresia (16)
3. Rachel Jeanette (29)
4. Regina Muskita (30)

Tugas bahasa jawa


TATA BUSANA JAWA

Tata busana iku minangka panging budaya jawa, yaiku woh pangolahing budi, manunggaling
pakarti lair lan batin. Nyandhang nganggo kudu dilaras supaya bisane pantes lair lan batine.
Kacundhukake antarane kahanan awak lan kalungguhane.
Kang diarani panganggon Jawa jangkep iku minangkane perabot kanggo ngadisarira.
Lumrahe penganggon Jawa jangkep iku ana 8 werna , yaiku :

1. UDHENG

Udheng Jogja udheng solo


A. Pangertosan Udheng
Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun dados kantun
hangagem. Dene basa kramanipun dhestar, punika arupi panganggen ingkang dipunagem
kangge nutupi sirah.
Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng
kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen sami., lajeng
dipun jahit miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken. Wekdal sak menika sampun
kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados kantun milih ukuran sarta cakrik
sekaranipun.
Kala rumiyin tasih kalimrah Udheng hanggenipun mangangge dipun iras, tegesipun iket
ingkang ukuranipun setunggal kacu (taplak meja) lajeng dipun ubed-ubedaken kemawon
kanthi tatacara ingkang kalimrah, saksampunipun karaos pas nembe pucuk-pucukipun
nembe dipun tangsulaken ing sisih wingking ngandhap mustaka, dene manawi sampun
mboten kangge lajeng dipun udari malih.

B. Wangunipun Udheng
Miturut wangunipun, ingkang kaprah wonten kalih inggih punika:
1) Udheng Jebehan
Udheng jebehan menika titikanipun ing ngajeng mboten mawi kuncungipun, sisih wingking
mondholanipun terusan mlered saking nginggil mangandhap mujudaken irung-irungan
lonjong nanging trepes. Dene sakiwa tengenipun mondholan wonten jebehanipun, awujud
elar-elaran, mangiwa lan manengen. Ingkang besus mangagem udheng menika badhe
katinggal merbawani sabab menika namung mligi ka-agem dening piyayi luhur.
2) Udheng Cekok Mondhol
Titikanipun udheng cekok inggih menika ing ngajeng wonten kuncungipun, dene ing
wingking wonten mondholanipun, awujud lonjong kados tumempel ing wingking udheng.
Sisih nginggilipun mondholan wonten rerengganipun awujud dhasi kupu alit.
C. Peranganipun Udheng
Nama – nama peranganipun udheng, cakrik sarta tegesipun:
• Kuncung
Inggih menika awujud pucukipun iket, ingkan mapanipun wonten ngajeng ing tengah pas
bathuk. Kuncung menika namung wonten ing udheng cekok mondhol.
• Wiron
Inggih menika perangipun iket ingkang kaplui/kawiru cemeng warninipun, mapanipun
wonten ngajenganipun udheng pas kiwa lan tengen sak nginggilipun alis. (ugi dipun sebat
dhestar).
• Sunglon
Inggih punika pinggiraning bathik ingkang dipunpapanaken sak nginggiling wiron.
• Kemadha
Inggih punika pinggiraning bathik ingkang kapernahaken wonten kiwa tengenipun udheng.
Ingkang lancip menika kawastanan cakrik pangkur.
• Talingan
Inggih punika peranganing udheng sisih kiwa tengen ngandhap, radi melengkung supados
trep mapan sak nginggilipun talingan.
• Modangan
Inggih punika namaning cakrik rerenggan bathik ingkang ing udheng mapanipun wonten
sisih nginggil (nginggil rikma, wiwit saking ngajengan tumuju tengah, nginggil embun-
embun).
• Mondholan
Inggih punika peranganing udheng ingkang awujud bunder semu lonjong radi gepeng
ingkang kapapanaken wonten sak wingking udheng ing tengah-tengah, trep nginggil githok.
• Pucuking Udheng
Ing sisih nginggil manawi wangunipun lancip punika dipunsebut cakrik perbawan (ingkang
mangangge hanggadahi raos perbawa). Dene manawi radi papak dipunwastani cakrik
kasatriyan (ingkang ngagem hanggadahi raos Satriya).
• Cakrik seratanipun sampun nedahaken wonten “Stopres” ingkang isen-isen sekar. Utawi
cakrik pangkur ingkang wonten untu walang.
• Cakrik perbawan punika minongka dasaring dhestar rikala ageman taksih dados
agemanipun Karaton Surakarta.
D. Warninipun Udheng
Ing wekdal sakpunika warnining udheng wonten kalih inggih punika: a) Seratan Bathik, b)
Sekaran (kembangan). Dene udheng Bathik wonten 4 warni inggih punika:
1) Udheng Byur
Pinggir mawi kemada, bathikanipun cakrik semen, lereng, lung-lungan, ceplok, lan
sanesipun.
2) Udheng Tengahan
Mawi semukirang, mawi bvengkok garis kenceng, tengahipun petjhak utawi sekaran, pinggir
mawi kemada sungging. Antawisipun kemada kaliyan tengahan kabathik latar pethak, latar
cemeng, ceplokan lan sanesipun.
3) Udheng Modang
Pinggir mawi Kemada, wingking mawi Umpak, bathikanipun modang, Pangkur, Ceplok,
lereng, lung-lungan.
4) Udheng Celeng
Pinggiripun mawi Kemada, wingking mawi umpak, bathikanipun mawi cakrik lung-lungan
ceplok, lereng, tengah cemeng byur.
Udheng Bangsanipun Sekaran antawisipun inggih punika:
1) Irawan
Pinggir mawi bathik kemada mawi umpak, tengah kabathik semukirang latar pethak.
Antawisipun semukirang kaliyan umpak kasekar kadosta :gadhung, Wungu. Kenthol.
2) Sekaran
Udheng sekaran punika warni-warni miturut ulesipun pulas kadosta: gadhung tengah
pethak, dipun wastani gadhung mlathi. Biru tengahipun pethak, bangun tulak lan sanesipun.
3) Rintik
Ules kaliyan naminipun Sekaran, naming saking pinggir 2 CM kajumput wangunipun kadosta:
Regulon, Tapakm dara, Cengkehan, Kembang Jeruk.
4) Wulung
Udheng ulesipun byur cemeng, padatan sunglonipun lancip cakrik perbawan.

E. Patrapipun Hangagem Udheng


Patrapipun anggenipun ngagem udheng kedah trep, mboten kenging miring, methongkrong
menapadene Jeplak. Kaangkah antawisipun alis kaliyan wironing udheng wiyaripun
setunggal nyari. 
F. Paugeran Hangagem Udheng
Ngagem Udheng ugi wonten paugeranipun, utaminipun manawi sowan dhateng Karaton
mboten kenging sak sekecanipun piyambak.
1) Ing Karaton Surakarta
a) Udheng Jebehan
Udheng menika ageing para luhur, inggih menika Ingkang Sinuhun, Para putra Sentana,
kaliyan para abdidalem ingkang hanggadahi Sesebatan Riya nginggil (KRA), kalebet ingkang
anon-anon.
b) Udheng Cekok Mondhol Kuncung
Agemanipun Bupati Riya, Bupati Sepuh sak pangandhap inggih punika wiwit saking
sesebatanKRAT, KRMT, KRT, RMT, RT, Panewu, Mantri saha Lurah. Kalebet ingkang anon-
anon.
2) Ing Sanjawining Karaton
Wonten sanjawining Karaton panganggenipun Udheng merdika (bebas), padhatan ingkang
dipun agem Udheng Jebehan, inggih wonten pahargyan menapa kemawon, kalebet wonten
ing kasripahan (layatan).

2. KULAMBI UTAWI RASUKAN


A. Pangertosanipun
Kados sampun ka-aturaken ing ngajeng, nilih busana Jawi ing Karaton Surakarta Hadiningrat
punika Iyasanipun ISKS Paku Buwana III, hawit saking kedadosan wontenipun perjanjen
Giyanti Ing warsa 1755 Masehi. Ingkang salajengipun Iyasan punika ngalami ewah-ewahan
sarta monceripun ewah-ewahan rikala Jumeneng dalem ISKS Paku Buwana IX saha ISKS Paku
Buwana X. gandheng punika naming winates bab rasukan/ageman adat Jawi ingkang limrah
dipunagem priyantun kakung ing Surakarta wekdal sakpunika, inggih wiwit jumeneng-dalem
Sawargi SISKS Paku Buwana XII, ingkang kaaturaken kados ing ngandhap punika.

B. Wanguning Kulambi Utawi Rasukan


Miturut wangunipun, rasukan busana Jawi kakung, ingkang baku wonten warni kalih inggih
punikaAtellah kaliyan Beskap, menggah sanesipun hanjumbuhaken kaliyan dasaring kulambi
sakawit inggih punika Beskap saha Atellah.

1) Atellah

Ingkang dipun wastani Atellah makaten, awujud jas tutup. Dados wiwit gulonipun, ing
tengah katutup dumugi sak pangandhap. Kancingipun wonten tengah-tengah wiwit sak
ngandhaping Jangga sak pangandhap, limrahipun wonten 5 kancing utawi benik. Dene sisih
wingking sak ngandhap pengkeran dipun krowok, kangge ngetingalaken nyengkelit
dhuwung.
2) Beskap
Beskap makaten wujud jas, gulonipun tutup kanthi kancing ing sisih tengah. Dene kapernah
jaja (dhadha) sak pangandhap katutup mawi tangkepan mangiwa, miring mangandhap.
Kancingipun kiwa sak pangandhap wonten tiga. Dene sisih tengen jaja dipun pasangi kancing
(benik) ugi cacah kalih mapanipun sami kaliyan kancing ing kiwa, minongka pasren.
Kadosdene atellah, ing wingking sak pangandhap pengkeran dipun krowok, kangge
nyengkelit dhuwung. 
3) Sikepan

Sikepan makaten wangunipun sami kaliyan Atellah kanthi bikaan ing tengah, namung
bikaanipun kadamel cupet, dados mboten saget katutup kakancingaken. Ing sisih tengen
bikaanipun dipun pasangi kancing, namung minongka pasren. Ing perangan nglebet dipun
agemi rasukan Rompi Pethak, gulon tutup mawi kancing sisih tengah sak pangandhap.
Sarehning agemanipun mboten saget kakancingaken, pramila manawi ngagem Rompinipun
tartamtu ketingal.
4) Langenharjan

Langenharjan punika satunggaling ageman ingkang kathah emperipun kaliyan busana


“Barat” inggih punika Jas bikak kados TEXIDO. Tegesipun sakngandhapipun gulu tutupipun
jas kawalik kaprenahaken mangiwa lan manengen.
Kancingipun wonten setunggal menapa kalih. Sanesipun pasren. Ing sisih wingking
sakngandhap pengkeran ugi dipun krowok. Dene rasukan ingkang wonten nglebet wonten
rangkep kalih. Nglebet piyambak “Hem” lengan panjang kanthi gulonipun jejeg ngadeg
manginggil (staande kraag) dipun paringi dasi kupu-kupu. Nembe dipun rangkepi Rompi
kancing tengah.
5) Beskap Landhung

Beskap landhung punika wangunipun sami kaliyan beskap limrah, namung badanipun
langkung panjang kados dene jas limrah. Samanten ugi wingkingipun mboten dipun krowok,
kajawibeskap landhung ugi wonten wangun atellah landhung.
Kajawi menika taksih wonten rerangkenipun ageman kasebat ing nginggil inggih punika
ingkang dipunwastani”Kemejan” inggih punika rangkepaning gulon saha rangkepaning
pucukan lengen, awujud kain pethak ingkang kajahit rangkep wiyaripun kirang langkung 5
Cm. panjangipun kaukur sami kaliyan ubengipun gulon saha pucukan lengen.
6) Taqwa

Taksih wonten malih ingkang perlu dipun mangertosi wontenipun ageman mligi kagem Ratu
utawi Nata inggih punika busana Taqwa. Busana punika Iyasanipun Kanjeng Sunan Kalijaga,
mligi kagem para Nata. Sak punika asring dipun agem dening ISKS Paku Buwana XIII arupi
beskap,namung ing sisih ngajeng (jaja) tangkepipun panjang dumugi ngandhap. Dene
kulukipun kanigaran.

C. Warnining Kulambi Utawi Rasukan


Warnanipun busana ing Karaton Surbusana kabentenaken antawisipun atellah kaliyan
beskap. Tumrap Atellah warninipun namung wonten kalih, inggih menika cemeng lan
pethak. Atellah punika kalebet ageman resmi Karaton Surakarta. Dene beskap kalebet ugi
ingkang landhung, ulesipun saget warni-warni, cemeng, abu-abu, kuning gadhing ijem, lan
sanesipun.

D. Paugeran Pangageming Rasukan


1) Ing Karaton Surakarta
Sampun dados adat lupiya, busana punapa ingkang dipun agem manawi wonten ing
pisowanan, saget kawuningan saking Serat timbalan-dalem. Padatan dipun bentenaken
antawisipun pisowanan ageng saha pisowanan padintenan utawi limrah. Umumipun manawi
pisowanan ageng punika warninipun cemeng. Dene pisowanan padintenan warninipun
merdeka.
a) Pisowanan Ageng
1. Tumrap Para Santana Dalem Riya Nginggil sesebatan KPH, KP, KRA agemamnipun sikepan
cekak warni cemeng mawi rompi pethak. Udheng Jebehan, Dhuwung Warangka Ladrang.
2. Tumrap Abdidalem Bupati Sepuh Riya kanthi sesebatan KRAT agemanipun Sikepan Cekak
warni Cemeng, Udheng Cekok mondhol Kuncung, dhuwung warangka Ladrang.
3. Tumrap para sentana dalem, abdidalem, bupati, bupati anom ingkang sesebatanipun
KRMT, KRT, RMT, RT, agemanipun Atellah Cemeng mawi “Passan”, Udheng Cekok Mondhol
Kuncung, Dhuwung warangka Ladrang, nganggar Samir.
4. Abdi-dalem sanesipun Panewu sak pangandhap, agemanipun Atellah Cemeng, Udheng
Cekok mondhol mawi kuncung, dhuwung warangka ladrang, hanganggar samir.
b) Pisowanan Padintenan
Ing pisowann padintenan, sadaya kemawon inggih putra sentana-dalem punapadene para
Abdi-dalem, agemanipun beskap sauger mboten cemeng. Kajawi ingkang kadawuhan
mengku damel kadosta Abdi-dalem Juru Suranata, Ngulama, srabut agemanipun atellah
pethak.
2) Ing Sanjawining Karaton
Busana adat Jawi ingkang sami dipun agem ing sanjawining Keraton, limrahipun manawi
wonten pahargyan mantu, tumbuk yuswa, supitan, layatan inggih punika beskap.

3. SABUK

A. Pangertosanipun Sabuk
Sabuk punika ageman ingkang dipun angge nutupi setagen. Dados manawi sinjang sampun
dipun singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados setagen mboten ketingal.
Dados kadosdene pasren. Kajawi punika sabuk mangkenipun ugi badhe dipun angge
nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking. Dados rehdene ageman rasukan ing wingking
krowok, pramila ingkang ketingal sanes sinjang utawi setagenipun, ingkang ugi minongka
kangge nyengkelitipun dhuwung.
B. Jinis Sarta Cakrikipun Sabuk
Jinis sarta cakripun sabuk punika wonten tiga, inggih punika:
1) Sabuk Cindhe
Bakalipun ingkang dipun angge saking benang sutra alus ingkang sampun kacelup kaliyan
ules warni-warni. Manawi sampun katenun, sekaranipun urapi pesagi utawi sawa mawarni-
warni ingkang dipun rakit mujudaken wewangunan ingkang saestu nengsemaken (artistic).
Wekdal sakpunika sampun awis-awis sanget wontenipun. Dene ingkang wonten cakrikipun
memper sabuk cindhe, ananing sanes saking tenunan, naming saking cap- capan memper
cindhe, wujud makaten dipun sebat “Cindhen”.
Sinaosa sekaranipun kawangun saking maneka warnanipun pesagi pesagi alit, nanging
manawi ingkang kathah (dominan) warninipunn abrit, lajeng katingal sabuk abrit, semanten
ugi ingkang ijem, wungu, kuning lsp.
2) Sabuk Tenunan
Bahanipun pancen kadamel saking benang tenun limrah, padatan ulesipun byur polos.
Warnanipun wonten ingkang ijem, abrit, wungu, kuning, lan sanesipun. Kala – kala dipun
selipi benang Jene (emas) ingkang mujudaken garis-garis jene (emas) utawi kados dene toya
jawah, ingkang makaten dipun astani cakrik “Udan Mas”.
3) Sabuk Celupan
Inggih punika satunggalintg sabuk ingkang bahanipun pancen saking celupan kanthi ules
mawarni-warni kadosta: Sindhur, Podhang nusup sari, Uyah sawungkul, ceplok.

C. Patrapipun Mangangge Utawi Ngagem Sabuk


Kados sampun ka-aturaken ing nginggil, panjangipun sabuk watawis 4 – 5 M. patrapipun
ngagem kanthi kaubedaken badan, kawiwitan saking nginggil, ubedipun mangiwa. Ubedipun
ingkang angka kalih kapernahaken kirang langkung kalih nyari sak ngandhapipun. Semanten
ugi ubedan ingkang angka tiga kapernahaken kirang langkung kalih nyari sak ngandhapipun
ubedan angka kalih, makaten sak piturutipun ngantos sap gangsal utawi nenem. Telas
pungkasaning sabuk lajeng dipun peniteni supados mboten udhar, perlu dipun taliti supados
sinjang punapa dene setagen mboten ketingal.
Kajawi punika ugi dipun imut-imut, anggenipun miwiti ubedan sabuk punika benten kaliyan
ubedipun setagen. Manawi ubedipun setagen punika kawiwitan saking ngandhap minggah
supados kenceng. Dene manawi sabuk ubedipun kawiwitan saking nginggil lajeng
mangandhap supados mangkenipun saget kangge nyengkelit dhuwung.

D. Paugeran Pangangening Sabuk.


Limrahipun wonten pundi kemawon, manawi sipatipun pahargyan, agemanipun sabuk
merdika. Kajawi mawi nuju layatan, sabukipun prayogi cemeng polos. Dene manawi mantu,
para ingkang sami bebesanan sabukipun salindhur.
Dene ing pisowanan karaton, tumrap para sentana dalem punapa dene abdidalem ingkang
sesebatan Bupati mangandhap, mboten kepareng ngagem sabuk cindhe.

4. EPEK TIMANG LAN LEREP

A. Pangertosanipun
Ingkang dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain
bludru, wiyaripun watawis 5 CM, dene panjangipun watawis 120 – 150 CM. kajawi saking
bludru epek ugi wonten ingkang kadamel saking bubatipun kapal (rambut jaran), rambut
punapa dene surinipun. Bongkotipun epek dipun pasangi “Timang” utawi Gesper ingkang
dipun angge nyandhet ubetipun epek, sarta “Lerep” ingkang kangge nlesepaken tirahaning
epek supados mboten kumlewer.
Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga ukiran.
Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan, menapa dene
selamaya.
B. Warni – warnipun Epek
Limrahipun Epek wonten tiga cacahipun, inggih punika:
1) Epek Polos
Epek punika kadamel saking bludru polos, ulesipun wonten ingkang warni biru, abrit,
cemeng, wungu, lan sapanungalipun.
2) Epek Blodiran
Limrahipun epek punika kadamel saking bludru, lajeng dipun bolder mawarni-warni. Wonten
ingkang cakrik untu walang utawi ombak banyu, wonten ingkang arupi sekaran ron pakis.
3) Epek Rambut
Inggih punika epek ingkang kadamel saking bubatipun kapal (jaran) warni cemeng.

C. Paugeran Mangangge Epek


Caranipun hangagem epek punika ka-ubedaken wonten sabuk, ubedipun mangiwa,
tegesipun timang kaprenahaken sisih kiwa. Anggenipun ngubedaken epek, ka-angkah
wiyaripun antawisipun epek ngandhap kaliyan sabuk sisih ngandhap kirang langkung 2.5
nyari (kalih setengah nyari). Dene timangipun kapernahaken wonten ngajeng trep tengah-
tengah. Wonten ing pabrayan umum jinis epek ingkang dipun agem warninipun merdika
mboten wonten awisanipun. Naming manawi nuju layatan, prayogi hangagem sabuk
cemeng.
Manawi sowan dhateng karaton, tumrap para putra Santana dalem menapadene abdidalem
ingkang sesebatanipun bupati sak pangandhap mboten kepareng hangagem epek ingkang
boldiran untu walang punapa dene ombak banyu. Prayoginipun hangagem ingkang polos.
Bab warni kasumanggakaken miturut paugeran ingkang dipun remeni.
Gegandhengan kaliyan paugeran hangagem epek lan sabuk, warah dalem Ingkang Sinuhun
Kangjeng Susuhunan Paku Buwana Kaping IX Karaton Surakarta Hadiningrat paring wewarah
tumrap paugeran hangagem sabuk ingkang kajumbuhaen kaliyan epek lan lerepipun. Dene
wujudipun kados ingkang ka-aturaken ing seratan punika.
No Warni Sabuk Epek Aranipun Watak Panganggenipun
01 Ungu Ijem Wredha Ginugah Ayem, Wredha/Siang
02 Ijem Abrit Mudha Rumagang Trengginas,Mudha/S/D
03 Biru Abrit Satriya mangsah Trampil mapan, nudha, wredha/S/D
04 Jambu /jambon/ Biru/cemeng/ungu Narendratama Sabar, menep, S/D
05 Jenar /Kuning Biru / Cemeng Candra Sumunar Sabar, maton, S/D
06 Kapuranta (abrit anem) Biru /Cemeng/Ungu Surya Sumirat Tan Swala/Mudha, S/D

5. SINJANG UTAWI NYAMPING

A. Pangertosanipun Sinjang
Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil
“Nyamping’. Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing
badan nutupi jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing nginggil polok.
Kain bathik ingkang ka-agem nyampingan utawi sinjang kalawau, saestu arupin wohing
pangolah budi para leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman kina makina. Kajawi cakrik
ingkang rawit (njlimet) lan nengsemaken ugi caanipun ndamel igu rungsit kagarap kanthi
njlimet, sabar , telaten, sarta nglampahi pinten-pinten tataran.

B. Patrapipun Damel Sinjang Utawi Jarik


Bakalanipun sinjang inggih menika mori (monten), satunggaling kain pethak ingkang
sakderengipun kagarap utawikabathik kedah dipun kanji rumiyin, salajengipun tumuli
kapepe, sak sampunipun garing lajeng dipun kemplong pangajabipun supados rapet
tenunanipun, temahanipun manawikaserat (ka-bathik) mboten mblobor.
Bakalan saking mori kalawau lajeng dipun cengkorongi utawi kagambar mawi potlot, sak
sampunipun dados lajeng kaserat mawi malam, dene pirantos ingkang kangge nyerat inggih
menika winastan canthing. Manawi gambaripun mawi titik-titik utawi “cecek” tumuli
kaginakaken canting cecekan. Manawi sampun kabathik ing ngajeng utawi dipun
“Ngengreng” salajengipun dipun “Terusi”supados bathik wolak walik ketingal nyawiji.
Manawi ing gambar bathik wonten ingkang mangkenipun kedah kadamel pethak lajeng
kemawon ing gambar dipun “Tembok” ingkang tegesipun ngeblok perangan gambar ingkang
badhe dipun pethakaken. Malam ingkang ka-angge nemboki menika beda kaliyan malam
ingkang ka-angge ngengrengi inggih menika langkung cemeng warninipun tinimbang malam
ngengrengan.
Manawi sampun dipun “tembok” tumuli ka “Wedel” inggih menika damel warni biru kangge
dhasaripun sinjang, sak sampunipun kawedel, lajeng dipun kerok ingkang dipun betahaken,
ingang sampun wonten warninipun biru lajeng katutup malih mawi malam ingkang
tegesipun mbathik“Mbironi”. Rampung dipun bironi lajeng ka “Soga” utawi dipun “Sareni”.
Soga menika minongka sarana kangge ngelir utawi nyukani kelir soklat ing sinjang kalawau.
Saksampunipun dipun soga lajeng kalorot supados ical malamipun. Manawi sampun ical
malamipun badhe ketingal seratan bathik.
Manawi sampun kababar, ketingal dados sinjang, salajengipun dipun “Kanji” supados rapet
tenunanipun malih, kapepe ing papan ingkang mboten benter, manawi sampun garing lajeng
kalempit, miturut trep-trepanipun nglempit sinjang. Sak sampunipun dipun lempit lajeng ka-
kemplong supados rapet lan madhet tenunipun.

C. Warninipun Sinjang
Sinjang limrah ukuran limrah watawis 110 x 260 cm. sinjang Kampuh utawi Dodot langkung
panjang katimbang sinjang limrah, inggih punika 4 panjangipun sinjang limrah.
Bab warnining sinjang manawi saperangan ulesipun cemeng, dipun wastani Latar Cemeng.
Dene saperangan ageng ulesipun pethak dipun wastani “Bledhak” utawi latar putih.

D. Cakrikipun Sinjang
Manawi dipun taliti, cakrikipun sinjang punika ingkang baku saget kaperang wonten kalih
inggih punika:
1. Cakrik ingkang mratelakaken mapanipun Sekaran (kembangan)
2. Cakrik ingkang mratelakaken warni-warnining sekaran.
Kekalihipun punika manawi dipun dadosaken setunggal saget ngetingalaken maneka
warnining sinjang.
1) Cakrik Ingkang Mratelakaken Mapanipun Sekaran
Mapanipun sekaran kapilah-pilah, dipun tata kanthi ajeg, ingkang mangkenipun saget
mujudaken gambaran ingkang mawarni-warni, inggih punika:
a) Lereng lan Parang
Sinjang Parang makaten seratanipun awujud garis miring diagonal 45 derajat, wonten
wangunipun mlinjon, sujen, sarta mata gareng. Dene ingkang kawastanan Lereng,
seratanipun wujudipun garis miring diagonal 45 derajat mboten wonten mlinjonipun, sujen
sarta mata gareng, namung dipun watesi garis-garis, adakanipun mawi cakrik lung-lungan
utawi kaseling parangan ingkang dipun wangun geblagan.
b) Ceplok
Sinjang Ceplok, seratanipun awujud sekaran ingkang kawangun pesagi punapa dene wajikan,
tarkadhang wangunipun sekaran dipun watesi kaliyan garis-garis ingkang mujudaken
wangun pesagi menapa dene wajikan, dados lajeng katingal pating ceplok, pating dlemok.
Tuladhanipun sinjang Sidomukti, Sidoluhur, Karjagad, lan Kawung (pirsanana gambar).
c) Cakrik Merdika
Cakrik merdika, sekaranipun mboten ketingal winates, ing salebeting garis-garis miring
menapa wonten salebeting kothak pesagi utawi wajikan. Dados saestu sekaranipun
merdika/bebas. Tuladhanipun sinjang Cuwiri, Semen.lsp.
2) Cakrik Ingkang Mratelakaken Warni warnining Sekaran
Sekaran motif ingkang dipun ginakaken kangge seratan punika maneka warni. Para pengrajin
bathik saestu hanggadhahi wawasan ingkang sakalangkung wiyar, salajengipun sadaya
wewujudan ingkang tumitah ing alam donya saget dipun tiru kangge sesekaran.
Wiwit sawarnining tetuwuhan, sawarnining ron, punapadene sawarnining sekar, who-
wohan, sato kewan, peksi, elar, kepiting, ulam ing seganten, kawontaning jagad raya, sadaya
saget kaserat dados pola utawi cakrik ing seratan bathik.
a) Sekaran ingkang kapendhet saking tetuwuhan upaminipun:
(1) Sinjang Kawung kapendhet wohing kolang-kaling
(2) Sinjang Ceplok, upaminipun “Ceplok Sekar Kenikir”, Ceplok Sekar Asem”, ceplok Sekar
Manggis.
b) Sesekaran ingkang kapendhet saking bangsaning sato kewan
(1) Seratan ingkang mratelakaken elar-elaran (sayap burung) kadosta; Sidomukti, Sidoluhur,
Semen
(2) Cakrik Cuwiri ingkang sekaranipun nggambaraken ulam segara, urang, lan
sapanunggalipun.
c) Sesekaran ingkang kapendhet saking kawontenaning alam donya:
(1) Cakrik “Sekar Jagad” sekaripun hanggambaraken watesing nagari.
(2) Cakrik Wahyu Tumurun, sekaranipun hanggambaraken wahyu ingkang cumlorot.

E. Caranipun Hangagem Sinjang


Manawi badhe hangagem sinjang, langkung rumiyin kedah dipun damel wironipun, inggih
punika wiwit saking pinggiraning sinjang (seretan/Tumpal) dipun lempit wolak-walik ngantos
2/3 panjangipun sinjang. Wiyaripun saben lempitaning wiron manawi kagem kakung kirang
langkung 7 CM. dene wiron kagem putri kirang langkung 3.5 CM.
Lempitaning wiron ingkang sepisan ingkang ngemot seretaning kaprenahaken wonten ing
lebet, supados manawi dipun- agem seretipun mboten ketingal (Gagrag Surakarta) dene
Ngayojakarta seretipun kedah ketingal.
Ngagem busana Jawi kawiwitan saking nyamping, bab inggil andhapipun nyamping sampun
ngantos ketingal polokipun, nanging ugi sampun ngantos ketebihin sangandhaping polok,
mila wiwit nyampingan prayoginipun selop dipun agem rumiyin, supados dadosipun inggih
sumbut kaliyan manawi sampun ngagem selopboten badhe kandhapen utawi kinggilen.
Wiron punika boten perlu dipun japit, sauger sampun pejah, limrahipun boten badhe
wudhar. Ubedipun nyamping saking mangiwa, asta tengen ngasta utawi nyepeng wiron
kapapanaken wonten tengahing puser dene pucuk utawi pangasih kacepeng wonten tangan
kiwa kapapanaken wonten tepong tengen, kaangkah pucuk ngandhap sinjang boten kadal
melet, nembe wiron ingkang dipuncepeng asta tengen kapapanaken wonten tengah,
manawi sampun dhamis lajeng dipun tangsuli, kasusul ngagemipun setagen lan sabuk.
Ubedipun sabuk punika kawiwitan saking nginggil mangandhap eneripun ugi mangiwa
ubedipun. Lajeng kasusul ngagem epek timang saha lerebipun, timang kadhawahaken
tengah leres, lerep ing kiwa, dados tegesipun ubedipun ugi mangiwa. Paugeran gagrag
Karaton Surakarta mapanipun epek, wonten ngandhap watawis kalih nyari saking tepining
sabuk.
Salajengipun ngagem rasukan, kasusul ngagem dhestar manawi sampun saweg ngagem
wangkingan utawi dhuwung. Wangkingan punika sumengkelitipun wonten ing sabuk sap 3
(tiga) saking ngandhap, semu sumendhe miring sikut tengen. Dados boten kenging
sumendhe mangiwa, sabab ukiranipun, lajeng tumungkul. Punika manawi kajawen dipun
wastani boten susila, pasemonipun mrentah supados sinten ingkang wonten ngajeng
tumungkula, namanipun ngewal, wonten ugi ingkang mastani nyothe. Tumrap kejawen
langkung-langkung Karaton, punika dados awisan.

F. Paugeran Ngagem Sinjang


1) Wonten Ing Karaton
Manawi sowan Karaton nyarengi timbalan menapa kemawon, tumrap sentana utawi abdi
dalem ingkang sesebatanipun Bupati sak pangandhap, mboten kepareng ngagem sinjang
cakrik lereng. Dene ingkang sesebatanipun ria nginggil (harya) sakp[enginggil cakrikipun
merdika.
2) Wonten Ing Sanjawining Karaton
Sinjang ingkang dipun agem wonten sanjawining Karaton kagem sinten kemawon merdika,
mboten wonten awisan menapa-menapa. Kajawi sinjang truntum menika mligi kagem
pahargyan mantu, dipun agem dening para ingkang sami bebesanan.
Bab sinjang dodot sak menika sampun awis-awis dipun-angge, manawi kala rumiyin ing Alam
jumenengipun ISKS Paku Buwana X, manawi pisowanan ageng para abdidalem kedah
mangangge sinjang dodot.

6. DHUWUNG UTAWI WANGKINGAN

A. Pangertosan Dhuwung Utawi Wangkingan


Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap
tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak donya mboten
wonten tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang rungsit, rawit, kanthi telaten,
sabar sarta eneping manah.
Perlu katerangaken bilih dhuwung piyambak onten warni kalih, inggih menika:
1) Dhuwung ingkang mligi kadamel kagem ageman, utawi pasren, menika hanggenipun
damel mboten mawi pasa utawi lampah prihatos.
2) Dhuwung pusaka tayuhan, inggih menika ingkang ndamelipun dipun kantheni lampah
sarta upacara ingkang sampun dados pakem utawi paugeran ingkang gumathok. Dhuwung
pusaka menika salajengipun ingkang dipun aji-aji punapadene dipun agung-agungaken.
Dhuwung sawenehing gaman ingkang kadamel saking campuran tosan, pramila wonten
ingkang mastani”tosan aji”, wangunipun tipis panjang, dene cepenganipun dipun wastani
ukiran. Wiyaripun dhuwung watawis 8 CM, lajeng merit samsaya alit ngantos dumugi 2.5 CM
wiyaripun lan wekasan pucukipun lancip. Dene panjangipun watawis 35-40 CM. kiwa lan
tengenipun kadamel landhep. Dene wangunipun wonten ingkang jejeg (leres) wonten
ingkang ngolat-ngolet ingkang ugi dipun wastani “Luk”.
Dhuwung manawi mboten dipun ginakaken kedahdipun lebetaken ing wadhahipun, ingkang
dipun namakaken “warangka” sebab kathah dhuwung ingkang sampun dipun warangi lan
menika sanget mbebayani.

B. Sejarahipun Dhuwung
Kajawi tanah Jawi (kalebet Madura lan Pulo Bali) kabudayan keris (dhuwung) ugi pinanggih
wonten Sulawesi Kidul (Gowa). Kajawi menika gaman ingkang memper keris kadosta badhik
ing tanah bugis, rencong ing Sumatra Ler (aceh), Mandhau ing Sulawesi (Makasar) ugi
sampun wonten du king kina. Saget kedadosan makaten jalaran tumrap bangsa Indonesia
“Jaman Logam” sampun wonten wiwit tahun 500 sak derengipun Masehi. Ateges
kabetahanipun ngagesang tumrap perkakas sampun kadamel saking Logam.
Mligi bab dhuwung utawi keris, ingkang kaserat wonten kitab “Tangguh Curiga” sejarahipun
dhuwung saget kaperang dados 5 perangan katitik saking wekdalipun rikala dhuwung
menika kadamel. Pathokan menika dipun sebat “Tangguh” inggih menika:
No Nama Tangguh Panginten dipun damel
01 Tangguh Kuno/Buda Abad 1-10 Masehi Karaton Medang Kamulan, Kahuripan /Erlangga
kediri
02 Tangguh Madya/Buda Abad 10-12 Masehi Karaton Jenggala Kedhiri - Dhaha, Pajajaran,
Cirebon, Segaluh
03 Tangguh Madya Sepuh Abad 12-14 Masehi Karaton Tuban, Majopahit, Sedayu
Blambangan, Maduro
04 Tangguh Madya Abad 14-16 Masehi Karaton Demak, Pajang, Mediun, Mataram, Sultan
Agungan , Banten.
05 Tangguh Anem Abad 16-20 Masehi. Karaton Kartosuro, Surakarta, Ngayoja,
Mangkunegaran, Paku Alaman lajeng ngatos dumugi alam kamardekan.
C. Jinisipun Dhuwung Miturut Warangkanipun
Ing ngajeng sampun ka-andharaken bilih dhuwung manawi mboten kaginakaken kedah
dipun lebetaken ing wadhahipun, inggih punika ingkang dipun sebat “Warangka”. Dados
saking njawi ingkang katingal naming wangunipun warangka, dene nglebetipun isi wilahan
utawi keris. Miturut wangunipun, warangko wonten warni kalih, inggih menika:
1) Warangka Gayaman
Warangka Gayaman makaten ngajeng lan wingking, irah-irahan wangunipun sami inggih
menika pupak/punggel. Perangan ngajeng langkung caket tinimbang ingkang wingking, sarta
perangan wingking kapara radi minggah.
2) Warangka Ladrang
Inggih menika satunggaling warangka ingkang irah-irahipun perangan ngajeng mlungker
(angkup) dhateng mlebet, dene ingkang wingking langkung panjang sarta njepapang
(godhongan), pucukipun lancip, sami kaliyan gayaman, irah-irahan ugi radi minggah supados
ketingal gagah manawi dipun agem.

D. Peranganipun Dhuwung
Peranganipun dhuwung ingkang baku wonten 5, inggih menika: Ukiran, Mendhak,
Warangko, Pendhok, Wilahan.
1) Ukiran
Ingkang dipun wastani ukiran menika “garan” utawi cepengan wilahan. Limrahipun kadamel
saking kajeng trenggana, kemuning, sawo lan sanesipun sadaya dipun ukir. Irah-irahan
awujud jambu mete. Gulonipun panjang kangge cepengan sarta manjingipun wilahan
dhateng. Limrahipun ukiran dipun plitur, menapa dene dipun gebeg supados ketingal
sekaran menap[a dene srat-seratipun kajeng. Manjingipun wilahan dhateng ukiran menika
kedah trep lan kenceng.
Ing Surakarta ukiran kalimrah kanthi cakrik/gaya Paku Buwanan, Wiryodiningratan, lan dapur
mangkurat.
2) Mendhak kaliyan Selut
Ingkang dipun wastani mendhak punika awujud slongsongan arupi conthong kapotong
kuwalik, dipun damel saking tosan utawi kuningan, dipun angge minongka umpak adeging
ukiran manjing ing wilahan supados saget trep, wilahan mboten onya (lepas) saking
ukiranipun.
Dhapuripun mendhak antawisipun: Angkup, Randhu, Parijotho. Kajawi mendhak, ugi wonten
ingkang tambah malih ingkang nama “Selut” dipun papanaken wonten sak nginggilipun
mendhak.
Selut makaten wangunipun kados jeram pecel, namung radi gepeng, kadamel saking
kuningan kaukir sae, dados pasrening dhuwung. Malah kepara awit dhawuhipun para nata
dhumateng para empu ingkang handamel dhuwung, selut asring rinengga barleyan, inten
(sesotya). Dene dapuripun selut ing antawisipun: jeruk keprok, jeruk pecel, jeruk sambel.
3) Warangka
Sampun kauningan bilih warangka punika awujud wadhahing wilahan (keris). Ing nginggil
sampun ka-aturaken bilih jinipun wonten kalih inggih punika warangka gayaman saha
warangka Ladrang. Warangka limrahipun kadamel saking kajeng Timoho.
Peranganipun warangka wonten kalih, inggih punika perangan nginggil minongka irah-
irahanipun dipun wastani”godhongan” saget kawangun gayaman menapa ladrang. Kalih-
kalihipun kadamelndhaplang, ngiras kagem totogan manawi dipun sengkelitaken,
dhuwungipun supados mboten mlorot. Perangan ngandhap, inggih punika ingkang ka-angge
wadhah wilahanipun dhuwung, dipun wastani “Gandar”. Wiyar, kandel punapa dene
panjangipun dipun cundhukaken (disesuaikan) kaliyan wiyari, kandel, panjangipun wilahan.
Godhongan kaliyan Gandar wonten warni kalih:
a) Gandar kaliyan godhonganipun kadamel saking kajeng setunggal wetah, sarta dipun garap
alus. saestu arupi kagunan (karya seni) ingkang rawit (rumit, njlimet) rekaos pendamelipun.
Sak punika sampun awis wontenipun.
b) Godhongan dipun garap alus, dene gandaripun mboten, jalaran mangkenipun badhe
dipun slongsongi kaliyan pendhok. Panggarapanipun godhongan kalawau sareng sampun
kawangun sae, awujud ladrang menapa dene gayaman, lajeng kagebeg alus, dipun plitur.
Kajawi punika ugi wonten godhongan ingkang dipun”sungging” tegesipun dipun gambar
(bathik). 
No Godhongan Kaprada Agemanipun
01 Gebegan lajeng kasungging Nata, Ratu
02 Dasar Pradan Kasungging Pangeran Putra, Pangeran Wayah
03 Dasar Pethak Kasungging Bupati Sepuh, Anem
04 Dasar Ijem Kasungging Panewu, Mantri
05 Dasar Biru Kasungging Lurah Sakpangandhap
06 Loreng Abdidalem Canthang Balung

4) Pendhok
Pendhok makaten arupi rangkepan ingkang dipunangge nylongsongi gandaring warangka.
Kadamel saking campuran kuningan saha tembaga, rinengga ukiran lajeng kasepuh emas
utawi kuningan, malah wonten ingkang rinengga barliyan (sesotya). Kajawipunika ugi
wonten pendhok ingkang polos mboten kaukir, lajeng dipun cet abrit, ijem, coklat saha
cemeng. Pendhok ingkang makaten punika namanipun “Kemalo”.
Pendhok kemalo abrit punika agemanipun para putra sentana sarta bupati anem minggah.
Dene pendhok kemalo ijem sarta coklat agemanipun para prajurit sarta canthang balung.
5) Wilahan
Wilahan punika perangan ingkang baku tumrap dhuwung, kadamel saking campuraning
tosan, waja, pamor utawi nikel.
Ing nginggil sampun ka-aturaken bilih jinisipun wilahan wonten kalih, inggih punika ingkang
jejeg (leres) kaliyan ingkang menggak-menggok (luk). Dene cacahing luk warni-warni, wiwit
luk 1 ngantos luk ingkang langkung saking sewelas.
a) Peranganipun Wilahan
Peranganipun wilahan ingkang bakuwonten tiga inggih punika:
(1) Pesi
Inggih punika peranganing wilahan ingkang lancip kados paku, manunggal kaliyan
wilahanipun. Pesi punika ingkang mangke manjing ing ukiran (garan).
(2) Ganja
Inggih punika bakalanipun campuran wesi, waja, sarta nikel, kapotong saking wilahan
perangan nginggil, kawangun kados cecak, tipis panjang, ing tengah dipun bolong. Ganja
punika mboten manunggalkaliyan wilahanipun. Ginanipun kangge ganjel antawisipun
wilahan kaliyan ukiranipun. Bolongan ing tengahing ganja kalawau dipun angge mlebetipun
pesi.
(3) Wilahan
Inggih punika perangan ingkang baku ing dhuwung. Bongkotipun langkung wiyar sarta
langkung kandel. Panjangipun antawis 35 cm dumugi 40 cm. samsaya pucuk samsaya merit
lancip, kiwa tengenipun landhep.
b) Dhapur Utawi Wangunipun Wilahan
Kajawi pesi, ganja ugi kaukir, jumbuh kaliyan wilahipun, pesi ganja kalihan wilahipun
kalawau manawi sampun manunggal mujudaken blegeripun dhuwung/wilahan. Inggih
ingkang dipun wastani “dhapur” ing wilahan.
Dene ingkang dipun wastani ricikan ing wilahan inggih punika, sedaya rerenggan awujud
ukiraning wilahan lan ganja, punapa dene sekaraning pamor, ingkang sadaya kalawau
manunggal, lajeng mujudaken dhuwung ingkang hanggadhahi tenger sarta kapeibadenipun
dhuwung. Limrahipun ricikan wonten 23 warni, antawisipun sogokan, pejetan, greneng,
kembang kacang, tlale gajah, ri pandhan, jenggot sarta sanesipun. Dene dapur wangunipun
wilahan antawisipun:
(1) Jalak Buda
(2) Jalak Nusup Madu
(3) Pasopati
(4) Naga Raja
(5) Damar Murub
c) Ingkang Damel Wilahan
Ingkang damel wilahaning dhuwung pubika namanipun empu, kabyantu sawetawis rencang,
antawipun ingkang mandhe,tukang ngububi (nepasi) pawon, sarta ingkang nyepengi
bakalaning wilahan. Rencang utawi kanca-kanca kalawau namanipun “Panjak”.
Pedamelanipn kedah setunggal-setunggal, mboten saget sesarengan.
Empu makaten hanggadhahi prabawa, lampah batos, gentur tapa sarta mandegani para
“panjak” ingkang ing mangke saget hambabar watakipun dhuwung.
Nama para empu ingkang misuwur ing antawisipun:
(1) Empu gandring, jaman Sang Prabu Maha Dewa Buda
(2) Empu Ramajadi, Jaman Purwa Carita
(3) Empu Keleng, ingkang iyasa Kyai Kopek dhawuhing nata pajajaran.
(4) Empu Jigjo, Empu Supomandrangi ing jaman Majapahit,
(5) Empu Supa, Empu Sedayu, ing Jaman Demak Bintara,
(6) Empu Ki anom Suwita, ingkang iyasa Kyai Tepas, Kyai tudung, Iyasan Sinuhun Sultan
Agung Hanyakra kusuma,
(7) Empu Ki Guling, ingkang damel KyaiSingokresna,
(8) Empu Kyai Lujuguna saha Brajaguna ing jaman Kartasura,
(9) Empu Singawijaya, Ki anom, Ki Jaka Sukatgo, dumunung ing Jaman Surakarta.

E. Paugeraning Ngagem Dhuwung


Dhuwung dipunagem mligi minongka jangkeping ageman utawi busana adat Jawi. Punika
kemawon winates ingkang agemanipun atella punapa dene beskap ingkang wingkingipun
krowok. Dene manawi agemanipun beskap utawi atella landhung mboten perlu ngagem
huwung.
Ing tlatah Surakarta Hadiningrat, manawi mangagem busana adat Jawi, dhuwungipun
dipuagem ing sisih wingking, dipun sengkelitaken (diselipkan) ing sabuk larikan sabuk angka
tiga saking ngandhap. Manjingipun dipun dhoyongaken manengen, kanthiukiranipun
ndhangak, cara makaten dipun wastani “Ngogleng”.
Mapanipun dhuwung saben-saben perlu dipun gatosaken, sampun ngantos kemloroten,
munapadene kinggilen, dados namung sakmadya. Ingkang menika nalika ngagem sabuk
ubedipun dipun udikepara singset. Kajawi cara “Ngogleng” ingkang kalimrah kados ingkang
ka-aturaken ing nginggil, tasih wonten cara mangagem dhuwung sanesipun, ingkang dipun
jumbuhaken kaliyan kaperluwanipun. Sinaosa cara-cara menika mbok manawi sampun
kathah ingkang mboten migatosaken, ananging perlu dipun wuningani kados ka-andaraken
ing salajengipun inggih menika:
1) Dederan
Caranipun mangangge dhuwung sami kaliyan ngogleng, ananging manjingipun warangka ing
sabuk jejeg ing satengahing geger, dene ukiranipun tetep majeng mangiwa.
Punika kala rumiyin katindakaken manawi badhe sowan dhateng sesepuh utawi tiyang
ingkang pangkatipun langkung inggil. Semanten ugi manawi nembe wonten ing papan
ngibadah.\
2) Kewal
Sami patrapipun kaliyang ngogleng, ananging manjinging warangka ing sabuk dhoyongipun
mangiwa, dene ukiranipun tumungkul mangiwa. Kala rumiyin namung katindakaken dening
para abdidalem prajurit. Ing laladan Pamarentah kitha Surakarta asring ka-etrepaken ing
Tatacara saha upacara Pengetan Hari Jadi Kitha Surakarta (Ingkang sejatosipun pengetan
boyong Kedhaton, lan tatanan punika mboten trep ka-angge dening para pamong/pegawai
pamarentahan ingkang mangangge dhuwung mogleng mangiwa ingkang sinebat ngewal
manawi kasuraos punika ateges deksura.
3) Hanganggar Pusaka
Hanganggar pusaka punika ngagemipun dhuwung mboten sami kaliyan ngogleng
punapadene dederan lan kewal ingkang manggenipun wonten wingking kaselipaken ing
sabuk. Hanganggar pusaka punika dhuwungipun, kapernahaken wonten sak kiwaning badan,
dene patrapipun makaten.
4) Sikep
Pangagemipun dhuwung kaselipaken sabuk sisih ngajeng, sak ngandhap jaja manjingipun
dhuwung kapernah kiwanipun timang, dhoyong manengen, dene ukiranipun tumungkul
mangandhap. Cara mangagem makaten limrahipun tumrap para ngulama, ingkang ngagem
ageman jubah utawi gamis. Tuladha sanesipun Pangeran Antawirya (Pangeran Diponegara),
Sentot Alibasah, Kyai Maja. Saha sedaya para wali ing tanah Jawi asring mangagem cara
makaten punika.
5) Brongsong
Dhuwung sak derengipun dipun agem, langkung rumiyin dipun lebetaken wadhah utawi
brongsong. Dados wujudipun mboten ketingal. Mangagemipun brongsong ingkang sampun
isi dhuwung kalawau kaselipaken sabuk sisih ngajeng kados dene patrapipun sikep.
Bentenipun kaliyan sikep jalaran sarehning wonten sak lebeting brongsong mboten katingal.
Patrap punika dipun tindakaken tumrap abdidalem ingkang ka-utus ngasta pusakaning nata.
Abdi dalem punika asring nindakaken lampah watesan ka-utus dhumateng mancanagari.

7. SETAGEN

A. Pangertosanipun Setagen
Setagen punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang
wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar. Setagen bakalanipun
kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi kaken. Wiyaripun
setagen watawis 2 – 4 M. ulesipun warni-warni, wonten ingkang cemeng, ijem, pethak,
naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran mangenipun setagen punika badhe katutup
kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten ketingal saking njawi.
B. Patrapipun Mangangge Setagen
Ing nginggil sampun kaaturaken bilih setagen punika pirantos kangge ngingseti sinjang.
Pramila sakderengipun dipunsingseti, panganggenipun sinjang kedah sampun karaos trep,
nembe lajeng dipun ubedi setagen. Anggenipun ngubedi setagen kawiwitan saking
ngandhap, pas nginggil cethik, ubedipun mangiwa, saben sak ubedan kedah dipun
kencengaken, ubedanipun kaprenahaken samsaya minggah. Pungkasanipun setagen lajeng
dipun peniteni
8. CENDA UTAWI SELOP

Canela dijabarke saka canthelna jroning nala, utawa cekelan sing kuwat sajroning atimu .
Canela padha karo selop utawa sandhal. Canela dienggo neng sikil supoyo ben awake dhewe
nyembah lan batin.

PANUTUP
A. Dudutan
Penganggon jawa jangkep wonten 8 werni inggih menika:
a. Udheng utawi destar
b. Rasukan
c. Sabuk
d. Epek, timang lan lerep
e. Sinjang
f. Dhuwung
g. Setagen
h. SelopMakna lan Filsafat Busana Tradisional Yogyakarta
Tumrap wong Jawa, kebaya ora mung diwadhahi sandhangan. Luwih saka kebaya iki uga
duwe filsafat dhewe. A filsafat sandhangan tradisional Jawa sing ngemot nilai-nilai urip.
Wujud Makna lan Filsafat Busana Tradisional Yogyakarta
Tumrap wong Jawa, kebaya ora mung diwadhahi sandhangan. Luwih saka kebaya iki uga
duwe filsafat dhewe. A filsafat sandhangan tradisional Jawa sing ngemot nilai-nilai urip.
Anane kebaya ing Indonesia ora mung jinis sandhangan. Kebaya duweni arti lan fungsine
luwih akeh tinimbang sing kasebut.

Wujud sing sederhana bisa diarani minangka wujud kesederhanaan masyarakat Indonesia.
Nilai saka filosofis kebaya yaiku ketaatan, subtilitas, lan tumindak wanita sing kudu banget
lembut. Kebaya mesthi padha dipasangake karo driji utawa kain sing dibungkus awak.

'); } ());
Kain kasebut dibungkus awake awak kanthi langsung ndadekake angel kanggo sapa wae sing
nganggo supaya cepet. Pramila wanita-wanita jawa mesthi sinonim karo kapribaden sing
apik.

Macem-macem jinis busana tradisional kanthi peralatan katon ora mung kanggo nuduhake
status mulya, keagungan lan kemewahan. Nanging uga ngemot makna simbolis. Contone
sungsun sungsun (kalung bertebaran) minangka simbol saka telung tingkat gesang manungsa
wiwit lair, omah-omah lan seda sing ana hubungane karo konsep-konsep pangerten saka
akhirat, real estate lan alam bumi.

Binggel kana (gelang) kanthi bentuk bunder tanpa mburi basa tegese simbol kalanggengan,
Bentuk gunung (meru) ing pethat (sisir) nglambangake keagungane Gusti lan ngarep-arep
rasa seneng. Tigan kasebut awujud endhog goreng kanthi jenehan sing dumadi saka telung
warna dadi abang, ijo, lan kuning (biasane dipakai kanggo putri lan panganten putri)
minangka simbol Trimurti, telu dewa urip.

Interaksi lan komunikasi karo wong njaba (utamane Walanda) uga mempengaruhi
pangembangan sandhangan. Contone nggunakake topi, anggar (papan keris), kaos kaki ing
sandhangan caprajuritan. Aksesoris liyane kayata carousel rante, watch pocket, timun
(kretep), rimong ing busana pelayaran, bulu manuk, penggemar, bros, lan liya-liyane ..
Kebaya ing Indonesia ora mung minangka jinis busana. Kebaya duweni arti lan fungsine
luwih akeh tinimbang sing kasebut.

Wujud sing sederhana bisa diarani minangka wujud kesederhanaan masyarakat Indonesia.
Nilai saka filosofis kebaya yaiku ketaatan, subtilitas, lan tumindak wanita sing kudu banget
lembut. Kebaya mesthi padha dipasangake karo driji utawa kain sing dibungkus awak.
'); } ());
Kain kasebut dibungkus awake awak kanthi langsung ndadekake angel kanggo sapa wae sing
nganggo supaya cepet. Pramila wanita-wanita jawa mesthi sinonim karo kapribaden sing
apik.

Macem-macem jinis busana tradisional nganggo peralatan katon ora mung nuduhake status
mulya, keagungan lan kemewahan. Nanging uga ngemot makna simbolis. Contone sungsun
sungsun (kalung bertebaran) minangka simbol saka telung tingkat gesang manungsa wiwit
lair, omah-omah lan seda sing ana hubungane karo konsep-konsep pangerten saka akhirat,
real estate lan alam bumi.

Binggel kana (gelang) kanthi bentuk bunder tanpa mburi basa tegese simbol kalanggengan,
Bentuk gunung (meru) ing pethat (sisir) nglambangake keagungane Gusti lan ngarep-arep
rasa seneng. Tigan kasebut awujud endhog goreng kanthi jenehan sing dumadi saka telung
warna dadi abang, ijo, lan kuning (biasane dipakai kanggo putri lan panganten putri)
minangka simbol Trimurti, telu dewa urip.

Interaksi lan komunikasi karo wong njaba (utamane Walanda) uga mempengaruhi
pangembangan sandhangan. Contone nggunakake topi, anggar (papan keris), kaos kaki ing
sandhangan caprajuritan. Aksesoris liyane kayata carousel rante, watch pocket, timun
(kretep), rimong ing busana pelayaran, bulu manuk, penggemar, bros, lan liya-liyane.

You might also like