You are on page 1of 1

PURWAKA

1.LELANDESANE PANILITEN

Subali kuwi salah sawijining kang ana ing pewayangan yaiku Bangsa Anoman golongan
Wanara .Subali kuwi duwe rama kang asma Resi Gotama ,biyunge kang asma Dewi Indradi,lan
duweni sadulur yaiku Dewi Anjani lan Sugriwa.Subali kui asale saka Kerajaan Kiskenda.

Gunane wayang Subali iki yaiku supaya pamaca bisa ngerteni kepriye watak Subali.
Sakliyane kuwi supaya pamaca bisa weruh apa wae unsur intrinsik ing crita Subali iki lan
supaya pamaca weruh apa wae pesen moral ing crita ing Subali iki.

Kaluwihane Wayang Subali yaiku Subali kuwi entuk kanugrahan Pancasunya (Pancasona)
kang dayane sanajan sadina mati kaping pitu janji isih kambah ing pratala ,utawa kasiliring
samirana lan kasiram banyu,bisa bali urip maneh.Mula Subali kuwi iya digdaya banget.

2. UNDERANE PANILITEN

1.Sapa wae tokoh kang ana ing crita wayang Subali?

2.Kepriye unsur intrinsik kang kinandhut ing sajrining crita wayang Subali?

3.Pesen moral apa kang kinanadhut ing sajroning crita wayang Subali?

4.Kepriye dudutan kang bisa dikaitne marang jaman saiki?

3.TUJUWAN PANILITEN

Tujuwan paniliten iki yaiku supaya pamaca bisa weruh sapa wae tokoh kang ana ing crita
wayang Subali,unsure intrinsic,pesen moral,lan dudutan kang bisa dikaitne marang jaman saiki
ing sajroning crita wayang Subali.

You might also like