You are on page 1of 4

PRANATACARA / PRANATA ACARA

 Pengertian Pranatacara / Pranata Acara


Salah satunggaling pedaleman ingkang nggadahi jejibahan nglantaraken
reroncening adicara ing salebeting acara saking purwa dumugi wasana.

 Perangan Pranatacara
 Pembuka :
1. Salam : Uluk salam dhateng ingkang rawuh
Tuladha : Assalamu’alaikun
Sugeng enjing
Sugeng siyang
Sugeng rawuh

2. Atur Pamuji : Ngonjukaken puji syukur dhateng Gusti


Tuladha : Sumangga kula panjenengan ngonjukaken puji syukur
dhateng Gusti Allah S.W.T ingkang sampun paring kanikmatan
satemah lan panjenengan saged kempal manunggal ing papan  Menika
kanthi kalis nir sambekala

3. Atur Pakurmatan : Minangka tandha pakurmatan dhateng ingkang


rawuh
Tuladha : Kepala SMK Negeri 1 Ampelgading ingkang
minulya Bapak, Ibu Dwija ingkang kinurmatan Kanca-kanca ingkang
bagyamulya.

 Isi : Reroncening adicara/susunan acara


 Penutup :
o Atur panuwun : Minangka atur panuwun kagem tiyang ingkang
sampun rawuh
Tuladha : Matur nuwun arwit kawruhipun panjenengan ing titi
wanci menika
o Atur pangapunten : Atur pangapunten menawi wonten kalepatan
Tuladha : Saderengipun kula mungkasi adicara menika,
kula  minangka pranatacara ngaturaken atur pangapunten hambak bilih
anggen kula nglantaraken acara ing wanci menika wonten kalepatam atur
amargi kirangipun seserapan

o Salam penutup

 4W
I. Wiraga : Inggih menika ngengingi babagan solah bawah/ trapsila nalika
ngandharaken pranatacara
II. Wirama : Inggih menika ngengingi babagan irama/ intonasi ingkang
dipunginakaken nalika dados pranatacara.
III. Wirasa : Inggih menika ngengingi babagan penghayatan kaliyan
adicara.
IV. Wicara : Inggih menika ngengingi babagan pocapan ingkang cetha (t,
th, d, dh) lan saged mbedakaken tetembungan ingkang memper.

 Jejibahan Pranatacara
 Maosaken urut-urutaning acara.
 Ngatur saha nglantaraaken adicara supados saged gangsar
 Maosaken saha nyamektaaken paraga ingkang kajibah nindakaken tanggap
wacana.

 Metode-metode Ngandharaken Pranatacara


 Maos teks
Nalika nindakaken jejibahan pranatacara kanthi maos teks.
 Apalan
Nalika ngandharaken jejibahan pranatacara menika kanthi ngapalaken teks
ingkang dipunwaos.
 Ekstemporan
Nalika nindakaken jejibahan pranatacara ngasta cathetan alit.
 Impromtu
Pranatacara nindakaken jejibahan kanthi dadakan.
Contoh teks pranatacara

Assalamu'alaikum Wr.Wb

Bapak Kepala Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu Guru saha
Karyawan / Karyawati ingkang kula urmati. Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani. 

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng  Gusti Allah,
ingkang sampung kepareng paring kanugrahan lan kasarasann sehingga kula lan panjenengan
sedaya saget makempal wonten ing wanci menika. Ingkang titiwanci menika kula dados
pranatacara badhe ngaturaken susunan aducara,  inggih menika : 

1. Atur pambuka
2. Atur pangandikan saking ketua panita.
3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI
4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII
5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK Ma'arif  1 Wates
6. Panutup
Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan
sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matursuwun.

Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng
ketua panitia kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan saking kelas X lan
kelas XII, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara  ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas
XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala
Sekolah SMK Ma'arif 1 Wates. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas adicara
ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin. Matur
suwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging


samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen
kula matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula.
Pungkasaning atur

Wasssalamualaikum  Wr. Wb

You might also like