You are on page 1of 4

Jinis geguritan

Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes, lan endah. Geguritan asale saka tembung
“gurit”, kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Basa sajrone geguritan migunakake basa
rinengga sarta duweni sipat konotatif, simbolis,lan lambing jalaran nggambarake imajinasi penyerate.
Geguritan kaperang dadi loro, yaiku geguritan modhem lan geguritan tradisional.

1. GEGURITAN MODHERN

Geguritan modhem yaiku susastra jawa kang ora kalket dening paugeran kaya dene geguritan
tradisional. Wondene geguritan modern utawa geguritan gagrag anyar mujudake ekspresi jiwa
panyerate sajrone nanggepi prastawa kang dialami, diweruhi, kahanan sakiwa tengene, panguneg-uneg,
gegayuhan, wawasan, lan liya-liyane. Geguritan samsaya ngrembaka ,para panyerat geguritan gangrag
anyar linuwih akeh. Paraga kang pikantuk sebutan pelopor geguritan modhem yaiku R. intoyo lan
subagyo I.N.karya geguritan kang ditulis R. intoyo asesirah dayaning sastra , dene subagyo I.N. ngarang
geguritan kanthi sesirah gelenging tekad,

2. GEGURITAN TRADISIONAL

Geguritan tradisional yaiku susastra jawa kang awujud tembang .ana tembang macapat, tembang
tengahan, lan tembang gedhe.

a. tembang macapat : pocung, maskumambang, mijil pangkur, asmaradana, durma, kinanthi, gambuh,
megatruh, sinom, lan dhandhanggula.

b. tembang tengahan : girisa, jurudemung, balabak, wirangrong.

c. tembang gedhe : kusumastuti, pamularsih, retnamulya.

UNSUR PADHAPUK GEGURITAN

Geguritan modern kadhapuk saka unsur intrisik lan ekstrinsik. Unsur intrinsic yaiku unsur kang dhapuk
sawijine karya sastra saka jero kang mujudake struktur sawijine karya sastra. Dene unsur ekstrinik yaiku
unsur kang mapan ing sajabane karya sastra nanging sacara ora langsung uga ngaruhi wangunan karya
sastra.

1. UNSUR INTRISIK

Unsur intrisik yaiku kang bisa ditemokake la nana ing geguritan .unsur intrisik geguritan nglimputi
perangan ing ngisor iki.

a. gambaran pangindran

gambaran pangindran bisa digunakake kanggo nemokake isine geguritan dening pamaca.

Gambaran pangindran kaperang dadi papat, yaiku:


1) pangindran pandeleng : samubarang kang ana gegayutane karo mripat.

2) pangindran pangambu : samubarang kang ana gegayutane karo irung.

3) pangindran pangrungu : samubarang kang ana gegayutane karo kuping.

4) pangindran pangrasa : samubarang kang ana gegayutane karo ati.

b. diksi

diksi utawa pamilihan tembung ancase kanggo ngasilake geguritan kang trep lan endah. Tembung-
tembung kang digunakake ana kang ngemu surasa lugu utawa apa anane (denotatif). Tembung kang
duwe tegese entar utawa ora sabenere ( konotatif) . gambaran utawa pralambang. Diksi kang asring
digunakake sajroning geguritan, yaiku:

1) tembung plutan

Tembung plutan yaiku tembung siji kang diringkes cacahing wanda supaya luwih ringkes.

Tuladha - para dadi pra - jero dadi jro

2) wancahan

Wacahan yaiku panyudane aksara ing wiwitan tembung.

Tuladha - amrih dadi mrih - ingkang dadi kang

3) dasanama

Dasanama yaiku tetembung kang nunggal teges. Dasanama kang tinemu ing basa Indonesia diarani
sinonim.

Tuladha - banyu dasanamane: tirta, warih, toya, udaka, tuban, namada

- geni dasanamane: lalu, api, dhahana, pawaka, agni, bahni, brama, grama

4) basa rinengga

Basa rinengga yaiku basa-basi sing digawe luwih bregas, endah kanthi cara diowahi nganggo ukara liya
kang luwih alus. Biyasane basa rinengga migunakake ater-ater, seselan, lan panambang.

Tuladha:

a) ater-ater (ha-)

- ha- + mirsani = hamirsani

b) seselan (- in-, -um-)


- gambar + -in- = ginambar - tandhang + -um- = tumandhang

c) panambang( -ing, -ira)

- gebyar + ing = gebyaring - manah + -ira = manahira

C rima

Rima yaiku unen-unen kanthi dibolan-baleni kang dadekake geguritan katon endah jalaran duweni
wirama.

Tuladha:

Aja banter-banter

Mengko mundhak keblinger

D purwakanthi

Purwakanthi yaiku tetembung kang runtut karo tembung burine, ngenani bab swara, sastra utawa
tembunge. Purwakanthi kaperang dadi telu , yaiku:

1) purwakanthi lumaksita

Purwakanthi lumaksita utawa purwakanthi basa yaiku purwakanthi kang tembunge ing ukara sadurunge
dibaleni meneh ing ukara candhake.

Tulandha – raja putra , putra ratu lesanpura

- suwe ora jamu, jamu godhong kara

2) purwakathi guru swara

Purwakanthi guru swara yaiku unen-unen vocal (a,I,u,e,o) kang dibaleni kanthi urut sajrone baris-baris
geguritan.

Tulandha – rupane kembar kaya jambe sinigar.

- kulite kuning kadi mas sinangling.

3) purwakanthi guru sastra

Purwakanthi guru sastra yaiku unen-unen konsonan kang dibaleni kanthi urut sajrone baris-baris
geguritan,

-Tulandha – mandhep mantep mangan melu mara tuwa

-sepi sepa lir sepah samun


e. amanat

amanat yaiku pesen kang diarandharaka pangripta marang pamaca.

f. tema

tema yaiku inti prekara ing geguritan. Tema geguritan maneka warna gumantung daya pikire
panyerat, kaya dene katresnan, lingkungan, agama, pendhidhikan. Panguripan,lan sapiturute, ing jaman
modern kaya saiki, ana penyerat kang migunakake tema tartamtu kang mujudake kritik sosial.

Geguritan tradisional kang awujud tembang kaiket dening paugeran-paugeran. Paugeran-


paugeran kasebut yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu,

2. UNSUR EKSTRINSIK

Unsur ekstrinsik geguritan yaiku awujud kahanan subjektivitas babagan pangrasane panyerat
lan sebab musababe panyerat nganggit sawijining geguritan, unsur ekstrinsik yaiku unsur pandhapuk
geguritan saka jaba. Unsur ekstrinsik nglimput perangan:

a. unsur biografi

unsur biografi yaiku pawadane panyerat. Pawadane duweni pangaruh sajrone gawe geguritan,
tulandhane nalika nulis geguritan pawadane penyerat saka kulawarga mlarat, dadi yen dheweke nulis
geguritan bakal ngresepi lan bisa agawe treyuh pamaca.bab kasebut jalaran kagawene pawadane
panyerat saengga bisa menehi kesan geguritan.

b. unsur sosial

unsur sosial gegayutan raket karo kahanan masarakat nalika geguritan digawe. Tulandhane
nalika geguritan kuwi digawe ing masa bencana gunung merapi njeblug saengga geguritan kang digawe
surasane ngemot kahanan masarakat sakupengane gunung merapi.

c. unsur piwulang

unsur piwulang nglimput babagan pendhidhikan, seni, ekonomi,politik,sosial budaya, adat


istiadat , hukum, lan sapanunggale . piwulang kang kaandhut duwe daya kawigaten saengga ngaruhi apik
orane geguritan.

You might also like