You are on page 1of 5

Sawise maca, niteni geguritan adhedhasar temane, lan mahami struktur teks

geguritan, ana ing pasinaon 2 bocah-bocah bakal kaadhepake karo pakaryan negesi
tembung-tembung sing angel dingerteni lan njlentrehake isine teks geguritan

Supaya bisa ngerti isine geguritan bocah-bocah kudu nindakake kaya ing ngisor iki:
1. Maca teks geguritan kanthi setiti.
2. Negesi tembung kang angel, yen perlu bisa nggunakake kamus.
3. Negesi tembung kang duwe teges entar, pasemon, utawa pralambang ing
geguritan.

Tuladhane, tembung ’sapu sada’ mujudake pralambang guyub rukun. Sada yen ijen
gampang ditugel lan ora ana gunane, nanging sada yen akeh, ditaleni dadi siji malih
kuwat lan dadi sapu sing ana gunane.
Kegiatan 2.1
Jodhokna tembung ing kolom sisih kiwa karo tegese ing kolom sisih tengen kanthi
nulis aksara ing papan kang sumadya!

Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks
geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki
diarani parafrase. Parafrase katindakake kanthi ngowahi susunan pada (bait)
dadi paragraf, nanging tanpa ngowahi isine.
Mula, nalika nggawe parafrase, para siswa bisa nambah tembung ing geguritan
supaya dadi ukara sing sampurna lan gampang dingerteni.

Carane nulis geguritan


Para siswa bisa nyritakake pengalaman iku mau kanthi wujud geguritan. Carane nulis
geguritan yaiku :
1. Kapisan: nemtokake tema
Tuladha: dolan bebarengan

2. Kapindho: nemtokake gagasan pokok.


Saben sapada mung momot siji gagasan utama!

3. Katelu: ngembangake gagasan pokok dadi bait-bait.


Kegiatan 2.2
Nulis geguritan gawe cara kaya ing dhuwur!

1. Kapisan: Temtokna temane!

2. Kapindho: Temtokna gagasan pokoke!

Pada 1:………………………………………………………………………………………………………………………………………..

Pada 2: …………………………………………………………………………………………………………………………………

3. Katelu: Kembangna gagasan pokoke dadi bait-bait!


Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku kanthi solah bawa lan
patrape dhewe-dhewe. Ora niru solah bawa lan patrape wong liya,
awit yen maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa katon kaku lan ora
wajar.

Bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan ing panggung utawa ngarepe wong
akeh, yaiku:
1. Olah swara (olah vocal)
banter-lirihing swara, endhek-dhuwuring swara, menga-mingkeme lambe),
tata pangaturing napas, lan pamedhoting ukara kudu trep.

2. Pratap
Nalika maca geguritan, solah bawa lan polatan (ekspresi) kudu di slarasake
karo jiwane geguritan. Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca
kudu katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu ngrasakake kasedhihane.
Semono uga yen isine bab semangat polatane sing maca kudu katon teges,
mandhes, makantar-kantar, lan merbawani.

3. Nyawiji
Antarane sing maca lan sing ngrungokake kudu nyawiji. Tegese, wiwit saka
pamilihe geguritan, tata krama, nganti tata busanane sing maca kudu
nggatekake kasenengan utawa kabutuhane sing ngrungokake.

4. Sarana
Sarana yaiku apa wae kang ndhukung supaya anggone maca geguritan tambah
”nges”. Sarana bisa awujud microphone, panggung, gendhing, podhium lan
sapanunggale.

You might also like