Professional Documents
Culture Documents
Modul Bahasa Jawa Kelas 4
Modul Bahasa Jawa Kelas 4
Minangka anggota masyarakat, kita kudu guyub rukun. Guyub yaiku greget (semangat) tumindak
bebarengan. Guyub rukun kudu dikulinakakelan wajib ditindakake. Karo anggota kulawarga kudu
guyub rukun, supaya kabeh anggota kulawarga bisa krasan lan ayem ing omah. Marang tangga aja
seneng tukar padu, kudu tulung-tinulung, lan tepa slira. Guyub rukun ing sekolah bisa katindakake kanthi
cara ngajeni lan mituhu marang guru, sinau bebarengan karo kanca tanpa mbedak-mbedakake sugih
utawa mlarat, gotong royong ngresiki lingkungan sekolah, lan liya-liyane.
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese: rukun ndadekake kuwat, cecongkrahan
ndadekake bubrah.
Kegiatan 1.1
Sawise maca katrangan lan nggatekake gambar ingdhuwur, mesthine banjur tuwuh pitakonan:
Supaya luwih cetha, wacanen teks geguritan iki lan tindakna ayahan sabanjure!
Teks 1:
Goooong!
(Dening: Auliya Azizah)
Dak deleng gong gumantung ing gayor
ana sing cilik ana sing gedhe
endah disawang kepenak dirungu
Kabeh nunggu giliran ditabuh
ora ana sing meri drengki
Tim Futsal
Mainmu apik
tendhanganmu hebat
untung aku mau mbok operi
bombing atiku nduwe kanca kowe
Teks 3:
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
resik lan sehat
cancut tali wanda
nandur kabecikan
Geguritan iku mujudake puisi basa Jawa gagrag anyar sing bebas, nanging umume strukture (wangunan)
geguritan mujud kegabungan saka limang perangan, yaiku:
Pilihan tembung uga diarani dhiksi. Tembung-tembung sing digunakake ana sing duwe teges lugu
utawa apa anane (denotatif) lan ana sing duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif) . Pamilihe
tembung sing pantes lan mentes, ndadekake geguritan dadi endah lan aji.
Larik ing geguritan bisa mung wujud satembung, bisa wujud kumpulan tembung, utawa bisa uga wujud
ukara.
Pada mujudake kumpulan larik kang tumata kanthi laras (harmonis). Saben sapada dumadi saka siji
gagasan utama sing beda karo pada liyane.
Uni kawangun saka purwakanthi lan wirama. Purwakanthi yaiku runtute swara, sastra,
utawatembungkangana ngarep karo swara, sastra, utawa tembung kang ana mburi. Wirama yaiku
endhek-dhuwur, cendhak-dawa, utawa alus-kasare swara sing diucapake. Anane purwakanthi
lan wiramandadekake geguritan penak diwaca lan dirungokake.
Surasa mujudake tujuane pengarang utawa panggurit nalika nulis geguritan. Surasa bisa wujud isi lan
pesen (amanat) saka geguritan.
Kanggo nyinaonistruktur teks geguritan, gatekna tabel struktur teks geguritan 1 kanthi irah-irahan
”Goooong!” ing ngisor iki!
Kegiatan 1.3
Supaya kawruhe bocah-bocah ing babagan teks geguritan bisa tambah, jangkepana tabel struktur teks
geguritan 2 kanthi irah-irahan ”Sapu Sada” ing ngisor iki kaya tuladha ing dhuwur!
Kegiatan 1.4
Jawaben pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Guyub yaiku______________________
2. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese___________________
3. Sebutna contoh guyub rukun ing sekolah__________________________
4. Geguritan yaiku________________________
5. Nalika penulis utawa penggurit ngarang teks geguritan, penulis miwiti kanthi netepake apa?
6. Tema yaiku_______________________
7. geguritan mujud kegabungan saka limang perangan, yaiku_________________________
8. pilihan tembung uga diarani_________________
9. tembung ing geguritan ana sing duweni teges__________________ lan______________
10. purwakanthi yaiku_______________________
Sawise maca, niteni geguritan adhedhasar temane, lan mahami struktur teks geguritan, ana ing
pasinaon 2 bocah-bocah bakal kaadhepake karo pakaryan sing asipat praktek bebarengan,
yaiku negesi tembung-tembung singangel dingerteni lan njlentrehake isine teks geguritan.