You are on page 1of 1

Bahasa Jawa

Geguritan

Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes, lan endah. Geguritan asale saka
tembug “gurit”, kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Dene geguritan ing kene,
ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku :
- Cacahing gatrane ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
- Saben – saben sagatrane guru wilangan lan guru lagu padha wae, nuntut purwakanthi
guru swara.
- Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara “Sun anggegurit”
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modheren, amarga ora kaiket ing aturan kaya dene tembang.
Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi utawa angen – angen. Geguritan
miangka karya sipate pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijine beda – beda. Angen –
angen kang ana sajeroning pikiran pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang
dikarepake panganggit. Kanthi mangkono geguritan iku basane katon endah, aji – aji utawa
amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasekake dhisik. Marafrasakake gegurit iku ateges
nganalisa utawa ngudari ukara – ukara geguritan iku supaya maksude bisa katangkep. Geguritan
iku kawujud saka tema, pamilihane tembung uga nganggo sarana retorika lan majas. Sarana
retorika lan majas paedahe kanggo gawe geguritan iku endah lan enak kawaca :
- Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah.
- Menthes yaiku tembunge duwe makna kang jero.
- Endah, ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
- Tembunge pilihan.
Kanthi geguritan uga bisa sinau urip kang guyub rukun.

Maca Geguritan
Gusti
( Intan Nukhi Adhiya )

Dalem namung tiyang kang lemah


Kang mboten saged mlampah piyambak
Gusti ......
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kagoda kasenengan donya
Gusti .......
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang, Gusti!
Dhuh Gusti ....

You might also like