You are on page 1of 1

Katur dhumateng ibu Putri Nur Indah ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun tinanggenah

dados sulihipun Bp. Sudono sekalian. Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih sariranipun Bp.
Suratna sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur wonten ing ngarsa penjenengan

Ingkang sepisan , ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu Suratna , katur dhumateng


panjenenganipun Bp/Ibu Sudono dalasan bebrayan agung ing Desa Pengasih ngriki, saha
sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “assalamu'alaikum wr.wb.”

Kaping kalihipun , Bp/Ibu Suratna sakulawarga ngaturaken ndherek suka bingah, dene
panjenenganipun Bp Sudono sampun saged ngleksanani darmaning asepuh, hanenggih
malakrameaken ingkang putra kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen
dening para pinisepuh.

Panjenenganipun Bp/Ibu Sudono dalasan kulawarga ingkang minulyeng budi, Bp/Ibu Suratna
lumantar kula ngaturaken agunging panuwun, awit putra temanten nun inggih Putra Bagus Suratna
sampun kaijabaken kaliyan Putri Ayu Sudono lan sampun sah anut satataning agami lan negari,
menapadene kadhaupaken anut satataning adat ingkang lumampah ing ngriki, kepara kanthi
sineksenan lan pinaringan berkah pangestu para pinisepuh lan sesepuh, pramila saking menika,
putra temanten kakung, nuwun inggih Putra Bagus Suratna ., kula pasrahaken dhumateng Bp/Ibu
Sudono dalasan kulawarga, kinanthenan pangajab, mugi lare menika karengkuha kadidene putra
pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga sageda netepi jejering priya ingkang tanggel
jawab dhumateng garwa lan bale wisma, saha bekti dhateng sesami, lan tansah atul manembah
mring Gusti.

You might also like