You are on page 1of 4

Ulangan harian

Hari/tanggal :
Kelas :V
Semester :1
KD : 3.1
Tahun : 2018/2019

A. Wenehono tondo ping (X) ing wangsulan sing koanggep paling bener!

Wacan kanggo soal no 1-5 !


AssalamualaikumWr.Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha
karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Mangga sesarengan kito ngonjuaken Puji syukur konjuk dumateng Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit
ing wekdal menika Rebo, 13 Agustus 1996 kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga kita saged
makempal wonten SD Negeri 3 Karangtengah kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas 6, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami
dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggengipun nggulawentah dhumateng kula
sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing
pawitan menika.
Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk
piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan
ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi
biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu
duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih
panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah
pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani
penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wakil kelas 6

Putri Rahayu

1. Sesorah ing nduwur dileksanakan ana ing….


a. SD Negeri 3 Ampel Gading c. SD Negeri 3 Karangpetah
b. SD Negeri 3 Karangtengah d. SD Negeri 2 Karangtengah

2. Sapa seng sesorah ing duwur…


a. Putri Rahayu
b. Putri Wahyudi c. Putri Saputri
d. Diah Ayu
3. Sesorah ing duwur di laksanaake dino…
a. Senin, 13 Agustus 1996
b. Rabo, 13 Agustus 1996 c. Rabo, 13 Agustus 1986
d. Selasa, 13 Agustus 1996
4. Paraga kang sesorah ngajak para tamu ngaturake syukur marang Gusti Allah merga….
a. Ngonjuaken Puji syukur konjuk dumateng Gusti Allah ingkang Maha Asih
b. Acara perpisahan arep diwiwiti
c. Mangempal ono ing SD Negeri 3 Karangtengah
d. Gusti Allah tansah paring rahmat

5. Sesorah ing nduwur ana pirang bait….


a. 6
b. 4 c. 5
d. 7
B. Wangsulono pitakon ing ngisor iki nganggo jawaban kang trep!

1. Tembung ing ngisor iki gawenen ukoro ngaggo basa krama!


a. Janaka
b. Astina
2. Struktur sesorah iku ono 7, sebutno 3 wae!
3. Weling ku gelema Mas Mas lan Mbak Mbak sinau seng sregep amargo neng SMP palajarane
soyo angel.
Ukara ing nduwur gantinen nganggo basa krama!
4. Mekaten ingkang saget kula aturaken, mbok bilih anggen kula matur wonten klenta klentu utawi
kathah lepat kula, kula nyuwun pangpunten.
Ukara ing duwur kalebu…… sesorah
5. Sarat utomo amrih temanjane sesorah yoiku, basa kang dimengerti (komunikatif) marang seng
ngrungoke (audience) ,sandang penganggo, solah bawa lan..
Ulangan harian
Hari/tanggal :
Kelas :V
Semester :1
KD : 3.2
Tahun : 2018/2019
A. Wenehono tondo ping (X) ing wangsulan sing koanggep paling bener!

1. Ing pamikirane Prabu Duryudana,Adipati Karna iku sakti lan kawasisane manah ora ana sing
nandingi. Saliyane iku, Adipati Karna duwe warastra sekti pusoka parinagene dewa. Pusoko iku
jenenge Kunto Wijayadanu. Dayane Kunto Wijayadanu, menowo dienggo manah ora bakal mleset.
Sing nganggep Adipati Karna iku sakti yaiku…
a. Gatotkaca
b. Adipati Karna c. Prabu Duryudana
d. Kunto Wijayadanu
2. Basa kramane palagan yaiku…
a. Palangan
b. Paprangan c. Perang
d. Dahar
3. Cacahe prajurit sing gugur ing Bratayuda wis ora biso diwilang.

Tembung ing nduwur seumpomo di ubah nganggo basa karma dadi…


a. Cacahe prajurit ingkang gugur ing Bratayuda sampun mboten saget dietang
b. Cacahipun prajurit sing gugur ing Bratayuda sampun mboten saget dietang
c. Cacahipun prtajurit ingkang gugur ing Bratayuda sampun mboten saget dietang
d. Cacahipun prajurit ingkang gugur ing Bratayuda wis mboten saget dipun wilang

4. Tandhange Prabu Anom Gatotkaca pinangka Senapati Agung Pandawa nyata ngedap-edapi. Kanthi
kasektene ,saben tangane kumlawe mesti puluhan prajurit Astina padha gumlethak nemahi tiwas.
Kegawa rasa jengkel lan nglokro mergo gegamane ora ana kang tedas natoni Gatotkaca, sang
Senapati Astina ngunus gaman piandele.
Kanthi kasektene Gatotkaca saben tangane kemlawe mesti….
a. Ora ana kang tedas natoni Gatotkaca
b. Kanthi kasektene kang ngidap-idapi
c. Prabu Anom Gatotkaca pinangka Senapati
d. prajurit Astina gumlethak nemahi tiwas

5. Jenenge pusokone Adipati Karna jenenge….


a. Kunta Wijayadanu
b. Keris c. Pusaka
d. Kunto wijaya

B. Wangsulono pitakon ing ngisor iki nganggo jawaban kang trep!


KD 3.1

Jawaban :

1. B
2. A
3. B
4. D
5. C

1. A. Janaka : Tiyangipun gagah tuwin prakasa inggih puniko Janaka


B.Astina : Prajurit Astina sedanten pejah.
2. - Salam pambuka
- Salam pakurmatan marang tamu kang rawuh
- Pambukaning sesorah , muji sokur marang Gusti Allah
- Isine sesorah
- Panutupe sesesorah
- Salam panutup
- Paraga kang sesorah dikantheni panggonan lan titimangsa
3. Welingipun kula, kersaha Mas Mas tuwin Mbk Mbak sinau ingkang sregep amargi wonten SMP
pelajaranipun langkung angel.
4. Panutupe
5. subosito

KD 3.2

Jawab :

1. C
2. B
3. C
4. D
5. A

You might also like