You are on page 1of 3

YAYASAN PONDOK PESANTREN JABALKAT

MADRASAH IBTIDAIYAH AL-QUR’AN JABALKAT


‫المدرسة االبتداءية االسالمية القرأن جبلكت‬
TERAKREDITASI : C
NSM: 1112350400105 NPSN : 69894648
Ds.Sambijajar Kec.Sumbergempol Kab.Tulungagung 66291 g-mail : mijabalkat@gmail.com

ULANGAN HARIAN TERPROGRAM

Nama : ..................................... Kelas :3

Nomor : ..................................... Mata Pelajaran : BAHASA JAWA

Petunjuk Umum :
1.      Tulisen jenengmu ing pojok tengah sisih nduwur!
2.      Wacanen saben pitakon kanthi patitis!
3.      Garapen dhisik pitakon sing kok anggep gampang!
4.      Titinen maneh garapanmu sadurunge diaturake marang Bapak / Ibu Guru!

1.      Gatekna wacan ing ngisor iki!


Pasar
     Dhek dina Minggu, Ima melu mbakyune, Fitri, menyang pasar. Pasare rada adoh mulakne
anggone lunga numpak becak. Ima seneng banget. Wis suwe dheweke ora lunga menyang pasar.
Luwih-luwih menyang Pasar Kliwon sing diparani dina iki.
Pitakon ing ngisor iki kang trep karo wacan ing ndhuwur yaiku …
a.       Apa wae sing dituku Ima ing pasar?
b.      Kena apa ing pasar iku kudu ngati-ati?
c.       Apa wae sing ana ing pasar?
d.      Dhek kapan anggone Ima lunga pasar?
2. Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Reni : “Mas, ditimbali Bapak.”
Soni : “Apa, Dhik? Ditimbali Bapak? Wong Bapak lagi …. Jakarta kok.”
Reni : “Tenan kok Mas, Bapak wis kondur.”
Tembung kang trep kanggo njangkapi pacelathon ing ndhuwur yaiku ….
a.       Lunga                                                             c. Kondur
b.      Tindak                                                            d. Kesah
3. Gatekna paragraf ing ngisor iki!
Budi golek pacul lan cethok. Sawise entuk pacul lan cethok, Budi gawe luwengan ana mburi
omah. Budi banjur nyandhak cangkokan wit blimbing.
Pokok pikiran paragraf ing ndhuwur yaiku ….
a.       Budi golek pacul lan cethok.
b.      Budi gawe luwengan ana mburi omah, Budi banjur nyandhak cangkokan wit blimbing.
c.       Budi golek pacul lan cethok, Budi gawe luwengan ana mburi omah.
d.      Budi gawe  luwengan ana mburi omah kanggo nandur cangkokan wit blimbing.
4.      Wacanen kang patitis!
Saiki mangsa rendheng, wong tani mulai ngolah sawah. Jaman saiki ngolah sawah ora pati
rekasa kaya jaman mbiyen. Dhek jaman mbiyen macul, mluku, lan nggaru ditandangi dewek,
nanging saiki bisa ditandangi kanthi nggunakake mesin, jenenge traktor tangan.
Wacan ing ndhuwur manawa diringkes dadi ….
a.       Jaman saiki ngolah sawah ora pati rekasa, saiki wong tani nggunakake mesin kanggo ngolah
sawah.
b.      Saiki mangsa rendheng, wong tani mulai ngolah sawah.
c.       Dhek jaman mbiyen macul, mluku, lan nggaru ditandangi dewek.
d.      Nanging saiki bisa ditandangi kanthi nggunakake mesin, jenenge traktor tangan.
5. murid – loro – Danur – kelas – SD – Candhi Asri - .
tembung-tembung ing ndhuwur yen diurutaken kanthi trep dadine ….
a.       Danur kelas loro murid SD Candhi Asri.       c. SD Candhi Asri kelas loro Danur.
b.      Danur murid kelas loro SD Candhi Asri.       d. Kelas loro SD Candhi Asri Danur.
Wacanen kanthi patitis!
Yudhistira
            Prabu Yudhistira iku ratu ing Ngamarta. Putrane Pandu Dewanata lan ibune
Kunthinalibrata. Garwane Yudhistira aran Dewi Drupa, peputra Raden Pancawala. Yudhistira
duweni watak jujur, ora tau nesu, lembah manah, lan seneng ngalah. Yudhistira duweni getih
putih lan jiwa suci.
            Yudhistira kuwi pambarepe Pandhawa. Yudhistira duwe kasekten kang linuwih lan
pusaka kang ampuh aran Jamus Kalimasada. Pusaka mau awujud kitab kang bisa nguripake
wong sing wis mati.
            Prabu Yudhistira jenenge akeh. Ana sing nyebut Puntadewa, Gunatali Krama utawa
Prabu Darmakusuma. Sajerone dadi raja, Yudhistira tansah tumindak adil lan ora sewenang-
wenang. Mula, negarane gemah ripah loh jinawi.
                                                                      Sumber: ( Kapetik saka Remen Basa Jawi Kelas III)
6 .  Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku ….
a.       Pandhawa                                                      c. Puntadewa
b.      Yudhistira                                                      d. Gunatali Krama
7.  Prabu Yudhistira iku ratu ing ….
a.       Madukara                                                       c. Ngamarta
b.      Ngalengka                                                      d. Jodhipati
8.  Pusaka Prabu Yudhistira awujud ….
a.       Kitab                                                              c. Keris
b.      Pedang                                                           d. Sorban
9.  Jenenge Prabu Yudhistira iku akeh, ana sing nyebut ….
a.       Werkudara                                                     c. Puntadewa
b.      Nakula                                                            d. Sadewa
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Janaka
     Raden Janaka satriya Madukara, panengah Pandhawa. Dasar satriya kang seneng olah tapa
brata, ora mokal yen sekti mandraguna. Satriya Madukara jujur, sabar, tandang grayange alus.
Nengenake watake satriya tama wedi wiring wani mati.
10. Watake Janaka yaiku ….
a.       Panengah Pandhawa                                      c. Seneng olah tapa brata
b.      Jujur, sabar, tandang grayange alus               d. Ora mokal yen sekti mandraguna

You might also like