You are on page 1of 3

Serat Wedhatama pupuh Kinanthi

1. Pangertene lan watak tembang Kinanthi


Kinanthi iku salah sine tembang macapat kang umume dienggo nggambarake rasa seneng,
katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bias nduwe arti gegandhengan tangan lan bias uga jeneng
sawijining kembang. Ana uga kang nggandhengake kinanthi klawan maskumambang. Yen
maskumambang kanggo wong lanang kang lagi dewasa, kinanthi kanggo wanita.
Kinanthi iku saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bias mlaku
ngambah panguripan ing alam ndonya.

2. Paugeran tembang Kinanthi


1. Pada : 17
2. Guru Gatra : 6
3. Guru Lagu : u, i, a, i, a, i
4. Guru Wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8

3. Serat Wedhatama pupuh Kinanthi


Serat Wedhatama kuwi sawijining sastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa. Serat
Wedhatama kalebu salah sawijining serata Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA)
Mangkunegara IV kang lair kanthi asma Raden Mas Sudira. Serat Wedhatama ngandhut piwulang luhur
kanggo mbangun tumindak utama.
Sacara semantik, serat Wedhatama dumadi saka telung wanda, yakuwi: serat, wedha lan
tama. Serat tegese tulisan utawa karya kang arupa tulisan, wedha tegese kawruh utawa ajaran, lan
tama asal saka tembung utama kang tegese apik, dhuwur utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama duwe
pangerten sawijining karya kang isi kawruh kanggo didadekake ajaran jroning kautaman lan kaluhuran
urip lan kauripan umat manungsa.
Serat Wedhatama wujude tembang. Serat Wedhatama ngemot tembang macapat yaiku
pupuh Pangkur, pupuh Sinom, pupuh Pocung, pupuh Gambuh, lan pupuh Kinanthi.

 Pupuh Pangkur (14 pada, I - XIV))


 Pupuh Sinom (18 pada, XV - XXXII)
 Pupuh Pocung (15 pada, XXXIII - XLVII)
 Pupuh Gambuh (35 pada XLVIII - LXXXII)
 Pupuh Kinanthi (18 pada, LXXXIII - C)

Pupuh Kinanthi Pada 1


 83.Mangka kanthining tumuwuh,
      Salami mung awas eling,
      Eling lukitaning alam,
      Dadi wiryaning dumadi,
      Supadi nir ing sangsaya,
      Yeku pangreksaning urip.
Pupuh Kinanthi Pada 2
84. Marma den taberi kulup, 
      Angulah lantiping ati,
      Rina wengi den aneda,
      Pandak-panduking pambudi,
      Bengkas kahadaning driya,
      Supaya dadya utami.
Pupuh Kinanthi Pada 3
85. Pangasahe sepi samun,
      Aywa esah ing salami,
      Samangsa wis kawistara,
      Landhepe mingis mingis,
      Pasah wukir reksamuka,
      Kekes srabedaning budi.
Pupuh Kinanthi Pada 4
86. Dene awas tegesipu,
      Weruh warananing urip,
      Miwah wisesaning tunggal,
      Kang atunggil rina wengi,
      Kang mukitan ing sarkara,
      Gumelar ngalam sakalir.
Pupuh Kinanthi Pada 5
87. Ayawa sembrana ing kalbu,
      Wawasen wuwus sireki,
      Ing kono yekti karasa,
      Dudu ucape pribadi,
      Marma den sembadeng sedya,
      Wewesen praptaning uwis.
Pupuh Kinanthi Pada 6
88. Sirnakna semanging kalbu,
      Den waspada ing pangeksi,
      Yeku dalaning dalaning kasidan,
      Sinuda saka sathithik,
      Pamotahing nafsu hawa,
      Linantih mamrih titih.
Pupuh Kinanthi Pada 7
89. Aywa  mematuh nalutuh,
      Tanpa tuwas tanpa kasil,
       Kasalibuk ing srabeda,
       Marma dipun ngati ati,
       Urip keh rencananira,
       Sambekala den kaliling.
Pupuh Kinanthi Pada 8
90.Upamane wong lumaku,
      Marga gawat den liwati,
      Lamun kurang ing pangarah,
      Sayekti karendhet ing ri,
      Apese kasandhung padhas,
      Babak bundhas anemahi.
Pupuh Kinanthi Pada 9
91.  Lumrah bae yen kadyaku,
      Atetamba yen wus becik,
      Duwey kawruh sabodhag,
      Yen tan nartani ing kapti,
      Dadi kawruhe kinarya,
      Ngupaya kasil lan melik.
Pupuh Kinanthi Pada 10
92. Meloke yen arsa muluk,
      Muluk ujare lir wali,
      Wola wali nora nyata,
      Anggepe pandhita luwih,
      Kaluwihane tan ana,
      Kabeh tandha-tandha sepi,
Pupuh Kinanthi Pada 11
93. Kawruhe mung ana wuwus,
      Wuwuse gumaib-gaib,
      Kasliring thithik tan kena,
      Mancereng alise gathik,
      Apa pandita antiga,
      Kang mangkono iku kaki.
Pupuh Kinanthi Pada 12
94. Mangka ta kang aran laku,
      Lakune ngelmu sejati,
      Tan dahwen pati openan,
      Tan panasten nora jail,
      Tan njurungi ing kahardan,
      Amung eneng mamrih ening.
Pupuh Kinanthi Pada 13
95. Kaunanging budi luhung,
      Bangkit ajer ajur kaki,
      Yen mangkono bakal cikal,
      Thukul wijining utami,
      Nadyan bener kawruhira,
      Yen ana kang nyulayani,
Pupuh Kinanthi Pada 14
96.  Tur kang nyulayani iku,
       Wus wruh yen kawruhe nempil,
       Nanging laire angalah,
       Katingala angemori
       Mung ngenaki tyasing lisan,
       Aywa esak aywa serik.
Pupuh Kinanthi Pada 15
97.  Yeku ilapating wahyu,
       Yen yuwan ing salami,
       Marga wimbuh ing nugraha,
       Saking heb Kang Maha Suci,
       Cinancang pucuking cipta,
       Nora ucul-ucul kaki.
Pupuh Kinanthi Pada 16
98. Mangkono ingkang tinamtu,
      Tanpa nugrahing widhi,
       Mamrih ta kulup den bisa,
       Mbusuki ujaring janmi,
       Pakoleh lair batinnya.
       Lir leluhur nguni uni,
Pupuh Kinanthi Pada 17
99.  Pantes tinulad tinurut
       Laladane mrih utami,
       Utama kembanging mulya,
       Kamulyaning jiwa dhiri,
       Ora ta yen ngeplekana,
       Lir leluhur nguni uni.
Pupuh Kinanthi Pada 18
100. Ananging ta kudu-kudu,
        Sakadarira pribadi,
        Aywa tinggal tutuladhan,
        Lamun tan mangkono kaki,
        Yekti tuna ing tumitah,
         Poma kaestokna kaki.

You might also like