You are on page 1of 4

GEGURITAN

Pangertene geguritan:
Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag anyar sing ora keiket guru gatra, guru lagu, guru
wilangan nanging isih ngugemi anane rasa kaendahan.

Kaendahane geguritan ana ing:


a. Pamilihane tetembungan sing mentes, trep, lan mantesi.
b. Nggunakake wirama utawa lagu.
c. Busanane basa kang maneka werna.

Bab-bab sing kudu digatekakae supaya bisa maca geguritan kanthi becik:
a. Mangerteni isi, lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake.
b. Kudu nggatekake pocapan lan wiramane.
c. Bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep.

Bab-bab sing kudu digatekake sadurunge nemtokake isine gegurian:


a. Negesi tetembungan sing katulis ing geguritan kasebut, yen kangelan negesi
tembung-tembung kawi, bisa digoleki ana ing kamus.
b. Mahami maknane tulisan ing saben-saben gatra/larik/baris.
c. Nganthukake maknane antarane gatra (baris) siji lan gatra (baris) liyane sing wis
tinulis ing ukara.
d. Nggoleki dudutan/kesimpulan saka pokok pikiran sing kinandhut ing sawijine
pada/bait.
e. Nulis ukara sing dadi gagasan baku (ide pokok) ing sawijining pada/bait.

Unsur intrinsik geguritan:


Unsur intrinsik geguritan yaiku sakabehe kang ana ing sajrone geguritan. Unsur
intrinsik geguritan yen didhasarake marang panemune para pakar sastra, ana telung
werna, yaiku:
a. Tema
Tema yaiku underane crita utawa bakune (inti) rembug. Sajrone karya sastra mesthi
nduweni tema, semono uga ing geguritan
b. Rima
Rima yaiku tibane swara ing sajrone larik uga ing pungkasane larik. Rima iku
saemper karo purwakanthi. Purwakanthi kaperang dadi 3, yaiku purwakanthi guru
swara, purwakanthi guru basa (lumaksita) lan purwakanthi guru sastra.
1) Purwakanthi guru swara yaiku unen-unen kang runtut swarane (vokal)
Tuladha:
- bareng wis makmur, lali marang sedulur
- ana awan, ana pangan
- becik ketitik, ala ketera
2) Purwakanthi guru basa (lumaksita) yaiku unen unen kang kadhapuk saka
rong gatra. Pungkasane gatra kapisan dadi wiwitane gatra kapindho
Tuladha:
- nandhang lara, laraning wong lara lapa
- lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
- asung bekti, bektine kawula marang gusti
3) Purwakanthi guru sastra yaiku unen unen kang runtut sastrane (konsonan)
Tuladha:
- tata titi tatas titis
- cecer cicir cewet
- kala kula kelas kalih kula kulak kalung
c. Tembung
Tembung yaiku tetembungan kang kapilih kanggo ngrakit geguritan. Tetembungan
ing geguritan iku mentes lan mantesi, mula kudu bisa milih tetembungan kang trep.
Tembung kang dipilih kuwi teembung sing ngemu teges ora satenane (kiasan).
Pamilihe tembung ing geguritan darani diksi.
Tuladha nggoleki unsur intrinsik geguritan
Panen
(dening: Widodo Basuki)
sawise direwangi pindha adus kringet
anggone ngupakara tanduran iki
wis samestine ing pungkasan mangsa
bakal panen
-wong temen bakal tinemu ndhuk!
Ngono simbah aweh sesorah
Ora mung manungsa buruh panggulawenthah
Nanging tanduran uga tinitah
Butuh tresna
Butuh asih
-kang nandur, wenang ngundhuh ndhuk!
Semono uga atimu kang wis sumadya
Dadi pasren lan uritane guritan
Wis samesthine sliramu dhewe
Kang wenang ani-ani ulenan pari
Sinubya suka sukur marang Allah
Aja wedi marang kang bakal anjarah rayah
Jalaran ing kono ana wewadi
Bakal tumurune berkah

Unsur intrinsik geguritan “Panen”


1. Temane geguritan “Panen” yaiku wong temen bakal nemu, wong kang nandur bakal
ngundhuh.
2. Rima/ purwakanthi ing sajrone geguritan ana ing pungkasane larik, uga sajrone
larik. Ing pungkasane larik umpane: swara ah ing tembung sesorah,
panggulawenthah, tinitah, rayah, lan berkah. Ing sanjerone larik umpamane: wong
temen bakal tinemu (purwakanthi guru swara) , simbah aweh sesorah (purwakanthi
guru swara)
3. Tembung kang digunakake ing sajrone geguritan “Panen” iku tembung kang
lumrah, sing tegese ora nduweni makna kias, ananging nduweni makna kang jero.
Apamaneh pitutur kang dibangun, njalari isine geguritan tansaya jero.

Tugas 1
Kutha sewu siji guwa
(Dening: Asmara Kinendra)
Para warga datan ginodha alaning jalma
Wewengkonmu kapencil saka ramening kutha
Ora saben jalma wani ngambah tlatah ira
Mijil saka perenging ardi
Munggah mudhun nuju pucuking arga
Kiwa tengen bebaya jurang tinantang
Ing suwaliking bantala kang cengkar
Kinandhut tambang maneja warna
Kinandhut mas picis raja brana
Pesisir Teleng Ria lan Watu Karung
Endhahing praupanmu sing isih prawan sunthi
Gawe para andhon wisata bola-bali mirsani
Pacitan, kutha sewu siji guwa aranira
Guwa Tabuhan ngumandhangake endahing cipta pradangga
Guwa Ging tinabuh mijil sawaraning gong endah ngelami
Guwa Kalak, Guwa Luweng Jaran, lan Guwa Putri
Kabeh duwe kaendahan tan ana sing bisa madhani
Kaendahaning alam ciptaning Gusti Kang Murbeng Dumadi.

KAMUS KECIK

●datan = tidak ada, tiada ●tinantang = menantang


●ginodha = tergoda ●bantala = tanah, bumi
●jalma = orang, manusia ●cengkar = tandus
●wewengkon,tlatah = wilayah, daerah ●pesisir = pantai
●kapencil =terpencil ●prawan sunthi = gadis kecil yang suci
●ira, sira = kamu, anda ●andhon wisata = wisatawan
●mijil = lewat, keluar ●pradangga = gamelan
●ardi, arga = gunung ●madhani = menyamai
●bebaya = bahaya
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi lelandhesan isine geguritan ing
ndhuwur!
1. Manut geguritan ing ndhuwur, kutha apa sing diarani kutha sewu siji guwa?
2. Apa sebabe para warga ora ginodha saka alaning tumindake manungsa?
3. Apa sebabe ora saben wong wani ngambah kutha Pacitan?
4. Bebaya apa sing bakal diadhepi nalika lunga menyang Pacitan?
5. Kepriye kahanane lemah garapan ing kutha Pacitan?
6. Ana apa wae ig suwalike lemah cengkar kasebut?
7. Pesisir apa sing endah lan isih prawan?
8. Guwa apa sing watune bisa ditabuh endah kaya swaraning gamelan?
9. Guwa apa sing watune bisa ditabuh endah kaya swaraning gong?
10. Sapa sing nyiptakake guwa kang endah-endah kasebut?

You might also like