You are on page 1of 3

Novel Jawa

1. Pangertene novel
Novel yaiku karya sastra awujud prosa kang populer. Kaya dene karya sastra crita liyane,
novel iku ngemot crita-crita kang rinakit urut miturut pembabakan.
2. Unsur Novel
a. Unsur Intrinsik
1) Tema
Tema iku minangka ide pokok utawa permaslahan utama kang ndhasari lakuning
crita novel.
2) Setting
Setting iku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, setting iku
ngemot wektu, papan/ panggonan, sosial, budaya, kahanan.
3) Punjering crita (sudut pandang)
Sudut pandang diperang dadi 3 yaiku:
a) Wong kapisan (kata ganti orang pertama)
b) Wong katelu (kata ganti orang ketiga)
c) Wong keloro (impersonal)
4) Alur/ Plot
Alur/ plot yaiku rerangkening/ cengkoronganing prastawa/ kedadeyan ing novel.
Alur diperang dadi loro yaiku alur maju (progresif) lan alu mundur (flash back
progresif)
5) Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/ pelaku. Paraga bisa
dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute.
6) Gaya bahasa
Gaya bahasa yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut.
7) Pesen/ weling
b. Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik yaiku unsur-unsur kang ana sanjabane perangan karya sastra ing
sanjabane unsur intrinsik Unsur iki ngemot latar belakang penciptaan, sejarah,
biografi pengarang lan sapiturute.
3. Nilai-nilai kang kamot ing novel
a. Nilai sosial
Nilai sosial iki kang ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong
liya.
b. Nilai etik
Novel kang becik diwaca kanggo sampurnaning urip iku novel kang surasane bisa
nguwongke pamacane.
c. Nilai hedorik
Nilai hedorik iki kang menehi rasa seneng marang pamacane mula bisa katut ing
sajroning crita.
d. Nilai spirit
Nilai spirit iki surasane bisa ngadhepi sikep urip lan kapitayane pamaca.
e. Nilai koleksi
Novel kang bisa diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca kepingin nduweni
novel iku.
f. Nilai kultural
Novel uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masarakat, tundhone pamaca
bisa ngerteni kabudayan ing papan/ daerah liya.
4. Jinis novel hiburan
Jinis novel hiburan kayata:
a. Novel detektif
b. Novel roman
c. Novel misteri
d. Novel gotik
e. Novel kriminal
f. Novel fiksi ilmiah
Irah-irahan novel kang abasa Jawa
a. Priyayi abangan (Sapardi Djoko Damono)
b. Putri Tirtagangga (Any Asmara)
c. Mungsuh Sandi (Basoeki Rachmat)
d. Kelangan Satang (Suparto Brata) lsp

You might also like