You are on page 1of 2

TEKS EKSPOSISI

SEJARAH WAYANG WONG

Wayang uwong utawa wayang wong menika salah satunggalipun jenis pementasan tradisonal
ing Jawa. Wayang wong menika gabungan saking seni drama ingkang ngerembaka ing negeri
Eropa kaliyan seni pengelaran wayang ingkang ngerembaka ing tanah Jawa utawa pulo Jawa.
Utaminipun wayang wong ngerembaka ing kraton kanggo hiburan golongan priyayi utawa
bangsawan. Wong kang mainake wayang wong uga ngagem pakaian ingkang sami kaliyan
hiasan-hiasan ingkang diagem wayang kulit.

Miturut penuturan lan data saking dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang
wong ana utawa lair ing abad XVIII. Diciptaken menika Mangkunegara I ingkang kadosipun
dipunilhami saking seni drama saking negeri kilen utawa Eropa. Wiwitan pementasan
wayang wing dipungelar ing Surakarta lajeng dipungelar ing Yogyakarta. Wekdal ing sasu
April 1868 yaiku Mangkunegara IV ngawontenaken acara khitan putranipun. Ingkang taun
1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari wonteng ing peresmianipun ngawontenaken
pagelaran keseniang wayang wong. Kang ditonton kaliyan warga sekitar.

Pagelaran seni tradisional wayang wong ingkang pementasan eksklusif, namung digelar
kangge bangsawan ing keraton. Nangung, ing taun 1902 wayang wong ngerembaka urip lan
kanggo tontonan warga umum lan komersial kanthi nyade karcis. Wayang wong kang
komersil ngerembaka lan puncakipun nalika wonteng pekempalan “Ngesti Pandowo”
ingkang dipunpandegani dening Sastrosabdo. Abad XVIII ingkang dipunpandegani dening
Mangkunegera I, wekdal punika ingkang dipungelar namung lakon-lakoninpun wayang
purwa. Sasampunipun menika pagelaran seni tradisional wayang wong wiwit boten subur
maneh ing Surakarta. Ananing teng Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong
ngantos taun 1881. Kanthi pembiyantunipun Mangkunegara V, wayang wong ngerembaka
maling nanging taksih winetes ing daerah Yogyakarta lan Surakarta kemawon.
Saking sejarah seni pementasan tradisonal wayang wong sing sampun ana kanthi zaman
mbiyen. Mbiyen namung bangsawan lan keraton kemawon kang saget mirsani pementasan
wayang wong. Nanging zaman saiki, kabeh wong saget mirsani pemetasan wayang wong.
Justru wayang wong kudu dipirsani lan dilestariake kanggo budaya asli Indonesia lan tanah
Jawa. Sebab iku kita sedaya kudune terus mbudayakake budaya adat lan utaminipu wayang
wong sing mbiyen boten subur supaya sakniki saget subur maneh pementasanipun.
Teks Deskripsi
Candhi Barabudhur

Candhi Barabudhur mujudake candhi Buddha kang digawe ing abad IX dening Raja
Semaratungga sing ngasta kraton Mataram Hindhu. Raja Semaratungga saka wangsa
Syailendra. Candhi iki minangka candhi Buddha gedhe dhewe sejagat. Prenahe Candhi
Borobudhur dumunung ana ing sakidul kulone Kutha Muntilan Kabupaten Magelang Jawa
Tengah.

Candhi Barabudhur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pasagi lan telu wujud
bundher, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah
2.672 lan reca Buda cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Buda lungguh cacah 72
sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong.

Tekan saiki, Candhi Barabudhur isih dadi papan tirakat. Wong-wong Buddha padha
ngrayakake Wesak ing candhi iki saben tahun. Candi Barabudhur uga wis kondhang kaloka
dadi papan wisata kang gawe gumun turis Indonesia lan mancanegara.

You might also like