You are on page 1of 2

KUMBAKARNA

Arya Kumbakarna iku putrane Begawan Wisrawa lan Dewi Sukesi ingkang angka loro. Sedulure ana
telu, yaiku Dasamuka (Rawana), Sarpakenaka, lan Arya Wibisana. Kumbakarna Kasatriyan ing
Pangleburgangsa. Garwane widodari, asmane Dewi Kiswani. Kumbakarna lan Dewi Kiswani duweni
putra loro, yaiku Kumba-Kumba lan Aswani Kumba. Wujude Kumbakarna iku buta gedhe nganggo
makutha. Gedhe dhuwur ora ana kang madhani lan katon nggegirisi. Wujuding kupinge kaya kumba
(kwali utawa kendhi), mulane sinung aran Kimbakarna.

Dene kang dadi patuladhan yaiku rikala negarane diamuk dening Anoman sawadya balane, jalaran
Dasamuka ndhusta Dewi Sinta, Kumbakarna gelem sabiyantu marang Gusti ratune, perange
kumbakarna ora niat ambelani Dasamuka ananging niat ingsun maju perang mbela tanah kelairane
yaiku bumi pertiwi kang nangis jalaran kanggo ajange pabaratan.

Nalika Dasamuka mertapa ing Gunung Gohkarna, Kumbakarna ora keri. Sajrone mertapa, uripe
Kumbakarna mung sarana banyu, necep sarining bun. Awit saka genturing tapane, Kumbakarna
karawuhan Bathara Guru, Kumbakarna kaparengake darbe panyuwun, lan panyuwune bakal
diijabahi.

Satemene para dewa kang ndherek tindak Bathara Guru padha ora nyarujuki yen Kumbakarna
kaparingan nugraha, awit Kumbakarna doyan mangan manungsa. Wus akeh manungsa, brahmana,
resi, widadara, widodari dalasan para dewa pisan kang dimangsa dening Kumbakarna. Bathara Guru
nuli dhawuh marang Dewi Uma supaya manjing ing tutuke Kumbakarna, dumunung ing pucuking
ilate, supaya ature raseksa iku ora padha karo sing dikarepake. Mula nalika ditari nyuwun nugraha
apa, Kumbakarna nyuwun supaya: bisa turu kepati nganti atusan taun, kuwat mangan lan ngombe
kang akehe kagila-gila, bias gawe kekese mungsuh.

Kumbakarna kaparingan aji Cirakalasupta, aji Gedhongmengo, lan aji Petak Gelap Sakethi. Dayaning
aji Cirakalasupta yen wus kawateg, njalari Kumbakarna bisa turu kepati atusan taun tanpa nglilir.
Dayaning aji Gedhongmenga, Kumbakarna kuwawa mangan lan ngombe kang akehe kagila-gila,
yaiku kang mahanani teguh-santosane salirar. Saben mentas mangan lan ngombe kang akehe nganti
ngundhung-undhung kaya gunung, lumrahe Kumbakarna banjur turu kepati pirang-pirang sasi
lawase. Dayaning aji Petak Gelap Sakethi njalari Kumbakarna yen petak swarane kaya gelap
ngampar, agawe kekesing atine para mungsuhe.

Ana ing Alengka, kalungguhane Kumbakarna iku dadi senopatining wadyabala. Kumbakarna
senadyan asipat diyu (buta) nanging pambegane satriya. Marang watake Dasamuka kang banget
angkara murka, Kumbakarna benget nyeda (nyacat), Dasamuka ndhusta Dewi Sinta garwane
Ramawijaya banget cineda dening Kumbakarna. Miturut panemune ngalap bojoning liyan sarana
dinustha, iku panggawe nistha, dudu pakartine satriya. Yen miturut watake satriya ngalap rabine
liyan iku kudu sarana perang. Kumbakarna wola-wali asung pamrayoga marang Dasamuka supaya
Dewi Sinta dibalekake dhisik marang Rama. Sawise mangkono menawa Dasamuka kepingin nggarwa
dheweke, Kumbakarna saguh ngrebut kanthi sarana taker ludhira (bandayuda) mungsuh Rama.

Nalika Alengka rinabasa wadyabala wanara nganti tumekane Patih Prahasta mengsah yuda,
Kumbakarna isih kepati nendra. Bareng Prahasta mati dikepruk tugu watu karo Anila, Dasamuka lagi
dhawuh wadya supaya nggugah Kumbakarna. Ananging Kumbakarna angel ing panggugahe
Kumbakarna agawe gumune wadyabala kang dinuta. Sanadyan awake nganti wola-wali giniles kreta
apangirit turangga utawa diidak-idak gajah, parandene Kumbakarna isih tetep turu kepati. Bareng
wulu-puhune (cumbu)-ne dibedhol, Kumbakarna sanalika gregah tangi.

Wis dadi padatane, Kumbakarna saben mentas turu kudu mangan lan ngombe. Salebare mangan-
ngombe kang ora karuwan akehe, Kumbakarna banjur ngadhep kadange wreda. Sawise diwartani
rusaking wadyabala Alengka nganti tekan sedane Patih Prahasta, Kumbakarna banjur didhawuhi
madeg senopati mbrastha wadyabala wanara, balane Prabu Rama.

Kumbakarna wegah maju perang. Akeh-akeh ature marang Dasamuka kang wose nyalahake
tumindake kangmase. Biyen wis

You might also like