You are on page 1of 2

Soal latihan !

A. Tembung tembung entar iki golekana tegese!

1. Anggone ngajak dolan mung kanggo abang-abang lambe.

Tembung kang di cetak kandel tegese....Basa Basi

2. Sing jaga museum kae pancen alus tembunge.

Tembung kang di cetak kandel tegese....Sopan

3. Aja cilik ati, kowe mesthi dijak menyang museum.

Tembung kang di cetak kandel tegese....Sedih

4. Melu menyang museum ya oleh, nanging ing karna aja dadi gawe.

Tembung kang di cetak kandel tegese....Ngerepoti/Gawe Masalah

5. Ana ing museum akeh barang pengaji, aja dawa tangane.

Tembung kang di cetak kandel tegese....Seneng Nyolong

6. Bu guru nganti entek atine, nggoleki Bagas ora ketemu-ketemu.

Tembung kang di cetak kandel tegese....Pasrah

7. Niken kae dadi kembang lambe ing sekolahane.

Tembung kang di cetak kandel tegese....Dadi Omongan

8. Aja dadi bocah sing lunyu ilate, mundhak disengiti kancane.

Tembung kang di cetak kandel tegese....Seneng Ngelonggoni

9. Saiki kowe wis klas enem, aja mogol sinaune.

Tembung kang di cetak kandel tegese....Malas Sinau

10. Yen wis niyat sekolah ya aja medhot dalan.

Tembung kang di cetak kandel tegese....Mandek/Mogok


B. Tembung-tembung sing dicap kandel iki jodhokna karo tembung entar
sing wis cumepak!

1. Wong sing wegah nyambut gawe (Ngekep dengkul) mesthi rekasa uripe.

2. Amarga wegah latihan, anggone lomba ora oleh apa-apa. (ngemut driji)

3. Rampung ujian, Rina katon lega lan seneng. (padhang pikire)

4. Sultan Hamengkubuwana IX seda (puput yuswa) nalika tahun 1988.

5. Ana ing museum akeh barang pengaji, aja dawa tangane(seneng nyolong).

6. Darmi kae bocah cugetan(rupak atine), mulane ora duwe kanca.

7. Anggar kae lagi susah (sumpeg atine), aja dibebeda.

8. Bawa kae pancen bocah sing becik tumindake (luhur budine).

9. Kabeh wong tuwa duwe gegayuhan supaya anake dadi wong pangkat (luhur
drajad).

10. Wong sing seneng mabuk mesthi gelis matine (cendhak umure).

padhang pikire - rupak atine - luhur drajad - ngekep dhengkul - cendhak umure
- sumpeg atine-puput yuswa - luhur budine - ngemut driji- seneng nyolong

You might also like