You are on page 1of 4

SOAL US BAHASA JAWA

1. Wacanen geguritan ing ngesor iki kanthi premati!


Gusti..
Aku wes ora duwe apa-apa
Rasa seneng, apa maneh tentrem
Wes kebak disuwun marang sing kuwasa
Ati sing bakal dak gondheli,
Tumancep ri kemarung
Adhuh biyung, ora ana sing nulung..
Saka petikan geguritan ing dhuwur, pangrasa sing lagi ditandhang penulis yaiku ….
a. bingung b. sedih c. anyel d. seneng e. bungah

2. Ing ngisor iki kang ora kalebu bab-bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku ….
a. mangerteni isine geguritan sing arep diwaca
b. ngrasakake isi lan kekarepane geguritan
c. nggatekake pocapan lan wiramane
d. bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
e. nggatekake lan latar belakang panggurite

3. Wacanen kang pratitis geguritan ing ngisor iki!


Eklasna aku lunga Biyung
Sanadyan ing dhuwur langite katon mendhung
Eklasna aku lunga
Lungaku sangu ati lapis waja
Isini geguritan ing dhuwur yaiku ….
a. bocah enom kang bingung arep lunga d. rasa sedhih ninggalake wong tuwa
b. pamit arep budhal sekolah e. wis ora kuwat maneh amarga lara
c. pamit arep golek pakaryan

4. Kang ora kalebu cirine geguritan modern yaiku….


a. mentingake pamilihan tembung kang mentes d. tibane swara bebas
b. ora kawiwitan sun gegurit e. cacahe gatra ajeg
c. cacahe gatra ora digatekake

5. Tetembungan kang tulisane padha, nanging beda pangucapan lan tegese diarani….
a. homofon b. homonim c. homograf d. purwakanthi e. yogaswara

6. Prapteng witing nagasari, mulat mangandap katingal, wanodyayu kuru aking. Tembung garba ing tembang
kasebut, yaiku….
a. prapteng, aking c. prapteng, mulat e. mulat, wanodyayu
b. wanodyayu, katingal d. prapteng, wanodyayu

7. Sanajan wus turah bandha lan dhuwur pangkate, Pak Sobar ora nduwe watak adigang adigung adiguna. Tegese
ukara kang kacithak miring, yaiku….
a. senengane nendang wong kesrakat d. ngendelake kekuwatan/keluwihane
b. seneng sesumbar karo kancane e. sombong lan nglarakake ati
c. ngidang-ngidung sakarepe dhewe

8. Bola-bali tangise mecah wengi.


Ukara iki ngemu gaya bahasa….
a. personifikasi c. dwilingga pada swara e. metafora
b. dwilingga salin swara d. hiperbola

9. Bocah kae pancen kesed. Tembung kesed ing ukara kasebut nduweni teges….
a. alas kaki b. resik c. males d. telat e. sregep

10. Mbahas babagan tema, amanat, gaya basa, lan kaendahan basa kang digunakake dening panganggit geguritan
kanggo mangerteni maksud, isi lan tujuane panganggit gawe geguritan iku diarani ….
a. ngapresiasi geguritan d. guritan anyar
b. maca geguritan e. guritan lawas
c. nulis geguritan
11. Gatekna guritan ing ngisor iki!
Panggawe becik puniku
Gampang yen wus den lakoni
Angel yen durung kalakyan
Aras-arasen nglakoni
Tur iku den lakonana
Mumpangati badaneki
Geguritaning nduwur maringi pitutur supaya ….
a. miturut dhumateng tiyang sepuh d. andhap asor dhumateng sesame
b. nglampahi tumindak becik e. nuladha tumindak ingkang sae
c. seneng tetulung

12. Tembung panggandheng kang nyatakake kosok balen yaiku ….


a. utawa b. kamangka c. lan d. ananging e. saengga

13. Ing ngisor iki ukara kang nganggo tembung panggandheng kang nyatakake wayah yaiku ….
a. Saupama aku bisa ketemu eyang mesthi seneng banget.
b. Alas kudu dijaga supaya tetep ngrembaka.
c. Nalika aku dolan menyang Kelud kahanane isih gersang.
d. Maneka warna pangudi ditindakake kanggo njaga lan nglestarekake wana bakau.
e. Wana-wana akeh kang cengkar amarga tumindake manungsa.

14. Wacanen ukara ing ngisor iki kanthi tliti!


Manungsa kudu njaga keseimbangan lan ora ngrusak alam supaya
ora kedadean musibah bencana alam.
Ukara kasebut kang migunakake tembung panggandheng kang duweni teges tujuwan, yaiku ….
a. kudu b. supaya c. lan d. ora e. alam

15. Tembung nuladha, nyembah, sinerat tembunge lingga, yaiku….


a. tuladha, sembah, surat c. tuladha, sembah, serat e. tulada, sembah, serat
b. tulada, embah, serat d. anuladha, sembah, serat

16. Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur intrinsik crita wayang yaiku….
a. tema c. watak wantune paraga e. latar
b. alur d. latar belakang pangripta

17. Gagasan baku cerita wayang diarani….


a. alur b. setting c. tema d. judul e. amanat

18. Wayang kang nyritakake kaluwarga Bharata (Pandhawa lan Kurawa) wiwit cilik nganti perang Bharatayudha
Jayabinangun, yaiku….
a. Khadewataan c. Ramayana e. Wayang Beber
b. Arjuna Sasra d. Mahabarata

19. Wayang kang nyritakake Prabu Rama mungsuh Rahwana jalaran ngrebut Dewi Shinta diarani….
a. Arjuna Sasra c. Dupara e. Mahabharata
b. Kidang Kencana d. Ramayana

20. Tokoh wayang kang ana ing gambar, yaiku….


a. Gathutkaca d. Nakula
b. Arjuna e. Sadewa
c. Werkudara

21. Sampeyan nedha rumiyin menawi badhe kesah. Ukara kasebut ngganggo basa….
a. ngoko lugu c. ngoko alus e. krama lugu
b. krama alus d. ngoko andhap

22. Sakmenika sampun dalu, panjenengan kondur benjing kemawon. Ukara kasebut ngganggo basa….
a. ngoko lugu c. ngoko alus e. krama lugu
b. krama alus d. ngoko andhap

23. Ukara-ukara ing ngisor iki sing kalebu basa ngoko alus, yaiku….
a. Panjenengan kapan kesah? d. Paklik kok nitih bis, ora ngasta titihan dhewe?
b. Ibu mundhut ageman enggal. e. Mas Angga duwe kalawarti akeh banget.
c. Panjenengan menapa sampun dhahar?
24. Kowe yen dikokongkon Bapak kudu manut, supaya Bapak ora nesu.
Tembung sing dicitak miring krama aluse, yaiku….
a. diutus, duka c. dikengken, duka e. diutus, muring
b. dikengken, muring d. dikongkon duka

25. Panjenegan sesuk diajak mirsani kethoprak. Ukara kasebut ngganggo basa….
a. ngoko lugu c. ngoko alus e. krama lugu
b. krama alus d. ngoko andhap

26. Ukara-ukara ing ngisor iki luput mungguh unggah-ungguh basa, kajaba….
a. Adhik dhahar pisang goreng. d. Kula badhe tindak dhateng Madiun.
b. Putranipun Bu Nanik dipuntampi wonten UGM. e. Ageman kula sampun kathah.
c. Eyang sakit waja sampun tigang dinten.

27. Lakon crita iku kabagi dadi bagian-bagian kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba….
a. turning point c. complication e. kahanan crita
b. puncak konflik d. ending

28. Teknik pengarang kang njlentrehake karakter utawa watak tokohe kanthi langsung diarani teknik….
a. dramatik b. ekspresif c. eksotik d. analitik e. informatif

29. Wujud-wujude konflik iku kaya kang kedadeyan ana ing kauripan saben dinane, kaya kang kasebut ing ngisor iki,
kajaba….
a. Padudone utawa konflik manungsa karo makhluk hidup liyane.
b. Konflik manungsa karo lingkungane.
c. Konflik manungsa karo sapadha-padha.
d. konflik manungsa karo awake dhewe.
e. Konflik manungsa karo Kang Maha Kuasa.

30. Tumibaning udan riwis-riwis kang wiwit sore ora mandheg-mandheg nyebabake hawane sansaya kekes. Tembung
kekes ing ukara kasebut tegese….
a. sumuk b. panas c. adem banget d. wedi e. sumelang

31.1) pangungkapane prastawa


2) pucuking konflik
3) pengenalan kahanane crita
4) rerampungan crita
5) nuju ananing konflik
Urutan kang bener mlakune crita, yaiku….
a. 1-3-2-5-4 c. 4-1-3-2-5 e. 3-1-5-2-4
b. 1-5-4-2-3 d. 3-2-4-1-5

32. “munggahe banyu segara” yen ditulis nganggo aksara Jawa….


a. mu=g[abvusgr
b. mu=z[abvusegr
c. mu=g[abvusegr
d. mu=g[avvusegr
e. mu=g[abvuseg/
33. “Bayu lunga sasi ngarep” yen ditulis nganggo aksara Jawa….
a. byuluzssizrep>
b. byuluzssiz[rp\
c. bvuluzssizrep\
d. byuluzssizrep\
e. byuluzssizrep
34. ?bukubsjwkelsLiman;56. yen ditulis latin….
a. buku basa Jawa kelas lima ana 45 d. buku basa Jawa kelas limo ana 57
b. buku basa Jawa kelas lima ana 56 e. buku basa Jawa kelas limo ana 56
c. buku basa Jawa kelas lima ana 46

35. “Bapak lunga menyang Turki” yen ditulis nganggo aksara Jawa….
a. bpkLuzmev=tu/ki
b. bpkLuzmev=tu=ki
c. bpkKuzmev=tu/ki
d. vpkLuzmev=tu/ki
e. bpkLzmev=tu/ki
36. “Perjalanan Malang Surabaya suwene 2 jam” yen ditulis nganggo aksara Jawa….
a. pejlnnMl=surbysu[w[n;2;jm\
b. pe/jlnnMl=surbysu[w[n;1;jm\
c. pe/jlnnMl=surbysu[w[n;3;jm\
d. pe/jlnnMl=surbysu[w[n;2;jm
e. pe/jlnnMl=surbysu[w[n;2;jm\
37. ?zupyk[kbr=se[p[l. yen diwaca yaiku….
a. ngupayakake barang kang sepele d. nggupayakake barang sing sepele
b. ngupayakake barang sepele e. ngupayakake samubarang sepele
c. ngupayahake barang sepele
39. ?wcnenKc;198. yen ditulis latin….
a. wacanen halaman 198 d. wacanen kaca 189
b. wacanen kaca 187 e. wacanen kanca 198
c. wacanen kaca 198

Wacanen tembang macapat ing ngisor iki kanthi premati!


Urip iku ibarate wong lumaku
Mampir sawetara
Yen budhal ra bakal bali
Sangune iman sarta ngamal utama

40. Tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang macapat ….


a. gambuh d. pangkur
b. pocung e. durma
c. asmaradana

Teks drama ing ngisor iki semaken kanthi premati!


Anak Polah Bapa Kepradhah
Ing ruang tamu omah sacedhake Stasiun Wonokromo, Pak Narko lan Prayitna lagi pada meneng sajake
nglamun dewe-dewe. Sedhela-sedhela usreg mbenakne anggone lungguh. Bu Narko mlebu nggawa ceret, gelas, lan
tela goreng, banjur lungguh neng kursi njejeri Pak Narko.
Pak Narko : Lara rasane atiku! (rada mbesengut)
Bu Narko : Mbok ya wis ta Pak, ora usah dipikir jero.
Pak Narko : Lha wis kadung lara tenan atiku dicap kaya ngono iku. Anake dhewe ya pancen kurang ajar, ning lek
wong tuwane dianggep elek sapa sing ora muntab?
Bu Narko : Mulane, bener jare unen-unen kae Pak, anak polah bapa kepradhah.
Prayitna : Sepurane Pak, pancen aku salah. (dhingkluk karo dolanan drijine)
Pak Narko : Saiki isa omong salah, wingi-wingi glendam-glendem wae. Kudune ya sadhar! Dadi anake wong ra
nduwe ora usah neka-neka!
Bu Narko : Aku dhewe yaw is ora kurang-kurang ngandhani. Dadi wong mbok ya nrima apa anane. Ora melu-
melu kaya wong sugih, malah nyolong HP barang. Ora kudu ngijoli thok, ning wong tuwamu iki yo isin
bingung lek nyeleh rai.
Pak Narko : Lha iyo, angger wong ngarani lek anake maling, bapake ya maling. Kacang ora ninggal lanjaran.
Bu Narko : Ngene iki Bapakmu ditimbali guru BP supaya menyang sekolahan.
Sepi. Bu Narko mlebu njero ngendhangi anggone masak. Prayitna sajake getun klakuane dhewe katut karo
kanca-kancane sing ora bener. Pak Narko nyekel sirahe sing wiwit krasa abot, sajake mikir wiring lan mikir carane
ubet golek utangan kanggo ngijoli HP kang larang regane. Kamangka kayane mbecak saben dina mung cukup
kanggo mangan thok. Utang nggone Pak Sentot juragan becak durung sempat kepikir, malah saiki ketambahan
masalah anyar. Judheg pikirane.

1. Ukara kang dicetak miring ing teks drama kasebut diarani….


2. Ukara kang digaris bawahi ing teks drama kasebut duweni teges….
3. Ukara kang dicetak kanthi kandel ing teks drama kasebut duweni teges ….
4. Ing ngendi latar teks drama kasebut ….
5. Laku-lakuning crita jroning drama diarani….

You might also like