You are on page 1of 4

Nama : Adinda Dwi Landari

No : 01

Kelas : X IPS 1

Guru

Sêjatinê aku ora pati srêg dadi guru. Nangíng piyé manèh. Wóngtuwaku guru, masku dhosèn,
mbakyuku bojoné kêpala sêkolah SMP, kakangmasku síng sijiné guru SMK, banjúr aku síng
ragíl ya kudu dadi guru.
"Múl, ijazahmu luwi rak såkå IKIP. Lha yèn ora gêlêm mulang trús arêp nyambút gawé åpå?
Olèhku ngragati kowé ora sithík. Yèn ngèlmumu ora kók gunakaké têrús piyé?" ngêndikané
Bapak.
Yèn wís ngono kuwi lan kêbênêran kabèh sêdulúr nglumpúk, kåyå olèh dalan anggóné
ngrumpyúng aku. Aku ya múng mênêng, karo mèsêm. Sidané aku kêpêkså nglamar guru, pas
ånå lówóngan dadi guru kóntrak utåwå guru bantu.
Sênajan abót nyang ati, nangíng barêng tak lakóni kanthi sênêng, jêbúl dadi guru kuwi
nyênêngké. Sabên dina anané múng kumpúl wóng akèh, kåncå akèh, lan mêsthi waé siswå
síng akèh. Pancèn aku durúng duwé sisihan, wóng jênêngé pacar waé durúng duwé. Olèhé
arêp golèk pacar waé carané piyé? Saiki yèn ora numpak pit móntór sing apík, cah wadón
nolèh waé êmóh. Pilíh wóng síng nduwé sêpédha mótór síng apík. Yèn biså yå mobil. Aku
dadi wêdi. Yèn istilahé sing ngêtrèn jaréné mindhêr.
Sêtahún anggónku dadi guru. Mêsthi waé wis kumpúl kåncå akèh. Malah adané kåncå-kåncå
pårå guru bantu nggawé paguyuban.
"Sêdulúr sêdulúr, kita iki sênasíb lan sêpêrjuangan. Mulå yèn kita rukún, kompak mênåwå
ånå åpå-åpå, bisa ngurús kanthi cêthå lan tumåtå. Mula kabèh kudu mlêbu anggota, síng
rumångså biså, månggå dadi kêtua lan pêngurús liyané. Iki kanggo kêpêntingan bêrsama
"mêngkono pêmbukané kåncå guru síng nduwé karêp gawé paguyuban.
Kabèh pådhå sarujúk, anggotané cacahé satús sèkêt guru såkå sadhêngah tataran. Ya guru
SD, guru SMP, guru SMA lan guru SMK. Kabèh guru kóntrak, suwéné têlúng tahún. Yèn wís
rampúng êmbúh bakalé piyé durúng ngêrti..
Ånå crita síng nggarês nyang ati. Tansah kèlingan nangíng kudu biså dilalèkaké. Jalaran aku
iki guru, sanajan guru bantu.
Kåncå guru mêsthi yå akèh, nangíng síng gêlêm cêdhak utåwå gêlêm tak ajak ómóng-ómóng
bab pêngalaman dadi guru ora akèh.
"Bu, sampun dangu ngastó wóntên mriki? Lajêng dóspundi nggíh dadi guru síng apík, bênêr
lan pas niku?" pitakónku.
"Ah panjênêngan ki kåyå cah anyar waé. Lho pancèn yå anyar níng wís dadi guru yå kåyå
nèk praktèk biyèn nalikå kuliyah kaé lho Pak," mêngkono wangsulané.
Sabanjuré katón rumakêt. Yèn ånå åpå-åpå aku takón lan nyuwún pitudúh. Asmané Bu Tutik.
Jaréné dadi guru favorit, lan guru têladan. Isíh kênyå sanajan umuré wís kêpala têlu, nangíng
isíh katón kaya umur kur-kuran.
Sawijiníng dina dhèwèké ngêndikå yèn arêp njagóng, nangíng ora ånå síng ngêtêrké. Lan
kanthi prasaja dhèwèké njalúk marang aku supaya gêlêm ngêtêraké.
"Pak kêrså nulungi aku tå? Aku ki arêp njagóng, nangíng ora ånå síng ngêtêraké, tulúng Pak
yå?" mêngkono kandhané Bu Tutik.
Sanajan múng njagóng, nangíng kabèh pådhå ngêrti, malah têrús móyóki aku, jaréné aku
pacaran karo Bu Tutik. Sanajan batinku ora nangíng nyatané mêngkono. Lan uga Bu Tutik yå
ora naté nolak ómóngané kåncå-kåncå, nangíng ugå ora ngiyani. Kabèh lumaku têrús tanpå
ånå bab síng mênjilå.
"Pak Múl, jaré kåncå-kåncå guru bantu pådhå arêp dhémonstrasi nyang kantór? Bênêr?"
mêngkono pitakoné Bu Tutik, lan aku malah rådå kagèt.
"Åpå yå tå Bu, kapan, såpå síng ngêndikå, têrús piyé?" aku malah gênti takón.
"Lho njênêngan ki piyé tå. Síng dadi anggota ki rak Panjênêngan dudu aku. Aku múng
krungu såkå kåncå, lan tênané kêpriyé programé åpå yå kuduné Njênêngan síng nlusúr".
"Wah ngapuntên Bu. Aku kók ya bodho bangêt. Nuwún ya Bu diparingi ngêrti. Aku tak
nggolèki kåncå liyané" wangsulanku cêkak karo klincutan.
Sidané aku nggolèki kåncå síng pådhå nasibé. "Piyé jaré arêp dhémo, kapan, nyang ngêndi
Kar?" pitakónku nalikó kêtêmu Karnó kåncå kuliyah biyèn.
"Wah kowé kuwi jan bénto tênan. Mulang yo ora, gawéyanmu múng pacaran, mulå ora ngêrti
kahanan, ora ngêrti pêrkêmbangan. Dhasar bénto Múl," ngono wangsulané karo mêncêrêng.
"Ah ya sory. Mbók unèkké åpå waé aku gêlêm, nangíng aku ki yå múng mulang tók. Ora
pacaran kaya ómóngané wóng. Malah aku ngêsír murid waé lupút. Hahaha," wangsulanku
karo ngguyu.
"Ra guyón Mul. Yèn ånå sétan liwat, ngómóngmu dadi tênanan, bakal nêmahi cilåkå. Pókóké
ra ngrêmbúg bab ngono kuwi. Sirikané guru yèn tumindaké kåyå mêngkono. Kêjåbå siswå
liya sêkolah sak karêpmu. Pókóké ngéné, súk Sêlåså aku karo kåncå-kåncå arêp nggrudúg
têlúng panggónan. Sêpisan nyang kantór P dan K. Loro sowan pårå wakíl rakyat, lan têrús
nyang balaikota. Ngurús nasíb. Sêbab awaké dhéwé iki wís mèh êntèk kontraké åpå têrús kón
nganggúr manèh. Wís kêbacút dadi guru kók ora jêlas nasibé. Sêbab jronéng rapat pêngurús
kabèh wís pådhå sêtuju. Jalaran iki mau ndulu pêngalamané pårå tênaga kóntrak síng biyèn.
Tau tå ånå kamra kóntrak, banjúr bubar, akèh síng strès ånå síng édan." kandhané Karnó kåyå
pêmimpín síng durúng naté dadi.
"Lha têrús mêngko yèn ditolak, dibubarké lan dikón nggawé pêrnyataan piyé?"
"Ngéné ya cah bagús bénto. Sésúk Minggu kuwi rapat umúm, kabèh kudu têkå. Banjúr
nggawé cårå, nggawé syarat. Ya kuwi usulan, kêkarêpan lan tuntutan. Ngêrti ta kowé. Mósók
sarjana kók ra mudhêngan ki piyé." Karnó såyå mêncêrêng kåyå biasané.
"Iya ya aku mudhêng. Síng durúng mudhêng arêp usúl piyé têrús nuntút piyé?" pitakónku
manèh.
"Wèh kåyå nêrangké cah èsdé waé kók. Cah bagús Bénto Radèn Múl, rungókna yå. Awaké
dhéwé ki kóntrak, yå kudu têrús. Sabanjuré pêmêrintah supåyå gêlêm ngangkat awakké
dhéwé yå kabèh guru bantu dadi pêgawé négri. Sébab nyatané kan isíh mbutúhaké tå síng
jênêngé guru. Ora susah tèsting manèh, sêbab biyèn yå wis tèsting. Kuwi pókók sing kudu
dipêrjuangké sampai kapanpun." Kandané Karnó makantar kantar.
kabèh guru Têkan dinå sing wís disarujúké bantu nglumpúk ing lapangan. Nganggo sêragamé
guru. Kanthi pêrcåyå diri lan kapitayan síng wís kêplêng, kabèh budhal nyang kantór P dan
K.
"Sêdulúr-sêdulúr, aku wís ngêrti åpå síng kók karêpké. Nangíng kabèh kudu pådhå ngêrti lan
kuduné wís ngêrti. Wéktu iki ånå sapérangan nêgårå Indonésia síng lagi nandhang sungkåwå,
yaiku kêpada gêmpa lan banjír sarta tanah lóngsór. Mulå gandhèng kabèh wís pådhå ngêrti,
liyå dinå waé bakal tak sêngkuyúng åpå síng dadi karêpmu," mêngkono pidhatoné Képala
Dinas P dan K.
Kabèh múng pådhå mênêng lan ndómblóng. Ora ånå síng bisa ómóng. Aku iki pancèn
sarjana, nangíng yèn diunékaké aku jané yå sêrík. Dupèh sarjana, njúr karêpé dhéwé ora
ngêrti kahanané bångså. Liyané pådhå sêngsårå malah nyaru wuwús njalúk wêrnå wêrnå. Ééé
kók yå kêbangêtén.
Sawêtara sêpulúh mênít ora ånå síng mangsuli. Kêpala Dinas mlêbu kantóré manèh, lan
kåncå kåncå bubaran tanpå swårå tanpå pamít.
"Ooh guru, iki nasibku." Múng kuwi batinku.

Unsur Intristike :

1. Plot / Alur : biyasa, maju


2. Watak : tokoh aku : manutan, seneng tetulung. Karno : Seneng kekancan, wicaksono, bu
utik : apikan,
3. Penokohan : tokoh aku, bu tutik, karno
4. Point of view : orang pertama tokoh utama
5. Setting : omah karno, dalan.
6. Amanat : duwe ilmu lan kemampuan kudu di manfaatke kanggo wong akeh.

sinopsis

Sêjatinê aku ora pati srêg dadi guru. Nangíng piyé manèh. Wóngtuwaku guru, masku dhosèn,
mbakyuku bojoné kêpala sêkolah SMP, kakangmasku síng sijiné guru SMK, banjúr aku síng
ragíl ya kudu dadi guru.Yèn wís ngono kuwi lan kêbênêran kabèh sêdulúr nglumpúk, kåyå
olèh dalan anggóné ngrumpyúng aku. Aku ya múng mênêng, karo mèsêm. Sidané aku
kêpêkså nglamar guru, pas ånå lówóngan dadi guru kóntrak utåwå guru bantu.Sênajan abót
nyang ati, nangíng barêng tak lakóni kanthi sênêng, jêbúl dadi guru kuwi nyênêngké. Sabên
dina anané múng kumpúl wóng akèh, kåncå akèh, lan mêsthi waé siswå síng akèh.

Sêtahún anggónku dadi guru. Mêsthi waé wis kumpúl kåncå akèh. Malah adané kåncå-kåncå
pårå guru bantu nggawé paguyuban.
Kabèh pådhå sarujúk, anggotané cacahé satús sèkêt guru såkå sadhêngah tataran. Ya guru
SD, guru SMP, guru SMA lan guru SMK. Ånå crita síng nggarês nyang ati. Tansah kèlingan
nangíng kudu biså dilalèkaké. Jalaran aku iki guru, sanajan guru bantu.
Kåncå guru mêsthi yå akèh, nangíng síng gêlêm cêdhak utåwå gêlêm tak ajak ómóng-ómóng
bab pêngalaman dadi guru ora akèh.
Sabanjuré katón rumakêt. Yèn ånå åpå-åpå aku takón lan nyuwún pitudúh. Asmané Bu Tutik.
Jaréné dadi guru favorit, lan guru têladan. Isíh kênyå sanajan umuré wís kêpala têlu, nangíng
isíh katón kaya umur kur-kuran.
Sawijiníng dina dhèwèké ngêndikå yèn arêp njagóng, nangíng ora ånå síng ngêtêrké. Lan
kanthi prasaja dhèwèké njalúk marang aku supaya gêlêm ngêtêraké. Sanajan múng njagóng,
nangíng kabèh pådhå ngêrti, malah têrús móyóki aku, jaréné aku pacaran karo Bu Tutik.
Sanajan batinku ora nangíng nyatané mêngkono.

kabèh guru Têkan dinå sing wís disarujúké bantu nglumpúk ing lapangan. Nganggo sêragamé
guru. Kanthi pêrcåyå diri lan kapitayan síng wís kêplêng, kabèh budhal nyang kantór P dan
K. Kabèh múng pådhå mênêng lan ndómblóng. Ora ånå síng bisa ómóng. Aku iki pancèn
sarjana, nangíng yèn diunékaké aku jané yå sêrík. Dupèh sarjana, njúr karêpé dhéwé ora
ngêrti kahanané bångså.

You might also like