You are on page 1of 3

KELOMPOK KERJA GURU (KKG) GUGUS II

ULANGAN TENGAH SEMESTER GENAP SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2020/2021
KECAMATAN MEGALUH KABUPATEN JOMBANG
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari / tgl. : ………………
Kelas : 3 ( Tiga ) Waktu : ………………
Nama : ……………………………. Nilai :……………….

Wacanen kang patitis kanggo ngerjakno soal nomer 1 - 4 !

Ngingu Kucing Anggora


Rini saiki wis kelas telu. Saliyane sregep sekolah, dheweke uga sregep ngrewangi
wongtuwane. Nalika prei, Rini tansah ngrewangi ibune nyapu lan korah korah. Kabeh pegawean
mau dilakoni kanthi ati seneng tanpa ngresula. Mula, ora mokal menawa bapak lan ibune asih
banget marang dheweke.

Rini seneng banget marang sakabehe jinis kewan ingon ingon.


Ing omahe dheweke duwe ingon ingon kucing anggora. Rini asih
banget marang kucing ingon ingone mau. Saben dina kucinge dipakani
lan seminggu pisan uga didusi. Krangkenge g mesthi diresiki dhewe.
Mula, kucing anggorane katon sehat lan nggemesake banget.

I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara A, B, lan C sing bener!


1. Irah-irahane wacan ing ndhuwur yaiku ….
A. Ngingu Kucing Anggora
B. Ngingu Kucing Anggosa
C. Ngingu Kucing Kangora
2. Sawise mulih sekolah sing ditindakake Rini ….
A. ngrewangi ibuke
B. turu
C. dolan
3. Panggonan kanggo ngingu kucing diarani ....
A. kandhang
B. kurungan
C. krangkeng
4. Sapa ing asih banget marang kucing ingon-ingone mau ….
A. Rini
B. Ririn
C. Siti
5. Sing klebu kewan ingon-ingon ….
A. macan
B. kidang
C. kucing
6. Ing ngisor iki sing klebu kewan galak yaiku ….
A. kucing
B. macan
C. gajah
7. Rini lan Bima diajak bapake plesiran. Tembung plesiran tegese ….
A. dolan
B. rekreasi
C. preian
8. Nalika nyusun laporan observasi kudu ….
A. objektif/apa ananae kaya sing dialami
B. ora nggatekake wektu
C. asal-asalan wae
9. Nalika arep mlebu papan wisata kudu tuku ...
A. nota
B. kwitansi
C. karcis
10. Pengalaman sing isine kedadeyan sing gawe susahe ati klebu pengalaman ….
A. nrenyuhake
B. nyenegake
C. nyusahake

II. Isenono ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!

1. Jenise kewan ingon-ingon sing ana sakiwa tengenmu tuladhane yaiku ....
2. Simbah gerah weteng, weteng karma inggile ….
3. Sebutna papan wisata sing nate koparani ….
4. Sebutna perangan sing kudu ana ing laporan observasi …
5. Owahana dadi basa karma alus :
- Ibu nganggo klambi abang

Selamat mengerjakan
Kunci Jawaban :

1. A

2. A

3. C

4. A

5. C

6. B

7. B

8. A

9. C

10. C

1. Pitik, bebek, sapi (kebijaksanaan guru)

2. Madharan

3. Kebijaksanaan guru

4. Papan observasi, wektu pengamatan, obyek sing diobservasi, pengamat,


asile observasi

5. Ibu ngagem rasukan abrit

You might also like