You are on page 1of 9

NASKAH DRAMA

“RORO JONGGRANG”

Kelompok :
- Rafael Dovi (X.6/01) : Patih Gupala
- Anjasmara (X.6/ ) : Jin 1
- Dion R. (X.6/ ) : Bandung Bondowoso
- Dyah anggita (X.6/ ) : Dayang 1
- Ghaliz Akbar (X.6/ ) : Jin 2
- Ike Pusvita (X.6/19) : Roro jonggrang
- Layla Nur. (X.6/ ) : Dayang 2
- Rachmad Ghozi (X.6/ ) : Jin 3
- Salsabila B. (X.6/ ) : Ibu
- Tya islamiyah (X.6/ ) : Dayang 3
- Viranti Dwi. (X.6/42) : Narator
Pambukaan

Ing sawijine jaman, ing ndesa sing apik urip ana wedokan kang ditinggal karo
bojone . Dheweke urip karo anake , sing jenenge Bandung.

Bandung     : “Bu, nopo ibu mboten kesepian menawi kula lan panjenengan mung    
                    manggon teng perkampungan endah niki tiang kaleh mawon.”
Ibu              : “Kesepian ngopo to le?Ibu wis seneng ana kowe nang kene. Awak        
dewe uwis urip kecukupan, seneng tanpa ana sing ganggu, arep njaluk    sing
piye maneh ibu iki.”
Bandung     : “ya mbok menawi ibu kersa duweni rama damel kula.”
Ibu              : “Kowe ki ngomong opo to.Ora..ora..ibu rapapa urip    janda kaya
ngene sing penting ibu duwe kowe.”
Bandung     : “Lho, saestu Bu.”
Ibu              :”Sakjane lakyo kowe sing patut tak takoni koyo ngono kuwi anakku.    
Kowe iku wis gede, moso kowe arep dewean wae.”
Bandung: “Ah, menawi kula, boten usah di pikir bu.          Saktemene kula    ajeng
tanglet kalih ibu, Nanging kula boten         kepenak,Bu.”
Ibu              : “Kowe arep takon opo?Kok nganggo ora kepenak barang. Aku iki       
ibumu opo dudu. Arep takon opo to Le?”
Bandung     : “Ngeten lho Bu, saktemene Rama kula menika sinten? Ngantos    sakniki
kok kula taksih bingung.”
Bandung     : “Bu,kok mendhel mawon? Wonten penggalih menopo to bu?”
Ibu              : “Anakku Bandung. Sajake iki wektu sing     pantes. Kowe saiki wis
gede,  ibu ora wedi maneh cerita karo kowe. Ibu ngerti,kowe mesti iso
ngerteni iki.”
Bandung     : “Ana apa,Bu?”
Ibu              : “Bapakmu kuwi sakjane bangsawan ing tlatah adoh kono.”
Bandung     : “dados bapak tasik sugeng bu?”
Ibu              : “Yen kowe pancen pengen nemoni Ramamu, yo ora opo-opo.     
Golekana Ramamu kuwi,nanging ibu mung iso pesen. Rungokno          pesen –
pesen ibu iki.”
Bandung     : “inggih, Bu.”
Ibu              : “Ibu mung iso dongakake apa sing kowe karepake bakal tok temu.       
Lek wis kepetuk ramamu, cepet sujud ing sikile ramamu kanggo tanda       
kahormatan. Ing jabakono, pasti akeh wong asing sing bakal kok           temui
lan kabeh pasti nduwe niat dhewe-dhewe.Kowe iku lanangan     sing isok
dipercaya . Ojo seneng adu otot anakku, iku ora apik. Ojo waton tumindak
ing kono, ora liyo kanggo njaga keslametanmu           dhewe.”
Bandung     : “Inggih,Bu.”
Ibu              : “Lan siji meneh amanatku. Gawaen selendang iki supaya Ramamu
percaya yen kowe iku anake.”
Bandung     : “matur nuwun Bu, nanging kepripun ibu menawi kula ngembara.  
                   Menapa ibu aman gesang piyambakan ing bumi ingkang boten temtu
                   niki .”
Ibu              : “ Ibu ora bakal keno opo-opo. Ibu mung iso nyangoni slamet yo
anakku sing tak tresnani.”
Menika Bandung budal ngembara. Lan dheweke teko ing nggone jin.
Dheweke ditekani karo para abdi dalem saka nggone jin. Bandung bisa nglawan
para abdi dalem. Banjur Bandung nemoni  Jin Bondowoso.
Jin   1            :” Sampean sapa?”
Bandung     :”Aku Bandung”
Jin   1       : “ Ono kaperluan opo sampean mrene.”
Bandung     : “Aku arep nggolek Ramaku,opo kowe isok bantu aku nggoleki  
                    Ramaku?”
Jin   1            :”Wani piro?”
Bandung     : “Yen aku wis dadi raja ing Pengging kowe isok njaluk opo wae sing
kowe karepake.”
Jin    1        :”Wokey , gawe bantu kowe aku wenehi tigo panyuwunan.”
Bandung     :” sing kasiji aku pengen nemoni Ramaku.”
Jin    1           :”Oke” (ngilang)
Amarga Bandung bisa nakluake Jin Bondowoso , akhire jenenge
Bandung diwenehi jeneng Bondowoso. Dadi saiki jenenge Bandung
Bondowoso. Jin Bondowoso ngabulake panyuwunane  Bandung Bodowoso.
Deweke banjur dadi Raja ing Pengging. Bandung Bondowoso saiki dadi
sombong lan serakah.  Dheweke pingin nguwasai kerajaan Pengging lan
kerajaan Prambanan. Dheweke pingin perang karo Prabu Boko, rajane
Prambanan.Prabu Boko direwangi Patih   Gupala perang karo Bandung
Bondowoso. Bandung Bondowoso nggawe  panjalukan sing keloro marang Jin
Bondowoso ben iso menang ngelawan Prabu Boko. Akhire Jin Bondowoso lan
Bandung Bondowoso menang nglawan Prabu Boko. Prabu Boko mati tapi Patih
Gupala Slamet . Patih Gupala muleh  karo ngetokake getih lan kelaran.   
Patih Gupala        :” Nyuwun sewu Putri.”
Jonggrang             : “Ana apa Patih. Kok njenengan wis bali saka peperangan, ana
ngendi Ramaku?”
Patih Gupala        : (menundukkan kepala dan menyembah)”Nyuwun sewu
Roro.” (mikir-mikir)”Prabu Boko…”
Jonggrang             :” Rama!?Ana apa karo Rama?Opo panjenengan duwe kabar
sing ora ke penak Patih?”
Patih Gupala        : “Inggih Roro.”
Jonggrang             : “Ana ngendi Ramaku?”(bingung lan arep nangis)." Cerita           
karo aku Patih..pundi ramaku?”
Patih Gupala        :” Prabu Boko gugur ing peperangan menika, Roro.”
Jonggrang             :” HA? Apa bener ngendikanmu kuwi. Opo panjenengan boten
Goroh Patih?”
Patih Gupala        :” Saestu ndara. Kula ingkang ngertosi piyambak, Bandung           
Bondowoso nusukkaken kerisipun.”
Jonggrang             :” Rama…(nangis)”
          Wektu nangis iku patih Gupala mati lan Bandung Bondowoso teka ing
ngarepe Rara Jonggrang. Bandung banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing
ngarepe  iku?Apa selire Prabu Baka sing dak pateni mau?
Bandung               :” Kena apa kowe duh cah ayu?”
Jonggrang             :” Sapa kowe wani teka ing kerajaan iki?”
Bandung               :” Hahaha…Sopo aku? Opo kowe ora ngenali aku, raja ing            
Kerajaan Pengging, lan saiki sing duweni kerajaan sing gede                     iki”,
Bondowoso. Hahaha..Ayu tenan   kowe. Apa kowe gelem dak dadekake garwaku!
Roro Jonggrang bingung arep menehi jawaban apa.
Jonggrang            : Bandung iku wong sing sekti.Ra mungkin aku wani nolak.
Nanging atiku ora tresna. Kenal wae durung, kok njaluk aku dadi bojone. Penak
tenan. Saya maneh, uwong iki sing gawe aku kelangan Rama tercintaku.
Bandung: ”HALAH!!!,trimo ae, Aku ngganteng kok. Kena apa kowe ora gelem?    
                  Opo kowe isin karo aku?Hem?(karo nggoda)”
Jonggrang   :”Wah.Apa sing arep aku lakokake.Aku mumet.”
Jonggrang banjur mikir-mikir.
Jonggrang   : “Ngene wae, yen kowe pancen pengen duweni aku, syarate sitik-sitik          
wae.Gawekno 1000 candi ing wektu sakmalem. Yen kowe kasil, aku       gelem tok
pek bojo.”
Bandung     : “Weh..weh..weh..Wah, kowe ki dagelan tenan kok!!Sewu candi    wektu
sewengni?10 candi wae, apa mending kowe njaluk syarat      liyane.
Sekarepmulah..Moso kon gawe 1000 candi.Arep tok nggo    ngopo candi iku.”
Jonggrang   :” Kula tetep pengen digawekke sewu candii. Iku          panjalukku.buktekno
yen kowe tresna aku Bandung.”
Bandung     : “Wis, sakiki ngene wae. Pase,njalukmu piro?”
Jonggrang   : “Aku nyuwun sewu candi!!” (karo arep nglungani)
Bandung     : “Yowes..yo wes..Aja mutung to! Kanggo buktekake tresna ku karo    
                     kowe, bakal tak gawekake sewu candi.”(janji)
Bandung nggawe panyunuwunanne saka jin sing terakhir.
Bandung     :”jin, aku isik nduwe panyuwunan sing terakhir kan?”
Jin  1            :”iyo aku iling. Panyuwunanmu apa ?”
Bandung     :”aku njlauk tulung digaweake 1000 candi.”
Jin   2            :”wokey, mari panyuwunanmu kuwi mau urusanku karo kowe wis  
                    mari,dadi aku ora pingin bantu kowe maneh.”
Jonggrang : “Kepriye iki, apa Bandung bisa gawe candi okehe semono.”
Dayang 1 : “La kepripun to Putri. Bandung menika lak nggeh tiyang sekti to Putri,
                 miterat pamikir kula, kok panyuwun panjenengan, bisa di tepati. La
                 wong samenika taksih jam kalih,anggenipun bangun candi sampun
                 badhe kelar to Putri.”
Jonggrang : “La terus apa sing kudu tak  lakokake.aku ora gelem rabi karo
                     Bandung.”
Dayang 2 : “Lajeng kepripun?”
Jonggrang mloka mlaku ing jero kamar
Jonggrang : “Wis, saiki ngene wae. Dayang, tulung tangekake kabeh rakyat
                    Prambanan, kongkon wong wadon numbuk pari, lan bakar ya jerami.
                    Sing ana ing kandange pitik. Awak dewe gawe suasana bengi iki
                    seakan isuk uwis teka.Lek wis ngono jin-jin sing lagi kerja ngira lek
                    isuk wis teko,jin-jin padha mlayu lan ojo lali naburake kembang-
                    kembang.”
Dayang 1 : “Ide ingkang bagus,Putri. Karongono, Bandung pasti ora bias marikake
                gawean kuwi.”                
Jonggrang : “Iya. Dayang, cepet dewekmu tangikne wong wong!.”
Dayang 3 : “Inggih ndara.nyuwun sewu.”
          Dayang iku mau banjur nangikne para wadokan ing ndesa iku. Wedokan
mau dikonkon numbuk padi lan mbakar jerami, Pitik pitik dikongkon nguruk.
Jin 3 :” Wah, Srengenge wis nyilau ing kono!awakdewe kudu cepet  ngaleh iki. Yen
ora,awake dhewe engko iso angus!Weleh..weleh..
Tapi,piye karo penggawean iki. Candi sing didekno kurang siji
engkas.Bandung ya ing endi iki?”
          Para jin-jin pada mlayu lan ninggalake gaweanne .Ora suwe maneh
Bandung Bondowoso teko karo. Dhalu sing rame, srengenge wis muncul , pithik
jago , para wadon wis mulai numbuk pari lan jin-jin pada ngilang kabeh.Ndeleng
keaadan kuwi BandungBondowoso. Ing esuk, Bandung nekani Jonggrang.
Bandung : “Jonggrang, panjalukmu uwis dak turuti, saiki rabio karo aku.”
Jonggrang : “Oh ya?sing bener? Apa kowe wis bisa gaweanke aku sewu candi?”
Bandung : “Tentu wae tresnoku?”
Jonggrang: “Aku ora percaya.”
Bandung: “kowe ora percaya? Dhelengen iki itungen candi-candi kuwi.”
Jonggrang: “oke. Tapi iling janjimu, yen candi kuwi kurang teko sewu, berarti
                   kowe batal ngolehake aku, Bandung.”
          Jonggrang ngitung candi-candi kuwi.Mari bolak-balik ngitung
Jonggrang ngomong.
Jonggrang : “sepurane Bandung, uwis dak itung, candi sing kok gawe kurang siji.”
Bandung : “Hah?sing tenan.kowe pasti salah ngitung.”
Jonggrang : “aku uwis bola bali ngitung, nanging hasile pada. Jumlah candi iki
                   mung 999 .”
Bandung : “yawis, kan mung kurang sak buah, uwis ana 999 buah.  Engko bakal  
                   dak gawekake maneh. Tapi sak uwise kowe rabi karo aku.”
Jonggrang : “ora, Bandung. Janjine dudu kaya ngono! Kowe uwis gagal menuhi
                      janjimu. Dadi minggato saka uripku. Ojo nyideki aku. Utawa aku
                    sing bakal minggat.”
Bandung : “Ha?sak wise aku nggawe 999 candi, apa mung iki balesanmu
                    Jonggrang”
Jonggrang : “Iyo.kowe pingin apa maneh!! (nyentak) akonono yen kowe uwis kalah
wong elek.”
Bandung : “Jonggrang!!wanine kowe ngenyek aku!”
Jonggrang : “pancen ngono toh nyatane!”

Bandung : “Jonggrang!! Kowe wis nggawe aku ngamuk! Ket mau aku wis nyobak
                   gawe sabar gawe ngentukake kowe , tapi percuma ae pengorbananku
                   iki. Ora papa aku ora ngentukne awakmu! Candi iki pancen kurang siji
                   , lan sakjane sing pantes ngelengkapi ya mung kowe tok! Dadi kowe
                   Candi Jonggrang dadio hiasan kanggo kerajaanku!
Jonggrang : “Aaaaahhh !!!!!!!!!!”
Moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung.

Rampung..

You might also like