You are on page 1of 1

KOWEN

Kowen
Kelingan ora
Jaman mangkat bareng
Balik bareng
Kowen
Kelingan ora
Jaman dolan bareng
Gembuyu bareng
Kowen
Kelingan ora sih
Saben awan dolan neng slentongan
Dolanan curang-curangan
Menang kalah tetep cengengesan
Kowen
Kelingan ora sih
Saben sore ngenteni wong dagang jajan
Tukune paroan
Mangane barengan
Kowen
Apa kowen esih kelingan
Saikitah kabeh wis dadi kenangan
Sebabe kowen wis balik ndisitan

You might also like