You are on page 1of 7

Aksara Swara

Aksara Swara
Aksara swara iku sejatine mung ana lima,
yaiku : A, I, E, O, U.

Ananging aksara : Pa dicerek, dadi


lelirune re, Nga dilelet, dadi lelirune le kalebu aksara
swara, mulane banjur ana sing ngarani yen cacahe
aksara swara ana pitu. Bab iku salaras karo kawruh
sangkalan, tembung swara dianggep darbe watak
wilangan pitu. Gunane aksara swara dienggo nulisi
tembung manca kang dicethakake.
Tuladhane
Kaidah Nulis Aksara Swara
Aksara swara ora kena dadi pasangan. Manawa
dumunung ing saburine wanda sigeg, aksara
sesigeging wanda iku kudu dipangku.

Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan


swara.
Tembung manca kang ora dicethakake, luwih-
luwih tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa
nganti arang kang sumurup yen iku tembung
manca, lumrahe katulis tanpa aksara swara.
MATUR NUWUN
Game Gladhen!
1. Ndamela Kelompok! Saben kelompok cacahipun 5-7.
2. Saben anggota kelompok ndamel ukara 2 ingkang
ngandhut aksara swara!
3. Saben kelompok kedah nggadhahi paling sethithik 10
Ukara ingkang ngandhut sedaya aksara Swara.
4. Menawi sampun, kasil diskusi kelompok
dipunlintukaken kaliyan kelompok sanes.
5. Kewajiban kelompok sanes inggih menika ngoreksi.
Ingkang dipunkoreksi inggih menika caranipun nyerat
aksara lan tanda baca (pada).
6. Kelompok ingkang pikantuk ukara leres paling kathah
nggadhahi hak ngaturi ukuman kaliyan kelompok
ingkang nggadhahi ukara leres paling sethithik.
Gladen 2 Madosi Aksara Swara

You might also like